oleh : Alexandra Indriyanyati Dewi S.H., M.Hum
Nominasi Lomba novel Bahasa Jawa Dinas kebudayaaan Propinsis DIY
PRAJURIT KENYA
BAB I
OMBAK SEGARA KIDUL
Srengengene lagi wae katon ana
sela-selaning pereng kang dadi tapel wates pandulu ing pesisir kidul nalika kanjeng pengeran Purbaya miyos
saka anggone nenepi. Pasuryane katon seger amarga entas binasuh banyu wudhu lan
entas wae rampung anggone nglakoni kabeh wajibe wong kang lagi nyenyuwun marang
sihing Pangeran Agung kang akarya jagad. Kanjeng Pangeran banjur tindak
mengidul, sedyane arep lumban banyu segara reresik supaya kabeh rubeda lan
kabeh alangan bisaa ilang katut gebyuring ombak.
Swaraning ombak kang pating jlegur
lan alun kang dhuwur ora marai gigrik, dasare ya pancen priyayi kang nduweni
watak kendel lan gedhe tekade. Ora nggumun menawa sang Pangeran kerep diarani
bantheng Mataram. Sakwise nglepas sorjane, pangeran Purbaya ngener segara lan
wiwit nglangi ana tengahing alun. Ombak gedhe wola-wali nebak dhadane kang amba
kaya-kaya arep nyurung, nanging kanjeng Pangeran tetep kukuh lan ora keguh.
Salirane kagebyur ombak kayadene wong kang lagi sesuci saka sirah tekan sikil
ora ana kang keri. Rikmane sing dawa sak pundak kaore ngatonake gagah lan
baguse pasuryane dasar isih turune wong agung Ngeksigondho kang kawentar kawibawane. Sak wise sesuci, Kanjeng Pangeran
banjur bali ana pesisir lan wiwit tata-tata ngagem busana lan ikete kang mau
ditinggal sak pinggiring segara. Ananging durung nganti rampung anggone ngudi
busana, dikagetake playune jaran ireng saka kulon mengetan, tujune kanjeng
pangeran waspada. Jaran kasil diinggati, nanging bocah wadon sing ngoyak-oyak
ana mburine ora kober diendani. Bocah kuwi nabrak sampeyane kanjeng Pangeran.
Amarga kaget, bocah kuwi kakipatake, nanging kang nggumunke bocah kuwi ora tiba
krengkangan nanging bisa mlumpat memburi sak enggo ora tiba lan bisa ngadek
kaya dene prajurit kang siaga perang. Pangeran Purbaya gumun, geneya bocah kuwi
bisa endha. Menawa kuwi bocah biasa, yen dikipatake kaya mengkono apamaneh kang
ngipatake priyayi sing digdaya mesti wae paling ora tatu, kurang bejane bisa
tekane tiwas. Ananging bocah wadon iki seje, malah bisa salto memburi kaya dene
prejurit kang trampil ulah kanuragan lan ulah gegaman.
Kanjeng Pangeran maune arep
duka,nanging weruh keprigelane bocah kuwi kanjeng Pangeran duwe pitakonan ana
jroning ati. Sapa bocah wadon kuwi lan
anakke sapa kok bisa olah keprigelan kaya prajurit kamangka isih cilik banget.
Bocah wadon kuwi sak jane uga kaget geneya ana priyayi kang gagah, gedhe
dhuwur ana sak pinggiring pesisir. Bocah
kuwi banjur atur salam lan njaluk ngapura marang Kanjeng Pangeran. “Paman,
nyuwun ngapunten. Kula mboten sumerep menawi paman saweg lenggah wonten mriku.
Kula kalawau saweg ngoyak kapal ingkang mlajar saking nggedhogan.”kandane alus
mertandani menawa bocah kuwi becik bebudene lan ganep tata kramane arepa wong
ndesa kae. Pangeran Purbaya banjur nyedhaki bocah kuwi lan ngelus sirahe.
Rambute ketel, ireng ngandhan-andhan.”Ora
papa, Ndhuk. Lha jenengmu ki sapa? Pitakone Kanjeng Pangeran alus, pengangkahe
supaya bocah mau ora wedi. Ning nilik anggone cukat trengginas, bocah kuwi
mesti wae ora nduweni wedi. Dasar bocah pesisir kang wis kulina ngadhepi
bebaya.“Kula Swandari, paman.” Wangsulane alus.Banjur kowe ki putrane sapa kok
ngoyak-oyak jaran dhewe. Ing wayah isuk umun-umun kaya ngene. Lha apa
bapa-biyungmu lagi ora neng ngomah?” pitakone Kanjeng Pangeran. Bocah kuwi
manthuk. “Inggih Paman. Bapak taksih
nyambut damel wonten ing Kuthagara, sibu saweg pados kayu dateng wana kangge
masak lan kakang Suteja, kula mboten ngertos kok mboten ketingal, mbokmenawi
saweg mancing wonten sungapan kilen ndusun mrika kaliyan
kanca-kancanipun.”wangsulane alon.
Kanjeng Pangeran manthuk karo
mesem. Banjur bali takon “Lha gaweyane bapakmu ana Kuthagara ki apa?” “Dados
prejurit, lurah prejurit, paman.” “Lurah prejurit? Nek lurah prejurit, aku
mestine tepung. Lha jenenge bapakmu ki sapa ta, Ndhuk?” “Sembego.”Swandari
mangsuli kanthi alus. Pangeran Purbaya mesem. Bocah kuwi disawang kanthi teliti
saka pucuk rambut nganti tekan driji. Mulane ora kaya wong desa umume. Bocah
kuwi resik kulitane, ayu rupane lan becik suba sitane. Pangeran Purbaya banjur
maringi bebungah awujud duwit kepeng emas. Bocah wadon kuwi bingung nanging uga
seneng. Sak wise ngaturake panuwun bocah kuwi banjur bali mlayu nggendring
nututi jarane. Playune banter banget. Kanjeng Pangeran mesem, atine marem dene
ana kang bisa digadang dadi abdi dalem keparak,. Apameneh anak prajurit sisan
mesti ora angel bisa nggawa bocah iku ana ing kraton.
nnnnnnnn
Swarane ombak kang pating jlegur
kairing swaraning adzan subuh kang lamat-lamat saka masjid desa keprungu ana
kupinge Swandari kang lagi ngronce pangimpen. Mripate kriyip-kriyip sajak kelet
nalika arep dilekake. Apamaneh hawane isuk kuwi kekes amarga entas udan lan
angine segara nebak-nebak gedek kang pancen ora rapet anggone ngenam. Swandari
banjur njingkrung, awake bali ditutupi jarite mbahne kanggo nulak adem. Mbokne
katon mesem ana ngarep kori kamare. Dasar anak wedok ragil ya mestine isih
manja lan durung dunung bab-bab kang mestine dilakoni bocah-bocah wedok sak umure.“Ndhuk,
ayo tangi. Kae gilo uwis keprungu swarane adzan, becike pada sembahyang sik.
Kae Bapak lan kakangmu uwis nunggu. Ayo gek ndhang, anakku wedok sing ayu
dhewe.” Panggugahe mbokne alon karo ngelus rambute Swandari kang ketel, ireng
ngandhan-andhan.“Aku isih ngantuk je, Mbok. Adem. Aku isih kepingin turu
sedilit wae.” Wangsulane Swandari aleman.“Ya ora kena kaya ngono ta, ndhuk.”
Mbokne ngambali omongane Swandari.
Bocah kang isih turu kuwi mau
banjur digendhong, digawa ana sanding sumur banjur diraupi supaya ngantuke
ilang. Swandari njenggirat kaget nalika banyu sumur kang kekes kuwi ngenani
raine. Lambene banjur mecucu. Mbokne mesem banjur ngeduke anakke wedok kuwi mau
ana pinggir sumur lan wiwit ngileke padhasan kanggo wudhu. Swandari isih katon
aras-arasen nanging dasar wis kebacut kena banyu adem, Swandari pungkasane
banjur ngetutatke simbokke anggone wudhu. Banyu sumur kang seger nelesi
praupane kang ayu thinik-thinik. Swandari isih cilik, umure udakara limang
tahun luwih sithik. Bapakne lurah prajurit ana kraton Mataram, ananging amarga
jejibahane kanga abot durung bisa mboyong anak lan bojone ana kutanegara, ya
mung kala-kala bisa tilik ngomahe ana ndesa. Kaya saiki amarga ora ana
jejibahan kang keselak kudu dilakoni, bapakne Swandari kang aran Sembego bisa
mulih lan kumpul karo anak lan bojone.
Swandari uga seneng bapakne bali
amarga mesti nggawakake oleh-oleh sing akeh tur mesti arupa barang kang
apik-apik. Menawa panganan ya sing enak-enak lan arang ana neng ndesa kuwi.
Swandari seneng banget merga bisa ngrasakake kipa utawa wajik kang ming ana
neng ndesane nalika dianake merti desa utawa wong duwe gawe. Bapakne uga or tau
lali nukokake sandangan model paling anyar sakenggo kerep marai meri
kanca-kancane dolan. Jarite Swandari pancen endah ing warna merga dibatik
tangan-tangan trampil wong Kuthagara. Kakange Sutejo uga ngono, sorjan kang
dienggo wetonan gerji kang kawentar ana Kuthagara sakenggo potongan lan modele
ora ndesa. Dasare Suteja uga entuk dedheg. Bocahe dhuwur, gagah, gedhe lan
bagus praupane dasar ya isih trah priyayi. Sembego bapakne, nadyanta wong ndesa
isih kambon turune wong gung binathara merga mbokne mbiyen ya mbah putrine
bocah sakloron kuwi katelah sengkeraning pangeran banjur ditrimakake lurah desa
kono sak wise ngandhut Sembego. Dadi ya pancen isih trahing ngaluhur. Kuwi sing
marai Sembego beda karo wong-wong desa pesisir umume. Kulitane luwih resik,
rupane uga bagus, dedheg piyadege uga ora nguciwani. Sakliyane kuwi Sembego uga
duwe kabisan kang mumpuni bab olah kaprajuritan lan olah kanuragan.Semono uga
bojone kang mbiyen kembang desa Lipuro, ora ming ayu rupane ananging uga prigel
olah gegaman lan uga prigel nglulutake turangga utawa jaran. Kuwi sebabe uga Winarsih
arane sisihane Sembego, ora tau nduweni rasa wedi nalika ditinggal dening wong
lanang amarga bisa ngupaya keslametane kluwargane. Cundrik, keris, panah,
tumbak dudu bab kang nggumunake kanggone sak enggo ora ana kang tau wani
sembrono marang Winarsih. Praupan kang luruh, tembung kang alus saka lathine
ora ateges ndadekake Winarsih ora duwe daya, ananing cukat trengginas lan
kendel marang kabeh kang nyimpang saka bebener. Anak-anakke kabeh uga digulang
lan digembleng kanthi greget lan disiplin sak enggo mbesuke bisa nerusake
jenenge bapakne. Suteja anak mbarepe wis ketok kapinterane ana bab olah pedang
lan tumbak. Lan wiwit digulang kanuragan dening bapakne. Gegadhangane wong
tuwa, sesuk bisaa dadi prajurit tamenging praja.
Swandari bocah cilik umur limang
tahun, anakke wedok uga digladi murih bisa njaga keslametane dhewe. Mugakna ora
nggumunake mboka isih cilik wis prigel nguncalake cundrik lan manah, niru
mbokne. Swandari uga jago mlayu. Playune rikat lan gesit merga kerep dijak
ngoyak jaran karo wong atuwane sak dawaning pesisir. Wedi kang abot nggodheli
sikil kaya-kaya dudu pepalang kanggone bocah wadhon iku mlayu kaya sikatan
nyamber walang. Sikile uga cepet menawa nendhang utawa njegal nalika rebutan
panganan karo kakange. Bocah loro kuwi gawe mongkok atine wong atuwane lan dadi
gegadhangane kluwargane. Ananging isuk iki, kabeh katon beda. Sakwise
sembahyang subuh, Sembego katon deleg-deleg. Anakke wedok bola-bali disawang
sajak kaya arep pepisahan adoh. Pipine kang alus kaya poreselen kuwi
amben-amben diarasi kebak katresnan. Lelakon iku sajak aneh kanggone Winarsih.
Dheweke ngerti menawa sisihane banget anggone tresna marang anakke wedok, ming
kok ora kaya adat sabene, anakke ming dioyang-oyong mrana-mrene,
dikudang-kudang kaya-kaya ora bakal tau ketemu maneh. Siiirr atine nemu firasat kang ora becik. Apamaneh sambang liringe sisihane katon
beda.“Kakang, kok yen tak sawang, ndika ora kaya biasane. Ana apa ta, kakang?”
ngono pitakone Winarsih.“Ora ana apa-apa kok, bune. Aku ming kangen wae karo
cah ayu gegantilaning atine bapak. Ya, ndhuk.”wangsulane karo ngrangkul anakke
wedhok.“Aja goroh ta, kakang. Pirang tahun aku tepung karo sampeyan sakenggo
aku ora ngerti apa kang sumimpen ana njeroning ati sampeyan.” kandane Winarsih
meneh. Sak nalika brol tangise Sembego wutah. Winarsih banjur ngundang mbok
Jantur kang sok ngrewangi reresik omah lan ngurus sawah supaya ngemong
bocah-bocah ana njaban ngomah. Maune Swandari ora gelem, apa meneh weruh
bapakne raine abang mangar-mangar amarga ngempet tangis. Nanging merga terus
dirih-rih, Swandari banjur ngamplok mbok Jantur.
Sakwise bocah-bocah ana njaba,
Winarsih ngrangkul bojone. Atine kudu tatag nalika bojone saiki lagi duwe sanggan
kang abot. “Ana apa ta, kakang? Mbok aja nggawe atiku bingung.” Winarsih bali
takon. Sembego nata atine, luhe dilapi nganggo lengen surjan lurike, nanging
kaya-kaya luh kuwi mau ora asat trus mili ngiring perihing atine. “Bune, menawa
kaya ngene aku luwih milih mati ana palagan, ngrungkepi sesembahan lan Negara.
Kuwi luwih entheng kanggoku. Ananging menawa kudu nampa kahanan iki atiku ora
mentala. Aku kuwi wong atuwa, lagi seneng-senenge, lagi nedheng-nedhenge
nggulawenthah anak. Nek banjur kudu pisah, rasa ati iki remuk, Bune.” kandane
karo kamisesegen.
“Lha gek sing kudu ditampa niku
napa ta Pak ne? Kok sajake abot tenan. Nek kudu pisah, sinten sing kudu
pisah?”Winarsih nlesih “Swandari.”
Wangsulane Sembego alon.Winarsih saya ora ngerti karo apa sing dikarepke
sisihane. “Kraton lagi madik-madik calon abdi dalem keparak kang bisa kanggo
ngladeni Kanjeng ratu Retno Dumilah kang lagi wae diboyong saka Mediun.”
“Banjur?” “Kanjeng Pangeran Purbaya nimbali aku lan ngersakake Swandari bisa diaturake dadi keparak. Aku ora mentala,
Bune. Swandari isih cilik banget, oleh nyapih susu wae durung suwe. Lha kok
saiki dikersakake dadi abdi dalem keparak. Kuwi ateges aku lan kowe wis ora
bisa nyawang apameneh ngudang. Yen sing dikersakake ki Suteja, aku lila legawa,
dasare aku ya wis cukup anggone nggladhi dadi prejurit kang bisa diandhelake
ana palagan. Umure ya wis rada genep.
Ananging kok kanjeng pangeran malah ngersakake Swandari sing isih umure wae
durung genep enem tahun. ”Winarsih ngunjal ambegan landung. Mripate dieremake
lan ora krasa eluhe tiba. Dheweke banjur kelingan menawa seminggu kepungkur
Swandari crita menawa entuk bebungah arupa duwit kepeng emas saka priyayi kang
ora dingerteni jenenge kuwi. Kamangka duwit kang ora sithik pengajine kuwi ora
dikarepake kanggo males budi utawa pitulungan apa-apa. Winarsih banjur nglenggana dene kuwi sanepa menawa Kanjeng
Pangeran ngersakake anakke wadon kang banget ditresnani. “Lha terus kepiye ta, kakang?” tangise Winarsih “Aku uga ora ngerti
kudu piye. Nek pancene dikersakake ngono kuwi mesti ana bebungah kang
diparingake, ning apa ya aku arep nggadhe anakku ta, Bune? Kamangka yen aku
puguh ora gelem wis mesti bakal nampa pidana abot.” Kandhane Sembego karo
nangis. “Apa ora isa nyuwun wektu limang-limang tahun engkas ta, Pak ne. Aku
ikhlas menawa Swandari uwis rada gedhe sithik. Wong ya ana kraton ki rak mesti
kepama ta uripe? Ming karepku aja saiki.” “Ya, kuwi sing ora bisa. Swandari wis
wiwit cilik kudu diajari maneka werna unggah-ungguh kaya dene abdi dalem
keparak Kraton. Kuwi sebabe sing digoleki bocah-bocah sak umurane
Swandari.”Wong loro banjur pada tetangisan. Atine susah lan kabeh impen lan gegadhangane
kang dironce bareng kanggo uripe Swandari besuke bubar.
nnnnnnnn
Swandari katon seneng nalika ngerti
yen arep dijak bapakne lunga menyang Kuthagara. Kanggone Kuthagara kuwi mesti
panggonan kang endah lan rame amarga cedhak karo kraton. Swandari uga ngontok
kepengin weruh pasar ana Kuthagara kana kang kawentar akeh barang-barang sing
apik-apik, utamane barang-barang saka manca. Saksuwene iki dheweke ming krungu
critane saka mbok Jantur utawa kanca-kancane sing uwis tau tekan Kuthagara.
Kabeh crita dene Kuthagara kuwi akeh wong-wong manca. Ana sing kulite putih,
mripate biru, dedheg piyadhege gede dhuwur. Ana uga sing kulite kuning, mripate
sipit pegaweyane dodolan bakal kang aran sutra, bakal kuwi maneka wernane, ora
kaya sogan batik kang mung duwe werna latar putih, soklat utawa ireng.
Wong-wong kang mripate sipit kuwi arane Cina.
Swandari uga wis tau dicritani karo
mbok Jantur, menawa para bendara ana kuta kuwi yen wedangan ora nganggo cangkir
kang digawe saka grabah ananging saka porselen sing bisa digambari maneka
werna. Barang-barang kuwi uga ditekakake saka Cina liwat bandar kang ana
Semarang nganggo kapal-kapal Jung sing gedhene sak omah-omah. Utawa saka
Batavia, kutha ana ing pucuk kulon Jawa. Swandari ming bisa ndhomblong yen Mbok
Jantur crita lan ngentha-entha suk yen uwis gedhe kepengin weruh kabeh sing tau
dicritakake mbok Jantur. Swandari ora ngira dene anggone lunga ana Kuthagara
iki bakal mujudake impene.
Beda karo Swandari, Sutejo kakange
dadi uring-uringan amarga Bapakne ora ngejak dheweke. Kamangka Sutejo uga duwe
pepenginan kan pada karo adhine. Atine rada lerem nalika bapakne njanjeni
menawa suk bar merti desa bakal dijak ana Kuthagara. Sutejo ora ngraita babar
blas menawa lungane Swandari dudu merga arep plesir ananging amarga arep
didadekake boyongan abdi dalem keparak.
Sutejo isih katon mrengut, nalika
Swandari diunggahke bendi karo bapakne. Nanging eseme adhine kang manis kuwi
bisa nglipur atine sing gela.“Aja susah ya, kang. Mengko tak oleh-olehi
panganan sing eunak.” Kandane karo kebak esem. Winarsih ora mentala anggone
weruh anakke wadon lan terima ndhelikake luhe ana sewalike slendhang. Sembego
ngrangkul sisihane kebak katresnan. Gegere dilus alon supaya ngekhlaskake anakke wadon kanggo
negara. Sembego banjur nyengklak numpak bendi menyang Kuthagara.
Dalan menyang Kuthagara pancen lumayan adoh sakengga
Swandari keturon ana pangkone bapakne. Nrabas alas, karang padesan lan nyabrang
kali kabeh kudu dilakoni supaya bisa tekan ana pusate kerameyan praja kanga ran
Mataram kuwi. Nalika wis wates kutha, Sembego nggugah anakke wedok, wancine wis
katon rada surup, nanging regenge kutha isih katon. Wong-wong sing dodolan
bengi wis wiwit ngurupake senthir utawa obor ana sak kiwa tengene dodolane sak
enggo wong bisa weruh apa kang ditawakake.
Swandari rada bingung lan semu
gumun geneya ing wanci surup isih akeh kang pada mlaku-mlaku ana dalan-dalan,
kamangka yen ana ndesa, kabeh uwong wis tutupan omah rapet. Sembego ngedhuke
anakke wedok ana salah sijine warung sing dodol panganan lan mbayar bendine.
Angkahe arep mangan dhisik sak durunge bali ana ngomah sewan kang biasane
dienggo nginep prejurit nalika lagi ora dines. Swandari ngucek-ucek mripate
kanggo ngilangake sisa ngantuke. “ Ayo, Ndhuk.” Bapakne nggandheng tangane
ngejak mlebu warung kang dibangun saka gebyog jati anyar. Swandari ngetutake
Bapakne banjur lingguh ana kaya amben gedhe kang pancen dicepakake kanggo para
tamu kang ngaso lan manga nana kono.
Sembego banjur pesen sega lawuh iwak bakar, gudangan karo teh poci.
Praupane katon kuyu amarga mlaku adoh lan sing baku kudu pepisahan karo anakke
wedok. Nalika panganan sing dipesen teka, dheweke uga ora katon dokoh kaya
adate menawa lagi mangan enak. Panganan-panganan kuwi sajake angel banget diulu
lan rekayasa anggone mamah. Kamangka iwak bakar ing warung kuwi karemane yen
pas duwe wektu lan rezeki kanggo ngiras ana kono. Saiki kabeh krasa sepa.
Sembego nglirik anakke wedok.
Swandari katon telap-telep anggone mangan sajake wis ngempet ngelih kawit mau.
Sembego mesem, atine rada lerem weruh anakke ndemenakake anggone mangan. Kanthi
sih, Sembego ngelus rambute anakke sing dawa karo ndedonga muga-muga apa kang
digadhang wong tuwa supaya bocah kuwi mbesuke bakal nemu kanugrahane Pangeran
lan kabejan.
Sakwise mangan Sembego ngejak
anakke mulih ana omah sewane kang ora adoh saka warung kuwi. Angone mlaku alon,
merga Swandari sajak isih gumun weruh omah-omah lan bangunan ana ing Kuthagara.
Omah-omah kang seje saka omah neng desane. Omah-omah kuwi akeh-akehe kagawe
saka bata kang ditata utawa ditembok. Lawange-lawang kori saka jati tua kang
kandel lan abot. Jendelane uga saka jati lan ukurane uga gedhe-gedhe. Swandari
dadi krasa urip ana manca Negara amarga kanyatan ing Kuthagara banget beda karo
apa kang ana desane. Omah gebyog kang ana kutha uga ora pada karo joglo limasan
neng kampunge. Sembego katon seneng weruh anakke kang gumun weruh maneka werna
sesawangan. Sembego rumangsa bombing dene anggone dadi wong tuwa wis bisa gawe
senenge anak nadyanta mung sedhela.
Omah sewane Sembego ora adoh saka
beteng mburi Kraton Mataram. Pancen ana sabrang dalan jagang kraton. Nanging
kuwi uga kang marai Swandari dadi bisa weruh tembok-tembok kraton kang dhuwur
lan gapurane. Swandari katon gumun banget. “Sesuk, kowe tak jak mlebu Kraton,
nanging kowe kudu bisa nata kabeh solah bawamu, merga kraton kuwi ora pada karo
desa. Ana kraton kuwi akeh para
penggedhe sing kudu diurmati.” kandane Sembego. Swandari manthuk, mripate katon
sumunar bungah amarga bisa weruh njeron Kraton.
Sak liyane Sembego ana papat
prejurit kang uga dadi siji ana omah sewan kuwi, kabeh andahane Sembego saka
bregada Langenastra. Prejurit-prejurit kuwi isih enom-enom lan durung pada duwe
sisihan utawa bojo. Sembego dipasrahi nggladhi para prejurit kuwi lan prejurit
sing isih magang ana sak mburi masjid gedhe ora adoh saka kono. Andahane
Sembego ngungun weruh anakke wedhok
Sembego. “Niki putrane ta, ki lurah? Wah jan ayu tenan…! Emane kok isih cilik
ya.” aloke Maruto. “Lha nek wis gedhe apa ya arep mbok pek ngono
pa piye, Mar?” Sunggono mangsuli. Maruto mesem isin. “Wis ora susah pada rebut.
Ki lurah ki ngejak putrane merga arep dijak plesir weruh Kraton. Rak nggih
ngoten ta ki Lurah?” ujare Marwono. Sembego manthuk. “Lha iya. Dadi kowe karo
aku, Mar. Wajib njaga keslametane nimas Swandari.” Marwono nambahi. “Aku uga
sarujuk. Aku wis mesti siaga ta, kang.” Suroso uga mangsuli. Sembego mung mesem
lan banjur ngejak anakke wadhon mlebu senthonge.
Maruto, Sunggono, Suroso lan
Marwono banjur pada rerasan geneya lurahe katone susah atine kamangka jare arep
ngejak anakke wadon plesir. “Kang, apa iki mung rasaku apa ya pancene ngono. Ki
lurah kok katone lagi goreh ya?” Pitakone Sunggono. “Ho oh. Eseme ki ora kaya
adat sabene. Mangka rak ngejak denoke, ta. Mesthine rak ya seneng kaya wong
tuwa umume nek mlesirke bocah.” Suroso mangsuli. “Kamangka denoke ki ayu tenan
lho. Nek aku dadi bapakne wis mesti aku bombong, dhi. Lha isih cuiilliiikk wae wis
katon ayune. Kulite resik, rambute ngandhan-andhan, irunge mbangir, lambene
gula sak themlik tur abang pisan. Mripate liyep lindri. Wis apa ta kurange?”
Maruta nambahi kanthi logat Jawa wetan kang kenthel. Marwono kang katone bisa
nangkep surasane penggedhene kang wis kaanggep kadang dhewe. “Apa iki ana
gayutane karo Gusti Raden Ayu Retno Dumilah?” pitakone Marwono. “Lha pancene
ana apa ta?” Maruta genti takon marang Marwono. “Aku ki ming krungu menawa
Gusti ayu ki lagi madik-madik abdi dalem anyar. Biasane abdi dalem ngono kuwi
rak sok diampil saka para bupati nayaka. Nanging mbok menawa amarga denok
Swandari ki kawentar ayune banjur arep diaturke dadi abdi dalem keparak.”
Marwono mbacutake guneme. “Ais, mbok aja waton omong lambemu kuwi, No. Lha apa
ya tumon bocah ana ndesa kang adoh saka Kuthagara ngene ki bisa kawentar nganti
tekan kene.” wangsulane Sunggono. “Lho aku rak ming mbokmenawa.” Marwono genti
wangsulan. “Menawa ngono tenan. Kudune ki lurah ki ya wajib seneng. Lha wong
abdi dalem keparak ki ya wong-wong pilihan. Utamane nek isih bocah. Rak njur
digladhi werna-werna ta. Durung sandhangane ya mesti batik nomer siji. Mesti
entuk raja brana werna-werna, lha wong caket karo bendara ta. Lha njuk sing
marai susah ki apane?” Sunggono mangsuli karo mecucu. Marwono nglirik kancane
karo gedhek-gedhek. Suroso kang maune mung amem wae, banjur nambahi guneme
Sunggono “Ooaalllaah, bocah ki nek wawasane ming sak jenthik. Ngene ya, Sung.
Pancen sing mbok omongake kuwi ora kleru. Menawa denoke dadi abdi dalem keparak
kuwi mesti kepama, ya mangane, ya sandhangane, ya papane. Ananging denok ki rak
isih cilik, mestine ya isih kepingin dikudang lan dimong bapa biyunge. Lha nek wis
dadi abdi dalem ki rak ya kudu pisah bapa biyung lan ora bisa sak wanci-wanci
kepethuk.” Sunggono banjur meneng, mripate kethip-kethip. Dheweke banjur bisa
ngrasakake apa kang dadi sedihe lurahe. Dheweke uga nepakake dene dheweke kang
uwis gerang wae sok krasa kangen marang wong atuwane sing adoh papan dununge.
Kamangka wajibe prejurit kuwi kudu luwih nengenake tugasing negara lan bisa
meper pepinganane pribadi. Kuwi kabeh ateges dheweke uga ora bisa sak penake
tilik wong tuwane. Ora krasa mripate Sunggono banjur kebak tetesing luh. Supaya
kanca-kancane ora weruh, dheweke banjur menyat metu saka ngomah lan nyawang
padhanging bulan ana ngarep jagang.
Wengine saya tintrim lan angine
tumiyut nggogrokake gegodhongan. Pang-pang garing gesek ginesek nimbulake swara
kadya tembang kang ngayut-anyut. Tembok-tembok Kraton kang dhuwur ora mung
katon dadi betenge praja nanging uga dadi kalang kanggone sapa wae kang ana
njerone. Sunggono ngelap luhe nganggo lengen surjane. Geneya labuh negara ki
abot sanggane, ora cukup ming nyawa nanging kabeh kang diduweni lan kabeh kang
ditresnani bisa uga dadi bebantene.
TTTTTTTTTTTTT
Isuk-isuk Sembego uwis dandan
mlithit, kabeh sandhangane ditata sajak wedi yen ana kang nekuk utawa pating
klunthung. Ikete uga wola-wali kapacak supaya ora ana kang marakake katon ora
pantes. Jarike uga wola-wali dipernahake sak engga patut lan trep ana
awake.Wirone megar mingkup nalika Sembego njangkah ngatonake gagah pideksane
awake. Swandari mesem, geneya bapakne dandan mlithit, ora kaya adat sabene yen
ana ngomah. Biasane surjane wae sok ora tau ditangkepke utawa dibenike supaya
ngatonake bentuk dhadhane kang jembar tur pengkuh lan wetenge sing
kothak-kothak mratandani menawa Sembego kuwi pancen prejurit sejati kang ora
mung mligi ngudi olah keprejuritan nanging uga ngolah awake. Swandari dhewe
uwis rampung anggone dandan. Swandari nganggo jarit batik latar putih kang
diubedake kaya kemben, banjur dhadhane ditutupi mekak werna wungu duwet. Kulite
kang resik dadi katon cemlorong, banjur rambute digelung cepol lumrahe bocah
ndesa. Sunggono kang sewengi milih turu njaba nalika mangerteni menawa denok
Swandari bakal dadi emban cilik ana Kraton, uwis nggawakake kembang ceplok
menur kang wangi kanggo dituncepake ana gelunge bocah wedok kuwi dikantheni donga,
moga bocah kuwi tembene bakal nemu kabegjan. Swandari seneng banget.
Sembego banjur nggandheng tangane
anakke, sak wise pamit marang andahane Sembego njangkah metu ngomah. Sikile krasa abot, rasane atine kaya
dijuwing-juwing, nanging iki salah sijining cara mbuktekake kasetyane marang
bendara lan negarane. Sunggono uga sajak ora mentala weruh kahanan kuwi banjur
mlebu ngomah ditututi Marwono. Sak jroning ati Sunggono janji marang diri
pribadi dene wiwit dina iki bakal njagani lan nglawati denok Swandari saka
kadohan.
TTTTTTTTTTTTT
Kanjeng Pangeran Purbaya katon
jumeneng ana ngisor wit gandhek gedhe ana satengahing keben kaadhep abdi dalem
keparak saka kaputren Kanjeng Ratu Retna Dumilah kang aran Nyai Wreksa. Kanjeng
Pangeran sajake uwis priksa menawa dina iki Sembego arep teka sowan lang
ngaturake anakke wedhok kang dadi gegadhangane Kanjeng Pangeran. Ora let suwe
Sembego lan Swandari katon lumaku tumuju tengahing keben. Nalika weruh dene
Njeng Pangeran tedhak ana tengahing Keben, Sembego banjur laku dodok, mripate
tumanjem ana lemah ora wani ndhangak. Swandari kang bocah ndesa durung
mangerteni tata caraning kraton sajak bingung kudu kepiye, nanging bapakne
narik jarite supaya bocah kuwi tiru-tiru laku dhodok. Merga ora kulina Swandari
ketowal-tawil sajak arep tiba. Kanjeng Pangeran mesem. Sak wise atur sembah lan
dikeparengake lingguh, Sunggono banjur sila ana sangarepe sampeyane Kanjeng
Pangeran. “Nyai Wreksa.”Kanjeng Pangeran ndangu keng abdi. “Nun inggih,
Pangeran.” Nyai Wreksa wangsulan karo nyembah. Raine tetep tumungkul ora wani
mandeng pasuryane Kanjeng Pangeran. “Sajake kowe kudu nyambut gawe abot. Ning
menawa kowe kasil nggladhi bocah kae, Kanjeng Ratu uwis mesti paring bebana
kang akeh.”Pangeran mbacutake pangandhikane karo gemujeng. “Inggih.” Wangsulane
Nyai Wreksa cekak. “Sembego.” Pangeran Purbaya genti ndangu lurah prejurite.
“Aku ora gumun jebul bocah wadhon sing ayu kuwi anakmu. Aku seneng dene kowe
bisa ngaturake putramu kuwi kanggo ngabdi ana kraton. Ora okeh bocah kang
pinter lan prigel kaya anakmu wedok mboka kuwi putra bupati nayaka nanging aku
marem gene kowe bisa mulang bocah kuwi kanthi becik. Aku uga ngerti mbokmenawa
kowe ora rena yen aku njikuk anakmu wadhon sing mestine banget mbok tresnani.
Nanging kraton pancen lagi mbutuhake bocah-bocah kang pinter lan prigel supaya
mbesuke bisa dadi nayakapraja kang mumpuni lan migunani tumrap ing bangsa lan
Negara, ora ming mligi adedasar turun nanging uga adedasar kabisan. Dadi aja
marakake cuwa ing atimu. Anakmu wedhok bakal dak jaga kaya anakku dhewe, lan
aku uga bakal paring bebana kang ora sithik. Kowe uga bakal entuk
udhak-undhakan pangkat lan entuk lemah pelungguh kang trep karo drajat lan
pangkatmu sing anyar. Dadi sepisan meneh aja cuwa ing atimu.” Ngendhikane
Pangeran marang Sembego. “Inggih, kula sendika dawuh dalem.” Sembego wangsulan
karo nyembah sampeyane Pangeran Purbaya. Swandari kang maune dhingkluk
ngetutake bapakne, alon-alon nglirik karo takon sajroning ati, sapa ta
penggedhe kang banget diurmati wong atuwane. Ndaheba kagete Swandari nalika
weruh pasuryane Pangeran Purbaya, jantunge krasa kaya dikebur lan atine
tab-taban lan ora kejarak lambene ngucap “Paman….” Pangeran Purbaya noleh lan
mesem marang bocah kuwi “Hiya ndhuk cah ayu. Iki aku.” Ngendhikane karo mesem.
Nyai Wreksa lan Sembego kaget dene
Swandari kumawani cumanthaka marang kanjeng Pangeran. Sembego mendelik marang
anakke wedhok, sak nalika Swandari banjur tumungkul. Sembego age-age ngaturake
sembah lan nyuwun ngapura marang Kanjeng Pangeran Purbaya. “Ora dadi apa.
Karang isih cilik lan durung dunung. Nyai Wreksa kuwi dadi kuwajibanmu.”
Ngendhikane Njeng Pangeran lan diwangsuli cekak karo nyai Wreksa tanpa kumawani
ndhangakake sirahe. “Nimas, wiwit saiki kowe ndherek aku. Kowe bakal digladhi
dadi wanita kang migunani tumrape bangsa lan negaramu.” Ngendhikane Pangeran
Purbaya karo ngelus rambute bocah wadhon kuwi kanthi kebak sih katresnan kaya
marang putrane dhewe. Swandari sajak bingung geneya bapakne ora crita apa-apa
menawa dheweke arep ditinggal ana kraton. Sak wise ngendika ngono kuwi Pangeran
Purbaya banjur jengkar sakwise nitipake Swandari marang Nyai Wreksa. Ananging
Swandari panggah ora gelem ngeculake lengene bapakne. “Emoh, pak. Aku ora
kepengin manggon ana Kraton, aku kepengin mulih wae. Ayo ta, pak.” Kandane karo
nglendhoti Bapakne. Sembego sajak ewuh marang Nyai Wrekso, nanging atine uga
keronto-ronto dene kudu ninggal anakke wedok. Sak wise di rih-rih, Swandari
lagi gelem ngeculake bapakne. Atine susah amarga kudu pisah karo wong tuwane
uga sedulure tuwa. Sepisan meneh dheweke ngrangkul bapakne kanthi mripat kebak
eluh, tangise nggriyeng. Bapakne sakjane ora mentala. Alon-alon rambute
Swandari diarasi lan eluhe dilap. “Ndhuk, kowe ki anak prejurit. Ora pantes
menawa nangis kaya mengkono. Saru yen didelok uwong. Kowe kudu ngerti yen dadi
anak prejurit kuwi kudu siaga kapan wae bela negarane. Saiki kowe wis entuk
kabejan amarga isih sak umurmu bisa digladhi ana kene. Wis saiki bapak kudu
nglakoni apa kang dadi kewajibane bapak. Kowe kudu bisa dadi bocah kang miturut
karo Kanjeng Pangeran Purbaya utawa Nyai Wreksa.” Kandane karo ngelus-elus
sirahe anakke. Sembego banjur menyat lan mak klepat nglungani anakke. Swandari
njerit karo nangis, dheweke arep mlayu ngonyak bapakne nanging dicekeli karo
Nyai Wreksa. Dasare bocah rosa, Nyai Wreksa kakipatake banjur tiba krengkangan.
Nyai Wreksa mbengok marang prejurit kang jaga.
Para prejurit langsung
siyaga,nyegat playune Swandari. Nanging sikil cilik kuwi pancen prigel banget,
para prjurit sing nyegat ditendang, dilumpati kanthi gampang kaya klinci lolos
saka pangunyake wulung. Playune kang gesit bali dipalangi papat prejurit sikep
gegaman, nanging Swandari kasil mbrobos ing antarane sikil prejurit. Krodhane
kandheg nalika ana slendhang saka sutra nggubet bangkekane
lan nggeret awake sing cilik mrengil kuwi memburi. Swandari sak nalika
ndheprok.
Nyai Wreksa mlayoni Swandari. Bocah
wadon kuwi sajake semaput. Alon-alon Nyai Wrekso ngeculake slendhang kang nggubet bangkekane Swandari. Banjur ngaturake sembah lan
slendhang kang kanggo nggubet bocah kuwi mau
uga diaturake marang putri ayu sing sengaja ngendhekake Swandari. “Kanjeng
Ratu.” Ature tanpa wani mandeng pepundhene. “Dadi bocah iki sing dikandhakake
nakmas Purbaya?”Kanjeng Ratu ndagu abdine. “Inggih.” Nyai Wreksa semaur alus.
“Bocah iki dudu tandingmu, Nyai. Bocah iki kudu dicekel lan digladhi dening abdi dalem kang jembar wawasane, prigel
anggone olah kaprajuritan lan mungguh ing tata karma.” Kanjeng Ratu Retna
Dumilah paring pangandikan meneh. “Lajeng kawula kedah kados pundi?”Nyai Wreksa
bingung. Ratu Retna Dumilah mesem. “Saiki bocah kuwi pulasaranen. Kae senthong
kang ana wetan keputren wis direseki
karo emban-emban liyane. Bocah kuwi dipanggonake ana kono wae, dadi aku sak
wanci-wanci bisa niliki. Mengko aku tak madhig-madhig sapa ta kang saguh lan
bisa nggulawenthah bocah kuwi sak enggo ilmu lan kauragaane bisa migunani
tumrap ing bangsa lan negarane mbesuke.”Pangandhikane Kanjeng ratu kang banjur
sinaut sauran sendika lan sembah saka Nyai Wreksa.
Swandari banjur digendhong mlebu
senthong kang wus dicepakake. Senthong kuwi ora digawe saka gebyog kaya umume
bangunaning Kraton Kuthagara, ananging digawe saka bata kandel, korine uga saka
jati tuwa gedhe wutuh kang pengkuh, gemboke saka wesi, dadi mokal yen Swandari
bisa uwal saka kono. Senthong kuwi isine amben maoni gedhe lan kasur kang
dispreini mori polos. Kemule saka jarit kawung. Sak liyane kuwi uga ana meja
gedhe lan kothak kanggo nyinggahake sandhangan lan mas-masan. Ana uga maneka
werna cepuk kang isine jamu lan wedhak kang biasane dienggo dandan para putri.
Swandari alon-alon tangi saka peturone, donyane krasa peteng, ora ming merga
anggone tiba kebanting, nanging luwih disebabake rasa sedih lan keduwung dene
bapakne tega ninggalake dheweke. Kamangka dheweke isih kepengin ngrasakake urip
bebarengan karo wong atuwane. Eluhe trus netes lan dhadane krasa sesek. Swandari ngadheg banjur tumuju lawang, karepe
kepengin metu, jebul lawange kemunci saka njaba. Swandari bali ndheprok
ndepipis ana ngarep lawang kori ukir kuwi karo mingseg-mingseg amarga atine
kelara-lara.
