Minggu, 23 Mei 2021

Kidung Tresna Sang Pikatan

 

KIDUNG TRESNA SANG PIKATAN

Oleh Alexandra Indriyanti Dewi
Pemenang Lomba Novel berbahasa Jawa Dinas Kebudayaan propinsi DIY

Pikatan Raja saka Jaman Mataram Hindu kang kawentar amarga urip ing antarane pembangunan candi-candi gedhe kang kawentar kaya Prambanan lan Borobudur. Pikatan uga kawentar amarga bisa nyewijikake loro wangsa kang gedhe lan kuwasa ing sak indenging nuswantara. Banjur apa kang marai Piakatan dadi raja kang ora pada karo panguwasa-panguwasa Jawa liyane. Amarga Pikatan pinter ngidungake katresnane liwat candi-candi sing dibangun, liwat sesambungane karo kraton-kraton liya lan awit gegayutane karo putri wangsa Syailendra sing ayu tur kuwasa. Pikatan sing urip ana jaman kang kebak ing swasana rebut kuwasa, jebul malah bisa dadi raja kang utama amung merga bisa ngidungake tresna. 



















BAB I

LOLOS

Wulung nembus peteng lan adheme wengi. Nlasak alas lan rapete wit-wit gedhe ana sak kulon Wewengkon aran Kelasa, tumuju dusun cilik aran Tuk Mas. Dusun kuwi klebu adoh saka wewengkon Kuthapraja lan kepara rada ndhelik, dadi ora gampang kanggone Wulung bisa tekan ana dusun Tuk Mas kuwi. Wulung kudu nlasak rapeting alas kang angker tur isih akeh sato kewan sing galak lan ora bakal tidha-tidha mangsa menungsa nalika kepethuk. Wulung uga kudu nyabrang kali-kali gedhe sing ora mung banter iline ning uga dadi omahe baya lan ula-ula gedhe. Ananging kuwi kabeh mau ora marai atine Wulung ciyut amarga kanggone Wulung, mati dadi pangane kewan kuwi isih luwih becik tinimbang mati kecekel para prajurite Rakai Garung kang dadi panguwasa Kelasa. Rakai Garung saka wangsa Syailendra anggone kepengin ngukuhake panguwasane sajake arep nyingkirake sok sapa wae kang dianggep klilip utawa pepalang anggone mandheg ratu gedhe ing Mataram.  Kabeh turun saka wangsa liyane nek perlu ditumpes sak engga ora ana sing bisa ngendih penguwasane. Perang kaya ora ana enteke, sak engga para kawula dadi ora tentrem anggone nggolek pangupa jiwa. Semana uga Wulung, anggone ngabdi marang wangsa Sanjaya wis mesthi marakake keslametane kaancam dening panguwasane Rakai Garung. Makaping-kaping prejurit-prejurite Rakai Garung golek dadhakan, saka narik pajek sing ora sak mesthine nganti tekan milara wong-wong desa ming kanggo alesan mateni sok sapa wae sing ngabdi wangsa Sanjaya. Bab iki mesthi wae nimbulake rasa kuwatir ing atine Wulung, apameneh mpu Panukuh pepundhene para abdi Wangsa Sanjaya isih Timur. Umure durung genep 12 tahun ananging wis kudu ngesuhi kabeh warga andahane Wangsa Sanjaya.

Para kawula trah Wangsa Sanjaya dhewe pancen oa kurang-kurang uga anggone nyengkuyung Mpu Panukuh supaya tembene bisa madheg panguwasa tanah Jawa, amarga pancen Mpu Panukuh kaanggep Raja sejati saka Wangsa asli tanah Jawa. Para kawula kuwi percaya dene tanah Jawa ora bakal tentrem menawa panguwasaning tanah Jawa dicekel wong-wong manca turune Syailendra sing neneka saka manca kang aran Swarna Bhumi utawa Sumatera. Apameneh sadengah wangsa Syailendra kuwi ana gayutane karo panguwasa liyane saka wewengkon sabrang aran Bengal. 

Wulung anggone mlayu wis tekan ing sak pinggiring dusun Tuk Mas, ananging ndaheba kagete nalika Wulung weruh ana kukus werna ireng lan pambengoke wong-wong kelaran. Wulung alon- alon ndhingkik karo ndhelik sak mburine wit-wit gedhe. Wulung kaget nalika weruh dusun Tuk Mas uwis dadi karang abang. Ambune amis getih nggundheng campur karo buleking kebul lan kukus saka omah-omah kobong.

Wulung merem sedhela sajake ngupaya atine supaya ora kebrongot rasa sedih lan nesune. Wulung rumangsa telat ngelingake wong-wong dusun Tuk Mas supaya sumingkir saka karang padesane, awit Wulung krungu menawa Rakai Garung wis wiwit cubriya dene dusun Tuk Mas kuwi kanggo papan pandhelike kawulane wangsa Sanjaya.  Rakai Garung banjur mrentahake para prejurite golek sisik melik lan menawa kabukten pancen kawula Sanjaya ana neng kana kabeh kudu di tumpes nganti ora ana sing sisa urip. Wulung netesake eluh saka mripate.  Atine remuk, pikirane kalut. Rasane dheweke kepengin ngadhu kaprawirane mungsuh wong-wong Syailendra kuwi, ananging awak mung sepata. Sak sekti-sektine pawongan nek dimungsuh bregada prejurit semana akehe mesthi wae bakal kentas nyawane.

Alon-alon Wulung  ngadoh saka papan kono. Awake kadya di lolosi. Wulung nangis ngguguk karo gocekan wit Sana gedhe kanggo nguwatake awake supaya ora ambruk nemahi bantala. Embuh piye nasibe pepundhene kang sak suwene iki disingidake ana dusun kuwi. Sing cetha, sadengah wong-wong kawulane Sanjaya pralaya bareng karo ajur lan remuke dusun Tuk Mas sing saiki entek dadi awu lan mung ninggal kebul ireng.Wulung awake gemeter ngampet kabeh rasa sing nggubel ana atine. Geneya ora ana keadilaning Pangeran kang akarya jagad, sak engga wong-wong sing ora dosa kudu sirna kanthi cara sing kaya ngono. Alon-alon Wulung njangkah ing antarane uwit-uwit. Karepe ninggal papan kono supaya para prajurit sing isih pating jligut njarah rayah sisa bandhane wong-wong dusun sing wis dipateni mau, ora weruh dheweke kang dadi seksi kejeme perang rebut kuwasa. Durung adoh anggone njangkah, Wulung krasa lemah sing dipidak horeg. Wulung mandheg sedhela. Wulung ngira dene lemah sing horeg kuwi mung rasa sikile wae sing maune lemes meruhi kahanan. Ananging ora let suwe lemah bali horeg. Wulung banjur kaya wong nglilir saka turu. Dheweke ngerti yen kuwi mau lindhu, dudu rasa sikile. Wulung banjur ngrikatke jangkahe ngedohi wit-wit gedhe. Swara gagak pating craek nambah rasa sedihe Wulung. Wulung mung bisa netesake eluh, ananging saknora-orane Sang Hyang Widhi njawab dongane kanthi lindhu. Kanggone Wulung sing wis pana bab-bab kang kaya ngono, lindhu kuwi bisa sanepaning alam bakal anane bencana sin gedhe utawa horeging bumi kuwi pratandha bakal lengsere panguwasa. Wulung ming bisa ngunjal ambegan landhung.

Ora adoh saka papan anggone Wulung ngadheg, sadengah uwong uga katon mindhik-mindhik, sajake uga lagi mriksa kahanan. Ana udakara wong pitu. Sing siji isih bocah kurang luwih lagi ngancik 13 utawa 14 tahunan. Sing telu wong wedok. Lan sing telu wong lanang gagah pideksa. Wong-wong kuwi saka dhusun sing diobong lan kasil mlayu, lolos saka pangoyaking para prajurit. Tetungguling wong-wong kuwi aran Mahesa Seta, priya pideksa, gagah gedhe dhuwur, kulite resik, bagus praupane lan alus watak wantune.


Wulung namatake saka kadohan. Sak wise sak untara anggone namatke, Wulung banjur alon-alon nyaketi Mahesa. " Kang Seta." Ujare lirih karo nablek alon pundhake Mahesa. Sing ditabok mengo sajak kaget. Sak kala wong lanang loro kanca-kancane Mahesa uga banjur noleh karo njabut cundrik lan kerise. " Sabar. Iki kanca dhewe." Mahesa omong kanthi swara sing uga lirih. Kumbhayoni lan Murdha banjur bali nyarungake gamane. Wulung mesem kecut. " Aku seneng kowe slamet, kang. Adoh-adoh aku mara mrene, arep menehi kabar lan ngelikake bakal ana derdah, jebul aku telat. Tuk Mas wis dadi Karang Abang. Apuranen aku kang Seta." Kandhane Wulung." Ora dadi apa, Dhi. Iki Resi Kumbhayoni pepundhen desa lan iki Murdha, tanggaku ana dhusun. Saiki awake dhewe dadi sedulur sinarawedi. Aku ora ngerti meneh, pira kawulane dhewe sing isih slamet." Mahesa Seta Wangsulan." Banjur kepiye kahanane Gusti Panukuh?" Pitakone Wulung. "Ya awit saka pandongamu aku kasil nggawa mlayu Gusti Panukuh lan Gusti Dyah Manohara. Saiki bebarengen awake dhewe." Kandhane Mahesa. Wulung unjal ambegan lega.

Mahesa Seta banjur nggawa Wulung ana ngarsane Mpu Panukuh sing katon anteng lan meneng. Sajake Panukuh uwis ngerti menawa dadi inceraning panguwasa Medhang saiki. Wulung banget ngungun dene gusti bendharane sing isih klebu timur wis bisa ngerti kahanan lan tetep anteng meneng senadyan kahanan abot kang diadhepi. Semana uga Gusti Ayu Dyah Manohara biyunge Mpu Panukuh, sing bisa nyingidake rasa susahe. Ora ana sak tetes eluh kang nelesi pipine sing alus mulus kuwi. Ananging sakan mancere paningale, Wulung ngerti apa kang dirasake. Dudu rasa wedi ananging rasa nesu kang disingidake ana ing telenging atine. Rasa kang pada karo sing dirasake Wulung sak kanca.


Wulung unjal ambegan landhung. " Sukur beja sewu dene Gusti Panukuh lan Gusti ayu nir ing sambikala." Kandane lirih. Panukuh mandeng mripate Wulung lan banjur nyekel kenceng lengene, " Paman, piye kahanan kuthapraja? Sak engga paman nganti nlusup-nlusup tekan wewengkon kene. Apa ana kana ya para kawula uga dioyak- oyak kaya ngene?" Panukuh takon alon. Wulung manthuk. " Inggih, Gusti. Ananging mboten lajeng pun pejahi utawi pun besem dhusunipun, ananging para kawula Sanjaya namung pun cepeng lajeng pun lebetaken pakunjaran." Wulung wangsulan. Sirahe ndhingkluk wedi yen Panukuh ngerti yen mripate netesake eluh. Wulung isin, ing atase dheweke kuwi telik sandhi kang wus ngalami maneka werna kedadeyan ananging kalah teteg karo bocah kang lagi ngancik dewasa wae durung. "Penjenengan sampun mireng piyambak, Gusti. Menawi Rakai Garung menika panguwaos ingkang kejem lan mboten gadhah raos kamanungsan. Menawi kawula Sanjaya mboten lajeng tumindak lumawan Rakai Garung, temtu sedaya kawula Sanjaya bakal tumpes tapis." Sekar nambahi omongane Wulung karo sujud nyembah ana sampeyane Panukuh. " Leres, Gusti. Penjenengan kantun paring prentah, sedaya kawula Sanjaya siyaga bela pati kangge swargi ingkang rama lan mangsulaken kalenggahan wangsa Sanjaya wontening dhampar keprabon." Mahesa Seta uga banjur melu sujud ana ngarsane Panukuh lan matur apa kang sak suwene iki nggubel ana atine.


Panukuh nyawang adoh kahanan sak indenging wewengkon kono. Atine goreh. Senadyan ta umure isih enom, Panukuh uwis kulina urip susah dadi wong guwangan nalika wangsa Syailendra kasil ngendih lan ngrampas panguwasaning wangsa Sanjaya kabiyantu prejurit saka Wangsa Pala lan wong-wong Bengal. Wewayangan omah-omah kobong lan panjerite para kawulane nalika dioyak-oyak lan dipilara para prejurite Rakai Garung, nambahi rasa nelangsa ana atine. Durung meneh rekasane para kawula Sanjaya kang pada didadekake buruh kasar tanpa opah, dileboke pakunjaran lan disiksa. Menawa mikirake bab-bab kuwi, Panukuh kepengin banget nuruti omongane para abdine sing setya lan nggedhag perang Rakai Garung, ananging kuwi ateges Sanjaya kudu ngerigake kabeh kawulane kanggo ngimbangi kekuataning prejurite Rakai Garung kan atusan ewu cacahe. Lan yen kabeh kuwi kelakon Jawa bakal dadi karang abang. Sedulur bakal paten-patenan. Ora ana kang bakal nemu kamulyan, malah bakal tuna gedhe. Kamangka Jawa kuwi bumi kang subur. Akeh wong-wong manca kang uga adreng kepengin nguwasani Jawa kanthi merga sing gampang. Upama wong-wong Jawa tumpes tapis amarga perang antarane bangsane dhewe, mesthi wae ora angel nelukake lan nguwasani Jawa lan kabeh kang kakandhut ing sak ndhuwuring bumi lan segara Jawa. Panukuh ngunjal ambegan dhawa. Banjur alon-alon nyawang Mahesa lan sekar kang isih sujud neng sampeyane. " Ora, paman. Perang udu cara kang becik kanggo ngrebut panguwasa. Kuwi hamung nambahi kasangsaran lan rekasane para kawula. Saiki paman lan bibi ta aturi menggalih kanthi permati. Kawula Sanjaya kuwi semebar ana sak weneh papan. Saka Kelasa tekan wewengkon Gunung Wukir pereng sisih  kulon Gunung Candrageni (Merapi), Gora/Agung (Slamet) lan Candramuka(Merbabu). Ana uga kang urip ana alas neng sak cedhak gunung Mahendra (Lawu) kana. Menawa paman lan bibi arep nglumpukake wong-wong kawula Sanjaya kang wis semebar kaya ngana, kuwi ateges paman lan bibi kudu nyambut gawe abot kang durung mesthi hasile. Oraa ngono paman lan bibi mbutuhake wektu kang ora sithik nganti awake dhewe bisa ngimbangi para prejurit kae. Mawa ragad kang ora sithik uga. Yen mung ngandalake kawula Sanjaya sak indenging tlatah kene, wis mesthi ora kuwawa nandhingi prejurite Rakai Garung." Kandane Panukuh sareh karo ngrangkul Mahesa Seta lan Sekar supaya tangi anggone sujud. Wulung kaget. Panukuh sing isih taruna jebul nduweni pikiran sing dhawa lan wicaksana. " Ora ngono carane ngendih kekuwataning Rakai Garung. Menawa wesi dilawan nganggo wesi, tundhone bakal tugel loro-lorone. Ya sak ora-orane pada larane." Panukuh mbacutake omongane. " Lajeng, kados pundi lumawan Rakai Garung, Gusti?" Pitakone Wulung kang banget nggumun marang kawicaksanane Panukuh. Panukuh mesem. " Nganggo tresna, paman!" Wangsulane alus. " Tresna....???" Mahesa Seta, Sekar, Kumbayoni lan Wulung bengok bareng.


Wulung bingung, Resi Kumbayoni lan Mahesa Seta katon ngendelung, Sekar uga katon gela. Panukuh mesem lan ngguyu alus. "Saiki aku durung bisa njlentrehake, ananging Rakai Garung kuwi duwe kapitayan kang teteg marang agamane. Pada karo awake dhewe. Agama kang dirasuk dening Rakai Garung kuwi, agama kang ngajari welas asih marang sapada-pada sendyan Rakai Garung dhewe durung bisa ngamalake apa kang dadi wulangane kanjeng pangeran Gautama. Ananging kuwi marga sing bisa diliwati awake dhewe kanggo ngendih kekuwataning Rakai Garung. Sak ora-orane bisa dadi cara supaya Rakai Garung ora tumindak deksiya ing sak pada-pada." Kandane Panukuh. " Menapa menika ateges awakipun piyambak kedah ngrasuk kapitayan ingkang sami kaliyan Rakai Garung?"Resi Kumbayoni takon marang Panukuh. Praupane katon mangar-mangar nalika kuwi, amarga Kumbayoni banget ora sarujuk ing bab kang diomongake Panukuh. Panukuh mesem meneh. " Aja kleru panampa Paman Resi. Aku ming ngelingake supaya awake dhewe ora grusa-grusu sak engga apa kang dilakoni bakal nyengsarake para kawula. Paman mesthi isih kelingan cerita bab Kartikeya. Ana cerita kuwi Kartikeya kasil ngendih lan ngalahake gandharwa sekti sing para Dewa wae ora saguh ngalahake. Kartikeya kasil ngalahake Gandharwa kuwi nganggo gaman wujud Trisula kang dipuja dening bethara Wisnu saka eluh pangobananing tresnane Dewi Kamaratih nalika ngadani Sati utawa bela pati nalika garwane Hyang Kamajaya seda dadi lebu. Dewi Ratih ambyur ana dahana bareng karo kunarpane Hyang Kamajaya lan ninggal eluh sing ora kobong utawa ilang dilalap geni. Bethara Wisnu banjur muja eluh lan lebu kuwi dadi trisula sing ampuh kanggo mateni Gandharwa kang kejem kuwi mau liwat astane sang Kartikeya. Paman, miturut panemuku cerita mau amung arep nggambarake menawa sura dira jaya ningrat kuwi lebur dening pangastuti. Semana uga tresna kuwi mesthi bisa nglumuhake ati kang paling atos ana donya kaya dene banyu kang terus netes bisa bolongake watu item." Kandane Panukuh alus. Resi Kumbayoni kaget, geneya Panukuh bisa medarake lakon Kartikeya kanthi terwaca. 


Wulung banjur nggeget lambene kenceng. Pikirane mubeng cepet amarga mbiji kahanan lan angkah kang kudu dilakoni sak wise ngerti menawa Mpu Panukuh utawa Manuku ora kersa nggedhag perang Sri Maharaja Rakai Garung. Iki dudu kahanan sing gampang, apameneh yen Rakai Garung pirsa yen Panukuh durung tekane pati. Pangoyaking Rakai Garung lan anggone ndhesek para kawula Sanjaya mesthi bakal saya adreng.”Gusti, kawontenan menika temtu kemawon mboten saged pun endelaken. Menawi paduka mboten kersa nggedhag perang dumateng Rakai Garung, menika ateges penjenengan kedah sesingidan sak danguning gesang. Paduka saged kemawon pindah panggenan saking sadengah papan dateng papan sanesipun, ananging menika ugi mawa banten ingkang mboten alit, Gusti. Telik sandhipayanipun Rakai Garung sumebar wonten pundi kemawon ing laladan Mataram lan Medang. Menawi Rakai Garung mireng bilih paduka sesanggrah wonten sadengah papan. Kados dusun Tuk Mas menika. Temtu Rakai Garung lajeng ngintun prejurit kangge mejahi Paduka lan mbujung para abdi sanesipun. Mboten naming menika, Rakai Garung temtu mboten badhe ngendelaken papan ingkang nate kangge mesanggrah paduka. Kawulanipun sedaya temtu pun pejahi kangge ukuman amargi sampun paring pengayoman lan papan kagem Penjenengan, dusunipun pun besem. Sedaya naming pasrah bongkokan, mboten saged lumawan.” Wulung matur karo ngaturake sembah marang Gustine.  Panukuh ngunjal ambegan dhawa. Apa sing dipikirake abdine kuwi ora luput lan uga kudu dipikirake kanthi wening supaya ora ana kawula sing kudu dadi banten kanggo keslametane lan biyunge. “ Iya, bener aturmu, paman Wulung. Aku kudu mikirake bab kuwi kanthi permati banjur golek dalan sing paling becik kanggo ngrampungake perkara iki tanpa ngorbanake para kawula.”  Panukuh mangsuli apa kang dadi ganjelaning atine Wulung.


Sang Bagaskara kaya-kaya saya suwe saya  manglung mengulon nandakake bakal gumantine awan tumuju wengi. Mahesa Seta banjur rembugan karo para priya liyane klebu Wulung kepiye bisane ngliwati dina-dina candhake nganti Mpu Panukuh bisa paring kupiya kang paling becik kanggo para kawula Sanjaya lan abdi-abdine . Wulung sak rombongan banjur mbacutake laku ninggal dusun Tuk Mas, ngetutake angslupe srengenge mengulon. Karepe arep sesingidan marani papan padesan utawa Wanua kang isih Setya marang Sanjaya neng sisih Kulon Kali Bagawanta. Mahesa Seta lan Wulung milih dalan kang ora umum diliwati uwong kanggo nyamarake laku lan kanggo nyingkiri prejurit-prejurite Rakai Garung. Wulung lan Mahesa Seta milih dalan liwat Kali Malang, mengidul nganti tekan Kedung Pedhut banjur mbacutake laku mengulon. Anggone mlaku nurut kali kabiyantu dening gethek sing digawe Mudra, Wulung lan Sekar. Resi Kumbayoni, Mahesa Seta lan Wulan njaga keslametane Mpu Panukuh lan Dyah Ayu Manohara samangsa ana kewan galak utawa bebaya liyane. 


Mpu Panukuh sak suwene nunggu Wulung nggawe gethek uga ora meneng wae ananging nggladhi diri pribadine ing babagan olah kanuragan lan olah kaprajuritan saka Kumbayoni lan Mahesa Seta. Kuwi sebabe Panukuh nduweni kasekten kang uga linuwih. Panukuh kasil nguwasani ngelmu sing ora kabeh uwong bisa nyinau yaiku ngelmu mindahake barang-barang abot kaya kayu, watu lan sak bangsane kanthi ngelmu kanuragane. Miturut Kumbayoni ngelmu kuwi gawan saka bayi lan ora kabeh bisa nglakoni amarga kuwi kanugrahane Dewa kang akarya Jagad. Panukuh ora perlu ndemok barang-barang abot kuwi kanggo mindahake cukup ngulungake dlamakan tangane lan mindahake barang-barang kuwi mau. Wulung seneng banget, gene bendarane jebul duwe ngelmu sing mumpuni. Kabisan kuwi mesthi bisa migunani menawa sak wanci-wanci ana mungsuh kang akeh cacahe. Ora perlu gaman sing bisa mbandemake watu-watu gedhe. Cukup nganggo kanuragane Gustine kuwi, prejurit-prejurite Rakai Garung bakal kocar-kacir.  


Wulung sak kancane wiwit mlipir kali nalika srengenge durung ngatonake cahyane sak engga anggone lumaku ora panas. Gene menawa Sang Hyang Surya wiwit ngatonake  sunare kang panas kemlanthang, Wulung lan Mahesa Seta milih minggirake getheke, banjur mlaku nlasak alas sak ngisoring wit-wit gedhe kaya Randu Gumbolo, Ringin, Sana lan sak piturute. Yen butuh memangan Gustine Panukuh lan Dyah Ayu Manohara ora tampikan sak engga Wulung lan Mahesa Seta gampang anggone nggolek ana sak indenging papan kono.Wulan uga kerep ngewangi Wulung nggolekake kewan-kewan alas sing bisa dienggo lawuh, kaya kancil, truwelu, bajing lan sak piturute. Sekar uga kerep golek bangsane pala kasimpar sing uga okeh ana sak pinggiring kali utawa ana tengah alas. Uwi, tela pendhem, gayong, tales, cukup kanggo ngganjel rasa luwe. Apameneh yen Mudra kasil nyekel sidat utawa iwak kali liyane, panganan kuwi ora ming bisa ngganjel weteng ananging uga nambahi rasa. Kanggo pengomben, Wulung ora njikuk banyu kali kang adat sabene katon reged ananging Wulung golek tuk-tuk kali sing bening lan banyune resik mili kanthi lancar.


Panukuh kang biyasane urip tentrem ana karang padesan sing sasat apa-apa ana, saiki ngrasakake piye susahe para abdine anggone ndhungsang njempalik supaya Panukuh lan ibune tetep bisa urip kanthi lumrah, memangan kanthi ajeg lan ngaso kanthi kepenak. Saben minggir kanggo ngaso, Wulung lan Mahesa Seta mesthi banjur golek wit pring sing bisa digawe gubuk cilik supaya Panukuh lan ibune ora kodanan, utawa kepanasen. Yen wengi uga ora kademen utawa kena bun kang ora becik kanggo kesarasaning badan. Wulan lan Sekar uga prigel ngenam pring-pring kuwi dadi nam-naman klasa utawa gedhek. Sak engga Panukuh ora perlu ngrasakake anyep lan kekese lemah sing teles. Panukuh banget anggone ngrasa ditresnani para abdine lan uga karo alas sing saiki dadi omahe, uga kali sing dadi kancane. Alas kuwi ora mung menehi panggonan ngeyup, ananging uga dadi papan kang bisa ngedohake Panukuh sak abdine saka bebaya. Alas uga nyediani pangan kaya wong kang nampa dhayoh.  Kepengin woh-wohan, alas nyediani, kepengin pala kasimpar, menawa gelem nggolek mesthi ana. Semana uga kali, kang ora mung nyediani banyu kang bisa dadi dalan kanggo Panukuh lunga ngulandara meruhi maneka werna sesawangan endah, ananging menehi lawuh sing uga maneka werna kaya iwak, urang, kodok, welut, yuyu lan sak piturute. 


Kanggone Panukuh urip kang dilakoni saiki ora dirasakake kaya wong buwangan, ananging Panukuh malah rumangsa dadi uwong kang merdika. Ora kudu mikirake kepiye mbayar pajeking Negara, ora mikir kepiye yen panene ora dadi, parine ora mentes, amarga kanyata alam yen diupakara kanthi becik jebul bisa menehi maneka werna pangan sing dibutuhake menungsa, angger ora banjur kadunungan rasa serakah sak engga ngentakake isine alas. Panukuh  sak abdine ngerti yen kudu ngrumat alam kanthi permati. Bab iku uga disinau Panukuh saka apa kang diweruhi lan dilakoni. Panukuh nduweni rasa welas asih kang gedhe ya awit saka anggone ngulandara turut ilining kali Malang kuwi. Menawa ora ngrasakake dadi wong buwangan, mbok menawa Panukuh ora bisa ngerteni aten-atenane alam marang menungsa. 


Nalika semana udan gedhe . Iline banyu kali Malang banter banget sak engga mbebayani menawa anggone nunggang gethek dibacutake. Mahesa Seta lan Mudra banjur nginggirake getheke. Amarga kahanan, rombongan kuwi banjur ora mbacutake lakune. Awak sing teles kebes kodanan, weteng sing kluruk ngelih durung mangan lan adem kekese hawa nambah rasa nelangsa amarga kadya wong kapiran.  Tujune sekar isih duwe uwi lan ganyong godhog sing digawa ana njero tenggoke.  Lumayan kanggo ganjel, ananging Resi Kumbayoni ngrasa menawa kuwi ora cukup. Kumbayoni banjur njawil Mudra dijak mbeburu kewan. Mudra sarujuk lan banjur nyaut gendhewa lan panah sing disingidake ana sak ngisor klasa saka nam-naman empring. “Udan kaya ngene, apa ya isih ana kewan sing metu golek pangan, Dra.” Kandane Seta nyandhet lakune Mudra. “ Ning sangune pangan awake dhewe wis wiwit tipis, Kang.” Mudra wangsulan. “ Aku karo Wulung lagi golek empring kanggo papan ngeyup sawetara. Amarga mangsa udan kaya ngene mokal mbacutake laku liwat kali. Mengko yen ana uwi utawa tales,tak cangkinge dadi kowe lan resi Kumbayoni ora perlu mbeburu ana njeron ngalas.” Mahesa Seta isih nyoba nyandhet Mudra. “ Bosen, Kang. Memangan yen ora ana lawuhe. Sak ora-orane ya kancil apa truwelu rak bisa nambahi angeting awak.”Kandane Mudra ngenyeli Mahesa Seta. “Menawa kowe sumelang bab keslametane Gusti Panukuh, ben tak jake wae. Gusti Panukuh ya wis kudu wiwit sinau bab kaya ngene.   Sak suwene iki rak mung sinau mancing iwak lan nyekel truwelu. Saiki wancine gusti Panukuh nggunakake panah-panah iki kanggo mbeburu kewan, sing luwih gedhe. Yen Gusti Ayu sing mbok sumelangke, Wulan lan Sekar cukup mumpuni yen ming mungsuh kewan galak utawa prejurit-prejurite Rakai Garung sing cilikan.”Mudra mbacutake omongane. “Ya wis sak karepmu. Sing ngati-ati.”   Mahesa Seta ngelingake Mudra. Mudra manthuk banjur ngejak Panukuh gustine. 

Panukuh seneng banget dene saiki duwe kalodhangan, njajal kabisane manah kewan. Ananging nganti meh setengah dina mlaku nembus alas, durung nemu kewan siji wae. Mangka wetenge wis krasa luwe banget. Uwi sing dipangan mau jebul ora cukup kanggo ganjele weteng nganti awan. Kamangka udane uga ngrejih sak awan ora nganggo terang. Mudra lan Kumbayoni wiwit mangkel. Biyasane ora ketang celeng sok ana sing liwat, utawa ayam alas. Ning nganti sak awan ora ana kewan sing katon ana kono. Manuk-manuk sing biyasane pating bleber uga ora ketok babar blas. 


Mudra wis meh mutung nanging nalika ana swara pating krosak ana dhuwur uwit, Mudra banjur siyaga. Semana uga Panukuh lan Kumbayoni. Kabeh banjur nyepakake gandewa lan panahe. Swara kemrosak ana sak dhuwuring uwit kuwi jebul munyuk  buntut dhawa. Sak jane Panukuh ora kepengin mateni utawa mburu kethek kuwi mau. Ananging merga Mudra lan Kumbayoni kang wis wiwit kaliren, Panukuh ora bisa menggak kekarepane abdine kuwi pada mburu kethek. Mudra ngeculake panah lan ngenani gegere kethek kuwi mau sak engga tiba ana lemah. Ananging kethek durung mati lan banjur tangi tumuju arahe Panukuh sajak arep nggrawut utawa ngamplok. Panukuh banjur ngarahake panahe ana dhadhane kethek kuwi lan sak nalika kethek kuwi nglumbruk ana sikile Panukuh.


Alon-alon banget Panukuh nyaketi kethek  kuwi ditutake Mudra lan Kumbayoni, karepe arep njabut panahe lan kaya biyasane ngeleti daginge menawa kewane wis mati, ning yen durung mati ya dipateni ndhisik. Panukuh nyedhak, panah di dudut, Ananging ndaheba kagete Panukuh nalika dheweke weruh jebul kethek kuwi nggendhong anake. Kethek kuwi durung mati, kanthi ambegan sing abot lan mripat sing wis setengah merem ngampet lara, kethek kuwi ngulungake anake marang Panukuh, sajake nitipake. Panukuh atine ajur. Dheweke  rumangsa dosa, geneya mateni kethek sing isih ngopeni anake. Panukuh banjur nampani anak kethek kuwi mau. Panukuh ora bisa ngempet ilining eluhe amarga rasa getun sing nggubel ana dhadhane. Kethek sing wis masrahake anake kuwi mau banjur mati. Panukuh ngelus alon sirahe kethek cilik sing saiki ana tangane. Ana sak jroning ati Panukuh janji bakal ngopeni anak kethek kuwi nganti gedhe.  Panukuh banjur mbalikake awake lan tanpa kemecap banjur ninggal papan kono. Mudra lan Kumbayoni kaget. “Gusti!” Pangundange Mudra. Ananging Panukuh ora maelu pangundhange abdine kuwi. Kethek cilik kuwi dikekep kenceng supaya ora kodanan. Panukuh nangis sedih, kelingan ramane nalika dipateni dening wong-wonge Rakai Garung lan saiki dheweke tumindak sing pada karo kethek kuwi. Senadyan ta arupa sato kewan, ananging Panukuh ngerti menawa kethek kuwi mau duwe rasa sing pada karo jalma menungsa, kang bisa susah nalika kelangan wong sing paling ditresnani. 


Panukuh bali ana rombongane tanpa kumecap sak ukara wae. Kuwi marai Wulung lan Mahesa Seta sumelang. Saben-saben Mahesa Seta nyedhaki, Panukuh mesthi banjur nglungani utawa ngalih. “ Wis, Kang. Ora susah mbok cedhaki dhisik. Kareben Gusti Panukuh nentremake atine. Mbok menawa Gusti Panukuh pancen lagi kepengin dhewe.” Wulung nyekel kenceng lengene Mahesa Seta. “Nanging Gusti Panukuh ora kersa dahar.  Kamangka daging kae mau rak asil olehe mbeburu, ta dhi?” Mahesa Seta bingung. Wulung manthuk karo ngatonake praupan kang sedih “Mbok menawa ana sing marai goreh, sak engga ora kaya adat sabene yen ana daging Gusti Panukuh mesthi ndemenakake anggone dahar. Wis ben Wulan wae sing nyedhaki. Biyasane yen wong wadon ki rak luwih luwes, uga pinter anggone ngaten-ateni. Karang ya piyea wae Gusti Panukuh ki rak ya isih cilik, ta ? Mesthine ana bab-bab kang  tine durung bisa nampa kanthi legawa.” Wulung mbacutake gunemane. Mahesa Seta manthuk. 


Wulan alon-alon nyedhaki Panukuh karo nggawa mangsakane ana sak ngarepe Panukuh sing isih mung meneng wae ora kumecap. “Gusti, sampun dalu. Penjenengan dereng dahar kawit siyang. Menika kula kaliyan keng Ibu  ingkang ndamelaken daharan. Pun kedhapi nggih. Eman ta menawi limpung lan tales ingkang sampun pun padosaken Kakang Wulung lan Kakang Mahesa naming pun bucal muspra.” Kandhane alus. Panukuh mandeng Wulan kanthi mripat kebak luh. Ananging Wulan ora wani takon, kenengapa Panukuh nangis nganti kaya ngono. Wulan mung mbedhek ana njeron atine mbokmenawa gustine kelingan keng ramane. Panukuh banjur njikuk tela pendhem loro kanggo anak munyuk sing diopeni. Amarga isih panas, Panukuh nyuwilake lan ndamoni tela kuwi sak durunge diwenehake kathek cilik kuwi. Wulan atine trenyuh, apameneh Panukuh nulak memangan daging sing uga diladekake Wulan tanpa omong ukara sak kecap wae. Wulan banjur nyingkirake daging kuwi lan mung ninggal pala kasimpar ana sak ngarepane Panukuh. Ananging Panukuh tetep ora ndemok kabeh panganan kuwi ing pangangkah niyatake nglakoni upawasa utawa pasa, monabrata utawa tapa mbisu lan mejagra utawa ora turu.


Wengi saya kekes. Udan sak awan ninggalake tilas teles ana ing lemah. Kabeh uwong pada kemul jarite dhewe-dhewe sak liyane Panukuh sing ngrukupake jarike ora mung nutupi awake ananging uga anak kethek sing diopeni kanggo tulak adhem, nanging Panukuh ora ngeremake mripate. Kumbayoni lan Mudra mung nyawang kahanan kuwi saka kadohan kanthi ati sing getun. Ananging Wulung lan Mahesa malah seneng gene saiki Gusti bendharane duwe kanca sing bisa dijak dolanan, amarga Wulung lan Mahesa Seta ora ngerti kepiye critane sak engga Panukuh ngopeni anak kethek kuwi mau. 


Ing tengah wengi, nalika kabeh abdine wis pada mapan turu, Panukuh lan Ibune tangi lan nyawang langit sing padang amarga sang Candra lagi ngatonake sunare. Malem tanggal 14, langite resik sak bar udan. Panukuh lan ibune banjur jengkeng landesan klasa pring karo nyawang endahing sang Hyang Candra. Panukuh banjur ngeremake socane amarga dina kuwi kang asebut Siwa Ratri. Panukuh manembah marang Hyang Widhi amarga ana kapitayan dene kabeh uwong kang nglakoni tapa brata ing Siwa ratri bakal kalebur dosane, klebu anggone mateni sato kewan lan marakake anakke sato kewan mau kelangan biyunge. Alon Panukuh ngrapalake mantram utawa metrum Pancaksara ing pangajab dosane kalebur lan nemokake marga kang luwih padang. Praupane kang bagus lan resik katon mencorong ketiban cahyaning rembulan nalika lathine wiwit ngrapalake 

Om, namah Sivayah

Upa Saksi, Ciwa raditya, 

Om Aditya sya Paranjyotir, 

Rakte taja namostute, Sweta pangkaja madyaste, 

Baskara ya namo namah. 

Om Hrang Hring Sah Parama Siwa Ditya ya namo namah swaha.” 


Wulung kang wis wiwit rem-rem ayam kepenak amarga kesel sedina gawe gubuk, capet-capet krungu swarane gustine Panukuh lan Dyah Manohara kang endah. Mripate abot banget dileke sak enggo donga kang kumandang kuwi malah kaya nglela-lela anggone turu. Awake krasa mabur ana alam ngimpi. Beda karo resi Kumbayoni kang uga duwe rasa getun sing pada karo Gusti bendarane. Ananging amarga ora nglakoni upawasa lan monabrata. Kumbayoni mung nglakoni mejagre, lan meneng-meneng ngocapake mantram kang pada ana mburine Panukuh lan ibune kanthi laku yoga.




Rakai Garung kaadhep para mentri lan Patih dalem lagi lenggah ana dampar kedhaton sak rampunge pisowanan agung, nalika Wiku Agung Kraton sowan lan ngaturake pakurmatan marang sang maharaja. Sang Maharaja mbagekake sang Wiku kanthi suka rena penggalihe. Semana uga para mantri I Srikan lan I Halu.  Ananging Sang Maharaja Rakai Garung rada kaget dene sang Wiku rawuh kanthi pasuryan sing ora kaya adat sabene. Sang Wiku katon sedih lan sajake ora patiya rena penggalihe, kamangka Sang Maharaja Rakai Garung rumangsa ora kurang-kurang anggone peparing kanggo vihara-vihara lan panggonan sembahyang kang dadi tanggung jawabe para wiku.


Amarga sajake arep ngaturake bab-bab sing permati, Sang Maharaja ngaturi sang Wiku mlebet gedhong raja kang dadi panggonane Rakai Garung menawa nampa tamu-tamu sing penting lan anggone rembugan rada pribadi dudu mligi urusan Negara sing entuk dingerteni wong akeh. Sak  wise bisa lenggah lan pada anggone mbagekake kabar Rakai Garung banjur ndhangu sang Wiku.  “Bapa, sanget pangajeng-ajeng kula supados kula saged midhangetaken kabar ing Bhumi Sambara Budhura, saking Bapa. Amargi menawi kula naming mireng saking para mentri lan para karaman sedaya lapuran menika sae mboten kirang setunggal menapa. Ananging sampun mataun-taun candi menika dereng saged paripurna. Punapa Bapa kagungan kabar ingkang murugaken pembangunan menika mboten enggal purna ?”   “ Inggih sinuwun. Panci mboten gampil ngrampungaken bangunan ingkang angengipun sak manten. Kanthi ukiran lan cariyos ingkang pun tatah ngremit kados mekaten. Dereng malih para Cilpin sok gadhah rancangan piyambak-piyambak ingkang damel pembangunan saya dangu.” Ature Sang Wiku. “ Menapa bab menika ugi ingkang damel Bapa ngantos tedhak wonten kraton mriki?” Rakai Garung bali ndhangu sang Wiku. Wiku Wirathu banjur wangsulan “ Inggih, sinuwun. Ananging mboten naming bab pembangunan Bhumi Sambara ingkang dados ganjelaning manah kula Sinuwun, amargi menawi bab ingkang magepokan kaliyan pembangunan Bumi Sambhara menika sampun saged pun rembag kaliyan para Mantri I Halu, Sinuwun. Ananging bab ingkang sanget dados kawigatosan kula lan para Sangha inggih menika bab ingkang magepokan kaliyan perkawis para sentana Dalem ingkang mbujung warga wanua ing Tuk Mas utawi wanua-wanua sanesipun. Menawi atur kula klentu utawi lepat nyuwun sih pangapunten dalem sinuwun.” Wiku Wirathu banjur nyembah. 


Rakai Garung kendel sawetara. Pasuryane abang sajak ngampet rasa kang nggubel ana dhadhane.  Banjur alon-alon ngendhika kanthi swara kang jeru “ Bapa Wiku lan para Sangha menika rak gadah jejibahan kangge ngadani upacara-upacara lan pasembahyangan, ugi jejibahan kanga mesthekaken dene Bumi Sambhara Budura menika saged rampung kanthi wekdal ingkang sampun pun rancangaken. Kenging menapa sak menika Bapa lan para Sangha tumut-tumut lan cawe-cawe bab negari ingkang dados tanggel jawab kula.” Wiku Wirathu ndhingkluk banjur ngunjal ambegan landung. Wiku Wirathu dhewe wis pana dene ature mesthi bakal nimbulake rasa kang ora nyenengake kanggone Ratu Gustine. Ananging Wiku Wirathu tetep kudu ngrembug bab iki karo Rakai Garung. “ Sepindah malih menawi ingkang kula aturaken menika lepat nyuwun sih pangapunten Dalem. Menapa ingkang Paduka ngendikakaken mboten lepat, kula lan para Sangha sejatosipun panci mboten kenging cawe-cawe bab urusan negari ingkang dados tanggel jawab Paduka. Ananging Paduka temtu taksih kemutan bilih wiwit Sri Maharaja Rakai Panangkaran para Sangha lan wiku menika ugi kajibah paring wejangan dumateng sedaya sentana kraton Mataram mriki kalebet Sri Maharaja piyambak. Mboten ateges kula bade nerjang paugeran ananging naming ngemutaken bilih wanua-wanua ingkang Paduka besem menika ugi kawula paduka piyambak.” Ngendhikane sang Wiku ngati-ati banget.


Rakai Garung banjur jumeneng saka lenggahane banjur nyawang taman kedaton saka jendela gedhe kang ana ing gedhong anggone wawan rembug karo Wiku Wirathu. “Bapa…, Mataram menika sak wijining negari ingkang ageng sanget lan kawentar dumugi ing Manca Nagari. Kados ing Swarna Bhumi kula gadah gegadhangan bilih Mataram ugi saged dados pusat pasinaonipun kapitayan Budhisme ingkang ageng. Lan menika mokal menawi wangsa Sanjaya taksih wonten lan dados simboling kekiyatan tandhinganipun Wangsa Syailendra, Bapa.  Panci menapa ingkang kula tindakaken menika mboten wonten gandeng cenengipun kaliyan wucalan kapitayan Budhisme, ananging kula rumaos wangsa Sanjaya menika saged dados pepalang anggen kula mujudaken menapa ingkang dados pengajeng-ajeng lan gegadhangan kula, Bapa. Menapa malih para kawula Sanjaya taksih pitados dene wonten salah setunggiling turunipun Sri Maharaja Sanjaya kang saged nggentosi kalenggahan kula lan wiwit nyusun kekiyatan kangge ngendih panguwaosing Syailendra. Dados miturut Bapa menapa kula klentu menawi naming njagi lan ngayomi wangsa Syailendra wonten mriki ?” Rakai Garung wangsulan tanpa nyawang Sang Wiku kang lenggah ana mburine. Paningale Rakai Garung nyawang adoh ana gunung-gunung sing ngupengi kraton dalem.


Sepisan meneh Sang Wiku nyembah karo matur “ Leres Sinuwun. Ananging paduka ugi kedah nglelimbang tuna lan bejanipun kangge wangsa Syailendra piyambak. Sedaya peperangan menika temtu nuwuhaken raos serik lan sakiting manah. Lan menika damel perkawis menika malah mboten rampung-rampung awit sedaya rumaos leres utawi mbelani menapa ingkang dados  hakipun. Kapitayan kula lan penjenengan sami mboten mucalaken  karma ingkang awon kados ta mejahi, ngrampas darbeking sanes lan tumindak pecak asiya-siya dumateng sinten kemawon kalebet sato kewan, Sinuwun. Ing babagan punika Panjenengan Dalem temtu sampun pana. Kapitayanipun kula penjenengan sami menika mucalaken welas asih dumateng sagunging gesang. Menawi Penjenengan Dalem adreng badhe nyirnakaken Wangsa Sanjaya ingkang ndilalahipun gadah kapitayan ingkang benten, temtu menika mboten naming adamel kucem asma Penjenengan Dalem ananging ugi asmanipun para Sangha lan kucemipun kapitayan Budhisme piyambak dene mucalaken welas asih ananging para sentana dalah Sang Prabu piyambak mboten nggambarken menapa ingkang pun rasuk.” Wiku Wirathu matur tanpa wani  nyawang pasuryane Rakai Garung sing biyasane bagus marak ati sak iki katon mangar-mangar ngampet duka.

Rakai Garung mandheng Sang Wiku kang uga gurune kanthi rasa sing mangkel banget. Amarga apa kang dilakoni ora disengkuyung kanthi becik malah Rakai Garung dhewe rumangsa di salahake. “Bapa, penjenengan temtu maos critanipun Prabu Asoka saking Patali putra. Anggenipun saged mbabar wewengkon ingkang wiyar ugi awit saking peperangan. Saged gadah kekiyatan kangge ngagengaken kapitayan kula lan penjenengan inggih awit landheping pedang. “ Rakai Garung ngendhika sora. Sang Wiku tambah samsaya ndhingkluk. “Inggih, sedaya lepat nyuwun sih pangapunten dalem, ananging Prabu Asoka mboten perang kangge agenging wucalanipun Pangeran Sidharta ananging awit hardaning pepenginanipun piyambak nguwaosi donya lan wewengkon ingkang ageng. Ananging nalika putra-putranipun lajeng dados biksuni, lan ugi biksu Prabu Asoka lajeng emut bilih menapa ingkang sampun pun lampahi menika mboten trep lan selaras kaliyan wejangan welas asih Budhisme, sak engga Prabu Asoka ugi lajeng ngendhegaken peperangan lan wiwit mbangun kapiyanipun kanthi leres lan ngrembakaken kapitayanipun ngangge cara aris lan kebak ing welas asih.” Wangsulane Sang Wiku kang banjur ndheprok sujud ana ngarsane Rakai Garung.


Rakai Garung mendhel ananging penggalihane kaya-kaya mbenerake apa sing dingendhikake karo Sang Wiku.  Rakai Garung ngakoni gene anggone ngoyak-oyak wong-wong Sanjaya ora ana gandheng cenenge karo kapitayane ananging luwih saka rasa wedine  menawa wangsa Sanjaya bali bisa nguwasani Mataram lan medhang lang ngendih kekuwatan lan panguwasaning Syailendra.  “Sinuwun, menawi bab panguwaos lan kalenggahan menika sinten kemawon saged dados pepalang. Saupami tiyang-tiyang Sanjaya sirna punapa lajeng rampung wonten ing mriku? Temtu kemawon mboten. Tiyang punika naming pados lena. Sanak utawi kadang piyambak ugi saged dados pepalang, ugi saged dados kraman ingkang ngrogoti panguwaos dalem. Lajeng punapa paduka ugi badhe mejahi sedaya tiyang-tiyang punika? Nyuwun sih pangapunten dalem. Menawi sedaya punika kelampahan temtu kathah tiyang ingkang badhe dados bebanten anamung kangge nglanggengaken panguwaosing wangsa Syailendra. Punapa paduka kepengin dene mbenjang para kawula dalem naming badhe ngemut-emut sedaya kacintrakan ingkang dumados nalika paduka nyepeng panguwaosing negari ? Punapa paduka mboten kepengin mbenjangipun paduka pun sebat Ratu gung binethara kang kawentar kawicaksananipun lan welas asih dumateng para  kawula.” Sang Wiku mbacutake pangandhikane. Rakai Garung banjur nyekel lengene sang Wiku lan dawuh supaya sang Wiku jumeneng.  Rakai Garung nyawang pasuryane Sang Wiku kaya dene pirsa arahat ingkang manjalma. Rakai Garung wangsulan alon “ Kula cobi Bapa kangge ngicalaken sedaya raos was ing manah kawula lan kula badhe manjing ing vihara kangge ngleremaken manah kula ingkang saweg goreh menika. Sedaya pitedah lan piwucal penjenengan temtu kula lelimbang kanthi permati, ananging menawi Sanjaya sak estu ngraman lan nyobi ngendih panguwaosing Syailendra, kula mboten saged mendel, Bapa.”Rakai Garung banjur jengkar sak wise ndawuhi abdine supaya banjur ngladeni Sang Wiku kang katampa dadi tamu sawetara dina sak durunge kondur ana Bhumi Sambhara.




