Kamis, 10 Juni 2021

TUNGGAK JARAK MRAJAK TUNGGAK JATI MATI

 TUNGGAK JARAK MRAJAK, TUNGGAK JATI MATI


OLEH : ALEXA SETIAWAN



SINOPSIS

Ferry jagal kang duwe bisnis dodolan deging sapi dilarak polisi amarga daging sapi sing sak suwene iki didol jebul dicampuri daging celeng. Krungu kabar kuwi mau, Mbah Rejo ya uwakne Ferry ora percaya, geneya bocah kang wong atuwane wis dadi cikal-bakal jagal ing kampung  Jagalan kuwi tega gawe derdah lan ngisin-isinake warise. Kamangka Ferry kuwi kawentar jagal sing mitayani tur ya anggone mbeleh lan ngemonah daging sapine kuwi resik. Bab  timbangan Ferry uga ora tau urik utawa culika. Lha ning kenengapa saiki malah gawe kuceme kampung Jagalan kene.  Apa iki ana gandheng cenenge karo grombolan pedagang daging sapi glongongan kang saiki mrajak ana kampung kono lan wiwit nguwasani pasaran daging ana wewengkon iku ? Utawa amarga Ferry nulak kekarepane Sarwono lurah desa sing banget kepengin ngepek mantu Ferry amarga krungu yen warisan tinggalane wong tuwane Ferry kuwi akeh banget arupa mas lantakan lan uga lemah pekarangan? Ora ana sing cetha, amarga Ferry dhewe isa dikandhakake dadi jagal pungkasan sing trah cikal bakal kampung Jagalan dhewe. Kamangka  akeh anak-anak tilas jagal sapi kang luwih seneng ngedol tinggalane wong tuwane lan milih nyambut gawe ing kantoran utawa pegaweyan liyane.  Ananging uga ora sithik anak-anak jagal kuwi mau sing kapusan lan uripe dadi kesrakat amarga ora gelem ngunggemi apa kang ditinggalake wongatuwane. Banjur sapa sakjane dalang ing sak waliking daging celeng lan daging sapi glonggongan iku ? Lan keneng apa kampung Jagalan kuwi ora serame jaman kawuri anggone pada dedagangan daging sapi ?


Novel iki nyritakake kahanan ing kampung Jagalan kang kerep ana ing sadengah papan lan kepiye ruwete dedagangan daging sapi kang ora mligi dedagangan ning uga kudu pinter lan waspada ngadepi para blantik sapi sing ora kabeh mlaku kanthi dalan bener.  Pun tengga uploadanipun sak wetawis....mugi enggal saged kapacak ing mriki. Nuwun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Sekilas Info

 Bagi anda yang menginginkan novel-novel ini dalam bentuk buku. silahkan menghubungi email kami di indriyantidewialexandra @gmail.com. Terim...