TTTTTTTTTTTTT
Kanjeng Ratu Retna Dumilah lenggah
sila disambi ngrampungake bathikane, kaadhep emban sepuh kang aran Nyai Welasa.
“Ndoro putri, punapa mboten klentu dene njeng Pangeran nglebetaken lare ndusun
wonten ing kraton? Biyasanipun rak sedaya abdi dalem keparak punika taksih trah
piyambak utawi putra-putri bupati Nayaka, ta?” Nyai Welasa nyuwun pirsa karo
sajak wedi nyadong duka bendarane. “ Biyung emban, wong kang lantip lan prigel
kuwi ora mung ana Kraton wae. Sok malah tinemu ana jagat sing awake dhewe ora
mangerteni, mula kuwi pancen Nakmas Purbaya ki tak sambat supaya nggolekake aku
abdi dalem kang ora saka bupati nayaka. Aku kepengin mbuktekake menawa emas
kuwi ora mesti ditemu ana kemasan utawa pande mas. Aku uga kepengin ngerti apa
neng tanah Jawa iki ana bocah-bocah kang duwe kepinteran linuwih kang bisa
disumbangake kanggo negarane.” Ratu Retna Dumilah paring pangandikan. Nyai
Welasa banjur mbacutake anggone nyuwun priksa “Lha ning rak genduk Swandari
menika taksih timur. Taksih alit, menapa njih sged menawi pun gladhi
werni-werni ta? Retno Dumilah banjur nyelehake canthinge. Retno Dumilah nyawang abdine kanthi asih
“Biyung, tresna marang Negara lan bangsa kuwi dudu pegaweyaan kang isa disinau
sewengi. Tresna marang Negara kuwi diwulangake wiwit bocah lair saka gua
garbaning ibu. Kuwi uga kang diadhani ana Kraton. Wiwit timur, para pangeran
wis digulang duwe tanggung jawab mengku Negara mula ora gumun yen para putra lan
sentana dalem ki prigel ana samubarang kang ana gandheng cenenge karo
babagan-babagan pangreh praja utawa tata ning negara. Kraton uga duwe papan
pasinaon kaya mengkono kuwi kanggo putra-putra dalem, nanging kanggone para
kawula alit durung ana papan pasinaon kaya mengkono kejaba sing pancen tau
nyantrik utawa ngabdi marang para wiku utawa para wali.Kuwi sebabe aku nyambat
nakmas Purbaya, supaya menawa aku kasil gladhi bocah iki, aku bisa ngglembuk
kanjeng Panembahan supaya kersa yasa pawiyatan agung kang ora mung sentana
dalem sing bisa sinau ananging bocah-bocah kang duwe bakat gedhe, ya kaya
gendhuk Swandari kuwi. Pancen ketoke kok kejem, misahake wong tuwa karo anakke,
ananging kanggo nggladhi supaya bocah bisa mandireng, bocah ora kena gumantung
sama wae klebu wong atuwane.” Retno Dumilah mbacutake pangandhikane. Nyai
Welasa manthuk. Dheweke uwis mangerteni
menawa kanjeng ratu Retno Dumilah kuwi dudu wanita biyasa.Pikiran lan rasane
bisa ngungkuli para priya, lantip lan prigel uga ana ing olah ing praja. Kuwi
uga kang sok marakake kemerene para garwa liyane.
Kanjeng ratu Retno Dumilah uga
wasis ing kabudayan sak enggo putrane kang aran Raden mas Jatmiko[1]
digulang maneka werna tembang lan beksa sak liyane sinau bab-bab kang ana
gandheng cenenge karo pangreh praja lan tata ning negara. Kanjeng Ratu uga ora
tau kendhat anggone mulangake tresna marang bangsa, negara lan kautamaning
agama, sak enggo mbesuke putra-putrane bisaa dadi satrianing bangsa.
Kanjeng Ratu mbacutake anggone mbathik
nalika putrane pembarep Raden Mas Jatmika mlebu ana panggonan kuwi. “Kanjeng
Ibu, punapa para abdi dalem ingkang ibu kersakaken sampun sami dateng?” Raden
mas Jatmika matur mangkono marang biyunge amarga, Raden mas Jatmika krungu ana
rame-rame ana ing keputren. “Iya, nakmas. Bocah wadon saka desa ing pesisir
kidul. Lha kersane kepiye kok ora kaya adat saben nakmas nakokake para abdi?”
pitakone Kanjeng ratu nlesih. Raden Jatmika gedheg sajak rikuh anggone matur.
“Inggih, kula naming kepengin mangertos kok para prejurit sajakipun ubur
anggenipun nyritakaken lare kalawau. Menapa njih sak estu digdaya ta lare
menika, Ibu?” Raden Mas Jatmika bali takon marang biyunge. Kanjeng Ratu mung
gemujeng wae. “Durung. Nanging menawa digladhi tenan lan diwulang kanthi becik,
mbesuke bakal bisa dadi prjurit kenyo kang mumpuni, nakmas.” Kandhane Kanjeng
Ratu karo nyawang putrane. “Kenging menapa ibu langkung remen gadah prejurit
estri? Punapa para priya sak menika mboten saged pun jagekaken kabisan lan
kadigdayanipun ?” Raden mas Jatmika kang nalika semana isih timur udakara 10
tahun yuswane banget kepengin ngerti marang apa wae kang dadi putusaning para
pengageng Kraton. Ibune luwih-luwih amarga kawentar dadi senopatining prejurit
Kenya nalika bedah Mediun dek jaman semana. “Ngger, anane prajurit Kenya kuwi
dudu dienggo nggenteni para prejurit priya amarga kurang keprigelane utawa
kurang kadigdayane. Anane prejurit Kenya kuwi kanggo jaga-jaga samangsane ana
perang gedhe lan butuh telik sandi paya. Kuwi pegaweyan kang bisa uga dilakoni
para priya, nanging ana bab-bab kang luwih luwes yen dilakoni para wanita utawa
Kenya. Menawa wanita kang dadi telik sandi paya, mesti wae luwih gampang lan
ora gawe cubriya ing mungsuh amarga bisa nyaru dadi apa wae. Bisa nyaru dadi
ledhek, dadi sinden, dadi apa wae kang ora bisa dilakoni dening para priya ta,
Ngger.” Kanjeng ratu ngunjal ambegan. “ Sak liyane kuwi, wanita uga bisa
nglairake.” Kanjeng ratu mbacutake pangandhikane. Raden Mas Jatmika
njengkerutake bathuke sajak ora mudeng kang dikersakake ibune. “Kuwi jumbuh, ngger karo apa kang diturake
para winasis dene bangsa kang gedhe kuwi yen nduweni wanita-wanita kang utama,
wanita-wanita kang wasis lan prigel ing samubarang kepinteran, ora mung mligi
ana ngomah, mangsak lan ngopeni bale somah. Wanita kuwi kudu bisa kiprah ana
ing bab-bab kang diperlokake kanggo kamulyaning Negara. Saka wanita-wanita kuwi mau menawa ngasilake
turun mesti uga turun ingkang prigel tur mumpuni ing samubarange. Coba nakmas
penggalih, apa ya ana bocah sing pinter menawa biyunge ora mulang kanthi becik?
Apa ya ana bocah kang ganep tata kramane menawa biyunge ora duwe tata karma?
Winih bangsa iki katandur ana gua garbaning wanita, sak engga wanita kuwi kaya
sawah kang kudu diopeni, dirumat lan dipupuk supaya bisa ngasilake wong-wong kang
migunani tumraping Negara. Carane mupuk kepiye? Wanita kudu duwe hak sing pada
karo para priya ing bab-bab kang ana gandeng cenenge karo olah kepinteran, kudu
ana pawiyatan ora mung mligi kanggo priya nanging uga wanita.” Kanjeng ratu
ngendhika alus supaya apa kang diturake mau tinampa kanthi becik marang
putrane. Raden Mas Jatmika manthuk lan sajake sarujuk karo pangandhikane ibune.
TTTTTTTTTTTTT
Nyai Raga sajak kesusu marak ing
ngarsane Kanjeng Ratu Waskita Jawi utawa kang katelah kanjeng Ratu Mas, garwa
padmi Kanjeng Panembahan Senapati saka
Pati. Lakune rikat sumelang menawa kabar kang keprungu ana kupinge kuwi bakal
gawe bendharane ngalami tuna kang gedhe banget. Kuwi sebabe dheweke direwangi
keraya-raya marak arep matur kabar kang paling anyar kang diduweni saka kaputren
kulon.
Nalika semana Kanjeng ratu mas lagi
nglaras ana emperan senthong kaputrene, sajake bar ngudi salira lan siram
nganggo maneka werna racikan jamu supaya kulite tetep resik lan gilap kaya adat
sabene. Kanjeng ratu uga lagi ngrasakake angete wedhang jahe sere kang uwis
dicawisake abdi dalem liyane. Nyai Raga mundhuk-mundhuk lan ngaturake sembah
ana sampeyane Kanjeng Ratu Mas. “Ana apa biyung Raga kok sajake nyalawadi?”
Mangkono pitakone kanjeng ratu. “Inggih Gusti. Kula kalawau pikantuk kabar
saking keputren kilen bilih Raden Ayu Retna Dumilah sampun ngempalaken para
wanita saking njawi Kraton badhe pun gulang dados prejurit.” Nyai Raga matur
kanthi ati kang tab-taban amarga ngira menawa kabar kuwi mau bakal marai bendharane
duka yayah sinipi, sak engga dheweke bisa mbacutake mbujuki bendharane supaya
manut reka dayane kanggo ngendih panguwasane kanjeng ratu Retna Dumilah. Dasar Nyai Raga pancen ora seneng lan sengit
ngigit-igit marang sapa wae kang dadi pepalange bendharane. Nanging adoh saka
pangirane, gustine mung amem wae lan wangsulan cekak “Njur ngapa?” Nyai Raga
kaget. “Menapa Gusti ayu mboten sumelang menawi samangke putranipun Den Ayu
Retna Dumilah ngendih panguwaos putra dalem lan ngrebat kalenggahan adipati
anom saking putra jengandika?” Nyai Raga matur karo nyembah. “Aku wis krungu
biyung Raga. Nanging sing diklumpukake karo maruku kae ming cah ndesa, bocah
pidak pedarakan. Ora bisa yen katandhingake karo jagoku Iswati putra bupati nayaka kang asli saka
pesisir lor. Apa kowe tambuh menawa wong-wong pesisir lor kuwi, wong-wong kang
pinilih. Ora kaya cah-cah ndesa saka pesisir kidul kae. Wis lethek, ora
moncer.”Pangandikane Ratu Mas sengguh. Nyai Raga ngungun dene bendharane ora
ngrewes omongane, nanging dasar racun, Nyai Raga ora mung mandeg tekan semana,
dheweke isih ngoyak kanthi kabar kang digedhek-gedheke. “ Gusti, penjenangan
kedah ndhahar atur kula. Lare punika sak estu mumpuni lan gadah kadigdayan
linuwih. Kula miring-mireng taksih turunipun dukun. Menapa penjenengan dalem
mboten sumelang dene lare-lare menika saged ilmu tenung lan santet. Lha menapa
tumon, lare taksih gangsal utawi enem tahun saged damel prejurit-prejurit
kraton ingkang digdaya, ambruk nemahi bantala.”kandhane karo menyong-menyong
lambene. Kanjeng Ratu saknalika legeg, sajak percaya ora percaya. Ananging yen
kabar kuwi bener, mesti wae Kanjeng Ratu Mas rumangsa kuatir. “He eh ngono pa,
Yung? Aja-aja ming critamu wae.”Kanjeng Ratu ngendikan nganggo logate wong
pesisir lor kang kenthel. “Inggih. Sak estu, Gusti Ayu. Menapa njih sepriki
kula nate matur dora?” wangsulane karo mesem dene umpane kena. “Lha nek miturut
kowe apa sing kudu tak lakoni?”Pitakone Kanjeng Ratu. “Gampil, Gusti.
Penjenengan dalem naming kedah pitados dumateng keng abdi, mangke kula ingkang
nyingkiraken pepalang dalem.” Kandhane Nyai Raga mongkok. Kanjeng ratu Mas kang
sak jane ora kepengin campur tangan nanging menawa diumpan nganggo kalenggahane
mesti wae bakal panasten. Kanthi mangkel Kanjeng Ratu banjur jengkar saka emper
lan mlebu senthonge. Ora let suwe Kanjeng ratu mbukak kori senthonge lan
nguncalake bondhotan cilik isi duwit emas nang Nyai Raga. Nyai Raga nyembah lan
banjur mundur kanthi ati kang seneng banget. Nyai Raga banjur mungkur saka
keputren lan wiwit ngentha-entha apa kang bakal dilakokake kanggo ngupaya
supaya Ratu anyar kang kaanggep dadi klilipe bendharane bisa disingkirake.
Nanging apa kang dilakoni Nyai Raga
kuwi mau didhingkik
pawongan kang ujug-ujug metu saka sewaliking wit sawo gedhe sak pinggiring keputren.
Pawongan kuwi gedheg-gedheg gumun dene ana wae wong kang nyoba nandur wisa.
Kanthi rikat dheweke banjur ngilang saka panggonan kuwi lan ngetutake nyai Raga
kang dicubriyani bakal gawe kisruhing praja.
TTTTTTTTTTTTT
Swandari ngucek-ucek mripate kang
pedes amarga kesuwen anggone nangis. Kupinge krungu swarane lawang korine
dibukak. Saka bolonganing angin Swandari ngerti menawa wancine uwis wengi lan
kamare uga wis samsaya peteng. Swandari gagap-gagap arep ngurupake senthir kang
sumadiya ana kono, ananging mripate kadung weruh sunare senthir kang digawa
emban kang nyawisake panganan kanggo dheweke. Emban kuwi ora omong apa-apa.
Panganane uga mung diglethake ngono wae. Sak wise nyumet senthir kang ana
kamare Swandari dheweke banjur metu karo nggawa senthire dhewe. Swandari krungu
korine ditutup alon, nanging kupinge ora nangkep swaraning gembok dikunci kaya
maune.
Swandari isih ora gelem menyat saka
ambene yen ora dipeksa wetenge kang wis pating kruyuk amarga ngelih. Alon-alon
dheweke menyat nyedhaki panganan kang dicawisake, semu kaget amarga panganan
kuwi katone pancen enak-enak lan arupa maneka werna janganan, woh-wohan lan
lawuh sing maneka werna. Pancen ukurane ora akeh kanggone wong ndesa kang
kulina dokoh mangane, ananging maneka werna kang dicawisake sak engga yen
dipangan kabeh, Swandari ora bakal keluwen. Ana iwak pitik dimangsak nganggo
bumbu gurih, ana lalapane komplit lan maneka warna panganan jajan pasar kang
legi. Swandari mangan sak warege dasar ya wis ngelih banget wetenge. Nanging
nalika mangan jajan pasare arupa wajik,
dheweke weruh layang gemlethek ana sak ngisore cawan kang agawe saka
grabah. Swandari kaget. Layang mau ana tulisane, Swandari kang uwis bisa maca
sithik-sithik nyoba ngerteni isining tulisan ana ing layang kuwi. “Metua saka
panggonan iki, muliha nang desamu. Kowe bakal disiksa ana panggonan iki. Dadi
yen kowe pinter, mlayua sing adoh.Lawang sengaja ora dikunci saka njaba. Yen
uwis maca, layang iki obongen.” isine layang kuwi. Nanging ora cetha sapa kang
ngirim pesen kuwi. Swandari kangisih bocah cemlolo lan durung ngerteni maneka
werna lelakon ana kraton kegodha dening isine layang. Alon-alon dheweke
nylempitake layang kuwi ana stagene.
Thimik-thimik lan kanthi sesingidan
Swandari mbukak korine kang pancen ora kemunci. Banjur ngrambati tembok
senthonge tumuju neng keben kang dadi watese bangunan senthonge karo temboking
beteng. Saben-saben Swandari kudu ndhelik ing antarane wit-wit gedhe
satengahing keben kanggo ngawekani supaya ora kecekel utawa konangan dening
para prejurit kang jaga. Jantunge kaya kinebur amarga mlayu saka kraton kuwi
dudu gaweyan kang gampang kaya yen dheweke dolanan delikan ana desane.
Prejurit-prejurit kraton kuwi galak tur ya ora tida-tida marang sak sapa wae
sing nyoba mlebu utawa metu saka kraton tanpa idhin kang kawogan.
Sak wise pirang-pirang menit
suwene, Swandari kasil tekan tembok beteng kraton, pikire yen dheweke kasil
mencolot metu, dheweke mesti bisa luwar saka panggonan kang ngungkung dheweke. Ananging
tembok kang agawe saka bata kuwi dhuwure ora jamak, apameneh kanggone bocah
umur limang tahun kaya dheweke. Swandari nyoba nggagapi ngget-nggetan bata sapa
ngerti bisa dipenek. Nanging ngget-nggetan bata kuwi kebak lumut, dadi ya lunyu
menawa dipenek. Nanging atine Swandari wis gilig kudu metu saka panggonan kuwi
lan mulih ana desane ketemu maneh karo bapa biyunge. Sikile kang cilik
thekel-thekel menek ngliwati ngget-nggetan bata kuwi. Beja dene langite uga
mendhung sak engga tembok beteng kuwi katon peteng lan bisa nyigidake wujude
Swandari. Alon-alon, Swandari nemplekake tangane ana tembok, mrambat kaya
cecak. Durung nganti rong meter anggone
menek, ana tangan kang pengkuh ngranggeh bangkekane. Swandari meh wae njerit
saupama pawongan kang ngranggeh bangkekane kuwi mau ora cepet-cepet nutup
lambene ngango tangane kang gedhe. Swandari njola lan ngupaya bisa uwal saka
panyekele pawongan kuwi. Nanging pawongan kuwi rosa banget. Swandari digendhong
digeret bali sak pinggiring senthonge. “Ndhuk, iki aku. Uwis aja kakehan polah.”
kandhane pawongan kuwi alus. Swandari kaya tepung swara kuwi banjur lerem.
Pawongan ngeculake Swandari banjur
jengkeng ana sak ngarepe. “Paman Sunggono?” Swandari nyuwara lirih, kaget
geneya andahane bapakne ana kono. Sunggono manthuk karo mesem “Iya, ndhuk iki
aku Sunggono. Aku seneng, kowe ora lali karo aku.” wangsulane Sunggono uga
lirih semelang keprungu wong liya. “Lha kok njenengan dalu-dalu wonten mriki
menapa saweg jagi ta, paman?” pitakone Swandari. Sunggono manthuk. “Ndhuk, aku
ngerti menawa kowe durung krasan ana kene. Ananging yen kowe nyoba mlayu kaya
mau. Kowe ora mung ngundang bebaya marang awakmu ananging kowe uga bisa
marakake wong atuwamu nampa ukuman. Kowe mesti ora kepengin menawa bapakmu
dipidana utawa diukum kanga bot mung merga kowe ora bisa ngendhaleni awakmu.”
kandhane Sunggono karo ngempet eluh. Swandari banjur ngenehake laying kang
ditemu mau. Sunggono maca banjur ngrangkul bocah wadhon kuwi kanthi asih.
Tujune dheweke sing ngonangi bocah kuwi yen arep mlayu saka kraton. “ Wis,
layang iki balekna neng nggonmu nemu. Terus ethok-ethoka ora ana kedadeyan
apa-apa lan yen ditakoni wangsulana ora ngerti. Sing baku aja nyoba mlayu
meneh. Bener kowe bisa nglumpati beteng,
nanging kowe sengara bisa slamet nglangeni jagang merga, jagang kae banyune
jero lan akeh ula lan bayane. Menawa isa slamet, kaya sing tak kandhakake mau,
kabeh sanakmu bakal dipidana. Saiki sing baku kowe manuta ndhisik ya, cah
ayu.”kandhane Sunggono karo nuntun bocah kuwi bali neng senthonge. Swandari
mimbik-mimbik nanging Sunggono nglipur kanthi guneman alus “Kowe anak ing
prejurit, kowe kudu tatag, aja gembeng. Saru.” kandhane karo ngelapi luhe
Swandari lan banjur nutup senthonge kaya maune tanpa digembok. Sunggono atine
trenyuh geneya bocah ciliki kuwi uwis kudu nampa pacoban sing abot. Sunggono
banjur janji sak jroning atine bakal ngawat-awati bocah kuwi kanthi iklas lan
tulus. Apameneh bapakne Swandari uga wus kaanggep kadya wong atuwane dhewe.
Langite saya peteng mrantandhakake wengine saya lingsir. Angin kang ngidung
kanthi swara kang ngayut-anyut ngelingake para prejurit supaya tetep waspada
sapa ngerti ana lakune dom sumuruping toya. Sunggono ngilang bareng sepining
wengi nanging atine tetep keri ana korine Swandari, bocah cilik kang ginaris
pesthine ana suwaliking beteng kraton kang kandel.
TTTTTTTTTTTTT
Isuk-isuk nalika Nyai Welasa nemu
korine Swandari uwis ora kemunci, jantunge wis tab-taban dene bocah kuwi nyoba
lolos saka kraton, nanging nalika mlebu senthong bocah kuwi, Nyai Welasa nemu
Swandari isih turu nglempus ana peturone. Nyai Welasa banjur naliti kabeh isi
senthonge Swandari lan nemu layang kang ketutupan cawan, panganan. Nyai Welasa
gregeten banget dene ana wong kang kumowani ngaco ana keputrene. Nyai Welasa
banjur nggugah Swandari kanthi kasar. Swandari kang kaget amarga digugah kanthi
digetak ora kejarak tangane kemlawe kaya arep ngeplak, tujune Nyai Welasa dudu
emban biyasa, tangan kuwi kecandhak banjur kauntir. “Kowe aja coba-coba karo
aku. Wreksa bisa mbok kerasi nanging aku
dudu tandhinganmu.” Kandhane. Swandari jerit-jerit kelaran. Nyai Welasa nyeret
Swandari metu lan njorokake bocah wadhon kuwi sak engga tiba ana lemah lan wis
wiwit nyepakake gitik kanggo nuthug. Nanging tangane kacandhak kanjeng Ratu
Retna Dumilah. “Sabar, biyung emban. Dudu kaya ngono ngajari bocah.” Kanjeng
ratu ngendika alus. Nyai Wreksa banjur simpuh ngaturake sembah marak marang
gustine. Kanjeng Ratu banjur nyedhaki
Swandari. ”Kowe ora papa, Ndhuk?”pitakone kanjeng Ratu. Swandari gedheg.
Kanjeng Ratu banjur ngranggeh tangan cilik kuwi lan Swandari direwangi ngadheg.
Bocah kuwi banjur dituntun ana pendapa keputren. Kanthi asih Kanjeng ratu banjur mboboki
lengene Swandari kang tatu merga kedusur nalika dijorokake Nyai Welasa.
Swandari mringis nalika bobok arupa kunir lan bawang kuwi ngenani tatune. “Wis.
Sesuk tanganmu rak wis mari lan kowe wis bisa sinau beksa. Apa kowe wis tau
sinau gendhing utawa beksa, cah ayu ? pitakone kanjeng Ratu karo mesem. Esem
kuwi sak lawase bakal dieling-eling Swandari, eseme Ratu kang ayu tur kebak
asih tresna tanpa nyawang drajat lan pangkat. Swandari ndingkluk lan gedheg
alon. Kanjeng Ratu banjur bali gemujeng “Wah, cah ayu-ayu kuwi kudu bisa beksa
utawa nembang lan nyindhen. Eman ta yen swarane apik, rupane ayu nanging ora
duwe kabisan bab-bab kabudayane.”Kanjeng Ratu ngendhikan maneh. Swandari
manthuk.
Nyai Welasa sak jane mangkel banget
geneya kanjeng ratu ora ngukum bocah kuwi kamangka bocah kuwi sajake uwis nyoba
lolos saka Kraton. Nyai Welasa banjur marak lan ngaturake layang kang tinemu
ana ing senthonge Swandari. “Apa kowe ngerti bab layang iki ta, ndhuk ?”
pitakone kanjeng ratu. Swandari eling welinge Sunggono lan banjur gedheg. Nyai
Welasa gregeten. Kempole Swandari sing ketutupan jarit diciwel sak rosane karo
muni “Aja goroh.” Swandari mringis kelaran nanging ora njerit. “Biyung!”
Pambengoke Kanjeng ratu. Nyai Welasa banjur ndhelikake rasa jengkele lan
tumungkul. “Ya wis, ndhuk. Yen kowe ora ngerti bab iki ora dadi apa. Saiki sing
baku kowe reresika dhisik, banjur mengko maraka
ana pendapa gedhe supaya aku bisa
mirsani apa kang dadi kabisanmu.”Pangandhikane kanjeng Ratu. Swandari nyembah
banjur mundur saka ngarsane kanjeng Ratu.
Nyai Welasa banjur bali matur “
Kedahipun gusti paring pidana dateng lare menika.”kandhane Nyai Welasa. “Lha
kok kudu dipidana ki gek dosane apa ta biyung?” pitakone Kanjeng Ratu Retna
Dumilah. “Menawa mlayu ? Nyatane ya bocahe ana. Sing kudu mbok goleki ki jane
sapa ta pawongan kang ngekeki layang kuwi lan sapa kang mbujuki bocah kuwi
supaya mlayu. Kowe kudu takon marang emban cawis sing nglakoni jejibahan wengi
kuwi. Aja bocahe sing mbok ajar kaya ngana, mengko mundhak salah kedaden. Kowe
rak ngerti isine laying dene bocah kuwi diwedhen-wedheni menawa urip ana kraton
kuwi bakal disiksa. Menawa kowe keras, apa kang tinulis ana layang kuwi dadi
katon bener lan nyata, kamangka awake dhewe mung kepengin nggulang kanthi bener
lan mapan.” Ngendhikane kanjeng Ratu Retna Dumilah kang dibenerake dening Nyai
Welasa. Kanjeng ratu banjur jengkar ditutake Nyai Welasa.
TTTTTTTTTTTTT
Ana ing pawon keputren kabeh abdi
dalem cawis pada bingung dene Nyai Welasa lan Nyai Wreksa nggoleki pawongan
kang nyelehake panganan kang ana layange ana senthonge Swandari. Kabeh pada
keweden bakal nampa deduka lan luwih abot meneh nampa pidana amarga mbujuki
calon abdi dalem lolos saka kraton. Ananging saka pirang-pirang abdi ora ana
kang gelem blaka utawa ngaku sapa kang nglakoni jejibahane wengi iku.
Pungkasane kabeh abdi dalem cawis digiring ana keben lan dipepe nganti ana sing
gelem ngakoni tumindake. Sak wise kliwat tengah dina, kabeh abdi dalem cawis
wis pada ora kuwat panase srengenge kang nyentor awake, banjur salah siji abdi
ana kang gelem blaka menawa wengi kuwi kang wajib nglakoni jejibahane cawis,
abdi kang aran Maita, ananging kawit isuk mau uwis ora katon meneh ana pawon
kaya adat sabene. Sajake amarga wedi, abdi dalem kuwi mau mlayu sak durunge
konangan sak wise ngerti jebul Swandari ora mlayu kaya sing dikarepake.
Durung rampung Nyai Welasa lan Nyai
Wreksa anggone nakoni abdi dalem cawis
keselak ana prajurit kang teka lan lapur dene Maita ketemu uwis dadi mayit ana
jagang Kraton. Awake uwis ora wutuh meneh marga dikemah-kemah baya kang ana
njero jagang. Akeh sing ngira menawa Maita nalika dicemplungake jagang uwis mati
dipateni supaya ora mbukak wewadi bab sapa kang mbujuki Swandari metu saka
Kraton. Nyai Wreksa lan Nyai Welasa katon gela amarga ora bisa miyak wewedi
sapa sejatine pawongan kang gawe kiruh keputren kulon. Apa kabeh mau ana
gandheng cenenge karo keputren wetan kang kabare or rena nalika kanjeng
Panembahan Senopati misuda Kanjeng Ratu Retna Dumilah uga dadi garwa padmi
utawa prameswari kang ateges putra-putrane uga nduweni hak kalenggahan ana ing
dampar kraton Mataram.
Nalika kabeh mau diaturake dening
Kanjeng ratu Retna Dumilah, Kanjeng Ratu ming mendel wae lan ora paring dawuh
apa-apa. Bab kuwi marakake bingung para abdine, ananging kanjeng ratu mujudake ratu
kang wus waspada ing samubarang intrik ana kraton, sak engga kanjeng ratu milih
sesidheman anggone bakal ngrampungake perkara merine marune ana kraton wetan,
apamaneh ing wektu-wektu iki Raden Mas Jolang bakal pinisuda dadi pangeran
adipati anom kang ateges sesuke bakal nggenteni kalenggahan dalem Kanjeng
Panembahan Senapati. Kanjeng ratu Retna Dumilah uwis mengerteni menawa bab kuwi
mesti wae gawe penggalihe Kanjeng Ratu mas saka keputren Wetan mesti ora jenjem
apameneh nalika Penjenengane pirsa menawa kanjeng Ratu Retna Dumilah uga
kagungan putra kakung kang ora kalah prigel lan wibawane karo putrane dhewe.
TTTTTTTTTTTTT
Panembahan Senapati tedak ana
kaputren wetan kaadhep dening keng garwa kanjeng ratu mas Waskitajawi.
Panembahan Senapati ndawuhi kabeh emban lan sentana kaputren ninggal papan
anggone patemon kelawan keng garwa, sajake ana bab kang nyalawadi kang kudu
diomongake marang garwane. “Diajeng.” Panembahan Senopati mbuka pangandikan.
Kanjeng Ratu Mas ngaturake sembah. “Tekaku mrene kuwi merga ana perlu karo
sliramu. Ingkang sepisan aku kepengin mangerteni piye kahanane keputren wetan,
uga sliramu lan kaping pindho aku kepengin rembugan bab putramu mas Jolang.”
Panembahan Senapati mbacutake pangandikane. “Inggih, kangmas. Kawontenan
keputren sae mboten kirang setunggal menapa, semanten ugi kula njih pangestu
dalem, kawula ugi sae mboten kirang satunggal menapa. Sedaya emban lan sentana
dalem ugi ngladhosi kados adat saben lan mboten wonten ingkang nguciwani.”
Kanjeng Ratu wangsulan alus marak ati. “Ya sukur menawa kabeh mlaku kanthi
becik. Kuwi ateges sliramu kasil anggone nata keputren lan para sentana sak
engga kabeh pada bisa nglakoni tanggung jawab lan kewajibane kaya sak mesthine
ta diajeng.” Panembahan Senapati ngendika karo nyawang garwane kebak tresna.
“Nuwun, inggih.” Kanjeng Ratu wangsulan alon. Sak jane atine rada mangkel
amarga sakploke Kanjeng Panembahan Senapati mundhut Retna Dumilah dadi garma
padmi, Kanjeng Panembahan wis arang-arang banget tedhak keputren wetan.
Ananging rasa gela lan mangkel kuwi mau disingidake ana sak njeroning ati gene
saiki priya kang banget ditresnani kersa
rawuh meneh ana keputren wetan.
Kanjeng Ratu banjur ngladhekake apa
kang dadi remenane kanjeng Panembahan Senapati sak engga kanjeng Panembahan
rena penggalihe. Saka daharan tekan unjukan kabeh dicawisake lan diladekake
dhewe. Sak wise kuwi Kanjeng Ratu uga ngleksanani wajibe garwa ngladheni
kakunge. Panembahan Senapati marem dene garwane pancen isih setya tuhu marang
guru laki. Kanjeng Panembahan sakjane ora mentala arep mbacutake rembug dene
keng garwa uwis gawe senenge lan renaning penggalihe. Ananging kabeh rembug
kang wus dirancang kudu dijlentrehake amarga rembug kuwi mau nemtokake nasib
lan takdire kraton Mataram. Panembahan Senapati banjur wungu lan nyedhaki keng garwa kang lagi
nggelung rikmane kang dawa. Alon-alon Kanjeng Panembahan nyelehake tangane ana
pundhaking keng garwa karo nyawang saka kaca ana ngarepe. “Diajeng. Kaya sing
tak kandhakake mau, sak liyane merga aku kapang marang sliramu, ana bab kang
kudu tak kandhakake. Tak jaluk sliramu kersa midhangetake kanthi ati kang jembar.”
Kanjeng Panembahan ngendikan karo ngelus-elus pundhaking keng garwa. Mak deg,
penggalihe kanjeng ratu mas kaya ditunjek cundrik. Marase krasa perih lan
jantunge tab-taban, ngira-ira apa kang dadi pepenginane keng garwa. Dulu saka
pangandhikane mesti wae barang kang ora ngepenake. Ananging Kanjeng Ratu Mas
kuwi priyayi kang wus digulang tata kramaning kraton, sak engga kabeh rasa kang
ora kepenak ana ati kudu bisa disigidake kanthi rapet. Sak wise mendel sedhela,
Kanjeng Ratu banjur matur “Menawi penjenengan dalem pancen gadah gagasan utawi
rembag, manga kula aturi paring pangandhikan. Kula menika garwa penjenangan
dalem, ateges kula kedah mireng lan nglampahi kanthi manah ingkang rena sedaya
dawuh dalem.” Panembahan Senapati mesem.
Manahe kang alus bali ora mentala mireng pangandhikane keng garwa
nanging kalenggahan dalem dadi panutaning Negara panggah mingkuh menawa kudu
ngadhepi rasa pribadine dhewe. “Aku bombong dene duwe garwa ora ming ayu ing
rupa, ananing uga bisa mangerteni kuajiba lan tanggung jawabe kakunge.”
Panembahan Senapati mandheg sedhela lan ngunjal ambegan landhung. “Saiki aku
uwis ngunduri tuwa, lan mas Jolang sedhela maneh mesti bakal nggenteni aku nata
praja. Ananging siji kang dadi penggalihanku geneya seprana-seprene mbangun
bebrayan karo nimas Ratu Tulungayu kok ya durung peputra, kamangka menawa
mengkone lenggah dadi panguwasane praja mesti wae kudu duwe turun ta
diajeng? Saka garwa liyane, patutan ananging putri ya Pandansari. Lha aku
rak dadi bingung yen kaya ngono. Aku banjur rembugan karo para pinisepuh ana
kraton lan pilihane abot kanggoku ngabarake iki marang sliramu. Iki mau dudu
putusanku pribadi, ananging uwis dadi putusaning para sesepuh lan
pangeran-pangeran ing Kraton kene. Ana rong pilihan, menawa nganti pungkasaning
tahun iki Nimas Ratu Tulungayu durung uga nggerbini, mas Jolang kudu lila
ngeculake gelar adipati anom lan digenteni putra liyane. Utawa nimas Dyah Ayu
Banowati kawisuda dadi garwa padmi lan diparingi gelar kang pada karo nimas
Tulungayu, api-api nggerbini lan lair
bocah kang wus gedhene 10 tahun lan kawisuda dadi putrane mas Jolang, sak engga
putramu ora kelangan kalenggahane.” Panembahan Senapati ngendhika karo keng
garwa. Kaya disamber bledeg awan-awan, kanjeng ratu mas sak nalika pucet
praupane. Awake kaku dadi tugu. Cundhuk mentul sing maune wis cepak dituncepake
ana rambute kang uwis kagelung tiba gumrincing. Lambene kageget sora
sakengga metu getihe. Dumadakan luhe
ambrol saka socane kang bening. Tangise pecah lan ambegane mingseg-mingseg, ora
nyana gene keng garwa tegel marang dheweke lan putrane.
Panembahan Senapati uwis ngira
bakal ngadhepi kahanan kaya ngene. Kuwi kang banget ora disenengi, menawa bisa
endha, kanjeng Panembahan luwih milih maju ana ing peperangan ketimbang kudu
ngerih-rih wanita. Tangis kang dadi gaman ora gampang diadhepi. Alon-alon
Panembahan Senapati ngruket garwane. “Aku ngerti, sliramu bakal tatu. Nanging
awake dhewe iki ming saderma nglakoni kanggo njaga tegaking negara lan
karaharjane praja. Kuwi wis ginaris marang sapa wae kang nampa wahyuning
kraton, diajeng.”Ngendhikane Panembahan Senapati. Kanthi pandengan kang ngempet
kabeh rasa, Kanjeng ratu mas banjur nyuwun pirsa “Lajeng sinten ingkang badhe
kawisuda dados adipati anem lan sinten kang badhe kawisuda dados putranipun
Jolang, kangmas?” “Wangsulane ming siji putraku Raden mas Jatmika.” Panembahan
wangsulan cekak. “Kowe sarujuk sing endi, wangsulane pada. Jatmika putraku karo
diajeng Retna Dumilah kang bakal dai putrane Jolang utawa nglengser Jolang.
Kuwi kabeh gumantung anggonmu milih lan ngerih-rih putramu.” Panembahan
Senapati mbacutake pangandikane.
Kanjeng Ratu Mas nggoceki dhadane
kang krasa ampeg. Ora ngira yen marune uwis males apa kang dilakoni sak suwene
iki. Ora ngira yen marune bisa mbujuki kanjeng Panembahan supaya nglengserake
putrane. Dadi apa kang di kandhakake Nyai Raga kuwi pancen dudu dolanan,
ananging pancen rancangan kang wis dipesthekake bakal nyingkirake dheweke lan
putrane. Kanjeng Ratu mas ndheprok sak nalika ana sampeyane Kanjeng Panembahan
Senapati lan eluhe wutah nelesi dlamakane keng garwa.
TTTTTTTTTTTTT
Pangeran Purbaya lan Ki juru
Mertani utawa Patih Mandaraka lagi urun rembug bab kahananing praja ana dalem
kepatihan nalika utusaning Kanjeng Penembahan Senapati marak. Utusan kuwi
nggawa layang kang kudu diaturake marang Pangeran Purbaya. Sakwise layang
ditampa, utusan kuwi pamit mundur. Pangeran Purbaya ngunjal ambegan landhung
sak wise maca layang kuwi. Ki Juru Mertani wus waspada apa kang kabakal kelakon
mengkone. “Piye nakmas? Ibumu ratu wis nemtokake pilihane?”pitakone Ki Juru.
“Sampun eyang. Kanjeng Ibu milih supados dimas Jatmika kawisuda dados
putranipun dimas Jolang. Ananging rama Panembahan ngemutaken bilih pilihan
menika mboten kok tulus dumugining batos sak engga kita kedah waspada. Paman
Pragola[2]
temtu mboten rena menawi mangertosi kawontenan menika lan mboten mokal yen
paman Pragola saged wangsul ngraman lan ngendih panguwaos dalem.” Pangeran
Purbaya wangsulan. “Banjur piye angkahmu, nakmas?”Ki Juru bali takon. “Rama
paring dawuh, bilih nomer setunggal kula kedah njagi keslametanipun dimas
Jatmika. Bab kawilujenganing nagari sampun kapasrahaken Pangeran Puger lan
Pangeran Tepasana”wangsulane Pangeran Purbaya. Ki Juru Mertani manthuk-manthuk. “Nek miturut penemuku ya nak
mas. Apike singidna sik rayimu kuwi ana padepokane Kyai Pakir, tak kira ora ana
eleke amarga ora akeh pawongan kang ora tepung marang rayimu nakmas Jatmika.
Dadi samun anggonmu uga njaga keslametane rayimu sak engga ibumu keputren wetan
ora rumangsa yen ndika pilih sih. Ing atase ndika sedulur tuwa kang kudu adil
marang para putra. Aku duwe firasat menawa keputren wetan ora banjur ming
meneng wae menawa mangerteni apa kang dikersakake Kanjeng ramamu ta nakmas. Ya
iki mau ming sak derma aku urun rembug, muga bisa ngentheng-enthengi pikirmu.
Apameneh kanggone nakmas Jatmika mondhok ana njaban kraton kuwi uga migunani
tumrap majuning pikir lan mbukak wawasan kang luwih amba tebane. Nakmas Jatmika
uga bisa ngangsu kawruh marang para pinisepuh sak njaban Kraton kang uga duwe
ilmu kang maneka werna lan mumpuni, sakliyane kuwi uga bisa njembarake
pasrawungane lan nyinau kahanane para kawula ing tlatah kono, ora ming nyinau
saka njeron beteng Kraton tanpa mengerteni kasunyatane ana njaba.” Ki Juru
Mertani urun rembug kanggo ngudhari ruweting pikir kang mbok menawa lagi dadi
pengalihane Kanjeng Pangeran Purbaya.