Swarane manuk guwek kang nembus petenge wengi nambahi nglangute swasana kuthapraja. Hawa atis ing sasi kapitu lan udan sing isih tiba ana ing Bhumi Mataram sasat marai kahanan katon mamring. Ora ana wong dodol tela sing dipikul turut dalan kaya adat sabene. Utawa bakul panganan liyane. Warung sega uga pada milih tutup merga tangeh lamun ana wong kang sanja. Ana kedaton lampu katon kelip-kelip amarga oncor sing madangi gedhong wis diganti senthir supaya ora padang kencar-kencar. Swarane siter, suling lan gamelan uga wis ora keprungu, nandakake para sentana dalem wis pada arip lan wiwit mapan ana peturone dhewe-dhewe. Mung senthonge Pangeran Balaputra Dewa sing isih padang. Ambune dupa ratus nggundheng lan kebule katon metu saka jendela. Sajake Kanjeng Pangeran lagi nglakoni tapa brata lan meditasi. Swarane kethuk kang dithuthuk ngetutake Sutra Saddharma Pundarika sing diwaos nambahi nglangute wengi kuwi. Pangeran Balaputra Dewa kuwi rayi dalem Rakai Pikatan. Pasuryane bagus, kulitane putih resik, yuswane udakara 27 tahun. Isih muda lan kebak ing pengangen-angen. Sawetara anggone meditasi nalika Pangeran Balaputra Dewa krasa ana angin kang tumiyup alus mlebu ana senthonge bebarengan wewayangan nyalawadi. Pangeran Balaputra Dewa mesem. “Ah, Sriti. Kowe wis tak antu-antu kawit sore. Kepiye kahanane Medang lan sadengah Mataram, apa ora ana bebaya sing ngancam ?” Pangeran Balaputra Dewa ndangu bayangan sing wis jengkeng ana sak mburine.  Bayangan kang sinebut Sriti kuwi ndhingkluk lan nyembah karo matur “Sedaya wonten ing kendalinipun telik sandhi paduka.” “Bagus. Amarga ora let suwe kuthapraja bakal dipindahake ana wewengkon Kelasa lan saiki wis wiwit diresiki saka wong-wonge wangsa Sanjaya. Para pengangeng bakal ngenggoni Mamatripura kang ora adoh saka candi Tara ing Kelasa.   Sawetara. Kraton sing ana Poh Pitu kene  bakal ditinggal lan dipasrahake aku sak engga aku bisa nguwasani sadengah bhumi Mataram wewengkon Kedu, sawetara kuwi Sinuwun Rakai Garung bakal nguwasani wewengkon Kewu .” Ngendhikane  Pangeran Balaputra Dewa karo mesem seneng. “Kula gadah pemanggih ingkang benten, Gusti. Sinuwun Sri Maharaja Rakai Garung mboten badhe mindahaken Kithapraja menawi Bhumi Sambhara dereng rampung. Menapa malih laladan Kewu menika taksih dados pusatipun kawula Sanjaya ingkang sami mlajar saking Gunung Wukir, Menoreh, Sindoro lan Merbabu. Penjenengan pirsa piyambak dene kekiyataning Sanjaya dereng mendha menawi Mpu Panukuh utawi Manuku dereng dumugining pejah. Kamangka menika ugi ewet aya ing pambudhi amargi menawi ngantos Mpu Panukuh pejah, kawula Sanjaya sampun tekadan puputan, rawe-rawe rantas malang-malang putung kangge bela pati dumateng Mpu Panukuh.” Ature Sriti. Pangeran Balaputra pasuryane katon cuwa, karepe menawa wewengkon Kedu dipasrahake karo kadange tuwa ya sinuwun Rakai Garung, Pangeran Balaputra kepengin mbangun angkatan perang sing kuwat kanggo nelukake ora mung sak indenging Jawa lan Swarnabhumi ananging uga wewengkon-wewengkon liyane kaya kang dilakoni dening Rakai Panangkaran. Bab nguwasani Mataram kuwi ming masalah wektu, apameneh lete karo Sinuwun Rakai Garung klebu adoh lan Rakai Garung ora kagungan putra kakung dadi ngrampas kalenggahan dalem kuwi kaanggep perkara sing sepele, apameneh kalenggahane Pangeran Balaputradewa ana kraton Mataram klebu ing jalur kang bisa nggentosi kalenggeahan dalem yaiku Mahamentri I Halu. “Sriti, geneya kowe dhuwe panemu kaya ngono. Durung suwe iki aku krungu yen Kangmas Rakai Garung nggrudhug Tuk Mas lan sak ngertiku ora ana sing bisa lolos saka pangoyaking para prejurit Mataram. Apa Panukuh isih urip ?” Pangeran Balaputra Dewa ndangu Sriti. “Kula sampun matur bilih kawula Sanjaya temtu nggedhag perang dumateng Syailendra menawi Mpu Panukuh pejah. Ananging ngantos gantalan dinten mboten wonten kraman menapa-menapa ta ? Menika ateges Mpu Panukuh taksih gesang.” Ature Sriti meneh. “Ya wis. Saiki mbok menawa aku ming kudu disik-disikan karo Kangmas Prabu anggone nemokake Panukuh. Yen miturut panemuku Panukuh ora perlu dicekel utawa dipateni. Mung perlu dikandhani supaya sumingkir saka tanah Jawa sak engga kawulane ora bingung lan ngraman ananging uga Panukuh ora dadi pepalange Syailendra. Aku percaya menawa nganti Kangmas Prabu ndhisik sing nemokake Panukuh, wis mesthi bakal dipateni. Amarga Sinuwun Rakai Garung ora bakal ngenengake klilipe wangsa Syailendra apa wae tebusane klebu ngorbanake para kawula Syailendra dhewe.” Pangeran Balaputra Dewa mbacutake ngendikane. Sriti manthuk. “Saiki dak wenehi tanggung jawab kanggo nemokake Mpu Panukuh lan bujukana supaya lunga menyang tanah sabrang aran Pataliputra. Mengko nek wis tekan kana, awake dhewe luwih kepenak le nyingkirake amarga para kawulane ora ngerti menawa matine Panukuh kerana tangane Syailendra.” Ngendikane Balaputra Dewa mesem. Sriti mrinding weruh esem ana pasuryane Pangeran Balaputradewa kang bagus ananging uga pinter golek merganing kuwasa senadyan kanthi cara sing kurang becik. Sriti ming bisa nyembah. Kanggone wong-wong kang duwe kalenggahan kuwi mawa sipat kang werna-werna lan kala-kala ketok kejem. Ananging menawa ditlesih luwih jero, kabeh kuwi mau dilakoni mligi kanggo nglanggengake panguwasane. Semana uga Pangeran Balaputradewa.




Mahesa Seta lan Wulung bingung nggoleki Wulan amarga wis meh telung dina ngilang ora katon ana sak indenging alas kono. Kamangka karepe arep ndhang mbacutake laku tumuju Kedhung Pedhut lan bablas golek merga nyabrang Bagawanta. Amarga meh seminggu udan sak engga anggone pada lumaku turut kali kudu leren sakwetara.  Ananging ora kenyana-nyana jebul Wulan njedhul nalika Mahesa Seta mutusake mangkat tanpa Wulan. Wulung arep nesoni Wulan nalika njedhul ana sak ngarepe ananging mbasan weruh tenggoke Wulan kebak barang-barang, Wulung ora sida nesu. Jebul Wulan lunga menyang desa sing paling cedhak saka alas lan tuku sandhangan kanthi ngedol gelang sarta kalung mas duweke. Ora mung kuwi Wulan uga tuku kebutuhan liyane kang ora tinemu ana alas kayata uyah, kendil, peso kang anyar kanggo ngganti sing wis rumpil amarga kerep dienggo, klewang, pethel lan clurit sing keli dhek emben nalika udan gedhe. 

Wulung dadi isin dhewe nalika ngerti jebul Wulan wis ngorbanake bandhane kanggo bisa mbacutake laku kanthi sangu sing cukup. Wengi kuwi kabeh wong ngrasakake mangan sega sing sak suwene iki ora tau di rasakake amarga ana ing pangulandaran. Wulan uga tuku beras kang banjur diliwet nganggo kendil dilawuhi iwak bakar. Kabeh krasa bali dadi menungsa lumrah ya awit saka pakaryane Wulan sing krentek ngedol bandhane kanggo kuwi kabeh. Sak jroning ati Wulung janji marang awake dhewe, menawa ana rejane jaman bakal nukokake gelang lan kalung kanggo Wulan nggo nggenteni apa sing wis didol lan dikorbanake Wulan. Mahesa Seta dhewe senenge ora jamak amarga Wulan nukokake jarit lan kathok anyar semono uga kanggo Mpu Panukuh lan kabeh rombongan. Dyah Ayu Manohara uga trenyuh atine, merga Wulan uga nukokake semekan,jarit, stagen lan slendang anyar kanggo nahan adheme wengi. Wulan banjur dirangkul lan diarasi kaya anakke wadon dhewe. Dyah Manohara uga banjur menehi watu kecubung kang digawe ali-ali tinggalane swargi biyunge. Wulan nulak paringan kuwi amarga ngerti menawa watu cubung kuwi tinggalan kang banget permati kaya pusaka kanggone Gusti Dyah Ayu Manohara.


Mahesa Seta lan Wulung banjur mbacutake laku nurut kali isuke sak wise kabeh wis pada samapta.  Wulung lan Mahesa Seta kudu nyepakake kabeh kabutuhane rombongan kuwi, semono uga Kumbayoni lan Mudra, amarga iline Kali Malang iki bakal saya gedhe lan kaline uga saya amba yen diturut mengidul. Ana rasa was neng atine Wulung nalika arep mangkat nurut kali amarga Kali kuwi ora mung ngliwati alas-alas kaya saiki nanging uga Karang Padesan, sak enggo kanggo nyamunake menawa rombongan kuwi playon saka Tuk Mas, Wulung ngedum rombongane. Mahesa Seta lan Kumbayoni nunggang gethek dhewe bareng karo Panukuh, Lola lan Sekar. Sawetara Wulung lan Mudra njagani Dyah Ayu Manohara lan Wulan.Wulung nyoba milih melu ilining kali ana tengah supaya lakune gethek luwih banter uga kanggo ngawekani supaya wong-wong desa utawa Wanua sak pinggiring kali ora cubriya lan ngira yen Wulung lagi mancing utawa njala ana tengah kali. Ananging mesthi wae cara kuwi ora gampang  apa meneh Kali Malang uga nembus Bhumi Sambhara Budura sing lagi dibangun dening Rakai Garung mbacutake pembangunan lan pengarep-arepe eyange Rakai Panangkaran nggawe Candi Budha kang gedhe. Candi kuwi durung rampung tekan seprene ya awit maneka werna alesan, saka angele mindahake watu-watu gedhe tekane para cilpin kang ora duwe penemu kang pada bab kepiye kudune bangunan kuwi dirampungake kanthi momot pitutur ajaran Budhisme sing gampang di sinau kabeh kawula Syailendra. 


Wulung lan Mahesa Seta, sakjane kepengin nyingkiri laladan-laladan kaya ngono. Amarga akeh prejurit-prejurit sing tugas jaga. Ananging Mpu Panukuh duwe panemu sing seje. Mpu Panukuh sajake adreng kepengin ngerti kepiye anggone wong-wong Syailendra kuwi mbangun papan suci wujud candi kang gedhene ora kaya adat sabene candi Hindu sing dingerteni Panukuh. Mugakna Panukuh njaluk supaya Mahesa Seta anggone nglakokake gethek ora nengah-nengah ing pangajab Panukuh bisa ndhelok endahe bangunan kang suci saka agama Budha sing wis dibangun seket tahun luwih kuwi. Mahesa Seta sak jane emoh nuruti kekarepane Panukuh awit bab kuwi mbebayani banget tumrap keslametane rombongan kuwi, apameneh saiki getheke ora dadi siji karo Wulung sak engga kancane mung Mudra lan Sekar menawa sak wanci-wanci ana alangan. Sak liyane kuwi kanggo nyamunake laku. Rombongan kuwi ora bareng mangkate. Wulung lan rombongane mangkat luwih dhisik ninggal Mahesa Seta sak rombongan lan kangsen dene bakal pethukan ana Kedung Pedhut.


Kanthi ati sing abot Mahesa Seta nuruti kekarepane mpu Panukuh lan mlaku nurut pinggiring Kali Malang. Mpu Panukuh banjur wiwit nggatekake kiwa tengene, sapa ngerti bisa weruh candi kang kawentar dibangun Wangsa Syailendra kuwi. Jebul nganti meh ngliwati Bhumi Sambhara kuwi Candine tetep ora ketok amarga dibangun ana ndhuwur argo sing lumayan adoh saka kali. Panukuh gela, ananging ora kelangan akal Panukuh sambat ngelih lan njaluk supaya gethek dipinggirake. Mahesa Seta rada njontong atine amarga kekarepane ndhang metu saka laladan Bhumi Sambhara Budura kuwi, ndhadak diselani weteng ngelih barang.  Sekar kang tanggung jawab nyepakake sangu kanggo mangan banjur nyepak-nyepake apa kang dibutuhake sak mangsa pada leren neng pinggiring kali. Sawetara kuwi Kumbayoni lan Mahesa Seta, iwut anggone ngurusi getheke. Kalodhangan kuwi digunakake Mpu Panukuh kanggo nggoleki candi sing banget kepengin diweruhi. Mpu Panukuh lan Lola ketheke alon-alon ninggal rombongane kanthi sesingidan. Panukuh menek pereng kali lan nembus wit-wit  Budur (Aren) sing akeh tuwuh ana kono, Lola kang nemplok ana pundake sok-sok karo ngrontoki woh aren kang bisa dicandak tangane sing cilik lan woh kuwi banjur dipangan.. Sakehing wit kuwi mau, akeh-akehe lagi dideres sak liyane wit kang pancen diarah uwohe, sajake wong-wong kang ana wanua sak cedhak kono duwe pametu saka dodol gula lan tuwak. Panukuh  nlasak grumbul lan ngetutake wit-wit aren sing di deres kuwi sak engga tekan ana sak ngisoring arga sing lagi dienggo pembangunan candi gedhe kuwi. Panukuh kaget, jebul candine pancen gedhe banget, ngluwihi candi-candi Hindu sing wis tau dingerteni dening Panukuh. Lambene kang tipis tur abang ngowoh weruh endahing candi kuwi. Alon-alon Panukuh nyedhak. Ora ana prejurit sing nggagas tekane apameneh para cilpin lan tukang sing lagi adreng anggone nyambut gawe.  Panukuh mung kaanggep cah-cah dolan sing biasa pating sliwer ana laladan kono, apameneh Panukuh nggawa ingon-ingon sak engga para prejurit kuwi ngertine Panukuh mung bocah ndesa sing lagi ngemong ingon-ingone.


Bab kuwi mesthi wae nggampangake Panukuh ndhelok cara-carane para cilpin ngadhepi tukang-tukang sing ngukir watu. Ukirane katon endah banget. Panukuh uga weruh piye anggone nggawa watu-watu gedhe saka ngisor diunggahake mendhuwur. Watu-watu andhesit jare dijikuk saka laladan sak wetan kali Bagawanta kang kawentar ana gunung-gununge watu. Watu-watu kuwi wi dikethok kothak-kothak saka panggonane banjur di gawa kanthi diseret nganggo jaran utawa sapi. Watu kuwi ditaleni nganggo kayu glugu pinggir-pinggire banjur diseret munggah karo kewan-kewan kuwi. Samangsa kudu mindahake watu sing luwih gedhe, para Cilpin nggunakake gajah Jawa kang senadyan cilik ananging tenagane gedhe. Panukuh gumun banget, geneya bangunan kuwi kuwat banget. Kamangka Yawadwipa kuwi kerep katerak lindhu sing wola-wali, tur ora mung lindhu cilik ananging uga lindhu gedhe ananging bangunan kuwi tetep bakuh ora ambruk. 


Panukuh lan Lola banjur lumaku ana tengah-tengahing wong sing lagi nyambut gawe kuwi karo nggatekake apa sing lagi digarap. Panukuh ngungun dene jebul anggone bangunan gedhe banget kuwi kuwat, amarga disangga kaya engsel-engsel sing ngunci watu siji lan watu liyane. Panukuh saya adreng anggone naliti. Jebul ora mung ngremit bab ukiran. Candi kuwi uga dirancang kanthi becik banget. Emane tekan saiki kok ya durung dadi. Panukuh seneng ndelok anggone pada ngukir relief-relief sing nyritakake ceritane Pangeran Sidharta anggone nyebarake agama Budha, lan uga ngematake tenan nalika relief kuwi digathukake siji lan liyane sak engga kaya maca lontar ana ing watu-watu gedhe. Ana lontar Panukuh mung bisa ndhelok tulisan ananging ana candi iki, Panukuh bisa deleng gambar sing nyata bab kepiye Pangeran Sidharta kuwi nglakoni uripe nganti kasebut Budha. Ing kapitayane dhewe, Panukuh uga ngakoni yen Budha kuwi bageyan saka dewa Hindu kang manjalma utawa kasebut avatara. Dadi kanggone Panukuh, nyinau bab-bab agama Budha dudu dadi sirikan. Kapitayane ngakoni dene wong suci kuwi ora mung metu saka agamane wae ananging sok sapa wae kang wani laku prihatin lan manekung marang Gusti kang akarya jagad. Sak liyane kuwi kapitayane uga mulangake dene avatara utawa dewa kang manjalma dadi manungsa duwe kekarepan memayu hayuning bawana, semana uga Pangeran Sidharta. 


Mripate Pikatan katon sumunar endah, ngatonake adrenge pepinganane nyinau Vastusastra utawa Silpasastra kang ngrembug bab kepiye carane mbangun candi sing becik lan endah. Alon-alon tangane nggrayang ukiran-ukiran endah kuwi lan nenuwun marang Gusti kang murbeng dumadi, suk nek wis ana rejane jaman Panukuh bisa duwe kalodhangan bisa mbangun candine dhewe. Candi sing pada gedhe lan endahe banjur arep dipisungunake kanggo ngurmati Trimurti. Durung nganti tutug anggone naliti candi kuwi tangane krasa ana sing nggeret. Panukuh kaget, jantunge tab-taban amarga ngira yen sing narik tangane para prejurit, ning nalika mengo jebul Sekar. “Wooww, jebul kowe neng kene ta, Le. Tiwase simbok le nggoleki mayeng-mayeng.” Kandane Sekar karo ngedhepi Panukuh. Panukuh mesem lan atut nalika digandheng Sekar. Para prejurit sing jaga kang awit mau nglirik Sekar banjur alok. “Mugakna nek duwe anak ki dijagani. Malah kluyuran ana candi. Nek ketiban watu piye ?” Panggetake prejurit kuwi. Sekar mung mrenges. “Ayo bali, le. Simbok diewangi nderes. Mengko nek gulane ora dadi mundhak kowe ora isa jajan.” Kandane Sekar karo nggeret Panukuh supaya gek ndhang metu saka papan kono. Ananging ana prejurit liyane sing wis ngadang dalane. Sekar wis tekadan, menawa prejurit kuwi ngalangi lakune bakal dimungsuh, pokoke rawe-rawe rantas, malang-malang putung.  Ming jebul prejurit kuwi malah katon mesem karo ngelus pundake Panukuh alus. “Yu, sajake anakmu seneng weruh wong mbangun candi. Suk nek wis rada gedhe sithik ngengerna mrene wae. Aku duwe tepungan cilpin sing pengalaman, dadi anakmu bisa sinau.”Kandane alus. “Oh nggih, Kang. Matur nuwun. Mbenjang menawi pun radi ageng nggih, Kang.Sak niki kersane ngrencangi nderes kula riyin. Suwun Kang.” Kandane Sekar kang banjur nggeret Panukuh supaya mlaku cepet. Sak wise  adoh saka para prejurit jaga kuwi Sekar lagi bisa ngunjal ambegan lega.  “Duh, Gusti. Penjenengan menika lho. Damel jantung kula ucul. Kakang Mahesa rak sampun weling supados penjenengan mboten nyaketi Bhumi Sambhara punika. Tujunipun para prejurit menika mboten cubriya. Mangga kula dherekaken wangsul dateng gethek.”kandane Sekar karo ngos-ngosan ngampet rasane.  Panukuh rumangsa getun ananging rasa kepengin ngertine luwih gedhe tinimbang rasa wedine sak engga tanpa mikir dhawa lan nglelimbang keslametane abdine Panukuh nekad nglakoni tumindak kuwi. “Apuranen aku ya, bibi.” Kandane. 


Mahesa Seta lan Kumbayoni katon playon nututi Sekar. Mbasan kepethuk Sekar lan Panukuh atine dadi lega. Durung nganti omong, Panukuh wis njaluk ngapura merga wis luput ninggal rombongane meneng-meneng. Kamangka keslametane rombongan kuwi bisa kaancam samangsa ana prejurit kang bisa ngerteni sapa sejatine Panukuh. Mahesa Seta banjur ngejak Panukuh, Sekar lan Kumbayoni mbacutake lakune. Mahesa Seta sumelang yen Wulung mengko nggoleki amarga ora ndhang bisa kepethuk ana ing Kedhung Pedhut.




Sriti nggoceki tangane Wulan kenceng. “Ning tenan ta menawa Gusti Panukuh isih sugeng?” pitakone. Wulan manthuk. “Bagus. Aja nganti kecekel prejurite Sang Mathiraja Garung. Amarga yen nganti kecekel, wis masthi mpu Panukuh lan ibune bakal dipidana pati. Pangeran Balaputradewa kepengin supaya Panukuh sumingkir sing adoh. Menawa perlu ana manca Negara. Kuwi ora mung nggo keslametane Panukuh dhewe, ananging uga kanggo lestarining wangsa Sanjaya.” Sriti mbacutake omongane. “Lha keneng apa Pangeran Balaputra malah kepengin yen Gusti Panukuh tetep urip, apa kuwi ora dadi pepalang kanggone penjenengane?”Wulan wangsulan. “Pangeran Balaputradewa mung nyidem supaya wong-wog Sanjaya ora banjur mbrontak sak engga dadi perang gedhe ana Yawadwipa sak engga Yawa dadi karang abang. Sapa ngerti yen wis dislametake, mbesuke Sanjaya gelem teluk kanthi sukarila, dadi ora perlu ana peperangan sing ngrusak kekuwataning bangsa.” Kandane Sriti. Wulan manthuk lan ngerti apa sing dikarepake Sriti. Sak wise masrahake apa kang kudu dilakoni, Sriti banjur ngekeki Wulan cekelan kanggo urip yen samangsa Panukuh mbutuhake werna-werna. Wulan nampani apa sing diwenehake Sriti lan ngaturake panuwun. Sriti banjur ngilang ana petenging alas. 


Alon-alon Wulan banjur ninggal papan anggone sak patemon karo Sriti, sumelang yen Wulung lan Mudra ngerti yen sak tenane dheweke kuwi uga telik sandhi paya kang di pasang Mahamentri I Halu utawa Pangeran Balaputradewa kanggo ngawasi Panukuh lan uga tandang gawene parejurit-prejurit Mataram andahanane Rakai Garung. Sak jane Wulan dhewe ora mentala nek kudu laku lan tumindak khianat marang Mpu Panukuh lan ibune dene , keluwargane Panukuh wis gelem tetulung marang dheweke nalika jaman paceklik. Nanging Wulan uga ora bisa selak amarga kepiye wae dheweke kuwi salah sijining prejurit perjineman sing dadi andahane Balaputradewa.


Sak jane Wulung wis cubriya karo Wulan amarga sak suwene iki kerep banget ngilang menawa ana kalodhangan, ananging amarga Wulan pinter anggone gawe pawadan lan ndilalahe pawadane trep karo apa sing ketoke dilakoni, Wulung ora mbacutake anggone rumangsa cubriya. Malah kepara Wulung sok mesakke amarga Wulan kerep ngorbanake barang-barange utawa dhuwite kanggo nyukupi kebutuhane rombongan kuwi. Wulung banjur janji sak jroning ati, menawa ana rejane jaman Wulung bakal ngijoli kabeh banda kang tau diwenehake Wulan kanggo rombongan kuwi. Meneng-meneng Wulung uga wiwit kepincut marang Wulan amarga tumindake kang becik, alus omongane, luruh praupane lan sing baku ayu rupane. Ora ana wong sing ngerti atine Wulung amarga rapet banget anggone nyimpen, ananging Wulan krasa yen Wulung nggatekake banget dheweke. Bab kuwi nyenengake amarga Wulung uga klebu wong lanang kang bagus ing rupa, gagah pideksa senadyan kulite rada soklat soga, ora putih kaya wong-wong turun saka tanah Sunda.  Wulan uga ora bisa nampik dene atine uga nduweni rasa, apameneh sak suwene iki kerep bebarengan lan ngerti watak wantune Wulung sing becik, mrananni. Kuwi kabeh gawe atine Wulan saneng ananging uga mbebayani tumraping kuwajibane Wulan ngawasi rombongane Gusti Panukuh. “Seka ngendi nyimas?”pitakone Wulung nalika Wulan tekan ing papan kono. Atine Wulan mak dheg.  Dheweke  wedi yen Wulung ngerti patemone karo Sriti. Wulan banjur mbalikake awake karo mesem manis. “Aku entas golek uwi utawa gembili,mung nggo jaga-jaga menawa mengko gusti Panukuh tekan kene ana kang bisa dipangan bebarengan. “Apa berase entek?” Wulung bali takon. “Isih, Kang. Ning uwi utawa gembili rak isa uga nggo pangane Lola. Eman yen berase uga dipakake Lola.” Kandane alon. Wulung manthuk ning merga ngerti yen Wulan ora nggawa apa-apa Wulung banjur takon meneh “Ning neng alas kana sliramu ora nemu apa-apa?” Wulan gedek banjur cepet-cepet lunga supaya ora kudu mandeng mripate Wulung sing awas sumelang Wulung bisa maca sak jroning atine.


Wulung ora cubriya ning malah mesake geneya ming Wulan sing nganti mikir pangane Lola barang. Wulung banjur nemoni Mudra sing isih repot nggawe papan nggo ngeyup sak suwene rombongan ciliki kuwi ngaso. Wulung pamit arep golek pangan ana njeron ngalas, sapa ngerti Wulan ora bisa nemokake gembili lan sak piturute mung amarga kurang awas wae. Wulung banjur mlaku nurut dalan sing mau diliwati karo Wulan. Wulung gumun, ana sak pinggiring dalan neng alas kuwi akeh banget pala kasimpar kang tuwuh subur malah ora mung uwi karo gembili kepara tela pendem, tales, ganyong lan sak piturute. Wulung dadi bingung, “Mosok ta nganti ora weruh. Lha wong semene akehe. Arep dienggo sesasi ora bakal entek” Pitakone Wulung ana njeron ati. Atine Wulung tambah goreh nalika ora kejarak Wulung nemu tapak sikil ora ming siji ananging loro.Wulung kang wis duwe pengalaman suwe dadi prejurit perjineman lan telik sandi langsung bisa ngerti menawa jebul Wulan goroh marang dheweke. Wulan ora arep golek pangan ana njeron alas ananging ketemu karo pawongan kang nyalawadi. Menawa niliki saka jerone tapak sikil kang ndilalahe ana lemah sing kaya lendhut amarga entas udan, Wulung ora tambuh yen kuwi tapak sikile wanita. Katon banget yen tepake ora jero lan sikile ora amba kaya biasane tapake wong lanang.Wulung mbatin sapa sing ditemoni dening Wulan sak engga kudu sesingidan kaya mengkono. Wulung atine gela lan lara, dheweke rumangsa yen Wulan wis tumindak khianat marang dheweke lan rombongane. Alon-alon Wulung ngukuti pala kasimpar sing wis diklumpuke banjur diwadahi tenggok.  Awake krasa lemes, jebul wanita sing sak suwene iki dadi gegantilaning atine lan tansah dadi kembang pangimpene, telik sandining mungsuh. Wulung banjur nduweni tekad kanggo ngerteni sak jane sapa sejatine Wulan lan dheweke nyambut gawe kanggo sapa. Menawa Wulan pancen nyambut gawe kanggo Rakai Garung mesthi wae rombongan kuwi wis kecekel kawit wengenane lan mbok menawa uga wis pralaya. Ananging kenengapa Wulan ora banjur ngandani para prejurit kuwi kanggo mikut utawa nyekel rombongane kuwi. Sak jane apa kang dadi karepe lan apa pangangkahe sak engga mung ngetutake rombongan tanpa tumindak apa-apa.


Nalika bali ana rombongan Wulung ngulungake pala kasimpar oleh-olehane marang Wulan tanpa kakehan guneman. Wulan kaget, atine tab-taban.  Ana sak jroning atine Wulan ngira-ira apa Wulung ngerti tumindake, kok njuk banjur nggolekake pala kasimpar, aja-aja Wulung ngerti yen sak jane Wulan wus tumindak khianat marang bendarane. Utawa Wulung sengaja nggolek pala kasimbar amarga cubriya marang Wulan. Sewu pitakonan nggubel ana atine. Ananging menawa ndeleng Wulung ora ngowah-owahi adat kok kaya mokal menawa dheweke ngerti sing dilakoni Wulan. Ora ana praupan cubriya utawa polah tingkah kang owah saka adat sabene, sak engga Wulan rumangsa lega. Wulan banjur ngolah pala kasimpar sing digawa Wulung kanthi ati sing ora patiya goreh meneh. Ananging Wulung beda, dheweke saiki luwih ngati-ati lan sak paripolahe Wulan digagas lan diawasi tenan kanthi sesidheman.


Semana uga nalika rombongan kuwi wis meh tekan Kedhung Pedhut.  Amarga anggone kangsen ana Kedhung Pedhut karo Mahesa Seta lan Kumbayoni, Wulung banjur golek papan kang penak ana sak cedhak grojogan Kedhung Pedhut kuwi kanggo nunggu kanca-kancane. Gethek wis ora digunakake maneh kawit Kali Malang ngliwati Menoreh, amarga kaline saya cethek lan akeh watu-watu gedhe sak liyane kuwi rombongan bakal lumaku mengulon nyedhaki wanua-wanua sing isih setya marang wangsa Sanjaya.  Wanua kuwi sak cedak Bogowonta lan saka lor gelem ora gelem Wulung kudu ngliwati wewengkon Kewu, kang ateges nyedhaki uga bebaya. Miturut ujaring kabar sing dirungu dening Wulung, Rakai Garung kepengin nggelar panguwasaning Mataram tekan Pengging lan bakal mindahake Kuthapraja ana wewengkon Kewu kuwi. Wulung yakin dene andahane Rakai Garung mesthi bakal  wiwit naliti kanthi setiti laladan Kewu lan wiwit nyingkir-nyingkirke kawula Sanjaya sing akeh mapan ana Kewu. Kuwi sebabe nalika tumuju Kedhung Pedhut Wulung ora tau meneng anggone ngawasi kahanan lan Wulan kang wis dianggep Wulung dom sumuriping banyu. Ananging Wulung tetep ora kawistara anggone nyubriyani Wulan lan tetep njaga tumindake kaya-kaya ora ana kedadeyan sing aneh utawa nyalawadi.  Rombongane Wulung ngliwati dalan-dalan rumpil lan pereng-pereng Menoreh, sak engga kepiyea wae Wulung isih mbutuhake Wulan kanggo ngamping-ampingi Gusti Ayu Dyah Manohara. 


Dalan-dalan kang ana pengunungan Menoreh kuwi pancen endah lan ngresepake mripat kang nyawang, akeh wit-wit gedhe, tuk-tuk kali sing bening lan uga gua-gua gedhe kang akeh banyune, dadi Wulung sak rombongan ora tau kapiran bab banyu utawa pangan. Akeh wit nangka, pisang, jambu lan woh-wohan liyane. Pala kasimpar ora kurang semana uga kewan-kewan cilik kaya kancil, trewelu, bajing, celeng. Kabeh kaya wis sumadiya. Kewu pancen lemah kang subur lan bisa nguripi sak sapa wae sing bisa ngolah lan ngopeni alame. Watu-watune sing gedhe uga bisa digunakake kanggo mbangun sak liyane pereng-perenge sing wujud gamping. Alas uga kebak wit-wit gedhe kang migunani kayune kaya jati, mahoni, trembesi, asem lan sak piturute. Kanggo perabot, wit pring uga ora kurang akehe saka sing cilik nganti sing gedhe maneka werna jinise. Ana Wulung, Gading, Totol,  Ori, Petung, Ireng, Sembilang, Apus lan sak piturute. Mudra sing katon seneng amarga saben leren ana sak panggonan, dheweke ora kudu kangelan menawa golek wit utawa godhong kanggo gawe papan ngeyup. Ananging kabeh kuwi mau ora isa nggawe rasa atine rombongan kuwi dadi ngungun lan resep kaya nalika tekan lan weruh laladan kang katelah Kedhung Pedhut.Panggonane endah, banyune nggrojog mili bening, rupane biru semu ijo katon kaya watu pirus saka kadohan. Ana limang kedhung ing laladan kono, kabeh bening lan anyes seger banyune. Limang kedung kuwi jerone ora pada sak engga wong bisa milih nglangi ana salah sijining Kedung kan karanan kedung Anyes, Kedung Lanang, Kedung wadon, Kedung Merak lan Kedung Merang. Sumber banyune sajake saka Tuk Mudal lan dadi grojogan aran kembang Soka. Wulung lan Mudal yen ora ngelingi kudu ndhang gawe papan kanggo ngaso wis kepengin nyemplung ana anyesing banyu kedhung kuwi merga katone seger lan nyenengake. Ananging merga duwe tanggung jawab kanggo njaga gusti putrine, Wulung lan Mudra banjur enggal nggolek pring kaya biayasane kanggo gawe papan ngaso lan ngeyup sak mangsa-mangsa udan. Sawetara kuwi Gusti Ayu Manohara sing wis krasa kesel, lungkrah lan panas banjur ngejak Wulan adus ana kedhung sing bening kuwi. Wulan manthuk banjur pamit marang Wulung. Wulung jane rada owel arep ngekeki idhin karepe nunggu tekane rombongane Mahesa Seta supaya dheweke luwih ludhang anggone ngawasi Wulan ananging bab kuwi bakal nggawe Wulan cubriya, mugakna Wulung kanthi aboting ati ngidhini Wulan lan Gusti Ayune adus. Wulung ora bisa ngawasi amarga uga ora becik yen gustine siram banjur dheweke nginthil. Wulung mung pesen supaya olehe adus ora suwe-suwe. Wulan manthuk. 


Mudra kajibah golek woh-wohan amarga yen beras, pala kasimpar lan iwak garing isih disimpen dening Wulan. Semono uga gula aren lan uyah. Mudra banjur bablas nyemplung alas, sawetara Wulan lan Dyah Manohara ciblon ana kedhung wadon sing ora patiya jeru. Banjur dibacutake ngumbahi jarit lan mekake dhewe-dhewe kanthi woh lerak sing akeh ana pinggiring kedhung. Gusti Ayu Dyah Manohara katon seneng amarga wis pirang-pirang minggu mlaku ora tau bisa adus ciblon lan lumban kaya ngene. Apa meneh nalika ngerti yen Wulan duwe londo merang kang bisa kanggo kramas, Gusti Ayu Manohara rumangsa kaya bali ing jaman garwane isih dadi Rakai ana wewengkon Pangkur lan bisa ciblon, kramas nganggo barang-barang kang becik lan wangi. Kulite sing putih kaya susu kuwi biyasane dilulur nganggo maneka werna jamu lan lulur. Ananging saiki ana londo merang wae atine wis seneng banget, apameneh nemu papan kang endah banget kanggo ciblon. Wulan atine trenyuh weruh Gusti ayune sing wus kulina urip kepama saiki kudu nlasak-nlasak alas kanggo nyelametake uripe dhewe lan anakke. Mesthi bab kuwi dadi sanggan kang ora entheng. Kamangka jaman Sanjaya mbiyen isih kuwasa, ndoro-ndoro kaya Gusti Ayu Manohara kuwi uripe banget kepama. Wulan ngunjal ambegan landung lan wiwit mikir bab wolak-waliking jaman.


Rampung adus lan umbah-umbah Wulan lan Dyah Manohara banjur olah-olah kanggo mangan bengi. Sidane Mudra kasil nggawa who-wohan arupa nangka mateng lan mentah. Sing mentah bisa dijangan sing mateng kena dipangan ngono wae. Sak liyane kuwi Mudra uga kasil nggawa pelem lan truwelu sing banjur uga bisa diolah kanggo mangan bengi.  Trewelu daginge dibumboni nganggo gula aren, uyah lan banjur dibacem nganggo banyu kelapa. Rasane enak banget. Sak wise mangan kabeh banjur mapan kanggo ngaso. Mudra wis ora kepengin meneh adus ana kedhung2 kuwi amarga wis kebacut kesel golek pangan lan ngolah bareng gustine uga Wulan. Mudra milih nggloso mapan ana klasa pring gaweyane Wulung lan Sekar dhek samana, bantalan buntelan klambine.


Bengi kuwi nalika rombongan wis pada turu kabeh , Wulung sing krasa awake panas merga sedina mlaya njaga laladane, uga Gusti ayune Dyah Manohara, kepengin adus ana Kedhung Pedhut. Banyune Kali katon biru saking jerune Kedhung. Wulung ngeculake sedhela anggone ngawasi Wulan, merga mau Wulung ngerti nek wong-wong kabeh wis pada turu klebu Wulan. Alon-alon dheweke medhun ana kedhung, klambine dibukak lan ditelesi, karo nyangking lerak sing dilumpuke Wulan mau sore. Klambi sing wis pirang-pirang dina ora tau ganti sak engga katon lethek. Maune ora mambu kringet amarga kringete wis garing lan nepak ireng-ireng ana klambi,jarit lan kathoke, nanging mbasan di telesi ambune kringet kaya nyebar sak indenging kedhung. Wulung nyengir, ngempet ambegan banjur nggosokake lerak ana klambine kuwi, sak nalika kabeh gondho sing kecut ampek kuwi ilang. Sak wise di bilas klambi di pepe ana tali duk sing dipantheng kanggo ngglanthang kumbahan. Nanging gandheng ora ana srengenge merga bengi paling lagi sesuk sore garinge semono uga jarit lan kathoke. Mugakna Wulung cepak klambi ganti, arupa jarit kang disuwelke kaya jarikan cara kampuhan.  Ananging sak durunge nganggo klambi sing resik Wulung nyemplung ana sak ngisor grojogan. Awake krasa dipijeti banyu sing seger banget. Wulung ora wigah-wigih wuda amarga pancen ora ana wang-wing neng kono. Alon dheweke uga ngosokake lerak kuwi neng awake sak engga kabeh ambu kecut kringete ilang. Alon-alon Wulung ngeremake mripate karo manekung marang  Hyang Agung supaya anggone njagani gusti-gustine bisa kasil lan apa kang dadi gegadhangane wangsa Sanjaya kanggo mujudake kawula kang makmur, gemah ripah loh jinawi bisa kasembadan.  


Durung suwe anggone semedi, kupinge Wulung krungu swarane manuk guwek kang cemuwit ana wit nangka persis ana dhuwur anggone dheweke adus, ananging ora krungu swara abure swiwi. Sak nalika wulu ana awake Wulung ngadheg kabeh.  Wulung ngerti yen kuwi dudu swarane  Guwek ananging swarane telik sandi paya. Wulung meneng sajak ora obah supaya wong sing nangkring ana wit nangka kuwi ora cubriya yen ana wong adus sak ngisor grojokan. Alon banget, Wulung ngranggeh pedang sing mesthi digawa ana awake. Nanging Wulung tetep meneng.  Dheweke mbukak mripate ananging ora bisa kanthi premana weruh sapa sing singsot lan nirokake swara guwek kuwi. Let sedela keprungu swara jangkah sikil mlipir sak pinggiring kedhung. Swara banyu cemawuk keprungu ana kupinge Wulung senadyanta wong kang mlipir kuwi wis nyoba supaya jangkahe ora keprungu uwong. Ora patiya cetha uluk salam kang kemecap antarane telik sandhi kuwi karo wong sing nemoni amarga deresing swara grojogan kuwi, mung bleger-bleger sing ora katon ngegla cukup nggambarake sapa sing lagi patemon ana Kedhung Pedhut kuwi. Wulung bisa ndhelok menawa pawongan sing mlipir mau cetha Wulan, ananging wong sing ditemoni kuwi sapa. Amarga penasaran Wulung banjur metu saka njeron grojogan sinambi ngranggeh jarite. Kanthi lumpatan mubeng Wulung mbebetake jarite ana bangkekane lan banjur langsung nubruk wong kang nemoni Wulan kuwi. Wong kuwi kaget setengah mati lan enda saka pedange Wulung sing diarahke ana gulune. Swara jemlegure Wulung nyemplung neng kedhung keprungu sora, ananging merga papan anggone pada ngaso ana lemah rata kang luwih dhuwur sisih wetan pereng, swara kuwi ora keprungu dening Mudra. 



Wulan kaget ora jamak, gene ana wong metu saka banyu. Maune Wulan ngira kuwi sebangsane memedi utawa badan alus ananging ndaheba kagete jebul sing metu Wulung. Ngerti yen kahanan ora ngepenake wong kang nemoni Wulan kuwi banjur nyoba mlayu. Nanging Wulung njedhul saka banyu lan mencolot mubeng langsung ngadheg ngadhang pawongan kuwi. Wulung kaget jebul sing ditemoni Wulan kuwi sawijining wanodya kang ora kalah ayune karo Wulan. Wanita kuwi nggawa ruyung kanggo gaman. Rambute digelung cepol, nganggo mekak sarwo putih lan selendang sing disampirake gulune. Ora jaritan kaya umume wong wadon ananging nganggo celana kanthi jarit sapit urang. Ana cundrik sing diselipake ana sabuke kang kagawe saka emas. Wulung ngira yen wanodya iki dudu wong biyasa. Saka klambine Wulung wis bisa ngira menawa Wanodya iki mesthi salah sinjining punggawa prejinemane Syailendra kang pangkate dhuwur.  “ Sapa kowe ?” Pitakone Wulung. Sing dijak omong ora wangsulan ananging langsung nuthukake ruyunge ngarah sirahe Wulung lan katangkis nganggo pedang. Swarane pating krincing, Wulan bingung arep ngewangi sapa lan mung bisa ngadheg nggejejer.  Wulung kang luwih pinter anggone ulah kanuragan ing kalodhangan anggone mungsuh wong wadon kuwi kasil ngranggeh slendange telik sandhi sing dadi mungsuhe. Lan meh wae kasil mikut wong wadon kuwi.  Sak upamane Wulan ora banjur nubruk awake lan njegur kedhung bebarengan. 


Wong wadon kuwi banjur ngethok slendange nganggo cundrik lan kasil lolos. Wulan nyurung Wulung nganti tekan dasaring kedhung sing jerone udakara limang meter. Wulung nesu banget. Wulan genti diendih sak engga kahanan mbalik. Wulan glagepan merga kaya wong dilepake. Kepiyea wae tenagane Wulung luwih kuwat.  Wulan ora eling. Menawa wektu kuwi rasa atine Wulung luwih ngeboti rasa mangkele, mbok menawa wis kentas nyawane Wulan, ming rasa kamanungsane Wulung luwih gedhe tinimbang rasa nesune. Wulan ditarik munggah lan banjur awake dikurepake ana pinggiring Kedhung.  Gegere Wulan banjur ditebak banter sak nalika Wulan watuk lan ngutahake banyu kang mau nyumpel ana dhadhane.  Nalika ngolet arep tangi, Wulan langsung ngadhepi mripate Wulung lan pedhang ligan sing ditemplekake gulune. Mripat kang sak suwene iki nyawang kebak tresna saiki malih sak nalika. Mripat kuwi kadya glathi kang langsung nembus ana jantunge. “ Sapa kowe sak tenane ?” Pitakone Wulung tanpa mindahake pucuk pedange kang krasa anyep ana gulune Wulan. Eluhe Wulan wutah. “Ora perlu adol welas. Welasku karo kowe wis entek nalika aku ngerti kowe ngapusi aku neng alas sak pinggiring kali Malang.”kandane Wulung “Jebul kowe wonge Syailendra. Telik sandhi paya. Saiki kowe arep selak apa meneh. Wangsulana aku lan kowe bakal tak culake bali marang ratu gustimu.” Kandane Wulung. Wulan kaget, jebul panggraitane nalika kae bener. Wulung uwis ngerti yen sak suwene iki dheweke sesambungan karo Sriti. “Wangsulana aku!”Panggetake Wulung nganti Wulan kaget-kaget. “ Jenengku Wulan Argandhani, kakang kaya sing mbok ngerteni.”wangsulane Wulan lirih “Aja dolanan karo. Kowe ngerti sing tak karepke.” Kandane  “Kowe telik sandhine wong Syailendra, ya pa ra?” pitakone Wulung karo nyurung pedange alon lan nyuwek kulite Wulan. Getih seger netes ana pucuk pedange  Wulung. Wulan saiki ngerti menawa Wulung ora dolanan dheweke mringis ngampet lara. “Aku ora wedi mbok pateni kakang. Aku rila mati neng tanganmu dene sak suwene iki aku ngerti yen kowe tresna marang awakku. Aku ngerti bab kuwi, mbok akoni apa ora. Ning apa sing tak lakoni ora kaya sing mbok pikirake. Aku pancen lahir saka bapa ing wangsa Syailendra, nanging ibuku wong Sanjaya kaya kowe lan Gusti Panukuh. Ananging amarga bapakku wong Syailendra, aku lan ibuku disengiti dening wong-wong Sanjaya. Nalika bapakku seda mung wong-wong Syailendra sing gelem ngrengkuh lan ngrangkani keluwargaku kabeh. Dadi menawa wong-wong kuwi banjur njaluk tulung aku, apa  aku bisa selak?” kandane Wulan. Wulung mlengos karo menjeb “Lan kowe kepengin aku percaya ceritamu kuwi? Wong sing wis tumindak khianat marang wangsane dhewe.” Kandane Wulung. “Kowe ora percaya karo aku, kuwi perkaramu kakang. Ananging aku dudu ming wong Sanjaya, separuh getihku iki Syailendra dadi sapa sing kudu tak belani ? Aku yen duwe niyat ala, wis kawit sepisanan aku lapur ana ngendi parane Gusti Panukuh lan biyunge ananging aku ora tau lapur. Semana uga Sriti. Aku lan Sriti nyambut gawe dadi prejineman ana sak ngisoring Mahamentri I Halu Pangeran Balaputradewa kang sejatine ora kepengin mungsuhi wong-wong Sanjaya. Kuwi sebabe aku dijaluk nyingidake Gusti Panukuh saka Rakai Garung.  Amarga Pangeran Balaputradewa kepengin sesuke Sanjaya lan Syailendra bisa dadi sedulur sinarawedi.”kandane Wulan. Alon-alon Wulung ngeculke pedange. Lan nguncalake sisa suwekan slendhange Sriti. Wulan mringis. Gulune krasa perih, alon-alon dheweke njikuk slendang kuwi lan wiwit mbebet tatune sing ora jeru kuwi. “Aku wis suwe dadi prejurit.  Ora ana kang isa gawe gigrig utawa lara ana atiku sakliyane tumindak khianat. Kuwi bakal dadi tatu sing ora bakal ilang. Saiki kowe entuk lunga sing adoh saka kene. Aja bali, utawa tau meneh ngadheg sak ngarepanku amarga yen kuwi kelakon aku ora mung bakal nyuwik gulumu, ananging maro awakmu dadi loro.” Kandane Wulung. Wulan banjur ngambruk ana sikile Wulung. “Kakang, yen kowe pancen kepengin mateni aku, aku rila legawa. Ananging aku ora bakal lunga saka kowe, Gusti Dyah Ayu Manohara lan Gusti Panukuh. Amarga aku rumangsa akeh kepotangan budhi, apamaneh Gusti Ayu nresnani aku kadya batihe dhewe.” Kandane karo ngutahake eluhe. “Menawa kowe rumangsa kepotangan budhi, keneng apa kowe tumindak culika lan laku khianat?” pitakone Wulung karo ngampet rasa ana dhadhane sing kaya umub kebak kanepson. “Amarga aku ngerti yen Gusti Balaputradewa ora duwe niyat ala. Gusti Balaputradewa kuwi ora pada karo rakane Rakai Garung. Gusti Balaputradewa kuwi malah meneng-meneng mbiyantu  lan duwe niyat nyigidake Gusti Panukuh. Amarga saka ujaring kabar sing tak tampa saka Sriti, Sinuwun Rakai Garung wis ngerigake prejurite kanggo ngoyak playon saka Tuk Mas. Dadi yen kowe lan Gusti Panukuh duwe niyat ndhelik ana Wanua ing Watak Tiruranu utawa Watak Kiniwang neng sak pinggiring Bagawanta kuwi ora bakal kasil slamet.” Wulan mbacutake omongane. “Mbel gedhes. Aku ora percaya karo lambemu sing manis ananging mawa racun. Kabeh Syailendra kuwi pada, serakah, deksiya marang liyan. Apameneh dudu wong asli tanah Jawa kene. ”Kandane  Wulung.  Alon-alon Wulan ngadheg lan njikuk pedang sing mau diuncalake dening Wulung. Pedang banjur diselehake ana tangane Wulung lan pucuke sing lancip mingis-mingis diarahke ana dhadhane dhewe. Banjur mripate mandeng mripate Wulung kang kebak rasa sengit kuwi. “Tak jaluk percayaa karo aku, kakang. Rakai-rakai sing dha dadi tetungguling Wanua-wanua kae senadyanta wong-wong Sanjaya dhewe ora duwe kuwanen kanggo ngendih utawa lumawan panguwasaning Rakai Garung. Nyawaku dadi gantine nek aku ngapusi. Apameneh yen kowe ngrembuk bab wong Syailendra sing dudu wong asli tanah Jawa, banjur sedulurmu sinarawedi kakang Mahesa Seta ? Apa ya wong asli tanah Jawa amarga biyunge wong saka Bengal. Lha kowe dhewe? Apa kowe Sanjaya asli dene biyungmu uga saka lemah Pasundan.  Dadi apa bedane ? Perange Sanjaya lan Syailendra kuwi mung perang rebut panguwasa, kakang. Ora ana gayutane karo turun, kapitayan utawa wangsa. Mung mligi panguwasa. Rakai Garung rumangsa kaancam kalenggahane samangsa turun Sanjaya isih ana. Kamangka sak jane kang paling cedak bisa ngendih panguwaos dalem kuwi rayi-rayine dhewe. Kadang-kadange tunggal bapa biyung, awit Rakai Garung kuwi ora duwe turun kakung. ” Kandane Wulan karo alon-alon ngrangsek maju.