Kanjeng Pengeran ngunjal ambegan
dawa. Apa kang dingendikakake Ki Juru Mertani kagagas ana benere. Ananging kuwi
uga ora gampang anggone nindakake amarga sak suwene iki, raden mas Jatmika uga
wis kasingidake ana wewengkon kraton kang cedhak keputren kulon tanpa
dingerteni sapa-sapa sakliyane abdi kang wis pinercaya dening Kanjeng Ratu
Retna Dumilah lan Pangeran Purbaya dhewe. Sejatine ana rasa welas lan mesakake
ana sak jroning atine Kanjeng Pangeran amarga keng rayi kudu nandang kaya
mangkono. Ing atase keng rayi kuwi tedhak turning aluhur lan kagungan gelar
pangeran nanging kudu urip kaya kawula umume ana wewengkon kraton. Ora tau
entuk kesenengan kaya dene putra-putra liyane, kabeh kuwi pancen wus karancang
dening keng rama kanggo njaga keslametane Raden Mas Jatmika, ya mung penggalihe
Pangeran Purbaya wae kang sok ora narimakake menawa rayine kuwi kudu urip
prihatin kaya mengkono, apameneh saiki kudu mondhok sak njabane kraton lan adoh
saka biyunge. Mak nyut, Kanjeng Pangeran Purbaya banjur kelingan marang
Swandari kang uga kudu adoh saka bapa biyunge amarga ngabdi marang Negara. Dadi
Raden Mas Jatmika dudu siji-sijine wong kang urip rekasa lan prihatin, ana akeh
sing kaya ngono amarga kanggo nggayuh pengarep-arep kang luwih gedhe, saben
pribadi kudu gelem nglakoni prihatin lan rekasa dhisik.
Pangeran Purbaya uga banjur
kelingan nalika cilik mbiyen, kudu urip tanpa Bapa. Lan kanggo bisa nggayuh
kamulyane saiki maneka werna pacoban kudu dilakoni. Samungguhna nalika jaman
semana Kanjeng pangeran mingkuh, ora teteg marang tekade mbok menawa saiki
uripe ya mung kudu trima dadi bocah desa tanpa aran, tanpa bapa. Ya ming merga
gedhene tekad, piyandele lan kasengkuyung laku prihatin uga donga saka eyang
sarta biyunge, saiki gegayuhane ngabdi negara bisa kelakon, malah bisa dadi
senapatining praja ajejuluk banteng Mataram.
TTTTTTTTTTTTT
Swandari wiwit gladhi olah kaprajuritan karo Rukmi,
Praba lan Rukti ya abdi dalem alit kaya dheweke ana ngisor wit Tanjung sak
mburi Keputren. Mung bedane Praba lan Rukti isih putra bupati nayaka kang duwe
kalungguhan lan drajat sing luwih dhuwur. Amung Rukmi kang pada-pada cah ndesa
kaya dheweke. Swandari pancen cilik
dhewe ing antarane bocah-bocah wadhon kuwi, nanging yen bab keprajuritan
Swandari kang ketok paling pinter ditandhingake liyane. Rupane uga luwih ayu
lan mranani timbang liyane.
Swandari kerep ditakoni
kanca-kancane lan ora tau pelit ilmu nalika kudu nyontoni. Swandari kerep
ngajari nggoling, ngendhani menawa digebuk utawa diantem, lan mencolot sinambi
nendang nalika di kruyuk. Kabisane olah keprajuritan pancen ora bisa
disepelekake. Swandari uga pinter lan blater anggone kekancan sak engga
ditresnani kanca-kancane.
Swandari lagi wae arep ngajari
Praba piye carane nguntir lengene lan mbanting mungsuh nalika Iswati sak balane
teka. Iswati pandelenge katon serik dene ana cah anyar, cah ndesa sisan kang
duwe kabisan kaya dheweke. Iswati
ndhelokake Swandari kanthi rupa kang ora nyenengake. Janggute ditarik munggah,
lambene merot sithik kaya ora rena yen bocah-bocah kuwi pada sumuyut karo
Swandari. “Oh, dadi iki ta bocah ndesa kang jarene polahe kaya bantheng
ketaton, tur ngedhap-edhapi solah bawane. Gene ki ya ming bocah ora mingsra,
cuilik, mlenis. Lha kok lagake kaya bisa ngelun jagad.” kandhane Iswati sengak. Swandari mung nglirik. Dheweke ora ngrewes
omongane Iswati. Ngerti ora digagas, Iswati saya ngambra-ambra omongane. “Aku
ora ngira yen prejurit Kenya kuwi saiki isine anake wong gemblung kang ora
cetha asal-usule.” Krungu yen bapakne digawa-gawa atine Swandari ora trima,
tanpa nganggo taliwara. Swandari nubruk
Iswati nganti tiba banjur awake Iswati dipithing sak enggo ora bisa obah.
Iswati jerit-jerit nanging ora dipaelu. “Ayo njaluk ngapura. Kowe kena nguneke
aku apa wae, nanging yen kowe nggepok senggol wong atuwaku, tak pestheke kowe
bali tanpa ilatmu sing landhep kuwi.” Swandari wangsulan karo nesu. “Ora sudi.
Bocah ora urus. Kowe kang bakal dipidhana abot merga wani karo priyayi kaya
aku.” Iswati mbengok nesu nanging ora bisa uwal. Swandari nguntir tangane
Iswati luwih kenceng sak enggo Iswati saya kelaran. Ora nyana, jebul bocah
cuilik kuwi rosa banget tenagane.
Krungu panjerite bocah, Nyai Welasa
kang kejibah nggulang bocah-bocah kuwi mau banjur mlayoni lan weruh Iswati lagi
dipithing Swandari. Kanthi cukat
trengginas, bangkekane Swandari dicekel, bocah mau banjur dikipatake . Swandari
banjur salto ping pindo supaya awake ora kebanting. Kanca-kancane ndhomblong
weruh yen Swandari ora tiba nadyan dikipatake kaya ngono. Iswati uwal saka Swandari
lan ethok-ethok nangis, lapur yen diprewasa dening Swandari. Nyai Welasa
mendelik mandeng Swandari. Sing dipendeliki sajake ora wedi malah bales
mandeng. Nyai Welasa muring lan tangane kemlawe arep ngeplak Swandari nanging
katangkis kanthi karosan kang bisa dirasakake Nyai Welasa. “Bocah kurang
ajar.Ayo njaluk ngapura karo ndoro ajeng Iswati. Ora patut kowe tumindak murang
tata.”panggetake Nyai Welasa. Nanging Swandari ora gelem lan wangsulan menawa
Iswati kang miwiti pancakara. Nyai Welasa banjur takon karo kanca-kancane
Swandari liyane, nanging amarga wedi lan pekewuh karo Iswati, ora ana kang wani
omong kedadeyan kang sak nyatane. “Kowe isih cilik uwis pinter goroh. Saiki
kowe kudu diukum. Kowe kudu nimba banyu kanggo ngebaki jedhing ana cedhak pawon
kana.” Nyai Welasa nudingi sumur lan prentah supaya Swandari ngangsu. Sing
diprentah megegeg ora gelem. Merga mangkel Nyai Welasa nyeret tangane Swandari
nanging dikipatake. Pungkasane Nyai Wealasa lan Swandari pada pancakara . Sak
suwene iki durung ana murid sing bisa nandingi utawa ngalahake Nyai Welasa
amarga Nyai Welasa kuwi mbiyen uga salah sijining prejurit Kenya saka Mediun
lan ndherek bendarane putri nalika Kanjeng Ratu Retno Dumilah diboyong ana
Mataram. Nyai Welasa duwe kabisan kang cukup mumpuni ananging mungsuh Swandari
meksa rada keteter. Ya mung merga luwih pengalaman lan luwih tuwa, Nyai Welasa
kasil meper kridhane Swandari. Bocah kuwi banjur dicandak lan dibanda neng uwit
Tanjung sing gedhe mau. Ora ana kang wani lan bisa tetulung amarga kabeh
sentana ana keputren pada ewuh lan wedi karo Nyai Welasa kang uga dadi abdi
kang ketengen Kanjeng Ratu Retna Dumilah.
Sedina kuwi Swandari ora diculake
saka uwit. Ora ana kang ngekeki panganan utawa wedhang sak enggo Swandari krasa
ngorong lan ngelih banget. Iswati seneng lan ngiwi-iwi saka kadohan. Swandari
mangkel banget nanging ora duwe daya maneh marga awake kaya kraket ana uwit
kuwi.
Wengi kuwi
Swandari uga ora bisa turu ana senthonge amarga ora diculake saka uwit. Dheweke
nesu lan njola amarga rumangsa ora salah nanging tetep diukum. Swandari ora
trima, dheweke njerit, mbengok sak dayane lan kekuatane. Wite dioyog-oyog
nganti rompal pang-pange lan gogrok godhonge nanging mung sepi lan swara angin
kang keprungu kupinge. Wengi kang saya peteng nyewiji karo aboting mripat lan
kesele awak amarga dibanda kaya ngono. Swandari wis ora kuwat ngempet ngelih,
ngelak, kesel lan ngantuk. Pungkasane kanthi awak kang lara kejiret tali,
Swandari pasrah marang aboting mripate. Jerite uwis ra keprungu maneh sak
liyane ambegane sing munggah medhun.
Embuh pirang jam anggone merem,
nanging kekesing wengi bisa dirasakake kulite kang pating prinding. Swandari
ndhredeg katisen, ana impene dheweke katon biyunge kang mesti mernahake kemule
menawa dheweke njingkrung merga kademen.
Nanging wengi iki kabeh mung dirasa kaya pangimpen. Alon-alon Swandari
ngrasakake ana tangan alus kang ngelus
bathuke. Awake uga krasa anget. Ujug-ujug irunge krasa gatel lan mripate kang
abot kepeksa melek amarga wahing gebras-gebres. “Wah kowe masuk angina ta,
ndhuk. Iki ana wedhang jahe panas karo sere, diombe alon-alon ora sah kesusu
mundhak keselak mengko.”Swara alus kuwi mampir ana kupinge kang nggoleki sisa
nyawane sing isih keri ngejak ngimpi. Swandari nampani cawan isi wedhang sere
karo jahe kuwi. Rasane anget, pedes, legi seger merga ana gula arene. Sak wise
kuwi dheweke banjur noleh ngematake swara alus kang nawani wedhang panas kuwi.
Jebule Kanjeng ratu Retna Dumilah kang ngladeni. Swandari age-age medhun saka
dipan banjur sujud ana sampeyane Kanjeng Ratu. Kanjeng ratu gemujeng karo
mesem. “Uwis. Ora perlu kaya ngono. Saiki neng senthong kene mung ana kowe karo
aku, Ndhuk. Dadi ora kok banjur nglalekake suba sita nanging ora perlu kaya
adat saben menawa kaadhep sentana kabeh.” Kanjeng Ratu ngendhika alus. Swandari
manthuk. “Aku weruh kabeh kedadeyan kang mbok alami awan mau tekane tengah
wengi iki. Aku ngerti kowe ora kleru nanging uga durung pener. Sak enggo nalika
emban Welasa ngukum kowe, aku meneng wae. Aku kepengin kowe ngerti menawa
pawongan kuwi yen kaparingan keluwihan, ora kena gampang kebrongot. Apa wae kang
ditindhakake mesti kudu dipikir tembe mburine. Aku ngerti apa kang diomongake
Iswati kuwi pecak asiya-siya marang kowe lan wong atuwamu, ananging kowe kudu
bisa ngempet kanepsonmu lan kudu bisa mapanake kapan lan ing wanci kepiye kowe
entuk tumindak.” Kanjeng Ratu Retna Dumilah mbacutake pangadikane. “Inggih.”Swandari
wangsulan lirih karo nyembah. “Saiki gurumu dudu mung Nyai Welasa, ananging aku
kang bakal nggulang awakmu. Kowe kudu nyepakake jiwa lan ragamu amarga olah
kanuragan mono dudu bab kang bisa kanggo dolanan. Saiki wancine parak isuk. Sak
durunge tabuh isuk kang mretandhi mlebune wanci subuh, aku kepengin jedhing
kang ana cedhak pawon keputren, uwis kebak lan kuwi dadi kuajibanmu saben isuk.
Lan kowe bisa wiwit isuk iki. Nimba banyu, ngangkat banyu lan ngisi jedhing
kuwi bakal dadi cara kanggo nguwatake otot lan balungmu, ndhuk. Sak wise kuwi,
kowe ngadhep aku sak durunge wiwit gladhen maneh karo Nyai Welasa.” Kanjeng
Ratu ngendika. Swarane alus nanging tumanjem ana ati. “Sendika” kandhane. Sak
wise nyembah, Swandari mlayu nyabrang latar tumuju ana sumur lan mantep ngayahi
kuwajibane.
Mula bukane pancen nyenengake,
ananging sak banjure jebul ngebaki jedhing kang amba lan jero dudu gaweyan
entheng. Kudu bola-bali luwih saka ping skeet nganti jedhinge kebak, kamangka
adohe sumur karo jedhing udakara setengah ambane alun-alun, durung meneh ember
kang kanggo ngangkut banyu uga gedhe-gedhe dadi abot. Ya ming lucune menawa
sing ngakon ngangsu kuwi Nyai Welasa, ana rasa ora trima sak jroning atine
Swandari ananging menawa kanjeng Ratu kang ndawuhi, ana rasa bombong kadya dene
menawa Swandari dikongkon ibune dhewe. Swandari uga ora bisa nglakoni gaweyane
kanthi ledha-ledhe amarga Kanjeng Ratu nemtokake wektune yaiku nganti sak
durunge subuh. Kuwi ateges Swandari kudu cepet anggone ngiseni jedhing kuwi
mau.
Sak wise rampung ngiseni jedhing
Swandari banjur cepet-cepet adus lan mlayu bali ana ngarsane Kanjeng Ratu Retna
Dumilah kang uwis ngrasuk busana keprajuritan. Ngagem clana cindhe sak dengkul
lan jarite digawe sapit urang. Kerise disengkelite ana ngarep lan rambute
diukel cepol ora kaya biasane digelung konde. “Kowe wis siyaga, Ndhuk?” Kanjeng
Ratu ndangu abdi alite. “Sampun.”wangsulane karo isih rada menggeh-menggeh.
“Kuwi neng ngarepmu ana cundrik ligan. Coba uncalna ana wit gedhang kang wis
tak wenehi gambar, anggepen gambar-gambar kae sasaran cundrikmu. ” Kanjeng Ratu
dawuh. Sing didawuhi mangkat karo mesem amarga gladhen kaya ngono wis biyasa
katindakake ana ngomah. Dudu barang sing angel. Swandari nguncalake cundrike
siji. Swarane mbengung lan crep, cundrike nancep ana wit gedhang nanging mleset
saka sasaran kang dikarepake. Swandari kaget, geneya ora kaya biyasane. Isih
penasaran, cundrik kang kapindho uga kauncalake nanging bali mleset meneh. Ana
rasa linu lan njarem neng tangane sak enggo Swandari ora bisa nginceng kanthi
pener apa kang kudune dadi sasarane cundrik. Kanjeng Ratu mesem “Wah, luput
kabeh. Kenapa?”Kanjeng ratu bali ndangu abdi alite kuwi. “Tangan kula sakit,
kalawau bibar ngangsu.” Ature Swandari lirih. “Nek kowe dadi prejurit banjur tanganmu
tatu kamangka kowe kudu njaga nyawamu utawa bendaramu, apa kira-kira cundrikmu
sing luput kae bisa nulung nyawamu? Ora. Lara ora bisa kanggo alesan pawongan
nglirwakake kuajibane, lara ora bisa dadi alesan kowe luput njagani ajining
dirimu amarga kowe prejurit Kenya, prejurit estri sing kudu ngrungkepi
negaramu.” Ngendhikane kanjeng Ratu. Swandari
tumungkul, jebul apa kang dadi sangune seka ngomah ora cukup yen kudu
ngleksanani tugase Negara. Sak kala dheweke kelingan bapakne kang uga terus
nggladhi kabisane supaya ora asor ing jurit.
Kanjeng Ratu banjur ngampil glathi
lan natoni astane piyambak. Swandari
kaget lan cepet-cepet mlayoni kanjeng Ratu nanging Kanjeng ratu nyegah kanthi
ngunggahke drijine. Banjur Kanjeng ratu mundhut papat cundrik ligan kang
diselipake ana antaraning dirijine kang wis ditatoni mau. Cundrik diuncalke lan
papat-papate ngenani gambar-gambar mau. Banjur Kanjeng Ratu lagi nambani
tatune. “Kuwi kang ateges ora mingkuh. Apa wae kang dadi kahanane awake dhewe
yen kudu nglakoni apa sing wajib, ora kena selak, ora kena gawe alesan lan ora
kena tambuh. Kabeh lara kudu disingkirake lan kabeh rasa kang dadi pepalang apa
kang dadi gegayuhanmu kudu diilangake utawa ora dirasakake. Kuwi uga kang
sinebut ngener ing bebener.” Kanjeng Ratu mbacutake anggone nggulang Swandari.
Swandari tumungkul.
Saiki Swandari nyoba ngenam-nam
kabeh kang di wedharake gusti ratu bendarane. Saben ukara ora mung kang
keprungu wae ananging ana piwulang kang kudu bisa dimangerteni. Swandari pancen
isih bocah lan mesti wae pikirane durung tekan, ananging Kanjeng Ratu Retna
Dumilah kepengin mulang marang bocah wadhon kuwi menawa ukara ora mingkuh kuwi
jero banget pangertene lan kanthi tambahing umur, bocah kuwi mesti bisa nampa
apa kang kakersakake dening Kanjeng Ratu Retna Dumilah. Ora mingkuh kuwi bisa
ateges menawa wong uwis ngener apa kang kaanggep bener, uwis ora perlu maelu
apa-apa kang bisa nyimpangake dheweke saka gegayuhan lan kekarepane. Kuwi uga
kang diwulangake karo putrane Raden Mas Jatmika.
Kanggone Kanjeng Ratu, nggulang sok
sapa wae ngenani apa kang dadi kapercayane wong Jawa kuwi bakal nguwatake
kahananing praja lan Negara. Ora mung mligi trah priyayi ananging uga kawula
alit amarga kuwi ngunggahake piyandele marang kapercayan diri pribadi lan ora
gampang gumantung ing wong liya utawa kahanan. Kanjeng Ratu Retna Dumilah uga
ora keguh dening gelaring drajat, pangkat, semat. Mula nalika Pangeran Purbaya
nyuwun lilahe kanggo mondhokake putrane Raden mas Jatmiko ana padepokane Ki
Ageng Gribig, Kanjeng Ratu uga lila legawa dene gegayuhane mbesuke, ilmu kang
diwulangake Ki Ageng Gribig bisa nuntun putrane kuwi dadi pawongan kang
migunani tumrap bangsa lan negarane. Ora preduli menawa ana padepokan raden mas
Jatmiko kudu urip kaya dene kawula alit umume lan nyandang kang uga prasaja.
Semono uga nalika mulang Swandari kang sanyatane pancen asal-usule saka kawula
alit, kanjeng Ratu uga ora banjur tida-tida nanging kanthi tulusing ati
karengkuh kaya putrane dhewe.
Menawa dirasakake mesti wae lara
lan perih kudu pepisahan karo keng putra kang banget ditresnani ananging amarga
kanjeng Ratu uwis mantep ngrungkepi negarane, kabeh kuwi dilakoni tanpa rasa
getun utawa susah ananging kaanggep prihatine ibu kanggo putrane, lan dongane
kawula marang Gustine moga apa kang dikorbanake mbesuke bisa migunani kanggone
kawula-kawula sak Negara. Menawa Kanjeng Ratu mingkuh lan mirengake apa kang
digrenak pawongan amben ndinane, wis mesti kanjeng Ratu bakal kelangan ener
marang bebener lan tumindak kang nerjang paugeraning urip utawa gesang.
TTTTTTTTTTTTT
Praba mecucu nalika Nyai Welasa
mrentahake kabeh cantrike supaya mlayu ngubengi keben. Karepe mono ora perlu
nganggo mlayu-mlayu amarga dheweke lagi wae ditukokake klambi anyar karo
kanjeng ramane lan wedi yen klambi kuwi dadi reged. Durung meneh Praba wis
wiwit ketularan kesenengane Iswati dandan kaya putri-putri liyane lan wiwit
seneng pupur manca kang ditekake saka China lan wong-wong landa[3]
utamane sing teka saka Perancis lan Portugis.
Jare nek wis nganggo pupur kuwi banjur rupane malih ayu lan kulite dadi
padhang, ananging ora entuk kakehan dede ben raine ora kebrongot srengenge.
Tumindak kuwi mesti wae mangkelake kanca-kancane, amarga menawa Nyai Welasa
nesu banjur kabeh pada kena. Kamangka
Nyai Welasa menawa ngukum sok mban cinde mban ciladan. Ora tau nglimbang sapa
bener lan sapa kang luput. Sing luwih mangkelake menawa sing luput Praba sak
kancane kang isih kambon trahing kusuma ukumane mung nglakoni bab-bab kang
enteng kaya miru jarit utawa nggulung stagen ananging menawa Swandari lan
kanca-kanca liyane kang kaanggep kawula biyasa ukumane luwih abot kayata
ngangsu ngiseni jedhing, nyapu latar keben, ngresiki kolah utawa ngresiki
pendapa. Bab kuwi mesti wae sok marai kemerene Swandari sak kancane utamane
Rukmi lan Ulupi.
Kaya awan iki, merga polahe Praba
kang ora nyenengake Swandari sak kanca katut kena pulute kudu nyaponi latar
keben kang amba. Kanggone Swandari bab kuwi ora ndadekake atine mangkel amarga
dheweke ora tau lali apa kang dadi ngendikane Kanjeng ratu dene kabeh gaweyan
saka kang paling gampang utawa paling abot bisa kanggo sarana nguwatake raga
lan nggladhi kesabaraning ati. Ananging atine rumangsa goreh nalika krungu
kanca-kancane kang pada sambat marang tumindake Nyai Welasa kang kurang adil.
Panyambat kang naru napung iku marai Swandari banjur golek cara kanggo
ngelingake Nyai Welasa.
Swandari ngerti saben malem Jemuah
Nyai Welasa mesti ndedonga ana mbelik cedak wit asem gedhe sak mburi beteng
Kraton. Panggonane pancen rada suker lan angker merga akeh wit-witan lan
grumbul. Swandari sak kancane pada rukunan arep nggodha Nyai Welasa. Dasar
bocah-bocah desa kang mbeling dadi ya ana wae kang bisa dilakoni. Ulupi kancane
Swandari kuwi anakke srati[4],
nanging Ulupi duwe kepinteran yaiku bisa
dadi pawang samubarang kewan utamane kethek. Sak durunge dingengerake ana
kraton, Ulupi duwe ingon-ingon arupa kethek buntut dhawa. Kethek kuwi lulut
banget marang Ulupi, ananging sak wise ngenger ana Kraton Ulupi ora bisa ngingu
kethek kuwi meneh. Kethek kuwi banjur diculake lan manggon ana alas sak njaban
beteng ya cedhak mbelik kang gawene dienggo nenepi Nyai Welasa. Saben sore
menawa pas ora ana gaweyan, Ulupi lan Swandari sok dolan karo nggawa pangan
sisa kanggo ketheke Ulupi. Kethek kuwi kaya ngerti yen bendharane nggawakake
pangan, sak enggo menawa Ulupi singsot kethek kuwi banjur teka lan ora mung
dhewe nanging sak kancane. Bab kuwi kang arep dienggo Swandari, Ulupi lan Rukmi
nggodha Nyai Welasa.
Malem jemuah kira-kira tabuh pitu,
Nyai Welasa uwis nyepakake uba rampe kanggo nenepi. Angkahe yen wis ndedonga
banjur arep reresik kanthi adus ana mbelik kuwi mau. Kabeh sajen, menyan lan
lenga wangi uwis dicawisake, uga klambi kanggo saline. Nyai Welasa percaya yen
adus ana mbelik kuwi bakal awet enom tur bisa tetep ayu kaya adate mboka umure
wis ngancik meh patang puluh taunan.
Nyai Welasa banjur mangkat. Sak
wise njaluk idhin prejurit jaga kang mbukakake kori beteng kang kagawe saka
wesi, Nyai Welasa langsung tumuju ana wit asem gedhe kuwi. Swandari sak kancane
nguwasake saka sak ndhuwuring beteng kanthi sesidheman, dene Rukmi api-api
ngekeki wedhang jahe anget kanggo para prejurit kang jaga kori lan ngejak
ngobrol ngalor-ngidul supaya ora ngerti yen Swandari lan Ulupi lagi pada
penekan ana tembok Beteng nguwasake Nyai Welasa.
Kira-kira tabuh sewelas Nyai Welasa
cucul lan wiwit adus ana mbelik kuwi. Kahanane sepi lan ora ana wong-wing. Kuwi
sing diangkah supaya menawa lagi adus ora diinjen wong, dasare panggonane uga
rungkut. Nalika Nyai Welasa wiwit adus, Ulupi banjur singsot nirokake swaraning
manuk kaya adat saben dheweke ngundang ketheke. Ora let suwe, kethek-kethek sak
kancane kuwi pada teka. Merga ora nemu Ulupi, kethek-kethek mau pada ngruyuk
Nyai Welasa, apameneh Nyai Welasa nalika kuwi nggawa sajen arupa who-wohan lan
jajan pasar. Nyai Welasa kaget, ananging merga dheweke tilas salah sijining
prejurit Kenya, kethek-kethek kang ngruyuk kuwi kasil disingkirake. Nyai Welasa
ngatonake keprigelane tarung, kethek-kethek kuwi disampluk, ditendang,
dibanting. Kethek-kethek kuwi pada kelaran banjur pada mlayu. Ananging emane,
sajen sak klambine Nyai Welasa katut digawa mlayu. Nyai Welasa muring nanging
ora wani ngoyak kethek-kethek mau awit dheweke saiki blas ora ketutupan pinjung
utawa jarit lan sasat tanpa awer-awer. Nyai Welasa sumelang yen mengko ana wong
liwat lan weruh kahanane sing kaya mengkono.
Swandari lan Ulupi pada mesem weruh
kahanan kuwi, banjur alon-alon medhun saka Beteng. Swandari, Ulupi bali ana
senthonge. Rukmi kang wis nunggu kawit tabuh sanga uwis deg-degan, wedi yen
kanca-kancane pada konangan, nanging sak wise weruh menawa kanca-kancane pada
bali slamet ana senthonge dhewe-dhewe, Rukmi rumangsa lega.
Isuke nganti meh tabuh wolu Nyai Welasa durung ketok ana papan pawiyatan.
Praba wis katon nesu merga Nyai Welasa telat anggone teka. Swandari sak kancane
ethok-ethok melu bingung merga Nyai Welasa ora mulang kaya biyasane. Nyai
Wreksa uga katon bingung lan banjur ngongkon Swandari sak kancane nggoleki Nyai
Welasa. Swandari lan Ulupi banjur thok-ethok nggoleki karo ngempet ngguyu. Sak wise nggoleki mubeng ana keputren ora ana,
Swandari lan Ulupi idhin marang Nyai Wreksa nggoleki ana sak njaban beteng
pinggir jagang mburi. Nyai Wreksa nyarujuki. Swandari lan Ulupi banjur mlayu
tumuju Kori beteng. Penjagane uwis ganti dudu sing sewengi jaga dadi ora ngerti
yen Nyai Welasa kawit sewengi metu beteng durung bali meneh. Swandari lan Ulupi
banjur idhin marang prejurit kang jaga arep nggoleki Nyai Welasa. Prejurit kuwi
mau sak jane arep ora ngentukake nanging nalika entuk sanepa saka Nyai Wreksa,
kori gedhe kuwi banjur dibukak.
Swandari lan Ulupi seneng banget
merga rancangane sewengi kasil. Nanging Swandari lan Ulupi ora nemokake Nyai
Welasa ana pinggir belik. Ulupi ethok-ethok ngundang kanthi swara sora. Swandari
ethok-ethok mbiyaki grumbul, suket gajah lan alang-alang sing dhuwur-dhuwur.
Ujug-ujug keprungu swara “Ssssttt…..sssttt….ssssst.” Swandari kaget amarga
dikirane ula. Mbasan mengo katon sirahe Nyai Welasa inguk-inguk saka sak
waliking uwit Asem gedhe. Swandari ethok-ethok ndhomblong. Nyai Welasa mendhelik
lan ngawe supaya Swandari lan Ulupi nyedhak. “Mrene!” Swarane lirih supaya ora
keprungu wong liya. Swandari lan Ulupi nyedhak. “Jarikmu uculana. Lan uncalna
mrene.” Kandhane Nyai Welasa alon. Swandari ethok-ethok nambong “Lha mangke
menawi jarit kula dipun copot, kula mawi menapa? Lingsem ta Nyai. Mosok wudha?”
Nyai Welasa mendhelik, raine kang putih dadi abang mangar-mangar. “Ngaten
kemawon, kersanipun Ulupi ingkang mendhetaken ageman penjenengan. Mangke kula
ingkang tengga mriki lan nutupi menawi wonten tiyang ingkang mlampah medal
mriki.” Swandari wangsulan karo ngempet esem. Nyai Welasa mbesengut nanging ora
kuwawa tumindak apa-apa dadi mung bisa manthuk. Swandari ngedhepake mripate
marang Ulupi. Ulupi banjur mlayu nggeblas bali ana njero beteng.
Sakwise kedadeyan kuwi Nyai Welasa
ora wani nenepi ana mbelik meneh. Saben malem jemuah, Nyai Welasa mung wani
adus lan sesuci ana sendang putri[5]
kang ana sisih kidul kraton. Ananging watak lan tumindake Nyai Welasa durung
owah, isih tetep pecak asiya-siya marang para cantrike utamane kang saka kawula
alit. Kuwi gawe mangkele Swandari kang banjur ada-ada giri godha Nyai Welasa
meneh. Dheweke mbujuk Ulupi supaya gelem ngewangi kaya sak durunge. Ulupi
saguh.
Wengi candhake Swandari sak kancane
uwis ndhingkik Nyai
Welasa kang lagi nyepakake sajen kaya adat saben menawa arep wiwit ndhedonga.
Nalika Nyai Welasa lagi mungkur arep njikuk menyan lan anglo cilik kanggo
kutuk, Swandari sak kancane njikuki who-wohan lan jajan pasar kang wis
dicawisake. Sak bar kuwi Swandari banjur
ndokok patung wujud kethek ana sak dhuwur tampah wadah woh-wohan mau.
Patung kuwi ditemu Swandari nalika lagi resik-resik ana mburi cepuri. Swandari
banjur ngolesi lambe patung kethek kuwi mau nganggo woh pisang lan ninggal
cuwilane ana ngarepe. Sak bar kuwi bocah-bocah kuwi pada mlayu ana senthonge
dhewe-dhewe.
Swandari weling karo kanca-kancane
menawa who-wohan mau ora kena dipangan ananging kudu diguwang ana jagang utawa
diwenehake kewan kang ana alas panggonane ketheke Ulupi. Kabeh sarujuk. Ora let
suwe keprungu panjerite Nyai Welasa.
Swandari sak kancane langsung munggah dipane dhewe-dhewe lan tutup kemul rapet
ethok-ethok turu. Woh-wohan kang dijupuk saka sajen didhelikake ana kothak sak
ngisor amben.
Kaya kang wus dikira dening Swandari,
Nyai Welasa dudu wong kang gampang percaya gugon tuhon dadi mboka nggumun lan
mangkel merga woh-wohane ilang Nyai Welasa tetep nyoba nggoleki sapa sejatine
wong kang lagi nggawe berdondi lan nggawe dolonan dheweke. Nyai Welasa banjur
tumuju ana senthonge para calon prejurit Kenya kang lagi diwulang kuwi. Saben
senthong dibukaki lan diteliti menawa isih ana bocah kang klitih durung manggon
ana peturone. Ananging kang ditemu, bocah-bocah kang wis pada turu nglempus.
Nyai Welasa atine dadi ora penak lan semu gila amarga ngira yen aja-aja kang
nyolong lan sandhangane ndhek emben kae siluman kethek, banjur saiki bali
nggiri godha meneh. Nyai Welasa legeg, rasaning atine ora karuwan gene sing
diarah entuk berkah malah ditemoni memedi sak bangsane Anoman. Nyai Welasa bali
ana senthonge dhewe, lan kanthi ati mangkel cepak-cepak adus ana Sendang putri.
Alon-alon Nyai Welasa medhun lan nyemplungake awake ana banyu kang adem. Rasane
ayem lan tentrem nanging sak pandurat ana wewayangan sak dhuwuring tembok. Mripate
abang mencereng. Sak nalika Nyai Welasa njenggirat lan ngadeg saka anggone
kungkum, pada kagete mripat kuwi uga banjur mencolot ana sak dhuwuring beteng
lan ilang ana ing rungkuting uwit. Nyai Welasa weruh kanthi cetha dene mripat
kuwi, mripat kethek kang buntute dhawa. Tanpa nganggo basa-basi kaya adat saben
menawa nenepi, Nyai Welasa banjur nganggo pinjunge lan cekat-ceket ngukuti uba
rampene banjur ngendring bali ana senthonge.
Isuke Nyai Welasa katon ora duwe
greget mulang sakenggo pakaryane digenteni Nyai Wreksa kang mulangake Sastra
lan tembang marang bocah-bocah wadhon kuwi. Bocah-bocah kuwi siji-siji diajari
lan dikon nirokake tembang dandhang gula.
Kabeh kasil nirokake kanthi swara kang apik tur landhung. Nalika tekan
Rukmi kang kudu nembang, Nyai Wreksa weruh menawa ilate Rukmi katon biru. Nyai
Wreksa banjur takon karo Rukmi keneng apa ilate malih dadi biru. Rukmi ora
wangsulan. Swandari lan Ulupi kaget, atine tab-taban lan kringete byuk-byukan.
Sajake Rukmi ora maelu welinge Swandari supaya ora mangan woh-wohan kuwi. Rukmi
mesti mangan woh duwet kang ana neng sajen wingenane. Krungu pambengoke Nyai
Wreksa supaya Rukmi mangsuli pitakone, Nyai Welasa banjur cawe-cawe. “Kecekel
saiki sapa kang maling ubarampe sajenku.” Kandhane Nyai Welasa karo nyekel
cengele Rukmi. “Mbok kira aku bodho, sak engga ana patung kethek bisa
memangan?” pitakone Nyai Welasa karo
mendhelik. Rukmi keweden lan ngoplok nalika awake diangkat Nyai Welasa. “Dadi
kowe ta demit cilik. Bocah sudra murang tata.” kandhane karo arep nggeblek
bokonge Rukmi nanging Swandari banjur ngadeg. “Sanes Rukmi, nanging kula Nyai.
Kula ingkang mendhet woh-wohan menika. Kula naming nyukani Rukmi duwet punika.
Menawi penjenengan badhe ngukum, kula ingkang pantes nampi ukuman.” saute
Swandari. “Kowe…” Nyai Welasa nudhingi Swandari. Sak nalika tali kang maune
arep dienggo ngajari mbanda mungsuh, disabetake ana pupune Swandari. Mesti wae
rasane pedes, panas kemranyas. Nanging kabeh ora digawe rasa. Ulupi kang
nggeget lambene kaya-kaya tali kuwi ngenani sikile dhewe. Ora lega ming nyabet
sepisan Nyai Welasa banjur nyabet meneh pupune Swandari. Sabetane luwih banter
timbang kang sepisanan sakenggo jarite Swandari lan kulit pupu ana ngisore
suwek. Getihe netes sak nalika. Nanging Swandari tetep ngadheg panggah lumuh
utawa njaluk ngapura, kamangka Rukmi uwis nangis ngguguk. Ana udakara lima las
pecutan kang ditampa Swandari tanpa suwala, kulite kang putih resik malih dadi
biru lan suwek ngemu getih. Nanging bocah kuwi tetep ora mingsret saka anggone
ngadheg, ora uga tiba utawa mbengok kelaran. Nalika arep bali nyabet lan mecuti
meneh, Nyai Welasa diendhegake karo Nyai Wreksa. Nyai Welasa digeret ngadohi
bocah kuwi. Nyai Welasa banjur sumingkir saka kono nanging pandhengane Swandari
marang dheweke ora bakal bisa dilalekake.
Swandari banjur dirangkul Ulupi
kanthi eluh kang ndrojos kaya grojogan. Tatune dielus alon. Nalika Rukmi nyoba
ngrampek-ngrampek, Ulupi njrokake Rukmi nganti tiba. “Kowe bocah kang ora
ngerti males budi. Swandari kaya ngene ya merga mbelani kowe. Lha kenapa saiki
kowe malah mangan duwet kang marai awake dhewe konangan anggone gawe Nyai
Welasa rekasa.” Kandhane Ulupi sora. “Lha aku ora njarak kok, pi. Tenan. Wengi
kae nalika Nyai Welasa njerit, saking wedine yen konangan nyimpen duwet karo
mundhu kae wohe langsung tak emplok. Aku lali yen duwet kuwi mesti ninggal
tilas ana ilat.” Wangsulane Rukmi melas. Swandari gedheg alon “Ora papa. Aku
wis ngerti menawa kedadeyane bakal kaya ngene. Merga aku kang ngrancang kabeh
lelakon iki, ya wis adil menawa aku kang nampa ukuman.” Kandhane Swandari karo
mringis ngempet lara. “Kuwi mesti lara banget ya, Ri?”pitakone Ulupi. Swandari
mesem karo manthuk. “Ora papa, mengko yen awake dhewe wis dadi prajurit Kenya
tenan, tatu kaya ngene ora sepiraa.” Wangsulane Swandari. Ulupi ngrangkul kanca
rakete kuwi karo nangis. Den ajeng Rukti kang weruh kahanane Swandari rumangsa
mesakake. Mboka wis dijiyat-jiyat Praba supaya ora maelu Swandari kang dianggep
seneng gawe gendra, nanging Rukti tetep kepengin tetulung marang Swandari.
Kanggone Rukti, Swandari beda. Ora kaya putra-putra bupati nayaka kang
rata-rata ora duwe rasa welas marang sak pada-pada, kamangka yen dipikir
Swandari kuwi mung cah ndesa ananging tulus bebudene lan gelem nglabuhi
kancane. Rukti banjur mlayu nyedhaki Swandari. “Ndari.” Pangundhange alus.
“Inggih, den ajeng.”Swandari mangsuli. “Iki aku duwe obat saka China. Aku
diparingi karo rama sak mangsa aku tiba utawa tatu obat iki bisa digunakake.
Pancen rada perih nalika diolesake, ning tatune cepet garing lan bithu-bithune
iki bisa cepet ilang.” Rukti omong karo ngulungake obat kang wujud kaya salep
kuwi. “Matur nuwun, den ajeng.”kandhane Swandari karo nampani salep kuwi.
Payawange Rukti katon adem kanggone Swandari, ora kaya Praba, Iswati sak
kancane.
Kabeh kedadeyan kuwi ora luput saka
ngarsane kanjeng Ratu Retna Dumilah kang mung mesem saka kadohan. Penjenengane
rena banget dene pilihane Kanjeng Pangeran Purbaya ora kleru lan apa kang
digadhang tumraping bocah kuwi bakal kelakon. Nanging Kanjeng Ratu kuciwa dene
kabeh emban kapercayane ora bisa nyekel lan mulang laskar estri kang
dientha-entha bakal dadi tamenge ratu lan Negara. Kanjeng Ratu banjur menggalih
menawa bocah kaya Swandari kang duwe watak
atos kaya dene dirining pribdahi mesti kudu entuk guru kang uga duwe
kabisan linuwih. Tumindake jinurung saka ing merdikaning pikir, uga saka
tulusing batin ngelingake Kanjeng Ratu marang kabeh watak wantune dhewe, sak
enggo Swandari bakal tuwuh dadi wanita lantip lan duwe gagasan kanggo majokake
kaume kanggo mbelani lan ngrungkepi negarane. Kasetyane marang pikiran sing
bener, ora keguh dening drajat, pangkat lan semat bisa dadi modal kanggo
tegaking saka guruning negari kang nama Mataram. Kuwi uga kang dadi sanepane
tembung wanita yaiku wani nata. Wani nata dirine pribadi, nata turune mbesuk
lan nata kawula negarane.
Kanjeng ratu banjur emut menawa ing
tanah Jawa, wanita-wanita kuwi ora mung dadi kanca wingking nanging bisa madheg
senapatining Negara lan uga ratuning negari. Ana babad pewayangan ana Srikandhi
kang dadi conto senopatining Negara, ana ing serat lan kitab-kitab kuno kang
nate diwaos utawa saka critane para sepuh ana Ratu aran putri Shima kang kanthi
adil bisa nata lan nggedhekake negarane kang aran Kalingga. Kanjeng Ratu banjur
ngenam-nam pikir dene wanita uga kudu bisa nyepakake turun kang mumpuni lan
migunani kanggo bangsane, mula kuwi pawiyatan kanggone para wanita kuwi dudu
bab kang bisa disepelekake.
Angin sore semilir ngenani
pang-pang garing kang uwis pirang-pirang sasi ora ketiban udan. Lemah kang
pera, bengkah kadya rumekah nunggu tibaning wiji saka kembang lan wit-witan.
Swandari wus lali anggone ngetung dina lan jam, pasrah marang ilining wektu.
Mung bisa ngronce pangimpen lan pepinginan kanggo nglipur swaraning suksma kang
ngelak tresnane biyung lan bapa. Embuh ing wanci apa bakal ketemu, embuh ing
sasi apa duhkitane bakal ana obate.
BAB II
JARAN WADHON
Sak durunge raden mas Jatmika
diakoni dadi putra dalem pangeran adipati anom, diadhani pesta gedhen ana
Kraton . Maneka warna tanggapan diundang ana ing Kuthagara, saka wayang kulit,
ledhek, tukang sulap tekane pasar malem kabeh dianakake. Ana uga sayembara kang
nuduhake kaprawirane para prejurit, saka adu kasekten, rampogan macan, rampogan
banteng lan watangan. Kabeh kuwi disengkuyung karo pra mudha lan
prejurit-prejurit kraton. Semono uga Sunggono, Maruto sak kancane. Sunggono
kadhapuk makili bergadane Sembego kanggo watangan. Suroso melu rampogan macan.
Marwono milih melu adu panahan lan Maruto melu rampogan Banteng. Sembego dhewe
wus katetepake adu kasekten karo lurah prejurit saka bregada liyane.
Menawa Kuthagara duwe gawe kaya
ngene, kuwi ateges para prejurit duwe panggung kanggo ngatonake kabisan lan
keprigelane bab ulah keprajuritan utawa ulah kasekten. Alun-alun Kuthagara kang
ora patiya gedhe wiwit diwenehi wates saka pring-pring. Pagelaran kang dhuwur
uga dibangun kanggo Kanjeng Panembahan Senapati lan sentana dalem mriksani
rampogan macan, utawa rampogan banteng. Kahanane rame banget. Akeh para bakul
saka seje kutha lan Negara pada teka nawakake dagangane. Saka theklek tekan
gelang, ali-ali, suweng lan sak piturute. Saka cundrik tekan bedil gaweyan
portugis. Wong dodol panganan lan pengomben uga maneka werna, kipa, wajik,
ketan, cothot, dawet, legen sak kancane. Dadi ya pancen rame tenan sakliyane
keremyan kang uwis mlaku adat sabene.
Kanggo para garwa kang duwe
prejurit lan sentana dhewe-dhewe kanjeng Penembahan uga kagungan sayembara lan
bakal diganjar bebungah. Nalika kuwi Swandari uwis ngunduri gedhe, udakara umur
rolas tahunan. Awake wus wiwit mbentuk kaya dene wanita kang wus diwasa dasare
bongsor sisan. Rupane ayu lan nengsemake, ananging pandhenagane galak lan
lageyane branyak kaya Srikandhi. Swandari uga katut kedhapuk ana ing sayembara
kuwi nanging durung ngerti apa kang bakal diadu. Saka keputren wetan sajake sing kedhapuk
Iswati, dadi Swandari ora patiya bingung amarga yen kudu adu keprejuritan
dheweke mesti unggul.
Sayembara wiwit diadhani, nalika
Kanjeng Panembahan lan para putri miyos kabeh kawula pada surak lan paring
sembah marang ratu gustine. Sendyanta uwis sepuh, nanging Panembahan Senapati
durung kelangan kawibawan lan kapideksane sak engga uwong-uwong ngerti menawa
ratu gustine pancen priyayi kang pinilih. Pangeran Purbaya makili kanjeng
Panembahan mbukak Sayembara kanthi
ngatonake kaprigelane nguncalake tumbak. Saka Panggung kang wus dibangun,
Kanjeng Pangeran nguncalake tumbake ngarah woh sawo kang digandhulake
udakara150 meter adohe. Lan tumbak kuwi persis temancep ana tengah woh sawo
kuwi tanpa ngremukake sawone. Para kawula surak sora lan pada keplok. Pangeran
Purbaya banjur ngadhepake keng ramane lan asung pakurmatan. Sak wise kuwi
Kanjeng Pangeran jengkar.
Kanggo pambuka diadhani adu
Sima-Maesa (bantheng). Macan kumbang gedhe diculake ana tengah-tengah
alun-alun. Loro-lorone pada didu lan katone rame banget. Macane ora mung sora
panggerone ananging uga galak lageyane. Maesa utawa banthenge duwe pawakan kang
ping pindho luwih gedhe tinimbang macane, sajake tenagane uga luwih rosa.
Makaping-kaping macan kuwi nubruk lan nancepake kukune ana gegere bantheng kuwi
mau ananging kasil dikipatake, malah macane sok kesuduk sungune bantheng. Ora
let suwe macane katon kesel lan kentekan getih pungkasane banthenge menang lan
macane mati. Suraking kawula mbata rubuh nalika weruh macan kuwi mati. Ananging
kuwi dudu pungkasaning adi cara. Para prejurit magang pada mlebu nggawa tumbak.
Banteng mau banjur digropyok rame-rame. Wong kang kasil nuncepake tumbak ana
jantunge bantheng lan marai banteng kuwi mati bakal entuk bebungah arupa duwit
emas sak bondhot saka Kanjeng Penembahan. Swandari kang ndhelok kabeh tontonan
iku ketok anteng. Sajake Swandari nyinau piye anggone macan lan bantheng iku
tarung sak engga bisa kanggo gegambaran menawa dheweke nggladhi anggone ulah
keprajuritan.
Adi cara dibacutake rampogan macan.
Macan loreng sengaja ditekake saka alas Ketonggo,[6]
gedhene sak pedhet lan swarane panggerone ngedhap-edhapi. Para kawula kang
nonton ana sak pinggir pager mundur, sajake wedi yen kegawel. Sawetara kuwi
sadengah magang prejurit pada tata ana sak pinggiring alun-alun kanthi sikep
tumbak. Krangkeng kang isi macan kabukak, lan macane metu kanthi rupa kang
sangar. Siunge gedhi-gedhi, landhep kaya peso. Para prejurit uwis nyiagakake
tumbake, samangsa-mangsa macan kuwi nubruk.
Suroso maju kekanthen tumbak saka kayu Walikukun[7]
lan tameng. Suroso duwe kuwajiban kanggu ngumpan macan supaya nyedhaki para
prejurit kang nggawa tumbak. Macan kang pancen wis luwe kuwi ora nunggu wektu
langsung nubruk Suroso. Suroso mencolot ngendhani. Macane katon mangkel, dene
pangane bisa endha. Nalika nubruk sing kepindho Suroso sengaja ora ngendhani
nanging macan ditampani nganggo tamenge, saking kuwate kuku macan kuwi kasil
nyuwek tamenge Suroso. Kabeh uwong ngampet ambegan, semono uga Swandari nalika
ngerti menawa kang maju kuwi Suroso andahane bapakne. Tangane nggeget kenceng
pring ngarepe. Jantunge kaya dikebur.
Nganggo tumbake Suroso nyabet bokonge macan kuwi karo nyurung awake
macan saka tamenge. Pangerone macan saya sora marga tatu bokonge. Macan banjur
ngamuk, para prejurit kang wus sikep tumbak pada nyudhuki macan menawa nyedhak.
Macan saya ngamuk lan nubruki sok sapa wae kang ana cedhake.
Suroso dadi luwih waspada amarga
macan kang tatu kuwi mesti luwih galak saka maune. Wola-wali macan nubruk
Suroso kang kasil ngendhani utawa nampani nganggo tameng. Tarunge saya rame
nganti tamenge Suroso pecah. Saiki Suroso uwis ora duwe tameng sak enggo kudu
adhep-adhepan langsung. Ananging macan ketoke uwis wiwit kentekan tenagane.
Macan banjur nubruk Suroso
kang ora ngendhani nanging nggulung awake persis sak ngisore weteng macan, sak
enggeo macan ora kasil nyokot cengele malah tumbake Suroso nancep ana jantunge
macan tembus tekan gegere. Macan nggero sora banjur semampir ana gegere Suroso.
Kabeh pada ngunjal ambegan merga sumelang menawa Suroso kegawel lan mati. Jebul
alon-alon Suroso ngadheg karo ngangkat awak macan kang wus ora bisa obah kuwi.
Sak nalika kabeh para kawula lan sentana surak lan keplok. Para prejurit banjur
rame-rame nuncepake tumbake ana awake macan kanggo mesthekake menawa macan kuwi
mau wus tekaning pati.
Suroso marak ana pagelarane Kanjeng
Panembahan lan kaganjar duwit emas kang diwadahi bondhotan saka bludru lan
diuncalake. Suroso nyembah banjur mundhur. Swandari katon lega dene andahane
bapakne kuwi ora tatu utawa lara marga tarung karo macan kuwi mau. Adi cara
bacute watangan yaiku prejurit penumbak kang nunggang jaran lan nggawa tumbak
sing ora dilancipi kudu bisa nibakake penumbak liyane saka jarane. Ana udakara
rong puluh wong kang melu ana adi cara iki. Kang paling akeh bisa nelukake penumbak
liya, kuwi kang menang.
Sunggono uga andahane bapakne
Swandari saiki kang wus bisa kasil nelukake meh nem belas prejurit liyane. Mung
kari papat kang katone isih pada rosa lan prigel anggone nunggang jaran sak
enggo uga ora bisa ditibakake prejurit liyane. Papat-papate kayane saka bregada
prejurit keputren wetan. Sunggono ngunjal ambegan dhawa. Dheweke banjur
nepakake tumbake, nyengklak jarane. Nalika genderane didhukake. Sunggono banjur
njejak bangkekane jarane supaya mlayu banter lan mrenahake tumbake ngener
dadhane mungsuhe kang uga nunggang jaran saka arah sewalike. Tubrukan ora bisa
kaendhani maneh, Sunggono dhingkluk ngrangkul gulune jarane sakenggo panumbake
mungsuhe ora kasil ngenani dadhane, ananging tumbake Sunggono kasil nyurung
dadhane mungsuhe. Prejurit kuwi ora tiba malah tumbake Sunggono kang rantas
kari separo. Sunggono kaget, semono uga Swandari. Iku mertandani dene prejurit
mungsuhe Sunggono kuwi klebu prejurit linuwih. Kadigdayane kasil ngrantasake
tumbake Sunggono. Sejatine perkara kaya ngono kuwi ora diidhinake ana adi cara
watangan, amarga kang ditengenake ana adu watangan iki, mligi keprigelan ulah
tumbak lan nunggang jaran dudu karosan utawa kadigdayan.
Sunggono saiki tumbake dadi luwih
cendhak, sak enggo kudu luwih ngati-ati ngadhepi tumbake mungsuhe kang luwih
dhawa. Gendera bali diudhunake, Sunggono bali njejak bokonge jarane lan jaran
mlayu banter, nalika wis cedhak Sunggono banjur ngencosake lungguhe sakenggo
awake nggobig mengiwa, tumbaking mungsuh luput ngliwati pundhake Sunggono, lan
Sunggono kasil nylempitake tumbake ana pundhake mungsuhe. Kekuatane tumbak kang
cendhak kuwi mau dadi luwih rosa ping papate tinimbang kang sepisanan mau,
apameneh Sunggono uga banjur ngetog kanuragane. Prejurit kuwi mau limbung lan
tiba ndhepani bumi. Sunggono mesem.
Sajake mungsuh kang lagi wae
ditibakake iki rada krasa anggone lara, sak enggo kancane sing telu ora wani
mbacutake tandhing lumawan Sunggono. Lurah kang ngadhani adu watang banjur
netepake Sunggono menang. Kabeh bregadane lan kawula liyane padha surak. Iswati
kang uga nonton ana kono sajak ora seneng merga jagone kalah lan tiba. Sunggono
banjur kepareng marak kanggo nampa bebungah saka Kanjeng Panembahan. Sak wise
nampani bebungah, Sunggono banjur bali ana bregadane ngliwati panggonane
Swandari lingguh. Sunggono mesem karo ngedhepake salah sijining mripate marang
Swandari. Swandari uga mesem. Atine Sunggono kaya lumer weruh eseme cah manis
kuwi.
Adi cara kuwi terus diadhani nganti
wengi, ananging Swandari sak kancane kudu bali ana keputren amarga isih kudu
ngleksanani wajibe abdi dalem alit, sak enggo Swandari uga ora bisa ketemu lan
weruh bapakne anggone tandhing karo lurah prejurit liyane. Swandari dhewe uga
ish bakal tanding karo putri-putri keputren wetan sesok isuk sak enggo kudu
nyepakake lan nyawisake apa kang diperlokake.
Isuk-isuk kabeh abdi alit saka rong
keputren wus diklumpukake ana keben. Kanjeng Ratu Retna Dumilah lan Kanjeng
Ratu Emas uga wus rawuh lan lenggah ana kursi ukir kang ditekakake saka
Koromandel India. Kursi, meja lan kabeh perkakas kang agawe saka kayu kuwi
pisungsun saka wong-wong Kalang kang gaweyane dagang karo wong-wong saka manca.
Swandari gumun, geneya ana barang-barang kang isa diukir kaya mengkono apike
lan diplithur gilap. Ora let suwe Kanjeng Panembahan rawuh lan kabagekake garwa-garwane.
Kanjeng Panembahan katon remen gene garwa-garwane ketok rukun. Kanjeng
Panembahan banjur dhawuh supaya para garwa nganakake adu kepinteran lan
keprigelan ing antarane abdi dalem alit supaya ngerti sepira asile anggone pada
sinau. Sapa kang bisa ngatonake keprigelane luwih saka kanca-kancane bakal
entuk bebana, arupa barang-barang sutra lan mas picis raja brana kang
ditekakake saka China lan India. Lan uga turangga putih saka alas Ketangga,
ananging turangga mau isih galak merga dijikuk saka alas lan dudu jaran open.
Iswati adreng banget krungu
rancangan kuwi, apameneh nalika weruh wujude jaran kang putih mulus ulese.
Rambute uga putih lan dhawa. Iswati ngangkah menawa dheweke kang bisa nunggangi
mesti bakal ngatonake kawibawan, drajat lan kaurmatane sakenggo Iswati bakal
luwih moncer tinimbang saiki. Apamaneh turangga utawa jaran kuwi dudu sembarang
jaran nanging paringan ndalem Kanjeng Panembahan. Swandari duwe penemu kang
beda karo Iswati nalika weruh Sikatan, ngono Kanjeng Panembahan paring jeneng
marang jaran putih kuwi. Swandari banjur kelingan marang jarane dhewe sing ana
ngomah aran Argo, pancen putihe ora memplak kaya Sikatan, ananging solah
bawane, lageyane ora adoh karo Sikatan. Rasa kangen kuwi ujug-ujug nandhes lank
rasa perih ana jroning atine Swandari. Embuh saiki kepiye nasibe Argo kang wus
ditinggalake pirang-pirang taun. Apa ya isih kaya gek nalika semana
ditinggalake Swandari apa saiki wus malih dadi jaran tua kang loyo. Swandari
ngunjal ambegan.
Pungkasane, adu kepinteran wiwiti
diadhani. Ana adu tembang, beksan lan adu olah kaprajuritan. Ana ing bab
tembang, keputren kulon bisa menang ing tandhing amarga Rukti lan Rukmi pancen
duwe swara kang bening lan apik. Sak liyane kuwi Rukti lan Rukmi uga pinter
menawa nggawe cengkok kang laras karo tembang iku. Swarane kang kung,
nrenyuhake sok sapa wae sing ngrungokake. Seje karo Swandari, sendyanta swarane
ora elek, ananging bab cengkok lan nglarasake tembang durung patiya pinter.
Sawetara kuwi keputren wetan unggul
ing bab beksan amarga Iswati lan Tejawati putra-putra bupati nayaka pancen ora
mung besus nalika dandan ananging uga luwes anggone beksa utawa njoget. Beda
karo Swandari kang kau lan kaku awake, dasare cah pesisir kang arang digulang
bab seni amarga pancen kahanan lan alame pesisir kuwi luwih mbutuhake karosan
lan dudu endahing werna utawa rupa. Dadi ing bab beksan keputren kulon ora bisa
menang mungsuh luwesing putra-putra keputren wetan.
Ananging ing bab ulah keprajuritan,
keputren wetan lan keputren kulon pada-pada kekuwatane amarga keputren kulon
duwe jago Swandari lan keputren wetan Iswati. Praba lan Tejawati. Rukti lan Gupita.
Rukti mono pancen ora patiya pinter anggone ulah keprajuritan amarga alusing
watake sak engga sasat ngidhak telek wae ora penyek. Dadi nalika katandhingake
karo Gupita durung nganti patang langkah wae wus nggendring nangis merga tiba
kebanting nalika bitutama. Beda karo Praba, senadyanta ora patiya prigel
nanging nduweni watak kang tegelan uga kendhel sak enggo Tejawati rada
kecipuhan anggone ngadhepi kridhane Praba. Ora nganggo suwe Praba uwis kasil
ngalahake Tejawati. Bab iki mesti wae gawe mangkele Iswati amarga dheweke kudu
unggul mungsuh Swandari menawa kepengin entuk bebungah kuwi mau.
Iswati banjur ngangkah arep
nglakoni apa wae supaya bisa menang lumawan Swandari. Nalika lagi atrap siyaga,
durung nganti diwenehi tanda Iswati ujug-ujug uwis ngangseg Swandari kanthi tendangan
ing arah dadhane. Tujune Swandri waspada, sikile Iswati kacandhak lan kauntir
sak enggo Iswati tiba krungkep. Surake kanca-kancane Swandari mbata rubuh.
Iswati banjur katubruk. Bocah loro pada uleng-ulengan ananging tundhone Isawati
dipithing lan ora bisa obah. Weruh kahanan kaya mengkono Nyai Raga kang mbotohi
keputren wetan ora trima, alon-alon dheweke nijikuk sadak saka bangkekane. Mung
kaya wong arep nginang Nyai Raga nggulung sadake lan digawe kaya bal cilik. Bal
saka sadak kuwi alon-alon kaslenthikake ana ing cengele Swandari, ananging
polahe Nyai Raga kuwi konangan dening Kanjeng Ratu Retna Dumilah kang uga alon-alon
nggawe bal saka injet kang wus rada garing. Nalika sadak kaslenthikake, Kanjeng
Ratu uga nylenthikake injete ngarah sadak kang lagi ngincim cengele Swandari.
Cethas…swarane kaya jepretan plintheng nalika sadak ketemu injet kuwi mau.
Sadak kuwi ora ngenani cengele Swandari nanging nyrempet pucuk kupinge. Rasane
pedhes banget, kamangka setengah kekuwatane uwis ilang amarga ketabrak injet
kang dislenthikake Kanjeng Ratu Retna Dumilah. Ngrasakake kuping kang keselet
sadak, Swandari rada kaget lan kelaran sak enggo pithingane kendho. Iswati
krasa menawa pithingane kendho banjur mbalik lan genti mithing Swandari, meneri
wektu kang dienggo tandhing rampung sak enggo keputren wetan dianggep kalah
amarga bijine kurang siji. Saknalika Teja, Gupita lan Iswati surak.
Swandari ndhingkluk, semono uga
kanca-kancane. Iswati ngiwi-ngiwi lan ngece. Amarga rumangsa diuriki, Swandari
muring. Iswati banjur kacandhak, tangane banjur diceneng lan diuntir. Kanjeng
Panembahan kaget nganti jumeneng. Para prejurit kang maune mung nonton banjur
age-age misah bocah loro kuwi. Swandari tumungkul karo ngampet kanepsone,
dadhane munggah medhun nahan rasa mangkel, muring lan pengen nangis. Nyai
Welasa lan Nyai Wreksa age-age nyembah marang Kanjeng Panembahan lan nyuwun
ngapura merga bab kuwi. Kanjeng Penembahan manthuk lan ndawuhi supaya adu
kepinteran dipungkasi, bab bebungah lan liyane bakal diputusake sesuk esuk.
Iswati mandeng Swandari kanthi
mripat mentheleng. Swandari nglirik kanthi ati gething. Sawetara kuwi Kanjeng
Ratu Mas uga nglirik Kanjeng Ratu Retna Dumilah banjur mesem amarga rumangsa
menang. Kanjeng Ratu Retna Dumilah ora maelu ananging socane ora ucul saka Nyai
Raga kang tumungkul karo mlaku ngetutatke bendharane putri tanpa wani nyawang
Kanjeng Ratu Retna Dumilah.
Isuke, punggawa dalem Kanjeng
Panembahan kang nggawakake kabeh bebungah kanggo para magang prejurit Kenya
kang unggul tandhinge ndhek wingi. Iswati kang katone seneng banget amarga bisa
nelukake bocah-bocah keputren wetan. Omongane gemedhe lan ngedhir-dhirake.
Swandari nyoba sabar. Atine ditata lan kabeh apa kang dirungu ora digagas.
Rukmi kang wola-wali nyekeli seredan tapihe Swandari, sumelang yen kancane bali
kelangan kendali.
Kanjeng Panembahan tedak ana
keputren bareng karo para garwa lan salah siji punggawa dalem banjur ngekeki
tanda karo para magang prejurit Kenya supaya siyaga kanggo adu kepinteran sak
banjure yaiku nelukakae Sikatan. Jaran kuwi wus ditokake saka gedhogan lan
dipapanake ana lapangan cilik sak mburi gedhogan. Lapangan kuwi uwis dipageri
pring supaya Sikatan ora ucul lan mlayu adoh.
Iswati mesem. Dheweke percaya
menawa bakal bisa nelukake Sikatan lan ndhadekake Sikatan tugangane. Merga
wingi Keputren kulon kang unggul tandhinge, Iswati kena nyoba nelukake
Sikatan. Iswati mlebu glanggang lan langsung
nyengklak gegere Sikatan. Amarga kaget Sikatan njola lan nyoba nibakake Iswati,
nanging Iswati gondhelan kenceng rambute jaran. Sikatan samsaya nesu, bokonge
diangkat munggah lan awake diobat-abitke mengiwa lan menengen. Iswati ora
kuwagang ngladheni krodhane Sikatan lan tiba ana ing lemah kang kebak bleduk.
Rai kang biasane pupuran alus, saiki gluprut kebak wedhi lan pasir. Iswati
mrengut.
Saiki genti Swandari kang entuk
kalodhangan kanggo bisa nelukake Sikatan. Ora kaya Iswati kang langsung nyengklak gegere.
Alon-alon Swandari nyedhaki jaran kuwi mau. Sikatan mbengingeh, sikile ngarep
diangkat dhuwur sajak arep nendhang raine Swandari. Ulupi kang nonton saka
kadohan, banjur singsot. Sikatan banjur ngudhunake sikile. Swandari nyawang
Ulupi kang ngedhepake salah sijining mripate marang Swandari kanggo nguwatake
tekade kancane. Alon-alon Swandari banjur ngelus-elus gulune Sikatan. Rambute
uga dielus alus. Sikatan isih sok njola nanging ora segalak nalika dicengklak
Iswati. Sikile uga isih sok ngerik, sak enggo Swandari kudu waspada, merga
salah nepakake awak sida bubar disepak jaran.
Swandari ngetokake gula jawa saka
stagene lan dipakake Sikatan. Mula bukane Sikatan ora gelem ananging kanthi
alus, gula mau dilolohake ana tutuke jaran kuwi mau. Suwening suwe Sikatan dadi
anteng. Swandari mesem, gulune jaran kuwi dirangkul kaya menawa dheweke
ngrangkul Argo. Sikatan babar blas ora mbeker lan mbengingeh. Punggawa dalem
banjur ngulungake tali amben, apus buntut, gulu[8]
lan sanggurdi. Sikatan manut nalika kabeh piranti kanggo nunggangi dipasang ana
gegere. Swandari banjur menek gegere, Sikatan uga ora njola. Swandari ngepuk-puk gulune Sikatan, sikatan
wiwit manut. Sak tapak jangkah alon, Sikatan bisa ditelukake. Kanjeng
Panembahan mesem, jebul bocah ndesa kang brangasan wingi prigel nelukake jaran.
Kanjeng Panembahan banjur ndangu
keng garwa. Kanjeng Ratu Retna Dumilah banjur ngawe Swandari supaya marak.
Swandari manthuk banjur marak lannyembah gustine. “Sapa jenengmu, ndhuk cah
ayu?” Kanjeng Panembahan ndangu alus.
“Kula Swandari, Sinuwun.”wangsulane karo nyembah. Swandari tumungkul lan
pandhengane mung nyawang sampeyane Kanjeng Panembahan. “Aku seneng dene kowe
bisa nelukake Sikatan, kamangka pekathikku wae kang uwis mataun-taun ngadhepi
maneka werna turangga utawa kapal, ora saguh nelukake Sikatan.” Kanjeng
Panembahan ngendika alon. “Inggih.” Wangsulane Swandari. “Kaya janjiku wingi,
sapa wae kang bisa nelukake Sikatan bakal nduweni jaran kuwi lan kudu uga
ngopeni. Amarga sing bisa nelukake kowe Sikatan tak pasrahake marang kowe.
Jaganen kanthi becik. Kuwi bisa dadi tungganganmu.”Kanjeng Panembahan ngendika
karo ngepuk-puk sirahe Swandari. “Ngaturaken gunging panuwun, sinuwun.”
Swandari wangsulan meneh karo nyembah. “Diajeng, kowe uga tak pasrahi nelukake
kridhane bocah-bocah kang isih kaya Sikatan nyamber walang iki. Aku duwe
penggayuh dene bocah-bocah iki bisa migunani tumrap bangsa lan negarane mbesuke
yen dikantheni ngelmu kang becik, tata karma lan tumindak kang trapsila.”
Kanjeng Panembahan weling marang Kanjeng Ratu Retna Dumilah. “Inggih. Sendika”
Kanjeng Ratu banjur nyembah
BAB III
SAMPUR CINDE
Sorene, Kanjeng Ratu nimbali
Swandari. Swandari uwis pasrah menawa bakal nampa pidana. Ora mung merga
keputren kulon kalah anggone adu kepinteran ananging uga merga dheweke wis
gagal ngendhaleni kanepsone, kang ateges dheweke uga uwis mbangel apa kang dadi
welinge Kanjeng Ratu kang uga gurune kuwi. Alon-alon Swandari marak lan
ngaturake sembah. “Ndhuk, kowe mesti uwis ngerti keneng apa kowe tak timbali?”Kanjeng
Ratu mbukak pangandhikane kanthi pitakonan. “Inggih.” Swandari lirih. “Aku lan
Kanjeng Panembahan ngerti apa sebabe anggonmu tumindak murang tata, ananging
kuwi dudu alesan kang bisa nguwalake kowe saka pidana. Tumindak kaya ngono kuwi
ngatonake asal-usulmu kang apeparap bocah ndesa murang tata. Apa kowe ora
kelingan,piye anggonku mulang lan weling dakik-dakik bab tanggung jawabmu. Adu
kepinteran kuwi ora mung bab kalah lan menang, ananging uga bab bisa
ngendhaleni diri pribadi. Sing menang ora kena jumawa, sing kalah ya kudu
legawa. Patrap lan tumindakmu kuwi ora ngatonake watak legawa kang kudune
diduweni kabeh satria, bupati nayaka lan sentana praja.” Kanjeng Ratu ngendhika
semu duka. Swandari meneng wae, atine sak jane ora trima amarga dheweke diuriki
nalika semana. Ananging menawa dheweke matur mesti Kanjeng Ratu ora bakal
percaya utawa nampa apa kang diaturake.
Kanjeng Ratu ngulungake bakal saka
cinde[9].
Swandari deg-degan nampani bakal kuwi. “Coba jembrengen.”Ngendhikane Kanjeng
Ratu. Swandari manut banjur njembreng bakal kang diparingake. “Kuwi sonder.
Kanjeng Panembahan kang maringake. Sonder cinde mung diparingake karo putri
kang prigel njoget utawa beksa. Mung kang pinilih wae sing bisa ngagem sonder
cinde. Saiki rungokno aku.” Ngendikane Kanjeng Ratu Retno Dumilah. Swandari
nyembah tanda sendika. “Cinde kuwi gambare kadya kembangan aran slarak kandang
kang ateges sok sapa wae kang bangkekane disonderi cinde slarak kandang kudu
njaga trapsilaning tumindak. Ateges ora kena sak karepe dhewe, nunjang palang
lan nuruti apa kang dadi kanepsone. Wiwit saiki, aku midana kowe kudu ngudi
anggonmu sinau beksa utawa joget Mataram. Aku bakal nyediyani guru kang ora
mung prigel mbeksa ananging empuning beksa aran Nyai Badringah. Lan sak suwene
anggonmu sinau njoget sonder kuwi kudu dienggo, supaya kowe elingmenawa kowe
lagi dak gulang tata trapsilaning praja. Kuwi perlu kanggo ngompliti anggonmu
gladhi ulah kanuragan lan kaprajuritan.”Kanjeng Ratu njlentrehake lan mulang
Swandari pentinge nyinau ora mung bab kepinteran ulah kaprajuritan lan ulahing
praja ananging kudu uga bisa prigel ing ulah kabudayan. “Lha menapa wonten
gayutipun antawis ulahing kaprajuritan kaliyan ulahing beksa, Gusti
ayu?”pitakone Swandari. “Ana. Kowe bakal nemokake menawa kowe wus nglakoni.
Ananging yen durung tau nglakoni utawa nglakoni ananing ora sewiji karo apa
kang dilakoni, kowe ora bakal mangerteni dene kabudayan kuwi utamane beksa lan
karawitan rapet banget gandheng cenenge ora mung ulah kaprajuritan ananging uga
gayut karo lelakone wong urip.”Kanjeng Ratu paring wangsulan. Swandari manthuk.
“Wiwit sesuk isuk, kowe ora perlu ngiseni jedhing meneh. Sesuk kowe wiwit ajar
beksa kang bener karo Nyai Badringah sak liyane karo Nyai Wreksa.” Dawuhe
Kanjeng Ratu marang Swandari. Swandari manthuk banjur nyembah lan pamit mundhur.
Nyai Welasa kang kawit mau mung
nyawang ana suwaliking saka banjur metu lan ngaturake unjukane kanjeng Ratu.
“Biyung, aku ngerti menawa kowe isih mangkel karo bocah kuwi. Nanging ora akeh
wong kang duwe keprigelan lan kepinteran kaya bocah kuwi. Ya mung tumindake sok
murang tata ya karang cah durung dunung. Kuwi dadi wajibmu nggulang apa kang
perlu, aja galak-galak lan aja pilih sih. Kabeh magang kuwi pada. Sing anak
priyayi utawa sing dudu, kabeh duwe kalodhangan sing pada. Ya mung kari sapa
sing paling sregep ngudi kepinteran kang bakal dadi. Aku uga weling supaya kowe
ngati-ati marang biyung Raga. Bocahmu kae meh wae tiwas menawa aku ora
cawe-cawe nalika dheweke pithing-pithingan karo Iswati. Biyung Raga meneng-meneng
nguncalake sadak ngarah cengele bocah kuwi sak enggo pluru sadake luput lan
mung nyrempet kupinge Swandari. Dadi bocahmu kae ora kalah ananging pancen
diglibeng sak engga kalah.”Kanjeng Ratu njlentrehake larah-larahe kenengapa
Iswati bisa ngalahake Swandari. Nyai Welasa kaget lan getem-getem, jebul Nyai
Raga arep nlikung keputren wetan. Kanjeng Ratu Retna Dumilah mesem banjur
jengkar saka pendapa.
TTTTTTTTTTTTT
Kanjeng Ratu Emas Waskitajawi
lenggah ana pendopo keputren wetan kaadhep Nyai Raga. “Yung, gene ki prejurit
Kenya kang jare digulang karo jeng Ratu kulon ki ya ora ampuh-ampuh banget. Lha
ing atase Iswati sing bocah kaya ngana wae bisa ngalahake. Dadi aku ora perlu
bingung ngadhepi bocah-bocah kae ta, Yung. Sing bocah ya ben wae arep-arepan
karo sing bocah. Aku tak gadhepi sing tuwa wae.” ngendhikane kanjeng Ratu karo
nyruput wedhang jahe gula aren. “ Inggih.” Wangsulane Nyai Raga rada goreh
amarga dheweke ngerti yen sak jane Iswati kuwi dudu tandhinge Swandari. Iswati
menang merga Nyai Raga ngewangi lan nlikung Swandari seka mburi, menawa ora
konangan karo Kanjeng Ratu Retna Dumilah, bocah kuwi mesti wus tekane tiwas.
Nyai Raga ora wani matur blaka bab kuwi marang Kanjeng Ratu Waskitajawi amarga
mesti nyadong deduka. Tekade mung siji yaiku kudu bisa ngendih kekuatane
keputren kulon. “ Saiki bab kang ngebot-boti pikirku ya mung siji, yung. Keneng
apa nakmas Jolag ki kok ya durung peputra sak liyane anak wedhok. Garwa-garwane
durung ana sing ketok isi. Kamangka aku ngarep-arep supaya gek ndhang bisa
kagungan putra dadi aku bisa ambegan lega. Kanjeng Panembahan wus ngundhuri
sepuh lan wis wiwit gerah-gerahen. Yen mengkone surut kamangka nak mas Jolang
durung peputra, ateges mas Jolang ora bisa nggenteni kalenggahan dalem amarga
ora duwe turun lanang. Aku dadi bingung, yung. Kamangka patemon para sepuh ana
kraton seminggu kepungkur wus mutusake dene aku lan Kanjeng Panembahan kudu
enggal bisa nemtokake apa nakmas Jolang bakal diterusake anggone dadi pangeran
adipati anom, utawa diganteni putra liyane kang mesti wae saka garwa padmi ya
kanjeng ratu kulon ta, yung. Aku wis ora ngerti piye carane supaya nakmas
Jolang tetep nglenggahi kalenggahane dadi adipati anom.” Ngendhikane karo
ngampet rasa mangkel lan sedihe. Nyai Raga manthuk lan wiwit mikir piye carane
supaya apa kang digadhang ratu gustine kelakon. “Menapa gusti ayu sampun matur
kaliyan keng rayi Adipati Pragola bab menika ?” Nyai Raga nyuwun pirsa kanthi
swara alus meh ora keprungu sumelang yen pitakonane mau marakake gustine tambah
susah. Kanjeng Ratu Mas Waskitajawi manthuk. “Iku uga kang marai aku tambah
bingung ta, yung. Karepku mono ora kok njaluk tulung sing kepiye-piye karo
dimas Pragola. Aku ki ming nguda rasa nalika kirim layang, ya bab anggone
nakmas Jolang durung bisa kagungan putra kakung. Kuwi rak ya mbebayani tumrap
kalenggahane. Karepku yen bisa digolekake srana. Eee lha kok malah dadi duka
yayah sinipi banjur nggedhak perang Kanjeng Panembahan. Perkara kuwi mesti wae
marakake Kanjeng Panembahan duka karo aku. Banjur saiki aku lan nakmas Jolang
kang kudu ngrampungake perkarane.” Kanjeng Ratu Mas ngendika karo sedela-sedela
ngelap waspa kang tumetes. “Aku dhewe uga uwis ngglembuk dimas Pragola supaya
ora sah ndhadak nganggo nggedhak perang barang nanging ora dipaelu. Saiki
ndhadak kepeksa nakmas Jolang kang kautus keng ramane ngadhepi dimas Pragola.
Aku mung isa ndedonga muga nakmas Jolang entuk gawe lan bisa ngerih-rih
pamane.” Kanjeng Ratu Mas bali ngelap waspane kang mili sasat ora kebendhung.
Nyai Raga dhewe banjur kelingan kedadeyan
pirang-pirang taun kepungkur jaman Kanjeng Ratu Retna Dumilah dikabarake
nggerbini. Kabeh para winasis sarujuk menawa jabang bayi kang isih ana gua
garbane Kanjeng Ratu Retna Dumilah kuwi kakung. Nyai Raga kang ora narimakake
nalika sesembahane Kanjeng Ratu Mas dimaru, ngupaya, ngreka daya supaya bocah
kang kakandhut mau ora bisa dilairke. Maneka werna jamu lan racun wis dicoba
kanggo ngrontokake ponang jabang bayi kuwi ananging ora kasil. Ya mung tujune
Nyai Raga ora konangan anggone ngreka daya kabeh kuwi mau. Kanjeng Ratu Retna Dumilah kasil nglairake
bocah kang bener ujare kandha mijil kakung kanthi slamet amarga pitulungane
Nyai Badringah. Nyai Badringah kuwi ora mung empu beksa ananging uga pinter ing
babagan racun lan carane anggone nambani. Kuwi uga kang marai Nyai Raga sengit
ngigit-igit marang Nyai Badringah.
Nyai Raga banjur nyembah “Sedaya
menika wau lepat kawula, Gusti. Mugi penjenengan ndalem kersa paring
pangaksama, samangke wonten kalodhangan kula temtu bade tumindak supados Raden
Mas Jolang mboten ngantos kecalan panguwaos lan kalenggahanipun.”Nyai Raga matur.
Nanging durung nganti ature rampung keselak rame ana njaba suraking prejurit.
Kanjeng Ratu jumeneng lan ngawe Nyai Raga supaya niliki apa kang marai rame ana
njaba. Durung nganti Nyai Raga menyat, para prajurit mlebu ana keputren karo
nyembah. Lurah prejurit kang jeneng
Nalasekar matur dene saiki pangeran adipati anom uwis kondur saka
peperangan lan lagi nandhang tatu kanga bot. Nalasekar uga ngandhakake menawa
tatune sang adipati anom amarga bitutama klawan keng pamane. Kanjeng Ratu Mas
ngampet panjerite lan banjur mlayoni keng putra ana senthonge ditutake Nyai
Raga.
Tekan ana kana, senthonge pangeran
adipati anom wus kebak. Para garwa, nujum kraton kang uga dukun kang gaweyane
nambani wong lara, lan uga Kanjeng Panembahan piyambak. Kanjeng Ratu Mas
sakwise ngaturake sembah marang kakunge banjur nubruk awake putrane lan tangise
kang wus suwe diampet wutah ana kono dibaringi tangise para garwa. Pangeran
adipati anom dirangkul lan diarasi “Nakmas, lha kok malah dadi kaya ngene ki
kepiye larah-larahe?” kanjeng ratu ndangu keng putra. Sing didangu mung
gereng-gereng ngampet lara. Kanjeng Ratu Mas muwun karo ngelus-elus pilingane
putrane kang bithu-bithu. Kanjeng Panembahan Senapati banjur njawil alon
pundake keng garwa, “Putramu saiki durung bisa wangsulan. Tatune rada jero
nanging ora papa, mau para nujum uwis kraton uwis nyepakake tamba lan saiki ben
putramu lerem dhisik. Wis ana para garwa dadi kowe ora perlu bingung utawa
susah.” Kanjeng Panembahan ngendika karo nggandheng garwane metu saka senthonge
putrane.
Rada adoh saka senthonge Pangeran
Adipati Anom, Kanjeng Panembahan banjur wiwit wawan rembug karo keng garwa
“Saiki, diajeng wis pirsa piyambak ta, menawa garwa kuwi ora manut marang guru
laki tundone kabeh dadi ngrekasa. Putramu meh wae tiwas ing tangane rayimu
dhewe ya dimas Pragola. Menawa diajeng mbiyen ndahar aturku, mbok menawa
putramu saiki ora perlu nandhang kaya mengkono. Kuwi kabeh ya awit saka
tumindak kang tanpa petungan. Yen diajeng percaya marang pun kakang, ora perlu
ana kedadeyan kaya ngono. Saiki piye, lha wong dimas pragola ki kadangmu enom?”
Kanjeng Panembahan ndagu keng garwa. Kanthi ati kang remuk rempu, Kanjeng Ratu
Mas ambruk ana sampeyane Kanjeng Panembahan. “Kula naming sumangga kangmas.
Kula mboten saged nampi dene dimas Pragola tegel dateng nakmas Jolang.
Sakmenika manga borong, sedaya ingkang wonten gegayutanipun kaliyan dimas
Pragola, kula aturaken ing paduka.” Ratu Mas matur karo muwun ana sampeyane
Kanjeng Panembahan. Kanjeng Panembahan banjur ngrangkul garwane. “Dadi sliramu
uwis rila tenan menawa aku tumindak marang dimas Pragola?” ngendikane alus.
Kanjeng Ratu Mas muwun ing dhadhane kakunge karo wangsulan lirih “Inggih,
kangmas.”
Nyai Raga kang maspadakake saka
kadhohan katon jengkel amarga miturut penemune Kanjeng Panembahan uwis tumindak
kang kurang adil. Geneya kang kudu nanggung kabeh tunane gusti putrine lan ora
neliti larah-larahe keneng apa kok gusti putrine nganti nguda rasa marang
rayine sak engga adipati Pragola uga dadi ora trima lan nggedhak perang marang
Mataram. Kamangka menawa kersa menggalihake kanthi ngati-ati, kanjeng
Panembahan mesti pirsa menawa kabeh undheraning perkara ya Kanjeng Ratu saka
Mediun kae. Yen Kanjeng Panembahan ora ndhadekake gusti Kanjeng Ratu Retna
Dumilah garwa padmi, kabeh lelakon iki ora perlu kedadeyan.