Wulung mangkel banget dene kasunyatane apa kang diomongke Wulan kuwi bener. Rakai-rakai turun Sanjaya sing lungguh ana Kewu ora ana sing gelem mbiyantu nalika Tuk Mas di obong karo Rakai Garung. Sak liyane kuwi apa kang dijlentrehake pancen klebu nalar. Yen sing diomongake Wulan bener. Kuwi ateges wong-wong Syailendra dhewe uga ora nyewiji. Menawa Balaputradewa meneng-meneng mbiyantu Panukuh, kuwi pada karo merong kampuh jingga. Balaputradewa dhewe duwe karep ngendih utawa ngrebut panguwasaning Rakai Garung ananging durung cukup duwe kekuwatan dhewe sak engga nyoba golek aleme wong-wong Sanjaya kanthi nylametake turun wangsa Sanjaya. Sapa ngerti sesuk bisa dijak nyewiji kanggo ngendih panguwasaning Rakai Garung. Wulung mlengos jijik. Apa kang sinebut panguwasa kuwi pancen ngenggoni kabeh tumindak, nek perlu nggunakake cara sing licik kanggo nyingkirake mungsuhe.  “ Cukup! Ra sah kakehan gunem. Ya, aku nyoba percaya sepisan engkas. Ananging yen aku ngerti kowe isih sak patemon karo Sriti kancamu kae, aku ora bakal tida-tida maneh.” Kandane Wulung karo nyurung awake Wulan. Wulan ambruk ana lemah sak pinggiring kedhung. Embuh kenengapa ana rasa kelara-lara saka telenging atine. Dudu amarga apa kang ditindakake dening Wulung, amarga Wulan ngerti tenan watake Wulung kang tuhu setya ngayahi kuwajibane marang wangsa Sanjaya. Ananging amarga Wulan ngerti wiwit dina iki lan sak lawase ora bakal entuk panggonan maneh ana atine Wulung.


Wulung banjur ngukuti sandhangane sing maune dipepe lan di cedhake ana sak pinggiring geni supaya cepet garing.  Atine krasa ajur, geneya wong sing dadi kembang impene jebul wis marai atine tatu. Ana ngarep geni Wulung ngempet eluhe supaya ora tiba. Kanggone Wulan ora pantes ditangisi, wanita kang dadi begundaling mungsuh wangsane. Senadyanta apa kang diomongake Wulan kuwi mlebu ing nalare dene kabeh mau ora ana gayutane karo wangsa, apameneh turun ananging angel kanggone Wulung bisa nampa ngono wae. Rasane tatu uga gela amarga jebul wong sing ditresnani isih turun Syailendra. Ana rasa ora narimakake dene Gusti kang Murbeng Jagad menehi katresnan ana njero dhadhane karo wanita sing isih turune mungsuh. Wulung lali yen tresna kuwi ora milihuwong, ora milih turun, ora milih panggonan lan ora milih kapitayan. Saka pinggire geni tetulak adem, Wulung weruh Wulan lagi ngopeni tatune kanthi mbebet gulune. Sak jane atine sing paling jeru kepengin mbebet tatu ana gulune Wulan lan ngrangkul awake sing saiki mbok menawa uga lagi kademen amarga pada-pada tiba ana banyu njeron kedung. Nanging ajining dirine durung bisa ngalah marang rasa katresnane.

















BAB II

NGENGER



Rakai Garung kaadhep Mahapatih lan Tumenggung Alap-alap lagi mriksa laladan Kewu ing Watak aran Mamatri. Rakai sing dadi tetungguling Watak kuwi aran Rakai Mamatri Dyah Arumpaka. Rakai Garung lagi naliti apa wewengkon Mamatri kuwi kena lan pantes kanggo mindahake kuthanegara saka Wanua I Jro ana Kdu neng Mamatri ana ing Kewu. Rakai Mamatri dhewe banget rena yen wewengkone bisa dadi kutha Negara utawa Kutha praja sing gedhe. Kuwi mesthi bakal nambahi rejane laladan Mamatri dhewe lan wewengkon Kewu umume. Apa maneh Mamatri kuwi duwe kabeh sarating panggonan kang cocok kanggo mbangun Kuthanegara. Ana kali-kali gedhe  sak wetan lan sak Kulon Mamatri, akeh umbul lan telaga dadi sasat kakupeng segara pitu, lan ngadhepake Gunung gambaran sing pas ana ing Vastusastra kanggo mbangun kutha-kutha gedhe utawa kraton. Alase uga isih jembar-jembar, sawah lan kebonan subur, sak engga ora bakal ana bebaya kekurangan pangan. Kaapit candi-candi gedhe kaya candi Tara ana Kelasa, ana Taji kang kaaranan Candi Sewu. Kari mbangun loro maneh wis mesthi ngupengi wewengkon kuwi. Ananging Rakai Garung katon ora patiya adreng amarga sadengah papa ana Watak Puluwatu, Walakas lan Kanduh isih akeh Rakai-rakai turun Sanjaya senadyanta wis pada sumpah prasetya marang Rakai Garung. “Apa kowe yakin menawa Manuku (Panukuh) wis tekane pati paman Patih ?” Rakai Garung ndangu patihe. Mahapatih Aryanduka rada kamisosolen anggone mangsuli amarga nalika Tumenggung Alap-alap ngobong Tuk Mas ora ana bukti nyata jisime Mpu Manuku. Ananging Tumenggung Alap-alap wani mesthekake menawa ora ana sing bisa lolos saka tangane lan prejurit-prejurite. “Nyuwun sewu, menawi wonten lepat kawula nyuwun pangapunten dalem sinuwun.” Patih Aryanduka nyembah kanthi ati sing rada goreh. “ Nalika Tuk Mas pun besem panci kuwandanipun Mpu Manuku lan biyungipun mboten kepanggih njih awit wanua menika telas dados lebu. Ananging Tumenggung Alap-alap sampun mesthekaken dene mboten wonten ingkang lolos. Nyatanipun ngantos dumugi sak menika mboten wonten kabar ingkang nyariosaken wonten tiyang ingkang mlebet Wanua-wanua Sanjaya saking wanua ing Tuk mas menika. Telik sandi paya ugi sampun pun sebar ananging mboten wonten ingkang mireng menawi Mpu Manuku taksih gesang. Mekaten Sinuwun.” Ature alon. “Bener ngono alap-alap?” Rakai Garung ndangu Tumenggunge. Sing didangu nyembah karo wangsulan “Leres, sinuwun. Gesang kula dados tanggelanipun.” Ature mantep. Rakai Garung mesem. “Yah. Bagus. Aku seneng yen kabeh bisa pada ngayahi kuwajibane kanthi becik lan tanggung jawab. Ananging isih ana sing ngganjel ana penggalihku bab pindahe Kuthanegara ana Kewu.” Rakai Garung ngendika alon. “Lajeng menapa ingkang dados penggalih dalem, sinuwun?” Rakai Mamatri Dyah Arumpaka nyuwun priksa. Amarga yen nganti gagal anggone mindahake kraton, Rakai Mamatri uga kelangan pengarep-arepe. “ Nalika aku dadi panguwasaning Mataram, putraku nini Pramodawardhani rak banjur kaangkat dadi Mahamantri I Hino lan bakal nggenteni kalenggahanku sesuke. Ananging gandheng putraku kuwi mijil putri dadi aku sumelang bab urip mbesuke  lan nasibe Mataram kene. Ya pancen bener menawa Yawadwipa kuwi duwe Ratu-Ratu putri kang uga ora kalah pamore karo Raja-raja kakung ananging aku sumelang bab jodhone putraku kuwi. Aku banget kepengin dene Pramodawardhani bisa sesandhingan karo Rakai sing duwe pamor lan duwe kekuwatan cukup kanggo ngendhaleni Mataram. Nganti saiki sing adreng kepengin ngayunake Pramodawardhani kuwi rayiku dhewe Mahamentri I Halu Balaputradewa. Ananging aku kok rumangsa ora sreg. Amarga siji kanggone Pramodawardhani kuwi isih kepernah pamane senadyanta karo aku kuwi adhi beda biyung. Kaping pindo let umure rada kadohan meh 13 tahun. Sing ping telu aku kok rumangsa menawa Balaputradewa kuwi rada adreng kepengin kuwasa, bab sing keri iki sing marai aku rada ora jenjem. Kamangka yen aku mindahake Kutha Negara ana Kewu, aku kudu ninggalake Kdu marang putraku. Yen nilik watake Balaputradewa kang seneg nggege mangsa, mesthi bakal tumindak sak karepe dhewe. Aku ngerti angen-angene kanggo nelukake manca Negara kaya eyang Panangkaran kang bisa ngendih Pahang, tekane sabrang segara. Yen aku ora sarujuk, mesthi dimas Balaputradewa bakal ngedhag perang marang aku.” Ngendikane Rakai Garung. Rakai Mamatri kendel sedhela lan ngunjal ambegan landhung. “Sinuwun, menawi Mahamentri I Halu pangeran Balaputradewa menika lenggah dados mantu menapa njih mentala tumindak kados ngaten dumateng penjenengan dalem?” Rakai Mamatri mbacutake pitakonane.


Saiki genti Rakai Garung sing ngunjal ambegan dawa.  “ Aku kuwi ngerti watak wantune  dhimas Balaputradewa. Anggone ngoyak Pramodawardhani kuwi ora lantaran tresna nganti tekan telenging atine, ananging mung kepengin bisa kuwasa ana ing kraton Mataram. Kuwi kabeh ming rancangan wae, Mamatri Arumpaka. Kepiyea wae aku kuwi bapakne Pramodawardhani, aku kepengin dene sing mboyong putri kuwi wong sing tenan-tenan nresnani lahir lan batin, dudu karana tujuan liyane. Nalika dhimas Balaputradewa nyuwun lilahku, akau ora uga nulak ananging aku njaluk inah nganti Pramodawardhani cukup umure. Senadyanta umume putri-putri Mataram kuwi wis pada di palakramake umur pat belas utawa limalas tahun, aku kepengin Pramodawardhani dhaup menawa wis ana priya kang tenanan anggone nresnani. Aku bakal nggawe swayembara marang sapa wae priya kang saguh ngrampungake candi ing Kamulan Bhumi Sambhara bakal tak dhaupake karo anakku wedok.” Ngendikane Rakai Garung. Mahapatih Aryanduka kaget, semana uga Rakai Mamatri Dyah Arumpaka. “ Menapa penjenengan mboten ajrih menawi keng putri mangke dados prawan kasep. Menapa mboten mesakaken, Sinuwun. Lepat kula nyuwun pangapunten dalem.” Patih Aryanduka nyuwun pirsa lan cepak nyadong deduka.  Rakai Garung gumujeng sora “ Ha…ha…ha! Kuwi luwih becik tinimbang duwe garwa nanging ora isa nresnani, ora isa ngrangkani lan ora isa ngayomi.” Mahapatih Aryanduka,  Rakai Mamatri Arumpaka lan tumenggung Alap-alap mung bisa meneng lan matur sendika, merga kepiyea wae Rakai Garung kuwi keras anggone nyekel panguwasa tetep sawijining bapa kang mesthi wae ora kepengin yen anakke nandang cilaka utawa urip rekasa ing tembe mburine.




Lakune Mpu Panukuh sak rombongane wis tekan ing gisiking Samodra. Apa sing dikandakake Wulan pancen dadi kasunyatan. Ora ana wanua sing wani nampa Panukuh ana laladane, amarga telik sandine Rakai Garung ora kena dienggo dolanan. Ya mung begjane Panukuh Wanua sing ditekani ora lapur marang wong-wong sing kawogan.  Wulung sing banget bingung ngadhepi perkara iki apa meneh Mpu Panukuh duwe kekarepan sing kanggone mokal kelakon. Mpu Panukuh kepengin lunga ana Bengal kanthi nunut prau-prau pedagang saka Gujarat. Wulung mikir njuk nek tekan Bengal kuwi arep ewuh apa lan arep urip kepiye. Mahesa Seta kang turun Bengal banjur menehi wawasan dene saben-saben mangsa Kaso kaya saiki akeh wong-wong Gujarat sing laku dedagangan yen Mpu Panukuh pancen kepengin tenan tekan Bengal kudu nunut salah sijining prau kuwi. Banjur lelayaran tumuju Bengal, mengko tekan kana Panukuh bisa urip sawetara ana omahe pamane Mahesa Seta sing urip ana Bengal. Panukuh sarujuk, ananging ora kabeh rombongan bisa melu sak engga mung Panukuh, Lola, Mahesa Seta,  Wulan, Wulung lan Dyah Manohara wae sing mangkat.  Mudra, Sekar lan Kumbayoni tetep ana Yawadwipa.  


Mpu Panukuh sak rombongane nunut prau Gujarat sing ndharat saka segara kidul lan kuwi arang banget, sak liyane merga ombake gedhe, pesisir segara kidul arang dadi kutha-kutha dagang. Ananging meksa ana sing wani ndharat ana pesisir-pesisir kidul mung kanggo ngawekani supaya ora kudu mbayar pajek gedhe marang Negara. Bab iki marai Panukuh dadi ngerti yen sadengah wong manca kang laku dagang kerep nyludupake barang-barang liwat segara sing ora dijaga. Kuwi sebabe Mataram kudu mindahake Kuthanegarane neng Wewengkon Kewu, supaya pesisire bisa dijaga lan uga rame kanggo dedagangan.


Meh wolung purnama, Mpu Panukuh sak rombongan lelayaran ana segara, ngadhepi maneka werna bebaya. Saka rompak tekane lesus kang makaping-kaping meh nggawe prahune klelep utawa kerem, ananging merga berkahing Dewa, Mpu Panukuh kasil ndharat ana lemah Indus.  Wulung kang sak suwene lelayaran kerep mabuk segara katon aclum kahanane, praupane iju amarga ora bisa mangan lan ngombe kaya adat sabene neng dharatan.


Mahesa Seta sing duwe sedulur ana kono, banjur takon-takon marang wong-wong sak cedak Bandar gedhe kuwi papan dununge pamane. Jebul kuthane pamane adoh saka Bandar gedhe, malah ora klebu ana Negara Bengala.  Mahesa Seta bingung nanging Wulan banjur kanda yen Mahesa Seta ora perlu bingung. Wulan lan Dyah Manohara isih duwe sangu arupa mas-masan Mataram lan Swarnabhumi sing banget disenengi wong-wong Bengala, dadi mas-masan kuwi isa didol larang kanggo urip sawetara lan nyewa papan kang pantes sinambi ngrumat Wulung nganti mari anggone mabuk segara. Mahesa Seta ngaturake panuwun karo Wulan. Sak liyane kuwi Mahesa Seta dhewe kelingan yen dheweke lan Wulung uga isih duwe dhuwit mas bebungah saka nahkoda kapal nalika Wulung lan dheweke mbiyantu para tukang kapal numpes rompak sing arep ngrampok kapal dagang Gujarat kuwi. Ananging merga Wulung isih lara dheweke ora kepengin nganggo dhuwite Wulung. Sapa ngerti mengkone Wulung dhewe mbutuhake kanggo mertamba.


Sak wise madik-madik rada sak untara Mahesa Seta nemu omah sak pinggiring kutha Paharpur. Nalika kuwi sing nyekel panguwasa ing Bengala yaiku Dinasti Pala kanthi Raja aran Dharmapala. Bengala Negara kang gedhe uga makmur. Kawulane akeh sing ngrasuk agama Budha Mahayana. Negara kuwi uga duwe maneka werna candi-candi kang gedhe kaya Somapura Mahavira, dadi Mahesa Seta ngerti kenapa Mpu Panukuh kepengin banget marani Negara iki yen pancen kudu dadi wong buwangan. Negara kuwi duwe pawiyatan-pawiyatan gedhe kaya Nalanda lan Vikramashila sak liyane bangunan-bangunan kang elok ing werna. 


Ora adoh saka pangirane Mpu Panukuh banjur adreng kepengin ngerti kepiye carane Raja Dharmapala kuwi mbangun candi-candi gedhe lan bisa rampung kanthi becik. Dadi Mahesa Seta nggolekke omah ana Paharpur kuwi ora kleru. Kanggo nyambung urip lan mbiyantu pasinaone Mpu Panukuh Dyah Ayu Manohara kabiyantu Wulan nenun jarit lan banjur digawe bathik Kalayuga. Bakal bathik kuwi kanyata payu larang lan disenengi para putri saka kraton Dharmapala, amarga tenun lan bathike alus. Sawetara kuwi Wulung sing wiwit sehat amarga kepethuk beras sak wise pirang-pirang sasi mangan pala kasimpar uga banjur nyoba nyambut gawe nukang. Kepinterane nggawe ukir kayu uga disenengi wong-wong Bengal. Ukiran sing digawe Wulung pancen duwe motif  kang beda saka ukiran ing wewengkon kono. Mahesa Seta dhewe merga turun Bengal ora kangelan entuk pegaweyan dadi pande wesi, sak engga rombongan kuwi kecukupan ana ing babagan panguripan. 

Mpu Panukuh banjur bisa ngangsu kawruh ana Vikramashila lan nyinau Vastusastra utawa Silpasastra yaiku ilmu kanggo nggawe candi-candi kanthi cara sing bener lan becik. Sak liyane kuwi Mpu Panukuh uga nyinau agama Budha. Dudu merga Panukuh kepengin ganti kapitayan, ananging Panukuh kepengin ngerti, apa ta sak jane sing saben-saben diperkarake karo wong-wong yen wis ngrembug bab kapitayan. Ananging sak suwene nyinau agama Budha, Panukuh nemokake menawa ana ing bab kawicaksanan, bab urip ing bebrayan agung lan ing bab kabecikan jebul agamane utawa agama Budha ora ana bedane. Bedane mung ana ing pasembahyangane wae lan upacara-upacarane. Wiwit dina kuwi Panukuh nyewijekake atine, lan ngempelake tekade dene bakal gawe Yawadwipa dadi Negara sing makmur lan rukun. 


Anggone Panukuh banjur nyinau agama Budha kuwi uga duwe karep dene sapa ngerti mbesuke dheweke isa mbiyantu rampunge Bhumi Sambhara. Ora ana ing atine sing murni kuwi kepenginan kanggo ngrebut kuwasa, sing ana atine mung piye anggone gawe kawulane urip mulya, makmur lan rukun. Sak suwene sinau Panukuh uga nemokake jebul Somapura Mahavira kuwi wujud candi Budha kang ana corak utawa cakrik Hindune lan kanggone Panukuh bab kuwi nuduhake karukunane wong-wong Bengala ana ing bab kabudayan lan kapitayan.


Samangsane mulih prei anggone sinau Panukuh mesthi golek kalodhangan kanggo ngopeni Lola sing wis saya gedhe sinambi nguwasake Wulung anggone ngukir kayu. Saya dimatke jebul ukiran kayu sing digawe Wulung beda karo sing di sinau ana pawiyatan. Panukuh banjur takon marang Wulung. “Paman, sing mbok ukir kuwi rak kembang Padma, ta?” “Inggih Gusti. Kenging menapa? Menapa kirang sae?” Wulung nanggepi pitakone Panukuh. “Apik, paman. Olehmu ngukir kuwi apik banget, alus. Ning Padma sing bener kuwi bentuke kaya ngene.” Ujare Panukuh karo nggawa lontar kang banjur digambar. Wulung ngguyu. “Menika kenyempluken, Gusti. Padma wonten Yawadwipa menika ronipun langkung alit, temtu sekaripun ugi mboten nyempluk-nyempluk kados ngaten.  Lajeng sulur ingkang penjenengan gambar menika ugi sanes sulur ingkang wonten wana Yawadwipa. Cobi pun emut-emut.”kandane Wulung. Panukuh kukur-kukur sirahe sing ora gatel. Sak elinge pancen kembang Padma ing tanah Yawadwipa kuwi cilik-cilik kanthi mekutha kembang sing uga cilik, lincip lan ngrungih. Panukuh mikir meneh.  Wulung mesem banjur ngelus gegere Panukuh kaya karo adhine dhewe “Gusti, yen penjenengan damel ukiran kados gambar ingkang penjenengan sinau wonten mriki, mangke tiyang-tiyang Yawadwipa mboten ngertos menawi menika sekar Padma. Amargi kasunyatanipun panci benten Padma mriki lan ing tanah Jawi.” Kandane alus. Panukuh isih ngematake gambar kuwi lan kepengin ngandakake menawa Padma sing bener ki ya sing kaya digambar kuwi. Wulung banjur ngadheg lan mlebu ana senthonge Wulan. Ora let suwe Wulung metu karo nggegem beras ana tangane, alon-alon regemane di bukak. Ana tangan kiwane ana beras rupane wis kuning amarga kesuwen disimpen, bentuke bleneg, benteg ananging katon isi. Beras ana tangan tengene Wulung, beras anyar kang putih resik, bentuke dhawi-dhawi ning luwih gedhe-gedhe. “Menika beras Jawi saking Yawadwipa. Sampun kuning amargi kedangon pun simpen. Wulan mboten mbucal beras menika awit beras menika ngemutaken kula lan penjenengan siti ingkang sampun pun tilar tebih nanging sampun nyukani gesang ingkang sae sak dangunipun menika. Ingkang wonten sisih tengen menika beras Bashmati, beras ingkang tuwuh ing Bengal mriki. Temtu sami-sami nyukani gesang ananging benten raosipun, benten anggenipun ngolah. Nanging sedaya menika sami-sami beras Gusti. Mboten wonten ingkang langkung sae utawi langkung leres. Namung beras ingkang kuning menika sampun kula lan penjenengan olah kangge tetedan lan sampun kulina semerep. Ingkang menika saweg kemawon kula lan penjenengan ngertosi. Temtu penjenengan taksih kemutan sepindahan ngolah beras menika. Amargi kulinten mawi beras Jawi ingkang kedah pun liwet mawi toya ingkang kathah, beras menika meh kemawon dados bubur.” Kandane Wulung. 


Panukuh kang pinter cepet tanggap marang apa kang dikandakake Wulung. Dene Padma kuwi kudu digambar manut kaya ana ngendi Padma kuwi urip, amarga yen dicake utawa ditatah manut cara liyane mesthi bakal dadi ora cocok lan trep karo wewengkone, karo kawulane sing weruh lan nyinau. Bab iku uga sing banjur marai Panukuh duwe model dhewe  kanggo gambar-gambar ukirane mbesuke.


 


“Aku wis entuk kabar saka Bengal bab Manuku (Panukuh) sing mlayu saka Mataram. Lan sadengah wong-wong Sanjaya wis ngerti menawa aku sing mbiyantu Manuku lolos saka Sinuwun Rakai Garung. Dadi wis cetha yen sesuk jebul sinuwun Rakai Garung ora ngentukake aku karo Putri Pramodawardhani, aku cukup duwe bala kanggo ngendih panguwasa dalem, amarga wangsa Sanjaya ana sak mburiku. Aku dhewe ora banjur langsung ngedhag perang. Nanging nggunakake wong-wong Sanjaya ndhisik. Mengko yen wis sawetara wektu Manuku ana Bengal lan wong-wong Sanjaya wis ayem yen turun ratu gustine slamet, aku bakal ngongkon wong-wongku neng Bengal kanggo mateni Manuku. Banjur kabar arep tak sebar menawa wong sing ngakon mateni Manuku kuwi Sinuwun Rakai Garung. Wong-wong Sanjaya mesthi bakal males ukum. Yen wong-wong Sanjaya nggedhag perang, aku mung kari mbonceng. ” Balaputradewa ngandakake rancangane marang Sriti. Sriti ngunjal ambegan dhawa  “Ananging rancangan menika mbebayani sanget menawi ngantos gagal utawi bocor.” Kandane Sriti. “Yen nganti bocor, kuwi tegese lambemu sing obah. Amarga rancangan iki ming aku lan kowe sing ngerti.” Balaputradewa narik lengene Sriti kasar. Sriti ndhingkluk. Balaputradewa banjur ngrangkul Sriti kenceng. “Kowe kuwi telik sandhiku sing paling tak percaya, uga sing paling tak tresnani. Kuwi sebabe aku ora nglebokake kowe langsung ana prajurit prejinemanku sing biasa ananging prejinemanku sing kinasih.” Kandane Balaputradewa karo ngaras bathuke Sriti. “Suk yen aku dadi Ratuning Mataram. Aku ora bakal ninggal kowe. Aku mesthi ndhadekake kowe ampeyanku lan tresnaku marang Pramodawardhani ora bakal luwih gedhe kaya tresnaku marang kowe.” Balaputradewa mbacutake guneme karo ngelus pundake Sriti. Sriti merem lan mbales ngrangkul bangkekane Pangeran Balaputradewa.


Lelumban ana ing panasing asmara kasetyane Sriti wis dipasrahake sang Balaputradewa, sak engga urip mati bakal dilakoni anggere sang pepujaning ati entuk apa sing digadang. Sriti ora mikir dhawa dene kuwasa kuwi bisa ngalalake kabeh cara. Klebu andhon asmara, Sriti kaya wong kang dilela-lela bakal nyecep endahing rajabrana, kalenggahan lan asmara donya menawa apa sing dikarepake Sang Balaputradewa kelakon. Pangimpene sang Pangeran pepujan atine pada karo apa sing dikarepake. Sriti mesem marem dene yen mbesuke Gusti Ayu Pramodawardhani sida diwengku dening Pangeran Balaputradewa, mung bakal entuk sisane. Sisa anggone lelumban ing asmara. Urip pancen aneh, amarga wanita lan priya pada-pada duwe pangentha-entha. Sing priya kepengin nggayuh kuwasa sing wanita kepengin nguwasani asmara lan bandha donya sak engga wis ora nggagas nalar.


Sriti ora mikir menawa bisa wae yen kabeh wis kelakon tenan kaya sing dikarepake Pangeran Balaputradewa, banjur ngguwang tilas lan wiwit mbusak anda kang dienggo ancik-ancik. Kaya rancangane marang wong-wong wangsa Sanjaya. Sriti kuwi mung bageyan saka anda lan rancangane Pangeran Balaputradewa kang sak wanci-wanci bisa dibusak utawa diguwang.


Alon-alon Sriti nyingkirake tangane Pangeran Balaputradewa saka awake, banjur mbenakake pinjunge. Sang Pangeran katon mesem merga marem karo apa sing wis dilakoni wengi iki. Rupane sing bagus pancen bisa nglumuhake atine sok sapa wae ning ora ana sing bisa ngetung jerone rasane. Sriti ngaras lambene sang Pangeran alon lan banjur ngilang ana petenge wengi.



 

Mahesa Seta isih klisikan wengi kuwi. Embuh keneng apa atine ora jenjem. Wulung sajake wis turu nglempus amarga kesel sedina nyambut gawe.  Kira-kira tabuh loro, Mahesa Seta pindah ana ngarepan senthonge, karepe arep ngisis mbok menawa yen kena semiliring angin wengi mripate bisa merem. Durung nganti mak ler Wulung krungu swara jangkah sikil ana sak dhuwur wuwungan omah. Tanpa mikir dhawa, Mahesa Seta banjur tangi mak nyat mlayoni senthonge Mpu Panukuh sing wektu semana ora lagi nginep ana asram pawiyatane.  Apa kang dadi rasa was neng atine Mahesa Seta malih dadi kasunyatan, ana wong nyoba mlebu ngomah saka wuwungan  lan langsung tumuju ana ing senthonge Mpu Panukuh. Lola sing kaget langsung nyenthe ngetokake swara sing banter. Swarane Lola banter, marai Wulung uga tangi banjur ngranggeh pedange sing diselehake ana sak ngisor ambene. Duratmaka sing mlebu ngomah kaget amarga penyenthene Lola banjur nguncalake glathine persis ana gulune Lola, ming katangkis dening Mahesa Seta sak engga glathine ora ngenani Lola ning temancep ana cagak omah. Duratmaka sing ora nyana yen jebul Mahesa Seta ora turu kepeksa banjur nubruk Mahesa Seta lan wiwit adu kasantosan. Mahesa Seta arep dicandak lan dibanting ana lemah. Ananging Mahesa Seta luwih gesit. Dheweke nekuk awake lan nyandak bangkekane duratmaka kuwi. Duratmaka banjur dibanting ana njobin sero, durung nganti keselak tangi, tendangan sikile Mahesa Seta langsung nyasar uwange. Sak nalika Duratmaka langsung ambruk nemahi bantala. Mung jebul Duratmaka kuwi ora dhewe, ana wong papat sing ngetutake sak engge Wulung lan Mahesa Seta dikroyok loro-loro.


Wong-wong kuwi cukup prigel ulah gegaman lan ulah kanuragan. Mahesa Seta lan Wulung kudu ngati-ati banget. Wulung tetep waspada nguwasake  mungsuhe sing nggawa gadha cilik, karo saben-saben ngematake mungsuh liyane sing nggawa tumbak. Endi sing arep maju nerjang dheweke ndhisik. Nalika rumangsa entuk kalodhangan wong sing nggawa tumbak banjur maju sediane njojoh dhadhane Wulung, ananging tumbak dicekel kenceng lan disurungake mundur. Tumbak mau uga dadi pancatan tangane Wulung kanggo mubengake awake nyamplakake sikile ana raine wong sing nggawa gadha. Amarga ora lawar, sikile Wulung krasa semelet ana raine pawongan sing nggawa gadha banjur ambruk ora eling purwa duksina. Weruh kancane nglunthung wong sing nggawa tumbak adreng anggone ngupiya supaya tumbake bisa uwal saka cekelane Wulung. Ning durung nganti obah, sikute Wulung wis ngenani pipine wong kuwi nganti tiba krengkangan.  


Mahesa Seta uga duwe tandhang sing pada gesite karo Wulung. Semana uga bab kanuragan. Wong sing pada nyerang Mahesa Seta kaget geneya pedange ora pasah nalika ngenani gegere Mahesa Seta. Mahesa Seta mesem weruh mungsuhe kaget lan nggunakake kalodhangan kuwi kanggo jotos wetenge mungsuhe. Sing di jotos krengkangan lan nyoba mlayu. Nanging tangane Mahesa Seta luwih cepet nggaplok cengele sak engga kaya kanca-kancane banjur nglumpruk. 


Wulan, Manohara lan Mpu Panukuh uga kaget nalika krungu swara wong pada adu jotos lan metu saka senthonge dhewe-dhewe. Wulan sing kuwatir banget, mbasan weruh ana wong lima pating blesah ana tengah omah. “Kowe ora papa kakang ?” pitakone marang Wulung lan Mahesa Seta.  Wulung mung gedheg. Mahesa Seta banjur mriksa siji-siji wong kang wis bisa dikalahake kuwi. Ndaheba kagete Mahesa Seta nalika weruh salah sijining duratmaka jebul prejurit prejineman Mataram, katilik saka tattoo ana gulune arupa kembang cubung.  Sak nalika Wulung mandeng tajem mripate Wulan. Wulan nyedhaki alon-alon wong kuwi, Wulan uga kaget jebul prejurit kuwi prejineman kinasihe Pangeran Balputradewa katilik saka tattoo kecubunge kuwi rada mingkup lan ora megar. Tattoo kaya ngono mung di duweni dening prejurit kinasihe Pangeran Balaputradewa kaya Sriti, Nala, Wala lan wong iki sing ora patiya ditepungi Sriti. “Aku ora ngerti tenan bab iki, Kakang.” Kandane Wulan mandeng Wulung. Sing dipandeng mlengos banjur lunga. Atine Wulan kaya diiris merga jebul Wulung isih nyubriyani dheweke.


Mahesa Seta banjur ngepuk-puk pundake Wulan alon, tanda yen dheweke isih percaya Wulan. Semono uga Panukuh lan ibune, kang banjur ninggal papan kono nututi Wulung lan Mahesa Seta. Wulan sing katon isin, banjur nyengkerem gulune prejurit prejineman kuwi karo takon “Keneng apa Pangeran Balaputradewa uga kepengin nyirnakake Gusti Panukuh. Geneya saiki mbalik kaya ngene.” Prejurit kuwi banjur omong kanthi swara serak amarga gulune ditekak rada seru karo Wulan. “ Aku ora ngerti. Aku mung nglakoni apa kang dadi kuwajibanku marang gusti bendaraku. Semana uga kowe, Wulan. Kudune samangsa ana kalodhangan kowe kudu bisa mateni Gusti Panukuh.  Amarga embuh kuwi Panukuh utawa sinuwun Rakai Garung, pada-pada dadi pepalang kanggo Gusti Balaputrdewa nglenggahi dhampar kedaton Mataram. Apameneh saiki wong-wong Sanjaya uwis teluk ana sikile Gusti Balaputradewa, dadi Gusti Panukuh ora dibutuhake meneh.”wangsulane prejurit kuwi.


Wulan mangkel, nesu lan isin. Geneya mbiyen Sriti njanjeni dheweke yen kasil ngadohake Gusti Panukuh saka Mataram, Pangeran Balaputradewa ora bakal ngganggu gawe malah sesuke bakal diprajake lan diwenehi kalenggahan samangsa Pangeran Balaputradewa kasil nglembuk Rakai Garung supaya ngendhegake kupiyane merangi wong-wong wangsa Sanjaya. Saking mangkele Wulan ora kejarag  menawa anggone nekak prejurit kuwi keseron sak engga dadi lan tiwase.


Wulan ngadheg alon lan nututi Wulung lan liya-liyane. Wulan banjur timpuh lan manembah marang Gusti Ayu Manohara lan matur “Gusti Ayu lan Gusti Panukuh, nyuwun sih pangapunten dene bab menika kedah kedadosan kados mekaten. Jebul Pangeran Balputradewa mblenjani menapa ingkang dados sdyanipun. Kula nyuwun gunging pangaksami. Tebih-tebih kula ngupiya supados Gusti Panukuh mboten pun bujung-bujung malih ananging jebul Njeng Pangeran gadah rancangan sanes ingkang kula mboten ngertos.” “Ora ngerti? Apa ethok-ethok ora ngerti lank owe dadi bageyan rancangane Balaputradewa ?” Wulung takon kanthi swara kang ditahan jeru. Kanggone Wulan pitakonane  Wulung kuwi landhep kaya glathi sing langsung nembus ana pulung atine. Wulan banjur nyekel sikile Mahesa Seta tanpa ngadheg saka anggone timpuh. “Kakang, tak jaluk gawemu sepisan iki meneh wae. Esuk iki sak durunge srengenge njedhul, gawanen Gusti Panukuh lan Gusti Manohar lunga adoh saka Bengala,awit sak ngertiku Prabu Dharmapala kuwi duwe sesambungan sing rapet banget karo Gusti Balaputradewa sak engga prejinemane bisa mlebu tekan kene lan nggunakake wong-wong Bengal kanggo ngarah cilakane Gusti Panukuh lan Gusti Manohara.” Kandane.  Wulan banjur njabut glathine lan banjur nyuwek kulite lengene sing ana gambar kecubung megare. Banjur ngiris keteg ana tangane karo matur “Penjenengane nampi kasetyan kula, Gusti Panukuh. Gesang kula pasrahaken penjenengan.  Ananging rah ingkang tumetes dinten menika dados seksi bilih kula kawula paduka, tiyang Sanjaya kang setya lan mboten badhe selak utawi tumindak khianat dateng penjenengan Gusti.” Getih nyembur saka tangane Wulan. 


Gusti Ayu Manohara njerit lan ngrangkul Wulan sing wiwit sempoyongan amarga getih sing mancer akeh banget. Lola uga melu jerit-jerit. Panukuh kang cepet tanggap banjur nampani awake Wulan kang limbung karo ngranggeh selendange ibune. Panukuh nggubetake slendang kuwi ana tangane Wulan lan ngendhegake iline getih sing metu saka tatune Wulan. Gusti Ayu Manohara uga melu iwut nulungi Wulan. Semana uga Mahesa Seta. Panukuh kang wis saya dewasa ngerti kahanan bakal banjur omong kanthi teteg supaya abdi-abdine ora cubriya siji lan liyane. “Bibi, aku lan kanjeng ibu percaya yen bibi ora bakal duwe niyat ala nylakakake aku karo ibu. Dadi aja kaya ngene meneh. Apa kang dadi aturmu bener. Mula aku karo paman Mahesa Seta bakal golek sapi lan grobak kanggo ngusung barang-barange awake dhewe sing perlu-perlu wae. Paman Wulung ana kene mberesake wong-wong Bengal sing mlebu ngomah mau bengi lan njaga bibi Wulan uga kanjeng ibu. Wis iki kudu cekat-ceket. Awake dhewe ketemu ana alas pinggir kutha.” Kandane Panukuh. “Nanging Gusti …..” Wulung isih nyoba arep mbanggel ananging Panukuh omong maneh “Wis diputuske Paman. Ora ana wektu meneh.” Wulung jane mangkel ananging merga wis diputusake dheweke kepeksa manut. Wulung banjur mlebu ngomah karo nggendhong Wulan sing semaput amarga kelangan getih sing akeh lannurokake ana amben sawetara. Sak wise kuwi Wulung mbanda wong-wong Bengal sing isih urip ning tatu-tatu ana cagak omah. Cangkeme pada disumpeli supaya ora gawe swara sing marai tangga teparo banjur alok utawa teka. 


Gusti Ayu Manohara uga age-age nata lan ngukuti barang-barang sing bisa digawa, semono uga Wulung. Sak wise kukut-kukut  lan mbuntel apa sing kudu digawa, Wulung bali nggendhong Wulan sing wis eling ning isih lemes. Wulung ethok-ethok emoh nyawang raine Wulan sing pucet senadyanta ati cilike nyawara beda. Olehe mlaku digawe rikat ngoyak srengenge supaya anggone pada lolos ora kawistara. 


Ana alas pinggiring kutha Panukuh lan Mahesa Seta wis nunggu nganggo gerobak cilik sing ditarik jaran loro lan ana jaran loro maneh sing wis dibanda sak cedake gerobak . Wulung banjur ngunggahake Wulan kanthi ngati-ati ana gerobak. Panukuh uga ngewangi ibune munggah ana gerobak. Mahesa Seta sing ngendaleni gerobak, sawetara Wulung lan Panukuh nunggang jaran dhewe-dhewe . Kuwi diangkah supaya lakune bisa cepet lan bisa metu saka Negara Bengala. Ming Wulung lan Mahesa Seta bingung arep lunga menyang ngendi ngelingi Prabu Dharmpala kuwi duwe  jajahan  akeh sak engga menawa mlayu neng Negara-negara kuwi tetep durung bisa lolos saka pangoyake Prabu Dharmpala mengkone. Wulan banjur omong lirih “Ayo lunga menyang Gujara Pratihara. Kuwi Negara mungsuhe Bengala. Dadi awake dhewe bisa lolos sawetara.” “Gujara Pratihara? Wah kuwi adoh ana sisih kulon.” Kandane Mahesa Seta. Wulan manthuk.


Srengenge esuk nguntabake rombongan cilik kuwi mengulon. Nalika para prejurite Prabu Dharmapala arep ngrangket Panukuh sak rombongane wis lunga adoh lan ora ana sing ngerti ana ngendi parane. Ana sing ngarani mengidul merga nyoba mulih ana Yawadwipa kanthi ngliwati teluk Bengali ananging ana uga sing kanda yen Panukuh mlayu tumuju Pataliputra. Semaune Prabu Dharmapala nyoba nyebar prejurite kanggo ngoyak Panukuh merga pekewuh karo Balaputradewa, ananging mbasan dielike karo Wiku Radanadara yen Panukuh kuwi ora mbebayani tumraping Negara Bengala lan uga ora marakake Negara entuk kebecikan merga mateni wong neneka, Prabu Dharmapala banjur ngendhegake prejurite anggone mbujung Panukuh.


Ana Gujara Pratihara, Panukuh kaya nemu omah kang diimpekake amarga ana Negara kuwi kawulane meh kabeh ngrasuk kapitayan sing pada karo Panukuh sak engga Panukuh duwe kalodangan nyinau agamane dhewe kanthi tenanan sak wise bisa nyinau agama Budha sak durunge ana Bengala. Panukuh nemokake buku-buku sing dadi karyane empu-empu Agung kaya Walmiki lan Wiyasa. Panukuh nyinau tenanan epos-epos gedhe kaya Ramayana, Mahabharata, Kresnayana uga Bharatayudha lan Bhagawadgita . Panukuh dadi ngerti maneka werna piwulang saka empu-empu gedhe lan sing paling disenengi kabeh crita sing nggambarake panjalmane Dewa Wisnu.


Panukuh lan sakehing wong Yawadwipa turun Sanjaya umume ngrasuk agama Hindu kanthi kapitayan marang Bathara Siwa utawa Mahadewa. Ananging ana ing Gujara Pratihara akeh kapitayan-kapitayan sing manembah lan memuji Dewa Wisnu lan Dewa Brahma sak engga kaaranan negarane para Trimurti. Cara ngurmati para Dewa ana Negara iki uga beda ora kaya ana tanah Yawadwipa. Ana Negara kuwi, lingga Siwa diurmati kanthi ngesok susu ana sak dhuwure lingga kuwi mau. Kamangka yen ana Yawadwipa mung cukup disiram banyu kembang. Bab kuwi kang mengkone bakal nuntun Panukuh mbangun candi Hindu gedhe ana lemah Taji wewengkon Kewu.


Panukuh seneng nyinau apa wae kang ana gegayutane karo dewa Wisnu ya amarga Dewa Wisnu wis kaanggep  Dewa sing ngopeni jagad sak isine. Utamaning ana cerita Ramayana, cerita kuwi ngandhut maneka werna piwulang supaya manungsa njaga lestarining Bhumi kanthi sesambungan karo maneka satwa, maneka tetuwuhan, gunung, kali, angin lan segara. Ana kono Panukuh uga nemu akeh banget candi-candi sing edum lan asri amarga dikupengi wit-witan lan sato kewan. Utamane kidang, kethek lan sosok ula sendok sing gedhe. Kabeh sato kewan kuwi katone ora galak lan ora tau diganggu dening menungsa sing niyat arep sembahyang, malah kepara dipakani barang. Ana ing kono Panukuh weruh gambarane swarga sing sak tenane. Kidang sing nyedhak karo uwong dadi tontonan kang nengesemake. Yen Panukuh lagi manekung karo Hyang akarya jagad, sok-sok kidang-kidang kuwi pada nyedhak, ngambungi awake Panukuh. Semana uga kethek-kethek kuwi wis kaya dadi kanca amarga saben lunga ana candi  Panukuh mesthi nggawa Lola sing saiki wis dadi kathek gedhe, nganti sawijining dina Lola banjur nemu kethek wadon kang bisa dadi pacangane. Panukuh seneng banget lan kaya ngeculake anak sing wis nemu jodhone, Panukuh ngrilakake Lola banjur urip bebarengan karo kumpulan kethek ana candi kono.


Panukuh rumangsa dosane, mateni simboke Lola wis ketebus amarga pungkasaning cerita Panukuh kasil nemokake omah kanggo Lola lan uga bisa menehi keluwarga anyar kanggone. Lola banjur ora susah lan nglangut meneh. Panukuh mung duwe pengarep-arep siji, mindahake Surga sing kaya digambarake ana taman Kumbhini lan ana candi iki neng Yawadwipa.


Sawetara kuwi tatu sing dialami Wulan mbaka sithik wiwit mari amarga gematine Gusti ayu Manohara kang amben ndina ngrumat lan ngresiki tatu kuwi. Gusti Ayu Manohara nambani Wulan nganggo deplokan godhong Sanjiawan kang akeh ditemokake ana cedhak omah sewan sing dienggoni Panukuh sak rombongan. Godhong Sanjiawan (Sanjiwani) kuwi kasunyatan ora mung cepet bisa kanggo marekake tatu njaba nanging uga isa  kanggo jamu yen lagi ora kepenak awake. Persis kaya sing diceritakake ana dongeneg Ramayana kae dene godhong kuwi migunani lan bisa nambani saweneh penyakit. 


Wulan banjur rumangsa getun gene dheweke percaya karo Pangeran Balaputradewa lan Sriti sak kanca. Wiwit dina kuwi lan candhake, Wulan janji marang awake pribadhi bakal setya lan bela pati marang Panukuh sak keluwargane. Wulan uga seneng sak wise kedadeyan ana Paharpur, Wulung sing maune ora nggape menawa dijak omong lan malah nglungani yen dijak sapa aruh, saiki wis wiwit gelem ngaruhke. Pancen isih rada kaku amarga Wulung dhewe isih wedi ketaton yen kapercayan sing diwenehake bakal diblenjani utawa dikhianati maneh.





Awan kuwi atine Balaputradewa kecut merga Rakai Garung jebul ora nyarujuki sesambungane karo Pramodawardhani , lamarane uga ditolak kanthi alesan umure kadohan lan isih kapernah sedulur cedhak. Pramodawardhani dhewe ora tau nglanggati tresnane pamane lan milih dadi wiku yen dipeksa kudu dhaup karo Balaputradewa. Bab iki sak jane wis cukup kanggone Balaputradewa  ngerigake prejurite lan nyoba ngendih panguwaos dalem rakai garung. Ananging rancangane mateni Panukuh jebul uga gagal lan malah bocor nganti keprungu wangsa Sanjaya sing ana kono. Sak engga wangsa Sanjaya sing maune niyat gelem manut marang Balaputradewa banjur mbalik mungsuhi, sak engga malah dudu karo prejurite Rakai Garung para kawula wangsa Sanjaya kuwi anggone sengit lan kepengin ngedhag perang, ananging malah karo Balaputradewa.


Rakai Garung dhewe sak plok ngunduri sepuh wis ora patiya galak anggone ngoyak-oyak wangsa Sanjaya, kepara pandongane muga turune Sanjaya sing mbiyen dioyak-oyak kae ora mati ning mung ndhelik . Owah-owahan iki ora teka dhewe ananging awit pambujuke wiku Wirathu kang banget kepengin ngrukunake lan nyewijikake wangsa-wangsa gedhe kuwi supaya bisa dadi bangsa sing gedhe. Semana uga Pramodawardhani sing saiki wis ngancik dewasa lan wiwit nyinau tataning praja lan Negara. Pramodawardhani duwe penemu yen ramane ora mung ngoyak-oyak wong-wong Sanjaya, malah bisa ngrangkul, bakale wong-wong Sanjaya mesthi atut lan manut. Ananging menawa dioyak-oyak wae negarane ora bisa tau tentrem.  


Bab dene Pramodawardhani gelem nyinau tata cara lan adhege praja uga marai Balaputradewa mangkel. Merga kuwi nambah angele kalodhangan kanggo kuwasa. Balaputradewa krasa kaya kejepit lan ora isa ambegan ludhang. Kahanan kuwi pancen sengaja digawe Rakai Garung supaya, Pangeran Balaputradewa ora kakehan polah lan tumindake bisa dikendaleni lan diawasi. 


Sawijining sore Rakai Garung ngersakake tindak ana Kraton kulon panggonane Pangeran Balaputradewa kanggo nakokake bab kemajuane Bhumi Sambhara. Ananging wangsulane isih tetep pada. Maneka werna alesan kewetu saka tutuge Pangeran Balaputradewa kanthi rasa kang kurang ana tanggung jawabe. Rakai Garung duka lan banjur gawe putusan sing nambahi atine  Pangeran Balaputradewa goreh lan susah. Rakai Garung ngendika dene wiwit dina iki lan sak teruse anggone dadi pimpinan proyek pembangunan dipercayakake marang Pramodawardhani. Pangeran Balaputradewa dilereni anggone dadi pimpinan pembangunan ananging di utus ngresiki wewengkon Kewu supaya bisa dibangun mbesuke. Ananging Pangeran Balaputradewa ora kena nggaw aprejurit luwih saka telung puluh amarga Rakai-Rakai sing nyekel Watak(Kecamatan) wis mesthi bakal gelem mbiyantu. Balaputradewa  uga diwenehi ukuman amarga nglirwake kewajiban kanthi meditasi ana candi Tara ing Kelasa. Balaputradewa ngaturake sendika senadyan atine sengkel banget. 


Pramodawardhani sing banjur kejibah nguwasani lan ngawasi proyek bhumi Sambhara banjur madik-madik pawongan kang tenanan ngerti bab Vastusastra sak engga bangunan kuwi lek ndhang ngadheg.  Pramoda banjur nganakake swayembara nggambar rancangan candi Borobudur tanpa nyimpang saka pakem sing digawe Mpu Gunadharma ananging  uga bisa ngowahi bab kang marai ngrendheti pembangunan. Swayembara kuwi dikabarake nganti tekan manca Negara lan akeh cilpin-cilpin saka Negara ngendi-endi pada ngirimake gambare. Ing pangangkah bisa entuk bebungah sing gedhe kaya sing dijanjekake karo Pramodawardhani. 


Swayembara kuwi uga keprungu nganti tekan Gujara Pratihara lan kuwi marai Mpu Panukuh banjur kepengin bali ana Yawadwipa. Mpu Panukuh kepengin nuduhake kabisane ana bab pembangunan candi sing wis disinau sak suwene iki. Pepenginan kuwi mesthi wae ora disarujuki dening Wulan lan Wulung sing banget sumelang bab keslametane Mpu Panukuh ananging, Mahesa Seta lan Dyah Ayu Manohara nyokong kekarepane Panukuh amarga kepiyea Wae Panukuh ora bisa sak lawase urip ana Gujara Pratihara senadyanta ana kuthawara Ujjain sing wis klebu rame lan makmur kuwi, Panukuh wis bisa entuk gaweyan kang mirunggan lan pinercaya nayaka praja kono kanggo mandori proyek-proyek gedhe mbangun candi ing sak cedhak kutha kono. Sak wise pada rembugan kanthi permati, minggu candhake Panukuh lan rombongane banjur niyatake bali ana Yawadwipa nunggang prau saka Gujara Pratihara. Lakune Prau jebul luwih suwe tinimbang menawa liwat Bengala amarga dalane mubeng luwih adoh. Butuh setahun lelayaran nganti bisa tekan Yawadwipa. 


Sak suwene ana prau kuwi Panukuh akeh nggawe gambar rancangan candi ana Bhumi Sambhara kuwi kanthi adedasar apa kang dieling nalika isih rada cilik dheweke nlusup ana Bhumi Sambhara kuwi. Sak liyane saka cathetan-cathetan kang tahu digawa para cilpin ana Negara Bengala sing maune diundang kanggo ngewangi pembangunan Bhumi Sambhara Budura, ananging amarga saking suwene pembangunan banjur ora krasan njur mulih. Cathetan-cathetan kuwi kasimpen ana pawiyatane, nalika Panukuh ngangsu kawruh ana Bengala. 