Kabeh ati duwe rasane dhewe lan
kabeh pikiran duwe panemune dhewe. Angin wengi kuwi uga nggawa dongenge dhewe
kang semlempit ana sewaliking kori-kori kang tinutup rapet. Ana kang lagi ngronce crita kang lucu sak
engga guyu kemekelen lamat-lamat keprungu saka kadohan, ananging ana uga kang
lagi ngenam tangis kang swarane marai trenyuh lan susah. Donya kebak ing
kedadeyan lan kabeh kedadeyan bakal garisake sejarah kanggone sok sapa wae kang
duwe lelakon.
TTTTTTTTTTTTT
Swandari katon indhak-indhik sak wetan pendapa
isuk kuwi merga duwe jejibahan kanggo latihan njoget karo Nyai Badringah.
Ananging ana pendapa ora ana siji-sijia penari putri kang lagi gladhen, malah
para penari kakung kang lagi gladhen. Gamelane keprungu sora amarga kang lagi
dijogedake sajake unsur gagahan. Swandari katon gumun,dene penari kang akeh
kuwi bisa ngobahake awak bareng lan bisa nglakokake ragam utawa unsur kang
pada. Sak suwene iki menawa digladhi
beksa utawa jogged karo Nyai Wreksa, Swandari sok kangelan ngetutake obahing
sikil utawa tangane. Menawa mikir obahing sikil, tangan lan gulune kaya lali
obah. Dasare Swandari kurang seneng lan kurang bisa nangkep apa kang
diwulangake Nyai Wreksa.
Nalika ngematake para penari
kakung, mripate Swandari kang wis ngancik dewasa mandheg ana salah sijining
penari kakung kang udakara umure ora kacek adoh saka dheweke. Penari kakung
kuwi pawakane apik, rupane bagus lan kulitane uga kuning resik, ngatonake menawa
isih trah dalem. Swandari kaya ora kepengin kedhep ngematake priyayi kang uwis
ngosik atine kuwi. Kabeh solah bawane nalika njoget dimatake, sajake uga penari
kang wis mumpuni amarga saking luwese lan endahe kabeh kang diparagakake.
Swandari nganti ngomple anggone nyawangnganti krasa ana kang semelet nang
kupinge. Swandari mengo karo mringis. Jebul ana abdi dalem kang isih katon ayu udakara umur patang puluhan lagi njewer
kupinge.
Abdi dalem kuwi ora ngeculake
panjewere nalika nggeret Swandari ana pendapa liya kanggo nggladhi penari
putri. “Bocah ki yen ora urus ya kaya kowe kuwi. Uwis ngerti yen kudu gladhen
ana kene kok ya mampir ana pendapane para kakung. Apa ya tumon ana prawan nginjen wong lanang. Kuwi ora
becik, ngger. Saru.” Omongane rada atos ora ngepenake kuping dasare kupinge
Swandari uga lara merga dijewer. Abdi kuwi katelah Nyai Supanggah ya abdi kang
ngewangi Nyai Badringah samangsa kudu gladhen beksa para putri sentana dalem,
utawa pancen entuk pesenan saka Kanjeng Ratu dienggo nggolekake penari kanggo
pasamuwan agung. Nyai
Supanggah iki tilas penari kang kondhang kawentar, amarga saking ayune, luwese
lan pancen bakat tenan anggone njoged. Sak liyane kuwi Nyai Supanggah uga tilas
prejurit Kenya kang mumpuni ing samubarang, klebu pinter mijeti lan ngracik
jamu-jamu. Mula ora gumun yen pawakane uga seger, kulite putih resik, sedhet
lan singset. Ana kabar kabur menawa mbiyene wis tau dadi sengkerane salah
sijining pangeran ana kraton kono, ananging kabar kuwi mung dadi pocapane wong
kang ora duwe gaweyan sakliyane ngrasani uwong. Nyai Supanggah kuwi sak jane
ora galak, priyayine sumeh lan sugih esem. Pangandhikane kemerecek lan greteh
banget ana bab-bab nyandhang utawa tata kramaning beksa. Saben wong mesthi
seneng menawa crita utawa wawanrembug karo Nyai Supanggah. Emane isih enom wis
dadi rondho lan sajake uga ora kepengin maneh urip bebrayan kaya maune. Uripe
mung diaturake kanggo ngabdi ana ing kraton, lan kabisane diwulangake lan
ditularake marang sapa wae kang gelem sinau.
Seje maneh karo Nyai Badringah kang wis yuswa rada sepuh udakara seket loronan. Priyayine klebu teji
kanggone putri. Nanging menawa beksa, luwese uga mranani sapa sing weruh.
Pawakane uga klebu isih sedhet lan singset mboka wis yuswa kae. Emane Nyai
Badringah arang mesem sak engga marai ewuh sak sapa wae kang ana cedhake.
Nyai Badringah lenggah ana
tengahing pendapa sila. Nyai Supanggah nuntun Swandari supaya ngetutake
dheweke, laku dhodhok nyedhaki Nyai Badringah sak dhuwuring pendapa. Amarga ora
kulina jaritan rapet ngganggo seredan barang, Swandari wola-wali ndhredeg kaya arep tiba. Nanging kasil
nyaketi Nyai Badringah tanpa kejungkel. “Ngadheg.” Swarane Nyai Badringah
bantas. Swandari semu kaget banjur ngadheg. Nyai Badringah banjur njikuk uthik
kang wus dicepakake ana sisihe. Nanggo uthik kuwi Nyai Badringah nyandhak
sampur cindene Swandari. “Moga kowe pancen pantes nampa cinde saka Kanjeng
Ratu.” Kandhane meneh karo ngadheg ngubengi Swandari sajak nggoleki apa kang
banget ngedhap-ngedhapi saka bocah ndesa iki sak engga kanjeng ratu piyambak
kang maringi sonder cinde iku. Nganggo uthik iku uga Nyai Badringah nyenggol
tungkake Swandari supaya rada mbukak. “Mendhak.” Kandhane. “Ngoyog ngiwa banjur
nengen. Tangane ngithing, sikil nyempurit.[10]”Nyai
Badringah prentah kaya grontol wutah. Swandari kang bingung uga nglakoni
ananging awake kaku kaya kayu. Nyai Badringah gedheg-gedheg.
Nyai Supanggah age-age mbenakake
anggone Swandari maragakake jogete. “Dhegeg, aja mayung, aja ndengengek, bokonge ora sah
dinjedhitake. Wetenge diangkat sithik.” Nyai Badringah mbacutake karo nyabetake
uthike ana wetenge Swandari. Swandari mringis. Nyai Badringah mendhelik “Aja
rongeh. Wong wedok saru menawa ketok untune.” Panggetake sora.
Rong jam luwih Swandari digulang
njoget, Swandari rasane kaya arep nangis-nangisa ngadhepi Nyai Badringah.
Swandari luwih lila dirut utawa disabet ana keben yen pancen gawe luput
tinimbang kudu njoget kang rasane ngenteke kabeh dayane. Menawa kicat[11]
salah anggone nekuk cethike, Nyai Badringah mesti banjur njiwit bangkekane.
Krasa pedes banget. Swandari teluk tenan. Kamangka ngetok kanuragane supaya ora
bisa dijiwit, muspra kanggone Swandari amarga ilmu kauragane Nyai Badringah
luwih ampuh. Arep ngeyel uga ora wani amarga Nyai Badringah jebul luwih galak
tinimbang Nyai Wreksa. Swandari saiki kecandhak tenanan amarga ora bisa nggodha
Nyai Badringah kaya anggone nggoda Nyai Wreksa utawa Nyai Welasa. Nyai
Badringah lan Nyai Supanggah iki pancen nyata beda. Ora kleru yen dadi wong
kang dipercaya dening Kanjeng Ratu Retna Dumilah. “Kowe kuwi, kudune bisa
njoget kanthi luwes lan becik, nanging merga atimu mbok tinggal mbuh neng endi,
awakmu nolak obah. Dadi ngecenceng kaya mengkono. Yen kuwi mbok terusake awakmu
bakal lara kabeh. Joget Mataram kuwi luwes nanging ora lemes. Obahing awak kuwi
mawa tenaga ananging ora ngecenceng, dadi
yen di pirsani kuwi endah. Ora kaya kowe kuwi, lha jogetmu kuwi kaya angkrek.
Ngecenceng, kau lan kaku. Mengko samangsa kowe sela, ajara nekuk sendi, kanthi
luwes. Ngruji, ngithing, nyempurit, kabeh kudu dilatih kanthi bener. Ngerti ora
?” pitakone Nyai Badringah. Swandari manthuk.
Swandari ora bisa dolanan marang
Nyai Badringah, saben ndina dheweke kudu mbaleni apa kang diwulangake sak engga
awake dadi luwes. Kamangka sak bar gadhen kaya ngono Swandari isih kudu sinau
bab-bab liyane. Dadi nalika bali ana senthonge, Swandari langsung turu nglempus
amarga awake kesel lan lara kabeh. Udakara limang sasi jogete Swandari ngalami
kemajuan kang akeh banget. Bab kuwi mesti wae nggumunake Praba, Rukti lan
Rukmi. Semono uga Nyai Wreksa, sak engga nalika kraton arep nganakake
pasamuwan, Swandari katut kedapuk dadi salah sijining penari. Bab iki kang
marai Iswati lan Tejawati ora seneng. Ananging Nyai Wreksa lan Nyai Supanggah terus
nyurung supaya Swandari gelem latihan kanthi luwih becik meneh. Swandari kang
ora bisa suwala banjur mung manut wae.
Nyai Supanggah kang ngerti menawa
meneng-meneng Swandari lagi kasmaran marang salah sijining pangeran banjur
ethok-ethok ngejak crita Swandari bab piye ta sakjane urip ana ing njero Kraton
lan apa wae kang dadi pakulinane para pangeran. “Para pangeran ki kabeh prigel
anggone beksa sakliyane ana babagan olah kaprajuritan lan olahing praja.” Nyai
Supanggah wiwit crita karo ngrangkul pundhake Swandari. “Mengko yen wis ngancik
meh 17 taun, para pangeran wiwit bakal dipacangake karo bapa lan biyunge,
ananging ora mokal para pangeran uga duwe garwa ampe utawa selir. Ora sithik garwa
ampe kang kapundhut saka kawula biyasa kaya aku lan kowe. Kamangka biyasane
garwa ampe kuwi luwih ditresnani tinimbang garwa padmi, merga yen garwa ampe kuwi
dipundhut rak merga rasa tresna, dudu merga dipacangake.” Nyai Supanggah
nerusake anggone crita. Mripate Swandari katon sumunar kebak pengarep-arep dene
bisa dadi sisihane pangeran kang bagus lan marak ati. Dadi garwa ampe ya ora
papa, angger bisa caket karo gegantilaning atine. “Ning kabeh ki ana sarate,
ndhuk. Ora cukup mung ayu. Nalika kowe nginjen anggone para pangeran lagi pada
tayungan, kowe rak ngerti dhewe, para pangeran kae luwes anggone beksa uga
besus ana ing samubarange. Dadi yen kepengin dadi garwane salah siji pangeran-pengeran
kae. Kowe kudu pinter anggone njoged, sing alus suba sita lan tata kramane uga
kudu besus anggone ngudi salira.
Aja grusa-grusu lan wak-wakan kaya kowe kuwi. Apa-pa kudu sing dames, alus lan
mranani.” Nyai Supanggah
mandheg sedhela banjur mbacutake gunemane “Aku ngerti kowe wiwit cilik wis
katelah bocah pesisir kang cedhak karo ombaking segara, kuwi ateges rasamu
mesti kepengin merdika kaya playune ombak. Kowe uga digulang olah kaprajuritan
kang ateges kekuatan kuwi luwih ketengen tinimbang alusing rasa lan endahing
werna. Ananging kuwi eloke joget Mataram kang bisa nyawijekake antaraning
kekuatan, alusing rasa lan endahing rupa. Ndhuk, kowe kelingan yen diwulang
karo Nyai Badringah kae ta. Coba nam-namen pikirmu. Seminggu mung ajar mendhak
karo ngoyog kanthi patrap kang bener, kuwi meh pada menawa kowe gladhi
keprajuritan sepisanan yaiku nguwatake sikil. Bener ta kandhaku?” Nyai
Supanggah nakoni Swandari. Sing ditakoni manthuk karo wangsulan. “Inggih Nyai,
menapa malih nalika sepindahan ngraosaken joget ingkang leres, badan kula sakit
sedaya kados menawi mentas gladhi keprajuritan.” Nyai Supanggah mesem. “Ya kaya
mengkono pancene. Lha mengko nalika pasamuwan, kepenginku, kowe njogeda sing
apik. Menawa kengser utawa trisik sing alus, bokonge aja melu sedal-sedul, lha
wong dipirsani kabeh pangeran lan sentana dalem jare. Nek jogedmu isih kasar
rak ngisin-isini ta.”Nyai Supanggah wangsulan. Swandari manthuk.
Wiwit dina kuwi Swandari sengkut
anggone sinau. Rukti lan Rukmi sok-sok dieret-eret supaya gelem ngajari utawa
sak ran-rane ngematake anggone njoged lan bisa ngandhani endi sing isih kleru
lan ragam sing kepiye kang isih durung luwes. Rukti, Rukmi, Ulupi lan Praba
rada gumun geneya saiki Swandari dadi beda tumindake ora kaya adat sabene.
Mbiyen nalika sepisanan ajar njoged, ana wae alesane supaya ora kudu latihan.
Menawa diwulang uga wegah lan ora duwe greget. Ananging saiki Swandari menawa
latihan teka paling ndhisik. Bab ngudi salira uga ngono, maune Swandari uwong
kang paling ora preduli marang endahing busana utawa kepiye mantesake awak
kanthi dandan. Saiki Swandari sregep takon marang Praba, piye carane dandan lan
wiwit seneng ngombe jamu-jamu supaya sedhet lan singset. Owah-owahan kuwi ora
mung digagas kanca-kancane nanging uga Nyai Badringah. Kahanan kuwi banjur
digunakake Nyai Badringah kanggo nggenjot kapinterane Swandari ing babagan seni
utamane jogged Mataram. Sakliyane kuwi Nyai Badringah uga wiwit ngajari
Swandari ngidung lan nembang sak engga ora nganggo wektu kang suwe Swandari
bisa ngalahake swaraning Rukti lan Tejawati. Samangsane Swandari rada kendho
anggone latihan, Nyai Badringah sengaja gawe panas atine Swandari kanthi cara
masangake utawa mencukake pangeran-pangeran kuwi karo putri-putri liyane sak
engga Swandari bali duwe greget maneh kanggo latihan.
Sawijining sore Nyai Badringah
nemoni Swandari ana ngarep pendapa kang biyasane kanggo latihan para putri.
Nalika semana wancine wis ngarepake maghrib sak engga panggonan kuwi sepi mung
ana Nyai Badringah lan Nyai Supanggah. “Ndhuk, aku ndhelok anggonmu njoged saiki wis rada
alus, nanging durung isi. Suk yen wus rada sela, aku merlokake mejet kowe
supaya katon isi. Joged kuwi ora mung paraga obahing awak ananging uga
obahing suksma lan pangrasa sak engga
wong bisa ngrasakake dene awakmu njoged nganggo ati utawa kosongan.” Nyai
Badringah ngandhakake penemune marang Swandari. Swandari manthuk. “Sonder cinde
kang diparingake kae ora mung makna sonder utawa sampur ananging uga nduweni
makna kang luwih jero yaiku tresna.”Nyai Badringah bali mbacutake guneme.
“Tresna?” Swandari kaget. “Iya, ndhuk.” Nyai Supanggah nyambung omongane Nyai
Badringah. “Duk nalika semanten, Kanjeng Ratu maringi kula sonder punika kanthi
sesanti dene sonder punika ingkang badhe nangsuli sedaya tumindak ingkang nasar.
Sok sinten kamawon ingkang pun tangsuli sonder cinde menika kedah saged njagi
tata karma lan tumindak ingkang trapsila.” Swandari wangsulan alon. Nyai
Badringah mesem, ana rasa mongkog jebul muride sing siji iki pancen gatekan,
sepisan diwulangake ora bakal lali lan kabeh welinge gurune dienut, digugu uga
coba diterapake ana uripe. “Kuwi ora kleru, ndhuk. Ananging cinde kuwi uga bisa
dadi tanda katresnan saka pria marang wanita. Sonder kang diparingake kuwi,
mbiyene uga paringan dalem Kanjeng Panembahan marang Kanjeng Ratu Retna
Dumilah.Tanda tresna. Menawa mbesuk kowe bisa dadi salah sijining penari-penari
kang diagem ana pasamuan, kowe uga bisa entuk tanda tresna kaya ngene iki saka
pangeran kang ngersakake kowe, Ndhuk cah ayu.” Nyai Badringah nambahi omongane.
Swandari njekithut bathuke. “Sak wise pasamuan, menawa senthongmu ana cinde
kang kemlawer ana lawang, kuwi ateges njeng pangeran bakal rawuh ana
senthongmu.”Nyai Badringah lan Nyai Supanggah
mesem kebak makna. Swandari ming bisa ndomblong bingung, ora ngerti sing
dikarepake. Ya dasare lagi wae ngancik kadewasan.
Suwe ning suwe ana rasa tresna kang
tuwuh ing atine Nyai Badringah marang Swandari, dasare Nyai Badringah ora
diparingi momongan sak engga ana rasa kangen bisa duwe anak. Rasa kepengin kuwi
bisa katutup sak ploke Swandari ngenger lan sinau marang Nyai Badringah. Solah
bawane kang becik, tata kramane kang wiwit ganep amarga latihan joged saben
ndina bisa ngrobah tumindake sing kasar dadi alus, rupane kang ayu, uga
omongane kang manis kabeh saya mranani sapa wae kang tepung karo Swandari.
Watak wantune kang maune atos lan rada urakan malih saknalika dadi alus, sak
paripolahe nyenengake sapa wae kang nyawang kaya inten kang wus diasah dadi
sumunar. Nyai Badringah uga dadi
kepranan lan awit saking tresnane, kanthi sesidheman Nyai Badringah nggolek
sisik melik sapa ta jane pangeran gegantilaning atine bocah wadhon kang banget
dikasihi kuwi.
TTTTTTTTTTTTT
Iswati lan Tejawati katon mangkel,
keneng apa Swandari saiki bisa malih grembyang saka bocah pesisir sing kasar,
ugal-ugalan bisa alus kaya putri-putri kraton lan sentana dalem. Menawa ajar,
ajar ana ngendi lan karo sapa. Kuwi kang ora dingerteni bocah loro kang saiki
lagi muring-muring ana senthonge. Bocah loro kuwi ora nglenggana yen pawongan
kang wiwit nyinau joged Mataram kuwi ora mung nyinau endahing paraganing awak
ananging uga nyinau ngelmune urip lan kabudayan kang adiluhung. Sewiji kang
nduweni teges wutuh, manunggal, mugen. Menawa ngener pangarep-arep ora
menga-mengo ananging teteg ana dalan kang wus pinilih. Greget duwe teges tetep
nduweni karep kang gedhe kanggo nggayuh pengarep-arep kuwi mau. Sengguh kang
ateges percaya marang diri pribadi yen apa kang digayuh bakal kelakon nganggo
kekuwatane dhewe lan donga marang pangeran kang akarya jagad. Ora mingkuh
ateges ora maelu bab-bab sak liyane apa kang bakal digayuh. Kuwi kabeh piwulang
kang ngrasuk ana nyawane jogged Mataram, ananging kudu di trepake kanthi
wicaksana mungguh supaya ora salah kedaden. Kayata menawa sewiji kang dilakoni
kebangeten bakal nuwuhake rasa kang ora tepa slira marang liyan amarga mung
nengenake lan mugenake pepinginane pribadi. Greget menawa kebangeten, uga
nuwuhake tumindak kang kasar murang tata, sengguh semono uga yen dilakoni
kanthi kleru malah bakal nimbulake watak adigang-adigung-adiguna. Lan ora
mingkuh menawa luput anggone nglakoni uga bakal ndhadekake wong kang ngetrapake
dadi kaku lan cupet nalare (fanatik).[12]
Tataran adiluhung ana ing joged
Mataram kuwi mawujud ana ing paraganing awak (koreografi) kang nyawiji ana
telung babagan yaiku :
Wiraga : kabeh obahing awak kudu laras karo
ragaming gerak kang wus katentokake.
Wirama : Paraganing awak kudu trep
karo iramaning gendhing lan tembang uga iramaning rasa pangrasa.
Wirasa: Paraganing awak kudu duwe
isi kang laras karo rasaning sapa wae kang lagi nglakoni ragam utawa unsur
gerak kuwi mau. Ateges obahing awak kudu pada lan alaras karo rasa kang lagi
nglakonake ragam joged iku mau.
Kabeh kuwi mau kaya wis ora
nyanthel maneh ana ing pikirane Iswati kang dasare wus kedunungan sipat kang
drengki lan srei. Iswati sak kancane amarga rumangsa trahing priyayi ora gelem
kalah apa maneh ngalah karo wong-wong kang dianggep drajate ora pada. Iswati
kang meri marang kepinterane Swandari banjur ngupaya supaya Swandari gagal
anggone bisa njoged ana pasamuan Agung. Ananging Iswati bingung arep nikung
Swandari saka ngendi. Menawa bab jogede, Swandari saiki wus luwih sakabehe
tinimbang Iswati sak kanca amarga sregep anggone latihan. Kamangka anggone ajar
dicekel dhewe karo empune joged kraton. Arep mitnah, apane sing bisa dienggo
ngluputake tumindake, dasar saiki bocahe ya digodha kaya ngapa utawa dipancing
kanepsone ya mung etel wae sak enggo ora bisa digoleki salahe.
Iswati mung mubang-mubeng kaya
gasing lan marai kanca-kancane pada melu mumet. “Apa ya sing marai cah ndeso
kae saiki isa nyaingi awake dhewe. Kamangka sasat ora tau ngambah pawiyatan ana
ndesane mbiyen. Mongsok mung pirang taun ana kene bisa malik grembyang dadi
kaya ngana. Saiki alus, bisa nembang, swarane apik sisan. Bisa nyuling, jogede
ya samsaya luwes. Kamangka anggone gladhi keprajuritan iya saya grengseng.”
Ujare Iswati. Tejawati nyoba mikir nganti bathuke njekithut. “Nek aku wis tau
krungu saka Praba, jare olehe kepengin bisa njoged tenan lantaran Ndari kae
lagi kesengsem marang salah sijining pangeran.” Wangsulane Tejawati. “Wah kuwi
crita kang seru. Lha Ndari ki kepincut karo sapa je? Sajake dheweke ora ngerti
menawa tresna marang pangeran kuwi ora dientukake.” Iswati nyaut. Tejawati ming
ngangkat pundhake. “Aku ya durung
ngerti. Mengko aku tak golek sisik melik. Menawa konangan ngati Swandari andhon
tresna marang njeng pangeran, wah bisa dadi rame. Bisa uga Swandari banjur
ditundhung saka kraton. Seneng tenan
aku.”kandhane Tejawati karo mesem. Iswati mendelik “Ngerti wae durung kok
ngentha-entha sing ora-ora, saiki sing kudu mbok lakoni yaiku ngupaya pawongan
kang bisa diumpanke kanggo mancing Swandari supaya bisa ndhang lunga saka
kraton kene. Aku wis eneg weruh bocah kaya ngana.” Iswati mbacutake guneme karo
nyentake jarite merga mangkel.
BAB IV
RADEN MAS
WIRATA
Praupane bagus, kulite putih resik,
pawakane dhuwur, gagah, pideksa kuwi candrane kanggo Raden Mas Wirata putrane
Pangeran Poeger saka garwa ampe. Amarga bagus lan alus, Raden mas Wirata kerep
kedapuk dadi Lesmana, Abimanyu utawa satria alusan liyane. Anggone beksa luwes,
sabetane alus, pasemone luruh, sapa wae kang namatake mesti kepranan. Ananging
Raden mas Wirata dudu pria kang seneng dolanan wanita. Raden mas Wirata iku
klebu priyayi kang mugenke pasinaone ing bab kaprajan lan kabudayan. Saben isuk
Raden mas Wirata mesti uwis siyaga ana alun-alun kanggo gladhi watangan karo
para prejurit. Banjur menawa awan tekane wanci sholat ashar, Raden mas Wirata
mesti lagi sinau bab-bab kang ana gayutane karo tataning Negara lan kaprajan
utawa bab-bab agama, banjur bubar sholat ashar nganti tekane maghrib sinau
beksa, karawitan lan sastra. Beda karo pangeran-pangeran liyane sing sok
ngglidhig nggodhani para abdi dalem utawa para penari putri liyane.
Raden mas Wirata uga seneng laku
prihatin lan sok ndherekake tindake Pangeran Purbaya utawa ramane Pangeran
Puger menawa pada nglakoni prihatin utawa teteki marang gusti kang murbeng
jagat. Kabeh pakulinane Raden Mas Wirata kang marai Swandari saya kepranan
marang kanjeng pangeran bagus kuwi. Menawa isuk-isuk sak durunge latihan njoget
karo Nyai Badringah, Swandari mesti nyelakake nginguk alun-alun. Mboka
ngaluk-aluk adohe antarane anggone Swandari nginjen gegantilaning atine
ananging lega rasane angger wis weruh ketebange. Apa meneh yen jarane lagi mlayu
ngubengi alun-alun lan ora sengaja liwat ngarepe Swandari, atine krasa
tab-taban. Sok-sok ora kejarak, kanjeng pangeran mbalangake esem kang manis,
dasar untune ngingsul nambahi atine Swandari lumer kaya mertega.
Nyai Badringah kang gawene
ngematake polahe Swandari ora mentala menawa ngematake prawan sing lagi
kasmaran lan ngronce maneka werna impen, kamangka Nyai Badringah ngerti menawa
apa kang bakal digayuh Swandari kuwi barang kang muspra. Sak jane wiwit
sepisanan Nyai Badringah ngerti menawa Swandari nyimpen rasa marang Raden mas
Wirata, nalika ora kejarak Nyai Badringah ngonangi Swandari kerep
nyolong-nyolong bisa weruh raden mas Wirata nalika lagi gladhi watang, utawa
ngaji ana masjid. Nyai Badringah kepengin elik-elik, ya kedereng rasa mesakake
menawa tresnane Swandari kuwi ora bisa klakon bakal marai kendho anggone sinau
njoget, Nyai Badringah wurung anggone arep elik-elik. Merga rasa tresnane
marang muride kang ayu kuwi, Nyai Badringah banjur duwe rancangan arep nggathukake Raden
Mas Wirata karo Swandari ana ing kridha beksan kang pepacangan kaya Prabu Rama
lan Dewi Shinta. Nyai Badringah banjur kangsenan karo abdi dalem kang mulang
njoget kakung asma raden riyo Silutama. Maune Silutama ora gelem amarga pancen
ora kena macangake pangeran karo abdi dalem biyasa kang ora ana trah priyayi.
Ananging merga terus dibujuki lan uga didolop, Silutama banjur gelem macangake
Raden mas Wirata karo Swandari. Nyai Badringah ngerti menawa kang dilakoni kuwi
kleru, ming merga rasaning atine kepengin nggawe Swandari luwih grengseng lan
sengkut anggone sinau, uga merga kepengin ngekeki kabagyan mboka mung sedilit,
Nyai Badringah lila nunjang palang kanthi risiko kang ora cilik.
Ora nganggo gantalan Raden mas
Wirata banjur bisa beksan bebarengan karo Swandari kang kanggo pawadan Silutama
kenengapa latihan karo abdi dalem yaiku mung kanggo nglayahake anggone gladhen
beksa pepacangan merga para putri liyane
lagi ewuh nyepakake pasamuan agung. Raden mas Wirata sarujuk wae, dasare
pancen watake kang becik lan ora gemedhe. Dadi encon karo sok sapa wae Raden
mas Wirata ora kabotan.
Rancangane Nyai Badringah kasil,
jebul ora mung Swandari kang seneng dipacangake karo Raden Mas Wirata. Kanjeng
Pangeran kang bagus kuwi jebul uga kepranan marang Swandari sing ayu tur besus
lan luwes. Pangeran bagus kaya kena gendham tresna amarga rasaning atine
Swandari nyetrum ana ing rasaning pacangan latihane iku. Raden mas Wirata uga
banjur wiwit katuwuhan rasa tresna. Swandari kang ayu lan marak ati. Swandari
kang bisa ngimbangi luwesing jogede lan bisa uga ngimbangi katresnane. Apa
maneh nalika pada wawancara, Raden mas Wirata kaya krungu swaraning gendhing
kang endah merga swaraning Swandari kang alus, temata lan kebak ing tata krama.
Sak wise latihan ping pindho utawa ping telu, Raden masWirata kang uga durung
tau kepranan marang wanita banjur wiwit wani nyoba ketemu ana sak liyane dina
latihan ya mung kanggo nglegani anggone lara wuyung.
Ndhelik-ndhelik Raden Mas Wirata,
nggoleki Swandari, ana kapujanggan utawa ana suwaliking wit sawo cedhak masjid.
Ora akeh kang bisa diomongake, nanging cukup kanggone Swandari ngerti piye
rasane ditresnani Kanjeng Pangeran. Apameneh nalika kanjeng pangeran
mratelakake rasa tresnane. “Diajeng, durung tau aku ketemu wanita kang kaya
sliramu kuwi. Ora mung ayu, nanging uga pinter ana ing babagan apa wae. Mesti
wae bejo wong kang bisa nyandhing sliramu. Ndaheba senenge atiku menawa uwong
kuwi aku.” Raden mas Wirata mratelakake tresnane ora kanthi langsung ananging
kebak subasita. Swandari mung mesem banjur wangsulan “Kula menika naming
jejering abdi, mesti kemawon mboten pantes menawi dados sisihan penjenengan ta,
pangeran.” “Sapa kang kandha kaya ngono ta cah ayu. Sing tak tunggu ki ya wanita
kaya slirane kuwi, aja nyawang drajat, pangkat lan semat. Jare tresna mono bisa
teka kapan wae lan dirasakake sapa wae. Ora mung kawula alit, para priyayi lan
narendra uga ora bisa suwala nalika rasaning tresna kuwi teka, diajeng. Aku ora
preduli sapa sejatine sliramu. Angger sliramu bisa nampa rasa tresnaku, kuwi
wus cukup.” Kandhane Raden mas Wirata karo nyekeli tangane Swandari kang wis
alus merga diborehi lulur amben ndina. Swandari jantunge kaya dikebur, atine
bingung, dhadhane sesek. Swandari mesem “Kula temtu mboten wantun nulak
kersanipun jengandika. Ananging menapa njih saged kelampahan menawi kula
sesandhingan kaliyan penjenengan ta, den mas.”wangsulane Swandari antarane
seneng nanging uga wedi lan bingung. Raden mas Wirata ngunjal ambegan landhung,
dheweke uga ngerti yen kabeh kang dilakoni mesti wae ora gampang ngelingi
drajat lan pangkat kuwi nemtokake apa wae. “Aku bakal golek dalan, supaya aku
lan kowe bisa sesandhingan.” Raden mas Wirata saya kenceng anggone nggoceki
tangane Swandari.
Nyai Badringah ethok-ethok ora
ngerti menawa bocah loro kuwi pada ngucapake janji, nanging uga tetep ngawasi
supaya kabeh lelakon iki ora konangan wong liya. Ya mung sak pinter-pinter bajing mlumpat ana
wancine bisa tiba, semono uga Swandari lan Raden mas Wirata. Nalika pada
glenak-glenik ana ngisor wit sawo, ora kejarak konangan mripat drengki lan
sreine Tejawati. Kuwi dadi kalodhangane bocah-bocah kang meri mau kanggo
nyingkirake Swandari.
TTTTTTTTTTTTT
“ Raden mas Wirata?” pambengoke
Iswati. Tejawati nemplekake drijine ana lambene. “Ssssttt aja banter-banter
mengko mundhak konangan wong liya.” Kandhane. “Eehh….eehh…..eeehh, jebula ora
ngilo githoke bocah kuwi ya. Dipikire sapa dheweke kuwi wani nresnani pangeran
trahing kusuma. Apa merga rumangsa paling ayu? Utawa rumangsa paling bisa.
Pancen sing dipilih ki ya bagus tenan, ning aku ora bisa trima. Kudune ndoro
den mas Wira kae ya entuke putri saka bupati nayaka kaya awake dhewe utawa
sentana dalem kang isih trah.” Iswati gemreget kepengin supaya Swandari ditundung
saka Kraton. Iswati banjur mbisiki Tejawati arep nyepakake rancangan kanggo
mirangake Swandari. Tejawati manthuk-manthuk, banjur wiwit upek ana meja kang
disediakake kanggo nulis. “Sing mbok karepke kaya ngene ta?”Tejawati takon
marang Iswati. Iswati manthuk karo mesem. “Mati kowe saiki! Dasar cah ndesa.”
Kandhane.”Saiki awake dhewe kudu golek uwong kang bisa dikongkon mlebu
kasatriyan. Rak ora bisa awake dhewe sing ngeterke, kuwi pada karo asok nyawa.”
Tejawati ngandani Isawati. “Piye nek prejurit sing jaga regol kae wae. Aku wis
tau ngerti nek wong kuwi sok gladhen watang karo den mas Wirata, dadi mesthi
ngerti lan ora bakal kleru. Tur ora ana kang bakal cubriya menawa wong kuwi
kang nemoni den mas Wira. Lha wong encone latihan jare.” Iswati ngandhakake
rancangane karo nudingi Sunggono sing lagi kejibah njaga regol bareng Maruto.
Tejawati sarujuk. Bocah loro kuwi banjur nyedhaki Sunggono lan ngandhakake apa
kang dikarepake. Sunggono sing ora duwe pikiran werna-werna sarujuk wae, dasare
ya diopahi duwit rada akeh. Maruto nimbrung kepengin uga entuk bageyan dadi
prejurit loro kuwi banjur mangkat ngleksanani apa kang diprentahake. Ananging
nalika tekan regol kasatriyan Maruto kepengin ngerti isining layang para putri
kang lagi kasmaran marang priyayi bagus sak njeron kasatriyan. Sunggono maune
ora gelem, nanging Maruto meksa. “Ayo ta, Dhi. Nginjen sithik wae. Dadi suk nek
aku kirim layang karo Lastri isa nurun tembung-tembunge kuwi lho.” Maruto
mbujuki Sunggono. “Kowe ki mesti kaya ngono kuwi lho, kang. Ora becik nginjen
darbek ing liyan. Apameneh layang katresnan. Aja… mengko ndhak tuman.”
Wangsulane Sunggono. “Allaah, wong ya ra kelong we. Sithik wae ta, Dhi.”
Pambujuke Maruto. Sunggono banjur gelem mbukakake layang kuwi amarga kanggone
Sunggono layang kuwi isine dudu bab kang magepokan karo keamananing praja.
Maruto gela nalika layang dibukak
jebul isine cekak aos lan ora nganggo kembangan kaya sing dikarepake. Isine
layang mung “Kula ngentosi rawuh penjenengan wonten sak kidul pendapa mangke
dalu tabuh 11. Kula badhe pasrah jiwa raga dateng penjenengan ndalem.” Sunggono
gedhek-gedhek, jebul ana putri kang wani tumindak kaya ngono ing ngatase
priyayi kang kagulang agama lan tata karma kok tumindak kang nerak angger.
Sunggono saya kaget meneh nalika jebul jeneng kang ana layang kuwi jenenge
Swandari. Sunggono banjur nggeret Maruto. “Ora sida wae, kang. Iki wong kang
nerak angger. Menawa layang iki nganti tekan astane ndoro Wirata lan ditanggepi
mesthi bakal ana kedadeyan. Yen nganti konangan, awake dhewe mesti katut-katut.
Ayo bali wae.” Kandhane karo nggeret tangane Maruto. “Lha, tujune ta. Nek kowe
mau panggah ora neliti layange apa ora tuna awake dhewe iki. Ya wis, mengko
ethok-ethok wis diaturke, menawa jebul sing dijak kangsen ora teka. Pawadan wae
yen mbok menawa ndoro Wirata lagi ora kepengin tindak bengi-bengi ndhak masuk angin.”Maruto
nyambung guneme Sunggono. Sunggono manthuk.
Wengine udakara tabuh 11, Sunggono
kanthi sesidheman marani panggonan kang tinulis ana layang mau. Dheweke ora
percaya yen Swandari arep nglakoni tumindak kang nistha kaya ngono. Pancen
kanggone Sunggono wis dudu barang anyar nalika para pangeran pada golek wanita
kanggo nuruti hardening kanepsone. Ananging kanggone Sunggono mokal yen gusti
Wirata lan Swandari nekad tumindak kang nerak paugeran lan angering agama.
Apameneh Sunggono tepung rada raket karo gusti Wirata amarga kerep gladhen
watang bebarengan.
Sunggono indhak-indhik saka
suwaliking grumbul sak kidul pendapa mung kepengin mbuktekake apa ya sak
nyatane wis rusak tenan tatanan ana kraton kuwi. Sunggono atine tab-taban
nalika weruh ketebange Swandari kang saiki wus malih dadi wanita dewasa kang
endah ing rupa. Sunggono uga kaget jebul tenan yen Swandari gandheng katresnan
karo den mas Wirata kang uga bagus rupane. Kang ora dingerteni Sunggono,
kenengapa Swandari wani nerak paugeran lan angering agama, kamangka sak
ngertine Sunggono bapakne Swandari yaiku Sembego kang dadi dhuwurane banget
anggone merdi agamane lan njaga banget tumindake.
Swandari katon lingak-linguk
nggoleki denmas Wirata kang layange ditemokake ana ngisor lawang senthonge.
Nanging Raden Mas Wirata ora katon. Swandari nunggu kanthi rasa goreh neng ati.
Dheweke bingung keneng apa denmas Wirata kepengin ketemu ing wayah bengi kaya
ngene. Sak tengahing rasa bingung Swandari krungu pambengoke Nyai Welasa
“Swandari!” Sing rumangsa diundhang banjur noleh. Ndaheba kagete Swandari
nalika Nyai Welasa lan bregada prejurit teka ana panggonan iku. Semono uga
Sunggono ana papan pandhelike. “Ngapa kowe wengi-wengi kluyuran ana kene?”
pitakone Nyai Welasa sora. Swandari ndhingkluk ora wani wangsulan. Iswati kang
madulake polahe Swandari mbengok sora “Ya mesti tumindak murang tata. Genah wis
wengi isih ngluyur, tekan papan kene mesti kangsenan karo wong lanang
ta.”kandhane sora. “Ndhi denmas Wirata? Mbok delike ngendi. Kowe sakloron
mesthi pada andhon tresna ta.” Panggetake Tejawati. Sunggono kang weruh
kedadeyan kuwi wiwit mudeng menawa Swandari lagi dileboke wuwu dening cah wedok
sak kloron sing mbayar dheweke. Sunggono ngunjal ambegan dhawa. Tujune dheweke
ora sida ngekekake layang kuwi. Menawa tekan lan konangan yen Swandari ketemu
karo Raden Mas Wirata mesthi kedadeyane saya ruwet.
Nyai Welasa lan Iswati banjur
nglarak Swandari ana pendapa supaya diadili. Nanging merga wancine uwis wengi Swandari
ming dibanda sak ngisoring wit asem gedhe sak cedhak pendapa. Sunggono bingung
arep kepiye, arep ngeculake ora bisa. Swandari lan dheweke bakal nampa pidana
abot amarga kaanggep duratmaka. Sunggono nyedhaki Swandari “Sssttt…sssttt,
ndhuk Swandari.” Pangundange alon. Swandari mengo karo nyipitake mripate sing
wiwit krasa abot. “ Kakang Sunggono!” wangsulane Swandari ora kalah lirih. Sunggono banjur nyedhak, “Ndhuk kowe lagi
dipitnah karo wong kang julig. Nanging kowe aja kuwatir, aku kang bakal namengi
kowe, ndhuk. Aku ora bakal ngrilakake yen kowe nganti dipidana amarga
bocah-bocah wadon kae. Suk menawa kowe diadili, aku kang bakal ngakoni luput
kang dituduhake marang kowe.” Ujare Sunggono. “Nanging kakang….”Swandari
menggak ananging Sunggono ndelehake drijine neng lambene bocah wadon kang wus
kaanggep kadange dhewe. “Percayaa karo aku ya, ndhuk. Merga aku wis janji
marang awakku dhewe lan bapakmu, menawa ana sak mangsane kowe butuh apa-apa,
aku kang bakal nulungi kowe.” Ujare Sunggono. Swandari nyawang Sunggono, sing
disawang mesem.
Sunggono banjur ilang ana petenging
wengi. Swandari ora krasa netesake eluhe. Dheweke krasa duwe kanca kang
tenan-tenan gelem mbelani lan ngekeki pitulungan. Kuwi wis kang kaping pindho
Swandari utang pitulungan karo Sunggono, kamangka anggone tepung Sunggono ya
ming nalika dijak bapakne ana penginepan prejurit sak durunge di ngengerake ana
kraton. Sunggono dhewe umure ora kacek adoh karo Raden Mas Wirata, mbok menawa
tuwa Sunggono udakara telu utawa patang taunan. Mung Sunggono kulitane ora
seputih den mas Wirata sak engga katon luwih dewasa lan luwih nglanangi. Rupane
uga manis, apameneh menawa mesem. Awake gagah, gedhe, dhuwur ngungkuli bapakne
Swandari. Dasare ya prigel anggone olah keprajuritan utamane tumbak, Sunggono
dhadhane dadi ketok luwih jembar. Otote luwih pengkuh sajake uga luwih rosa
menawa katandhingake prejurit liyane.