Genep setahun nalika Praune Panukuh ndharat ana Yawadwipa. Ora akeh sing owah sakploke ditinggal dening Panukuh jaman semana. Sing ngalami owah-owahan akeh malah Panukuh dhewe sing saiki wis dadi nom-noman sing dewasa lan prigel ing samubarang. Awake saya gagah, gedhe dhuwur pideksa, praupane tambah bagus lan mateng. Irunge sing mbangir ora ndhelikake rupa priyayi saka turun Sanjaya kang uga pancen bagus-bagus lan endah ing rupa. Lambene sing tipis kanthi werna abang woh jambu katon pas karo werna kulit pasuryane sing putih resik. 


Panukuh medhun saka prau bareng karo para cilpin liyane saka Gujara kang uga adreng kepengin melu swayembara kang diadani dening Putri Mahamentri I Hino, Rakyan Dyah Ayu Pramodawardhani.   Dadi genep meh sewindu anggone Panukuh ninggalake tanah Jawa. Saiki umure Panukuh kira-kira 23 tahun lan wis katon samapta ing samubarange. Semana uga para abdi kinasihe kang uga saya prigel ing bab ulah apa wae amarga ana ing Manca kepethukan maneka werna perkara lan uga maneka werna pacoban kang nggawe rombongan kuwi saya kuwat lahir lan batine. 


Ora ana sing cubriya marang tekane Panukuh sak rombongan, ananging kanggo ngawekani bab-bab kang ora dikarepake. Panukuh mecah rombongan dadi loro. Panukuh lan Mahesa Seta bakal tumuju  Kuthanegara Mataram ana Medang, sawetara kuwi Gusti Dyah Ayu Manohara, Wulung lan Wulan malah banjur dhisiki laku tumuju  Watak sak cedhak Bhumi Sambhara kareben ora ngawistarani yen rombongan kuwi mbiyen playon saka Mataram. Panukuh lan Mahesa Seta banjur nyewa omah neng sak cedhak kraton supaya gampang anggone melu swayembara sing jebul nganti saiki isih dibukak amarga durung ana cilpin kang dianggep mumpuni bab Vastusastra kaya sing dikarepake Putri Pramodawardhani.


Panukuh bebarengan karo para cilpin saka mancanegara liyane banjur ngleboni swayembara kanthi cara numpuk gambar rancangan candi kang bisa ditrepake ana Bhumi Sambhara Budura.   Akeh sing gagal bisa katampa gambare apameneh nganti kepilih dadi cilpin ageng sing mandhegani pembangunane Bhumi Sambhara. Olehe pada gagal kuwi lantaran durung tau babar blas ngerteni piye ta kahanane lemah Kamulan kang lagi dibanguni candi kuwi. Apa kang digambar mung adedasar gambar-gambar sing digawa para cilpin sing mulih saka mburuh ana Sambhara Budura sak engga ora duwe bayangan kang gumathok. Beda karo Panukuh kang nalika jaman cilikane duwe gambaran gumathok kepiye kahanane Bhumi Sambhara Budura kuwi.


Punukuh adreng alan yakin menawa rancangane bisa ditampa kanthi becik. Ananging ewa semana Panukuh ora kendhat anggone nyenyuwun marang Gusti ingkang akarya jagad supaya apa kang digadhang malih dadi kasunyatan. Gambar-gambare Panukuh banjur ditumpuk lan dipriksa kanthi permati nganti bisa katampa. Lan ana tataran sing sepisanan gambare Panukuh lulus lan bisa melu ana ing tataran sak banjure.

Tataran sak banjure ora mung para cilpin sing pengalaman kang mbiji rancangan-rancangan kuwi ananging uga para Pamgat, para wiku lan Mahamentri I Hino dhewe Putri Pramodawardhani. Para wiku, pamgat lan Pramodawardhani banget ngungun nalika weruh gambar rancangane Panukuh kang komplit, ngremit lan trep karo kahanane Bhumi Sambhara. Rancangan kuwi uga trep lan pas kaya sing digambarake Mpu Gunadharma sak durunge sak engga Mahamentri I Hino banjur nemtokake dene Panukuh kang bakal kaangkat dadi cilpin ageng kanggo ngayahi kuwajiban pembangunan ing Bhumi Kamulan Sambhara Budura. 


Panukuh kang wektu semana nunggu ana omah sewane, banget gumbira lan mongkog atine nalika ana Pamgat, Wiku lan cilpin saka kraton Medang kang ngabarake bab rancangane Panukuh kang kepilih kanggo mbacutake Pembangunane Bhumi Sambhara Budura kuwi. Pamgat, Wiku lan cilpin kuwi menehi kekancingan supaya Panukuh gya ngayahi tugas anyare dadi cilpin ageng ana Bhumi Sambhara Budhura. Ananging sak durunge mangkat ana Bhumi Sambhara, Panukuh kudu ngadhep Rakai Garung sing saiki wis mawa gelar Sang Sri Maharaja Samarattungga. Bab kuwi methi wae gawe atine Panukuh deg-degan, amarga priyayi kuwi sing sak suwene iki ngoyak-oyak dheweke lan ibune sarta ngarah patine. Ananging merga Panukuh duwe  pepenginan lan gegayuhan kang luwih gedhe. Rasa wedine disingkirke adoh, apameneh wis wolung tahun keliwat, Panukuh yakin yen Sang Maharaja Samarattungga wis nganggep dheweke mati.


Sore kuwi sak durunge ngadhep Sang Maharaja Samarattungga, Panukuh adus banyu kembang kang dicampur lenga wangi saka Gujara supaya pantes sowan ana ngarsane Ratu agung binethara. Rambute sing dhawa digelung mendhuwur banjur ditaleni lan diwenehi kelat kang digawe saka emas. Ambune lenga cendana lan wangi-wanginan saka Gujara kuwi ora ngawistarani yen Panukuh kuwi sejatine wong Jawa tulen. Apa meneh Panukuh nganggo kathok tanggung sak dengkul saka sutra china sing dituku nalika ana Gujara, kabebet jarit bathik Kalayuga gaweyane ibune lan kamus timang kang uga diwenehi canthelan saka emas. Kelat bahu kang uga seka emas ngatonake yen Panukuh dudu cilpin biyasa ananging cilpin kang pancen weton saka pawiyatan gedhe. Nalika kabeh wis rampung Panukuh nunggu ana pethukan tandu saka kraton kang methuk.  Lan pancen ora let suwe tandune Panukuh tekan. 


Panukuh ditandu tumuju kraton. Saka kadohan Mahesa Seta ngetutake kanggo jaga-jaga bab keslametane Gustine. Tandu kuwi ngubengi dalan ana kutha Medang kang wiwit padang amarga oncor lan lampu-lampu dalan wiwit diurubake. Alun-alun gedhe sing diliwati uga dipadhangi oncor sak engga kahanan kutha Negara katon endah. Ana siji loro wong kang dedangan wedang kaya jahe, serbat lan uga tuwak. Lan ana uga kang dedagangan panganan kaya lemper, daging kicik, uga janganan kanggo njagani wong sing kepengin mangan ananging ora duwe lawuh, utawa kanggo ngedoli wong-wong saka liya wewengkon lan mancanegara sing butuh memangan.  


Sak suwene iki, Panukuh durung tau ngidak lemah Medang.  Ya lagi bengi kuwi kelakon midak lemah Medang. Mugakna Panukuh ngungun banget. Jebul sing jenenge Kutha Negara ana Mataram kuwi jebul ya ora kalah yen dipandingake kutha-kutha ana wewengkon manca Negara. Sing cetha kuthane luwi resik, luwih asri lan luwih temata. Tekan Kraton, Panukuh nunggu ana njaban Sitihinggil nganti ditimbali. Sajake pancen iki pasewakan gedhe lan dibacutake kembul bujana. Panukuh banjur ditimbali mlebu. Panukuh njangkah ana njeron Kraton kang endah kuwi. Bangunane digawe saka bata abang lan kayu-kayu tuwa sing diukir ngremit banget. Panukuh duwe rasa gumun amarga weruh endahing kraton Mataram sing jebul ora kalah saka kraton-kraton manca sing wis tau diweruhi saka njaba.


Sak wise dikeparengake ngadhep, Panukuh banjur linggih sila kaya adat sabene kawula yen ngadhep ratu gustine mesthi uga sila. Sak banjure ngaturake sembah pangabekti. Samarattungga seneng dene jebul wong sing menang swayembara ngerti tatatnan lan unggah-ungguh ana ing tanah Jawa. Ana ngarepane Samarattungga Panukuh ngaku yen wong Jawa kang lahir lan gedhe ana Gujara Pratihara. Bapakne nyinau ngelmu Vastusastra semana uga dheweke. Ora ana tanda yen Samarattungga cubriya bab jati dirine Panukuh. Samarattungga banjur ndangu Panukuh,  “Mpu, amarga kowe sing menang ana swayembara iki aku kepengin takon bab kang banget penting. Apa kowe saguh ngrampungake Bhumi Sambhara Budura ? Bab kuwi tak takokake amarga Bhumi Sambhara Budura kuwi wis dibangun meh satus tahun anangaing durung ngadheg kanthi sampurna. Kepiye Mpu Panukuh apa kowe saguh?” Pandangune Sang Samarattungga. Panukuh nyembah. “Nyuwun sih pangapunten dalem bilih atur kula menika mangke mboten dados renaning manah paduka.  Kula sagah ngrampungaken Bhumi Sambhara ananging mawi sarat, Sinuwun.” Ature Panukuh. Sak nalika pasewakan geger. Kabeh mentri, Pangeran lan Pamgat nesu dene ana wong kasta Sudra kumawani ngekeki sarat karo Ratu Gustine. “Sarat?” Pitakone Samarattungga sero lan sak nalika swara-swara liyane banjur meneng. “Leres, sinuwun.” Ature Panukuh karo manembah. “Banjur apa sarate, apa kowe njlauk bebana kang gedhe rupa mas picis rajabrana lan yen sarat kuwi tak saguhi, kowe bisa ngrampungake pirang tahun Panukuh ?” pitakone Samarattungga meneh. Panukuh nyembah.” Bab bebana kula sumanggakaken wonten arsa paduka, sinuwun. Kula naming nyuwun panguwaos ingkang mirunggan wontening Bhumi Sambhara lan kula pun sukani wewenang kangge nguwaosi para cilpin kanthi angger-angger ingkang kula temtokaken. Bab menika kula suwun amargi kangge ngrampungaken Bhumi Sambhara ingkang semanten agengipun mbetahaken greget lan kekajengan ingkang ageng. Menawi para cilpin mboten ngayahi kuwajiban kanthi tekad lan niyat ingkang kiyat, kula kinten mboten badhe Bhumi Sambhara menika dados, sinuwun.” Kandane Panukuh karo nyembah.  


Mahamentri I Halu sing semaune mung meneng wae wiwit kebrongot kanepsone, apamaneh Balaputradewa pancen ora kepengin Bhumi Sambhara dadi samangsane kadange tuwa kang nyekel panguwasa. Balaputradewa uga isih serik atine dene dheweke dicopot anggone mandhegani pembangunan amarga ora rampung-rampung. “Heh, Mpu Panukuh. Kowe  ngerti dene Mpu Gunadharma sing duwe pengalaman puluhan tahun wae ora bisa ngrampungake Bhumi Sambhara kanthi wektu sedhela. Kowe cah wingi sore keladuk wani marang nalendra. Gek kabisanmu kuwi apa?Paling banter rong tahun kowe wis kukut lan jeleh anggonmu dadi Cilpin Ageng.” Kandane Balaputradewa. Samarattungga nglirik adhine kuwi kanthi pandengan kang ora semanak. Balaputradewa banjur nyembah karo matur. “Lepat nyuwun sih pangapunten dalem. Cobi Penjenengan Dalem pirsani, cilpin menika taksih enem. Mboten gadah pengalaman ingkang kathah, lha wong pupuk bawangipun mawon dereng ical.”  Samarattungga banjur ndangu Panukuh “ Ngger, aku saiki tak takon maneh. Menawa aku nampa saratmu kuwi. Pirang tahun anggonmu saguh ngrampungake Bhumi Sambhara, amarga aku kepengin nyekseni rampunge candi kuwi samangsane aku isih urip lan bisa weruh kepiye dadine candi kuwi.” Panukuh nyembah. Sak jane atine mangkel karo apa sing diomongke dening  Balaputradewa ananging atine madhep mantep lan yakin bisa ngrampungake kanthi carane. “Nyuwun sih pangapunten dalem sinuwun. Kula sagah ngrampungaken kirang saking sedasa warsa. Menawi ing tahun ingkang kasadasa, jangga kula ingkang dados tanggelanipun, sinuwun.” Kandane karo nyembah. Samarattungga mesem. “Bagus. Aku sarujuk karo saratmu. Tak tunggu sepuluh tahun engkas. Lan aku saguh mbayar kowe 30 kepeng mas saben sasine. Ning nek kowe nganti gagal, gulumu tanggungane.” Ngendhikane Samarattungga.  Panukuh manthuk  lan atur sendika banjur nyembah.


Wengi kuwi Samarattungga sasat mestakake cilpin ageng pinilih nganggo maneka werna suguhan kang dadi mangsakane Kraton Mataram, ananging amarga Samarattungga kuwi raja kang ngrasuk agama Budha, ora ana siji wae suguhan kang mawa daging kewan. Awit semana panganan sing disuguhake tetep wae krasa beda lan ora nguciwani kanggone ilat sing kulinane mangan panganan ndesa utawa panganan alas kaya Panukuh. Urip prihatin meh sepuluh tahun iki wis akeh mulangake marang Panukuh kepiye kudu tumindak semestine marang kanugrahan sing ditampa saka Sang Hyang Widhi.


Sak wise pesta bujana lan nampa serat kekancingan bab kalungguhane dadi cilpin ageng, Panukuh diparengake bali ana ngomahe lan uga wis disangoni kanthi bebungah 150 kepeng mas kanggo rancangane sing wis bisa menang ana swayembara. 150 kepeng mas kuwi dudu dhuwit sing sithik kala kuwi amarga kena kanggo tuku lemah sing ambane sak wanua (saiki kira-kira 5-7 dusun). Panukuh ndredeg, awit sak umur uripe durung tau nyekel dhuwit sak mono akehe. Mugakna nalika mulih ana omah sewane, Panukuh tetep diparengake nganggo tandhu lan diterake sadengah prajurit lan nayaka.


Tekan ngomah Mahesa Seta wis nunggu kanthi ati sing tab-taban amarga wedi yen Panukuh ngalami kedadeyan kang ora nyenengake, utawa kewiyak jati dirine. Ananging atine lega mbasan Panukuh bali kanthi sehat lan slamet. Panukuh banjur ngrangkul Mahesa Seta kadya karo kadange sinarawedi.  Mahesa Seta ora krasa netesake eluh. Urip ketula-tula lan kecingkrangan ana paran saiki jebul mentes lan bisa ngasilake kamulyan. Mahesa Seta melu ndedonga moga sing digadhang lan dadi pengarep-arepe Panukuh bisa kelakon sak engga wangsa Sanjaya ora dadi wong kang dioyak-oyak maneh lan bali isa ngrasakake urip tentrem lan makmur kaya maune. 


Wengi kuwi, Panukuh lingguh ana sak ngarepe Mahesa Seta lan arep menehake bebungahe sadengah kanggo abdine sing setya kuwi. Ananging sak durunge Panukuh njaluk Mahesa Seta kanggo nutup lawang supaya ora ngegla anggone mbagi bebungah. Mahesa Seta banjur menyat lan nutup lawang. Matane sing awas ngerti menawa jebul ana telik sandhi kang ngetutake lakune Panukuh. Mahesa Seta ngunjal ambegan. Jebul pancen ora gampang dadi wong kang karep apik lan bribik-bribik arep urip mulya. Mahesa Seta bali lingguh ana sak ngarepe Panukuh tanpa omong apa-apa amarga wedi yen omongane bakal ngrusak kabgyan kang lagi dirasakake gustine sing bagus kuwi. “Paman Mahesa, atiku mongkog dene Sinuwun Samarattungga percaya yen aku bisa ngrampungake pembangunane Bhumi Sambhara. Lan Sinuwun uga paring bebungah 150 kepeng mas kanggo rancanganku.” Kandane Panukuh kanthi rasa sumringah lan gumbira. Mahesa Seta kaget dene bebungah sing ditampa akeh banget, ananging uga sumelang amarga ngerti tembe mburine ora bakal gampang kaya apa sing dirasakake wengi iki. “Lha iki ngene, Paman. Gandheng olehku menang swayembara kuwi uga awit pambiyantune Paman Mahesa, Paman Wulung lan bibi Wulan. Dhuwit sing 100 kepeng iki tak pasrahake Paman Mahesa, manga barang anggone ngedum karo Paman Wulung lan Bibi Wulan. Aja lali uga golekana Paman Kumbayoni, Kakang Mudra lan bibi Sekar.  Dadi kabeh kang melu lara lapa uga bisa ngrasakake apa sing dadi kabgyanku saiki. Aku mung njikuk 50 kepeng tak nggo sangu ana Bhumi Sambhara mengkone lan kanggo nyenengake Kanjeng Ibu sing seprana-seprene kedarang-darang ngetutake lakuku, Paman.” Kandane Panukuh. Mahesa Seta sak kal ndheprok ana ngarepane Panukuh. Eluhe netes deres “Gusti, menapa ingkang kula lampahi kaliyan penjenengan menika kanugrahan ageng kangge kula. Njagi turunipun wangsa Sanjaya menika tanggel jawab ingkang ageng, ugi berkah ingkang mboten saben tiyang pikantuk. Sampun lajeng penjenengan lintoni menika ngangge banda donya, Gusti. Awit kula ngabdi dateng ingkang rama swargi lan penjenengan sak menika sanes pados raja brana. Semanten ugi Wulung, Wulan lan sedaya kanca ingkang nate nunggal papa ngulandara.” Ature karo nyembah sikile Panukuh. Panukuh ngrangkul Mahesa Seta lan narik awake supaya ora sujud ana ngarepe. “Aja kaya ngene, paman. Aku ngerti apa sing ana batinmu lan Paman Wulung sak kanca. Aku uga ora karep kok mbayar apa sing wis mbok lakoni kanggo awakku Paman. Menawa kuwi sing tak lakoni, sasat aku duwe dhuwit sak jagad, ora bakal bisa nggenteni labuh labetmu marang aku, rama swargi lan kanjeng ibu. Aku mung kepengin ngedum bebungah, kaya yen Paman Mahesa mbiyen nukokake aku manisan saben bubar entuk bayar nalika isih dadi tukang pande ana Bengala utawa Paman Wulung nukokake rasgulas saben bar nampa dhuwit anggone dodol ukiran kayu. Dadi aja mbok anggep iki tukon bahumu, paman. Aja, paman.”kandane Panukuh. Mahesa Seta bali ngrangkul Panukuh alon.


Kekarone banjur pada bali lingguh. Panukuh menehake dhuwite marang Mahesa Seta lan wiwit ngrembug bab kepiye arep nglakoni pembangunane Bhumi Sambhara Budura. Panukuh lan Mahesa Seta ngerti tenan dene pegaweyan iki ora gampang lan mawa bebaya, awit para cilpin kang saiki wis nyekel panguwasa lan wewenang mesthi ora gampang diatur. Kuwi kenengapa Panukuh nyuwun serat kekancingan kanggo ngukuhake panguwasaning pembangunan tumrap para cilpin liyane sing ora bisa diatur lan sak kepenake dhewe.  Mahesa Seta uga ngelingake Panukuh dene pasokan watu, kayu lan kabeh matrial sing dibutuhake uga kudu dijaga kanthi permati. 


Kuwi sebabe Panukuh njaluk supaya panggonan-panggonan pasokan watu lan kayu dijaga kanthi permati. Mahesa Seta nyaguhi lan bakal nglumpukake kabeh kawula Sanjaya sing wis suwe ora ketok. Sekar lan Mudra bakal kejibah ngladeni lan njaga Gusti Ayu Manohara, sawetara Wulan, Wulung lan Kumbhayoni bakal sesingidan ngawasi pasokan watu ana wewengkon Elo, Krasak lan Progo. Mahesa Seta dhewe bakal ngewangi Panukuh ana panggonan pembangunan. Kabeh wis dirancang lan saben wong wis entuk bageyane dhewe-dhewe. Mahesa Seta anggone bakal nglumpukake wong-wonge uga kudu ngati-ati amarga Mahesa Seta dhewe ngerti yen saben jangkahe Gustine diawasi.

 



Mpu Panukuh uwis nyekel panguwasa kanggo mandhegani rampunge Bhumi Sambhara. Lan apa kang di suwun Panukuh bab kuwasa kanggo ngendhaleni para Cilpin ora mung sewates kaya  mandor ananging panguwasa kang gedhe sak pada dewan mentri sing ana sak ngisoring Mahamentri I Hino Gusti Ayu Pramodawardhani. Kuwi ateges Panukuh bisa nggunakake panguwasane kuwi kanggo mesthekake candine rampung. Amarga kapercayan kang diwenehake saka Sang Maharaja Samarattungga ora mung dolanan lan amarga Panukuh dikilani karo Maha Mentri I Halu Pangeran Balaputradewa, Panukuh banjur sumpah ana ngarepe Sang Maharaja bakal ngrampungake Bhumi Sambara ora nganti 10 tahun suwene. Menawa wektu kuwi wis kliwat lan Panukuh durung bisa ngrampungake, Panukuh rila ditugel gulune. Pangeran Balaputradewa mesthi wae ngguyu krungu sumbare Panukuh. Bhumi Sambhara Budura kuwi wis dibangun meh satus tahun durung dadi, iki ana bocah wingi sore kongas menawa bakal bisa ngrampungake nganggo inah wektu kurang saka  10 tahun.


Ananging apa kang diomongake Panukuh ora guyon. Jebul durung nganti wolung sasi wae bageyan paling ngisor candi sing sak suwene iki isih bola-bali dirombak  bisa rampung lan ngadheg.  Panukuh banjur wis wiwit mbangun tingkat sing ping pindho lan separo mubeng uga isa didhelok asile. Relief-relief sing dipasang ngubengi candi banget endahe amarga Panukuh ora nganggo pathokan ukir India sing ngremit ananging nggawe pathokan gambar dhewe kang pada karo kasunyatan ana Yawadwipa kayata bentuk omah ana Relief-relief kuwi arupa omah tingkat loro kaya umume sing ana Yawadwipa saiki lan gendhenge saka godhong-godhong aren garing. Gambar kuwi beda banget karo model sing digawa karo cilpin-cilpin sing sinau saka India.  Panukuh uga ora mesthi nggambarake para wanita sing beksa nganggo cara utawa bentuk sing pada karo India, nanging luwih akeh nggambarake para penari kuwi kanthi patrap joged Jawa kang rapet sikile lan ora nganggo patrap Tavana sing megar sikile kaya neng India. Siji loro relief pancen ana patrap tavana ananging amung kanggo variasi supaya reliefe luwih urip lan endah. Angkahe Panukuh supaya wong-wong kang mbesuke laku ziarah ana candi kuwi ora rumangsa ana Negara liya ananging tetep ngrasa ana Mataram.


Panukuh uga ora mligi nglebokake crita-crita Budhis kaya kang disinau Panukuh saka Mpu Gunadharma, ananging kanggo nambahi supaya uwong uga bisa sinau bab kawicaksanan Hinduism, Panukuh uga nglebokake crita-crita Hindu ana njeron relief. Kanggone Panukuh Hindu utawa Budhis kuwi lair saka wewengkon sing pada, piwulange uga ora adoh bedane sak engga sapa wae bisa nyinau bab-bab kawicaksanane kapitayan loro kuwi tanpa kudu ngelek-elek siji lan liyane. Kayata ceritane Raja Sibi kang uga kawentar saka tradisi Hindu, kanggone Panukuh apa kang dilakoni Raja Sibi bab keadilan lan welas asihe ora beda karo ceritane Budha nalika reinkarnasi dadi bulus kanggo nyelametake wong-wong kang kapale kerem. Nalika semana Budha malih dadi bulus gedhe lan nulungi wong-wong kuwi sak engga ora klelep lan bisa tekan pesisir pulo sing aman. Ananging emane ora ana pangan neng pulo kuwi, dadi Sang Budha kang wujud bulus kuwi banjur ngorbanake awake supaya bisa dadi pangane wong akeh kuwi. Semana uga Raja Sibi kang lagi dicoba dening Bethara Indra kang nyaru wujud alap-alap ngoyak dara putih. Raja Sibi banjur nylametake dara kuwi saka pangoyaking alap-alap. Ananging Alap-alap kuwi banjur kanda yen dheweke bakal mati yen ora mangan daging. Raja Sibi banjur nawakake daginge kanggo nggenteni dara sing dislametake, ananging Bathara Indra gawe manuk dara kuwi bobote luwih abot saka daging awake Raja Sibi, sak engga pungkasane carita Raja Sibi masrahake awake kanggo pangane si Alap-alap. Bethara Indra banget ngungun lan mongkog awit adil paramartane Raja Sibi banjur mbalekake kahanane sing wis tatu mau dadi bagas waras lan paring berkah sarta donga.


Panukuh kepengin nuduhake yen kapitayan kuwi mung beda ing cara sembahyange ananging cak-cakan kebecikan lan kawicaksanane ora beda adoh. Sak engga ora perlu dadi bab kang kudu digawe rame amarga ngramekake bab kapitayan kuwi kaya rebut balung tanpa isi. Endahe Bhumi Sambhara sing wis wiwit ketara bisa di delok marai Putri Pramodawardhani adreng kepengin tedhak lan mirsani dhewe kaya ngapa saiki dadine Bhumi Sambhara kuwi. Rawuhe sang putri mesthi wae marai kabeh tukang sing nyambut gawe, para cilpin lan uga Panukuh bingung. Panggonan sing reged kebak bledhug thithikan watu. Kebak bebaya uga saka watu-watu sing di tarik mendhuwur nganggo tali-tali ijuk gedhe kabantu cagak-cagak kanggo nyangga. Watu-watu kuwi bisa wae nibani samangsane taline pedhot utawa kayu penyanggane tugel. 


Sak jane Panukuh ora kepengin putri Pramodawardhani tedak ananging gandeng wis rawuh gelem ora gelem Panukuh kudu mbagekake rawuhe Maha Mentri I Hino kuwi. Panukuh banjur ngendhegake kabeh pakaryan sing mbebayani sak liyane ngukir relief. Panukuh mbagekake sang putri lan nuduhake pakaryane karo Pramodawardhani. Panukuh uga ndherekake nalika Pramodawardhani kepengin mubeng mirsani relief sing uwis dipasang ana tataran Kamadhatu sing wis rampung anggone mbangun. Panukuh nerangake bab relief sing nyritakake kahanan manungsa kang ginubet dosa kaya ing wulangan agama Budha. Relief-relief kang ditatah kanthi endah amarga gambare maujud utawa metu marakake Pramodawardhani kepengin demok gambar-gambar sing katon urip kuwi nganggo tangane sing alus. Panukuh banjur mandheg sedhela kanggo menehi wektu sang putri kanggo nyinau relief-relief kuwi. “Mahakarmawibhangga.” Ujare sang putri alon.  “Inggih, gusti ayu. Leres sanget.” Wangsulane Panukuh tanpa wani nyawang pasuryane sang putri. “Iki endah banget Mpu Panukuh. Aku kaya weruh gambar-gambar iki urip lan maujud.” Sang Putri mbacutake omongane. Panukuh nyembah lan ngaturake panuwun. “Aku seneng bisa weruh iki kabeh. Aku ora kaya maca lontar maneh ananging bisa weruh endahing rupane. Ora mung mbayangake ana angen-angen….endah….endah banget.” Kandane Pramodawardhani karo nglirik Panukuh sing pandengane ora ngalih saka lemah sing dipidak. Pramodawardhani mesem. Ana ing batin Pramodawardhani ngalem solah bawana Mpu enom kuwi. Pancen persis kaya sing diceritakake dene Mpu kuwi isih enom lan mumpuni ing babagan Vastusastra.  Tumindake uga ora kaya cilpin biyasane kang murang tata. Mpu iki luruh lan uga alus. Praupane bagus, tindak-tanduke uga mranani. “Rama Prabu mesthi seneng menawa weruh iki uwis dadi kanthi komplit.” Pramodawardhani mbacutake omongane. Panukuh mung bisa nyembah karo wangsulan sendika.  “Saiki lagi mbangun teras kapindho ya, Mpu? Aku krungu wis dadi separo utawa malah meh telung prapate?” Pitakone marang Panukuh. “ Inggih langkung saking sepalih. Ananging dereng saged pun pirsani amargi panggenanipun dereng patos kiyat. Ajrih menawi ambrol.” Panukuh wangsulan. Pramodawardhani katon rada gela ming bisa ngerteni menawa Panukuh njaga keslametane. Pramodawardhani rada suwe anggone wawanrembug karo Panukuh, banjur kondur kedaton lan ninggal bebungah kanggo Panukuh sak andahane.


Para cilpin seneng ora jamak amarga sak suwene iki durung tau entuk bebunggah sing mirunggan kaya saiki. Bebungah kuwi kanggo Panukuh banjur didadekake gaman kanggo nyurung lan njurungake andahane supaya gelem nyambut gawe luwih apik meneh.  Para cilpin lan tukang-tukang uga banjur sengkut anggone nyambut gawe. Panukuh dhewe atine uga seneng gene putri Pramodawardhani kersa tedhak Bhumi Sambhara.  Ming ana sing ora dingerteni Panukuh yaiku saben ngelingi sang putri, jantunge kaya kinebur banter. Sak suwene iki weruh wong ayu kuwi biyasa wae nanging sang putri kok beda ing wawasane. Panukuh ngupaya supaya atine ora gegedhen rasa lan gegedhen panjangka. Ming tetep wae atine emoh dikendhaleni. Atine tetep adreng kepengin nyawang meneh lan meneh. 


Bab rawuhe Pramodawardhani ana Sambhara Budura, mesthi wae keprungu dening Balaputradewa kang banjur duka yayah sinipi. Atine mangkel amarga Panukuh jebul ora kaya pangirane yen bakal pada cilpin-cilpin sak durunge kang gagal mujudake Sambhara Budura. Jebul Panukuh wong sing kuwat nyekel tanggung jawab lan pakaryan sing dipercayake marang dheweke, sak engga sang putri wae kersa tedak  ana Bhumi Sambhara Budura. Ana uga rasa sujana amarga Balaputradewa krungu saka andahan-andahane menawa sak kondure saka Bhumi Sambhara anggone sang putri ngalem Panukuh ing ngarsane Samarattungga  kaya ora ana enteke.  Atine Balaputradewa goreh, apameneh Balaputradewa wis nganggep Pramodawardhani kuwi calon garwane. Balaputradewa banjur ngangkah supaya Panukuh gagal anggone mbangun Bhumi Sambhara.


Balaputradewa banjur utusan para telik sandhine klebu Sriti kanggo ngendhegake kiriman watu saka Kewu laladan Menoreh, saka Elo lan Krasak.  Bab kuwi mesthi bakal nyenyuwe Panukuh anggone ngrampungake teras-teras sak teruse. Panukuh dhewe kang banget ngerteni pentinge pasokan watu kanggo mbangun candi ing Sambhara Budura jebul uga wis nyepakake wong-wonge kaya Wulung, Sekar, Wulan, Mudra lan Kumbayoni ana pok-poke watu-watu kuwi. Wulung sak kancane nduweni kuwajiban mesthekake watu-watu kuwi tekan ing wanci sing wis ditetepake lan ora kena telat. Mugakna Wulung sak kanca ora dolanan anggone njaga pasokan watu-watu kuwi. Ananging Sriti ngerigake Daksa, Wala lan Nala. Watu-watu sing wis diklumpukake lan di tatah manut bentuk kothak ukuran watu-watu candi banjur ditaleni nganggo tali duk sing digawe kaya jarring supaya bisa ditarik jaran, gajah utawa sapi apa kebo. Sisane sing cilik-cilik kanggo stupa diangkut nganggo gethek . Sriti sak andahane banjur wiwit ngaco ana depo pengepul watu kuwi. Tali sing dadi jaring watu pada dipedoti. Sapi, gajah, jaran lan kabeh sato kewan sing kanggo nggeret watu ditulup nganggo eri mawa racun supaya lara utawa ngamuk. Gethek-gethek dibolongi sak engga nalika dinggo ngangkut watu ambles klelep lan watune pada keli.


Wulung mangkel banget weruh kahanan kuwi banjur ngupaya kanggo ngendhegake para pengaco kuwi. Mahesa Seta uga mangkel banget dene kewan-kewan sing diracun akeh sing lara utawa mati. Wulan kang mriksa kahanane kewan-kewan kuwi banjur nemokake eri sing wus dicucukake racun. Wulan nuduhake  eri kuwi karo Wulung. “Tumindake sapa kira-kira?”Pitakone Wulung. Wulan wangsulan lirih “Sriti lan Daksa. Prejinemane Pangeran Balaputradewa.”  “Tuduhna dalane aku bisa kepethuk Sriti sak kanca.” Kandane Wulung. Wulan manthuk.


Wulan nggawa kanca-kancane tumuju iring wetan arga Retau sing ora adoh saka Bhumi Sambhara. Neng kono ana dusun cilik kang isine prejurit prejineman wangsa Syailendra. Ananging Wulan ngerti nek mangsa kaya ngene mung Sriti sak kanca kang tetep jaga ana wewengkon kuwi. Awit prejurit liyane disebar kanggo golek sisik melik bab kahanane Negara. Sriti sak kanca tetep ana kono amarga dadi andahane langsung Pangeran Balaputradewa. Wektu kuwi Sriti nembe wae leren saka anggone ngayahi kuwajiban, ndaheba kaget mbasan weruh Wulan ngadheg sak ngarepane. “Wulan….ngapa kowe tekan kene, jebul kowe isih urip lan bali ana Yawadwipa?”pitakone rada gugup. “Jaremu mbiyen pangeran Balaputradewa kuwi arep mbiyantu wangsa Sanjaya supaya bisa dadi siji makmurake Yawadwipa. Kenengapa saiki malah Pangeran Balaputradewa ngarah cilakane Gusti Panukuh?” Pitakone Wulan “Oh, aku saiki ngerti jebul Cilpin anyar kae  Panukuh. Aku dadi suwe kabar sing bisa tak lapurake Sinuwun Samarattungga. Bab Pangeran Balaputradewa arep mateni  Panukuh kuwi wis cetha karepe, yaiku ngilangke klilip wangsa Syailendra. Lan saiki wis kabukten ta yen Gustimu Panukuh kae ora ngerti budhi. Ditulungi malah saiki mbiyantu Sinuwun Samarattungga ngrampungake Bhumi Sambhara. Apa ora ngelingi nek mbiyen dioyak-oyak arep dipateni? Geneya gelem ngewangi wong sing arep mateni” Wangsulane Sriti. “Omonganmu kuwi ora pada karo atimu. Nalika Gusti Panukuh ngenger ana Bengali, kowe lan Pangeran Balaputradewa uga ngarah patine Gusti Panukuh. Dadi saiki ora sah selak meneh, sak jane anggone Pangeran Balaputradewa nulungi Gusti Panukuh kuwi mung pawadan wae supaya bisa ngendih panguwasaning Prabu Samarattungga kanthi tangane wong-wong Sanjaya. Kuwi licik, Sriti. Gusti Panukuh ora kaya Gustimu Pangeran Balaputradewa sing blereng bandha donya lan kuwasa. Gustiku kuwi luwih andhap asor lan gelem ngapura sok sapa wae anggere bisa dadi kabecikan lan ngrukunake kabeh wangsa” Wulan mbacutake omongane. “Wis ra sah kakehan gunem. Nek kowe mrene arep males ukum marang aku, ayo tak ladeni.” Kandane Sriti.


Wulan lan Sriti banjur pada adu kanuragan. Swara kemrincinge pedang lan ruyung  marai Nala, Daksa lan Wala banjur mara lan mbiyantu Sriti. Merga dikroyok Wulan kuwalahan ananging Wulung sak kanca banjur metu ngewangi Wulan. Daksa, Nala, lan Wala jebul pancen dudu tandhingane Wulung sak kanca. Daksa kasil kapikut, sawetara sriti, Nala lan Wala kasil lolos. Daksa banjur diadepake Panukuh. 


Panukuh sak jane ora seneng rame, ananging menawa pasokan watu diganggu terus wis mesthi gaweyane ora bakal rampung.  Daksa banjur ditahan ana Bhumi Sambhara dening Wulung. Panukuh dhewe kudu ngrampungake perkara iki tanpa rame. Panukuh niliki panggonan watu-watu gedhe sing wis dipedhot taline. Panukuh njaluk Mahesa Seta naleni meneh. Sato kewan sing lara uga banjur ditambani nganggo degan ijo lan godhong Mimba. Godhong iki meh pada karo godhong Sanjiawan sing ana India kana, bisa marekake tatu lan marai wisa kuwi ora mandhi. Sak engga gajah sing pada keracunan bisa bali pulih. Amarga wektu kang banget nyrepek amarga gaweyan kudu ndhang rampung, Panukuh kepeksa ngetog kasektene sing sak suwene iki ming digladhi ananging ora tau digunakake. Panukuh ngangkat watu-watu gedhe kuwi nganggo kekuwatane lan diuncalake sak engga bisa tiba persis ana panggonan watu diklumpukake ana Bhumi Sambhara. Wulung lan Mahesa Seta sing nyekseni bab kuwi ngungun dene Panukuh bisa migunakake kasektene mindahake watu-watu gedhe tanpa pecah lan tanpa di demok. Kaya bocah cilik nguncal-uncalake bal wae. Mbasan dirasa wis cukup, Panukuh weling supaya ora kecolongan meneh. Wulung, Wulan, Kumbayoni lan Mahesa Seta sarujuk njaga pasokan kuwi tetep tekan ana panggonane ing wanci-wanci sing wis ditetepake. 


Panukuh dhewe sak wise krungu laporane Wulan bab Sriti rumangsa yen jati dirine wis kewiyak, sak engga Panukuh rumangsa kudu njlentrehake bab kang sak tenane marang Sinuwun Samarattungga. Ananging niyate kuwi dicandhet  karo Mahesa Seta. Kuwi ateges soroh nyawa. Ananging Panukuh adreng amarga nyawa kuwi ora gantalan wektu yen pancen pesthine bakal ilang. Nalika Panukuh isih rembugan karo Mahesa Seta keselak utusane Gusti ayu Pramodawardhani teka. Panukuh ditimbali ana keputren. Kanthi rasa was, Panukuh banjur budhal ngadhep Gusti Ayu Pramodawardhani. Ana njeron bathin Panukuh sumelang menawa kabar dene dheweke kuwi Manuku turun wangsa Sanjaya sing wis suwe diincer patine nyusup kanggo ngendih panguwasa Syailendra wis sumebar.


Jebul, apa sing dadi pamikire Panukuh ora pada karo kasunyatane. Pramodawardhani mbagekake tamune kanthi grapyak semanak. Ananging merga Panukuh atine goreh dheweke ora isa ndhelikake rasa sumelange kuwi. Lan atine wis tekad yen kudu mati ana kono sak ora-orane dheweke wis dhuwe niyat jujur lan apa anane. Pramodawardhani sajake uga bisa ngrasakake rasa was sing dirasakake Panukuh banjur ndangu “ Mpu Panukuh, sajake kok ora jenjem ana kene apa ana sing mbok penggalih ?” “Nyuwun sih pangapunten dalem, Gusti Ayu. Menika awit kula kuwatos bab pembangunanipun Bhumi Sambhara. Kalawau dalu wonten tiyang ingkang ngobrak-abrik pasokan sela kangge pembangunan, ananging bab menika sampun saged pun rampungaken. Kula ugi kasil nyepeng salah setunggaling tiyang ingkang nyobi ngobrak-abrik pembangunan.  Menawi bab kados mekaten mboten pun cegah, temtu pembangunan ugi lajeng dangu mboten rampung-rampung. Ketingalipun wonten priyayi ingkang mboten kepengin Bhumi Sambhara menika dados, Gusti.” Panukuh matur karo nyembah. Pramodawardhani ngunjal ambegan landhung sajake wis ngerti apa sing dikarepake Panukuh. “Aku wis ngerti kira-kira sapa wonge. Apa wong sing ngaco kuwi duwe lambang kembang ana gegere utawa lengene?”pitakone Pramodawardhani. “Inggih. Leres, Gusti Ayu.” Panukuh wangsulan. Sak nalika Pramodawardhani ngadheg sajak nesu. “ Bab kuwi wis aja mbok pikir banget-banget Mpu Panukuh. Aku kang bakal ngrampungake perkara iki.” Kandane Pramodawardhani kanthi swara rada sora. “Mboten naming menika Gusti.” Panukuh nyoba netepake atine senadyanta ora wani mandeng Gusti ayune kuwi. “Terus apa meneh, Mpu Panukuh? Apa isih ana bab kang marai pembangunan kuwi bakal keganggu?” pitakone Pramodawardhani. “Menika sanes bab pambangunan Gusti. Menika bab jatidiri kula ingkang sak estu.” Kandane Panukuh. “Jati diri? Apa sing mbok delike, Mpu?” Pramodawardhani kaget lan wiwit ngrasa ora kepenak, kamangka sak jane atine banget seneng karo Mpu enom kuwi amarga bagus, pinter lan uga ganep subasitane. “Sejatosipun, nama kula sanes Panukuh, Gusti Ayu. Nama ingkang asli saking bapa biyung kula menika Manuku Dyah Saladu. Kula turun wangsa Sanjaya, ingkang pun bujung dening keng rama lan pun arah pejah kula. Meh sedasa taun kula mlajar saking pambujungipun keng rama, awit kula mboten kepengin wonten perang ageng antawisipun wangsa Sanjaya lan Syailendra. Kula mlajar dumugi Bengala lan Gujara Pratihara kangge nyinau Vastusastra. Kula mboten nyinau bab perang utawi bab  kang wonten gegayutanipun kaliyan panguwaos amargi ingkang kula pengini menika raos tentrem. Sanes peperangan, Gusti ayu. Kula ugi mboten gadah niyat kangge ngendih panguwaos dalem Sinuwun Samarattungga. Menawi menapa ingkang kula lampahi menika kaanggep klentu, pejah gesang kula pasrahaken penjenengan Gusti Ayu. Panyuwun kula naming setunggal. Menawi kula kedah pejah amargi kula turun ingkang sah saking Sri Maharaja Sanjaya, kula nyuwun sampun malih mbujung kawula kula saking turun wangsa Sanjaya, Gusti. “ kandane Panukuh. 


Sawetara wektu Pramodawardhani kaget lan ora bisa kanda apa-apa. Ananging menawa Manuku iki duwe niyat ala, gampang kanggone saiki mateni gusti ayu kang lagi dhewe. Prejurit sing jaga uga ana njaban gedhong kaputren. Saiki Pramodawardhani lagi ngerti yen watak sing alus, tata karma sing ganep kuwi wis mesthi diduweni  Panukuh utawa Manuku amarga pancen trahing kusuma. Pramodawardhani uga banjur ngerti yen pawakan kang becik, rupa sing bagus lan resik ora ninggal trah Sanjaya kang pancen kawentar bagus lan ayu. Pramodawardhani dadi groyok swarane amarga ngempet rasa sing ora tau dirasake sak durunge antarane mesake, ngungun lan sing luwih kuwat rasa eman. Yen nganti ramane ngerti mesthi bakal dipidana pati. Ananging kalenggahane dadi Mahamentri I Hino ngudokake dheweke mikir keslametane wangsane luwih dhisik tinimbang bab-bab pribadi. Perang batin ana atine Pramodawardhani marai ora ngepenake rasane. “ Lajeng kenging menapa paduka ngasoraken wangsa paduka kanthi nyambut damel kados tiyang sudra ? Cilpin Ageng menika sinaosa kalenggahanipun inggil lan ugi pun bayar mawi mas kepeng ananging tetep pedamelanipun tiyang sudra. Lan kenging menapa paduka kersa nyambut damel kangge wangsa Syailendra menawi paduka mboten gadah niyat ingkang pun singidaken?” pitakone Pramodawardhani.  Kanggo sepisanan Panukuh tumindak cumanthaka kanthi mandeng socane sang Pramodha. Sing dipandeng kaget banjur mlengos. Ananging wektu sing ora nganti pirang detik kuwi wis marai jantunge Panukuh lan Pramodawardhani kaya dikebur. Ana rasa aneh sing semlempit ana dhadhane trah wangsa-wangsa gedhe ing tanah Jawa kuwi. Panukuh bali ndingkluk, dheweke uga kaget dene sak wise ngerti yen Panukuh turun sah wangsa Sanjaya Pramodawardhani banjur mbasani alus. “Kula sampun matur ing ngajeng, dene ingkang kula angkah namung katentremaning kawula. Kula mboten gadah niyat awon. Kula purun mbangun Bhumi Sambhara amargi kangge kula candi menika mboten naming dados simbuling kapitayan ananging ugi dados simbuling kabudayan lan kaagunganing bangsa.  Ing taun-taun candhakipun menawi kula lan penjenengan sampun mboten wonten sak mboten-mbotenipun wonten ingkang saged pun sinau kaliyan putra wayah, dene wonten wangsa-wangsa ageng ing Mataram ingkang rukun lan sami ngurmati kapitayaning sanes ugi gotong royong mujudaken makmuring bangsa. Kula lega lila menawi kedah dados tiyang sudra papa utawi pejah kados dene tiyang ingkang mboten gadah kasta menawi menika murugaken Sanjaya lan Syailendra saged rukun lan dados bangsa ingkang ageng.”Panukuh matur meneh. 


Pramodawardhani  mikir sedela banjur wangsulan “Menawi penjenengan ngendika sak estu kados ngaten, kula sagah dados tameng paduka. Ananging paduka ugi kedah mboktekaken dene candi menika rampung lan paduka sak estu mboten badhe ngendih panguwaosing Syailendra.”  Panukuh kaget lan ora ngira dene Pramodawardhani bakal wangsulan kaya mangkono. Pramodawardhani banjur ndawuhi Panukuh supaya ngetutake lakune. Panukuh manut. 


Jebul Pramodawardhani ngejak Panukuh ketemu Wiku Wirathu Pamgat ing Mataram. Wiku Wirathu sing lagi wae rampung anggone sembahyang lan nglakoni pasa rada kaget nalika ngerti yen Pramodawardhani lan Panukuh tekan ana viharane.  Pramodawardhani nyritakake apa sing dialami Panukuh lan kabeh sing wis dirembug mau. Wiku Wirathu mesem banjur mbisiki Pramodawardhani. Pramodawardhani manthuk. Ora ana sing ngerti apa sing dirembuk Wiku Wirathu karo Pramodawardhani ananging Pramodawardhani njanjeni marang Panukuh dene Panukuh sak kawulane ora bakal dilarani utawa dipateni. Panukuh lega lan banjur bali ana Bhumi Sambhara.

 

Pramodawardhani ngadep marang Sri Kahulunan ibune, Sang Prameswari Mataram kang banget ditresnani dening Samarattungga. Pramodawardhani nyritakake apa kang diomongake karo Panukuh lan Wiku Wirathu. Sri Kahulunan sing tanggap karo apa kang diceritakake putra kinasihe kuwi mesthi wae nyarujuki.




Wengi kuwi ing antarane kelap-kelip lintang ing angkasa. Samarattungga lan Sri Kahulunan manekung marang Gusti kang akarya jagad kanthi maca Sutra. Sak wise rampung, Sri Kahulunan banjur nyepakake panggonan kang arep diagem sare Sang Maharaja.  Wangine dupa ratus sing dienggo ngilangake lemut nyampur karo wangine cendana saka kayu ukir sing diagem dipan kanggo Sang Maharaja Samarattungga. Gandhane alus lan ora nyegrak lan marakake wong kang arip banjur bisa turu angler. Samarattungga banjur mapan ana dipan kang linambaran kasur kapuk sing empuk lan ditutupi nganggo sutra alus. Ananging kaya adat saben Samarattungga ora langsung sare. Samarattungga luwih seneng ngentekake setengah wengine kanggo wawanrembug kelawan keng garwa tinimbang banjur ngaso. Werna-werna sing diomongake sak engga nganti jago kluruk parak esok, Samarattungga lagi mapan sare. Wengi iki uga ora beda, Samarattungga omong-omong karo garwane bab Negara kanthi rasa manteb lan bungah amarga Bhumi Sambhara bakal cepet rampung sak engga bangunan kang digadang bakal dadi bangunan paling gedhe lan endah kanggo mulyakake Bodhisatwa  wis dipesthekake dadi ana jaman sak ngisoring panguwasane. Sri Kahulunan among mesem amarga apa kang dadi gegadhangane keng garwa bakal mawujud saka tangan mungsuh sing paling disengiti lan digoleki. “Sinuwun, kula lan penjenengan sami pitados wontenipun karma sae lan karma ingkang awon. Ngrampungaken bangunan suci ingkang ageng temtu bakalipun dados karma ingkang sae tumrap penjenengan lan sedaya kawula Mataram. Lan menika mboten bakal kelampahan menawi mboten wonten cilpin nama Panukuh menika, ta Sinuwun.?”pitakone Sri Kahulunan. Samarattungga manthuk. “Putramu Pramodawardani pancen mumpuni ing bab ngemonah tataning Negara lan tataning praja. Maune aku ya ora percaya yen anane Swayembara kuwi bakal bisa nekake wong-wong pinunjul kaya Panukuh.” Samarattungga wangsulan. “Leres.Lajeng miturut penjenengan ndalem kados pundi watak wantu lan tumindakipun Panukuh menika ?” Sri Kahulunan nyuwun pirsa meneh. “Ya nek miturut panemuku, Panukuh kuwi bagus ing atase mung saka wong papa sudra, eman tenan. Bocahe uga pinter lan semanak. Subasitane uga ganep. Sak upama Panukuh kuwi dudu wong papa sudra. Aku wis mesthi bakal paring kalenggahan lan tak dhaupake karo Pramodawardhani.  Amarga aku yakin wong kaya ngono kuwi mesthi setya ing urip bebrayan lan duwe tanggung jawab sing gedhe, kabukten dene cilpin sak mana akehe wis mataun-taun ora kasil ndhadekake Bhumi Sambhara. Panukuh lagi wolung sasi wis kasil ngramgpungake teras siji lan loro. Menawa dadi Rakyan kang pinercaya nyekel watak mesthi watak kuwi bakal makmur.” Wangsulane Samarattungga marang garwane Sri Kahulunan.