Swandari ming ora ngerti, keneng
apa Sunggono rila mbelani dheweke kamangka dudu sanak, dudu kadang, nanging
malah bisa ngayomi ngluwihi kadange dhewe. Wengi kang kekes duwe dongenge
dhewe, nalika lintang kang abyor wiwit ilang kasaput mega. Swaraning cangak
dibarengi semburat abang ana sisih wetan mretandhani menawa srengengene bakal njedhul
nggenteni dina kang wus kawuri.
TTTTTTTTTTTTT
Raden mas Wirata katon tumungkul
ana sak ngarepe keng ramane pangeran Puger[13],
Kanjeng Ratu Retna Dumilah lan pangeran Purbaya. Pangeran Puger katon duka banget. Pasuryane
abang mangar-mangar ngampet kabeh rasa ana dhadhane. “Kowe aja waton omong lho,
nakmas. Aku ora tau ngajari anak-anakku omong goroh.” Pangeran Puger ngendhika
sora. “Saestu rama. Kula mboten nate kangsenan kaliyan roro Swandari ing wanci
dalu. Namung menawi pas badhe pencukan beksan kemawon. Menika ugi amargi kula
lan piyambakipun dados pacangan menawi njoget.” Wirata matur apa anane ing
ngarsane bapa, paman lan Kanjeng Ratu Retna Dumilah. “Pacangan beksa?” Kanjeng
Ratu ndangu. “Inggih.” Wangsulane Wirata cekak karo nyembah. “Lha apa para gurumu ora pirsa utawa ora pana
yen sliramu kuwi ora kena pepacangan karo emban utawa biyung abdi dalem?”
Kanjeng Ratu mbacutake anggone ndangu. “Nalika semanten para putri saweg sami
repot mbiyantu pasamuwan agung, eyang, kamangka wulan ngajeng kula lan roro
Swandari kedah beksa wontening pasamuwan punika lan ndilalah lakon beksanipun
Rama-Shinta.” Kandhane Wirata blaka. Sak nalika pasemone Kanjeng Ratu Retna
Dumilah malih dadi abang, lan ambegane wiwit krasa abot. “Ora nakmas, iki aku
omong pada dene wong lanang ya nakmas. Apa sliramu duwe rasa tresna marang roro
Swandari ? Lan yen aku oleh ngerti, anggonemu sesambungan kuwi apa wis nganti
tekan….” Pangeran Purbaya ndangu lan langsung ditrambul kanthi sampeyane
Kanjeng Pangeran dirangkul dening Wirata “Mboten paman. Kula wantun sumpah
menawi antawis kula lan roro Swandari mboten wonten kedadosan menapa-menapa.
Kula akeni, menawi kula tresna dumateng roro Swandari, nanging tumindak ingkang
nerak angger kula mboten wantun nglampahi.” Pangeran Purbaya ambegan lega.
Pangeran Purbaya banjur arep
mbacutake ndangu Raden mas Wirata nalika prejurit kasatriyan nyuwun idhin dene
ana prejurit saka keputren pengen sowan. Pangeran Purbaya maune ora kersa
nemoni, ananging merga ana bab kang ana gandheng cenenge karo perkarane denmas
Wirata, Pangeran Purbaya ngentukake prejurit kuwi marak.
Sunggono ngaturake sembah. Wirata
kaget keneng apa Sunggono kang biyasane dadi kanca gladhen watangan sowan.
“Sapa jenengmu lan ana perlu apa dene kowe marak sowan ing satengahing urusanku
? Apa bener sowanmu kuwi ana gegayutane karo perkara iki.” Pangeran Purbaya
ndangu Sunggono. Sing didangu nyembah karo mangsuli “Leres, gusti. Nama kula
Sunggono, kula prejurit bregada kang kajibah njagi keputren, sok wonten kilen
nanging ugi asring wonten wetan. Kula menika taksih andahanipun lurah prejurit
nama Sembego, inggih bapakipun abdi dalem keputren nama roro Swandari.” “Banjur
apa gandeng cenengmu ing bab iki?” Saiki genti pangeran Puger kang ndangu.
“Kula badhe njlentrehaken dene denmas Wirata lan roro Swandari menika mboten
lepat. Ingkang ngintun serat dumateng roro Swandari menika kula.” Sunggono
mbacutake ature. Mak prempeng pangeran Purbaya kaget lan dadi nesu. “Apa kowe
uga duwe sambung katresnan?” pitakonane sora lan ora nganggo basa-basi.
Sunggono nyembah “Mboten, gusti, kula mboten wantun. Ananging kula naming sak
dremi kepengin tetulung dumateng roro Swandari. Matun-taun ngenger wonten ing
mriki, nanging dereng nate pinanggih sudarmanipun mboka naming sepindah.
Kedereng raos welas dumateng roro Swandari kang sak menika sampun ngancik
dewasa, kula kepengin pinanggih lan mbok menawi kula saged dados tiyang ingkang
nglantaraken raos kangenipun Swandari dumateng sudarmanipun, kula lajeng
kumawantun ngirimi serat supados saged pinanggih, lan samangsa-mangsa saged
madosi kula menawi badhe nitipaken serat kangge sudarmanipun. Menawi gusti mboten
pitados, gusti saged pinanggih kaliyan
ki lurah Sembego.” Ature meneh.
Pangeran Purbaya gedheg-gedheg,
“Kuwi ora klebu nalar, Sunggono. Yen nganti kowe ngapusi, sirahmu kang bakal
tak gatheng. Ning tenan, kowe ora tumindak reka-reka karo abdi dalem keputren
kuwi?” Ngendhikane pangeran Purbaya sora. “Sak estu, gusti.” Ature manteb.
“Kowe ngerti menawa tumindakmu kuwi nerak tataning kraton?” Pangeran Puger
ndangu. “Ngertos, gusti.” Wangsulane Sunggono.
Pangeran Puger kang wis ngampet nesu banjur ngutahake kabeh kanepsone
ana Sunggono “Prejurit…cekelen pawongan iki, sabetana ping seket banjur pepenen
limang dina suwene, supaya nggo pengeling-eling, yen ana prejurit kumawani
jag-jagan ana keputren mesthi entuk paukuman.” Ngendhikane pangeran Puger sora.
Sak jane anggone ngukum Sunggono kedereng rasa lingsem marang putrane sing wis
mirangake asmane amarga nresnani lan duwe sesambungan karo abdi dalem. Sunggono
banjur digawa ana alun-alun, lan sak wise di sabeti gegere Sunggono dibandha
ana sak tengahing alun-alun. Panase srengenge semelet krasa panas ana ing awake
Sunggono, gegere kang uga tatu krasa kaya disuwek-suwek, nanging kabeh mau
kanggone Sunggono ora penting lan uga ora dirasa. Sing baku Swandari slamet lan
ora perlu dipidana abot.
Pangeran Puger uga midana putrane
dhewe kanthi ukuman kurung ana kasatriyan suwene nganti denmas Wirata
didhaubake karo wanita pilihane sudarmane. Kanjeng Retna Dumilah lan Pangeran
Purbaya banjur pamit amarga perkarane uwis rampung. Swandari dhewe ora banjur
diculake ananging uga dikurung nganti Kanjeng ratu Retna Dumilah uwis lega lan
bisa ngapura. Bab iki mesti wae ora dikarepake dening Iswati lan Tejawati
amarga kepingine Swandari ditudung utawa dipidana abot.
TTTTTTTTTTTTT
Nyai Badringah tumungkul ana sak
ngisoring sampeyane Kanjeng Ratu Retna Dumilah. “Kabeh underane perkara iki ya
amarga tumindakmu Nyai. Aku wis makaping-kaping weling supaya kowe njagani
bocahku emban kae. Ananging kowe ora maelu apa kang dadi karepku, kuwi ateges
kowe wani karo aku.” Ngendhikane Kanjeng ratu Retna Dumilah sora. Nyai
Badringah nangis ana dlamakan sampeyane Ratu Retna Dumilah. “Kula nyuwun
samodra pangaksami, gusti. Inggih kula ingkang klentu. Nanging kula mboten
mentala ningali lare menika kasmaran dateng denmas Wirata.” Ature Nyai
Badringah. “Oooaalllaah, Nyai…Nyai. Kowe kuwi uwis tuwa lan ora wancine mikir
bab-babe bocah enom kang lagi wae megar kuncupe. Aku kepengin bocah kuwi tetep
prawan nganti wanci kang tak temtokake. Kowe kudu ngerti, anggonku nggladhi
bocah kuwi luwih saka liyane amarga aku nggadhang yen mbesuke bocah kuwi
migunani tumraping bangsa lan Negara. Aku ora mulang bocah kuwi supaya dadi
bojone pangeran. Aku mulang bocah kuwi supaya uripe bisa dienggo ngrungkepi
tegaking Negara. Saiki pikiren, kabeh wong wadon ana ing kraton iki mung repot
mikir piye ngudi salira, nanging ora tau mikir kepiye carane supaya para kawula
kuwi uripe cukup, bisa duwe pengarep-arep lan anak-anake bisa digulang kanthi
pantes, sak enggo kabeh bisa maca, nulis lan merdi kabudayane. Lha kok pikiranmu
cupet banget, nalarmu uga ora mlaku. Yen
ho oh, Swandari dadi selire denmas Wirata, banjur meteng, duwe anak, njuk kabeh
keprigelane kuwi arep dienggo apa? Kabeh kuwi ana wancine, menawa uwis duwe
lelabuh kang gedhe marang negara, yen banjur arep urip bebrayan kuwi kena-keno
wae. Nanging samangsane isih enom, kudu duwe labuh labet kang migunani
tumraping para kawula, bangsa lan negarane. Aja isih kudhup durung megar byak
wis dipethil utawa dipunthes.”Kanjeng Ratu Retna Dumilah mbacutake pangandhikane.
Nyai Badringah ora wani wangsulan.”Aku wis duwe rancangan kanggo bocah kae.
Dadi aja mbok ingerake pikire, utawa wiwit saiki kowe ora kena gepok senggol
meneh karo roro Swandari. Aku ora lila menawa wanita mung didadekake kasur ana
kraton iki. Bener aku uga ngudi salira kaya umume wanita, bener aku uga leladhi marang guru laki, nanging aku duwe
gegayuhan kang luwih gedhe tinimbang mung golek kalenggahan lan kuwasa. Aku uga
duwe gegayuhan kang luwih dhuwur tinimbang mung nggunakake kuwasa kanggo nguja kesenengan.
Aku kepengin Mataram kuwi ngluwihi Majapahit, kang bisa nguwasani saweneh
wewengkon, nyawijekake nuswantara lan makmurake para kawula. Sak enggo
wong-wong saka manca ora sak kepenake ngejag-jag bumi wutah getihku iki. Aku
uga duwe impen yen Mataram bisa duwe kapal-kapal gedhe kang kuwat kanggo
ngubengi segara sejagat lan bisa marani panggonan-panggonan kang durung kaambah
bangsa-bangsa liya. Aku uga pengin, kabudayane awake dhewe iki kawentar sak
donya, sukur bisa ngrembaka sak engga wong-wong manca gelem uga nyinau lan urip
kadya dene wong-wong Mataram kene. Kudune kowe uwis luwih pana bab-bab kuwi ing
atase kowe ki sawijining empu. Kowe ngerti menawa kabudayanmu kuwi kebak
piwulang lan tatananing urip kanga di luhung.” Kanjeng Ratu ngendhika meneh.
Nyai Badringah kaget krungu apa kang dadi pengarep-arep ratu gustine. Nyai
Badringah dadi isin geneya pikirane mung sakutheking urip bebrayan. Kamangka
sak jane kanjeng Ratu uwis mercayakake lestarining budaya kraton mligine joged
Mataram ana tangane. Joged kang digagas bisa dadi dasaring tumindake para abdi,
sentana dalem, uga dadi sarana kanggo mulang bab-bab kang dadi alam pikire wong
jawa kabeh.
Nyai Badringah banjur kelingan dene
ing pasamuwan agung kang bakal diadhani mengko, Kanjeng Panembahan Senapati
kepengin ana joged kang bisa diagem kanggo nganthi upacara-upacara gedhe. Joged
kuwi mengkone bisa dadi gegebenganing kabudayan ing Mataram. Kanjeng Panembahan
nggagas anane Bedhaya kang ditindake putri-putri cacah sanga utawa pitu kang
isih suci[14].“Lajeng
kadospundi ngengingi beksan bedhaya ingkang pun gagas kanjeng Panembahan,
menapa kula ugi mboten pikantuk cawe-cawe malih?” Nyai Badringah nyuwun pirsa
kanthi rasa wedi. Kanjeng Ratu Retna Dumilah mung ngunjal ambegan. “Yen kuwi,
kabeh tetep dadi jejibahanmu. Ananging aku dhewe ora ngerti, apa ya kelakon
bisa rampung anggone ngripta ngelingi saiki Kanjeng Panembahan wis wiwit sepuh
lan uga gerah-gerahen.” Nyai Badringah mung bisa melu prihatin amarga rancangan
joged bedhaya iku pancen ora gampang. Ana pasamuwan agung mengko arep coba
dipentasake amarga ya ana pasmuwan kuwi mengkone Pangeran Adipati anom arep
mbiwarakake raden mas Jatmika kaakoni putra dalem lan bakal diparingi asma
anyar yaiku Raden Mas Rangsang.
Amarga perkarane denmas Wirata,
kanjeng ratu Retna Dumilah kang kejibah nyepakake pasamuwan uwis mbatalake
kabeh beksan kang pepacangan, dadi mengkone mung ana beksan kakung, beksan
putri, beksan Rangkit[15]
lan bedhaya. Swandari uga kedhapuk dadi jangga ana ing bedhaya kuwi mau.
Bedhaya kang coba karipta dening
kanjeng Panembahan Senapati kuwi simbol saka jagad alit, lan anane 9 penari
kuwi uga symbol babahan hawa sanga, uga simboling perangan awak kayata sirah,
awak, lengen, sikil, lan panca indraning menungsa. Angka sanga kuwi ora teges
tanpa makna amarga nggambarake kasampurnaning uriping manungsa.[16]
Uga mujudake fungsi kang beda-beda kayata perangan awak kuwi mau. Ana endhel,
batak, jangga, dhadha, apit ngajeng, apit wingking, endhel wedalan
ngajeng,endhel wedalan wingking lan buntil.
Bedhaya iki uga lambang manunggaling kawula Gusti. Lan gegambarining
uriping manungsa wiwit lair tekane pati. Gagasan kuwi bakal diwedharake ana ing
ragam lan unsur geraking badan lan komposisi kang endah, ing pangajab bisa dadi
jogged kanggo upacara-upacara gedhe.
Bedhaya kaangkah dening Kanjeng
Panembahan bisa dadi beksan kang sakral, sak enggo maneka werna sajen kudu uga
dicepakake. Para penarine uga uwis kudu nyepakake ora mung salirane ananging
uga rohanine, sak enggo sangang ndina sak durunge beksa, kabeh kudu nglakoni
pasa lan prihatin, semono uga Swandari.
TTTTTTTTTTTTT
Tempuking gawe kabeh wis cumawis.
Para penari bedhaya rambute uwis dikramasi resik banjur wiwit diratus. Iswati
mangkel dene dheweke ora bisa melu njoged amarga ndilalahe pas tempuking gawe dheweke
ora suci sak enggo ora kena njoged bedhaya. Panggonane uwis diganti penari
liyane, sawetara kuwi Swandari kang wis diapura dening Kanjeng Ratu Retna
Dumilah kedapuk dadi jangga kang duwe jejibahan abot ana ing lakon kuwi.
Sawernaning boreh lan lulur dileletake awake Swandari sak kanca supaya kulite
katon mencorong nalika mengko beksa ana ngarsane Kanjeng Panembahan Senopati
sak putra, sentana lan abdi dalem kraton kabeh.
Swandari katon ayu banget nalika
rampung dipaesi lan wiwit ditempleki prada. Dasar wis ayu rupane, didandani
kaya manten mono pamore pecah sak enggo manglingi sok sapa wae kang tepung
marang dheweke. Ulupi kang kedapuk dadi buntil uga gumun dene Swandari bisa
malih dadi saya manis lan ayu banget.
Kanggo joged bedhaya kabeh penari pakeyane
utawa penganggone digawe kembar. Busanane nganggo model paes ageng. Kampuh kang
kanggo nutupi salira kagawe saka bathik semen kang diprada nganggo emas 24
karat. Bathik semen kuwi motif kang isine maneka werna gambar tandhuran lan
kewan. Sak liyane kuwi uga ana ornament kang kagambar uga ana kono yaiku gurdo,
lar, uwit hayat, meru, ilating geni lan maneka kewan sikil papat, manuk, dampar
uga bangunan omah. Isen-isenan arupa cecek lan sawut.[17]
Semen dhewe duwe makna semi kang ateges wiwit saka wiji tekane dadi uwit kudu
karumat kanthi becik supaya bisa tuwuh dadi tandhuran kang migunani tumraping
kawula kabeh. Dadi kanggone sok sapa wae kang mirsani bedhaya kang busanane
migunakake kampuh ageng bisa sinau alam pikire wong Jawa. Amarga busana kuwi
anggambarake uriping menungsa wiwit dilairake nganti tekaning urip ing alam
kalanggengan manunggal karo Gusti kang murbeng dumadi. Gegambaran iku bisa
katitik wiwit cilik menungsa digulang maneka werna kebecikan kang mbesuke
migunani ora mung kanggo uripe dhewe ananging uga kawula liyane. Sak enggo
nalika mengkone karacut ing alam kalanggengan manungsa uwis cukup nduweni
amalan supaya bisa katampa dening Gusti Allah, pangeran kang akaryo jagad.
Sak liyane kampuh, para penari uga
ngagem tapih utawa jarit batik parang rusak. Motif kang uga karipta dening
Kanjeng Panembahan Senapati nalika nenepi ana gisiking samodra kidul.
Panembahan Senapati ngripta motif parang amarga mirsani perengane pegunungan
kidul kang ana sak pinggiring segara. Banjur udhet cinde, slepe uga keris.
Keris iku mengkone bakal dianggem ana ing babak peperangan sarta nggambarake
peperangan antarane nafsuning menungsa lan swara batine kang murni, uga
nggambarake emansipasining wanita ing babagan bela negara.
Kabeh karacik kanthi atut, runtut lan
becik. Sak enggo kabeh penari katon ayu kaya manten para putri. Nalika suluk
dibawani lan para penari wiwit kapang-kapang munggah pendapa, para tamu kang
rawuh ngungun mirsani perbawa kang kegawa ana ing beksan bedhaya kuwi, apameneh
para penari kang njoged ana pendapa banget marak ati lan mranani. Apameneh
Swandari kang dadi ratuning panggung. Kabeh upayane ajar njoged saiki bisa
kelakon dipirsani para penggedhe praja. Semono uga denmas Wirata kang uga entas
beksa, beksan Rangkit lan mung bisa nyawang Swandari saka kadohan. Atine remuk
rempu merga ora bisa nyandhing gegantilaning atine lan saiki mung bisa nyawang
saka kadohan. Apameneh wektu kuwi dandanane Swandari persis kaya penganten
kraton, gelung bokor, paes ageng, cundhuk mentul kang kaya ngawe-awe, marai
rasane denmas Wirata ora kuwawa nyangga rasa gela merga kapedhotan tresna.
Bedhaya kang kagelar ana kraton
kuwi entuk pangalembana saka para tamu kabeh. Ragam lan makna kang luhur saka
beksan iku nuwuhake rasa kang agung amarga laras karo sak kabehing perangan
sing nyengkuyung pagelaran iku. Sak liyaning gebyaring busana lan swaraning
gamelan sing ngangkang, ketambahan swara tambur, uga luwesing para penari, ana
rasa kang beda, semlempit ana ing
telenging atine para pamirsa. Kanggone kang duwe ngelmu batin, pagelaran kuwi
kaya ora sak baene beksan biyasa ananging ana perbawa saka ambune segara,
gulungane ombak, angin, wedi lan kabeh perangane kekuwataning jagad saka
pesisir kidul lan nalika babak kang nemtokake, penari cacah sanga kuwi kaya
dikanthi penari kang kesepuluh ananging ngagem busana kang sarwa ijo gadhung
mlathi. Kanggone kang percaya lan bisa weruh, kaya ratu kidul rawuh lan melu
ing ombyaking ragam gerak kang ditindake para penari. Kuwi uga kang marai
pegeleran iku katon mistis, sakral lan kebak perbawa. Kabeh uwong marem marang
pagelaran kuwi.
Kanjeng Panembahan Senapati dhewe uga
rena dene kabeh kang dadi gegadhangane bisa kaleksanan. Ora ming merga endahing
beksa kang kagagas lan karipta kang nuwuhake pangalembana, ananging beksan
Bedhaya iki kanggo nutup kabeh upacara kang wis lumaku dene Pangeran Adipati
anom wis nampa Raden mas Jatmika dadi putrane sing diakokake saka garwane Dyah Banowati.
Sak enggo Panembahan Senapati ora abot meneh penggalihane amarga Pangeran
Adipati Anom ora peputra kakung. Sak ora-orane ana raden mas Jatmika kang wus
dewasa lan bisa nggenteni keng ramane sak mangsa-mangsa Adipati anom kena
rubeda.
Pasamuwan ageng kuwi rampung kanthi
becik lan agung, para kawula kabeh ngalem dene apa kang diladhekake maremake.
Ya tontonane, ya suguhane, ya samubarang kang dadi perangane pasamuwan.
Ananging Kanjeng Ratu mas katon cuwa dene kalah sajangkah saka marune. Wiwit
ing dina pasamuwan kuwi Kanjeng Ratu Mas lan Pangeran Adipati Anom wiwit
ngrancang kacilakane Raden Mas Jatmika kang wus salin asma Raden Mas Rangsang.
Bab kuwi mesthi wae wus dipenggalih dening Kanjeng Panembahan Senapati, sak
enggo nalika pasamuan rampung Kanjeng Panembahan Senapati langsung utusan
Pangeran Purbaya supaya bali nyigidake Raden Mas Rangsang. Panembahan Senapati
wus pirsa rancangane Pangeran Adipati anom lan biyunge menawa arep nyilakakake rayi dalem ananging sak suwene Kanjeng
Panembahan isih sugeng kuwi tangeh lamun bisa kasil.
Kanjeng Ratu Retna Dumilah uga duwe
penggalihan sing pada karo kakunge, mula banjur wiwit ngimpun para prejurit
Kenya kanggo njagani keslametane keng putra. Para prejurit Kenya kuwi cacahe
patang puluh lan dipandhegani dening Swandari lan Ulupi. Nalika pasamuwan agung
Swandari lan Ulupi kang kajibah njoged ana pendapa agung utawa Gedhong kuning,
uga kajibah njagani Raden Mas Rangsang saka ngarep, sak engga menawa Pangeran
Adipati Anom ngarah cilakane Raden Mas Rangsang Swandari lan Ulupi duwe
kalodhangan luwih mirunggan kanggo nylametake Raden Mas Rangsang. Panggonane
ana sak dhuwuring pendapa uga nggampangake Swandari ngawasi sakupenging papan
anggone lenggah Raden mas Rangsang.
Kalodhangan iku uga kang marai
raden mas Rangsang lan Swandari ketemu meneh. Mbiyen pada-pada isih cilike,
saiki raden mas Rangsang wis dewasa lan dadi priya kang gagah pideksa, tur
bagus ing rupa, ora beda karo denmas Wirata, ya pancen dasare isih kepetung
pamane. Raden mas Rangsang uga capet-capet kelingan menawa kang dadi jangga ana
beksan Bedaya iku abdi dalem cilik ana keputrene ibune. Jebul saiki wis ngancik
dewasa lan endahing rupa. Beda karo nalika isih cilik mbiyen. Kuwi kang sok
marai Raden Mas Rangsang banjur nglirik lan mesem manis, sajake uga kepranan.
Ananging Swandari kang wis pinercaya
Kanjeng ratu kanggo njaga, ora kober duwe pikiran werna-werna, ya mung
mbatin yen putrane Kanjeng ratu wis tambah dewasa lan bagus ing rupa, mula
kanjeng ratu banget anggone njaga keslametane.
TTTTTTTTTTTTT
Let limang sasi saka pasamuwan,
Kanjeng Panembahan Senapati ngersakake tindak pesiar ana sak njabaning kraton. Ananging
nalika tekan desa Kajenar, gerahe kumat. Para sentana lan nayaka kang ngiring
tindake banjur mulasara Kanjeng Panembahan ana salah sijining warga desa
kono. Kanjeng Panembahan kang wus
sepuh lan gerah kaya wus ora kuwat
ngglawat. Pangeran Purbaya kang ngiring tindake banjur ditimbali. Sak drunge seda, Kanjeng Panembahan weling
marang pangeran Purbaya supaya njaga rayi dalem Raden Mas Rangsang lan bisa
jumengake dadi Ratuning Mataram. Nalika Kanjeng Pangeran nyuwun pirsa bab raden
mas Jolang, Kanjeng Panembahan ngendika “Sak karepmu anggonmu ngiguhke. Nanging
kang kudu jumeneng nata kuwi Rangsang, amarga Jolang ora sejatine lanang. Aku
ora kok cubriya bab anakke wedhok Jolang, ananging aku ngerti sak ploke Jolang
kalah perang mungsuh pamane, Jolang wis ora bisa madheg jejering priya. Aku
titip Mataram marang kowe, merga kowe putraku sing paling tak percaya sak
liyane Rangsang.” Pangeran Purbaya manthuk lan sumpah ana ing ngarsane Kanjeng
Panembahan. Rampung anggone mirengake sumpahe Pangeran Purbaya, Kanjeng
Panembahan Senapati seda.
Mataram kaya kalimput mendhung kang
peteng nalika kabar sedane Kanjeng Panembahan tekan ing Kraton. Kanjeng Ratu
Mas wola-wali ora emut. Kanjeng Ratu Retna Dumilah, lan Nyai Adisara garwa ampe sang Panembahan cancut kanggo
nyepakake uba rampe kang dibutuhake kanggo upacara nyarekake layone Kanjeng
Panembahan. Para putra lan putri dalem uga wis ketok pada tugur, sak liyane
Gusti Pembayun kang uga wis seda konduran setahun sak durunge. Para Adipati,
bupati nayaka lan sentana dalem uga pada layat lan ndedonga murih Kanjeng Panembahan Senapati bisa tentrem ana
ing alam kelanggengan lan kabeh amal ngibadahe katampa Gusti Pangeran kang
akarya jagad.
Layone Kanjeng Panembahan Senapati
banjur disarekake ana sisihe Panembahan Pemanahan keng ramane. Kraton dadi
krasa mamring nganti patang puluh dinane Kanjeng Panembahan. Swarane tahlil lan
donga ora kendhat sak suwene tugur. Ananging sesembahan anyar kudu ndhang
dijumengake supaya kahanan negara uga or banjur owah lan gingsir. Pangeran
Purbaya kang isih nandhang duhkita banjur wiwit nglumpukake para sepuh lan para
pangeran kanggo ngrembug bab jumenengane pangeran Adipati anom. Nanging kabeh
ora mulus kaya kang dikarepke Pangeran Purbaya. Pangeran Puger ora sarujuk
menawa Pangeran Adipati Anom kang dijumengake ngentosi keng ramane. Kang
ndadekake Pangeran Puger ora sarujuk menawa Pangeran Adipati Anom nggentosi
keng ramane amarga Pangeran Adipati Anom kaanggep ana gayutane karo anggone
Adipati Pragola ngraman. Sak liyane kuwi Pangeran Adipati Anom uga ora bisa
nyidhem pamane malah marai prejurit Mataram bubar mawut ora karuwan. Pangeran
Puger uga rumaos dadi putra paling sepuh sak engga kaanggep luwih nduweni hak
dijumenengake nggentosi Kanjeng Panembahan Senapati.
Para sepuh lan para pangeran liyane
ora kabeh nunggal penemu karo pangeran Puger amarga pangeran Puger mung putra
saka garwa ampe. Pangeran Puger duka nalika mung kaanggep putra selir banjur
ninggalake papan pakumpulan kuwi. Pangeran Purbaya mung mendhel wae sajake wis
ngira menawa bakal ana kedadeyan kaya mengkono. Pakumpulan dibacutake lan
banjur katetepake dene Pangeran Adipati Anom bakal dijumenengake nggentosi
ingkang rama. Pangeran Purbaya lan
pangeran-pengeran liyane jengkar saka
panggonan pakumpulan lan wiwit nyiapake apa wae kang diperlokake kanggo upacara
jumenengan.
TTTTTTTTTTTTT
Keputren kulon katon siyaga sak
wise Kanjeng Pangeran Adipati Anom dijumenengake lan ngagem gelar Panembahan
Hanyakrawati. Dasare wis wiwit Kanjeng Panembahan Senapati isih sugeng,
Panembahan Hanyakrawati lan kanjeng ibune ora patiya cocok karo kabeh
garwa-garwane keng ramane. Mula pangeran Purbaya uga banjur nyiagakake sadengah
prejurit kanggo nguwati keputren. Dalem-dalem para pengeran uga dijaga awan
bengi. Kabeh dilakoni supaya kahanan tentrem, para kuwula tetep bisa nglakoni
uripe kaya adat sabene tanpa ana rubeda utawa ancaman amarga anane suksesi.
Para prejurit Kenya uga wiwit
ngayahi jejibahane golek sisik melik lan njagani para priyayi kang dadi
tanggung jawabe. Semono uga Ulupi lan Rukmi. Loro-lorone kejibah njaga Kanjeng
Ratu Retna Dumilah lan pangeran Pringgalaya kang saiki uga manggon ana sak
cedhak kono sawetara wektu amarga sak wise kanjeng ramane seda, pangeran
Pringgalaya uga sumelang marang keslametane ibune. Sawetara Swandari ngetutake
raden mas Rangsang kang banjur ngilang sak bar jumenenangane Panembahan
Hanyakrawati.
Awan kuwi ing satengahing mangsa
ketiga kang panas ngglanthang, sumur-sumur wis pada wiwit garing. Pang lan
gegodhongan uga pada gogrok kurang banyu. Ulupi lan Rukmi kang lagi wiwit
reresik pendhapa krungu swaraning jaran sak ngarep regol, sajake ana pawarta
kang digawa saka adoh kanggo Kanjeng Ratu Retna Dumilah. Ulupi lan Rukmi banjur
age-age methukake wong kang nunggang jaran kuwi mau. Jebul bener, pawongan kuwi
wus sasat ora rupa amarga raine gluprut kena bledug. Ulupi banjur ngewangi
nuntun jarane, Rukmi uga banjur nulungi ngulungake lap teles kanggo ngresiki
rai, tangan lan sikile gandhek kuwi mau. Sak wise uluk salam, gandhek mau
ngandhakake keperluwane sowan ana kono. Rukmi lan Ulupi manthuk lan ngeterake
gandhek kuwi ana paseban. Kanjeng Ratu Retna Dumilah sajake lagi rada ora
kepenak awake sak engga pangeran Pringgalaya lan pangeran Juminah kang
ndilalahe uga ana kono niliki ibune, sing nemoni gandhek iku.
Pangeran Juminah ndangu gandhek
kang seba bab keperluwane mara ana kono. Gandhek kuwi nyembah banjur matur
“Kula utusan saking Demak. Kautus ngaturaken serat saking pangeran Puger kagem
Kanjeng Ratu Retna Dumilah.” Kandhane karo ngaturake layang kang digawa
adoh-adoh saka Demak. Pangeran Pringgalaya banjur nampani layang kuwi. “Yoh,
layang iki dhak tampa. Menawa kowe butuh wangsulane, dhak parengake nunggu ana
papan kang wus dicawisake. Reresika lan ngasoa dhisik, supaya aku bisa
ngaturake layang saka kangmas Puger ana ngarsane Kanjeng ibu.” pangeran Pringgalaya
ngendhika alus. Gandhek iku nyembah. Pangeran Juminah banjur ngawe Ulupi lan
Rukmi supaya marak. Ulupi lan Rukmi banjur ngadhep karo nyembah “Ndhuk, duduhna
panggonan kanggo ngaso lan reresik. Cepakno mangan lan ngombene sisan, mesake
adoh-adoh saka Demak yen nganti kapiran. Ladenana kanthi becik, aku tak sowan
Kanjeng Ibu.” Ngendhikane pangeran Juminah. Ulupi lan Rukmi ngeturake sembah
karo matur “Sendika, pangeran.”
Ulupi lan Rukmi banjur ngeterake
gandhek mau ana senthong mburi kang pancen disediakake kanggo para gandhek saka
manca Negara. “Mangga ki sanak. Menika papan kangge ngaso, menawi badhe siram
ruminyin, jedhingipun wonten sak wetan sumber menika.” Ulupi kandha marang
tamune. “Menika ugi wonten ageman kangge gantos. Mangke menawi sampun siram,
daharan ke sanak kula cawisaken wonten senthong penjenengan.” Rukmi nambahi
karo ngulungake sak prangkat sandhangan kanggo pawongan kuwi. Pawongan kuwi
ketoke seneng banget amarga anggone mara ditampa kanthi becik lan diladheni
lumrahe tamu sing diurmati. Ulupi lan Rukmi banjur pamit arep mbacutake
ayahane, nanging mesthi wae mripate bocah loro kae tetep nguwasake tamune,
amarga piyea wae tamune kuwi bisa wae dom sumuruping mbanyu kang diutus kanggo
golek sisik melik utawa kanggo gawe cintrakane bendharane.
Gandhek iku aran Suwela, umure
udakara 24 taun. Ana Demak Suwela jago nunggang jaran, mula rada ketengen karo
PangeranPuger. Mula yen ana bab-bab kang Wigati, Suwela kang kautus
ngrampungake. Suwela uga dadi kapercayane denmas Wirata.
Suwela banjur adus kaya kang
diprentahake Kanjeng Pangeran Juminah. Suwela ngrasakake dene banyune Mataram
karo Demak nyata banget bedane. Banyune Mataram krasa anyes lan seger ana awak.
Beda karo banyu Demak sing sok krasa yiyit ana awak. Banyu kang krasa anyep
kuwi marai kabeh kesel-kesel lan rasa lungkrahe ilang. Apameneh ana jedhing
disediyani sabun saka maneka werna empon-empon, sak liyane wangi uga ngilangi
kabeh rasa jimpe. Sak wise reresik lan
andukan, Suwela nganggo klambi ganti kang dicepakake ana kono. Surjan lurik
kang ditenun alus sak engga plek neng awak, jarite uga batik kang kagawe saka
mori sing apik dadi krasa alus ana kulit. Suwela kang lair lan gedhe ana Demak
lagi saiki bisa ngrasakake menawa barang-barang utawa sandhangan ana Kuthagara
kuwi pancen seje yen dipandhingake karo barang-barang saka pesisir lor. Kabeh
sarwa alus, kabeh sarwa endah.
Suwela banjur mlebu senthonge arep
leren lan ngaso, sak wis meh telung ndina ana geger jaran, boyoke krasa keju.
Nanging nalika mlebu senthong jebul uwis disediani mangan. Lawuhe pindang
endhog, sambel goreng tempe lan tahu kang kaya diwenehi blondo kambil aran
areh. Banjur ana siji panganan kang rupane soklat, rasane legi nyamleng, enak
lan mirasa. Yen ndeleng bentuke kaya-kaya digawe saka nangka enom utawa gori.
Suwela mikir, apa iki kang diarani gudheg kae. Miturut kanca-kancane prejurit
kang digawa Pangeran Puger saka Mataram kene, ana panganan kang kawentar aran
gudheg kuwi mau. Jare mbiyen nalika Panembahan Pemanahan mbukak alas Menthaok,
akeh ditemokake wit kambil karo nangka. Sak engga para prejurit rumangsa
eman-eman yen woh nangka enom aran gori kuwi mung kebuwang muspra. Banjur ana
kang adha-adha supaya gori kuwi disanteni,dimangsak kanggo lawuh mangan lan
dibumboni gula jawa, uyah sarta maneka werna bumbon liyane. Merga butuh wektu
suwe kanggo ngempuke gori mau, supaya ora gosong para prejurit kudu terus
ngudheg mangsakane kuwi sak enggo ketelah gudeg saka tembung hangudheg. [18]
Sak wise mangan,
Suwela banjur ngaso. Peturone kang resik lan dispreini nganggo batik uga krasa
anyep, mripate Suwela krasa abot lan mak ler blas, Suwela ilang ana ing alam
ngimpi. Embuh pirang jam anggone turu, nalika nglilir sajake wengine wis
lingsir. Suwela tangi mak gregah banjur
nggagapi klambi regede sing diklumbrukake ana pojok senthonge. Dheweke
kelingan yen uga dititipi laying dening raden mas Wirata kanggo abdi daleme
Kanjeng Ratu Retno Dumilah aran Swandari.
Suwela mbukak lawang senthong karo
isih kriyip-kriyip. Rada gagap-gagap merga peteng. Ulupi kang kajibah jaga,
kaget weruh ketebange Suwela metu ing tengah wengi. Ulupi banjur takon “Badhe
tindak pundhi ki sanak?” Sing ditakoni kaget. “Anu nimas…..kula kepengin
pinanggih salah setunggaling abdi dalem mriki kang nama Swandari.” Kandhane
lirih. “Lha kersanipun?” Ulupi bali takon.”Nanging menika wigatos sanget nimas,
sampun ngantos kenangan tiyang sanes. Menika weling saking denmas Wirata.”kandhane
meneh. Makdheg atine Ulupi krungu asmane denmas Wirata. Ulupi ngerti banget
menawa sak bar kepedhotan tresna saka denmas Wirata, sasat tatune Swandari
durung ana tambane. Saiki ana weling kang digawa saka Demak. “Ki sanak,
sejatosipun Swandari sampun dangu mboten kajibah wonten keputren mriki. Kula
mboten mangertos sak menika dunungipun wonten pundi. Nanging menawi penjenengan
pitados, serat menika saged pun titipaken kula. Kula mboten badhe criyos
kaliyan tiyang sanes, lan sak wanci-wanci kula pinanggih Swandari, serat temtu
kula sukakaken dumateng piyambakipun.” Ulupi wangsulan alon. Suwela sajak
mangu-mangu, nanging piyea wae dheweke kudu entuk gawe. Ora akeh kang bisa
dilakoni sak engga dheweke banjur manthuk. Layang dipasrahake marang Ulupi
banjur Suwela bali ana senthonge sak wise ngaturke panuwun.
Ulupi nyawang layang ana tangane
lan buntelan cilik kang dititipake Suwela. Atine bingung ananging uga mesakake
karo Swandari. Nalika isih mikirake apa kang bakal ditindake, sak klebatan ana
wewayangan ireng kang nrambul, nrabas mlebu banjur ngrebut layang lan buntelan
ana tangane Ulupi. Ulupi kaget. Saknalika Ulupi banjur ngoyak pawongan sing
nganggo sandhangan sarwo ireng kuwi, kang mlayu nurut pinggiring tembok. Ulupi
nututi. Nilik carane mlayu lan ngrampas barang saka tangane Ulupi, Ulupi ngerti
yen pawongan kuwi nduweni ngelmu kanuragan kang dhuwur. Suwela kang krungu
swara jangkahe sikil, metu saka senthonge. Suwela weruh yen Ulupi lagi ngoyak
duratmaka, Suwela melu ngewangi ngoyak. Ulupi banjur mencolot, nggulung awake
lan ngliwati pawongan kang menganggo sarwa ireng banjur ngadheg ana ngarepe,
nyandhet playune. Pawongan kuwi mandheg. “Sapa kowe?”pitakonane Ulupi. Sing
ditakoni ora mangsuli malah langsung ngantem dhadhane Ulupi. Ulupi kasil endha.
Wong loro banjur padha gelut. Suwela kang kasil ngoyak, ngewangi Ulupi arep
ngrangket duratmaka. Ananging jebul duratmakane luwih unggul ing ngelmu
kanuragan lan ngelmu olah gegaman. Suwela lan Ulupi keteter. Duratmakane kasil
nyurung Ulupi nganggo ngelmu kanuragan kang ora bisa diendhani utawa ditahan
marang Ulupi sak enggo Ulupi kesurung lan tiba krengkangan nabrak Suwela.
Nalika wong loropadha tiba, kalodhangan kuwi digunakake duratmaka kuwi kanggo
mlayu lan ngilang ana sewaliking wengi kang peteng.
Ulupi legeg, atine mangkel merga
ora bisa nyekel duratmaka kuwi. “Nimas, penjenengan rak mboten menapa-menapa,
ta?”pitakone Suwela karo ngewangi Ulupi tangi saka anggone tiba. Ulupi gedheg.