Sri Kahulunan banjur ngrangkul lan ngruket garwane. Alon-alon lengene ingkang garwa dielus-elus. Samarattungga mesem, sajake apal marang lageyane keng garwa yen lagi pinuju duwe pepinginan. “Matura diajeng, apa sing mbok kersakake saiki?” Samarattungga ndangu karo ngaras pipine ingkang garwa. Sing di aras mesem lan saya ngrapetake awake. Alon-alon Sri Kahulunan matur “ Penjenengan kalawau ngendika yen Panukuh menika sanes tiyang sudra, penjenengan dalem kersa paring kapercayan dateng piyambakipun kangge nyepeng watak lan kaangkat dados Rakyan utawi Rakai leres mekaten ta kangmas ?”  Samarattungga gumujeng mirsani garwane sing katon manja nyenderake mustakane ana pundake.  “Lha iya. Ana apa kok sajake sliramu kaya Pramodawardhani kepranan marang bocah aran Panukuh kuwi.”ngendikane maneh. Sri Kahulunan banjur matur “ Kula kados penjenengan ugi kepengin ngraosaken gadah mantu ingkang bagus, gagah, pinter lan ingkang baken saged ngayomi Pramodawardhani. Kula mboten kok mboten pitados dumateng kabisanipun Pramodawardhani nyepeng panguwaos, ananging Pramodawardhani menika putri lan mengsahipun kathah salah setunggaling mengsah punika mboten kok tebih ananging taksih kadang piyambak.” 


Samaratungga ngunjal ambegan, apa kang diomongake garwane kuwi ora kleru lan nganti saiki Samarattungga durung nemu calon kang bisa ngimbangi kekuwataning Mahamentri I Halu ya pangeran Balaputradewa. Menawa arep besanan karo Kraton Pengging, Samarattungga suthik amarga wis tau kecenthok dening Ratu Pengging Anglingdriya utawa Damarmayu. “Diajeng, mbok ora sah mubeng-mubeng, matura wae sing gumathok. Aku ora bakal duka kok. Aku ngerti apa sing mbok sumelangake bab dhimas Balaputradewa. Aku ya ora lila yen Pramodawardhani kuwi dadi sisihane dhimas Balaputradewa amarga mung arep ngangkah kalenggahan wae. Kamangka yen sida dadi nggenteni aku, Mataram amung bakal dadi palagan peperangan amarga aku ngerti yen dhimas Balaputradewa kuwi kepengin njembarake wewengkon Mataram. Ming aku dhewe bisa ngukur awakku dhewe, senadyanta Mataram kuwi amba yen akeh jajahane mesthi wae bakal angel anggone ngemonah lan tetep nyekeli wewengkon-wewengkon kuwi. Tundhone wis mesthi ming bakal perang wae ora ana enteke. Kamangka aku uga kepengin mujudake Mataram kang makmur, gemah ripah loh jinawi, lan tentrem.” Ngendikane Sang Samarattungga. “Menika miturut pemanggih kula. Mataram badhe tentrem yen penjenengan kersa mbikak manah ingkang ageng  lan kersa nyawiji kaliyan wangsa Sanjaya ingkang sinaosa penjenengan bujung-bujung tetep dados kawula paduka ingkang sae. Sak dangunipun menika kula lan wiku Wirathu Pamgating negari sampun ningali wola-wali dene penjenengan mbesem dusun lan wanua kangge mejahi turun Sanjaya, ananging saking wangsa Sanjaya piyambak mboten nate males ukum. Menika ateges tiyang-tiyang Sanjaya nggadahi watak lan tumindak ingkang sae, sinuwun.  Benten kaliyan tiyang Syailendra ingkang pansaten lan ajrih kecalan panguwaos. Nalika Kalingga lan Medang nyawiji lan dados setunggal ing sak ngandaping Mataram, mboten wonten tiyang Kalingga lan Medang ingkang lajeng tumindak merong kampuh jingga. Dados menika gumantung penjenengan piyambak, kangmas.” Ature Sri Kahulunan.


Samarattungga saya bingung karo sing diaturake garwane amarga penjenengane wis ora rumangsa ngoyak-oyak wangsa Sanjaya maneh sakploke krungu yen turun Sanjaya sing sah wis pralaya. “Aku kok ora ngerti apa sing mbok karepake ya, diajeng ? Kaya-kaya saiki aku ya ora banget-banget karo kawula Sanjaya. Ananging yen arep ndadekake wangsa Sanjaya kuwi mantu, lha sapa wong turun Sanjaya sing sah kuwi wis tumpes tapis. Senadyanta ana, apa ya wangsa Sanjaya kuwi gelem bebesanan karo wong Syailendra sing mbiyen tau tak oyak-oyak nganti kaya ngana.”Samarattunga ngendika karo ngendaleni rasa sedihe amarga garwane jebul uga ora sarujuk marang apa kang ditindake. “Menawi kula saged nemokaken turun Sanjaya ingkang sah lan sak sestu saking tedhak turunipun Sang Maharaja Sanjaya penjenengan janji mboten bakal mejahi, nyepeng utawi ngukum?” Sri Kahulunan nyuwun karo nglendhoti Sang Maharaja. Samarattungga ora bisa ngampet rasane yen garwane wis nglendhoti kaya ngono. “Aku sumpah ing ngarsane Sang Bodhisatwa dene aku wis ora bakal nggepok senggol wong Sanjaya.” Samarattungga paring wangsulan. Sri Kahulunan mesem, banjur mbacutake ature “Menawi penjenengan ndahar atur kula, tinimbang dhaupaken Pramodawardhani kaliyan dhimas Balaputradewa ingkang taksih kapernah paman lan ugi watakipun mboten penjenengan remeni. Langkung sae penjenengan dhaupaken Pramodawardhani kaliyan turun wangsa Sanjaya. Ingkang sepindah, mboten wonten kraton ingkang badhe lebur amargi Mataram menika gadahanipun Sanjaya lan Syailendra pun akeni punapa mboten. Kaping kalih menawi penjenengan dhaupaken Pramodawardhani kaliyan Pengging sampun temtu Mataram bakal lebur dados andahanipun kraton Pengging.”  Samarattungga menggalih kanthi permati apa sing diaturake garwane. “ Aku ngerti apa sing dadi penggalihanmu kuwi pada ananging bali meneh Manuku kuwi dadi siji-sijine turun Sanjaya ananging wis tekane pati nalika Tumenggung Alap-alap ngobong desa Tuk Mas.” Ngendikane Samarattungga. “ Mboten kangmas. Manuku dereng tiwas, kangmas. Lan Sak menika ngabdi dados cilpin ageng paduka.  Panukuh lan Manuku menika tiyang ingkang sami.  Piyambakipun meh sedasa taun langkung kedarang-darang dateng siti manca amargi kula lan penjenengan sami. Menika karma ingkang kedah pun wangsulaken, kangmas. Menapa malih Manuku rila dados tiyang sudra amargi piyambakipun ngertos yen piyambakipun mboten api-api tiwas, penjenengan temtu dereng purna  anggenipun mejahi para kawulanipun, kangmas. “ ature Sri Kahulunan. “Dadi Panukuh kuwi….” Samarattungga wis arep duka nalika garwane banjur ngruket kenceng “Penjenengan sampun sumpah dumateng kula sak ngajengipun Bodhisatwa, kangmas.”Ature Sri Kahulunan. Samarattungga rumangsa kalah separo. Jane mono penjenengane arep duka lan ngukum cilpin ageng kuwi amarga tumindak dora. Ananging sak wise dijlentrehake kekarepane Panukuh, Samarattungga malah dadi ora mentala arep tumindak ala.  


Alon-alon Samarattungga nglanggati pangruketing keng garwa, angen-angene bab dosane nalika semana kaya gawang-gawangen ana mata lan saiki lagi nagih janjine. Sak upama mbiyen Samarattungga gelem ngrungokake ature Wiku Wirathu mbok menawa saiki ora bakal kepotangan budhi kaya saiki. Balaputradewa adhine dhewe sing dipasrahi pambangunane Bhumi Sambhara wae ora karep ngrampungake amarga ora lila yen sejarah nyathet jenenge, sawetara Manuku wong kang dioyak-oyak lan diarah patine malah sing nylametake kalenggahane lan tetep bakal nulisake jenenge ana sejarah kanthi jeneng kang ngambar arum merga ngrampungake Bhumi Sambhara. Rasa isin lan rasa kepengin nebus kabeh dosane nyampur dadi siji.



Panukuh ana ing njeron batin ngaturake panuwun sing tan kinira marang Gusti Ayu Pramodawardhani awit kersa dadi tamenge sing sejati. Kuwi kabukti wis meh wolung purnama bubar kedadeyan karo andahane Pangeran Balaputradewa ora ana bab-bab sing permati kang marai gaweyane ana Bhumi Sambhara keganggu. Malah Sri Maharaja Samarattungga wis tedak ana Bhumi Sambhara kaping pindo tanpa nuduhake ana owah-owahan kang ngawistarni menawa bakal nyekel utawa nyilakakake Panukuh sak andahane. Kamangka tangeh lamun Pangeran Balaputradewa ora lapur bab sapa sejatine dhiri pribadine Panukuh.  Semana uga Wulung, Mahesa Seta  sak kancane, malah banjur diwenehi kalenggahan nyekel dusun sak cedhak Elo lan Krasak kanggo mesthekake yen pasokan watu-watu kuwi ora ngalami kangelan utawa telat anggone ngirim ana proyek gedhe kuwi. Pambiyantune Pramodawardhani ora mung dolanan malah kepara luwih saka sing dikarepake Panukuh, sak engga ora nganti rong taun anggone nyambut gawe, teras kang pungkasan saka Bhumi Sambhara wis meh paripurna.  


Mungsuhe Panukuh saiki ming siji yaiku krodhane Gunung Candrageni lan Candramuka. Pancen yen pada watuk ora nganti nimbulake bebaya kang gedhe ananging horeging lemah utawa lindhu sing nganggu amarga kuwi genah bisa ngembrukake bangunan kang wis rampung dibangun. Kuwi sebabe Panukuh banjur golek cara supaya bangunan kuwi bakoh kanggo ngadhepi lindhu saka pangamuking Candrageni. Ananging krodhane Candrageni uga menehi berkah sing tan kinira kanggone Panukuh arupa watu-watu gedhe lan wedhi. Panukuh dadi nganggep anane Candrageni kuwi kanugrahane Jawata kang ngewangi dheweke ngrampungake Bhumi Sambhara. 


Rampunge teras sing pungkasan saka Bhumi Sambhara marakake Samarattungga mongkog atine lan anggone percaya dene Panukuh pancen ora duwe niyat ngendih kekuwataning Syailendra saya gedhe, sak engga Samarattungga banjur nuruti apa kang dadi panyuwune Sri Kahulunan kanggo menehi Panukuh kalenggahan sing sak mesthine kanggo putra wangsa gedhe kaya Sanjaya senadyanta Samarattungga tetep api-api ora ngerti sapa sejatine Panukuh kuwi. Kanggo ngleksanani sumpahe marang garwane kabeh pelapuran bab Panukuh sing dikandakake Pangeran Balaputradewa ora digape, kepara Balaputradewa malah disalahake merga dianggep ngalang-alangi rampunge Bhumi Sambhara. Mugakna Watak I Halu kang amba banget banjur dilongi separone lan digawe watak anyar kanthi alesan supaya pasokan material sing dienggo mbangun Bhumi Sambhara Budura ora kandheg utawa telat. Kamangka sak jane kersane Samarattungga yaiku matesi kekuwataning Mahamentri I Halu supaya ora tumindak ngluwihi panguwasane. Lan ora nyoba ngendih kalenggahane Mahamentri I Hino. Kabeh mau ya awit saka pambisike Samarattungga Sri Kahulunan lan Wiku Wirathu.


Wiwit Kali Krasak sak pengidul, pengetan lan Pengulon didadekake Watak anyar aran watak Pikatan. Watese mengetan yaiku Watak Pulowatu. Amarga kersane Samarattungga watak Pulowatu tekan Taji bakal didadekake Kuthagara utawa Kuthapraja sing anyar ngganteni Medang, kang mengkone aran Mamatripura. Bab kuwi marai Balaputradewa saya ora narimakake apa kang diputusake dening Samarattungga ananging ora wani kanthi terang-terangan merong kampuh jingga amarga kepiyea wae Samarattungga isih nduweni kekuwataning prejurit sing luwih akeh tinimbang Balaputradewa, apamaneh sakploke wewengkon watake dielongi. Samarattungga uga disengkuyung karo kabeh sentanane klebu Mahamentri I Srikan, Mahamentri I Wka,  Pamgat kraton lan wis mesthi Mahamentri I Hino. Watak Pikatan iki kudu ndhang dipandegani dening sawijining Rakai kang kawogan lan bisa diwenehi tanggung jawab. Mula, Samarattungga banjur utusan Rakai Halaran supaya nimbali Panukuh. Panukuh bakal kaangkat dadi Rakai ing watak Pikatan lan bakal jejuluk Rakai Pikatan. Rakai Pikatan bakal nguwasani watak kang gedhe lan makmur ana sadengah wewengkon Kewu. Rakai Pikatan uga nduweni hak kanggo milih Rama kang bakal mandhegani wanua-wanua (desa-desa) kang ana wewengkone. Kanggone Panukuh kalenggahan kuwi sadengah mbalekake panguwasaning wangsa Sanjaya ana ing wewengkon Kewu. 


Ananging Samarattungga dudu Raja kang tanpa petung. Anggone arep masrahake wewengkon Pikatan marang Panukuh uga wis dilimbang kanthi memet sak engga mokal Panukuh bisa nggunakake watake kanggo ngendih  panguwasane. Petungan kuwi adedasar Watak Pikatan tilas parone Watak I Halu kang wong-wonge setya tuhu marang Mahamentri I Halu, amarga akeh-akehe wong turun Syailendra. Dadi yen Panukuh duwe niyat arep ngendih panguwasane wis mesthi bakal dialang-alangi tilas wargane Mahamentri I Halu. Samarattungga ora banjur masrahake watak Taji, Pulowatu lan Sela amarga panggonan-panggonan kuwi pancen wis suwe dadi panggonane wong-wong wangsa Sanjaya. Sak engga yen Panukuh diangkat dadi Rakai ana kono mesthi akeh sing pada nyengkuyung. Ananging yen ana watak tilase Mahamentri I Halu, Panukuh bakal adep-adepan karo wong-wong sing durung mesthi sarujuk karo pepeinginane. Iki uga tantangan kanggo Panukuh bisa orane nglumuhake wong-wong kang maune sumuyut karo mahamentri I Halu marang dheweke. Dasar kang kaping pindo yaiku Samarattungga duwe angkah kanggo ngelongi kekuwatan lan pengaruhe Mahamenteri I Halu supaya ora bisa lumawan prejurit-prejurite Samarattungga dhewe. 


Rawuhe Rakai Halaran ana Bhumi Sambhara kabagekake kanthi suka rena dening Panukuh, apa maneh Bhumi Sambhara wis rampung kabeh lan wis ngadheg kanthi bakoh lan endah. Sedyane bakal diresmekake udakara telung pasaran maneh. Kuwi sebabe Panukuh nggelak anggone reresik supaya kabeh katon resep nalika diresmekake. Tanduran-tanduran di tata lan patirtan uga dijaga tenan. Rakai Halaran dhewe nalika weruh candi sing ngadheg gedhe, bakoh lan endah kuwi nganti ngungun. Mugakna banjur maklum yen Panukuh banjur arep diparingi kalenggahan dhuwur. Seprana-seprene ora ana sing ngerti yen Panukuh kuwi turun wangsa Sanjaya sak engga pada ngira yen Panukuh kuwi kadya dene wong ketiban ndaru. Utawa beja. Ing atase wong papa sudra bisa nduweni kalenggahan kaangkat dadi Rakai. Bab kang samangsa kuwi mokal dumadi ana ing wong-wong cilik. 

Panukuh lan Mahesa Seta kaget nalika nampa nawala bab panetepane dadi Rakai ing Watak Pikatan lan ana dina  Sambhara Budura diresmakake, Panukuh bakal diwisuda dadi Rakai Pikatan. Mahesa Seta arepa ngerti yen kalenggahan Rakai kuwi wis sak mesthine diagem dening Gustine ananging ing mangsa kang ora mesthi owah gingsire krasa kadya ngimpi sing dadi kasunyatan.


Sak wise Rakai Halaran kondur kraton, Panukuh banjur pamit marang Mahesa Seta kanggo ngabari ibune bab panetepane dadi Rakai ing Pikatan. Mahesa Seta manthuk sarujuk lan bakal ngayahi kuwajibane njaga Bhumi Sambhara Budura samangsane Panukuh lunga. Mahesa Seta kudu tetep waspada amarga kabar iki mesthi uga nimbulake rasa seneng lan ora seneng saka wong-wong kang lenggah ana kraton Mataram.


Angin sore kuwi ngeterake Panukuh ana omah desa sing dienggo kanjeng ibune. Urip kanthi prasaja mataun-taun marakake Panukuh ora bisa mbendung rasa lan ngendaleni dhiri. Mudhun saka jaran nalika weruh ibune lagi napihi beras, Panukuh banjur ngrangkul sampeyane ibune lan sujud karo nangis ngguguk kaya bocah cilik. Ibune kaget banjur ngelus alus rambute putrane sing paling kinasih kuwi lan ngrangkul awake sing gagah, gedhe, dhuwur. Mudra lan Sekar kang kajibah njaga Gusti Ayu Manohara uga melu metu kepengin ngerti ana kedadeyan apa. 


Panukuh banjur masrahake serat kekancingan kang ngandakake panetepane dadi Rakai ana ing Watak Pikatan kang amba ana Kewu. Sak nalika Gusti Ayu Manohara ngrangkul putrane kuwi kebak tresna. Gusti Ayu Manohara rumangsa anggone laku prihatin lan manekung marang Pangeran kang akarya jagad. Semana ugi Mudra lan Sekar kang banjur jengkeng lan nyembah marang Panukuh. Panukuh mlayoni abdi-abdine sing setya kuwi karo omong “Aja ngowah-owahi adat,  Kakang Mudra lan bibi Sekar. Senadyanta aku saiki wis duwe kalenggahan dadi Rakai ing Pikatan, aku tetep Panukuh. Panukuh sing dadi kadang kakang lan bibi, uga kadang kanggo paman Wulung, paman Kumbayoni, paman Seta lan bibi Wulan.” Kandane. Mudra lan Sekar ora bisa nahan tangise kang wutah kaya grojogan, ananging banjur diselani pangandikane Gusti Ayu Manohara “Wis. Aja tetangisan meneh. Bab iki mesthine dadi kabar kang nyenengake, dadi aja tetangisan meneh. Mudra, coba memburia, kae cempe lan pitik sing babon belehen. Aku lan Sekar bakal mangsak kanggo muji sukur dene Panukuh bisa dadi Rakai ing lemah Kewu. Lemahe wangsa Sanjaya. Wis ayo ndhang cekat-ceket. Sliramu nyare kene ta, Panukuh ?” pitakone kanjeng Ibune. Panukuh manthuk. “Inggih, ibu. Ananging mesakaken Paman Mahesa Seta yen piyambakan nengga Bhumi Sambhara.” Wangsulane Panukuh. “Mangke kula ingkang ngancani, Gusti. Penjenengan wonten mriki kemawon kaliyan Gusti Ayu. Mesaken dene Gusti ayu temtu kepengin sesarengan lha wong penjenengan rak njih awis-awis kondur sak plokipun mbangun Bhumi Sambhara.” Mudra nyelani. Gusti ayu Manohara mesem lan ngendika meneh. “Ya, bener kandamu Mudra. Mengko gawakna sisan ingkung, sega gudangan lan gule wedhuse. Semana uga mengko Wulung, Kumbayoni lan Wulan uga aja lali diteri.” Mudra manthuk seneng lan gumbira, semana uga Sekar. 


Anggone pada olah-olah uwis ora nuduhake rasa prihatin kaya biyasane ananging kanthi rena ing galih lan entheng ana pikir. Mudra mbeleh pitik cacahe pitu kanthi mawa teges rasa sukur amarga uwis antuk pitulungan. Cempene uga pitu, sega golong lan gudhangan banjur diolah. Dasare Gusti Ayu Manohara lan Sekar kuwi pinter masak, Panukuh sing arang-arang bisa ngrasakake mangsakane ibune sajak kemecer ora sabar. Lawuh sing ora mawa duduh banjur diwadahi takir lan sing mawa duduh diwadahi nganggo kuali grabah sing rada cilik-cilik. Sak wise pada kembul bojana, Mudra banjur mangkat nggawa ater-ater kanggo abdi liyane sisan menehi kabar marang Wulung sak kancane sing durung ngerti kabar iki. 


Panukuh nguntapake lungane Mudra lan nggandheng ibune mlebu ngomah. Ana njeron ngomah Gusti Ayu Manohara lan Sekar banjur ngidung memuji marang Pangeran ingkang akarya jagad. Panukuh bombong atine gene sidane bisa gawe biyunge seneng lan gumbira.  Anggone kekidungan rada sawetara nganti Gusti Ayu krasa arip lan ngejak Sekar leren. Sekar banjur nyepakake papan kanggo Panukuh. Ananging Panukuh malah kanda yen Sekar lan Gusti Manohara ngaso dhisik, ana sing isih kepengin dilakoni dening Panukuh. 


 Ing antarane tabuh sepisan, Panukuh ngangsu banyu sumur lan gebyur saka sirah tekan pucuk sikil. Londo merang ketan ireng sing wis cemepak ana kono dianggo kramas. Banyu sumur kuwi krasa adem, kaya atine saiki. Sak wise adus, Panukuh manekung marang Gusti kang akarya jagad supaya nyambangi lakune lan apa kang dadi sedyane kabul. Nalika sembahyang Panukuh ngungun dene ana wewayangan sing marai atine dadi goreh. Wewayangan kuwi tansah ngreridhu atine. Wola-wali Panukuh nyoba ngilangake wewayangan kuwi ananging ora kasil. Panukuh bali nyoba manekung kanthi ner kang bener, lan mak plas suksmane metu lan kaya ginawa ing ngalam kang durung tau diweruhi. Kabeh krasa endah lan nyenengake. Panukuh uga weruh maneka werna rerupan ghaib sing karanan widadara lan widadari sing uga endah ing werna, banjur para leluhur kang wis tilar donya klebu kanjeng ramane.  Panukuh kaget ning mung bisa meneng wae. Suksma kuwi katon mesem seneng lan kaya paring berkah marang kang lagi nglakoni. Panukuh kaya nyerot sarining alam lan kaya-kaya jagad gedhe kuwi nyewiji marang jagad cilice banjur bali mak plas, kabeh mau ilang. Panukuh ngelekake mripate wis kliwat tabuh telu nalika pitik jago sing sepisanan kluruk. Panukuh mesem, dheweke ngerti menawa lakune di sengkuyung dening bawana amarga jagad gedhe  kuwiwis nyewiji karo jagad cilike. 


Panukuh banjur ngadheg lan tumuju ana senthonge.  Panukuh nyelehake awake sedhela banjur bablas merem. Udakara tabuh pitu Panukuh uwis sedya mangkat  ana kraton amarga kudu nyepakake pirantining upacara kanggo ngresmakake Bhumi Sambhara ora suwe meneh. Jarane wis diguyang dening Sekar lan sandangan sing dienggo Panukuh uga wis dicepakake dening Gusti Ayu Manohara. Panukuh pamit marang ibune lan dipengestoni. 


Panukuh banjur mlayokake jarane banter. Sak durunge mengadhep Rakai Halaran lan Pamgat Kraton Wiku Wirathu, Panukuh manpir sedhela ana Bhumi Sambhara kanggo mesthekake kabeh lumaku kanthi lancar. Mahesa Seta katon mongkog apameneh ana kono wis nglumpuk kabeh abdi setyane. Kabeh pada jengkeng lan nyembah. Nanging Panukuh ngrangkul kabeh karo mesem seneng. Wulung sing ora bisa ngampet eluhe, semana uga Kumbayoni lan Sekar. Merga Bhumi Sambhara uwis rampung depo-depo watu wis ora perlu dijaga meneh. Saiki malah Bhumi Sambhara kang kudu rada rapet panjagane amarga ora suwe meneh bakal diresmakake. Wulung sak kanca nyaguhi njaga Bhumi Sambhara sak mangsane Panukuh sowan ana kraton. Mahesa Seta bakal ngancani Panukuh kanggo njaga supaya ora ada kedadeyan kang ora dipengini, ngelingi ora kabeh seneng utawa sarujuk bab anane watak anyar aran Pikatan iki. Panukuh seneng dene Mahesa Seta gelem nganthi. Sak durunge budal Panukuh sepisan meneh ngrangkul Wulung sing kepiyea wae labuh labete gedhe banget kanggone Panukuh. 


Tekan kraton Panukuh dibagekake dening Rakai Halaran, Rakai Wlehan, Rakai Pangilhyan lan banjur diderekake mengadep Mahamentri I Hino kang bakal mandhegani upacara kanggo ngresmekake Bhumi Sambhara. Ananging sak durunge sowan ana ngarsane Mahamentri I Hino Gusti Ayu Pramodawardhani, Panukuh lan Mahesa Seta kudu ganti klambi kang nggambarake nayaka utawa pamonge kraton Mataram. Panukuh lan Mahesa Seta banjur mlebu senthong lanlukar busana ganti pakean penggedhene kraton Mataram. Mahesa Seta dhewe  banjur diwenehi klambi kang nuduhake kalenggahan sak drajat Tumenggung ana ing Mataram. Mahesa Seta katon seneng banget. Durung tau rasane ngenganggo barang kaya ngono sak engga katon gagah lan gantheng. Dasare Mahesa Seta duwe rupa ireng manis nyenengake. Brengose tipis nambahi gagahing praupane. Ning sing katon ora jenjem malah Panukuh. Embuh kenapa sak wise patemon kang kaping pindho karo Mahamentri I Hino jantunge kaya kinebur, jagade dadi kepyur ing werna-werni kang endah.


Sak dawane lurung tumuju gedhonge Mahamentri I Hino, Panukuh ngrasakake jantunge kaya luwih cepet keteke. Kringete dleweran kamangka wanci kuwi sak jane lagi bediding sak engga kudune krasa adem. Dudu malah dleweran kringete. Ana ngarep kamar gedhe kanthi lawang ukir, Rakai Halaran ndhodog lawange Mahamentri I Hino lan dibukakakekaro citraleka (Juru tulis/Sekertaris) Sang Mahamentri. Eseme Mahamentri I Hino gusti ayu Pramodawardani meh wae nggawe jantunge Panukuh ambrol. Ananging Panukuh kudu bisa ngendaleni rasane. Pramodawardhani ngaturi kabeh tamune lenggah. Suguhan arupa panganan-panganan legi sing digawe saka beras ketan lan gula Jawa wis disediakake ana kono. 

Pramodawardhani najur njlentrehake lakune upacara kanggo ngresmakake candi ana Bhumi Sambhara Budura kang bakal dipandegani Pamgat Kraton lan Pramodawardhani dhewe. Banjur kang bakal ngresmeake yaiku Sri Mahtiraja Abhiseka Samarattungga lan garwane Sri Kahulunan. Panukuh ngrungokake kanthi permati apai-api yen dudu Pramodawardhani sing paring katrangan kuwi supaya atine luwih jenjem. Pramodawardhani dhewe kerep banget ngguwang liring marang Panukuh sing marai ambegane Panukuh krasa seseg. 


Meh rong jam anggone Mahamentri I Hino njlentrehake lakune upacara nganti ing pawisudan pamong praja mengkone. Lan sak suwene iku uga Panukuh rasane kaya nglingguhi mawa. Sak wise kabeh ngerti apa kang dadi kuwajbane, Pramodawardhani ngentukake kabeh tamune ninggal papan. Panukuh krasa lega, ananging nalika arep menyat, lakune dicandhet dening Gusti Ayu Pramodawardhani. “Mangke rumiyin Rakai Pikatan. Wonten bab ingkang kedah kula aturaken pribadi.” Kandane karo nyekel lengene Panukuh sing saiki wis ditimbali kanthi gelare. Panukuh utawa Pikatan mandheg. Atine mak dheg.  Pikatan wangsulan tanpa wani mandeng pasuryane Pramodawardhani. Jebul bab kuwi uga marai Pramodawardhani dadi ora jenjem atine. Rasane mobah mosik ora karuwan. “Ngaten Rakai. Mbenjang nalika upacara wisuda. Para Rakai enggal kedah yasa ageman ingkang sampun katetepaken. Para Rakai ingkang badhe kawisuda sampun mangertos. Ananging penjenengan rak dereng pirsa amargi serat kekancingan ingkang pun asta Rakai Halaran saweg mawon dumugi. Dados penjenengan mboten perlu yasa, kula sampun ndamelaken kagem penjenengan.” Kandane Pramodawardhani karo semu isin. Pikatan kaget. Pramodawardhani ngulungake klambi sing sajake dijahit lan dibatik dhewe. Pikatan atine saya ora karuwan. Apameneh nalika maringake ageman ora sengaja tangane Pramodawardhani nindihi tangane Pikatan. 


Rasa alus tangane Gusti Ayu Pramodawardhani kaya nyetrum ana tangane Pikatan, ananging lucune nalika tangan kuwi pada gesekan Pikatan malah dadi adreng kepengin nyawang pasuryane sang putri. Lan Pikatan kaya ora kedep nyawang ayu lan manise Putri Syailendra kuwi. Mbok menawa yen ora ngelingi suba sita, wektu iku uga Pikatan bakal mondong sang putri lan ngruket kenceng. Ya mung merga suba sita lan ngelingi menawa sing diadhepi dudu wanita biyasa, Pikatan banjur ndudut tangane alon lan bali ngedhunake paningale sing tumanjem. “Matur nuwun Gusti ayu. Nyuwun ngapunten menawi kula malah ngrepoti penjenengan dalem. Kula ugi ngaturaken panuwun bilih gusti ayu sampun dados tameng kula ingkang sak estu sak engga kanjeng rama paduka mboten duka dumateng kula sak kanca.”ature tanpa wani nyawang kaya mau. Sing dijak omong uga ngalihake pandelengane supaya mripate ora gapruk karo priya ana ngarepe kuwi. Pramodawardhani ngerti menawa atine saiki lagi kepranan karo Rakai anyar aran Pikatan iku. Manis eseme mratandani yen sang putri isin ananging uga kepengin nyawang sang pepujaning ati. “Sami-samai Rakai. Mugi pas kaliyan penjenengan. Bab kanjeng rama, kula sampun matur lan sinuwun Samarrattungga pitados dene penjenengan mboten badhe merong kampuh jingga” Wangsulane sang putri. Pikatan ngangkat dhuwur ageman kuwi nganti ngliwati raine kanggo ngatonake rasa kurmat lan panuwun. Ageman kuwi uga kanggo nutupi liringe kang meneng-meneng nglirik putri sing wis ngobrak-abrik atine kuwi.




Bhumi Kamulan Sambhara Budura sidane bisa diresmakake kanthi upacara gedhe kang endah lan edi. Samarattungga uga mongkog amarga Bhumi Sambhara bisa dadi ing jamane. Kabeh tamu kang diundang saka wewengkon sak cedhak kono nganti tamu saka manca ngalem endahing candi lan uga kabeh tetamanan sing digawe lan digambarake kaya Taman Kumbini. Pangaleme para raja uga keprungu dening Samarattungga sak engga menawa Tri suci Waisak, papan kuwi mesthi dadi jujugan. 



Pikatan uga kasil kawisuda dadi Rakai ana watak kang mbiyene tilas kawulane Mahamentri I Halu sak engga Pikatan kudu nyambut gawe abot kanggo ngyakinake kawulane yen makmur kuwi ora bab sapa lan turun sapa sing dadi panguwasning sawijining wewengkon. Apameneh wong-wong sing wis tau entuk kalodangan-kalodangan nalika jaman isih dadi siji karo watak I Halu mesthi wae ora rila ngeculake kabeh kuwi mau. Ananging Pikatan dudu wong kang ora sabar lan ora nganggo petungan. Kabeh wong Syailendra sing dianggep pinter diwenehi kalenggahan uga papan-papan sing mirunggan. Kabeh kawulane diajab ora kurang ing pangan lan papan sak engga Pikatan njurungake bab-bab tetanen lan ngingu sato iwen. Pikatan uga mbangun omah-omah sing becik aknggo kawulane sing kesrakat. Maune tekane Pikatan dianggep ora nyenengake lan dianggep ngendih kapitayan sing ana. Bab kuwi wis digembar-gemborake sak durunge karo andahane Pangeran Balaputradewa, ananging sing dilakoni Pikatan malah suwalike para wiku dirangkul, vihara-wihara dibangun. Sadengah nom-noman kang kepengin sinau ana manca diragadi lan sak piturute, alon-alon nglumuhake rasane wong-wong Syailendra. Pikatan uga ora nate telat anggone asok pajek lan yen pajek kuwi dirasakake ngebot-boti para kawula Pikatan ora rikuh utawa kabotan nyuwunake keringanan marang Pamgat Mamrata sing ngurusi bab-bab pajek. Menawa isih dingel-ngel Pikatan bakal ngadhep ana ngarsane Samarattungga, ananging kerepe wis dirampungake dening Mahamentri I Hino. 


Bab pajek iki uga kang saya ngraketake  sesambungan antarane Mahamentri I Hino lan Pikatan. Loro-lorone duwe penemu sing pada yen Pajek kuwi mengkone kudu dibalekake kanggo kemakmuraning kawula. Rumakete Pikatan lan Mahamentri I Hino kuwi dudu ora dijarak ananging pancen diraketake dening Sri Kahulunan. Apameneh nalika Samarattungga nandang gerah, Sri Kahulunan ndawuhi Mahamentri I Hino supaya dedonga ana candi Tara ing Kelasa, wewengkon Kewu. Senadyanta ora klebu ing watake Pikatan, Sri Kahulunan mesthi nyambat Pikatan kanggo ndherekake tindake Sang Mahamentri. Pikatan uga seneng lan mongkog entuk kalodhangan cedak karo gegantilaning atine. 


Para abdine Pikatan rata-rata njurungake supaya Pikatan bisa bebrayan karo sang Mahamentri I Hino ananging Kumbayoni sing ora nyarujuki amarga Pikatan lan Pramodawardhani kuwi beda kapitayan lan beda wangsa. Ananging Mahesa Seta, Wulan lan Sekar kang mesthi mbelani gustine kanthi dedasar yen tresna kuwi ora nyawang drajat, pangkat, semat, kapitayan utawa wangsa ananging luwih ana ing njero rasa lan atine sing nglakoni. Tresna kuwi bisa ngrampungake kabeh perkara.




Pikatan katon linggih ana sak ngisoring wit ringin gedhe nalika nunggoni Mahamentri I Hino kang lagi sembahyang ana Candi Tarabhawana ing Kelasa. Anggone Sembahyang kadherekake para Wiku kang uga manggon ana Vihara sak cedhak kono. Mahamentri I Hino duwe ujub ndongakake ingkang rama kang wis wiwit gerah-gerahen supaya bisa bali sehat kaya wingi uni lan bisa nglakokake lumakune tata praja lan tata ning Negara. Sawetara Mahamentri I Hino sembahyang lan nglakoni upacara-upacara, Pikatan nyawang endahe Bhumi Kelasa.  Swasana kang edum lan swara lirih para wiku maos sutera marakake rasane Pikatan saya ora karuwan. Ana ing njero candi kuwi Pikatan rumangsa atine kegawa ilining pandonga saka wanita kang uwis nancepake katresnan kang saya suwe saya ngreridhu pikirane. Gambarane Dewi Tara kaya-kaya mawujud ing praupane Pramodawardhani sing ayu lan luruh. Saka kadohan Pikatan bisa weruh pepujaning atine kuwi ngeremake mripate. Lambene sing kaya gula sanemplik katon obah ngidungake donga lan puja marang pangeran kang akarya jagad., nambahi endahing pasuryane. Angin sumilir  kaya ngelus-elus rambute sing dawa lan ora digelung nalika kuwi. Ambune dupa ratus lan kembang sing dadi sesajen sembahyang nggoda irunge Pikatan klebu ambune wangi-wangi  lenga cendana lan mlati kang mesthi ngambar arum saben Pramodawardhani ana sak cedake Pikatan. Ganda sing ora tau bisa dilalekake lan ngisi pengimpene saben bengi.


Pikatan nyoba ngguwang kabeh rasa kang nggubel ana dhadhane amarga ngerti nresnani yen Pramodawardhani kadya wong cebol kang ngluru rembulan. Pikatan banjur menyat supaya apa kang dirasakake ora saya banget-banget nyiksa atine. Pikatan banjur mlaku ngubengi candi lan ngematake  endahing candi Tara kuwi. Pikirane banjur mubeng, rasa kang nggubel ana dhadhane bab katresnane marang Pramodawardhani sak nalika ilang yen wis wiwit naliti sawijining candi. Pikatan ngematake bangunan kuwi kanthi ngati-ati lan njekitutake bathuke. Candi Tara ana Kelasa kuwi dibangun kanthi cara kang beda karo apa sing ana neng Sambhara Budura, arepa sakjane sing miwiti mbangun candi kuwi priyayi sing pada yaiku Sri Maharaja Tejapurnapana Panangkaran. Ana sing marai Pikatan kepengin naliti candi kuwi awit carane nyambung watu-watu kuwi ora nganggo pathok-pathok watu kaya ing Bhumi Sambhara Budura ananging dilapis nganggo Bajralepa kang digawe saka plesteran watu alus. Ananging Pikatan wis tau krungu saka para stapaka  utawa pendhita/Wiku kang ngrancang bangunan candi kayata Mpu Gunadharma ngandarake menawa Bajralepa kuwi kagawe saka putihan endhog, lerak, gamping, lan deplokan watu alus. Bajralepa iki duwe kaluwihan bisa nglapisi candi sak engga ora gampang gapuk lan marai watu candi katon mengkilap. Pikatan kang tau dadi cilpin ageng utawa Sthapati banget ngungun nyawang kaendahane candi  Tara ana Kelasa kuwi. Ukiran Sulur-sulur, reca-reca Budha, dagoba-dagoba (stupa) lan reca Gana (menungsa cebol kang wetenge mlenthis, biyasane nggawa barang-barang) digarap kanthi alus lan ngremit. Sak njaban candi ana kaya lurung kang diukir kanthi gambaraning dewa-dewa kang nggawa kembang Padma lan amben lawang kanggo mlebu ana ukiran Kala kang jenggere wujud kembang. Sak liyane kuwi uga ana ukiran uwit para dewa kang isine kawulane kahyangan lagi ngunkekake rebab lan gendhang. Candi Tara kuwi uga duwe Makara-makara sing diukir kanthi endah banget. Sak jerone candi senadyanta Pikatan ora mlebu, ana patung  utawa reca kang digawe saka Perunggu  kang dhuwure 6 meter (emane reca kuwi saiki ilang). Pikatan ngunjal ambegan landung, katresnane marang seni pembangunan candi kuwi pada adrenge kaya tresnane marang Pramodawardhani. 


Pikatan ngerti yen para kawulane saka wangsa Sanjaya mesthi ora sarujuk bab rasane marang putri Syailendra kuwi. Semana uga mesthine wangsa Syailendra dhewe uga ora bakal lila yen turunan panguwasa wangsane tiba ana ing rangkulane priya saka wangsa liyane. Ananging kanggone Pikatan katresnan kuwi ora winatesan ing turun, kapitayan apameneh wangsa. Rasa tresna kuwi kanugrahane pangeran kang ora bisa diselaki dening sapa wae.  


Rada suwe anggone Pikatan ngalamun nganti ana tangan alus kang nebak pundake alon. Pikatan jantunge kaya ucul nalika ngerti yen sing nebak pundake sang putri dhewe. “Kok kados wonten ingkang pun penggalih ta, Rakai?”pitakone Pramodawardhani karo mesem endah kebak tresna. “Mboten, kok Gusti Ayu. Namung naliti candi Tara menika. Endah sanget. Ukiranipun, makara-makara lan dagoba radi benten kaliyan ingkang kula damel wonten Bhumi Sambhara.”kandane Pikatan ndhelikake rasa atine. Pramodawardhani nyawang Pikatan kanthi asih, nggawe sing dipandeng saya ora jenjem atine. Mbok menawa yen ora ana para Wiku ana kono, Pramodawardhani wis bakal diruket lan Pikatan bakal mratelakake rasa tresnane. “Guti ayu sampun rampung ? Utawi taksih badhe tindak malih dateng pangenan sanesipun wonten Kelasa mriki ?” pitakone Pikatan.  “Mboten. Kula badhe wangsul wonten pesanggrahan kemawon wonten watak Pikatan. Kados pundi Rakai, penjenengan rak mboten kawratan ta? Pramodawardhani bali nakoni Pikatan. Pikatan gedheg karo mesem lan banjur cepet-cepet njangkah supaya ora kudu adu paningal amarga sumelang Pramodawardhani bisa maca rasa atine. 


Sak suwene ana ndalan swasana sasat amem lan sepi, mung swara angin lan ocehane manuk sing bisa  nglipur atine sing pada lumaku. Pramodawardhani nitih kreta sing ditarik jaran papat kaampingi dening abdi emban loro lan kusir siji. Pikatan nunggang jaran ana sisihe kreta. Saben-saben sang putri nglirik Pikatan karepe ben bisa dijak rembugan utawa sak ora-orane bisa pada cerita bab rasa atine. Nanging sajake Pikatan isin menawa rasa atine dikandakake ana sak ngareping para kawulane, sak engga Pramodawardhani kudu nunggu kalodangan sing becik kanggo bisa omong-omongan kanthi merdika. 


Sak wise tekan pesanggrahan Pikatan banjur mbagekake tamune ana gedhong kang pancen wis dicepakake Pikatan kanggo tamune kuwi. Wulung lan Sekar sing uga mbiyantu Pikatan katon mesam-mesem nggodha gustine. Sing digodha ethok-ethok ora ngerti.  Nanging Pramodawardhani dadi ngerti yen sakjane Pikatan duwe rasa sing pada karo isining atine, ya mung mbok menawa amarga saweneh perkara Pikatan durung wani ngandakake rasa tresnane. 


Wengi kuwi nalika Pikatan lagi manekung marang Sang Hyang Agung ana saklebating bayangan medun saka regol cepuri tumuju ana gedhong anggone Pramodawardhani lan para abdine pada ngaso.  Pikatan menyat lan ngoyak bayangan kuwi. Jebul pancen duratmaka sing sajake arep tumindak ora becik. Duratmaka kuwi nggawa pipa sing mawa kebul kang kandel lan menawa kebul kuwi di damu lan ngenani raine pawongan sapa wae mesthi banjur semaput. Amarga nalika ana Gujara Pratihara, Pikatan kerep saba ana alam lan cedak karo sabangsane tetuwuhan Pikatan langsung ngerti apa sing dienggo nglumpuhake prejurit jagane. “Godhong Candu.” Ujare Pikatan neng njero ati. Pikatan banjur mbukak iket sirahe lan nutup irunge karo ngetutake lakune duratmaka mau arep ngarah apa. Jebul duratmaka mau mencolot mlebu senthonge para putri lan emban kang sak nalika pating jlerit, semana uga Pramodawardhani. Nanging durung nganti panjerite para putri lan emban mau bisa keprungu para prejurit, duratmaka kuwi banjur ndamu meneh pipane, sak nalika para putri ambruk ora eling.  Duratmaka mau banjur ndhudut cundrike lan nggoleki Pramodawardhani. Ngerti yen kahanane mbebayani Pikatan singsot banter kanggo mratandi para abdine yen ana bebaya. Dheweke dhewe banjur ngendekake duratmaka kuwi.  


Duratmaka kuwi nyoba ndamokake kebul kuwi mau ana raine Pikatan, ananging merga Pikatan nutupi irung lan tutuke nganggo iket sirahe, kebul kuwi ora mempan. Durung nganti Pikatan takon apa-apa, cundrik sing semaune arep dienggo natoni Pramodawardhani katamakake ana dhadhane Pikatan.  Nanging nalika cundrik kuwi ngenani kulite Pikatan, dudu  dhadhane Pikatan sing tatu malah cundrike sing tugel. Weruh kahanan kaya ngono duratmaka kuwi ngerti yen sing diadhepi dudu wong sing lawar ananging mesthi duwe kadigdayan linuwih.  


Duratmaka banjur nyoba mlayu kanthi arep mlumpat jendela, ananging sikile kasil ditarik dening Pikatan sak engga duratmaka kuwi tiba krengkangan. Duratmaka kuwi banjur cepet-cepet tangi lan ngetog tenagane nyurung Pikatan. Pikatan enda karo nyekel tangane duratmaka kuwi mau banjur dibanting sora. Duratmaka kuwi isa mencolot memburi lan sepisan engkas nyoba mlayu, ananging keselak tekane Mahesa Seta, Wulung lan Mudra. Ngerti yen ora bakal bisa lolos duratmaka kuwi banjur pasrah. Wulung langsung nibakake tangane sing anteb ana raine duratmaka kuwi sak engga tiba krengkangan. Mahesa seta banjur nyekel cengele duratmaka mau, sedyane bakal ditakoni sapa sing akon manjing keputren. Ananging durung nganti duratmaka kuwi mau mbukak swara, ana peso glathi mabur lan nancep persis ana gulune duratmaka kuwi  sak nalika dadi lan tiwase. Wulung lan Mahesa Seta kaget. Nanging arep ngoyak sapa sing nguncalake glathi kuwi mau wis ora kecandhak amarga wewayangane wae wis langsung ngilang ana tengahing wengi. 


Pikatan rada gela amarga ora bisa nakoni duratmaka kuwi duwe karep apa karo Gusti ayune Pramodawardhani. Wulan lan Sekar sing uga krungu ana rame-rame neng senthong keputren pesanggrahan uga banjur gemruduk teka. Wulan lan Sekar banjur naliti kuwandane duratmaka mau, ananging ora ana tanda kang bisa dienggo mangerteni sapa sejatine pawongan kuwi lan sapa sing akon. Wulung banjur mbukak omongan “ Apa dudu perjinemane Pangeran Balaputradewa?”  Wulan gedheg “Dudu, kang. Aku ora tepung lan ora ana tanda kembang cubung ana pundake. Sajake dudu wong laladan kene.”kandane Wulan. “Yaw is. Saiki ora susah digawe rame. Aku tak niliki kahanane Gusti Ayu Pramodawardhani. Semana uga bibi Wulan lan  bibi Sekar bisa niliki kahanan para emban. Paman Wulung lan Paman Mahesa Seta, ruktinen kuwandane duratmaka iki kanthi becik amarga kepiyea wae anggone mati kuwi lagi ngayahi kuwajibane. Kakang Mudra urusana prejurit-prejurit sing pada semaput kae amarga kena dayane godhong candu. Raupana wae mengko rak banjur pada eling.” Kandane Pikatan. Para abdi wangsulan sendika banjur pada ngayahi pakaryan kang wis ditentokake. 


Alon-alon Pikatan nggendhong Pramodawardhani lan diturokake ana peturone. Pikatan banjur njikuk bakal sing resik lan ditelesi banyu. Kanthi alus, pasuryane Pramodawardhani dilap karo irunge diambono lenga cendana. Nalika eling Pramodawardhani banjur ngambruk ana dhadhane sang Pikatan karo muwun. Pikatan ngelus-elus gegere Pramodawardhani. “Sampun muwun Gusti ayu.  Duratmaka ingkang nyobi mlebet kaputren sampun tiwas. Dados penjenengan sampun kuwatos malih.” Kandane Pikatan. Pangrangkule Pramodawardhani saya kenceng, “Nanging kula ajrih, kangmas.” Wangsulane Pramodawardhani. Mak deg atine Pikatan nalika Pramodawardani ora ngundang kaya adat sabene. “Mboten sisah ajrih. Kula temtu nyambangi lan ngayomi penjenengan ndalem.” Kandane Pikatan rada groyok. Pramodawardhani banjur mandheg anggone nangis lan nyawang Pikatan. “Menapa menika sak estu, kangmas?” pitakone Pramodawardhani. Sing ditakoni sak nalika nyawang pasuryan putri gegantilaning atine kuwi kanthi rasa asih. “Sak estu, Gusti.” Kandane Pikatan meneh karo ngelapi eluh saka pipine Pramodawardhani. Putri Syailendra kuwi banjur bali ngambruk ana dhadhane Pikatan. Saka kupinge sing nemplek ana dhadhane Pikatan, Pramodawardhani ngerti yen jantunge Sang Pikatan keprungu sora lan cepet. Pramodawardhani mesem manis banjur omong “Mbok menawi naming wonten kula lan penjenengan, sampun ngendika Gusti ayu mekaten ta Kangmas. Lha wong penjenengan menika rak ugi putra turun nalendra. Cekap nimbali diajeng, ngaten kemawon lak lakung sekeca ta kangmas.” Kandane Pramodawardhani manja. “Kula….kula…mboten wantun, Gusti Ayu. Penjenengan menika kalenggahanipun langkung inggil tinimbang kula, menika ateges kula cumanthaka dateng….”durung nganti Pikatan rampung anggone omong, drijine putri Syailendra sing mucuk eri kuwi wis nemplek ana lambene Pikatan. “Kangge tiyang ingkang raos manahipun nyewiji mboten wonten malih derajat utawi kalenggahan menika, kangmas.Ingkang wonten naming raos asih lan tresna kemawon.” Pramodawardhani omong lan sak nalika Pikatan praupane dadi abang merga ngampet rasa sing wis meh kaya njebluk-njebluka ana atine. “ Nuwun sewu, lepat sih nyuwun ngapunten Gusti. Menapa menika tegesipun penjenengan gadah raos ingkang sami kaliyan raosing manah kula?”pitakone Pikatan. Saiki genti Pramodawardhani sing ndhingkluk, isin. Eseme didelikake marai Pikatan saya ora karuwan rasane “ Apa ya ngono ta diajeng? Wangsulana pun kakang. Aja nggodha atiku. Uwis suwe aku mendem rasa tresna iki jeru ana telenging atiku ming aku ngrumangsani nek dudu sapa-sapa lan ora patut ngarepake katresnanmu, diajeng. Kuwi kaumpamake wong cebol nggayuh rembulan.”kandane Pikatan groyok. Pramodawardhane nyawang praupane priya sing lenggah ana sisihe banjur wangsulan alon. “ Kangmas, wonten wangsa Syailendra kathah pangeran-pangeran ingkang kagungan pasuryan ingkang bagus, gagah lan nyenengaken. Bandha donya mboknawi inggih kathah, ananging kula mboten saged ngapusi raosing manah kula piyambak dene raos katresnan kula naming kagem penjenengan. Wiwit duk nalika penjenengan ngendika menawi penjenengan menika Mpu Manuku turunipun wangsa Sanjaya, raos manah kula sampun dhawahaken katresnan dumateng penjenengan amargi penjenengan priyayi ingkang jujur lan wantun ngendikaken menapa ingkang sak nyatanipun sinaosa tohipun nyawa. Penjenengan ugi priyayi ingkang ikhlas lan ageng manahipun dene penjenengan rila gesang kados tiyang ingkang papa sudra supados mboten wonten perang ageng antawisipun Syailendra lan Sanjaya. Penjenengan ugi priyayi ingkang wasesa segara kang ateges saged ngapunten dumateng tiyang ingkang nggadahi lepat dumateng penjenengan, kados kaliya rama Sinuwun Samarattungga kamangka kanjeng rama sampun tumindak ingkang nglangkungi wates kamanungsan sak engga  murugaken tiwasipun sadengah priyayi wangsa Sanjaya kalebet rama penjenengan, kangmas. Ananging penjenengan mboten nate nyimpen raos sengit kaliyan ingkang rama sinuwun malah makaping-kaping mbiyantu kanjeng rama lan sak menika ugi nylametaken gesang kula” Kandane Pramodawardhani karo netesake eluhe. Pikatan banjur wani ngrangkul gusti ayune kuwi kanthi rasa kebak tresna. “Mongkog rasane atiku diajeng. Jebul katresnane pun kakang dudu tresna kang mung dadi kembange pangimpen. Apameneh jebul diajeng Pramodawardhani uga duwe rasa tresna sing pada. Bab aku nylametake sliramu kuwi amarga wis dadi kuwajibanku njaga keslametanmu, diajeng. Lan yen ana apa-apa sing nyebabake sliramu tatu aku uga mesthi melu lara, apameneh yen nganti sliramu banjur ora ana, piye anggonku mbacutake urip.” Kandane Pikatan. 


Wengine saya peteng kaseksenan padange rembulan lan endahe lintang-lintang, Pikatan kang ngerti yen katresnane ora mung dadi kembange impen lan kasunyatane ora ditampik dening putri Syailendra kuwi banjur janji ana jroning ati. Apa wae kang ngalang-alangi rasa tresnane bakal diadhepi lan sepisan dheweke wis nyekel tangane gusti ayu Pramodawardhani ora bakal diculake maneh.Sumilire angin kaya mawa kekidungan kang lagi nembangake pahargyan katresnane Pikatan ora mung marang putri kang banget  ditresnani kuwi ananging uga katresnane marang kamanungsan dene manungsa kuwi cinipta pada senadyanta saka turun, wangsa lan kapitayan sing beda.  Saka kadohan lamat-lamat keprungu swarane jangkrik lan manuk guwek kang kaya gamelan ngiring kidung tresnane Pikatan ana wewengkon Kewu sak laladane. Emane saka ing petenge wengi katon wewayangan ireng, blegere wong kang isih kasinungan rasa sengguh marang kapitayane, marang wangsane, marang turune. Saka kadohan Kumbhayoni nyawang  wong loro sing lagi pada pepasihan kanthi praupan kang ora seneng. Ana rasa gela sing sumlepit ana telenging atine geneya murid sing mbiyen dadi gegadangane  lali marang mula buka lan lara lapa wangsane sak engga gelem nampa katresnane mungsuhe. Kumbhayoni ngunjal ambegan dhawa lan mbalikake awake kanthi praupane sing peteng. Wewayangane ilang mlebu ana rapeting las-alas sak cedak kono.

 


Wangsa Syailendra geger sak wise Sang Maharaja Samarattungga netepake dhaupe putri Pramodawradhani karo Rakai Pikatan kang jebul turun Sanjaya. Wangsa Syailendra rumangsa diapusi dening Pikatan kang nggebang Mahamentri I Hinone sak engga wangsa Sanjaya bisa bali entuk kalodangan linggih bareng karo wangsa Syailendra lan melu nyekel panguwasaning Mataram.Kanggo nyidem swara kang ora ngepenake Samarattungga ora menehi PIkatan kapercayan ing bab-baba tataning praja utawa tataning  praja ananging mung menehi kapercayan ing babagan pembangunan candi-candi. Pikatan sing ngerti menawa maratuwane duwe kuwajiban njaga tentreming praja ora lara ati, malah kepara seneng amarga mbangun candi kuwi pancen pakaryan sing disenengi. Ananging sadengah kawulane rumangsa lara ati geneya Pikatan mung trima ming diwenehi pakaryan sing ora ana ajine sak liyane bab kalodangan panguwasa ing watak sing isih dadi tanggung jawabe Pikatan. Abdi lan kawulane sing rumangsa diasorake dening Samarattungga klebu Mpu Kumbhayoni kang rumangsa yen wis kudune Syailendra mbagi kalenggahane karo Mahamentri I Hino.  Ananging kanggone Wulung, Mahesa Seta, Mudra, Wulan,  Sekar lan luwih-luwih Gusti ayu Manohara apa sing saiki dicekel dening Pikatan wis kanugrahan sing tanpa pepindha saka Dewa kang akarya jagad. 


Samarattungga lagi menehi Pikatan kalodhangan sing luwih gedhe sak wise Pramodawardhani nglairake putra pembajeng mijil kakung kang aran Dyah Lokapala (Rakai Kayuwangi). Pikatan banjur dipercaya ngurusi Pajeking Negara. Tugase nglumpukake pajek saka para pangkur (tukang nglumpukake pajek) sing wis njikuki pajek saka para Rakai kang nguwasani watak-watak sak Negara. Pakaryan kuwi ora gampang merga Pikatan kudu ngadhepi Rakai-rakai sing nakal lan kerep ngunthet pajaking Negara. Kuwi sebabe Pikatan banjur narik Wulung lan Mahesa Seta ngewangi pakaryan anyare kuwi. 


Pikatan mesthi wae akeh disengiti karo para Rakai sing ora jujur kuwi ananging ditresnani dening para kawula alit amarga Pikatan dudu uwong sing ora duwe ati banjur nuthuk wargane. Makaping-kaping Pikatan ngurangi akehing pajek yen jebul pajek kuwi marai kawula kabotan utawa ora narik pajek babar blas yen watak kuwi lagi keterak bencana utawa paceklik. Bab kuwi uga marakake Samarttungga banjur saya ditresnani kawulane amarga dianggep Raja kang welas asih lan adil paramarta.  


Samarattungga ana njeron batin ngalem marang mantune kuwi kang jebul pinter anggone ngecakake pakaryane. Samarattungga uga ngaturake panuwun dene anggone banjur lumuh karo wangsa Sanjaya kuwi awit  wewarah saka Wiku Wirathu lan garwane Sri Kahulunan. Negara Mataram saiki ngatonake makmur lan katentremane kawulane. Perang wis ora dumadi sak liyane ana ing laladan jajahane Mataram ana manca Negara, ora ana wong kaliren, ora ana watak sing kekurangan.  


Ananging bab kuwi tetep nimbulake kemerene wong-wong Syailendra dhewe utamane saka Mahamentri I Halu kang meneng-meneng wiwit sekongkolan karo Pengging kanggo nyoba ngendih panguwasane Samarattungga. Bab iki uga keprungu dening Pikatan lan alon-alon nyoba nggolek sisik melik bab kenengapa kok Pengging karo Mataram sesambungane kurang becik. Pikatan banjur ngutus Sekar kanggo nggolek kabar ngenani kraton Pengging. Saka ibune Gusti Ayu Manohara, Pikatan ngerti yen sak jane Pengging lan Sanjaya isih ana sesambungan keluwarga amarga akeh putri-putri Pengging kang digarwa dening turun wangsa Sanjaya utawa Kalingga. Semana uga suwalike kayata adhine nak sanak ibune utawa sedulur ponakan kang digarwa dening Raja Pengging. Pikatan banjur mbatin. Yen sak kenthel-kentheling banyu isih luwih kenthel getih kang mawa teges yen seambungane uwong kuwi mesthi luwih rumaket yen isih duwe gegayutan getih utawa sedulur. Ananging Pikatan durung wani jangkah luwih adoh meneh amarga ngerti maratuwane ora cocok karo Ratu saka Penging kang aran Damarmayu kuwi. Ontran-ontrane Samarattungga lan Damarmayau kuwi ya mung bab sepele yaiku pajek. Samarattungga nganggep yen Pengging kuwi andahane Mataram, ananging Damarmayu rumangsa yen Pengging kuwi Negara sing merdika. Pawadane Samarattungga rumangsa yen Pengging kuwi andahane amarga samangsane Kraton Kalingga, Pengging klebu jajahane Kalingga lan mesthi asok pajek marang Kalingga. Sak wise Kalingga lebur dadi Mataram-Medang wis sak mesthine Pengging uga banjur dadi jajahane Mataram. Pawadan kuwi mesthi wae ora disarujuki karo Damarmayu. Amarga miturut penemune ska wise Kalingga leburdadi Mataram-Medang kabeh jajahan dadi Negara kang merdika. Pikatan banjur mikir kepiye carane supaya Mataram–Pengging bisa bali dadi siji tanpa ngasorake salah sijine. Pikatan sing nalika kuwi lagi momong Dyah Lokapala banjur mikir yen bisa wae kelakon Mataram-Pengging bali dadi siji yen putrane bisa dadi mantune prabu Damarmayu. Ananging sepisan meneh Pikatan kudu golek wektu sing pas kanggo njlentrehake kekarepane marang Samarattungga kang wis masthi bakal ora sarujuk. Ananging ya mung siji kuwi dalan bisa nggawe Pengging dadi rowang tanpa perang.




Ing tengahing Watak Walaing, Balaputradewa nyawang wewengkon Kewu. Watak Walaing panggonane persis ana sak kidul kulon Taji. Panggonane ana dhuwur gunung watu. Rakai ana watak kuwi balane Balaputradewa amarga tilas abdine Rakai-Rakai saka wangsa Syailendra. Rakai Walaing kuwi nunggal kapitayan karo Balaputradewa lan eyang-eyange mbiyen sing nunggu tinggalane Rakai Panangkaran sak indenging Kewu, ananging sakploke Samarattungga lenggah dadi panguwasaning Mataram wewengkone Walaing di elongi, kaya Kelasa lan Pulowatu sing maune ana sak ngisoring Walaing dipantha meneh supaya  Kekuwatane Walaing ora gedhe banget sak engga bisa ngendih panguwasa dalem. Walaing mesthi wea ora seneng karo katetepane Samarattungga sak engga nalika dijak mbrontak lumawan Samarattungga Rakai Walaing sarujuk. Bab kuwi nggawe Balaputradewa mantep. Balaputradewa mung kari ngenteni wektu sing pas kanggo ngendih panguwasane Samarattungga sak durunge wong-wong Sanjaya kang ndhedepi dampar kraton Mataram. Kamangka Pikatan sak jane ora duwe pepinginan ngendih panguwasa dalem Samarattungga, sak upama sesuke Balaputradea sing arep nglenggahi dampar keprabon ora dadi perkara kanggone Pikatan. 


Saka watak Walaing pancen kepenak nek arep nggempur prejurite Samarattungga yen wis sida mbangun kuthanegara ana Mamatripura. Balaputradewa kari ngerigake prejurite saka Walaing, lan Balaputra ngarepake prejurit Pengging bakal ngepung saka wetan. Sawetara prejurit saka sak lor wewengkon Kdu sing gelem mbiyantu Balaputradewa uga ora sithik cacahe. Wong-wong Mataram wis ora bakal bisa obah, kari ditumpes amarga ngarepake wong-wong Sanjaya saka kulon Kewu kuwi mokal. Sak ngertine Balaputradewa, wong-wong Sanjaya dhewe pecah kekuwatane amarga akeh sing gela awit saka dhaupe Pikatan lan Pramodawardhani.  Wong-wong Sanjaya nganggep menawa Pikatan kuwi ora pantes dadi turune Sanjaya amarga mung bisa ndhelik ana gegere wong wedok lan deku-deku ana sikile wong kang wis mateni sudarmane, mung supaya bisa melu urip mulya. 


Kabeh omongan kuwi wis dadi kabar sing umum dirungokke sapa wae klebu Pikatan dhewe sak andahane. Ananging Pikatan mung mesem saben-saben abdi setyane nakokake bab kuwi marang Pikatan.  Pikatan sajak ora ngrewes kabar sing ubur ana njaba malah kepara ming digeguyu.  Balaputradewa dhewe nganggep menawa Pikatan wis keblinger marang kepenake urip ana kraton sing durung tau dirasakake sak engga wis mesthi ora bakal mikir yen Balaputradewa bakal nyerbu wewengkone lan numpes tapis Pikatan sak turune lan abdine semana uga wangsane sing kaanggep klilip. Kuwi uga sing marai Balaputradewa sak andahane nyebar kabar kang marai wong-wong Sanjaya dhewe krasa goreh atine lan ora percaya marang Pikatan. 


Ananging ora ana wong sing ngerti watak asline Pikatan ngluwihi Wulung lan Mahesa Seta. Senadyanta sajak ora nggape, Pikatan nyebar telik sandhi paya kanggo ngawasi saben jangkah sing dilakoni Balaputradewa, klebu anggone nyedhaki Pengging. Pikatan pancen tumindak sesidheman lan nganggo petung sing ngati-ati. Sak liyane kuwi Pikatan uga sesambungan kanthi becik karo nayaka lan pangkur sing kajibah nglumpukake pajek supaya ora kliwat wates anggone  nariki pajek. Bab kuwi pancen sepele, mung bab kuwi jebul nuwuhake katresnane para kawula alit saka wanua-wanua sing kangelan mbayar pajek. Pikatan uga kerep nyuwunake inah ana ngarsane Wiku Wirathu sing kajibah dadi pamgate kraton, kanggo para kawula sing telat mbayar pajek. Tumindake Pikatan ngentheng-enthengi kawulane saka abote pajek kasengkuyung dening garwane yaiku Mahamentri I Hino. Pikatan uga kerep bisa mbongkar para rama utawa Rakai sing slinthat-slinthut nariki pajek sing ora sak mesthine sak engga kalenggahan dadi rama lan Rakai bakal dilereni. Kabeh dilakoni Pikatan adedasar welas asih marang kawulane. Ndilalahe rama lan Rakai sing kerep nglakoni tumindak ora jujur rata-rata wong-wong sing pancen nyengkuyung Balaputradewa, sak engga mbaka sithik kekuwatane Balaputradewa suda tanpa dingerteni. 


Rakai Pikatan uga srawung cedak karao Rakai Halaran sing duwe wewenang kanggo ngangkat lan ngendhegake wong-wong sing nglenggahi pakaryan utawa wewengkon sing wis ditentokake. Dadi gampang kanggone Pikatan ndelehake wong-wongane ana kabeh panggonan sing dikarepake, sak engga meh kabeh wong-wonge Rakai Pikatan nglenggahi watak utawa wanua sing bisa kanggo mbangun kekuwatan. Semana uga Rakai sing nglenggahi Walaing saiki. Pikatan cubriya dene  watakke bakal dienggo ngendih panguwasa dalem Samarattungga, sak engga Pikatan nyoba nggoleki apa sing dadi cacate sak engga Rakai sing nguwasani Walaing bisa disingkirake. 


Jaman kuwi durung ana sing jenenge pakunjaran, kabeh bab sing nglanggar angger mung diukum nganggo ukuman denda, kejaba colong jikuk, rajapati lan mbrontak marang panguwasaning Negara kuwi kudu dipidana pati utawa diukum buang.  Ora ana kang ngerti bab  piye anggone Pikatan mainake lakone kejaba wong-wong sing paling cedak sak engga Wulung lan Mahesa Seta dadi abdine sing paling setya amarga saking percayane karo saben jangkah sing dijikuk Pikatan. Sawetara Mudra kuwi abdi sing kebagean beja sak engga tangeh lamun bakal laku cidro. Mung Kumbhayoni sing ora bisa nggagapi tilas muride kuwi amarga wis kedunungan rasa ora seneng lan lega. Ananging mbasan weruh apa sing lagi dilakonake Pikatan, Kumbhayoni malih dadi nyokong kabeh jangkahe Pikatan. Emane pikirane Pikatan lan Kumbhayoni beda pengarep-arep lan panjangka. Yen karepe Pikatan  apa sing dilakoni kuwi kareben ngrukunake wangsa sing wis meh mataun-taun among rebut kuwasa, ananging Kumbhayoni ngira yen Pikatan lagi nglakokake jangkahe kanggo ngrebut panguwasa. Pikatan ngerti tenan apa sing dadi gegadhangane Resi Kumbhayoni ananging Pikatan ora keguh lan teteg ana ing dalan kang dianggep bener miturut swaraning atine sing paling jeru. Dheweke wis ora pengin ana bocah lola amarga perang lan ora pengin ana uwong-uwong sing diguwang saka lemah wutah getihe amarga rebut kuwasa. Kuwi uga sing marai Pikatan banjur nganggo cara sing alus banget kanggo mujudake kekarepane. 


Balaputradewa ora nyana lan ora ngira bab iki ananging jangkahe Pikatan kuwi terwaca dening Sriti. Sak engga Sriti mangkel banget nalika Balaputradewa nganggep apa kang diomongake Sriti bab jangkahe Pikatan kuwi kadya dene wong ngimpi banjur nglindur. Balaputradewa mung nganggep Pikatan kuwi bocah kang ora dunung lan mung bisa omong karo watu amarga pakaryane mbiyen dadi Sthapati utawa cilpin ageng. “Wis ta. Aja gawe dongeng ngaya wara. Sinuwun Samarattungga wae ora ngidhini Pikatan duwe Prejurit sak liyane sing njaga pesanggrahane. Pira ta cacahe? Ora nganti rong atus uwong. Apa bisa ngendih prejuritku sing gunggunge nganti atusan ewu, wiwit saka Kdu tekan Kewu. Wis aja kaya wong ngimpi banjur nglindur. Kana golek sisik melik kang luwih penting.” Ngendikane Balaputradewa karo ngguyu. Sriti mung nyembah tanpa matur apa-apa. 


Sriti meres pikirane supaya bisa entuk dalan kanggo malangi jangkahe Pikatan. Lan ora ana dalan liya kejaba kudu nyirnakake Samarattungga, amarga kanthi cara kuwi Gustine mesthi bakal nglenggahi dampar Mataram sak durunge kekuwatane pindah ana Pikatan. Sak nalika Sriti mbulatake tekad bakal golek cara supaya Samarattungga sing wis gerah-gerahen kuwi ndhang bisa entuk kaswargan jati.  Sriti banjur mencolot ngilang ana rimbune gegodhongan ninggal gustine sing ora ngerti yen bebaya samsaya cedhak. 




Nalika semana Samarattungga lagi lenggahan ana taman bareng keng garwa. Amarga kahanan aman lan tentrem, kraton ora patiya rapet penjagene. Samarattungga katon lagi nglaras sinambi ngunjuk wedhang sereh karemane. Keng garwa uga ngladheni kanthi asih tresna lan bekti. Bareng semilire angin, ujug-ujug Samarattungga ngrasakake ana rasa kang kemranyas ana cengele, ananging Samarattungga ora ngetokake swara mung nggrayah bageyan sing lara kuwi.  Drijine banjur nemu dom kandel cendek mawa racun.  Samarattungga  omong lirih “Balaputradewa. Dhimas aku ora ngira kowe laku culika.” Samarattungga banjur mirsani mendhuwur lan weruh kemlebate wanita ngenganggo sarwo putih. Yen uwong kang kena tulup wisa kuwi dudu Samarattungga wis mesthi bakal tekaning pati. Ananging kepiyea wae Samarattungga kuwi tilas senapati perang kang mumpuni sak engga racun utawa wisa sing ana neng dom kuwi bisa ditahan. Samarattungga mung mbatin yen wektune ora bakal suwe meneh sak engga Samarattungga rumangsa kudu tumindak luwih cepet sak durunge racune semebar ana awake. Samarattungga isih bisa mesem marang garwane senadyanta rasane awake kaya dikeleti amarga wisa sing wit ngatonake dayane. “ Diajeng.”ngendikane Samarattungga. “Coba timbalinen Wiku Wirathu lan Rakai Halaran. Aku kepengin ketemu lan uga mengko sak wise aku wawanrembug karo Wiku Wirathu lan Halaran, Pikatan lan Pramodawardhani uga timbalinen.” Samarattungga mbacutake pangandikane karo ngampet lara. “Kok kadingaren ta kangmas. Wonten menapa?” pitakone Sri Kahulunan. “Mengko yen Wiku Wirathu rawuh, sliramu uga bakal pirsa. Wis ndhang cepet.”wangsulane Samarattungga kanthi pasuryane sing wiwit pucet. 


Wiku Wirathu lan Rakai Halaran banjur sowan ora let suwe. Ndaheba kagete nalika ngerti yen Samarattungga katon pucet lan kringete dleweran. “Sinuwun…..menapa penjenengan gerah ?” ature Halaran lan Wirathu meh bebarengan. Semana uga Sri Kahulunan kang banjur ngrangkul lan ngelapi kringete garwane. “Lha kalawau menika penjenengan mboten menapa-menapa kok sak menika dados kados ngaten.”ngendikane keng garwa. “Wis aku ora papa. Samarattunga banjur ngakon abdine nyepakake kertas. “Wiku Wirathu, lank owe Rakai Halaran. Aku wis ora duwe wektu akeh kanggo tata cara lan unggah-ungguh kraton. Saiki cekak aos wae, catheten apa sing ndhak kersakake samangsa aku kondur ana kasampurnaning jati. Aku arep ngrampungake karmaku marang Pikatan mantuku dene aku sing wis marai dheweke kelangan wong atuwa. Lan bener kandhamu Wiku yen amarga kebecikane putraku mantu kuwi aku bisa nebus dosa lan dadi wong atuwa kanggone nggenteni keng ramane.”kandane Samarattungga. Sri Kahulunan muwun.  Rakai Halaran uga netesake eluh. Wiku Wirathu mung ndhingkluk karo nyekeli lontar sing bakal kanggo nulis apa kang dikersakake gustine. “Wis tulisen. Dene aku Samarattungga masrahake kabeh panguwasaning Mataram sak jajahane marang putraku Mahamentri I Hino lan putra mantuku Rakai Pikatan. Kekarone kudu njaga supaya Mataram tetep sewiji lan kekarone duwe wewenang lan kuwasa kang padha gedhene. Aku masrahake lakuning tata praja lan tata Negara marang kekarone. Bab upacara lan samubarang sing gegayutan karo anggone njumenengake kekarone tak pasrahake marang garwaku Sri Kahulunan kang bakal dadi gantiku sawetara nganti putraku lan mantuku dijumenengake dadi Raja lan Ratune Mataram. Ananging kabeh sing tak ngendikake iki among bakal kelakon yen Pikatan nyata setya tuhu dadi garwane Mahamentri I Hino lan yen Pikatan ninggalake garwane yaiku putraku, kabeh sing tinulis ora kanggo utawa batal. Aku uga ngangkat putuku Lokapala dadi Mahamentri I Hino nggenteni biyunge.’ Ngendikane Samarattungga kang banjur ora kuwat ngglawat meneh amarga banjur luntak rah. Sri Kahulunan lan para abdi bingung. Samarattungga banjur kagotong ana senthonge.


Ora let suwe Pikatan lan Pramodawardhani teka. Nanging sak durunge ketemu Pramodawardhani, Samarattungga ming kepengin ketemu Pikatan ndhisik. Kaampingi Sri Kahulunan Pikatan banjur mlebu senthonge Samarattungga. Kaget, sedih lan melas kuwi sing ana rasane atine Pikatan nalika weruh Samarattungga ana peturone. Alon-alon Pikatan nyedhak banjur nyembah. Pikatan ora bisa ngampet tangise amarga kahanan kuwi ngelingake nalika ramane mbiyen uga seda kanthi cara sing pada.  Samarattungga mbukak paningale lan ngawe Pikatan supaya nyedhak. Pikatan banjur linggih ana sisihe peturone Samarattungga.  Tanpa sak pengertene Sri Kahulunan, Samarattungga nggegem tangane Pikatan karo ngekeke dom wisa kuwi. “Aku wis nebus sedane ramamu. Aku njaluk ngapura marang sliramu awit sedane keng ramamu kuwi merga prentahku. Aku lan ramamu bakal sak patemon mengkone ana ing alam kasampurnan jati. Iki barang sing pada, sing nggawa aku lan ramamu ana ing kratone Yama. Ananging ora ana wong sing ngerti kejaba sliramu. Sing tak jaluk jaganen putraku Pramodawardhani anggepen kuwi utangku marang sliramu, suk nek aku kudu bali neng alam ngrame, aku sedya dadi abdimu kanggo nebus kebecikanmu Pikatan. Aku nyuwun mring Sang Bodhisatwa, muga ing urip mbesuke bisa dadi abdimu, sukur-sukur bisa dadi sudarmamu.” Ngendikane Samarattungga. Pikatan wangsulan “Sampun ngendika mekaten, Sinuwun. Ing gesang sak menika utawi mbenjang, kula tetep nganggep penjenengan ndalem menika sudarma kula. Kula mboten nate nyimpen raos sakit ing manah kula dene rumiyin penjenengan ndalem murugaken sedanipun sudarma kula. Kula sampun ngapunten sedayanipun amargi raos tresna kula dateng diajeng Pramodawardhani lan ugi kanjeng rama lan ibu sekalian.” Tangane Pikatan ngregem kuwat astane Samarattungga.  Samarattungga manthuk karo mesem lan menehi tanda supaya Pramodawardhani dientukake mlebu. Pramodawardhani kang lagi mbobot enom putra sing kapindho banjur ngambruk ana sampeyane ramane. Eluhe nelesi sampeyane Samarattungga. Kira-kira tabuh telu keliwat tengah wengi, Samarattungga seda. Kabeh lampu banjur dipetengi. Lan gendera-gendera ireng dicepakake kanggo tanda  yen Panguwasaning Mataram wis tekan ing janji. Sriti mesem saka kadohan lan banjur ngilang ana petenge wengi, amung Wulan lan Wulung sing ngerti kemlebate Sriti.  










 BAB III

MBANGUN KATRESNAN



Pramodhawardhani ngrangkul garwane saka mburi lan nangis sesenggukan ana gegere Sang Pikatan awit sedane ingkang rama. Eluhe krasa anget nelesi ula-ulane sang Pikatan. Alus lengene sang ratu ayu ana bangkekane nuwuhake rasa katresnan kang saya gedhe ana sak jroning atine Sang Pikatan. Pikatan banjur ngelus lengene garwane sing ayu kuwi alon-alon, banjur mbalikake badane. Garwane dirangkul kenceng lan diaras mustakane. Kebak tresna Sang Pikatan ngelapi eluh sing tiba ana pipine Pramodhawardhani. “ Uwis diajeng. Rama saiki wis ana alam kelanggengan, ora perlu meneh ditangisi. Saiki kari awake dhewe kepiye anggone mujudake apa kang dadi gegadhangane Rama swargi nalika isih sugeng lan durung bisa kasembadan. Sak ora-orane, Rama nyekseni adhege Bhumi Sambhara Budura. Rama uga uwis ngrasakake anggone nglakoni pamujan ageng ana panggonan kang wis meh satus tahun dibangun wiwit Kanjeng eyang Panangkaran. Kepiye wae Sambhara Budura kuwi dadi tonggaking sejarah ana ing panguwaos dalem Sang Samarattungga lan dadi simbol agunging bangsane awake dhewe pada karo bangsa-bangsa liyane. Pataliputra, Bengala,  China lan sak piturute kabeh pada mongkog dene neng donya ana sanggar pamujan kang endah ing Bhumi Sambhara. Kabeh ngakoni dene Bhumi Sambhara kuwi bisa dadi gegambaraning lakune Pangeran Sidharta lan kepiye anggone mulangake dharma. Rak ngono ta, diajeng? Lan kuwi kabeh kelakon ana ing panguwaosing Sang Samarattungga.” Pikatan kanda alus karo ngelus rambute garwane sing dhawa, ireng, ketel ngandhan-andhan. Pramodhawardhani manthuk. “Saiki ming kari kepiye anggone awake dhewe bisa mujudake pepenginane Kanjeng Rama Swargi sing durung kelakon yaiku mindahake kuthanegara ana Mamatripura ing Wewengkon Kewu.”Pikatan mbacutake pangandikane.

Pramodhawardhani banjur wangsulan marang garwane “Inggih kangmas. Nalika semanten Rama dereng saged mindahaken Kuthanegari dateng Kewu amargi pembangunaning Bhumi Sambhara dereng rampung lan Wewengkon Kewu kathah Wanua-wanua ingkang ngrasuk kapitayan kados penjenengan sak engga Rama was dene mangke kaanggep ngrebut wewengkon-wewengkon menika.” “ Ya, apa kang dadi pertimbangane Kanjeng Rama kuwi ora kleru, diajeng. Apa maneh sakploke Rama mireng lan ndhahar ature Wiku Wirathu. Ananging aku nyengkuyung bab pindahe Kuthanegara saka Kedu ana Kewu kuwi ora mung pawitan lelimbangan kang sepele, diajeng. Nalika aku mbiyantu ngrampungake pembangunaning Bhumi Sambhara, makaping-kaping bhumi horeg katerjang lindhu lan kuwi sing marai pembangunaning Bhumi Sambhara ora rampung-rampung dhek semana. Gunung Candrageni, Candramuka, Sanddara (Sindoro), Soda (Sumbing) kuwi kliwat mbebayani tumraping tata adhege Negara.  Menawa salah siji utawa malah bebarengan pada njebluk, Kedu kene bakal entek katerjang lahar, lindhu gedhe lan ketiban watu-watu gedhe.” Pikatan mbacutake “Inggih, kangmas. Kula ugi mangertos bab menika. Ananging menapa menika mboten ateges awakipun piyambak badhe ngendih kapitayan-kapitayan ingkang wonten ing Kewu?” Pitakone Pramodhawardhani. Pikatan mesem, garwane dirangkul kenceng. “Kewu ora mung bakal dadi lambang katresnane awake dhewe, diajeng. Ananging Kewu lan Mamatripura bakal dadi lambang katresnane Bhumi Yawadwipa.” Kandhane Pikatan kebak tresna.


Pramodhawardhani  binggung lan nyawang garwane sing banget ditresnani kuwi. “ Kula kok taksih gamang bab menika, kangmas.” Ature Pramodhawardhani. “Kaya awake dhewe bab kapitayan kuwi ora ngalang-alangi tresna, diajeng. Ana kene aku kepengin mulangake agunging Gusti ingkang akarya jagad sumbering welas asih lan katresnan jati. Gusti Pangeran Agung kuwi ora tau mbedakake kawulane lan apa kang dadi kapitayane. Kabeh diparingi udan nalika mangsane, diparingi panen tanpa mirsani sapa-sapa kang nenandur. Brandal, maling, kecu uga diparingi rezeki kanthi carane lan uga diukum saktrep karo pokal gawene. Apamaneh wong-wong kang ngupaya rejeki kanthi cara sing becik, Gusti kang murbeng dumadi ora nate sare. Kabeh pandongamu utawa pandongaku menawa kaanngep becik mesthi uga Kabul.  Kuwi ateges Gusti Pangeran tresna marang kawulane tanpa mbedak-mbedakake kapitayane, diajeng. Kuwi uga kang bakal tak lakoni amarga aku mung saderma ngulandara ana donya lan binerkahan kabeh kang endah saka Gusti, wis kudune aku uga mbangun tresna sing pada kanggo para kawula kabeh tanpa mandeng kapitayane, wangsane lan golongane, diajeng.” Kandhane Pikatan adreng. “Menika endah sanget, kangmas. Ananging kula kok tetep was, menapa ingkang dados niyat suci dereng temtu tinampi sae, kangmas. Menapa malih menawi niyat lan krenteg menika datengipun saking tiyang ingkang kaanggep benten.” Ature Sang Pramodhawardhani. “ Ya, diajeng aku ngerti. Ananging aku duwe cara kang becik kanggo nyidem kuwi kabeh.” Kandane Pikatan karo nggegem tangane garwane kenceng. “Sliramu mesthi isih eling candi pamujan kang aran candi Sewu ing wewengkon Kewu ? Kuwi candi Budhis sing endah banget amarga dibangun kanthi perwara-perwara saka wanua-wanua kang manembah kanthi dharma kang diwulangake pangeran Sidharta Gautama. Panggonan kuwi endah banget lan uga asri. Kamangka candi kuwi dibangun ana tengah-tengahing kawula kang nduweni kapitayan marang  Bethara Siwa. Ananging aku durung tau krungu dene ana kawula saka kapitayan Siwa kuwi ngganggu gawe, wong-wong Budha kanggo sembahyang lan laku prihatin ana kono. Kuwi ateges kapitayan ora misahake kawula, diajeng. Nah, ana sisih kidule kuwi isih wujud alas kang ya kopen amarga pancen dileluri dening wanua ing cakete. Ana sanggar pamujan kanggo ngurmati Bethara Siwa utawa Mahadewa, ning ora gedhe. Saben-saben Wulane ndhadari, para kawula kang duwe kapitayan beda kuwi pada sembahyang kanthi carane dhewe-dhewe ana panggonane dhewe-dhewe kang mung jejeran. Aku duwe pengangkah menawa sliramu sarujuk, sanggar pamujan kuwi arep ndhak bangun candi gedhe kanggo ngurmati Trimurti kanthi Siwa kang dadi pucuk pamujan kanggo wanua-wanua kono, sawetara kuwi candi sewu uga tak bangun apik lan tak dandhani, dadi yen sliramu utawa aku kenpengin munggah ing sanggar pamujan isa bebarangen senadyan ana panggonan kang beda.”  Pikatan mbacutake rancangane. Pramodhawardhani kaget lan mongkog dene sisihane jebul duwe pikiran kang jembar. Pikatan pancen ngangkah menawa wong-wong Sanjaya kang Hindu lan wong-wong Syailendra kang nganut kapitayan Budha bisa sewiji, wis mesthi Mataram bakal dadi wewengkon kang gedhe lan kuwat, uga dadi jujugane para kawula kang kepengin ziarah.


Durung rampung anggone medarake rancangan-rancangane keselak Mahapatih I Halu,  I Hino lan Rakai Halaran ndhodok senthonge kepengin ketemu karo Sang Pikatan lan garwane. Para mentri sajake bubar nganakake patemon kanggo ngrembug bab sapa kang bakal nggenteni kalenggahan dalem Sang Samarattungga. Pramodhawardhani mesthi wae ora kaget dene para mentri kepengin sak patemon marang piyambake lan Sang Pikatan amarga Rakai Garung swargi ming peputra sang putri piyambak.  Ananging kanggone Pikatan, patemon kuwi ateges bendhe kang ditabuh. Pikatan ngerti banget dene ora kabeh uwong bakal nyengkuyung dheweke utawa garwane nyekel panguwasaning Mataram utawa Medhang, amarga Pramodhawardhani kuwi putri lan sak suwene iki wangsa Syailendra durung tau diprentah dening Ratu Putri, beda jaman Kalingga lan Medang mbiyen. Sak liyane kuwi Pikatan kang dadi garwane Pramodhawardhani kuwi genah wong Sanjaya kang sak suwene iki dadi mungsuh bebuyutane wong-wong Syailendra.  Ya mung merga Pikatan duwe lelabuhan kang gedhe ngrampungake Bhumi Sambara Budhura, Samarattungga banjur paring Watak utawa wewengkon Pikatan lan menehi Panukuh gelar Rakai Pikatan. Ora mung rampung tekan semono, Sang Samaratungga uga ngidhini Rakai Pikatan nggarwa putrane putri. Nalika Sang Samarattungga isih sugeng Pikatan ora entuk bageyan kang banget penting ana ing tataning Negara sak liyane pembangunan-pembangunan lan bab-bab kang ana gayutaning karo kawula Sanjaya dhewe. Ananging amarga Pikatan pinter anggone ngladheni maratuwane, Samarattungga wiwit percaya menawa wong-wong Sanjaya ora bakal ngendih panguwasane ananging malah nyengkuyung kabeh apa kang dadi gegadhangan lan pengarep-arepe. Kuwi sebabe Sang Samarattungga banjur nggeret Pikatan dadi dewan mentri kang ngurusi maneka werna pajek lan pametuning Negara. Bab iki uga sing marai Balaputradewa rayi dalem ora seneng. Kamangka Pikatan dhewe kerep nyimpangi pamane supaya ora nganti ana perkara sing marai dheweke bisa disalahake. Pikatan uga ngupaya supaya Balaputradewa bisa dadi sedulur sinarwedi kanthi sesambungan kang becik, ananging Balaputradewa ora bisa nampa menawa Pikatan kuwi ora duwe kekarepan liya. Balaputradewa kerep ngarani Pikatan nggembol kreneng. Amarga kepiyea wae, Pikatan tetep ana jalur kang bisa nggenteni kalenggahane Samarattungga, kamangka karepe Balaputradewa yen Pikatan ora ana, dheweke kang bakal mengku Pramodhawardhani dadi sisihane.


Jantunge Pikatan kaya dikebur nalika para mentri ngaturi Pramodhawardani lan dheweke tumuju ing pasewakan Agung kang saiki dicekel Sang Sri Kahulunan utawa prameswari Sang Sri Maharaja Samaratungga swargi.


Saben jangkah Pikatan rasane kaya ngliwati tumbak ligan sing dipasang ana njubin.  Kringete dleweran. Anggone krasa was dudu amarga wedi, gigrig utawa mingkuh ananging merga Pikatan rumangsa nggawa angen-angen lan gegayuhan sing gedhe kanggone Mataram lan Yawadwipa. Sak dhawane lurung-lurung kraton dalem kang ginawe saka kayu Jati lan mahoni, Pikatan ora kendhat anggone nyuwun mring Gusti kang murbeng jagad supaya apa kang dadi gegayuhane bakal kelakon.


Kori gedhe Sitihinggil di bukak. Pikatan, Pramodhawardhani mlebu ana pasewakan agung lan banjur lenggah ana papan kang wis dicepakake. Pikatan lan garwane ngaturake sembah marang Sri Kahulunan kang lenggah ana dampar kang kaukir saka watu gedhe lan kalapis saka seloka lan watu-watu sing pengaji. Pikatan ora wani mandeng pasuryane Sri Kahulunan kang dina iki katon beda. Pasuryan kang biayasane luwes, lembah manah, kebak rasa asih lan alus saiki malih dadi merbawani. Senadyan ta wis yuswa ananging ayune ora tau ilang. Socane kang liyep lindri, granane kang mancung, kulitane kang  putih susu katon endah kabuntel busana ageng ratuning Mataram arupa mekak saka sutra werna ireng bludiran werna emas, sutra kang digawa karo pedagang-pedagang saka Cina. Jarit batik sogan. Mekutha saka emas-selaka lan maneka werna watu-watu pengaji kang endah ing warna, kelat bahu emas wujud naga, sumping emas lan uga maneka werna raja brana kang nuduhake sugihe kraton Mataram nalika kuwi.Kabeh mau nambahi prebawane Sri Kahulunan. 


Ana pasewakan kabeh Mentri lan pengageng kraton rawuh kanthi busana kang uga gemebyar, utamane para pangeran saka wangsa Syailendra. Kabeh rikmane digelung mendhuwur lan diwenehi irah-rahan saka mas kang diukir alus, ngremit lan uga mawa maneka werna watu pengaji kang ditekake langsung saka wewengkon ing Swarnabhumi sak telukane. Kelat bahu wujud manuk garuda, celana tanggung saka sutra mawa motif sing digawe wong-wong saka manca utamane Pataliputra lan jarit sogan tulis kang dibathik dhewe karo para wanita kraton kang pancen pinter ing bab-bab kaya ngono.  Ana uga kang ngagem srempang kagawe saka emas kang nggandul endah saka jangga,ngliwati dhadha lan semlempit ana ing sabuk kang uga kagawe saka emas. Kabeh gebyar kuwi mau mesthi wae marai mripat kang nyawang ngungun lan kanggone kawula biyasa mesthi nuwuhake rasa geter merbawani.


Kabeh andahane Pikatan uga katon linggih ana sak ngareping para prajurit jaga. Wulung, Mahesa Seta, Mudra lan Resi Kumbayoni kang saiki wis diparingi kalenggahan sing trep karo labuh labete marang Mataram. Uga duwe jejibahan dhewe-dhewe. Mudra saiki wis nguwasani sawijining Wanua ing wewengkon Kewu aran Ngalihan. Sawetara kuwi Mahesa Seta uga wis nyekel wanua aran Sela sak kulon wanuane Mudra. Dene Wulung duwe kalenggahan ana jero kraton lan dadi patih ana Watak Pikatan uga tangan tengene Pikatan ing bab ngurusi pajeking Negara. Resi Kumbayoni dhewe kapercaya nyekel saweneh wewengkon-wewengkon suci kanggone kawula kang ngrasuk kapitayan Hindu kaya dene Rakai Pikatan. Lan kacalonake nglenggahi Watak Walaing (Baka) ana sak kidul Taji lan Kelasa kang akeh kawulane ngrasuk kapitayan Siwa.


Ora let suwe saka anggone Pikatan lan Pramodhawardhani sowan, Sri Kahulunan banjur mbuka pasewakan kanthi mbagekake para rawuh. Wiku Wirathu kang kapercaya dadi tetungguling acara banjur ngandhakake tujuaning pasewakan dene Sri Kahulunan ngersakake mundur saka tataning praja lan Negara. Sri Kahulunan uga ngersakake dene panguwasaning praja dicekel dening turune Sri Maharaja Samarattungga yaiku Pramodhawardhani kaampingi garwane Rakai Pikatan lan nyekel panguwasa bebarengan kanthi kalenggahan sing pada. Kabeh mau wis sak trep kaya kang diwasiatake Sri Maharaja Samarattungga swargi, adedasar merga Mataram kuwi kawulane maneka werna lan saka wangsa-wangsa gedhe klebu wangsa Sanjaya. Kuwi sebabe supaya kawula pada rukun lan wiwit negenake pembangunaning Negara, Samarattungga swargi kepengin nyewijekake wangsa-wangsa gedhe kuwi mau.

Durung rampung wiku Wirathu anggone ngendhika, Pangeran Balaputradewa jumeneng karo ngendhika “Mboten saged Wiku Wirathu! Menika ateges nrajang angger-anggering negari.  Wontening angger-angger sampun pun serat dene ingkang saged nggentosi kangmas prabu Samarattungga menika naming putranipun. Lan menika kedah saking trah wangsa Syailendra. Awit Sang Prabu Samarattungga mboten peputra kakung, temtu kemawon panguwaosing negari kedahipun dawah ing rayi ingkang mijil kakung.”  Wiku Wirathu mesem, banjur paring wangsulan “Ingkang pun serat wonten angger-anggering negari menika naming katelah tedhak turunipun Sang Prabu, ananging mboten pun sebat kanthi terwaca bilih kedah priya utawi wanodya ingkang nggentosi kalenggahan dalem.”  “Ananging dereng nate wonten ing wangsa Syailendra netepaken wanita dados panguwaos ing wewengkon-wewengkonipun, Bapa Wiku.” Pangeran Balaputradewa mancahi pangandikaning Wiku Wirathu. Sak nalika pasewakan dadi rame, gemrenggeng kaya tawon. Kabeh banjur rumangsa duwe hak kanggo ngandakake apa kang dadi geganjelaning atine dhewe-dhewe. Kabeh pating brengok lan pating craek utamane para pangeran saka wangsa-wangsa kang ana kono. Mung para pengageng wangsa Sanjaya wae sing tetep nyoba anteng lan mung nggunjal ambegan dhawa menawa wangsane wiwit diunek-uneke. “ Cukup!” Sri Kahulunan jumeneng karo ngendika sora. Sak nalika pasewakan dadi sepi “Iki pasewakan Ageng dudu pasar!” Pangandhikane karo pasuryan kang katon duka banget. “Apa kang wis katetepake kuwi mesthi wae wis kanggo pertimbangan sing ora ngawur. Sang Maharaja swargi nate ngendhika marang aku geneya milih Gusti Ayu putri Pramodhawardhani lan garwane Rakai Pikatan nggentosi kalenggahan dalem amarga sing sepisan, Pramodhawardhani kuwi turune langsung Sri Maharaja, lan bener pangandikaning sang Wiku Wirathu, ora ana bab kang cetha dene panguwasaning Mataram kuwi kudu jalu utawa estri. Aku ora kok mancahi panemumu dhimas Balaputadewa. Pancen ana ing Swarnabhumi mbok menawa wanita ora tau nyekel panguwasaning Negara, ananging ana Yawadwipa kene Ratu putri kuwi dudu barang anyar. Coba sapa saka para pengageng ing Mataram kene ora tepung marang gung binatharane Ratu Shima saka Kalingga kang kawentar kawicaksanane? Menawa dhimas isih ora narimakake bab angger, apa dhimas uga arep nerak ing paugeran kang luwih dhuwur tinimbang angger yaiku Sabda Pandhita Ratu. Menawa Ratu wus ngandhika rata wong sak Negara. Apa kang wis katetepake dening Sri Maharaja Samarattungga kuwi Sabda Pendhita Ratu kang bisa ngalahake kabeh angering Negara lan kuwi kakuwatake dening katetepanku kang amakili penjenengane nganti panguwasa anyar ditetepake lan dilenggahake dhampar srana upacara Agung. Katetepan iki uga wis disarujuki para sepuh, para mentri lan pengageng liyane.” Sri Kahulunan ngendika kanthi swara kang sora lan ora wigah-wigih marakake para kawula kabeh amem, semono uga Pangeran Balaputradewa sak andahane lan uga para pengeran liyane. Sri Kahulunan banjur manthuk marang sang Wiku supaya mbacutake jejibahane ing pasewakan ageng.


Resi Kumbhayoni sing semaune mung anteng lan tumungkul banjur mesem mlengeh sajak seneng lan rumangsa menang amarga jagone bakal mengku panguwasaning Mataram kang ateges tegaking wangsa Sanjaya ing babagan tata Negara lan tata praja, uga bisa nulisake sejarah kang luwih becik tinimbang wangsa-wangsa liyane. Atine mongkog banget sak engga lali ing tata karma pasewakan. Beda karo Wulung sak kanca kang mboka seneng krungu kabar dene gustine bakal nyekel panguwasaning Negara tetep amem, anteng lan meneng kaya sak mesthine ana pasewakan lan ora plangah-plengeh kaya wong murang tata. Bab kuwi jebul ora lolos saka paningale Pikatan kang banjur mandheng langsung socane sang Resi. Sing dipandheng krasa banjur tumungkul lan ndhingkluk. Paningale bali luruh lan bali nyawang jubin sitihinggil. Ana sak jroning ati Kumbhayoni getun dening dheweke ora bisa nutupi isining atine apa maneh ana ing pabaratan ageng utawa pasewakan ageng.


Pasewakan lumaku udakara rong jam suwene kanggo ngrembug bab-bab kang kudu dilakoni samangsane mengko Rakai Pikatan lan garwane katetepake dadi Raja lan Ratuning Mataram. Sri Kahulunan dhewe milih urip dadi biksuni lan arep manggon ana Kelasa ing wewengkon Kewu. Wulung lan Mahesa Seta kajibah nyepakake bab-bab kang dibutuhake kanggo kuwi. Pasewakan rampung kanthi ninggal maneka werna rasa, ana sing seneng amarga banjur entuk kalenggahan anyar, ana uga kang gela dene gegadhangane ora dadi kasunyatan. Urip pancen mawa dongenge dhewe-dhewe trep karo paripolah lan lelakon sing wis dilakoni. Pikatan lan wangsane kang maune ketula-tula, jebul wolak-waliking jaman nggawa berkah kang ora kanyana-nyana, wohing katresnan jati kang didedher dening wong-wong Sanjaya dhewe sing sak suwene iki nyoba sabar saka sakehing godha rencana.





Balaputradewa banget ora narimakake apa kang wis dadi rembugane para mentri I Halu lan I Hino, uga para sepuh kang nyengkuyung adhege praja kaya wiku Wirathu. Balaputradewa ora ngira dene sang Wiku jebul ora malah mbelani kekarepane lan kalenggahane ananging malah sumuyut karo Pikatan sing kaanggep wonge Wangsa Sanjaya. Semana uga Sri Kahulunan malah adreng anggone duwe niyat nglenggahake Rakai Pikatan ana dampar keprabon bareng karo Pramodhawardhani ing pangajab loro-lorone bisa dadi simboling kerukunan antarane wangsa Sanjaya lan wangsa Syailendra.