Ulupi ora wani blaka marang Suwela yen layang uga barang titipane Suwela ilang
digondhol duratmaka mau. Ulupi mung janji marang awake dhewe menawa arep
nggoleki duratmaka kuwi lan ngrebut apa kang dadi hake Swandari. Ulupi lan
Suwela banjur nembus petenging wengi bali ana panggonane dhewe-dhewe. Ana ing
njero ati Suwela meneng-meneng ngalem keprigelane Ulupi ngadhepi duratmaka mau.
Ulupi lan dheweke kalah amarga pancen duratmaka mau wong kang dhuwur samubarang ngelmune.
Duratmaka kuwi cetha dudu tandhingane Ulupi lan Suwela.
TTTTTTTTTTTTT
Kanjeng Ratu
Retna Dumilah lukar busana ireng-ireng lan bali ngagem ageman kang biyasane.
Ana ing astane layange denmas Wirata digegem kenceng. Penggalihe lega dene Kanjeng Ratu kasil
ngrebut layang kuwi saka Ulupi. Ananging Kanjeng Ratu ngrasakake menawa gelut
karo bocah enom pancen nguras tenagane, ya mung merga ngelmu kanuragane luwih
ampuh tinimbang bocah emban kuwi, Kanjeng Ratu kasil lolos saka pangoyake
Ulupi. Saiki ana astane ana rong layang. Sing siji layange pangeran Puger, sing
siji layange denmas Wirata. Alon-alon Kanjeng ratu mbukak layange pangeran
Puger sinambi lenggah ana peturon. Surasane layang kuwi, pangeran Puger
kepengin ngampil prajurit Kenya kang digladhi Kanjeng Ratu Retna Dumilah kanggo
dadi bedhaya lan pengiring mantene denmas Wirata. Wirata bakal kadhaupake karo
Rukti putrane putri bupati nayaka. Pengiring prajurit Kenya kuwi uga
panyuwunane calon temanten putri amarga penganten putrine uga tau digladhi
bareng prejurit Kenya liyane. Kanjeng Ratu Retna Dumilah ngunjal ambegan bebarengan
marake pangeran Pringgalaya lan pangeran Juminah. “Kanjeng Ibu, wonten menapa?
Menapa Kanjeng Ibu kraos mboten sekeca utawi gerah malih?” pengeran Juminah
nyuwun pirsa alon. “Ora, nakmas. Kanjeng ibu ora papa. Ya mung aku ki ewuh aya
ing pambudi. Rakamu nakmas Puger ngersakake ngampil prejurit Kenya kanggo
ngiring mantene ponakanmu Wirata. Ananging aku kok krasa ana bab kang
nyalawadi. Nitik kok sing disuwun ngampil prajurit Kenya. Menawa bab beksa,
putri-putri liyane rak ya akeh kang pinter beksa. Menawa kang disuwun kanggo
ngiring temanten. Putri-putri liyane uga luwih ayu-ayu tur ya dha luwih pinter
dhandan ta, nakmas. Coba ta penggalihen.”ngendhikane Kanjeng Ratu. “Inggih.”
Pangeran Juminah wangsulan. Pangeran Pringgalaya uga bingung nanging banjur matur
marang kanjeng ibune “Menika ugi ingkang dados pitakenan ing manah kula.
Kamangka sampun sawatawis wekdal kangmas Puger mboten nate rawuh wonten ing
pisowanan agung. Nalika pun wisuda dados adipati wonten Demak, kadosipun
kangmas Puger ugi mboten rena. Rak ya ngono ta, dhi?” Pangeran Juminah uga
banjur matur “Inggih leres, kanjeng ibu. Ingkang kula kuwatosaken menawi
kangmas Puger kanyata gadhah rancangan sanes. Menapa malih kangmas Puger
sejatosipun rak dereng rila menawi Kanjeng Panembahan Hanyakrawati ingkang
jumeneng nata nggentosi kanjeng rama swargi.” Pangeran Juminah mbacutake
pangandhikane kangmase. Kanjeng Ratu Retna Dumilah mung ngunjal ambegan alon. “Kuwi
uga sing dadi aboting pikirku. Menawa aku ora ngentukake, mengko aku dikira
drengki, srei marang rakamu amarga rakamu kuwi rak putrane ramamu mijil saka
yayi Adisara. Nanging aku uga wedi yen mengko tak culke, jebul rakamu pancen
duwe rancangan kang kaya mbok kandhakake. Terus aku kudu piye? Kamangka aku ora
ngapa-ngapa wae Kanjeng Ratu wetan ki rak mesti cubriya marang aku. Apameneh
sakploke rakamu kawisuda dadi pangeran adipati anom.”ngedhikane Kanjeng Ratu
Retna Dumilah.
Suwe anggone pada wawanrembug bab
layange pangeran Puger nanging Kanjeng Ratu banjur ngendhika. “Wis ngene wae.
Aku tak api-api yen para prajurit Kenya lagi kautus kanjeng Panembahan
Hanyakrawati ngendih Surabaya. Sak enggo prejurit kang ana neng kene mung mligi
njaga keputren lan cacahe ora ganep. Wis nakmas, walesane layange rakamu. Ibu
tak ngaso dhisik, bab iki marai ibu rada ora kepenak awake.” Ngendhikane karo
mapan sare. Pangeran Juminah lan Pringgalaya banjur iring-iringan ninggalake
senthonge Kanjeng ratu Retna Dumilah.
TTTTTTTTTTTTT
Swarane ombak neng pinggiring
pesisir pating jlegur. Swandari lan Raden mas Rangsang lumaku mlipir pesisir.
Raden mas Rangsang sajake bosen banjur ngersakake lenggah ana gisiking
segara."Nimas, apike leren sedhela ya. Aku kok krasa kesel.Kene lingguha
ana sisihku."ngendikane alus. Swandari lingguh ana cedhake raden mas Rangsang.
"Ombak kae nek tak sawang sajake
kaya wong njoget, ya. Ambal-ambalan, ana sing dhuwur, ana sing cendhek. Ana uga
kang mung kaya umpluk mili alon. Endah banget....."Raden mas Rangsang
mbacutake pangandhikane. " Inggih, denmas. Kula sampun dangu mboten
sumerep seganten, njih saweg menika nalika denmas ngersakaken tindak mlipir
pesisir." Swandari wangsulan. " Aku nate dicritani kanjeng ibu dene
nimas Swandari ki ya seka pesisir kene ta?" Raden mas Rangsang ndangu.
" Inggih. Griya kula namung wonten dusun sak ler gumuk menika." Ature
alon. Sajak ngemu sedih. Raden mas Rangsang wis tanggap yen mestine Swandari
kangen marang sudarmane. Raden mas Rangsang bisa ngrasakake amarga penjenengane
uga ora bisa caket sudarmane merga bebaya kang kerep ngancam keslametane.
" Piye nek mampir ana ngomahmu. Dadi aku ya bisa leren lan ngaso karo
teturon sedhela. Ya neng kene ki kepenak, ning rak panggonane reged, tur ya
angine gedhe. Kowe uga ora bisa reresik kanthi permati ta nimas." Raden
mas Rangsang bali ngendhika. " Sampun denmas. Griya kula kotor lan mboten
pantes menawi priyayi kados penjenengan rawuh wonten gubuk kula ingkang
awon." Wangsulane Swandari karo cepet-cepet nyembah. " Awon ki kaya
ngapa jal aku tak weruh." Raden mas Rangsang banjur ngadheg mak nyat banjur
mlangkah mengalor. Swandari kaget lan gragapan, age-age arep nyandhet. Nanging
Raden mas Rangsang njarag tindak kanthi rikat sok kaambalan ngelmu kadigdayane
sak enggo Swandari ndhadak ngoyak lan uga ngetog
kanuragane."Gusti....!"pambengoke. Nanging kang dibengoki ora maelu.
Tekan desane Swandari, Raden mas
Rangsang tumuju ana omah bata kang resik pekarangane, banjur uluk salam. Suteja
kang lagi ngresiki gedhogan, banjur age-age metu lan nginguk sapa tamune.
Sutejo bingung, geneya ana nom noman bagus, gagah pideksa. " Mangga Ki
sanak.” Suteja mbagekake tamune. Sing dibagekake mesem. Durung nganti diaturi
lenggah, Swandari wis semrunthul sak mburine karo matur “Gusti….!” Ature
kandheg mbasan weruh kangmase Suteja kang wus malih dadi nom-noman kang uga
bagus rupane, dhuwur, gagah lan ora kalah pawakane yen ditandhingake karo Raden
mas Rangsang. “Ka…kakang Suteja.” Kandhane rada semu gragaban amarga atine
notol saking kangene. Suteja bathuke njekithut sajak ngeling-ngeling, sapa
wanita ayu kang tepung jenenge kuwi. “Penjenengan menika sinten, nggih ?”
pitakonane Suteja. Kaya wong ora ngerti tata karma Swandari langsung ngrangkul
lan ngekep awake kakange. “Iki aku adhimu, kang. Swandari adhimu.”kandhane karo
nangis sesenggukan. Luhe wutah ana dhadhane kangmase. Raden mas Rangsang mesem.
Ana rasa marem marga bisa nggathukake sedulur kang wus pisah suwe ana ing papan
kuwi. Menawa ana kraton tangeh lamun Raden mas Rangsang bisa nggawa sedulur
utawa sudarmane Swandari. “Ndari….iki tenan kowe, ndhuk?” pitakone Suteja.
Swandari manthuk merga wus ora kuwawa omongan merga atine kebak rasa kang
pengen disuntak. “Mbok….mbok….simbok, iki gilo anakke wedok mulih.”bengoke
Suteja sora. Winarsih sing lagi olah-olah ana pawon banjur age-age metu. Susruk
kang ora kejarak digawa saknalika tiba kemlithik nalika weruh yen Swandari
saiki wis dadi prawan ayu. Anake wedok diiling-ilingi. Swandari banjur gapyuk
ngrangkul simbokke kang wis udakara sewelas taun ora bisa ditemoni. Winarsih
ngarasi pipine anakke lan ora sengaja mripate kang wis wiwitkrasa blawur merga
umur nangkep wewayangan priyayi kakung kang gagah pideksa. “Lha penjenengan
sinten nakmas?” pitakone marang Denmas Rangsang. Sing ditakoni mesem, nanging
nalika Swandari arep wangsulan langsung ditrambul ngono wae “Kula Santriadi.
Kula kancanipun Swandari, sami-sami lare ngenger wonten Kraton. Lha menika
ndilalah pikantuk kalodhangan tuwi tiyang sepuh. Ning margi kula lare yatim
dados mboten tuwi sinten-sinten lajeng tumut nimas Swandari wangsul.”
Ngendhikane Raden mas Rangsang nyingidake asmane kang sejati. Swandari mlerok,
sing di pleroki mung mesem.
Suteja banjur ngrangkul denmas
Rangsang kaanggep kaya sedulur dhewe. Nanging tangane ditamplek karo Swandari
“Kakang! Aja mbok padhake kancamu ndesa, ta.” Kandhane Swandari karo kakange.
Suteja bingung kudu kepiye. “Ora papa dhing.” Ngendhikane denmas Rangsang kang
genti banjur ngrangkul Suteja. Swandari bali mleruk sajak ora rena. Denmas
Rangsang ming ngedhepake salah sijine socane lan makjleg, atine Swandari kaya
digawa ana wewayangane denmas Wirata. Praupane pancen ora beda adoh karang ya
isih tunggal sak trah.
Wengi kuwi, Nyai Winarsih mangsak
rada beda karo adat sabene. Kanggo nyugata tamune lan nggambarake rasa senenge
merga anake wedok bali, Nyai Winarsih banjur ngakon Suteja mbeleh jagone sing
lemu dhewe lan banjur diikung, disanteni bumbu gurih. Ora lali digawekake
sambel bawang senengane anake wedok. Suteja dhewe uga nggawekake pindhang iwak
oleh-olehane mincing kanggo nom-noman aran Santriadi kang bisa dadi kanca sing
nyenengake. Santriadi anggone mangan katon ndemenakake, sajake cocok karo
mangsakane Nyai Winarsih. Wola-wali anggone imbuh. Nyai Winarsih uga katon seneng
lan ana pandonga ing atine muga-muga Santriadi kuwi bakal dadi jodhone anakke
wadhon.
Sakbar rampung mangan kaya adat
saben nalika ciliki mbiyen Swandari banjur sengkut isah-isah. Santriadi banjur
nyedhaki, api-api arep nimbakake banyu. “Ssstt, Ndari. Yen ana kene kowe ora
sah basa. Aku kepengin ngrasakake dadi wong desa.”kandhane alun banget. “Nanging…”wangsulane
Swandari. Santriadi gedheg kanggo ngekeki tandha yen ora perlu basa. Swandari
manthuk. Apa meneh simboke nyusul arep ngrewangi. “Gek ndhang, le nimba ki
cepet. Ki gilo banyune wis kari sithik.”Kandhane Swandari mrentah marang
Santriadi. Santriadi mlerok karo mecucu. Swandari mesem, kapan meneh bisa
nggodhani kang kagungan negari tanpa wedi kena paukuman. “Wo lha kowe ora urus,
ana tamu kok kon nimba.”ujare Suteja. “ Wis, ngaso wae kana, San. Ben aku sing
nimba. Yen priyayi saka Kuthagara kuwi ora pantes nimba, beda karo wong ndesa
kaya aku.” Suteja mbacutake karo ngrebut tali timbane saka Santriadi. “Ora
papa, Ja. Aku wis kulina. Neng kraton uga nimba.” Santriadi wangsulan. Swandari
menjeb. Sing dienjebi nyipratake banyu ana raine Swandari. Para bocah enom kuwi
banjur padha cekakakan.
Sak bar padha reresik Santriadi lan
Suteja isih omong-omongan nganti srengengene meh byar. Swandari ngruntel ana
senthonge mbokne golek tamba kangen sing wis mataun-taun kapendem ana dhadhane.
Saiki diwenehi kalodhangan bisa nyuntak kangene, Swandari rumangsa seneng.
Santriadi lan Suteja omong-omong ana pendapa, sajake Santriadi seneng karo
gamelan tinggalane eyang canggahe Suteja. “Iki gamelan tinggalan Majapahit.
Perunggu asli.”kandhane Suteja. Santriadi manthuk. “Apa ya isih sok ditabuh?”
Santriadi takon karo sok-sok ngunekake gendher utawa kenonge. “ Saben jemuah
bengi, cah-cah enom padha nglumpuk jagongan lan klenengan sak bisane. Ya aja
mbok padhake ana kraton, San. Yen ana ndhesa kuwi sing ngajari ya ming batihe
dhewe tur uga dudu wong kang prigel lan damang tenanan.” wangsulane Suteja.
Santriadi manthuk-manthuk. Santriadi banjur nyawang pendapa omahe Suteja lan
Swandari. Ketoke pendapane uga pendapa lawas nilik sakane digawe saka jati
tuwa. Jubine uga mung rupa watu diraketake nganggo aren utawa putihan endhog.
Santriadi banjur njikuk watu gamping lan nggambar garis ana jobin watu kuwi. “
Ja, kowe rak sinau bab kanuragan lan olah keprajuritan ta? Coba tutna gambar garis sing tak gawe nganggo
jurus sing biyasane mbok gladhi. Suteja manut. Santriadi ngematke lan ndhandani
gambar kang dianggep kleru. Apa kang digambarake Santriadi kadya rakitan
jangkah kanggone wong kang nyinau pencak. Sak wise pirang jangkah Santriadi
katon marem, ananging Suteja bingung. “Lha jangkah-jangkahe wong pencak kok
mbok gambar ki ben piye je?” pitakonane Suteja. “Aku kepengin gawe beksan utawa
joged adedasar gambar rakitan jangkah sing tak gawe. Dadi yen ana priyayi
njoged kanthi jangkah kaya sing tak gambar, tanpa kejarak uga sinau pencak. Iki
bisa diwulangake uga marang bocah-bocah wadhon sing kepengin sinau pencak
ananging ora dientukake dening bapa biyunge.” kandhane Santriadi. Suteja
gedheg-gedheg. Jebul kancane Swandari iki duwe wawasan kang akeh lan bisa
kanggo tuladha nom-noman liyane. “Menawa diwenehi ragame joged banjur digameli
rak banjur ora ketara yen sak jane lagi padha gladhen pencak utawa ulah
kaprajuritan. Bab gaman mengko kari diwenehi pencukan babagan perang, nganggo
cundrik utawa keris wae kang disengkelitake ana ngarep. Rak dadi samun anggone
padha latiyan perang.” Kandhane Santriadi karo mesem. Suteja ngrangkul kancane kuwi,
dheweke gumun geneya Santriadi duwe penemu kang ora kegagas dening dheweke sak
kanca. “Wah jebul ngenger neng Kuthagara ki akeh gunane ya, San. Banjur ngerti
apa-apa. Mbok aku jaken neng Kuthagara, San. Dadi aku ya bisa pinter lan lantip
kaya kowe kuwi.” Kandhane Suteja. Santriadi mesem. “Mengko simbokmu karo sapa?
Wis bapakmu ayahane ana Kuthagara, adhimu uga ngono. Banjur sing ngewangi
mbokmu ki sapa? Tak kandhani ya, Ja. Ngenger kuwi ora mesthi kepenak. Ora sak
wanci-wanci bisa bali. Jajal pikiren. Adhimu wae lagi bisa metu kraton sak wise
sewelas taun. Apa kowe ora mesake
mbokmu? Saiki sing baku malah kowe bisa nggladhi kanca-kancamu prigel ing apa
wae. Sak engga sak wanci-wanci negara mbutuhake tenaga lan pikirane bocah-bocah
enom kaya awake dhewe iki, awake dhewe bisa migunani lan mrantasi gawe. Kaya
saiki kowe urip neng pesisir. Aja mung njagakake asile segara ananging kowe
kudu bisa ngemonah apa kang ana. Jaman
Majapahit awake dhewe iki duwe kapal-kapal gedhe kang bisa kanggo nelukake
tlatah-tlatah liyane. Dalane ya segara kuwi mau. Emane Mataram durung duwe
prejurit sing mumpuni lan bisa nelukake segara. Dadi pikiren kuwi, ning saiki
awake dhewe ngaso disik wis meh byar srengengene.” Kandhane Santriadi kang banjur
nyelehake awake ana amben sak pinggiring longkang. Suteja mesem lan uga banjur
ngancani kanthi turu ana sak pinggiring pendhapa.
Swandari kang tangi isuk sak
durunge subuh kaget amarga weruh gusti bendharane turu sak nggon-nggon,
kamangka hawane adem njekut, gek ya ming padha ngliga. Swandari mlebu meneh ana
senthonge lan njikukake kemul lan bantal. Alon-alon mustakane Raden Mas
Rangsang kaangkat banjur diseseli bantal supaya ora krasa atos. Awake uga
dikemuli nganggo jarit. Semono uga Suteja kakange. Nalika Swandari ngemuli
kangmase, dheweke weruh ana orek-orekane Raden Mas Rangsang ana jobin
pendhapane. Swandari banjur nyoba njoged ngetutake gambar jangkah yasane Raden
Mas Rangsang. Ndaheba kagete Swandari, jebula gambar jangkah kuwi persis kaya
jangkah yen Swandari gladhen Bedhaya ana kraton, bedane jangkah kuwi uga bisa
ditrapake ana ing ulah keprajuritan. Saiki Swandari banjur ngerti keneng apa
Kanjeng Ratu Retna Dumilah lan Pangeran Purbaya nyigidake Raden Mas Rangsang. Keprigelane
ana bab apa wae ndadekake raden mas Rangsang calon Ratu sing luwih kuwat
tinimbang Sultan Hadi Hanyakrawati kang jumeneng saiki. Babagan kuwi mesthi wae
bakal nuwuhake rasa drengki lan srei sak engga apa wae bisa marakake
kacintrakane gusti bendharane. Kuwi uga kang marai Kanjeng Pangeran Purbaya
anggone weling dakik-dakik marang Swandari sak durunge kejibah njaga lan
ngetutake Raden Mas Rangsang. Pangeran Purbaya sajake ngenteni nganti Raden Mas
Rangsang uwis dewasa lan cukup kabeh ngelmu kang dibutuhake kanggo nata praja
kanthi bener lan becik. Kuwi uga kang marai Raden mas Rangsang kudu urip kadya
dene wong biyasa. Angkahe Pangeran Purbaya supaya Raden Mas Rangsang luwih bisa
mangerteni kebutuhan lan pengarep-arepe para kawula alit. Ora kaya saiki, dene
Sultan kang jumeneng ora tau diadhepake marang kasunyatane urip lan uripe uga
mubra-mubru sak enggo kabeh kang dilakoni sok kurang petungan lan uga marai
para kawula sengsara. Adrenge Sultan Hanyakrawati kepengin nelukake Surabaya
sasat meh ngentekake bandhaning Negara.
Kamangka yen nganti kalah ora mung bandha sing ilang ananging Mataram uga bakal
musna.
TTTTTTTTTTTTT
“Masak, ta teliksandhi sak mana
akehe ora bisa nemokake parane Raden Mas Rangsang. Apa ya Rangsang ki bangsane
lelembut kang bisa ilang dikedhepake?” Sultan Hanyakrawati ndangu kabeh
senapatine kang saiki lagi pada marak ana gedhong panggonane Sultan menawa
ngayahi jejeibahan padinane. Para senapati mung ndhingkluk ora wani wangsulan.
Ora beda karo putrane Kanjeng Ratu Mas uga katon nesu, dene para senapatine
dianggep ora becus ngurus gaweyane. Nyai Raga kang uga ana kono banjur munjuk
“Menawi sinuwun pitados, penjenengan saged utusan dumateng kula sak andahan
prejurit Kenya ingkang dados tanggel jawab kula.” “Apa ya prejurit kenyamu kuwi
mumpuni tenan kaya prejurit Kenya kang dadi tanggung jawabe keputren wetan?”
Sultan ndangu marang Nyai Raga. “Temtu kemawon sinuwun. Kula piyambak ingkang
nggladhi, sak engga mboten namung prigel, nanging ugi canthas, trengginas.”
Ujare Nyai Raga. “Yaw is, iki kang dadi prentahku marang kowe sak andahanmu.
Aku kepengin Rangsang dicekel urip utawa mati. Sukur sing mbok gawa mulih
kuwandhane dimas Rangsang supaya aku bisa tentrem anggone nata praja lan
Negara.” Ngendhikane Sultan Hanyakrawati. Nyai Raga ngaturake sembah banjur
pamit mundhur.
Durung rampung anggone pamit
keselak ana gandhek telik sandhi saka tapel wates Demak teka. Sak wise
ngaturake panembah, gandhek kuwi matur dene raka dalem Pangeran Puger merong
kampuh jingga. Pangeran Puger lagi wae ngerike prejurite tumuju Mataram kanthi
kekuwatan meh wolung ewu wong lan dikantheni meriem papat, uga bedhil lan
gegaman liyane kang bisa dituku saka wong-wong Portugis ana pelabuan Semarang.
Sultan Hanyakrawti bingung amarga sak perangan prejurit Mataram lagi dicepakake
kanggo ngluruk ana ing Surabaya, saiki malah Mataram ketekan wong kang ngraman
saka Demak. Sultan Hanyakrawati banjur utusan gandhek liyane supaya nimbali
Kanjeng Pangeran Purbaya.
Ora let suwe, Kanjeng Pangeran
Purbaya marak, kanggone wis ora nggumunake menawa pangeran Puger nggedhak
perang amarga wis wiwit sepisanan Pangeran Puger ora rena menawa Sultan
Hanyakrawati kang lenggah dhampar nggentosi kanjeng ramane swargi, apameneh
Pangeran Puger rumangsa luwih tuwa tinimbang Sultan Hanyakrawati. “Kados pundi,
kangmas? Mataram kecalan kekiyatanipun menawi kedah mengsah kangmas pangeran
Puger.” Ngendhikane marang Pangeran Purbaya. “Sinuwun, kula sampun nate matur
supados mboten kesesa nggedhag Surabaya, ananging penjenengan ndalem mboten
ndhahar atur kula. Sejatosipun menika ingkang kula ajrihaken. Menapa malih
kekiyatanipun Demak mboten saged pun westani gampil. Sepalih prejurit Mataram
ingkang sae saweg kagladhi kangge ngluruk ing Surabaya lan sak menika sampun
dumunung wonten ing Ponorogo lan dados tanggel jawabipun dhimas Jayaraga,
sepalihipun ndherek kangmas Puger. Kita kantun gadhah prejurit jagi, lan
naming kinten-kinten pitung atus dumugi
sewu gangsalatus prejurit kang dados andahanipun dhimas Juminah lan
Pringgalaya. Kados pundi? Kula ndherek kersa paduka.” Pangeran Purbaya matur.
Kanjeng Ratu Mas mlengos “ Kuwi jenenge nglebokake Kanjeng Sinuwun ana wuwu.
Apa kowe sengaja jlomprongake putraku ta, nakmas? Pringgalaya lan Juminah kuwi
rak putrane Kanjeng Ratu Retna Dumilah, apa ya kowe ki tambuh yen aku lan
Kanjeng Ratu Retna Dumilah iki incim-inciman. Padha wae karo pangeran Puger
anake Adisara kae, saiki konangan asline, jebul ya mung kepengin kalenggahan
dalem ta?” ngendhikane karo nyenthe-nyenthe. “ Sampun kanjeng Ibu. Kula nimbali
kangmas Purbaya menika amargi kangmas Purbaya ingkang paling mangertosi
kekiyataning Kuthagara.” Kanjeng Sultan ngerih-erih Ratu Mas. Pangeran Purbaya
banjur matur “Bab Kanjeng Ibu kagungan raos ingkang mboten remen dumateng Ibu
Retna Dumilah menika sanes tanggel jawab kula, ananging kula wanton mesthekaken
bilih pangeran Pringgalaya lan Pangeran Juminah menika setya dumateng ingkang
Sinuwun. Menawi Kanjeng ibu mboten sirah kula menika ingkang dados
tanggelanipun.” Ature Pangeran Purbaya kanthi swara kang jero amarga ngampet
rasa duka ana penggalihane. “Iya, kangmas. Aku percaya karo kabeh kang dadi
aturmu. Saiki aku paring lilah marang sliramu kanggo ngutus dhimas Pringgalaya
lan Juminah supaya maju ngadhepake Kangmas Puger.” Sultan Hanyakrawati banjur
paring lilah marang Pangeran Purbaya. “Sendika.” Pangeran Purbaya nyembah
banjur mundhur saka pasewakan tanpa noleh meneh. Kanjeng Ratu Mas mangkel
banget nanging ora bisa tumindak apa-apa.
TTTTTTTTTTTTT
“Sapa tamune, nakmas?” pitakonane Kanjeng Ratu
Retna Dumilah marang putrane Pangeran Juminah ing sela-selaning anggone
mbathik. “Kangmas Purbaya, kanjeng ibu.” Pangeran Juminah matur. “Lha kok
sajake kesusu lan ora lenggah luwid dhisik kaya biyasane?” Kanjeng Ratu
mbacutake oleh ndangu putrane. “Inggih. Amargi kangmas Purbaya taksih kedah ngayahi
kuwajiban sanesipun ibu. Menika kula lan kangmas Pringgalaya ugi kajibah
ngempalaken para prejurit, kangge ngendih kekiyatanipun kangmas pangeran Puger
ingkang ngraman dateng Kuthagara.
Kanjeng Ratu Retna Dumilah banjur nyelehake canthinge lan nyawang
putrane “Apa kang sak suwene iki dadi pikiranku jebul kelakon tenan. Nakmas
Puger merong kampuh jingga. Tujune nalika semana ibu ora sarujuk ngeculake
prejurit Kenya kanggo ngiring mantene Wirata. Kuwi mung pawadhan wae supaya bisa
nglumpukake kekuwataning Mataram ana astane. Sakjane aku wis suwe ngerti,
nanging merga Ibumu Kanjeng Ratu Mas kerep cubriya marang apa wae sak
paripolahku, aku milih meneng wae.” Kanjeng Ratu Retna Dumilah ngendhika sedih
amarga para putra banjur bakal padha regejegan.
Pangeran Juminah banjur nyekeli
astane Kanjeng Ibune sajake nyuwun pangestu merga arep mangkat perang. “Yah, mangkata anakku. Ulupi sak andahane
gawanen. Merga bocah kae bisa njagani sliramu lan kangmasmu. Ulupi kuwi uga
duwe kabisan nelukake lan nglulutake sato kewan, sak enggo menawa sliramu
mengko nrabas alas kang akeh kewane galak, Ulupi bisa mrantasi gawe.” Welinge
Kanjeng Ratu dakik-dakik. “Lajeng sinten ingkang njagi kanjeng ibu menawi kula
nganthi Ulupi?” Pangeran Juminah nyuwun pirsa karo ibune amarga ana rasa
sumelang neng atine. “Nakmas, aku kuwi wis dudu cah cilik meneh sing kudu
dijagani. Tur apa ya sliramu kuwi ngremehake kekuwataning ibumu ta, le?”
Ngendhikane meneh. Pangeran Juminah gedheg karo mesem. “Yen sliramu isih sumelang
marang ibumu kuwi ateges, sliramu tresna marang kanjeng ibu. Ya wis, ben
sliramu ora perlu menggalih kanjeng ibu, Rukmi wae tinggalen. Rukmi bisa njagani ibumu, nakmas. Wis ndhang
mangkata. Iki kalodhangan kang becik kanggo mbuktekake labuh labetmu marang
Negara. Uga kanggo ngukur sepira kabisanmu ana palagan sak wise matun-taun
sinau lan gladhen ulah kaprajuritan.” Pangeran Juminah sungkem ana sampeyane
ibune karo matur “Sendika.” Pangeran Juminah banjur ngilang ana sewaliking
lawang.
Kanjeng Ratu Retna Dumilah ngematake
putrane banjur ndhingkluk. Penggalihane krasa susah dene para putra arebut
kalenggahan lan kuwasa, kamangka Mataram anggone jejek ngadheg dadi Negara
durung patiya suwe. Ananging mbasan Kanjeng Panembahan surut, Mataram uga kaya
kalimput pedhut.
Alon-alon Kanjeng Ratu Retna
Dumilah bali ngetokake laying lan cepuk isi kalung, suweng lan gelang saka
denmas Wirata kanggo Swandari. Layang kuwi banjur kabukak lan kawaka sepisan
meneh.
Layang
iki ndhak tulis kanggo sliramu diajeng. Aku ngerti menawa sliramu maca mesthi
bakal nesu utawa paling ora lara atimu marang pun kakang. Nanging semono uga
pun kakang, ati iki rasane kaya diiris yen ngelingi pun kakang ora bisa
nyandhing kembange prajurit Kenya. Pun kakang ora suwe iki bakal didhaupake karo
putri bupati nayaka aran Rukti. Mbiyene uga tau sinau bareng ana magang
prejurit Kenya. Nanging merga putri bupati nayaka kudu dhaup karo sok sapa wae
kang dipacangake karo sudarmane mesthi wae or bisa dadi laskaring prejurit
Kenya.
Aku mung duwe pengarep-arep menawa rama nyuwun
marang kanjeng Ratu Retna Dumilah supaya ngirimake prajurit Kenya, ndhereka ya
cah ayu. Rama mung api-api menawa prajurit Kenya bakal didadekake pengiring
manten.Sejatine ana bab kang luwih penting tinimbang kuwi kabeh. Ananging
kanggoku sing penting aku bisa ngadhep sliramu amben ndina lan mboka aku wis
dhaup karo diajeng Rukti, aku tetep kepengin sliramu kang dadi sisihanku.
Layang iki ndhak kantheni tandha mata kanggo sliramu, bukti tresnaku marang
sliramu lan uga dadi peningset antarane sliramu karo aku. Kanjeng rama mesti
uga bakal ngidhini aku lan sliramu urip
bebrayan, apameneh yen mengkone Kanjeng rama pirsa labuh labet sliramu marang
Negara. Layang iki ndhak cukupake nganti semene. Aku ngantu-antu tekamu diajeng.Wirata.
Kanjeng Ratu banjur bali nyelehake
layang kuwi lan dilempit kaya mula bukane.
“Wirata, apuranen aku eyangmu. Dudu karepku menggak rasa tresnamu
marang Swandari, ananging aku menggak supaya ramamu ora banjur ngobrak-abrik
katentremane praja Mataram. Kanggo
jejege Negara yen perlu aku ora mung bakal ngorbanake sliramu, putuku bocah
bagus, yen perlu nyawaku dhewe tak nggo tanggungane lan dhak korbanke kanggo
ngrungkepi Kasultanan Mataram.” Kanjeng ratu Retna Dumilah ngendhika ana sak
jroning batin.
TTTTTTTTTTTTT
Perang antarane
Mataram lan Demak ora bisa dipenggak maneh. Kabeh cara wis dilakoni dening
Sultan Ageng Hanyakrawati supaya antarane Mataram lan Demak bisa bali rukun
kaya maune. Sinambi Kanjeng Pangeran Purbaya ngrapetake barisan lan bali
ngumpulake kekuwataning Mataram sing sak jane wis arep dienggo nggedhak
Surabaya, Sultan Ageng Hanyakrawati utusan marang Patih Mandaraka, Pangeran
Singasari lan Pangeran Demang tanpa Nangkil kanggo ngendhakake rakane pangeran Puger.
Ananging Pangeran Puger tetep ora gelem mundhur sak jangkah wae. Penggalihe wis
manteb lan marep apameneh krodhane disengkuyung dening Adipati Gendhing lan
Panjer. Pambujuke rayine mung dianggep angin kang liwat ngono wae, kamangka sak
jane Sinuwun Sultan Ageng Hanyakrawati uga wis nawakake wewengkon kang luwih
amba ana penggunungan Kendeng sak pengalor. Ananging tekade pangeran Puger wis
ora kena diluk maneh.
Mataram banjur ngerikake 10.000
prejurit kang kasil diklumpukake Pangeran Purbaya saka Pajang, Ponorogo lan
Mataram dhewe. Saka kademangan-kademangan sak indhenging laladan Kedu lan Bagelen uga dadi kekuwataning Mataram.
Nanging kanggo ngerikake prejurit semana akehe butuh wektu lan tenaga sak engga
Pangeran Purbaya banjur tindhak luwih dhisik dadi bregada kang mbukak dalan
kanggo bala prejurit Mataram kang luwih akeh cacahe. Pangeran Purbaya ninggalake bala prejurit
kang luwih akeh kuwi mau ana tangane Tumenggung Suranata utawa Ki Gede Mestaka
kang bakal mangkat keri ngiring Kanjeng Sultan Agung Hanyakrawati sing uga
ngersakake medhak glanggang dadi senapati perang.
Ulupi wis nyiagakake prajurit Kenya
andahane kang cacahe ana 250 wanodya. Ana sing gegaman warastra, ana uga kang
nggawa pedhang lan tumbak. Ulupi dhewe agegaman cundrik lan tulup kang pelurune mawa wisa.
Ulupi lan prejurit Kenya andahane dadi siji ana bregadane Pangeran Juminah.
Praba sak kancane uga katut ana perang iki lan ana barisan sak ngisoring
Pangeran Pringgalaya. Praba uga nganthi prejurit Kenya kang sikep gegaman, ana
kang nggawa bedhil, pecut, pedhang lan trisula. Praba nganthi prajurit Kenya
kang nggawa bedhil amarga Praba prigel ana babagan gaman kang ditekakake saka
manca negara kuwi. Praba uga bisa nggladhi kanca-kancane supaya bisa nggunakake
gaman kuwi kanthi ngati-ati.
Nalika tempuk kang sepisanan
prajurit Mataram rada keteter amarga ditembaki nganggo meriem. Nanging
bergadane Pangeran Purbaya ora gigrig nampani pluru-pluru meriem kang gedhene
sak kambil-kambil. Nanging Ulupi lan Praba golek cara kang luwih apik supaya
ora akeh prejurit sing gugur. Ulupi lan Praba banjur rembugan piye carane
supaya prejurite Pangeran Puger ora bisa nggunake merieme. Sak enggo prejurit
Mataram kang cacahe mung separone prejurite Pangeran Puger bisa ngangsek ana
jantung kekuwatane prejurit Demak.
Ulupi lan Praba banjur gawe
rancangan, nalika perang lagi leren kanggo ngaso yen bengi, Ulupi bakal mlebu
ana ing wewengkone mungsuh lan banjur masangi meriem-meriem kuwi nganggo mesiu
kang wus digawe kaya bom cilik-cilik karo Praba. Bocah sing mbiyen karo Ulupi
dianggep ledha-ledhe, jebul mbasan wis nemu dalane bisa dadi jago obat.[19]
Praba dhewe mongkog dene bisa dadi wong kang migunani ora mung ana bregada
prejurit Kenya ananging uga migunani tumraping bangsa lan negarane.
Praba nggegem tangane Ulupi karo
kandha “Kowe kudu ngati-ati, panggonan kuwi wewengkoning mungsuh lan mesthi
dijaga karo sadengah prejurit sing mumpuni.” Ulupi manthuk. “Yen nganti rong
jam durung ana swara saka wewengkon mungsuh, kuwi tandhane aku ora kasil
njeblukake meriem, utawa aku wis mati ana palagan. Kowe karo Suradiwati kang
kudhu ngeculake panah-panah kang isi obat kuwi ana panggonan meriem-meriem kae
dipasang. Aku rila gugur kanggo Mataram.” Wangsulane Ulupi kang banjur ngilang
ana sewaliking grumbul.
Ulupi banjur rerambatan ana lemah
nggunakake grumbul kanggo nyamunake anggone nyedhaki meriem. Apa sing
dikandhakake Praba ora mleset, merieme dijaga prejurit papat kang gedhe dhuwur
lan uga gagah pideksa, salah sijine Suwela gandhek kang gek nalika semana
ngeterake layang kanggo Swandari. Sak jane Ulupi ora tegel mateni Suwela,
dasare ya wis tau tepung. Nanging dadi
prejurit Kenya mono kudu teguh ing jejibahan lan ora kena mingkuh, kabeh rasa
kudu disingkirake. Ulupi banjur masang panah cilik kang wus dileleti wisa ana tulupe. Panah wesi kuwi bisa digunakake
kaya pluru kang ditembakake ana perangan awake mungsuh. Swandari nyedhaki
prejurit kang sepisanan njaga merieme ana sisih wetan. Rada adoh saka panggonane
Suwela. Ulupi ngunjal ambegan jero banjur ambegan kuwi mau didamokake ana
tulupe sak enggo panah kang mawa wisa kuwi mlayu banter ngarah gulune prejurit
kang jaga meriem kuwi. Rasane ming kaya dientup tawon, ananging ora gantalan
prejurit mau banjur ambruk. Ulupi banjur ndhokokake buntelan mesiune ana sak
ngisoring meriem. Semono uga ana ing meriem sing keloro lan ketelu sak wise
Ulupi bisa nglumpuhake para penjaga meriem kuwi. Mbasan arep nyedhaki meriem
kang dijaga Suwela, Suwela rada cubriya keneng apa kanca-kancane jaga kang
maune rame pada ngobrol lan omong-omongan ora ana banene. Suwela ngira
kanca-kancane padha keturon. Nanging nalika marani kancane sing ana ing meriem
katelu, dheweke weruh kemlebate Ulupi. “Mandheg, sapa kuwi. Aja nyoba mlayu yen
ora kepengin tak bedhil.”panggetake Suwela. Ulupi mandheg, jantunge kaya
dikebur, nanging Ulupi tetep nyoba ora gawe kageting Suwela sak engga nembakake
bedhile. Alon-alon banget Ulupi mbukak tutup raine banjur mbalik ngedhepi
Suwela. “Iki aku kakang Suwela. Durung suwe anggone awake dhewe ketemu ana
daleme Kanjeng Ratu Retna Dumilah. Mesthine kowe ya durung lali karo
aku.”kandhane ora basa karo mesem manis. Saiki genti jantunge Suwela kang kaya
dikebur. Prejurit Kenya sing ayu ana sak ngarepe kuwi ngguwang liring lan esem
kang manis. Tangane Suwela ndredheg. “Banjur apa kang dadi butuhmu sak engga
bengi-bengi kanthi nyalawadi kowe mlebu ana wewengkon kene, kamangka Demak lan
Mataram lagi padha perang? Apa kowe telik sandhi paya?”pitakone Suwela nyoba
tetep teteg njaga ajining prejurit kang tetep ngayahi kuwajibane kanthi becik.
“Aku nggawa layang kanggo denmas Wirata saka Swandari.”wangsulane tetep sareh.
“Keneng apa lagi saiki, nalika peperangan wis kedadeyan? Kowe ngerti nalika aku
bali tanpa oleh gawe. Ora mung Kanjeng Pangeran Puger kang ndukani aku, denmas
Wirata uga duka ora karuwan.” Kandhane Suwela karo nesu. Ulupi ming ngangkat
pundhake karo menjeb.”Aku rak wis kandha nalika semana yen Swandari kuwi ora
ana keputren, dadi aku olehe bisa entuk wangsulan ya yen pas dheweke marak ta.”
Kandhane Ulupi meneh. “Ya wis endhi kene layange mengko tak aturake denmas
Wirata banjur ndhang lungaa. Ora becik bocah wadhon clinthisan ana palagan.”