Kanthi ati goreh Balaputradewa mlaku tumuju ana gedhonge dhewe ing sisih kulon kraton ditutake para abdi kinasihe kang melu giduh amarga ngerti menawa bendharane duka. Para abdi tumuli ngetutake lakune Balaputradewa kang rikat ngliwati lurung-lurung kraton kang ketok samsaya peteng amarga rasa kang nggubel ana jroning dhadhane pangeran muda Syailendra kuwi.


Sak jane nalika semana karep atine Pangeran Balaputradewa ngayunake katresnane marang ponakane sing ayu menik-menik kuwi, kaajab sak liyane bisa nggarwa putri kang dadi kembange Syailendra supaya ora keliya, Balaputradewa bisa sah nggenteni kangmase nalika sedane mengko kanthi angger-angger sing kuwat. Ananging merga Pikatan, kabeh rancangane dadi buyar. Mugakno sak wise pasewakan, Balaputradewa banjur nglumpuke sentanane, karepe arep dhisiki Pikatan nguwasani wewengkon Kewu amarga Balaputradewa duwe sedulur sinarawedi ing Pengging sing gelem mbiyantu apa wae marang Balaputradewa. Pengging dhewe rumangsa kapotangan budhi akeh dening Balaputradewa amarga Watak ing wewengkon Pengging bakal di dadekake lemah perdikan utawa bhumi supaya ora dipajeki. Samangsane Maharaja Samarattungga, Pengging klebu wewengkon kang abot banget tunggakan pajeke, menawa ora kabiyantu dening Balaputradewa wis mesthi para rama lan Rakai ing Pengging wis dipidana abot.


Balaputradewa banjur sesidheman ngadhani rembug karo wong-wong Pengging sedyane mbebasake Wanua-wanua sing dikuwasani dening wong-wong Sanjaya. Lan yen wis kuwat tenan kahanan ing Kewu, Balaputradewa bakal ngerigake prejurite nglenggahi gunung watu sing ana Kewu, panggonane Maharaja Panangkaran nalika sesuci lan ninggal alam rame kanggo mugenake kapityan lan agamane. Gunung watu kuwi bakal dadi beteng sing kuwat banget amarga kuwi panggonan kang cukup dhuwur kanggo bisa ngawasi Kewu sak laladane. Gunung Watu kuwi ana ing Wanua aran Baka. Panggonane ana dhuwur gunung cilik lan cukup kanggo mbangun kekuwataning prajurit. Panggonane uga ora patiya adoh saka Pengging.


Balaputradewa kaadhep dening Rewa, Desta, Nala, Wala lan Lawa, kabeh prejurit perjinemane Mataram kang banget setya marang wangsa Syailendra. “Piye miturut panemumu Rewa? Aku wis nyepakake Kewu dadi beteng kanggo ngendih turune Sanjaya kae. Aku kudu njangkah luwih dhisik sak durunge Pikatan ngebroki Kewu, amarga miturut kabar sing tak tampa, Pikatan arep mbalekake kajayane Sanjaya saka wewengkon Kewu” Pitakone Balaputradewa. “ Kula sak kanca siyaga. Semanten ugi kanca-kanca saking Pengging. Rak ya ngono ta dhimas Lawa ?” Rewa wangsulan marang Balaputradewa lan njaluk pertimbangane Lawa. Lawa wangsulan “ Leres Gusti. Wewengkon Baka ingkang dados gegadhanganing paduka uga sampun kateliti kanthi permati.” Balaputradewa manthuk. “Aku kepengin supaya para prejurit mengkone ngepung prejurite Pikatan samangsane rampung anggone ndherekake Sri Kahulunan saka Kelasa. Kelasa kudu tetep aman lan ora kena digepok senggol, ananging menawa prejurite Pikatan mulih ana Kedu metu dalan sing kaya adat sabene ngliwati sisih wetan Opak,  awake dhewe isa ngepung saka  Baka lan saka sisih wetan saka Pengging. Kawula Sanjaya ora bakal bisa obah.” Balaputradewa ngomongake rancangane.  Rewa, Desta lan Lawa manthuk-manthuk tanda sarujuk. “Ming saiki aku butuh wong kang bisa dadi utusan sing ngubungake Baka lan Pengging. Dudu prejurit perjineman ananging wong biyasa kang ora dicubriyani dening wong-wong Sanjaya amarga wewengkon Kelasa sak pengalor tekan gunung Candrageni kuwi wong-wonge Sanjaya kabeh. Malah kepara kaya Wanua Sela lan Ngalihan kuwi wis cetha ana sak ngisoring panguwasane wong-wonge Pikatan. Utamane Mahesa Seta, wong kae ora bisa diblithuk lan ora doyan dhuwit, apamaneh sakploke dadi rama (lurah) Mahesa Seta sajake ora ming nguwati wanuane ana ing babagan olah tetanen ananging uga nggladhi para mudhane supaya siyaga mbelani Negara lan kanggone nom-noman sing digladhi dening Seta kuwi wis mesthi mbelani Pikatan amarga kaanggep Raja sing sah. Sak engga wis mesthi menawa perang pupuh, wong kae sak andahane bakal mbiyantu kanthi tetesing getih sing pungkasan.” Balaputradewa mbacutake.  “Ananging Gusti, kula kok tetep kuwatos dene Pengging menika saestu ugi badhe mbiyantu awakipun piyambak, amargi kados pundi kemawon Raja Pengging menika nunggal kapitayan kaliyan Pikatan.”Desta nyelani omongane Balaputradewa. Balaputradewa nggeget lambene, apa kang diomongake Desta kuwi pancen ora mokal. Balaputradewa meneng sedhela karo ngetung kekuwatane dhewe menawa jebul Pengging tumindak culika mengkone. “Ora. Apa kang dadi rembuganku karo Raja Pengging kuwi ora ana gegayutane karo kapitayan. Amarga aku uga duwe sumpah menawa aku nggenteni kangmas swargi aku bakal njaga kapitayane Raja Pengging lan ngayomi kabeh kawulane sing ngrasuk agama kang pada karo Raja Pengging.” Kandane Balaputradewa kanthi ati sing sak jane ora jenjem amarga kepiyea wae sumpahe kuwi ora dedasar prajanjen sing gumathok.


Rewa lan Lawa sajake ngerti gorehing atine Balaputradewa banjur matur bares “Kekiyataning  Syailendra temtu badhe pecah dados kalih, Gusti. Inggih menika kekiyatan ingkang wonten sak wingking penjenengan margi nunggil kekajengan lan gegayuhan. Sanesipun temtu wonten sak ngandhaping Pikatan taksih pun biyantu tiyang-tiyang Sanjaya piyambak ingkang mboten sekedik gunggungipun. Menawi Raja Pengging mingkuh, kekiyataning tiyang-tiyangipun awakipun piyambak mboten badhe saged ngendih kekiyataning prejuritipun Rakai Pikatan. Menika ingkang kedah penjenengan lan kula rembag kaliyan Raja Pengging. Utawi, penjenengan utusan perjineman kangge naliti kawontenan Pengging.” Ature Rewa karo nyembah. Balaputradewa manthuk-manthuk. “Wewengkon Kewu kuwi pancen dadi idamane sapa wae, kuwi sebabe aku kepengin ndhisiki Pikatan nglenggahi Kewu. Emane ya pacen akeh-akehe wong Sanjaya kuwi wis manggon ana kono. Coba delengen, beda karo Kedu kang kaapit gunung-gunung, pancen lemahe subur, ananging adoh saka segara sak engga ora bisa ngadepake bandhar gedhe. Beda karo Kewu, kali-kaline gedhe, wewengkon sing rata amba, alase uga rapet, akeh tlaga lan sumber-sumber banyu kang becik kanggo tetanen. Ing laladan Sela wewengkon Kewu menawa Gunung Candrageni ngutahake isine ora tau kesempyok kaya Kedu kene ananging entuk bathine arupa watu-watu gedhe sing kentir ana kali Opak lan Kuning sak engga bisa dadi sumbering matrial kanggo mbangun candi-candi gedhe. Mbok menawa merga kuwi Pikatan ngincer Kewu. Apameneh Pikatan kuwi pinter lan nguwasani Silpasastra (aturan tata cara pembuatan candi) . Sak liyane kuwi alame wewengkon Kewu kuwi pas banget menawa di dadekake Kuthapraja. Ana Gunung Candrageni neng lor, ana Kali Kuning neng Kulon lan Kali Opak neng wetan. Kuwi gambaran kang pas banget kanggo mujudake Pembangunan Kuthapraja lan nekake kemakmuran kanggo kawulane amarga kuwi gambaran Dewaraja.  Kuwi uga sing marai Kangmas Samarattungga kepengin mindahake Kuthaprajane saka Kedu neng Kewu, kamangka miturut Silpasastra kraton iki wis kaapit Candi  telu nunggal sak garis, Bhumi Sambhara, Mendhut, Pawon . Ananging kuwi ora kaaranan Dewaraja amarga ora kaapit candi ing Pajupate. “ Balaputradewa ngunjal ambegan dhawa.


Ana ing batin Balaputradewa ngakoni menawa saben jangkahe, Pikatan ngetung tenan apa kang kudu dilakoni. Kuwi sebabe Pikatan wis nyepakake wong-wonge ana wewengkon Kewu. Mahesa Seta ana Sela kang dadi panggonan kang bisa dijikuk watu-watune kanggo mbangun candi utawa beteng kanggo kraton mbesuke nalika dheweke dijumenengake Raja. Mudra ana Ngalihan kang dadi wong kang pinercaya ngatur lan njaga ilining Opak. Kuwi ateges bisa ngilekake ora mung banyu ananging uga kapal-kapal dagange Mataram sing mengkone kagadhang bisa nembus segara kidul. Ana kene Balaputradewa rumangsa kalah gesit tinimbang Pikatan kang duwe wawasan luwih jembar. Senadyanta umure isih enom lan kaot rada adoh yen dibandingake  Balaputradewa, ananging ing bab wawasan Pikatan kanyata pirang-pirang jangkah luwih maju. Mbok menawa kuwi uga sing marai Maharaja Samarattungga milih Pikatan kanggo nggenteni jumeneng nalendra ana Mataram.






Ora ana sing bisa nggambarake rasa atine Pikatan ing wektu kuwi, sak engga ora ana esem kang ketok ana praupane sing bagus. Kamangka kabeh tetuwaning kraton wis cetha mutusake menawa Pramodhawardhani lan Pikatan bakal nyekel panguwasaning negara ngenteni Sang Samarattungga swargi. Sri Kahulunan kang sawetara iki nyekel panguwasa nggenteni ingkang garwa wis duweni niyat arep mundur saka urusaning Negara lan arep mligi masrahake sisa uripe kanggo mugenake bab agama kang dadi kapitayane. Sri Kahulunan bakal dadi biksuni kang lenggah ana Candi Kalasan ing wewengkon Kewu.  Sak jane kanggone Wulung sak kanca kang ngerti apa kang dadi gegadhangane gusti bendharane, lenggahe Sri Kahulunan mengkone ana Kewu kuwi bakal saya nggampangke Pikatan anggone ngleksanani pengarep-arepe kuwi, apamaneh Sri Kahulunan ora netepake Pikatan dadi Ratu andahane Pramodhawardhani ananging netepake dene Pikatan duwe kalenggahan sing pada. Ananging Wulung bingung dene Gustine ora katon seneng, malah kaya sluntrut pasuryane sajak akeh banget sing dipenggalih.


Pancen sak bubare pasewakan agung, Wulung uga krungu menawa kabeh kang wis ditemtokake saiki kuwi ngliwati maneka werna alangan amarga sadengah penggedhe-penggedhe lan para pangeran Syailendra rumangsa ora sarujuk menawa Pikatan entuk kalenggahan sing pada karo Pramodhawardhani, kuwi ateges masrahake kalenggahan ing tangane wangsa liyane kang sak suwene iki uga dadi mungsuh. Ananging Sri Kahulunan lan Wiku Wirathu ora keguh amarga nyekel wasiate ingkang sinuwun Samarattungga duk nalika isih sugeng. “ Paman Wulung, iki pancen kemenangane wangsa Sanjaya kang ora tak petung maune, dene kabeh lumaku kaya ora sak baene. Ananging aja ninggal kawaspadan, utamane diajeng Pramodhawardhani kang saiki mesthi dadi sasarane wong-wong kang ora entuk kalenggahan.” Kandane Pikatan sak wise mlebu ana gedhong wetan Kraton. Wulung menehi tanda marang Mahesa Seta supaya nutup kori gedhe supaya apa kang dirembug gusti bendharane ora bocor. “ Sendika, Gusti.” Wangsulane Wulung karo jengkeng ngaturake sembah.  “Aku dhewe ora banjur girang gumuyu amarga kahanan iki amarga menawa ora ngati-ati anggonku njangkah sasat kadya gunting tatu loro. Mungsuhku bisa wong-wong Syailendra utawa malah wong-wongku dhewe saka wangsa Sanjaya. Kuwi sebabe aku  nimbali Paman Wulung lan Paman Mahesa Seta.” Pikatan mbacutake omongane. Wulung lan Mahesa Seta tumungkul ana ngisor linggihane Pikatan.


Pikatan katon nggeget lambene “Akeh sing ngira dene aku anggone bebrayan karo diajeng Pramodhawardhani amung arep golek kalenggahan lan kanthi cara alus ngrebut panguwasaning Yawadwipa saka wangsa Syailendra. Kuwi ora kleru amarga ana lair katone pancen kaya ngono. Ananging ana ing telenging atiku, rasa tresnaku karo diajeng Pramodhawardhani kuwi tulus tekaning njeron batinku. Ya amarga kuwi aku ora rena nalika Sri Kahulunan netepake aku bisa ngganteni rama swargi banjur wong-wong Sanjaya rumangsa menang, rumangsa bakal bisa ngendih panguwasaning Syailendra.”  Kandane Pikatan kanthi ati goreh sing kawistara banget ana pasuryane. Wulung lan Mahesa Seta banjur pandeng-pandengan. Sak suwene ana pasewakan mau Wulung lan Mahesa Seta ora rumangsa ngatonake rasa senenge, ananging menawa bares ana telenging atine pancen ana rasa mongkog dene Wangsa Sanjaya bakal bisa bali ngukir sajarah ana ing tanah Yawadwipa.


Wulung lan Mahesa Seta dadi krasa ora kepenak amarga apa kang dikandakake Pikatan kuwi pancen ora kleru. Akeh-akehing wong-wong Sanjaya kepengin Pikatan ndhang bisa nyekel panguwasaning Negara banjur ngendih kekuwataning Syailendra, nek perlu diulihake ana Swarnadwipa (Sumatra).  “Punten dalem sewu, Gusti. Menawi matur bares kula lan kakang Mahesa temtu rena sanget dene penjenengan saged nyepeng panguwaosing Mataram. Kula lan kakang Mahesa ugi mongkog amargi sedaya raos prihatos ingkang kula lan penjenengan alami ing manca negari sak menika mentes sak engga menapa ingkang dados pengajeng-ajeng penjenengan dalem bakal dumugi. Ananging bab ngendih panguwaosing Syailendra mboten wonten  ing manah kula utawi kakang Mahesa. Rak ya ngono ta kakang?” Wulung nglirik Mahesa Seta sing isih tumungkul kanthi mripat kang tumuju ana sampeyane sang Pikatan. Mahesa Seta manthuk karo nyembah. “Lajeng kok penjenengan dalem gadah pemanggih kados ngaten menika, punapa wonten saking wangsa Sanjaya ingkang matur bab menika?” Pitakone Wulung. “Pancen ora ana sing matur. Nanging rembug bares wae nalika Sri Kahulunan netepake aku lan diajeng Pramodhawardhani nggentosi rama swargi, aku ora sengaja weruh  Resi Kumbhayoni mesem mlengeh ngatonake dene iki pancen sing dikarepake. Dene ora bakal suwe maneh Sanjaya bisa ngendih kekuwataning Syailendra. Pancen ora kemocap, ananging aku bisa maca saka pandengane sang resi. Katitik nalika mripatku sak petemon pandengan lan aku ngatonake rasa ora senengku. Paman Resi banjur ndhingkluk. Paman Wulung lan Paman Mahesa, wis tak anggep kaya wong atuwaku dhewe amarga kawit cilik aku ora tau bisa ngrasakake tresnane bapa. Saka paman sak kloron aku bisa ngrasakake tresnane bapa marang anakke. Dadi aku kepengin paman sak kloron ngerti isining atiku, ngerti rasaning tresnaku. Aku ora mung bisa nresnani wangsaku dhewe Sanjaya ananging uga nresnani wangsa Syailendra sing dak tulak kaya apa wae tetep getihe mili ana slirane diajeng Pramodhawardhani lan aku karo diajeng Pramodhawardhani kuwi dudu loro maneh ananging siji, sewiji. Banjur yen aku ngekehi katresnanku mligi marang wong-wong Sanjaya lan kudu nundung wong-wong Syailendra, apa ya atiku mentala ngguwang katresnanku marang diajeng Pramodhawardhani. Apa aku uga kudu nyirnakake Dyah Lokapala (Ing tembe ajejuluk Rakai Kayuwangi)  putraku lan jabang bayi sing lagi dikandhut dening gusti ayumu (ing tembe asma Rakai Gurunwangi Dyah Ranu) amung merga ana getih Syailendra sing mili ana ketege. Wangsulana aku, paman! Semana uga Sri Kahulunan kang uga dudu asli trah wangsa Syailendra amarga putri saka Kalingga-Medang, malah sak krunguku uga mili getih Sanjaya ana slirane. Paman sak kloron, apa paman yakin dene getih sing mili ana sliramu sak kloron kuwi getih Sanjaya? Sak krunguku paman Wulung, biyunge saka lemah Pasundan lan Taruma. Dadi nek aku kudu mbelani wangsa Sanjaya sing asli, tuduhna sing endi?” kandane Pikatan kanthi pasuryan kanga bang mangar-mangar. Wulung lan Mahesa Seta mung ndhingkluk. Ana njeron ati Wulung mbenerake apa sing dikandakake Pikatan amarga dheweke pancen duwe getih saka Sunda, semana uga sadengah wangsa Sanjaya wiwit jamane Prabu Sanaha kang wis bebrayan karo wong-wong saka Kalingga, Taruma lan Parahyangan. Mahesa Seta dhewe duwe getih saka Bengal amarga mbiyene eyange bebrayan karo wong saka Bengal.


Pikatan ngeremake mripate, eluh tumetes nelesi pipine kang putih resik. Irunge sing mancung katon semamburat abang. Pikatan nyoba nentremake atine. “Liwat katresnan aku nyoba nyewijekake bangsa iki supaya dadi bangsa sing gedhe, kang ora mung rame bab wangsa, turun lan kapitayane. Amarga kuwi kabeh bisa lumuh kanthi rasa asih. Kenengapa isih duwe panemu menawa wangsane sing kudune kuwasa, kenapa isih duwe  pikiran menawa ming wangsaku sing bisa ngukir sejarah lan kamulyaning Negara. Kuwi kabeh dora…..ora ana wangsa sing kuwat menawa mung mbangun Negara ijen tanpa wangsa liyane. Ora ana bangsa kang gedhe yen ora bisa urip bebarengan karo bangsa liyane. Kuwi sebabe aku kepengin wong-wong Sanjaya lan Syailendra manunggal, nyewiji mbangun adeging Negara.” Pikatan mbacutake omongane. 


Durung rampung anggone nguda rasa, ana bayangan gemlibet kang katon saka jendela. Wulung tanggap banjur ngadheg “Nyuwun Pangapunten dalem, Gusti. Wonten dom sumuruping toya.” Kandhane. Pikatan kaget banjur melu ngadheg arep ntedhaki jendela ananging Mahesa Seta ngalangi jangkahe. Wulung kang rikat trengginas banjur menek metu saka jendela lan ngoyak playune bayangan kuwi. Sak tleraman Wulung weruh kumlebate selendang putih ana sewaliking saka. Wulung banjur ngoyak telik sandhi kuwi lan kasil ngendhegake. Telik Sandhi kuwi banjur ngupaya supaya ora dicekel lan wiwit adu digdaya karo Wulung. Emane Wulung luwih gesit lan cukat trengginas. Telik Sandhi kasil dipikut lan ditlikung.  


Wulung banjur nggoceki kenceng lengene telik sandhi kang wis kasil kapikut kuwi lan dilingguhake ana watu gedhe sak wetan tembok kraton. Wulung anggone nyekel telik sandhi kuwi rada alus mbasan ngerti yen sing diadhepi jebul wanita. Karepe Wulung arep ditakoni sapa wong kang wis ngakon telik sandhi sing nguping rembugane karo Gustine Pikatan. Ananging Wulung kepengin ngerti rupane telik sandhi kuwi, kang raine ditutupi topeng. Nalika Wulung arep mbukak topeng sing dienggo telik sandi kuwi mau, kanyata telik sandhi kuwi ndamokake bubuk racun kang kagawe saka jamur. Sak nalika Wulung nutupi raine. Telik Sandhi kuwi banjur nyurung awake Wulung lan nendhang dhadhane Wulung. Wulung kaget nangkis lan ngendhani tendhangane telik sandhi kuwi lan arep bali nlikung meneh mungsuhe.  Ananging telik sandhi kuwi kasil lolos. Mahesa Seta kang nututi playune Wulung uga ora kasil nyekel telik sandhi sing mlayu mau. Mahesa Seta banjur naliti kahanane Wulung. Mripate Wulung katon abang mbanyu, daya racun saka jamur sing didamokake pancen kanggo gawe mripat lamur sawetara ing pengangkah mungsuh kelangan pandhelenge lan ora kasil ngoyak telik sandhi. “Piye, Dhi?” Pitakone Mahesa Seta. “Lolos, Kang. Ning aku kaya tepung pawongan kuwi. Ora patiya cetha ning telik sandhi sing kasil lolos cetha wong wadon.” Wangsulane Wulung. “Wong wadon?” Mahesa Seta karo njekithut bathuke.  Wulung manthuk. “ Jamur kayu. Kuwi mawa racun yen nganti kolu. Tujune mung kena kulit rai lan kebule nyemplung neng mata. Wis mengko ndhang di rambang kembang tapak liman supaya pedese ilang. Paling sesuk wis mari” Mahesa Seta kanda karo naliti mripate Wulung. “ Sing aku lega, tujune Gusti Pikatan mung ngudha rasa lan ora ngrembug bab-bab liya. Awake dhewe kudu saya ngati-ati nganti upacara jumenengan. Iki mesthi dadi bab kang mbebayani tumraping kabeh sentana lan punggawa dalem.” Wulung wangsulan marang Mahesa Seta. “Yah, bener kandhamu. Lan telik sandhiku aran Saba uga omong yen Gusti  Balaputradewa   wiwit nyiagakake prejurit-prejurite. Utamane perjineman kang pancen dadi tanggung jawabe Gusti Pangeran Balaputradewa. Sing aku uga sumelang, sak krunguku Pangeran Balaputra uga ngincer wewengkon Kewu lan wis wiwit gegayutan karo kraton Pengging.” Mahesa Seta  mbacutake gunemane. “Pengging?” pitakone Wulung. Mahesa Seta manthuk. Wulung lan Mahesa Seta banjur mlaku bebarengan bali ana gedhonge Rakai Pikatan kanggo nglapurake bab telik sandhi sing kasil lolos.


Saka kadohan katon Sriti nguwasake wong loro kang wiwit ilang ana suwaliking tembok. Sriti ndheprok karo ngampet lara amarga tlikungane Wulung. Ananging Sriti kudu mbacutake kuajibane marang Gustine. Ananging ana telenging atine sing paling jeru Sriti wiwit nglelimbang pilihane. Nalika dheweke nguping ana suwaliking jendelane Rakai Pikatan, sasat meh kabeh sing di ngendhikake Rakai Pikatan keprungu ana kupinge lan Sriti banjur goreh atine. Apa kang dingendhikake Rakai Pikatan dudu bab sing sak suwene iki diceritakake Pangeran Balaputradewa marang andahane wong Syailendra, dene Pikatan pancen wong Sanjaya sing disingidake kanggo ngrebut panguwasa lan yen wis kasil nglenggahi dhampar Mataram bakal ngendih wong-wong Syailendra kanggo males ukum lan sak piturute. Apa kang dirungoke dening Sriti malah klebu suwalike sing diomongake lan dikira sak suwene iki. Rakai Pikatan jebul malah kepengin nyewijikake antarane Syailendra lan Sanjaya kanthi ngurmati kapitayane dhewe-dhewe lan bebarengan mbangun Mataram dadi kraton sing gedhe lan bangsa sing kuwat. Sriti wiwit miyur atine, jebul Rakai Pikatan blas ora kaya sing kinira. Sak suwene iki Sriti ngira yen bakale wong-wong Sanjaya tumindak kejem marang wong Syailendra amarga wis tau dadi wangsa kang sak suwene iki dioncit-oncit, dioyak-oyak lan sok-sok uga dikaniaya. Ananging nalika krungu dhewe bab-bab kang dirembug Pikatan sak andahane atine dadi wiwit bingung. Sriti pancen gela dene jebul pakaryane mateni Samarattungga malah ora nggawa kabejan kanggone gustine ananging malah dadi lakune Pikatan dadi samsaya kuwat. Sriti ngerti yen jejibahane kanggo mbelani wangsane lan nglenggahake Pangeran Balaputradewa dadi Ratuning Mataram. Ya ming rasa lan nalare ora mlaku kanthi selaras meneh. Pangrasane saiki luwih mbelani Rakai Pikatan amarga gegayuhane kanggo Mataram luwih gedhe, pengangkahe uga luwih amba tinimbang ming golek lan ngudi panguwasa. Sriti uga getun wis mateni Samarattungga mung amarga nduweni karep pribadhi supaya bisa dadi garwane retuning Mataram. Ananging jebul sing dibelani ora pengaji babar blas lan ora ngajeni apa kang wis dilakoni kabeh abdine sing setya nganggo tohing nyawa. Saiki dheweke ngerti keneng apa Wulan luwih becik malik tinggale lan luwih mbelani Pikatan tinimbang gustine Balaputradewa. Nanging wis kebacut klebus, mundur kanggone Sriti uga bakal ajur, apameneh yen ana sing ngerti yen sak jane sedane Samarattungga ana campur tangane. Lan amarga ora nggawa kabejan kanggo ratu gustine malah sing ana suwalike, Sriti mesthi bakal dipateni yen nganti Balaputradewa  ngerti Sriti wis tega mateni kadange tuwa tanpa idhin lan prentah saka dheweke.


Alon-alon Sriti ninggal papan kono banjur mlaku menyang kidul-wetan tumuju Pengging. Tatu ana awake sisa anggone gelut karo Wulung ora dirasa amarga gorehing atine luwih gedhe.




Kraton Pengging entas kerawuhan tamu sing ora dinyana yaiku Gusti Ayu Dyah Manohara kang didherekake dening abdine Wulan lan Sekar. Anggone rawuh ana Kraton Pengging amarga Dyah Manohara kuwi duwe sesambungan kadang karo prameswarine Prabu Damarmayu, kang aran Dyah Ayu Urwasi. Manohara kabagekake kanthi rena ing ati lan banjur disuguh sawernaning panganan sak engga kaya dene pesta kembul bujana, kekarone pada nyritakake kabare dhewe-dhewe. Sing paling seneng kerawuhan Dyah Ayu Manohara ya Prabu Damarmayu dhewe amarga krungu kabar yen sak surude Samarattungga, prunane sing saiki wis nganggo gelar Rakai Pikatan kasil nglenggahi dampar Kraton Mataram. Damarmayu kang maune ora patiya rena bab sesambungane karo Mataram merga ora cocok karo Samarattungga  dadi duwe pengarep-arep kang becik merga Pikatan kang isih pruanane kuwi ora bakal tumindak sing nguciwani. Apameneh sak wise mbagekake kabar kang becik bab Pikatan. Dyah Ayu Manohara uga nggawa lamaran saka Pikatan kanggo putrane Dyah Lokapala supaya bisa didhaupake karo Dyah Ayu Maenaka putra putrine Prabu Damarmayu. 


Kabar kuwi mesthi wae tinampa becik. Prabu Damarmayu kanthi suka rena nampa lamarane Pikatan lan uga kersa dadi balane samangsa Pikatan ngadhepi bebaya lan kangelan-kangelan ana ing tembe mburine. Dyah Ayu Manohara seneng banget dene Prabu Damarmayu kersa mbiyantu Pikatan sing kaanggep durung patiya ngerti yen ngayahi kuwajiban nata Negara. Kamangka sak jane anggone Pikatan kepengin bebesanan karo Raja ing Pengging kuwi uga wis kapetung nganti memet kanggo saya mbatesi jangkahe Balaputradewa. Pikatan ora mung ngayahi kuwajibane dadi raja sing becik ananging uga dadi diplomat utawa gandek kang duwe kapinteran ana ing sesambungan karo wong-wong manca utawakraton-kraton sak indenging Mataram supaya ora dumadi peperangan. Pikatan wiwit ngidungake katresnane ana kupinge panguwasa Pengging supaya kraton loro kuwi sesuke bakal isa nyewiji.  




Kaya kang wis dirancangake, sak wise jumenengan. Sri Kahulunan banjur tindak ana Kewu lan arep manggon ana Kelasa kanggo manekung ndongakake keng garwa supaya entuk kaswargan jati. Anggone tindak ana Kewu kadherekake Rakai Pikatan, Gusti Ayu Manohara sak wadyabalane kira-kira sewu cacahe. Sawetara prameswari kraton Mataram kang bubar babaran, Sang Pramodawardhani tetep ora ninggal kraton kaya sing dikarepake maune. Kuwi rada mleset saka pengangkahe  Balaputradewa, sing karepe bisa nggempur sepisan raja anyar Mataram kuwi sak turune supaya banjur bisa ngrebut panguwasa lan ora nyisakake pepalang. Sepisan maneh Balaputradewa kudu ngakoni yen Pikatan kuwi kebak petung lan ngati-ati. 


Balaputradewa duwe Prejurit limang ewu cacahe lan wis ngirim nawala marang Raja Pengging supaya bebarengan ngepung Pikatan sak rombongane nalika rampung ngeterake Sri kahulunan. Karepe Balaputradewa bakal ngrangket Pikatan ana sak wetan Taji. Bala-balane sing saka lor uga wis siyaga. Tekan tempuking gawe kabeh wis pada nyepakake prejurit lan gamane. Ndaheba bombonge Balaputradewa sak wise ngerti yen Pengging ngerigake sepuluh ewu prejurite saka laladan Banyudono.  Dadi yen digunggung kekuwatane Balaputradewa meh rong puluh ewu prejurit. 


Kahanan iki wis dingerteni dening Pikatan. Amarga Wulung lan Wulan wis mesthekake bab keslametane kabeh rombongan. Sing ora kinira dening Balaputradewa,  nalika Pikatan katetepake dadi gantine Samarattungga, kabeh Sanjaya sing ana kulon, lor lan kidul nyewiji, apa meneh Pikatan uwis ngganti Rakai-rakai sing dadi sekutune Balaputradewa karo wong-wong kang setya marang Sanjaya. Kuwi sebabe Pikatan uga ora nggawa prejurit sing akeh supaya Sri Kahulunan uga ora krasa kuwatir bab keslametane lan kemanane wewengkon Kewu, amarga sak durunge Pikatan uwis ngandakake rancangane arep mindaheke Kuthapraja ana Kewu. Lakune rombongan katon nyenengake amarga prejurit-prejurit kuwi gemebyar klambine lan nggawa gendera werna-werni. Pikatan, Lokapala, ibune Pikatan lan Sri Kahulunan nunggal sak kreta kang ditarik jaran cacahe wolu. Ora ana bregada sing mlaku ananging kabeh nunggang jaran supaya luwih cepet tekan Kelasa.


Lan pancen or nganti sedina Pikatan lan rombongane tekan Kelasa. Sak wise masrahake Sri Kahulunan marang Wiku kang ngayahi kuwajiban ana Kelasa. Pikatan pamit bali ana ing pesanggrahane kanggo ngaso sewengi lan esuke mbacutake bali ana ing Kdu. Pada karo sing diwelingake kakunge, Sri Kahulunan nitipake Pramodawardhani marang Pikatan kang mesthi wae bakal dilakoni dening Pikatan.  Pikatan banjur sungkem ana ngarsane Sri Kahulunan lan ibune Gusti ayu Manohara sing uga banjur kepengin ngancani Sri Kahulunan manekung marang Pengeran kang murbeng jagad. Pikatan atine rasane abot ninggal wong-wong sing ditresnani ananging kabeh kudu dilakoni. Kuwi uga sing banjur marai Pikatan kepengin ndhang mindahake kuthapraja ana Kewu supaya yen Pikatan lan garwane kepengin tilik ibune bisa gampang lan cedhak. 


Isuk-isuk Pikatan wis siyaga arep mangkat mulih ana Kdu. Wulung lan Mudra wis menehi laporan menawa telik sandine wis weruh anane prejurit sing dikerigake saka Walaing. Pikatan banjur nyengklak jaran lan ora nganggo kreta supaya anggone ngadhepi prejurit-prejurite Balaputradewa luwih gampang. Anggone dandan Pikatan nyaru kaya senapati biyasa lan dudu Raja.  Pikatan banjur mrentahake rombongane supaya mangkat. 


Tekan sak wetan Taji (Prambanan) Prejurite Pikatan dicegat prejurite Balaputrdewa saka Lor, wetan lan kidul wetan. Pikatan katon anteng lan ora nuduhake ras gigrig babar blas kamangka prejurite mung cacah sewu. Nalika bendhe di thuthuk, pambengoke prejurit Balaputradewa sora lan langsung nggrudhug prejurite  Pikatan . Ananging ndaheba kagete Balaputradewa nalika ngerti yen Dyah Lokapala kang umure lagi ngancik 14 tahun ngunggahake gendera Pengging lan sak nalika prejurit saka Pengging dudu mungsuhi Pikatan ananging malah genti nggrudug  Prejurite Balaputradewa. Perang tan kena dialangi maneh. Prejurite Balputradewa saya kalindih nalika prejurit-prejurit saka watak-watak sing dikuwasani Rakai-rakai saka wangsa Sanjaya melu nggrudhug .Balaputradewa dhewe nganti menggeh-menggeh ngadhepi kridane prejurite Pikatan. Pancen bocah sing kaanggep wingi sore kuwi ora kena diremehake. Saya kedesek, saya akeh korban sing tiba saka prejurite Balaputradewa. Apameneh Sekar ngerigake prejurit panahe sing kawentar. Prejurit-prejurit Walaing sing nyoba bali ana pesanggrahane neng dhuwur Gunung ora bisa tekan nggone amarga di udani ewon panah. 


Mugakna ora ana sithik wae rasa sumelang ana atine Pikatan nalika ngadhepi prejurite Balaputradewa. Sawetara kuwi prejurit Pengging ngatonake kadigdayane sing uga di diduweni Pikatan yaiku ngendaleni watu lan lemah. Dadi tanpa demok utawa ngangkat, prejurit-prejurit kuwi bisa nguncalake watu gedhe-gedhe  kanggo numpes prejurite Balaputradewa. Pikatan mesem jebul kabisan kuwi ginawa saka Pengging amarga kepiyea wae akeh wong-wong Sanjaya kang uga turun Pengging klebu Pikatan. Ora nganti sedina perang kuwi rampung lan Balaputradewa kepikut. Ananging Pikatan kuwi tetep dadi Raja kang ambeg paramarta lan kebak welas asih. Balaputradewa ora kabandha kaya pesakitan, ananging tetep dianggep kaya Mahamentri I Halu sing wis kelangan kuwasa. Diirit bali ana Kdu tanpa dipilara semana uga Rakai Walaing. 

Rupane Balaputradewa katon aclum lan lemes. Tatune ana pundak merga kena panah uga wis diopeni lan ditambani. Rasa isin, rasa mangkel lan rasa sedih nggubel ana dhadhane.  Dheweke ora ngira jebul wong sing sak suwene iki dinyek, disepelekake jebul duwe kabisan sing ora kanyana.  Balaputradewa ndhingkluk sak suwene mlaku tumuju Kdu. Saka kadohan Sriti nyawang kanthi ati sing remuk. Dheweke getun ora bisa menehi kabar ana wektu kang mirunggan dene jebul Pengging laku cidra merga uwis arep bebesanan karo Pikatan. Olehe mbantu Pikatan amarga ngerti yen calon mantune, Dyah Lokapala ana ing palagan lan Prabu Damarmayu ora kepengin kelangan calon mantu sing bagus lan mbesuke duwe  takdir sing becik.




Balaputradewa diajoke ana pasewakan ageng kanggo nentokake ukuman kang trep karo lupute amarga uwis tumindak nistha merong kampuh jingga marang Raja lan Ratu sing kuwasa. Semana uga Rakai Walaing. Meh kabeh Sentana dalem sarujuk yen Balaputradewa kudu dipidana pati awit wus tumindak cumanthaka marang Ratu lan mbrontak. Nanging Pikatan njaluk wektu marang pasewakan supaya bisa wawanrembug pribadi karo Sang Balaputradewa.  Para nayaka, sentana lan pamong praja banjur bubar metu saka sitihinggil. Sing keri mung kari Pikatan, Rakai Halaran lan Wiku Wirathu. Pikatan nuduhake dom mawa racun marang Balaputradewa “Paman, sak derengipun seda. Kanjeng Rama Sinuwun Samarattungga swargi maringaken menika dumateng kula. Menapa penjenengan ingkang dawuh supados nyedani Sinuwun Samarattungga?” pitakone Pikatan. Balaputradewa mendhelik sajak ora percaya karo sing diweruhi. Balaputradewa banjur naliti dom kang digawa Pikatan. Ora omong apa-apa sak nalika Balaputradewa mbengok “Sriiittti, kurang ajar kowe!” Ngerti pasuryane Balaputradewa, Pikatan ngerti yen dudu Balaputradewa sing akon nyedani swargi Samarattungga. “Lajeng Sriti menika sinten, Paman?” Pikatan bali takon. Balaputradewa banjur omong “Sriti menika prejurit perjineman kula, Sinuwun. Ananging kula mboten aken piyambakipun mejahi Kangmas Samarattungga. Menawi sak estu mekaten lajeng kula menika tiyang ingkang kados pundi. Sinaosa Kangmas Samarattungga menika sok murugaken kula kuciwa ananging tetep sedherek nunggal bapa, menapa nggih kula mentala mejahi kadang piyambak.” Kandane Balaputradewa.  “Paman Wulung kowe wis krungu sapa duratmaka sing nyedani kanjeng Rama swargi. Cekelen urip utawa mati.” Dawuhe  Pikatan. “Sendika” ature Wulung karo mundur. Pikatan banjur ndawuhi Rakai Halaran kanggo ngundang kabeh sentana, nayaka lan pamong praja supaya bali ana pasewakan. Rakai Pikatan banjur mbisiki Wiku Wirathu kang kajibah dadi pamgating kraton supaya ngandhakake ukuman sing trep kanggo dosane  Balaputradewa. Wiku Wirathu banjur maju lan macakake apa kang wis ditetepake. Yen amarga saking welas sihing Rakai Pikatan Dyah Saladu Ratuning Mataram, Balaputradewa amung diukum buwang lan dibalekake ana Sriwijaya utawa Swarna Bhumi kang dadi lemah leluhure. Sawetara kuwi kanggo Rakai Walaing ditibani paukuman arupa ukuman Budhis sing kawentar welas asih yaiku Rakai Walaing kudu ngeculake Watak sing dikuwasani, mbalekake kabeh banda donyane marang kraton Mataram. Rakai Walaing dhewe banjur diukum supaya manekung marang Pangeran kang akarya jagad kanthi dadi wiku. Ing dina iku uga ukuman banjur dileksanani. Balaputradewa kaiirit lan kadherekake menyang kapal sing bakal nggawa dheweke ana ing Swarnabhumi. 


Sawetara kuwi Rakai Walaing banjur digundul lan diwenehi klambi kaya pendhita Budhis lan kudu ngenepake pikire, ngendhakake nafsune kanthi meditasi lan sembahyang.  Watak sing dadi wewengkone banjur dipasrahake marang Kumbhayoni sing banjur agelar Rakai Walaing Dyah Kumbhayoni.. Sak jane atine Kumbhayoni rada gela lan kepingine entuk watak kang luwih apik amarga Walaing kuwi panggonane ana gunung-gunung lan angel banget banyu. Ananging ora ana liya sing bisa diaturake sak liyane sendika lan atur panuwun.




Lakune Sriti kedarang-darang ana pinggiring alas Bering. Saiki dheweke lagi isa ngrasakake susahe dadi wong kang dioyak-oyak. Bareng karo Lawa lan Nala, Sriti terus mlayu mengidul karepe supaya bisa tekan segara lan bisa lelayaran tumuju Swarna Bhumi nyusul Gustine. Ananging jangkahe kandheg nalika Wulan, Wulung lan Mahesa Seta nyegat lakune. “Mandheg ! “ pambengoke Wulung. “Kowe ora bisa mlayu meneh. Kowe kudu tanggung jawab bab rajapati sing mbok tindake marang sinuwun Samarattungga.” Mahesa Seta mbacutake omongane Wulung. Nala lan Lawa kaget banjur nyawang Sriti. Sriti ngeleg idhune, ambegane ngos-ngosan ngampet rasa sumelang, lan uga wedi. Lawa lan Nala sajak kaget nalika ngerti jebul Samarattungga kuwi anggone seda dipateni lan sing mateni kancane dhewe. “Dudu karepku mateni gusti Samarattungga ananging merga tumindake sing cidra marang wangsane dhewe lan malah ndadekake mungsuhe mantu, aku ora narimakake dene gustiku uga banjur ora isa lenggah ana dhampar keprabon malah dadi wong guwangan ana Swarnabhumi.” Wangsulane Sriti kang banjur ditanggapi atos karo Wulan. “Sriti apa kowe ora kelingan nalika dakik-dakik anggonmu mblithuk gusti Panukuh sing saiki wis lenggah dadi Ratuning Mataram. Pirang taun gustiku Panukuh dadi wong guwangan, ora trima cukup mung tekan semana. Kowe lan gustimu isih ngarah patine gusti Panukuh. Saiki manuta tak rangket tak sowanake Sinuwun Rakai Pikatan.” Kandane Wulan sora. Lawa lan Nala kang wis ora sranta  meneh banjur nimbrung “Aku sak kanca trima mati tinimbang kudu pasrah marang kowe lan gustimu Rakai Pikatan kae.”  “Babo, sing tak wedeni apamu aja tangisan yen kepeksa tak oncatake nyawamu.”Pambengoke Mahesa Seta. 


Wong telu sak banjure pada gelut rame, ananging amarga kalah sekti Nala lan Lawa kasil diringkus semana uga Sriti. Sriti banjur dilarak ana pangurakan lan diadhepake marang Mahamentri I Hino kang saiki aran Rakai Kayuwangi Dyah Lokapala. Umure pancen isih Timur ananging Rakai Kayuwangi nduweni kawicaksanan lan ati kang pada jembare karo keng Ramane. Rakai Kayuwangi sak jane wis nyekel prentah supaya ngukum mati wong kang wis kumawani merjaya Ratu Mataram ya eyange Rakai Kayuwangi. Sriti, Nala lan Lawa wis mesthi bakal diukum pati kanthi ditigas janggane. Ananging nalika Wulung arep namakake pedange Sriti mutah-mutah, praupane katon pucet. Wulan banjur nyegah Wulung nigas janggane Sriti, banjur matur karo Rakai Kayuwangi “Gusti, wanita menika saweg ngandhut.” Kandane Wulan lirih. “Ngandhut ?”Rakai Kayuwangi  bingung banjur meneng sedhela.  “Apa kowe duwe bojo?”pitakone Rakai Kayuwangi marang Sriti. Sriti mripate netesake eluh. Atine krasa kaya rinujit-rujit.  Piye anggone arep matur marang Rakai sing isih timur kuwi menawa dheweke ngandheg kepernah pamane Rakai Kayuwangi. Kanggone Wulan bab kuwi ora gumunake, amarga Wulan ngerti yen Sriti kuwi sengkerane Pangeran Balaputradewa.  “Paman Wulung, apike wanita iki diluwari wae saka ukuman. Mesakake bocah kang ana njero guwa garbane kuwi ora kleru lan luput. Ananging merga wanita iki ora duwe bojo sing bisa dipasrahi kanggo ngelingake tumindake supaya ora kleru maneh kepiye yen tak pasrahake marang Paman Wulung lan bibi Wulan?” ngendikane Rakai Kayuwangi.  Wulung lan Wulan kaget. “Mengko menawa bayine lair wanita iki kena lunga saka lemah Mataram kene. Lan tumuju neng endi wae sing dikarepake anggere ora tumindak sing ala meneh. Bab rama mengko aku sing matur. “ Rakai Kayuwangi mbacutake ngendikane. “Sendika.” Wulung lega gene ora perlu nigas janggane wanita. “Lajeng ingkang kalih menika kados pundi, Gusti?” pitakone Mudra lan Mahesa Seta.  “Wong loro kuwi dadekna buruhmu wae, kareben golek watu lan nitiki watu. Aanging yen nyoba mlayu utawa tumindak sing ora-ora dak idhini ngukum wong loro kuwi tanpa kudu liwat pangurakan.” Ngendikane  Rakai Kayuwangi. Mudra lan Mahesa Seta seneng ora jamak amarga entuk buruh kanggo ngewangi mbangun kuthagara anyar ana Kewu. 


Sriti lega dene nyawane lan anakke bisa uwal saka cengkeremane bathara Yamadipati. Semana uga Lawa lan Nala. Sriti nagis ngguguk lan dirangkul dening Wulan. Saka kadohan Rakai Pikatan mirsani apa kang wis ditindake dening putrane lan marem amarga putrane senadyanta durung dewasa wis bisa tumindak kang adil paramarta. Kuwi ateges ambeg asih kuwi bisa ngluwarake menungsa saka tumindak ala, amarga wiwit dina kuwi Sriti sak kancane dadi sumuyut marang Rakai Pikatan.






Pembangunan Kuthagara wis digelak. Kraton sing dibangun ana Mamatripura wis bisa disawang kaendahane. Bangunan kraton Mamatripura ginawe saka kayu jati tuwa lan diukir kanthi endah. Tukang-tukang kayu sing wis mumpuni ing babagan blandong tekane nggawe materialing omah kaya lawang jendela, gebyog lan sak piturute  anggone nyambut gawe katon sengkut lan ora nganti wolulas sasi kraton kuwi wis ngadheg endah. Dusun Balong sing maune sepi saiki dadi rame lan gumyak sakploke didadekake kuthagara aran Mamatripura kuwi. Akeh pomahan anyar para nayaka lan pamong sing dibangun ana laladan kono, pasar uga dibukak sak kidul kraton. Wanua sing maune sepi lan mung awujud bulak saiki malih dadi rame. Bakul-bakul uga wiwit dedagangan ana kutha anyar kuwi. Kuthagara kuwi panggonane ora adoh saka Candi Siwa ing dusun Sambi lan kuwi marakake Pikatan seneng banget bisa mindahake kuthagara saka Kdu ana Kewu.  Sawetara Kdu dipasrahake marang Mahamentri I Hino Rakai Kayuwangi sing uga wis didhaupake karo putri Pengging. Rakai Pikatan luwih kerep mesanggrah ana Watake dhewe sing ora adoh saka Kuthagara, sak durunge kratone dadi. Pikatan seneng banget amarga sak liyane panggonane subur, akeh sendang lan umbul sing kena dienggo sumber kanggo pengomben lan ngileni sawah. Sak elor Watake ana Umbul Saren kang banyune agung lan bening. Sak liyane kuwi uga akeh belik sing biyasa kanggo ngombe utawa adus sato kewan. Rakai Pikatan kaya nemu taman Kumbhini sing sak tenane.  Sawahe uga amba mengalor mengetan lan mengulon nurut ilining kali kuning lan kali Opak. Sak engga watak-watak ana cendhake dadi lan makmure. Ananging Rakai Pikatan durung marem yen durung bisa mbangun candi kang endahe pada karo Bhumi sambhara. Kuwi sebabe Rakai Pikatan banjur mbaleni naliti lemah Taji kang wis didegi candi Budha dening Rakai Panangkaran lan duwe karep mbangun candi kuwi ana sisihe. Ananging rasa pangrasane Pikatan sing alus ora banjur sewenang-wenang mbangun-mbangun candi sak karepe dhewe. Kanggo njaga rasa pangrasane wong-wong kono sing uga akeh kang ngrasuk agama Budha, Pikatan banjur mbangun candi Plaosan ndisik kanggo garwane lan uga ndandhani candi Budha sing ana Taji kuwi. Kareben apa sing digadhang bisa mbangun candi Siwagra ana sisihe ora nimbulake rasa kang ora ngepenake. 


Rakai Pikatan alus banget anggone nyedhaki wong-wong kang beda kapitayan sak engga kabeh pada ngerteni menawa kapitayan kuwi ora dadi alangan kanggo pesrawungan. Bab iki uga sing banjur marai Resi Kumbhayoni ora sarujuk. Apameneh nalika Resi Kumbhayoni ndesek Pikatan supaya mundhut garwa meneh sing nunggal kapitayan, Rakai Pikatan ming semaya wae kamangka sak jane Pramodawardhani ora kabotan. Rakai Pikatan njaga banget rasa pangrasane garwane kuwi awit saka tresnane lan amarga uwis prasetya marang Samarattungga. Bab panulake Pikatan mengku garwa sing nunggal kapitayan kuwi banjur dienggo pawadan karo resi Kumbhayoni kaya-kaya Pikatan wis ninggal kapitayane lan wiwit teluk ana sikile garwane. Wulung sak jane sing ora narimakake yen Kumbhayoni kuwi ngelek-elek ratu gustine, kamangka Kumbhayoni kuwi sak jane wis antuk kanugrahan gedhe amarga watak Walaing kuwi ora dipajeki. Semana uga Mahesa Seta kang nggagas menawa sak jane Kumbhayoni pancen duwe niyat ala sakploke gusti ayu Manohara milih ngancani Sri kahulunan. Senandyanta ora ngrasuk agama kang pada karo Sri Kahulunan, keneng apa ndhadak banjur ngetutake cara urip kang dipilih Sri Kahulunan. Kamangka yen karepe Kumbhayoni mbok iyaa Gusti Ayu kuwi lenggah dadi salah sijining pengageng kraton. Kumbhayoni uga kepengin yen para nayaka kuwi luwih akeh dijikuk saka wangsa Sanjaya. Semana uga Pamgat kraton kuwi kudune luwih akeh diisi para Resi tinimbang para Wiku. Bab iki sakjane marakake atine Pikatan pegel. Sak engga Pikatan banjur rembugan karo ingkang garwa supaya bisa mbangun Siwagra ana Taji.  Pramodawardhani seneng lan nyengkuyung rancangane garwane apameneh Rakai Pikatan dhewe wis kersa ngerigakake bala-balane kanggo mbangun Plaosan.  Bab kuwi uga sing marai Kumbayoni ora sarujuk lan nesu banjur ora gelem teka ana pisowanan. Sepisan pindho Pikatan isih sabar. Ananging mbasan anggone ora sowan wis rada sak untara Pikatan banjur utusan Rakai Halaran kanggo nakokake karepe. Nalika Rakai halaran tekan kana Kumbhayoni uga nulak nemoni kanthi pawadan rada ora kepenak awake. Sidane Pikatan dadi lan nesune. Pikatan banjur ngendhegake pasokan banyu saka ngisor ana watak Walaing. 


Kumbhayoni tambah sengit lan banjur duwe niyat merong kampuh jingga. Tanpa tali wara Kumbhayoni banjur mbangun beteng mubeng ana ing lemah Walaing (saiki kompleks Kraton Baka). Banjur nggawe kolahan-kolahan kanggo nampung banyu udan supaya yen mengkone kudu perang karo Pikatan ora bakal kekurangan banyu. SawetaraKumbhayoni adreng anggone mbangun kekuwatan ana ing gunung watu sak dhuwuring Taji. Pikatan ewuh anggone mikir kepiye mujudake Siwagra kang dadi gambaraning kasampurnaning urip kanggo memayu hayuning bhawana.






Pikatan naliti maneh gambar-gambar kang wus digawe  kanggo mbangun Siwagra kang dadi gegadhangane, wujud tresnane marang wangsane, kapitayane lan uga kanggo lestarining bumi tanah kelairane. Pikatan wis ngetung bab kosmologi bangunan-bangunan suci kuwi, banjur wiwit netepake panggonan sing pas kanggo ngedhegake Candi-candi sing baku. Kali Opak kang mili ana wewengkon watak Taji kuwi pancen menehi berkah ora mung banyu ananging uga material sing dibutuhake kanggo mbangun candi gedhe Siwagra, emane iline Kali Opak sing gedhe marakake nggerus lemah sing dikersakake Pikatan kanggo ngedhegake candine mugakna angkah sing dilakoni Pikatan yaiku mindah ilining kali Opak saka Wanua sing dipandhegani dening Mudra tekane Watak Taji Wanua tlaga, sak engga iline luwih mengulon kuwi sebabe Wanuane Mudra karanan wanua Ngalihan amarga Mudra sak kawulane duwe kuwajiban mindah ilining kali. Mudra uga mbendung kali supaya bisa ngileni sawah-sawah sak cedak kono lan uga gampang kanggone nglumpukake watu-watu gedhe supaya bisa dijikuk Mahesa Seta ana wanua Sela, ing tembe bendungan kuwi bakal digedhekake lan dibangun karo Balitung uga didegi Candi sing saiki aran Kedulan . Kanggone depo watu kang sing diklumpukake saka Kali Kuning lan opak mau dipasrahake Mahesa Seta kang dadi karaman wanua Sela (mawa teges watu) lan kabeh diupakara dening Wulung kang banjur kaangkat nguwasani Watak Pulowatu lan katelah dadi  Rakai Pulowatu .  


Watak Pulowatu kuwi uga mbawahi para cilpin ageng/Sthapati (Arsitek lapangan sak ngisoring Stapaka) Sutragrahin (wong kang mandhegani pembangunan candi sak ngisoring Sthapati), taksakha (wong kang natah reca) lan Verkhadin sing natah watu-watu kuwi dadi relief lan ukiran candi. Para cilpin lan rewang-rewange mau  banjur diwenehi panggonan ana wanua Cupuwatu kang dipandhegani dening Sekar. Cupuwatu dadi desa cilpin ingkang gedhe lan dadi pusating kerajinan ukir watu. Sakdurunge pembangunan diwiwiti Pikatan kudu nemtokake Bhumisamgraha utawa panggonan sing paling pas lan gumathok kanggo pembangunan candi, lan sarat sing utama yaiku anane ilining kali. Kuwi sebabe Pikatan milih Watak Taji kanggo pembangunane Shiwagra sing digadhang bisa dadi candi kang pada endahe karo Bhumi Sambhara Budura.  Sak liyane kuwi lemah Taji uga kawentar wangi ambune nalika ketiban banyu udan, ana lempunge sithik lan katon gilap kaya deplokan mutiara iku kang kasebut lemah Brahmana sing apik banget kanggo pembangunan  candi utawa bangunan suci liyane. 


Sakwise milih panggonan sing pas lan gumathok banjur dileksanani apa kang sinebut bhupariksha utawa naliti kekuataning lemah kang bakal dibanguni candi. Carane yaiku kanthi ngedhug lemah kang bentuke persegi banjur diisi banyu. Menawa banyune cepet asat kuwi ateges lemah kuwi ora apik dibanguni candi amarga kandhutan pasire aneh sak engga lemahe gampang obah marai candine ora bakoh. Ananging menawa banyune ora cepet asat, kuwi tegese lemahe, lemah sing becik kanggo bangunan candi. Bhupariksha iki dilakoni dening Stapaka. Sak wise kuwi Stapaka bakal nyelehake lampu lenga ana sak tengahing lemah kang dadi laladan pembangunan candi.  Stapaka banjur ngematake urubing geni. Menawa urubing geni kuwi mau jejeg ateges panggonan kuwi bisa nggawa aura kabejan lan kabagyan, yen urube ngarah mengalor kuwi ateges bakal nggawa sok sapa wae kang mbangun candi kuwi dadi kawentar, semana uga wong-waong kang mengkone dedonga.  Yen urube geni mengidul bakal nekakake kemakmuran lan karaharjan. Ananging menawa urube geni mobat-mabit utawa malah mengisor ndilat lemah, kuwi ateges lemah cengkar ora bisa dibanguni candi.  Lan sakwise dilakoni bab bhupariksha kuwi mau kanyata lemah Taji bisa dibanguni candi kaya sing dikarepake Pikatan. Urube geni jejeg lan sok mengidul, ateges candine bakal nggawa kebejan, kabagyan, kemakmuran lan karaharjan.


Sakwise Bhupariksha rampung diadani, kanggo nyucekake candi dilakoni upacara kang sinebut Mahapurasammandala. Mahapurasammandala kuwi titik tengah saka kabeh kompleks candi sing bakal dibangun. Menawa kuwi rampung dilakoni candi bisa digelak pembangunane.


Pikatan senadyanta kapitayane luwih akeh manembah marang Siwa ananging pengalamane sak suwene ana Gujara lan Bengala mulangake akeh bab-bab kang magepokan karo kapitayan marang Dewa Wisnu sak engga Pikatan nggawe candi Trimurti kang manembah marang Siwa kang dadi dewa utama, nanging kaampingi candi Brahma lan Wisnu. Anggone milih cerita kanggo reliefe wae Pikatan uga luwih seneng nggunakake epos Ramayana lan Kresnayana kang tau disinau ana Gujara Pratihara, kang nyeritakake panjelmaning Wisnu utawa reinkarnasine Wisnu ana tokoh Rama lan Kresna. Relief Ramayana kaukir ana candi Siwa lan Brahma, sawetara epos Kresnayana kaukir ana candi Wisnu. 


Nalika nggambar relief-relief kuwi sakdurunge dipasrahake para cilpin Pikatan sok netesake eluh, apameneh yen wis tekan bab Kiskendakanda sing nyeritakake kepiye Rama lan Sugriwa kang wujud rewanda kuwi kekancan. Pikatan dadi kelingan Lola sing wis nemokake omahe ana Gujara Pratihara. Bagunan Siwagra dhewe kanggone Pikatan mujudake carane nebus dosa kang uwis amarga mateni rewanda kang kaanggep kewan suci sakjane. Lan sak wise kuwi Pikatan banjur janji marang awake dhewe ora memangan panganan kang wujud sato kewan sak liyane ana dina gedhe utawa ana pahargyan ageng kaya nalika dheweke diangkat dadi Rakai. Ananging sakploke dhaup karo Pramodawardhani kang uga duwe kapitayan sing pada bab memangan sato kewan. Pikatan sasat ora tau ndemok daging utawa iwak-iwakan. Anggone dahar mung wujud godhong-godhongan lan pala kasimpar. Kamangka Pikatan kuwi saiki dadi Raja gedhe kang mbawahi wewengkon sing sugih tur amba. Dadi sasat kepengin apa wae mesthi keturutan. 


Ana ing candi kuwi Pikatan kepengin mulangake marang kawulane kepiye bisane njaga jagad ageng lan jagad cilike kanthi memayu hayuning bawana.  Kuwi sebabe Epos Ramayana dadi cerita relief sing dadi wulangan sing utama. Ramayana kuwi ora mung nyeritakake bab katresnane priya klawan wanita kang kaya dingerteni umume. Ananging cerita bab kepiye manungsa nresnani alame lan wewengkone kang dadi simbul jagad gedhene.Ramayana kuwi mawa teges nyawijine manungsa karo alame kanggo nglawan angkara murka kang wujud tumindak srakah, aluamah. Rama, Sinta lan Dasamuka kuwi mung symbol-simbol kang digunakake kanggo njlentrehake carane manungsa ngemonah alame. 


Sinta kuwi digambarake anak Pertiwi dewi bumi sing ngemu teges lemah kang bubar di luku, banjur dicolong utawa dirusak dening Dasamuka, wong kang duwe sepuluh rai, utawa duwe sepuluh sipat kang ora becik, srakah, dahwen-open, menange dhewe lan seneng nguwasani darbeking liyan kanthi cara apa wae. Kanggo entuk bebathen sing akeh ngalalake kabeh cara. Kaya ta yen mancing ana kali migunakake racun kang mateni iwak ora ming sing gedhe ananging uga iwak sing cilik-cilik. Blandong kayu tanpa mikirake rusaking alas lan sato kewan sing urip saka alas kuwi. Ngrusak kali kanthi cara ngguwang barang-barang kang ora patut kaya uwuh lan sakpiturute. Rama kang dadi panjelmaning Wisnu, Dewa kang ngleluri jagad rumangsa kudu ngeculake Sinta utawa bumi sing wis dikuwasani Dasamuka utawa wong-wong Serakah kuwi lan arep ngeculake panahe kang aran Guwawijaya. Panah sekti mandraguna yen sepisan diculake bakal ngejur apa wae. Ananging tumindak kuwi di penggak dening Baruna dewane segara lan para mina. Baruna matur marang Wisnu kang wujud Rama Regawa supaya ora ngeculake Guwawijaya kanggo nyirnakake angkara murkaning Dasamuka. Amarga yen Guwawijaya digunakake ra wurunga bhumine uga bakal melu pralaya. Sak engga Baruna nawakake iwak-iwaking segara mbiyantu Rama mbalekake Sinta. Semana uga Sugriwa rajane bangsa rewanda utawa kethek uga saguh ngewangi Rama kanggo ngeculake Sinta saka tangane Dasamuka, awit Rama uga wis mbiyantu para rewanda ucul saka panguwasaning Resi Subali.. Sak liyane kuwi ana garuda Sempati, Gunung Maenaka lan wit Sanjiwani utawa Sanjiwan kang uga saguh mbiyantu Rama ngeculake Sinta.  


Ana kono Pikatan nyoba mulangake kasalarasaning jagad gedhe menawa manungsa bisa ngopeni alame. Kuwi kabeh kaya gambaraning Pikatan nalika ngalami prihatin dadi wong guwangan kaya Rama Regawa lan tetep bisa urip kanthi becik merga diopeni dening alam. Pikatan kepengin ngandakake yen alam kuwi ora tau tumindak kang nyilakakake menungsa samangsa menungsane uga bisa ngopeni lan nresnani alame. Pikatan uga mikirake banget bab kang ora mung dadi simbuling alam ananging Siwagra sing dibangun kuwi wujud taman kang endah kaya taman Kumbini lan Maerakaca dene kabeh sato kewan kang ana wewengkon kuwi ora kena diburu utawa dipateni. 


Siwagra dhewe  dibangun miturut cara kang ora ngrusak laladane ananging nyewiji karo alame. Mugakno Pikatan nggabungake unsur bangunan kang digawe saka watu alam saka wutahane gunung kang teges ora nuthuki gunung utawa ngrusak gunung, ngleluri alas sak loring candi Siwagra lan sewu., ngopeni tlaga-tlaga sing ana wewengkon dusun sak cedak candi lan mlebu wewengkon Taji, uga merti sawah lan bulak amba sak indenging wewengkon kono. Pikatan ora ngidhini para kawula mbeburu ana ing wewengkon kono. Sak upama ana sato galak kang mlebu ana laladan kono, mung kena dicekel banjur diculake ana papan sing adoh ananging ora kena dipateni. Kabeh pepinginane Pikatan kanggo mujudake candi kuwi pancen mawa tenaga kang ora sithik. 


Mugakna kuwi banjur dienggo pawadan Watak Walaing ora gelem ngirimake wong-wong kanggo mujudake candi kuwi. Rakai Walaing Dyah Kumbayoni uga gawe pawadan lan wiwit nggosoki wong-wong ana laladane kanthi nuduh menawa Pikatan kuwi Ratu kang kejem merga nindes kawulane kanggo mbangun candi katresnan lan ora mikirake kawulane sing sawahe banjur ora kegarap amarga nom-nomane kudu dadi buruh ana pembangunan candi kuwi.


 





BAB IV

SANG KUMBHAYONI


Watak Walaing senadyanta arupa gunung-gunung ananging sak jane panggonan sing endah. Amarga ana kono akeh banget bangunan suci lan panggonan-pangonan sing dikeramatake. Ana Walaing kuwi tinemu uga grojogan sing ora tau asat senadyanta ketiga mung panggonane pancen rada dhuwur lan diperlokake tekad lan tenaga kanggo njikuk banyu ana kana. Sakjane Dyah Kumbhayoni kuwi meri amarga ora diwenehi watak sing kepenak lan dudu pengunungan kang ngrekasa kaya ngene. Kuwi marai rasa drengki lan sreine metu. Kumbhayoni kerep nyalahake  Pramodawardhani kang marai Pikatan banjur sengit marang dheweke. Kamangka anggone Pikatan ora seneng ya awit pokale Kumbhayoni dhewe sing senengane gawe derdah lan gawe rame karo wong-wong Syailendra. Kamangka Pikatan anggone ngupaya supaya ora dadi derdah antarane Syailendra lan Sanjaya, Pikatan kudu ngemong kekarone. Pikatan dhewe pancen ora mligi mbanguncandi-candi manut kapitayane kaya sing dikarepake Kumbhayoni ananging uga mbangun candi-candi Budha kang pancen karepe dienggo nyenengake wangsa Syaliendra kang akeh ngrasuk kapitayan kuwi. 

Sawijing wengi Kumbhayoni sing wis kepanjingan rasa sengit marang wong-wong Syailendra kuwi wiwit gawe derdah yaiku mbujuki wong-wong sing pada mbangun kuwi kanggo mbrontak lan mogok ora gelem nyambut gawe, sak engga pembangunan candi Budha ana Taji dadi ora bisa lancer. Ora mung kuwi, Kumbhayoni sak andahane mlebu kanggo topeng banjur wiwit ngrusaki candi kuwi. Kabeh dilakoni kanggo mincing nesune wong-wong Syailendra. Ananging malah dudu wong Syailendra sing kebrongot genine napsu angkoro. Pikatan kang makili kekuwatane rong wangsa kuwi nesu banget nalika weruh bangunan candine kang wis dibangun pirang-pirang sasi pada diembrukke lan dirusak.  Pikatan banjur utusan Mudra supaya nyraya wong-wong Pengging kanggo ndandhani candi sing wis meh ajur merga dirusak Rakai Walaing sak kanca. Saking nesune karo tukang-tukan sing uga mogok nyambut gawe Pikatan banjur ngangkat watu sing gedhene meh sak gajah tanpa demok watu kuwi. Watu banjur ditibakake ana ngarepane para tukang sing nggarap ukiran. Tanpa tatah utawa alat kanggo ngukir liyane, Pikatan ngukir watu-watu kuwi nganggo drijine. Para Verkhadin kaget lan wiwit duwe rasa wedi marang Pikatan. Apameneh nalika wong-wong Pengging teka kanggo mbiyantu Pikatan. Pada karo Pikatan, wong-wong Pengging sing kurang luwih ana limangatus cacahe kuwi pada ngukir watu-watu kuwi tanpa tatah. Ana sing nganggo drijine kaya PIkatan, ana uga sing nganggo biting utawa welad pring. Apa sing dilakoni Pikatan mung kanggo nuduhake karo Verkhadin-verkhadin kuwi yen sak upama dheweke ora duwe tanggungan ngurusi Negara candi kuwi bisa rampung digarap dhewe. Pikatan lan para tukang saka Pengging sing dikerigake Rakai Kayuwangi bisa ngrampungake candi kuwi kurang saka sedina sewengi. Kuwi marai kabeh uwong ngungun. Candi sewu kang wis dijugrugake bali ngadheg kurang saka sedina sewengi. Kuwi sebab sak banjure ana crita sing kawentar kanggo nyritakake dene ana pawongan sing mbangun candi mung sewengi suwene kabiyantu dening jim, setan, peri perayangan.  


Anggone ngukir watu cepet lan mung nganggo driji. Kuwi kabeh bisa kelakon amarga wong-wowng Pengging pancen kawentar kasektene. Nalika telik sandine Kumbhayoni menehi kabar marang Kumbhayoni dheweke ora percaya. Ananging nalika ndheleng saka gunung ing watak Walaing, candi kuwi pancen uwis katon ngadheg nggejejer ana sisihe Siwagra sing lagi dibangun. Kumbhayoni meh ora percaya karo mripate dhewe ananging kuwi nyata dene kuran saka sedina sewengi candi kuwi wis kaya wingi uni. Wulan lan Wulung uga ora bisa ngira menawa Rakai Pikatan duka jebul bisa ngetog kasekten sing kaya ngono.


Sak wise candi sewu kuwi ngadheg  Pikatan banjur dhawuh karo Mahesa Seta supaya nakokake karepe Kumbhayoni. Yen pancen arep ngluruk perang, Pikatan ora bakal selak lan bakal ngadhepi tilas gurune kuwi sing emane cupet pikirane. Wulan lan Wulung ngunjal ambegan sedih. Apameneh sak wise Wulung ngerti yen kedadeyan derdah keputren sing marai meh wae ngilangake nyawane Pramodawardhani dudu pokal gawene sang Balaputradewa ananging pokal gawene Kumbhayoni sing ora kepengin yen turun Sanjaya dhaup karo turun Syailendra. 


Lakune Mahesa Seta tumuju Watak Walaing ora tanpa risiko bebaya. Rakai Walaing kang sajake wis karep merong kampuh jingga mesthi wis nyepakake prejurit kang ora sithik cacahe. Ananging nalika Mahesa Seta tekan Walaing tekane kabagekake kanthi rena kaya wong kang wis suwe ora ketemu sedulur lawas. Kumbhayoni banjur manggakake Wulung mlebu pesanggrahane. Ndaheba kaget Wulung, jebul Walaing sing jare panggonan kang ora nyenengake lan garing tanpa banyu kanyata bisa dibanguni beteng watu sing pengkuh. Banjur ana tilas candi-candi sing sajake mbiyen dibangun karo Rakai Panangkaran nalika nglakoni tapa sakwise ora mengku panguwaos meneh.  Walaing jebul ora susah kaya sing diceritakake wong-wong kabukti yen Kumbhayoni bisa mbangun pesanggrahan lan candi-candi cilik ana ing watak wewengkone. “Seta, aku seneng kowe gelem mampir ana pesanggarahanku. Uwis suwe aku kangen bisa wawanrembug karo sedulur lawas.” Kandane Kumbhayoni empuk. Mahesa Seta tetep njaga tumindake lan ora ethok-ethok grapyak. “ Kakang Kumbhayoni, lha sing lucu kuwi kowe. Geneya sakwetara wektu kowe ora sowan ana ngarsane Sinuwun Rakai Pikatan? Kamangka apa ta sing nyandhet sikilmu kuwi. Pirang taun anggone awake dhewe lara lapa bebarengan geneya saiki kok malih tingalmu.”kandane Mahesa Seta. Kumbhayoni ngguyu. “Sing malih kuwi aku apa bendharamu kae. Ciliki tak engklek-engklek mbasan gedhe lali marang sapa kang nduweni labuh labet sing gedhe.” Wangsulane ora ngepenakake ati. “Terus karepmu apa, kakang?” Mahesa Seta bali takon meneh. “Nek karepku ya kaya sing dipengini kabeh uwong. Dene Sanjaya saiki uwis nyekel panguwasa rak gampang kari nyirnakake wong-wong Syailendra nganti tumpes, kaya mbiyen wong-wong Syailendra numpes wong-wong Sanjaya. Apa kowe ora eling, kepiye anggone Samarattungga numpes wangsane awake dhewe. Anak-anakku sing isih cilik, bojoku kabeh sirna. Keranta-ranta atiku, nglabuhi sapa? Mbasan uwis malah ningkahi anakke mungsuh. Apa ora lara atiku? Akuisih bisa nampa yen anggone dhaup karo wong Syailendra kuwi mung dienggo srana kareben bisa thekel-thekel nggayuh panguwasa. Eh malah jebul dadi gedibal ala.”kandane Kumbhayoni karo rai mangar-mangar. Mahesa Seta suwe-suwe kupinge panas anggone ngrungokake kojahe Kumbhayoni, ning atine disabar-sabarke. 


Sawetara suwe kekarone meneng wae. “Sakjane tekaku rene merga diutus sinuwun Pikatan kanggo nakokake kahananmu lan banjur yen kahananmu kuwi becik lan sehat, Sinuwun Rakai Pikatan ngersakake kowe sowan ana Kraton. Lha wong saiki Mamatripura kuwi ora adoh saka Walaing kene. Mung mudhun sithik wis tekan.” Kandane Mahesa Seta isih nyoba alus. Kumbhayoni ming mesem pahit “Ora. Aku ora bakal sowan. Gandeng Rakai Pikatan kuwi wis menehi aku lemah cengkar kaya ngene kanggo uripku ya anggepen wae aku wis ora ana. Yen Rakai Pikatan isih nganggep aku mesthine ora menehi aku papan kaya ngene iki.” Kandane Kumbhayoni.  “Papan kaya ngapa kakang? Genah omahmu madheg magrong-magrong apa ya isih kurang? Yen ming merga lemah sak cuwil kowe banjur lara ati marang Sinuwun Rakai Pikatan, aku rela ijolan karo kowe. Ming ya gaweyanku abot amarga kudu nglumpukake watu kanggo pembangunan candi.” Mahesa Seta wangsulan meneh. Kumbhayon mung ngangkat pundake. “Sajake niyatmu pancen wis kempel kakang yen kowe arep merong kampuh jingga. Sak jane eman tenan. Sinuwun Pikatan mesthi isih ngapura awakmu yen awakmu gelem sowan lan njaluk ngapura. Apa rumangsamu Sinuwun Pikatan ora ngerti yen duk nalika semana geger ana pesanggrahan Pikatan, kowe sing gawe adha-adha mateni  gusti Ayu Pramodawardhani. Ananging sinuwun Pikatan uga ora banjur midana kowe. Malah api-api ora ngerti. Nalika kowe nggosoki warga supaya ora mangkat nyambut gawe mbangun candi lan sing paling keri kowe ngrusak candine gusti ayu Pramodawardhani. Kabeh mau isih bakal di apura dening Sinuwun Pikatan menawa kowe gelem sowan.”kandane Mahesa Seta “Ora Seta. Aku ora bisa sumuyut karo priya sing mung isa ndhelik ana bangkekane wanodya, kang ora bisa kuwasa kanthi merdika tanpa perlu mikirake apa sing dadi rasane garwa utawa putra. Kuwi jejering ratu. Ora malah apa-apa manut marang garwa, kepengin isa nyenengake ati lan sak piturute tanpa mikir kawulane. Siwagra sing dibangun kuwi mung lambang, lambang kuthuke wong lanang karo wong wadon, lambang priya kang muja tresna.”kandane  Kumbhayoni saya krasa panas ana atine Mahesa Seta. “ Siwagra sing dibangun ana Taji kuwi pancen perlambang katresnan ananging dudu katresnane jalu lawan wanita. Kuwi perlambang tresnane manungsa karo alame, karo jagade lan lestarine donyane. Memayu hayuning bawana, kepiye ta kowe kuwi kakang ing atase Resi kok pikiranmu cupet. Coba ta sawangen kae. Endi sing nuduhake  lambang tresnane jalu klawan wanita?” kandane Mahesa Seta mangkel.  


Kumbhayoni ngunjal ambegan. “ Ana siji reca sing diukir dhewe karo Rakai Pikatan aran Durga Mahesa Suramardhani. Diukir tanpa tatah lan pengukir liyane ananging ngganggo drijine. Lan Reca kuwi ora persis reca kang dadi simbule Durga kaya sing biyasane diukir para Verkhadin saka Indus. Reca iki akeh sing omong persis banget karo anake wadon Syailendra kae.” Kumbhayoni meksa isih golek pawadan. Mahesa Seta rasane kepengin menyat-menyata amarag bokonge wis krasa panas banget. “ Kowe rak ngerti lan wis tau dikandani Wulung ta, yen ukiran sing digawe karo Sinuwun Piakatan kuwi pancen ditrapake karo kabudayan Jawa. Mosok Dewine wong Jawa rupane kaya wong Indus utawa wong Bengala. Kudune kowe kuwi mongkog atine dene Sinuwun Pikatan bisa mujudakake papapn kanggo sembahyange awake dhewe kanthi bangunan sing endah ing warna.” Mahesa Seta wangsulan.  Sak wise sawetara wektu Mahesa Seta pamit mulih amarga anggone mbujuki Kumbhayoni ora entuk gawe. Malah nambahi ati sing sengkel. 


Mahesa Seta banjur nyengklak jarane, atine susah banget dene mengkone kudu numpes wong-wong sing pikirane cupet senadyanta isih batihe dhewe. Saka ndhuwur Watak Walaing (kompleks candi Baka) Mahesa Seta bisa nyawang Siwagra kang ngadheg ana lemah Prambanan utawa lemahe para brahman (utawa brahmana agung).  Ana 3 candi pokok sing wis katon setengah dadi, 3 candi wahana, 2 candi apit, 4 candi kelir, 4 candi Pathok, 224 Perwara. Mahesa Seta kepengin candi kuwi ndhang rmpung lan bisa disawang kanthi komplit. 


Sak tekane ana Mamatripura lan paring pelaporan sajake Rakai Pikatan wis entek sabare. Rong sasi sakwise Mahesa Seta marani Resi Kumbhayoni, Rakai Pikatan ngerigake prejurite lan kabiyantu wong-wong saka Pengging. Ananging dudu Pikatan sing mangkat dadi senapatining perang ananging putrane yaiku Rakai Kayuwangi Dyah Lokapala.  Panggonane Walaing sing ana ndhuwur gunung wis mesthi bakal angel banget diluruk amarga saka dhuwur uwong kanthi gampang nguncal-nguncalake gaman utawa watu. Kuwi sebabe Rakai Kayuwangi ngerigake wong-wong Pengging sing bisa ngendaleni lemah lan watu kaya dene keng ramane.  Kumbhayoni ora ngira yen sidane Rakai Pikatan tenanan anggone arep ngedu kaprawiran. Kumbhayoni sing wis siyaga uga dudu mungsuh sing entheng kanggone Rakai Kayuwangi. Ananging amarga duwe wong-wong kang saguh ngendaleni lemah lan watu, Rakai Kayuwangi ora gigrig ngadhepi guru ramane.  


Beteng watu ana dhuwur gunung utawa wukiran watak Walaing banget kuwate sak engga mokal menawa arep dipenek mendhuwur. Wong-wong Pengging sing bisa nguncal-nguncalake watu nyoba mbobol tembok kang dibangun Kumbhayoni ananging ora bisa jebol.  Udan panah uga ora kasil nglumpuhake apa sing digawe Kumbhayoni. Sidane Wulung lan Sekar nyoba nyusup ana ing antarane watu-watu lan perengan ana Walaing, ananging diudani panah lan udan watu. Dadi saka sisihe Kayuwangi uga ngudhani watu saka Walaing semana uga. Ananging  kawula Walaing dai cepet kesel amarga ora duwe ngelmu kaya sing di duweni wong-wong Pengging. 


Mudra uga nyoba nyusup lan kasil mbedah tembok sisih kidul sak engga bala-balane Rakai Kayuwangi isa ngrangsek mlebu. Kawulane Kumbhayoni mesthi wae  keweden banjur pada mlayu. Kumbhayoni dhewe anggone perang sasat kaya Bantheng ketaton. Wulung banjur ngadhepi Kumbhayoni. Ananging umur kanyata ora bisa dicolong Kumbhayoni kalah ngadhepi kridhane Wulung ananging  banjur bisa lolos saka pangrangkete. Mudra kang kasil ngrangsek mlebu dadi ngerti inti kekuwataning beteng kuwi yaiku banyu lan pangan. Mudra banjur tumuju ing tong-tong banyu sing sak suwene iki dienggo tampon banyu. Mudra banjur mbolongi tampon-tampon kuwi. Sawetara Wulung banjur ngobong gudhang-gudhang berase kawula Walaing sak engga para prejurit lan kawula Walaing dadi saya kaco. Merga saweneh uwong nyoba nylametake pangan lan pengombene,liyane kudu nglawan prejurite Rakai Kayuwangi lan nutup temboke maneh. 



Sakwise ngeti apa sing dadi ringkihe betenge  Kumbhayoni, Wulung, Mudra, lan Rakai Kayuwangi ora bakal ngorbanake prejurite maneh. Wulung lan Mudra mung arep nunggu nganti kuwat sepira anggone pada nahan ngelih yen pasokan panag lan banyune dipedhot. 



Dina candhake Rakai Kayuwangi ora nglurug kanthi langsung ananging amung ngepung. Dikepung meh rong sasi nggawe Resi Kumbahayoni kentekan pasokan pangan lan banyu lan ing sasi sing katelu Resi Kumbhayoni dipasrahake dening kawulane dhewe sing wis ora bisa nahan ngelih lan ngelak. Kumbhayoni mesthi wae njola lan ngupaya supaya bisa uwal ananging gagal. 


Sak wise Resi Kumbhayoni dirangket, Rakai Kayuwangi banjur bukak pangepungane sak engga bisa para kawulane bisa nggolek banyu lan pangan meneh, malah kepara Rakai Kayuwangi menehi beras lan banyu kang bisa digunakake dening wong-wong saka Walaing sing dadi andahane  Kumbhayoni. Sak jane Wulung lan Mudra ya ora tegel nyawang Kumbhayoni dibandha lan diunggahake bagal kaya ngono ananging solah tingkahe sing kaya cah cilik lan ora ngenut owah gisiring jaman marakake Kumbhayoni dadi lan apese.  Sak dhawane dalan Kumbhayoni misuh-misuh lan nguman-uman Mudra karo Wulung, ananging sing diuman-uman nutupi kupinge nganggo gombal.  Pambengoke Kumbhayoni saya sora saiki ora merga nguman-uman ananging njaluk dipateni wae ana panggonan. Kabeh omongane ora direwes dening Wulung  lan Mudra awit sing jenenge wong kang dirangket kudu diadepake ana pengadilan lan ora entuk mateni sak karepe dhewe.




Pikatan atine sedih dene saiki kasil ngrangket gurune sing mbalela lan kudu menehi ukuman sing trep yaiku pidana pati amarga wis kumawani ngendih panguwasaning ratu. Atine ora mentala ananging angger sing wis tinulis kudu kaleksanan. Pikatan sedih dene sak suwene iki rasa asihe marang sapada-pada, marang kawula alit lan bhawana sing wis menehi maneka werna sarining urip kerep dicubriyani lan uga kerep ditampa kanthi kleru. Kasetyane gurune marang wangsane pancen kudu diwenehi pakurmatan sing gedhe ananging wawasane sing cupet marai para kawula pada derdah siji lan sijine serta marai urip ora tentrem. Pikatan ngunjal ambegan landhung. Alon-alon Pikatan nyedhaki Resi Kumbhayoni. “Paman, kula nyuwun sampun kados mekaten. Menapa ingkang kula lampahi mboten teges kula cidra dumateng wangsa piyambak. Ananging kula nyobi mbangun katresnan ingkang langkung wiyar tebanipun sak engga saged pun raosaken sok sinten kemawon ingkang celak kaliyan kula, Paman. Sepindah malih kula saged paring kalodhangan dumateng penjenengan menawi penjenengan sagah nglampahi menapa ingkang kula suwun.” Kandane Pikatan groyok. Amarga kepiyea wae Kumbhayoni kuwi tilas gurune. “Menawi penjenengan nganggep bilih raos tresna menika nuduhaken menawi kula priya ingkang ringkih, penjenengan leres, Paman. Ananging kangge saged nresnani tiyang menika mbetahaken kekiyatan menapa malih menawi tiyang menika mengsahipun awakaipun piyambak. Kula lan penjenengan mboten naming kedah lumawan dhiri pribadi ananging ugi kedah saged ngampet sedaya raos ingkang mboten sekeca. Sepindah malih, paman kumbayoni kula suwun penjenengan kersa midhangetaken atur kula. Kula saged ngluwari penjenengan saking ukuman menika menawi penjenengan kersa gesang wonten sak njawining Mataram utawi pun ukum buwang. Supados penjenengan saged miwiti malih gesang ingkang langkung sae ing sak jawining Mataram. Kados pundi, paman?” Pitakone   Pikatan alus lan ngarah-arah. “Sinuwun, kula ngaturaken panuwun bilih penjenengan taksih nyimpen raos asih dumateng kula lan ngapunten sedaya lepat kula. Ananging kula menika tiyang tanah Jawi kang mboten badhe nilar siti anggen kula lair lan mboten badhe kula nilar wangsa kawula. Kawula aluwung pejah ndhepani bhumi tinimbang gesang wonten tanah buwangan.” Wangsulane Resi Kumbayoni. “ Ananging paman, kula sak estu mboten mentala menawi sumerep penjenengan kedah nglampahi pidana pati. Yen penjenengan kersa, penjenengan saged gesang wonten negari manca pundi kemawon lan kula badhe njamin bilih penjenengan mboten bakal gesang kesrakat utawi kirang.” Pikatan isih nyoba mbujuki. Ananging Kumbhayoni tetep panggah ora gelem diukum buwang. Sak engga Pikatan banjur pasrah marang para pamgat lan pamong kang kawogan.  Ananging sak durunge nglakoni pidana pati Kumbhayoni matur marang Pikatan “Sinuwun, menawi kula pikantuk nyuwun kaliyan penjenengan bukti welas aihing paduka. Kersaa ndhamelaken candi kangge kula ing sak celaking siti Walaing kangge pengemut-emut bilih kula sampun nate wonten ing wangsa punika.” Ature Kumbhayoni. Pikatan nyaguhi (sesuke bakal sinebut candi Barong). 


Isuk-isuk Resi Kumbhayoni uwis sesuci lan sembahyang nyuwun ngapura kabeh luput sing wis tau dilakoni. Banjur nyenyandhang sarwo putih. Kumbhayoni nulak nalika penjagane nawani panganan kanggo sarapan. Kumbhayoni bakal tekane janji dina iki amarga kaluputan-kaluputane. Kumbhayoni banjur diarak tumuju alun-alaun. Ana Panggung gedhe sing wis dicepakake  lan ana tukang jagal sing wis siyaga nglakoni pakaryane ngirim uwong ana donya kalanggengan. Wulung, Wulan, Mudra lan Mahesa Seta namatake saka kadohan nalika Kumbhayoni diarak munggah Panggung lan di lingguhake jengkeng, Tangane dibandha memburi sak engga awake katon ndhegeg. Ana mburine tukang jagale wis nyepakake pedange sing landhep mingis-mingis. Nalika tambur diunekake lan Pikatan menehi tanda, uripe Kumbhayoni rampung sak nalika. 


Kuwandhane Kumbhayoni banjur dirukti kanthi becik.banjur disuceni. Kuwandhane Kumbhayoni dibuntel nganggo mori putih lan wis dicepaki kayu gedhe kaya sak mesthine upacara kanggone wong Hindu. Pikatan dhewe kang mandhegani upacara  sakwise para Resi ndongakake  Kumbhayoni supaya bisa tentrem ing alam kelanggengan. Pikatan dhewe sing ngurupake geni kanggo nguntabake rohing gurune ana alam kelanggengan. Mripate kabeh uwong klebu Wulung, Wulan, Sekar, Mudra lan Mahesa Seta netes banter semana uga Pikatan. Geni kemebul werna abang kairing donga saka kanca lan sedulur Kumbhayoni ninggal donya kang wis ora bisa maneh nampa pikiran-pikiran sing cupet. Sak wise kayune entek lan kuwandhan dadi awu, para resi nglumpukake awune Kumbhayoni banjur dipasrahake Pikatan.  


Menganggo sarwo putih Pikatan  nglarung  awune gurune ana kali Opak ing sisih Kulon Siwagra lan sisa awune sethithik disimpen ana Siwagra nganti Pikatan bisa mbagunake candi kanggo guru sing banget ditresnani kuwi. 


Uwong urip sak lawase ora tau ninggal rasa seneng lan sengit. Ananging Dewa kang murbeng dumadi menehi tresna ana atine kabeh uwong supaya menawa rasa sengit kuwi teka bisa ngendih rasa kuwi mau sak engga duwe ati sing wasesa segara bisa ngapura kabeh luput. Lan bisa nampa kabeh kang beda.
































BAB V

KATRESNAN JATI


Tiwase Resi Kumbhayoni ninggalake tatu sing jeru tumrape Pikatan, sak engga Pikatan banjur akeh manekung marang Sang Hyang Akarya jagad. Pikatan kerep kelingan mangsa nalika kabeh pada nyewiji ana ing tekad lan katresanan ananging nalika rasa lara ana batin banjur nguwasani ati, apa kang dialami malih dadi racun kang nekakake pepati. Ana Siwagra Pikatan ora kendhat esuk, awan mbengi ndedonga muga apa sing diangkah ora dadi marai kleru panampa. Apa sing sak suwene iki mung dianggep angin liwat karo Pikatan wiwit dipikir tenan kayata ature gurune kang ngaranai yen pembangunan Siwagra marai para wiranom banjur ninggal sawah-sawahe kanggo mbangun candi. Wiwit ing dina  Kumbhayoni diukum pati, Pikatan banjur ora adreng banget pengen ngrampungake Siwagra kanthi wektu kang cepet ananging menehi kalodhangan marang nom-noman tetep nggarep sawahe. Lan sing kudu nggarap candi gentenan manut wanuane dhewe-dhewe sak engga candine rampung ananging sawahe uga bisa kegarap. 


Sriti kang wis nglairake nyawang Pikatan sing manekung marang gusti, melu muji sukur dene awit ana wong kang duwe welas asih kaya Pikatan, bayine lan dheweke isih bisa nyedot hawa bhumine Mataram. Mudra kang katon mlayu-mlayu nyusu Sriti karo nggawa payung kanggo Sriti lan bayine supaya semeleting srengenge ora marai bayine Sriti kepanasen. Tangise jabang bayi kuwi nggugah Pikatan saka pandongane sing ening. Alon-alon Pikatan mbukak mripate lan weruh Sriti lan Mudra ana sak jaban pelataran Siwagra Pikatan banjur ngawe Mudra lan Sriti Sing diawe age-age mara ana ngarepane Rakai Pikatan. Sriti langsung nyembah marang Pikatan. “Iki anakmu?” pitakone Pikatan. Sriti manthuk. “Nyuwun sih pangapunten ndalem Sinuwun. Kedahipun sak sampunipun kula nglairaken kula kesah saking Mataram mriki ananging lare kula asring sakit-sakiten dados ngantos sepriki paukuman menika dereng saged kaleksanan.  Kandane karo rupa wedi. Pikatan mesem. “Ora susah mbok pikir abot, Nyai Sriti. Menawa kowe wis nggetuni rasa klerumu lan banjur nyoba nata uripmu kuwi kabeh ora dadi masalah sing gedhe. Ananging aja banjur kepengin mateni uwong maneh. Mesakake anakmu sing banjur lelaranen kaya ngono. Saiki ukumanmu tak nganggo ukuman sing ora nyusahake yaiku ngopeni pelataran candi iki lan candi sewu kana dadi ngone rsik terus lan edum. Apa kowe saguh ?” pitakone Pikatan. “Inggih sinuwun. Matur nuwun.”wangsulane Sriti karo nyembah. “Kakang Mudra, sak ngertiku sing dititipi putraku kanggo ngopeni Nyai Sriti ki Paman Wulung lan bibi Wulan lha keneng apa sing mlayu-mlayu nguyak Nyai Sriti ki kowe ?”  Pikatan takon marang Mudra. Sing ditakoni plegak-pleguk ora isa wangsulan. “Ya  wis ngene wae. Nyai Sriti, tinimbang kowe urip dhewe, golek pangan dhewe,  apa ora apike dadi bojone Mudra? Nek disawang saka Bengal kana ya luyan bagus kok.” Ngendikane Pikatan. Mudra raine lansung abang kaya yuyu digodhog. Sriti mung mesem. “Piye? Gelem ora? Ra sah dadi telik sandi meneh mesake anakke. “Pikatan mbacutake pangandikane. Sriti mung manthuk karo isin. “Wis ndhang diurus tata carane kepiye. Mesake anakke yen ora ana bapakne.Kuwi sing dadi pikiranku saben-saben. Perang lan rebut kuwasa kuwi mesthi nimbulake kasangsaran mugakna aku kepengin kabeh manungsa ora meneh mikir turun, wangsa utawa kapitayan kang mesthi dadi underaning perkara lan peperangan gedhe. Kuwi sebabe aku pengin kabeh uwong bisa tresna tisnresnan sak engga ora perlu meneh ana perng utawa gawe rajapati. Meskake isih cilik dadi bocah tanpa bapa.” Ngendikane Pikatan. 


Mudra katon seneg banget dene sak suwene iki kepengen nglamar Sriti ning durung bisa kelakon-kelakon ananging anane Rakai Pikatan ana kono, tresna kang sumimpen ana batine banjur bisa kelakon lan bisa dadi kasunyatan. Mudra lan Sriti banjur nyuwun pamit karo ngaturake sembah. Pikatan  mesem atine kang tatu mbaka sithik bisa kalipur weruh abdine bisa ngguyu seneng.  Saka kadohan Pikatan nyawang candi sing didandani ming sedina sewengi. Sak engga dheweke dikira nganggo kekuawataning jim, setan, periprahyangan. Pikatan mesem menawa kelingan wektu kuwi lan luwih adreng meneh anggone ngguyu seneng nalika weruh ana pawongan lanang wedok sing siji ndonga ana candi Siwa sing liyane ndonga ana candi Budha. Sajake wong loro kuwi bebojoan. Pikatan bali mesem banjur kandha ana jroning batin marang rohing gurune. “ Penjenengan perisani, paman. Tresna menika sanes bukti ringkihing manungsa ananging malah dados keiyataning manungsa saged ngicali saweneh perkawis lan cara ingkang benten.”  Ngono omongane Pikatan ana ing njero ati. Pikatan banjur ngadheg lan mlaku kebak esem. Jroning atine ora mandheg anggone ngidungake katresnane marang bhawana sak isine. Kidang lan manuk wae katon pada mesem melu ngidungake swara atine Pikatan.




Semiliring angin nggawa kabar kang nyenengake kanggone Wulan lan Wulung kang wis krungu nalika kabeh kesalahane Sriti diapura.  Wulan atine dadi rada meri nalika ngerti yen  sidane Mudra bisa ngrasakake omah-omah karo Sriti wong sing paling ditresnani.  Wulan banjur ngadheg karo mrengut. “Mudra karo Sriti uwis bakal diresmekake sedhela maneh. Kakang Mahesa lan Sekar mesthi ya ora suwe meneh. Banjur awake dhewe kuwi kapan?” pitakone Wulan. Wulung kaget, kaya krungu gludhug ana tengah awan. Dheweke ethok-ethok ora krungu. “Kakang Wulung.Piye ta iki malah nglungani. Amben-amben kok kaya ngene.Nyebahi tenan lho. Apa ya seprana-seprene kowe ki ya durunga ngapura aku ta kakang?” pitakone Wulan njengkel. “ Eeaalllah, wong urip wae bareng, turu ya sok awor, njuk pawadan kanggo ora ngapura kowe ki nggon ngendine ?” Wulung males omongane Wulan. “Haalllaah, turu awor ya ra ngapa-ngapa we.”wangsulane Wulan. “Lha pancene kudu piye je?” Wulung ethok-ethok ora ngerti. “Kakang.” Wulan omong karo nyawang mripate  Wulung kanthi rasa asih lan tresna.  “Apa kowe ora kepengin urip bebrayan karo aku ? Apaya ming arep kaya ngene ki terus ?” Pitakone  Wulan. Wulung mesem banjur alon-alon Wulung nyekeli tangane Wulan kenceng. “Apa sing dumadi sak suwene iki pancen wis dadi bukti sing nyata katresnanmu marang aku diajeng Wulan.” Kandane Wulung. Wulan mesem seneng raine malih dadi abang. “Menawa ora ana alangan aku bakal nglamar sliramu dadi sisihanku sak lawase, minggu ngarep sineksenan rembulan lan lintang wengi aku ora bakal cidra.” Wulung mbacutake omongane Wulan banjur ngrangkul Wulung kenceng mripate ngemu eluh kang pengin metu kadya grojogan. 



 Pikatan kaadhep para Mahamentri, Mahapatih lan kabeh Sentana dalem nalika pasewakan ageng. Pikatan ngandharake bab pembangunan candi Siwagra sing wis meh dadi ora kena dadi bebane para kawula.  Siwagra kaangkah bisa dadi lambange katresnan manungsa karo alame lan manungsa karo titah liyane . Mugakna Pikatan ora kesusu utawa nggege mangsa supaya bisa nyekseni ngadhege Siwagra komplit kaya gambar sing dirancang. Ananging amarga maneka werna sebab kang dumadi ing wektu-wektu iki marakake Pikatan rumangsa kudu akeh manekung marang Gusti sak engga pembangunane Siwagra bakal dibacutake putrane pembarep Rakai Kayuwangi. Lan welinge sang Pikatan marang putrane ora entuk ana peperangane meneh apa meneh perang merga sedulur rebutan kuwasa. Candi sing dibangun amping-ampingan karo candi Budha kuwi nglambangake maneka wernane kapitayan ana Mataram, ora entuk pada ngelek-elek. Kudu urip rukun bebarengan. Sembahyang kanthi carane dhewe-dhewe ananging nunggal lan nyewiji ana ing urip bebrayan.


Candi kuwi bisa diwaca reliefe kanthi cara pradaksina utawa pada karo ubenge jarum jam, kang ngelingake manungsa bakal ilang dipangan wektu. Pikatan dhewe wis rumangsa saya suwe saya tuwa lan sak wanci-wanci bisa ilang kawicaksanane, ilang kekuwatane lan uga ilang uripe. Pikatan arep miwiti rancangane ninggal keprabon banjur urip kadya dene Resi kang manekung ana njeron alas, urip sak anane kadherekake garwane. Pikatan rumangsa uwis cukup ningalake tapake ana ing sejarah kang nulisake raja-raja kang bisa nunggalake wangsa kang beda-beda tanpa perang sing gedhe.  Rakai Kayuwangi Dyah Lokapala nyungkemi keng ramane, semana uga adhine Rakai Gurunwangi Dyah Ranu kang alon-alon netesake eluh nalika krungu Rama lan ibune arep nglakoni urip dadi Resi lan biksuni. Pikatan ngerti yen ora kabeh gegadhangane kelakon ananging sak ora-orane dheweke wis mulangake babsing banget penting tumraping bebrayan agung yaiku ngidung, ngidungake katresnan marang sapada-pada, marang bhawana sak engga apa kang dadi duweke alam bali ana ing alam apa sing dadi duweke manungsa uga bakal diduweni sak lawase. Candi Prambanan sing saiki ngadheg bakoh lan gagah pancen ora dibangun sewengi, ananging dibangun kanthi rasa kang kuat marang agunging katresnane manungsa marang Gustine lan bhawana sing dadi omahe. Candi kuwi pralambang urip kang kebak prastawa lan kebak perkara ananging menawa pinter angidungake tresna kabeh kuwi bakal endah tiba mburine. 


Pikatan dudu wong kang bisa nelukake bangsa-bangsa kanthi kekuwataning sanjata utawa gaman ananging Pikatan migunakake rasa katresnane marang kamanungsan lan marang lestrining alam sak engga apa kang dilakoni ora nimbulake kerusakan sing gedhe.  Malah bisa mbangun lan nyewijekake apa kang biyasane dadi sumbering perkara. Pikatan kang pikirane ora keneh-keneh nanging prasaja mung adedasar ketulusaning atine  bisa nyipta Prambanan sing kebak ing pitutur luhur bab kamanungsan lan lestarining bhawana, kuwi sebabe nganti saiki Prambanan di anggep sawijining candi kang nyeritakake lestarining lingkungan ana donya.



-Tamat-



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Sekilas Info

 Bagi anda yang menginginkan novel-novel ini dalam bentuk buku. silahkan menghubungi email kami di indriyantidewialexandra @gmail.com. Terim...