Suwela omong meneh tanpa ngedhukake larasing bedhil. “Swandari kandha yen aku
kudu ketemu dhewe karo denmas Wirata. Yen ora bisa, ya dudu salahku yen denmas
Wirata ora bisa meneh ketemu gegantilaning atine.” Ulupi wangsulan sak kenane
merga sakjane dheweke goroh marang Suwela. Suwela banjur nyurung awake Ulupi
sedyane bakal disowanake denmas Wirata. Amarga Suwela ngerti yen bab Swandari
kuwi kudu tetep disingidake saka Kanjeng Pangeran Puger, Ulupi di kanthi liwat
dalan kang sepi saka prejurit liyane. Nalika ngliwati alas cilik, ujug-ujug
Ulupi mbalik lan nangkis bedhile Suwela. Suwela kang ora nyana bakal disurung tiba
krengkangan, Ulupi banjur nuthuk cengele Suwela nganggo gagang bedhil kang
kasil karampas. Suwela ora eling, donyane peteng sak nalika. Ulupi banjur
nirokake swarane cangak lan ngilang ing suwaliking wit-witan.
Suprabawati lan Suradiwati krungu
swara cangak ateges Ulupi kasil masang obat mesiune ana sak ngisoring meriem
ning ora bisa ngurubake sumbune merga kadung konangan Suwela. Suradiwati banjur ngeculake panah geni ana
ing panggonan meriem-meriem kae. Ndilalahe nalika semana mangsa ketiga, suket kang
garing ana cedhake meriem-meriem kuwi langsung murub lan dhilat mesiu kang
kapasang ana telung meriem. Mesiu njebluk swarane pating jlegur. Merieme ajur,
prejurit Demak bubar mawut. Kalodhangan kuwi digunakake karo para prejurit
Kenya kanggo ngendih kekuwatane Pangeran Puger. Rancangane Ulupi lan Praba
kasil ngundhurake prejurite Pangeran Puger sawetara wektu.
TTTTTTTTTTTTT
BAB V
SANTRIADI
Awan kuwi Swandari lagi ngewangi
mbokne adhang sega. Santriadi lan Suteja katon nglumpukake bocah-bocah enom lan
digladhi maneka werna kabisan kaya nembang, karawitan, beksan uga ulah
kaprajuritan. Ora ngemungke cah lanang-lanang ananging uga bocah wadon. Sing
dienggo pawadan ya gladhi beksan lan wayang kanggone sing bocah-bocah wedhok
ananging sok diseseli ragaming wong kang lagi bandayuda. Ora krasa Teja lan
Santriadi kasil nglumpukake udakara bocah satus lanang-wadon. Kabeh digladhi
kanthi tenanan kaya dene prejurit Kraton sak engga sesasi wae wis katon asile.
Swandari uga marem, dene anggone mulih
ndesa migunani tumrap tangga teparo lan wong desa sak indenging wewengkon kono.
Swandari sakliyane ngajari njoged, ngajari mbathik uga ngajari maca, nulis lan ngetung.
Santriadi seneng anggone weruh amarga yen para kawula kuwi bisa maca lan nulis
sak ora-orane ra bakal diapusi uwong yen dedagangan. Sakliyane kuwi Santriadi
disuyuti dening wong-wong atuwa amarga ganep subasitane lan sugih wawasan.
Bocahe grapyak tur ora sengguh kaya biyasane wong kutha. Santriadi seneng
tetulung, ora nyawang sapa wae yen mbutuhake mesthi ditulungi kaya durung suwe
iki Santriadi bar nulungi Mbah Suta sing meh wae bandhane entek merga arep
dibegal uwong nalika mulih ngliwati alas.
Begal lan kecu isih dadi perkara
sing durung bisa dirampungake karo wong-wong ndesa. Bab kuwi disebabake akeh
nom-noman padha lunga nyang kutha lan gemang bali nang desa, sak engga akeh
begal lan kecu kang banjur nyambangi desa merga ora ana kang bisa ngatasi.
Santriadi banjur rembugan karo Suteja, piye yen sak durunge begal lan kecu kuwi
gawe tuna, diluruk lan yen sing gelem mertobat ya diluwari, nek sing ora ya
ditumpes. Suteja manut, ananging nelukake rampog, begal lan kecu kuwi ora
gampang amarga balane akeh tur ya sing digdaya ora sithik, kamangka arang-arang
wong ndesa padha duwe ngelmu kanuragan kaya ngono.
Santriadi banjur nulis layang kang
ditujokake marang Sripada kancane sinarawedi nalika sinau ana padhepokane Kyai
Pakir. Sak liyane kridhane ana bab kanuragan mumpuni, Sripada uga jagone
ngrancang siasat kanggo ngalahake mungsuh. Ora suwe Sripada mangsuli layange
Santriadi lan sumadiya ngewangi apa kang dadi pengarep-arepe Santriadi kanggo
numpes brandal, Kecu, rampog kang ndhelik ana alas sak indenging Gunung Kidul
lan pesisir.
Seminggu sak wise layang ditampa,
Sripada banjur nemoni Santriadi. Bocah loro pada rerangkulan merga seneng bisa
ketemu sak wise pirang-pirang sasi padha
ora ngerti kabar. Santriadi, Suteja lan Sripada banjur padha rembugan ngenani
carane nyidhem brandal, kecu, begal lan rampog kang ndhelik ana alas-alas
wewengkon Gunung Kidul lan pesisir. Sripada banjur ngandhakake penemune, yen
arep numpes begal-begal kuwi kudu dipancing dhisik metu saka papan pandhelike.
Cara sing paling gampang kanggo mancing yaiku ngumpanake bocah wedok. Santriadi
ora sarujuk amarga kuwi nerak paugeraning kautaman, apameneh wis kudune wong
lanang kuwi njaga lan ngayomi bocah wadhon, dudu malah ngumpanake. Nanging
Swandari kang mlebu karo nggawa wedhang duwe penemu kang seje. Wong wedok yen
dikantheni cukup kabisan ing bab olah kanuragan lan ulah keprajuritan, dudu
barang angel nelukake begal, amarga sejatine wong wedok kuwi duwe tenaga lan
kepinteran sing padha karo pra priya menawa diwenehi kalodhangan. Sripada
sarujuk. Pungkasane Santriadi uga sarujuk amarga yen arep nggedhak para begal
ya durung ngerti dununge kejaba bisa nyekel salah siji banjur ditakoni.
Swandari mesem seneng amarga bakal entuk kalodhangan nyoba ngelmu kang wis
disinau sak suwene iki.
Swandari lan Nursi kancane wis
sumadiya dadi umpan. Isuk-isuk bocah loro kuwi uwis dandan api-api arep blanja
menyang pasar. Sengaja anggone ngenganggo dikatonake pating kronceng mas-masane
kanggo narik begal-begal kuwi pada metu. Lakune cah loro kuwi ditutake, Santriadi,
Sripada lan Suteja.
Bener ora let suwe Swandari lan
Nursi dicegat wong loro gegaman pedhang lan pethel. Jane mono yen ndhelok
gamane ya ming sak anane, pedhang ya dudu pedhang kang biyasa diasah lan
dirumat kanthi becik merga wis krowal-krowal kiwa tengene. Pethele uga neyeng
ketok menawa ora tau diopeni. Swandari ethok-ethok wedi yen bandhane
dijaluk banjur mlayu, pancingane kena.
Begal mau ngoyak karo ngobat-abitke pedhange. Nursi semana uga. Nanging merga
playune ora banter Nursi bisa kecandhak lengene, nanging merga wis diajari carane
olah keprajuritan, Nursi bisa uwal saka begal kang nyekel. Tangane uga kasil
ngeplak raine begale. Begale tambah muring banjur arep methel Nursi, nanging
tangane ditahan dening Nursi genti sikile Nursi mapan njejak wetenge begale.
Begal kuwi tiba krengkangan, nanging banjur tangi lan wiwit ngoyak Nursi meneh.
Merga mangkel pethele diuncalake ngarah gegere Nursi nanging ditangkis dening
Sripada. Begal kuwi kaget jebul Nursi ana kang njagani. Begal kuwi mlayu
nggendhring nyoba lolos saka Sripada, nanging Sripada luwih limpad. Sripada
mlayu ngoyak banjur mencolot ngliwati pundhake begal kuwi karo nyepak. Begal
kuwi sak nalika kegeblak banjur semaput.
Swandari dioyak nganggo pedhang ujug-ujug mandheg mak
greg. Sak durunge pedhange mbabit awake, lengene begal kuwi mau ditangkis
pheng….rasane kaya digebuk wwesi waja kang atos banget. Pedhange sak nalika
ucul mabur mbuh nang endi parane. Durung nganti males tangkisane Swandari,
begal kuwi ngrasake dengkul nyepak perangan ngisor awake mak dug rasane donyane
ajur kanggone begal kuwi kang langsung ora eling, tiba nemahi bumi. Santriadi,
Sripada lan Suteja banjur ngusung wong-wong kuwi digotong menyang desa.
Wong-wong kuwi banjur di rut ana cagak pendhapa lan dadi tontonane wong akeh.
Ananging Santriadi ora ngentukake wong-wong desa kuwi milara utawa ngiwi-iwi.
Begal-begal kuwi arep ditakoni pandhelike ana ngendi lan ngapa padha mbegal.
Saka katrangan kang dikandhakake
para begal, Santriadi dadi ngerti menawa pancakara antarane Kanjeng ramane
angkat karo pangeran Puger wis marai para kawula susah lan sengsara. Rega beras
dadi larang, akeh sing padha keluwen lan mati amarga kurang pangan. Para begal
ngaku yen mbiyen bisa nggarap sawahe, nanging mbasan perang wiwit, akeh sawah
kang dienggo papan perang kaya tambak Uwos sak pengulon lan sak pengetan, sak engga
ora ana lemah kang bisa digarap. Begal-begal kuwi jebul wong neka saka
korbaning perang antarane Demak lan Mataram. Sawetara kuwi, begal-begal sing
dudu wong tani uga sambat merga apa-apa larang dadi ora bisa kulak kanggo
dodolan. Larang amarga angel menawa arep kulakan, akeh dalan kang ora bisa
diliwati, para kawula uga mesthi dipriksa lan dicubriyani dadi telik sandhining
mungsuh. Ora sithik uga kang barang dagangane dirampas utawa dijaluk kanthi
meksa dening para prajurit kuwi. Pawitan dagange banjur entek lan pungkasane
padha nganggur. Supaya bisa mangan kepeksa mbegal. Santriadi ngunjal ambegan
landhung. Kuwi kabeh mau perkara kang kudu dirampungake dene kuncine urip
tentrem kuwi sandhang pangane kudu kecukupan lan makmur uripe.
Nalika Sripada ditakoni piye carane
ngrampungake perkara iki. Sripada ming ngangkat pundhake. “Yen bab bandayuda
utawa perang, sliramu bisa takon aku,Gus. Ning nek bab nanggulangi wong kaliren
lan tataning praja kaya ngono, mesthine sliramu sing luwih pinter.” Wangsulane
Sripada. Sripada kang wis suwe anggone kekancan karo Santriadi ngerti banget
menawa Santriadi wasis ing tataning praja. “Piye miturut penemumu, ndari?”
Santriadi banjur takon karo Swandari.
“Yen miturut penemuku, perang kudu dilereni. Kudu ana kang bisa nengahi
antarane Kanjeng Sultan lan raka dalem pangeran Puger.”kandhane Swandari ora
basa kanggo njaga jati dirine Santriadi. “Kuwi wis dilakoni. Ki Patih lan para
pangeran sentana dalem uwis diutus kanggo ngerih-rih Pangeran Puger, nanging
meksa ora kasil mbujuki.”Santriadi ngandhakake karo ngunjal ambegan landhung.
“Kuncine ana wanita. Yen kang diutus kuwi priya, tangeh lamun Pangeran Puger
kersa mirengake. Sing ana ajining dirine bakal nggondheli, ananging yen sing
kautus kuwi wanita ora mokal kanjeng pangeran mesthi kersa ndahar
ature.”kandhane Swandari. Santriadi banjur kelingan dongenge ibune nalika
kanjeng ramane nelukake Madiun, sing diutus ngglembuk eyange Panembahan mas
kuwi Nyai Adisara, selir dalem kang paling ayu. “Bener kandhamu kuwi, Ndari.
Kowe kelingan Nyai Supanggah kang mulang njoged kowe bareng karo Nyai
Badingah?” Santriadi takon. Swandari manthuk “Nyai Supanggah kuwi duwe jeneng
asli Nimas Sekarwati. Saka kabar sing tau tak rungokake, mbiyene Sembadrane
kraton Mataram. Kanjeng Pangeran Puger banget kepranan amarga ayu lan luwese
Nyai Supanggah utawa Sekarwati kuwi. Gek sedhela tau dadi sengkerane Kanjeng
Pangeran Puger, ananging nalika Pangeran Puger dhaup karo garwane, Nyai
Supanggah katrimakake marang penewune kang asma Kyai Supanggah. Ananging Nyai
Supanggah wis patutan putra siji aran Raden Mas Wirata.” Santriadi nyritakake
mula bukane Raden Mas Wirata. Swandari ora sengaja nutupi lambene kang ora
kejarak ngetokake swara jerit lirih. Santriadi ngematake Swandari kanthi
pandengan kang rada beda. “Apa kowe tepung karo Raden Mas Wirata?” Santriadi
nakoni Swandari, swarane jero ora kaya biyasane. “ Ya, tepung wong mbiyen sok
njoged bareng.”wangsulane Swandari karo ndhingkluk ora wani males pandhengane
Santriadi. Sripada mesem, sajake Sripada ngerti yen Santriadi sujana marang
Swandari. “Aku kaget mergane Nyai Supanggah ki rak ya sok ketemu karo Raden Mas
Wirata, ananging keneng apa kok api-api ora kenal. Semono uga Raden Mas Wirata.”
Pitakonane Swandari. “Nalika semana garwane pangeran Puger durung mbobot,
kanggo mancing supaya gek ndhang isi, pangeran Puger ndawuhi supaya Raden Mas
Wirata kang lagi umur udakara rong taunan digawa bali ana Kraton lan dipupu
anak kanthi prejanjen yen ibune ora kena sapa aruh, apamaneh ngandhakake yen
Raden Mas Wirata kuwi sejatine dudu putrane garwane pangeran Puger. Lan pancen
sak wise Wirata ana kraton, garwane pangeran Puger banjur isi.” wangsulane
Santriadi. Swandari mung bisa meneng krungu sapa sejatine gegantilaning atine
kuwi. Kanggone Nyai Supanggah mesthi wae krasa abot. Bisa nyawang nanging ora
bisa ngrangkul lan ngesokake sih tresnaning marang putrane kuwi. “Kuwi becik
banget, yen Nyai Supanggah bisa mbujuki pangeran Puger mesthine perang ndhang
bisa rampung lan para kawula bisa urip kaya maune. Ananging sak durunge awake
dhewe kudu ngrampungake urusan begal iki dhisik. Sesuk aku lan Suteja arep
ngangkatke udakara wong patang puluh kanggo ngluruk wewengkon sisih kidul wetan
amarga awake dhewe wis ngerti papan pandhelike begal liyane. Kowe, Ndari lan
Nursi bareng bala-bala putri ngluruk sisih lor kulon, dadi kacakan kabeh.”
Sripada banjur mbagekake ayahane dhewe-dhewe “Ming welingku, menawa bisa begal
karangket ananging aja padha dipateni. Mesakake. Ananging yen ngeyel lan ora
manut, aku ora cawe-cawe sak karepmu anggonmu mrantasi gawe.” Santriadi weling
dening Sripada lan Suteja. Sripada manthuk.
Isuk-isuk, Sripada lan Santriadi
wis budhal ngayahi apa kang wis dirancang mau bengi. Sripada lan Suteja nggawa
wong-wong desa kang wis digladhi cacah patang puluh , dene Santriadi nggawa
kurang luwih sewidak wong klebu prejurit-prejurit wadon muride Swandari. Kabeh
nggawa gegaman arupa pedhang, keris, panah lan pethel. Gaman kuwi sak bisa-bisa
ora dienggo nglarani ananging mung dienggo jaga-jaga. Santriadi lan Swandari
nunggang jarane dhewe iring-iringan. Sikatan jarane Swandari katon gagah apa
meneh sing nunggangi uga ayu tur prigel.
Papan pandhelike begal-begal kuwi
arupa kampung cilik ana tengah alas. Ana kurang luwih limalas omah sing digawe
saka empring lan nam-naman alang-alang. Saben omah isi kurang luwih wong telu
lan saben omah mesthi ana wong wadone. Kabeh kuwi mau wis dingerteni dening
Sripada sak kancane awit Sripada uwis dhingkik sak durunge ngerigake bala-balane. Sing Sripada durung ngerti wong-wong wadon
kuwi bojo-bojone begal kuwi mau utawa prawan desa kang dipeksa lan diculik
kanggo ngladheni para begal. Nanging yen nilik anggone ora dibandha lan ora
ketok susah, mbok menawa kuwi pancen bojone para begal sing manggon alas kono.
Maneka werna gaman uga sumadiya, wiwit sing cilik tekane sing gedhe banget,
kaya gebug, gadha lan sak piturute. Kampunge pancen ndhelik lan duwe sumber
kanggo adus, olah-olah utawa
umbah-umbah, dadi ya pancen ora tau konangan para prangkat desa utawa prejurit
sing kawogan njaga kemanan. Dasar panggonane uga akeh wit-witan lan
grumbul-grumbul. Sak liyane kuwi papan pomahane uga digawe saka empring mau,
dadi samun karo kahanan alas.
Sakwise mlebu laladan alas kang
kanggo pandhelike begal-begal kuwi mau, jarane Swandari wis wiwit mere-mere lan
tanpa taha-taha langsung mlayu mlebu ing kampong begal kuwi. Para begal kang
lagi wae tangi turu utawa ngaso wis ora kober nyepakake awake sak enggo kanthi
gampang bisa karangket. Sadengah nyoba ngadhepi bala-balane Santriadi nanging
jebul wong-wong iku luwih limpad lan prigel ulah gegaman. Bandayuda ora bisa
kaelakna. Ana sing ngobat-abitke pedhange. Ana uga kang nyudhuk-nyudhuke
tumbake ananging kabeh bisa diatasi kanthi becik dening wong-wong desa sing wis
dilatih kuwi.
Prejurit-prejurit wedok kang
digladhi Swandari jebul uga lumayan mumpuni. Begal-begal lanang kang gedhe awake tur rosa,
bisa diatasi kanthi gampang amarga prejurit-prejurit kae pancen wis digladhi
samangsane ketemu mungsuh sing luwih gedhe lan rosa. Begal dirangket, dicekel,
dibandha. Santriadi mung ngelingake supaya prejurit-prejurit kuwi ora mateni
begale kejaba sing ngeyel-ngeyel. Ora gantalan suwe perang lan badayuda kasil
dimenangake prejurit ndesane Santriadi. Begal dibanda urut semut lan digiring
menyang desa. Papan pendhelike di obong supaya ora didadekake panggonan ndhelik
maneh.
Prejurite Swandari ora ana sing
tatu utawa mati, kabeh mau ya awit wulangane Swandari sak kancane. Wong-wong
ndesa kang maune wedi lan jireh yen ngadhepi para begal, saiki wis rumangsa
luwih wani amarga wis duwe kabisan. Sak liyane kuwi samangsa-mangsa ana begal
meneh kang arep mbegal, maling ngrampok. Wong desa lan non-nomane wis bisa
ngatasi dhewe tanpa perlu nunggu priyayi sing kawogan. Ananging Swandari lan
Santriadi tetep ngelingake supaya pada ora waton milara wong liya. Menawa begal
wis kecekel tetep kudu digawa ana panggonane priyayi kang kawogan kuwi mau.
Sripada lan barisan para priya uga
kasil ngringkus kabeh begal ana laladan iring kidul wetan. Banjur begal-begal
kuwi mau dibandha lan didadekake tontonane wong desa. Kabeh padha seneng merga
yen kabeh begal wis kecekel kuwi tandhane urip bisa lumaku kaya maune lan adat
sabene, tanpa ana rasa was-was lan sumelangmeneh.
Kabeh begal di bandha ana pendapa
lan latare Swandari. Wong-wong kuwi mau uga ditakoni keneng apa ngrampok?
Pawadane werna-werna ananging sing baku kabeh padha susah yen perang ora leren
lan marai kahanan dedagangan dadi sepi lan ora
gampang golek sandhang pangan. Swandari lan Santriadi banjur nakoni para
begal apa padha nduwe kabisan sak liyane nggebuki uwong utawa tumindak kang
aeng-aeng kaya ngapusi, seneng nggendham lan sak piturute. Jebul rata-rata
pancen ora duwe kabisan sak liyane nyambut gawe kasar kaya dadi buruh neng
sawah, tukang blandong kayu utawa dedagangan. Swandari banjur mikir rada suwe.
Dheweke ngeling-eling nalika ngetutake Santriadi sinau ana padhepokane Ki Ageng
Gribig, Santriadi wis tau tetulung
marang wong Kalang kang tatu merga dicokot ula.
Pawongan kuwi banjur digendhong karo Santriadi mulih ana padhepokan
supaya bisa ditambani. Nyawane slamet, banjur pawongan kuwi janji bakal
ngewangi Santriadi menawa sak wanci-wanci genti butuh pitulungan. Swandari
kelingan menawa wong kuwi pinter bab ukir-ukiran arupa kayu utawa wesi utamane
emas. Swandari banjur mbisiki Santriadi bab kuwi, sapa ngerti yen wong-wong
kuwi diajari ngukir kayu utawa emas bisa entuk pegaweyan sak liyane ngrampok.
Menawa pawongan kuwi duwe kabisan mesti ora kangelan golek gaweyan. Santriadi
manthuk sarujuk. Wong Kalang
kang aran Ki Sakir banjur dijaluki tulung ngajari wong-wong kang wis gelem
mertobat kuwi. Santriadi seneng jebul Swandari ora mung pinter ing
babagan perang utawa ulah kaprajuritan ananging uga bisa ngekeki dalan kanggone
wong-wong kuwi bali ana dalan kang bener.
Sakliyane kuwi, Swandari uga
ngajari maca, nulis lan ngetung supaya rampog-rampog kuwi yen wis bisa duwe
kepinteran banjur bisa miwiti urip kang anyar. Bojon-bojone uga diajari
mbathik, njahit, nenun lan kepinteran liyane sak engga bisa ngewangi sing
lanang golek rejeki, ora ming nyadhong wae. Dene sing pancen prigel ana babagan
bandayuda, Sripada lan Suteja gelem ngajari supaya bisa dadi prejurit kang
mumpuni kanggo nglabuhi bangsa lan negarane.
Santriadi dhewe uga gelem cucul,
ateges menawa tilas begal kuwi padha gelem mertobat lan gelem sinau, Santriadi
bakal menehi modal kanggo pawitan ngupaya rejeki sing halal lan ora nerak
paugeraning Negara. Santriadi janji yen bakal mbalekake kumandhange pasar lan
ngupaya supaya perang bisa ndhang rampung. Awit Santriadi ora mentala menawa
weruh kawulane mati merga kaliren.
Apa kang coba dilakoni dening
Swandari, Santriadi, Sripada lan Suteja nuwuhake pengarep-arep anyar kanggone
wong kang maune wus rumangsa kelangan jati dirine, kelangan penggaotane lan
kelangan kapercayane. Meh nem sasi suwene, Santriadi lan Swandari sak kanca
mulang begal-begal kuwi kanthi pambiyantune wong Kalang aran ki Gotra sak
andahane. Ana uga pawongan kang neka
saka Sulawesi lan Lasem. Pawongan kuwi uga nawakake pambiyantu kanggo ngajari
nggawe kapal-kapal gedhe utawa cilik saka kayu. Ana prau biasa sing bisa kanggo
golek iwak, jung kang bisa kanggo ngangkut beras, sapi lan sak piturute, tekane
kapal Phinisi sing bisa nggawa prejurit maewu-ewu. Santriadi mesthi wae seneng banget, pawongan
kang jenenge Kraeng Sowa lan Sajuron banjur dielokake ana ing pamulangan iku.
Kayu-kayu kang dienggo gawe prau
lan kapal kanggo sawetara durung bisa njikuk saka Blora merga perang antarane
Mataram lan Demak, banjur dijikukake saka wewengkon alas jati ana sak dhawane
Gunung Kidul. Jati-jati tua sing gedhe lan bakoh digeret medhun cedhak segara
supaya bisa dirancah lan digawe kapal. Swandari mongkog atine nalika weruh
ragangan kapal sing lagi digawe. Ancase, yen wong Mataram padha bisa gawe kapal
mesthi ora angel lunga menyang manca Negara lan nemokake laladan anyar kang
bisa dienggo jembarake wawasan uga wewengkone Mataram.
Swandari bocah pesisir banjur kaya
duwe gegayuhan bisa nelukake segara kanggo nguripi bangsane. Bab kuwi uga tau diomongke karo Santriadi,
mboka sajak ora digape. Ananging Swandari
percaya yen Santriadi mesthi uwis duwe gagasan bab nelukake segara kang jarene
wingit lan gawat kaliwat-liwat. Swandari mikir menawa segara kang wingit kuwi
bisa dilayari, ora mokal ana segara sing biru kuwi akeh maneka wernaning asile
segara lan bisa kanggo nguripi ora mung desane ananging kabeh kawula sak
Negara. Impen kang kerep ngreridhu anggone turu. Sak suwene iki Swandari ming
bisa ngrasakake iwak kang dicekel saka sungapan opak merga durung ana sing wani
nunggang kapal lan lelayaran nganti tengahing segara kidul sing ombake pancen
nggegirisi. Nanging yen kapale gedhene ping telune omahe, mesthi wae ombak kuwi
ora bakal bisa nggolingake, paling mung bisa nyempyok wae.
Ing sawijining wengi nalika
Swandari lagi turu pules dheweke ngimpi dene segara kuwi mbukak kaya binelah.
Santriadi katon mlaku nembus segara kang binelah kuwi, banjur ana ngimpi kuwi
katon ana wanita cacah sanga kang njoged Bedhaya. Ananging Bedhaya kang
dijogedake bedha kaya kang tau disinau Swandari. Bedhaya kuwi kaya nggambarake
dhaupe Kanjeng Panembahan Senapati swargi karo retune segara kidul, kairing lan
kaapit para penari sing ayune jan ora bisa dicritakake. Santriadi uga ana kono
sajake kaya njangong dhaupe kanjeng ramane. Swandari mbengoki Santriadi nanging
ora keprungu amarga tabuhan gamelane sora banget. Swarane gamelan kuwi ngiring bedhaya kang
saben obahing awake ditutake lenggoking banyu segara kang winelah kuwi. Bab
kuwi mesthi wae marai Swandari sumelang atine. Sumelang yen banyu segara kuwi
banjur nyempok Santriadi. Ananging endahing swara gendhing lan obahing jogede
para bedhaya wis kaya nggendham Santriadi. Swandari saya goreh nalika banyu
kuwi wiwit tiba kaya arep ngelepi papan sing dienggo njagong kuwi mau. Swandari
banjur sigra nggeret tangane Santriadi dijak mlayu ngadoh saka banyu. Maune
Santriadi panggah ora gelem, nanging awit saking kuwate penarike Swandari
Santriadi banjur katut. Bener kang dadi pikirane Swandari banyu nyempyok lan
ngelepi kabeh sing ana. Ananging bedhaya lan mantene kaya-kaya amem wae tetep njoged
kaya umume wong njoged ana pendhapa kamangka kuwi ana njeron banyu. Santridai
ditarik saya sora supaya ngadohi banyu sing ngoyak arep ngelepi, mak byur awake
Swandari lan Santriadi kaya kauncalake ombak gedhe ana sak pinggiring segara.
Swandari melek. Dheweke ngucek
mripate mesthekake menawa bab kuwi kabeh mung pangimpen wae. Nanging lucune
mboka turu ana peturon ananging awake lan rambute krasa teles pliket kaya entas
dicemplungake ana segara. Swandari bingung, nanging kuwi kabeh dadi ora penting
nalika Swandari kelingan Santriadi.
Dheweke banjur tangi mak nyat lan mlayoni panggonane Santriadi olehe
turu. Bingung lan ngungun, dene Swandari weruh
Santriadi turu kepati kanthi awak kang telese padha karo Swandari.
Peturone malah isih tetes-tetes banyu kang ambune persis banyu segara. Swandari
banjur nggoyak-oyak awake Santriadi “Gusti….wungu Gusti.”ngono pambisike supaya
kanca-kancane kang turu nunggal senthong ora melu tangi. Santriadi kaget banjur
tangi alon. “Wah….jan, kowe ki piye ta. Aku kuwi isih kepengin ngrungokake sak
gendhing meneh je.” Kandhane karo ngucek-ucek mripate. “Ageman penjenengan
teles, kasuripun ugi teles. Gantos rumiyin mangke mindhak gerah utawi masuk
angina.” Swandari matur karo ngulungake sandhangan garing. Santriadi nampani pakeyan
kuwi banjur salin. Swandari kang wus ngganti klambine banjur nggulung kasur
teles mau banjur digenteni sing anyar sing ora teles.
Santriadi banjur nyedhaki Swandari
“Bedhaya mau apik banget ya? Apa sliramu bisa njoged kaya ngono kuwi?”
Santriadi takon. Swandari kethip-kethip sajak ora percaya dene wengi iki
dheweke lan Santriadi bar ngalami impen sing ora sak baene ananging Santriadi
sajak ora gumun, ora binggung lan ora ngungun. Kabeh sajak kaya bab kang umume
awe. Santriadi banjur njaluk piranti kanggo nulis. Swandari nyepakake apa kang
dibutuhake. Sewengi Swandari ngancani Santriadi nyatheti gendhing lan nggambar
perangane ragam jogged lan obahing awak. Santriadi uga nggambarake rakitan
jangkahe sing kaya garudha nglayang, jejer wayang, urut kacang, kalajengking,
perang, gawang tiga-tiga. “Coba pencukan perange, tirokna sing kaya mau ya, aku
ethok-ethok dadi mungsuhe.”kandhane alus. Swandari wangsulan “Nandalem menika
lucu lho, lha wong wismeh byar ngaten kok malah ngejak pencukan perang.” “Wis
ta, aja seneng ngeyel. Mengko yen wancine sliramu njoged kanggo aku mundhak ora
damang.”kandhane Santriadi meneh karo ngulungake cundrik loro. Santriadi lan
Swandari banjur njogedake perange ana bedhaya kang sewengi diimpekake. Lagi
padha ngglenggeng anggone njoged ujug-ujug ana panah kang mabur persi ngarah
janggane Santriadi, kanthi cukat trengginas Swandari nyurung Santriadi memburi
sak engga panahe mleset, Santriadi kaget.
Ora gantalan, lawang kabukak byak,
ana kira-kira wong sepuluh nggrudhug panggonan kuwi lan ngarah patine
Santriadi. Ananging dialang-alangi dening Swandari. Santriadi uga banjur siyaga
bandayuda karo uwong-uwong kang sajake dikongkon mateni awake.
Sripada kang maune turu angler
banjur tangi gregah krungu rame-rame semono uga Suteja. Wong papat mungsuh
sepuluh uwong, kabeh nganggo sandhangan ireng-ireng raine uga ditutupi. Sripada
kang mbuka serangan nandhingi wong-wong kuwi. Di susul Swandari, Santriadi lan
Suteja. Swandari nggone bandayuda kasil mbukak salah sijining tutup raine
wong-wong kang padha gawe kisruh kuwi. “Tejawati?” pambengoke. Tejawati ngerti
yen Swandari kaget nggunakake kalodhangan kuwi kanggo nendhang pupune Swandari,
ananging mleset merga Swandari bisa ngendhani, suwalike Swandari kasil nggaplok
raine Tejawati nganti meh wae tiba. Jebul Swandari saya rosa sak wise ngetutake
Santriadi. Swandari banjur nlikung
tangane Tejawati. Nanging Tejawati ora
kalah limpad, bisa ngendhani panlikunge Swandari, Tejawati banjur nyudhukake
cundrike ana bangkekane Swandari ananging kasil kasampluk malah banjur tangane
Tejawati kecandhak lan banjur dibanting dening Swandari. Tejawati banjur
semaput.
Santriadi uga kasil bisa nelukake
wong telu kang nyerang lan ngrubut dheweke salah sijine uga kancane Tejawati aran Gupita, Sripada lan
suteja semono uga. Wong sepuluh banjur bisa dicekel kabeh. Swandari banjur
nakoni Tejawati ngenani sapa sing akon mateni Santriadi, ananging Tejawati
ethok-ethok ora ngerti. Swandari gregeten, ananging ora tegel yen arep milara.
Sripada banjur njikuk cundrik kang
digawa saka Tejawati. “Yen didelok saka cundrike, katone sing ngakon wong kang
duwe kalenggahan dhuwur ana Mataram. Cundrik kaya ngene biyasane ming diagem
para wanita. Dadi mesthi wae sing ngakon mateni uga wanita.”kandhane. “Iya,
bener kandhamu kakang Sripada. Kuwi cundrike Kanjeng Ratu Tulungayu. Aku wis
tau ngerti nalika beksan mbiyen, cudrik kuwi sing diagem.”kandhane Swandari.
Suteja bingung, dheweke banjur nyedhaki Santriadi.”San, lha sakjane kowe ki
sapa ta? Genaya kanjeng ratu kepengin ngarah patimu gek luputmu kuwi
apa?”pitakonane Suteja lugu. Sripada ming kukur-kukur ora wani wangsulan.
“Ngene, Ja. Bab aku sapa kuwi ora penting. Sing baku saiki kabeh slamet ora kurang siji
wae.”wangsulane Santriadi. “Mengko dhisik ta. Ndari kowe sak jane rak ya ngerti
sapa sakjane Santriadi kuwi. Keneng apa aku ora mbok blakani. Sak mene akehe
uwong, ming aku thok sing ora ngerti apa-apa.”pambengoke Suteja. Tejawati kang
mung meneng wae banjur omong “Pawongan kuwi sing katelah raden mas Rangsang
putra pembarepe Kanjeng ratu Retna Dumilah karo swargi Kanjeng Panembahan
Senapati. Dene Kanjeng Ratu Tulungayu kepengin ngarah patine, amarga Raden Mas
Rangsang iki arep ngendih panguwaos Dalem.” Kandhane Tejawati. “Cukup. Ora
perlu diterusake. Saiki kowe wis ngerti sapa sejatine kangmas
Santriadi.”kandhane Sripada sora. Nanging Suteja kang rumangsa ora dipercaya
lan diapusi banjur lunga. “Kakang…!” pambengoke Swandari. “Uwis. Ben aku wae.”
Kandhane Santriadi kang banjur ngoyak playune Suteja.
Suteja mlayu tekan pinggiring
segara. Santriadi nyusul ora let suwe. “Sing gedhe pangapura ya, Ja. Aku lan
adhimu ora duwe niyat ngapusi. Sing baku aku tetep nganggep kowe lan Sripada
kaya sedulurku dhewe amarga sak suwene iki wis gelem melu lara lapa. Keneng apa
aku ndhelikake jeneng lan kalenggahanku, ya salah sijine merga aku kerep
dioyak-oyak lan arep dipateni. Dadi aku kudu nyamudana. Sak liyane kuwi apa kang dikandhakake bocah-bocah
wadon kae ora bener. Yen aku nyata-nyata kepengin ngraman, keneng apa aku malah
golek cara kanggo mungkasi perang antarane Kangmas Puger lan Kangmas
Hanyakrawati? Sepisan maneh sing gedhe pangapuramu.”Santriadi kandha
karo nggoceki pundhake
Suteja. Suteja banjur ndheprok. “ Kula ingkang nyuwun pangapunten, denmas. Sak
dangu penjenengan wonten griya kula, kula sampun wantun tumindak kang kirang
trapsila lan nilar suba sita.” kandhane Suteja, sak jane anggone nesu merga
rumangsa diapusi among dienggo nutupi isin. Suteja rumangsa ora tumindak bener
amarga ora njaga tataning susila marang priyayi kang luwih dhuwur kalenggahane.
Kanggone wong Jawa tumindak sing kaya mengkono kuwi sirikan, apameneh kanggone
wong kang diwulang tata karma wiwit cilik. Santriadi banjur nggoceki lengene
Suteja karo ngangkat awake Suteja supaya ngadheg. “Aja ngowah-owahi adat. Yen
kowe tumindak kaya ngene, kuwi pada karo kowe mbukak wewadiku.” Santriadi
mandheng Suteja kang isih ndhingkluk. “Nanging sak estu, denmas. Kula nyuwun
pangapunten ingkang sak ageng-agengipun.” Kandhane meneh. Kanggo nglipur atine
Suteja, Santriadi banjur ngrangkul Suteja, “Wis rasah di pikir. Saiki kowe melu
aku wae neng Demak. Mengko ibumu ben karo Nursi, dadi ana sing ngewangi. Kowe,
Ndari lan Sripada melu aku nang Demak kanggo nyekel kangmasku Pangeran Puger.
Eh sapa ngerti kowe bisa ketemu karo bapakmu ana palagan. Sak ngertiku bapakmu
rak ana bregadhane Kangmas Pangeran Purbaya, ta?” pitakone Santriadi. “Inggih.”
Wangsulane Suteja lirih. “Ya wis, moga-moga sesuk bisa ketemu. Amarga aku dhewe
ya durung ngerti bapakmu sing endhi, mboka aku sok linca-linci ana ndalem
Purbayan.” Kandhane Santriadi. Suteja manthuk. “Lajeng tiyang-tiyang ingkang niyat mejahi
penjenengan kados pundi?” Suteja banjur takon. Santriadi mesem. “Sing wadon di
culke wae, ananging sing lanang-lanang mengko dipasrahake kangmas Purbaya wae.
Monggo borong arep dikapake.” Santriadi wangsulan.
Isuk kuwi cahyaning sang bagaskara kang wiwit metu madhangi jagad katon
endah. Suteja lan Santriadi banjur cucul lan ngetutake jogeding ombak.
Kaya-kaya ngilangake kabeh rasa kang ngabot-aboti pikir. Kekarone padha
lelumban ana ademe banyu segara kanggo ngeningake rasa kang sumrimpet ana
kalbu. Saka kadohan Sripada lan Swandari mesem merga weruh endahing sunaring
surya kang bakal dadi pepadhang ing Mataram.
TTTTTTTTTTTTT
Nyai Supanggah sarujuk dadi dutane
Mataram sak wise Swandari matur marang pangeran Purbaya lan diparingi lilah.
Swandari banjur ngiring Nyai Supanggah sowan pangeran Puger kanthi sesidheman supaya ora konangan
dening adipati gendhing lan adipati panjer. Sak durunge Nyai Supanggah
didunungake ana Tegawanu Grobogan ana tapel wates Demak. Nyai Supanggah lan
Swandari nyamudhana dadi penari tayub. Tayub dhewe mula seni kang wus ngrembaka
wiwit jaman Singasari lan akeh digelar ana desa2 ing wewengkon Grobogan, Pathi
lan Blora. Tayub mawa teges tata lan guyub, dadi jarwa dhosone mawa teges
ditata ben guyup. Seje karo bedhaya, tayub duwe ragam gerak kang luwih prasaja
lan rampak. Tayub biayasane digelar kanggo mahargya kasile panenan utawa
supitan lan mantenan, dadi pancen ora dadi bageyan perangane upacara.Tayub
luwih kanggo nelakake rasa syukur lan rasa gembiraning para kadang tani lan
kawula alit umume. Yen ana Mataram, Tayub meh padha karo ledhek kang disewa
saka dusun ing dusun liyane. Lan ora digunakake ana pasamuwan kang gedhe.
Sripada, Suteja lan Santriadi uga
nyamun dadi tukang kendhang lan pengrawit kang nabuhi para penari tayub kuwi.
Anggone padha nayub entuk pangalembana saka para kawula lan perangkat desa. Lan
ora suwe rombongan tayub iki kepireng dening pangeran Puger. Pangeran Puger
banjur utusan marang abdine supaya nimbali para penari tayub kuwi. Sakwise
nglakoni perang meh patang taun suwene, marai para prejurit uga kesel lan
jeleh. Kuwi sebabe pangeran Puger banjur ngersakake tontonan sing bisa kanggo
nglipur rasaning ati.
Santriadi, Sripada lan Suteja wis
wiwit waspada nalika mlebu ana wewengkon prejurite mungsuh. Kahanane pancen
rada ora ngepenakake. Para prejurit kang wus katon kuyu-kuyu marga aboting
laladan peperangan, suwene anggone
bandayuda lan tatu awak kang durung bisa mari, ketambahan weteng sing
luwe merga ransume dijatah kanggo ngirit supaya ora kentekan pangan. Para
prejurit kuwi sajake uga wis kangen marang anak bojone, ananging furung bisa
mulih merga kudu ngayahi kuwajibane. Santriadi banjur rembugan karo para
pengrawite supaya wiwit nabuh gamelane, ananging kanthi tembang2 sing nglangut
lan ora rampak kaya biyasane. Tembang2 kang marai prejurit2 kuwi ora duwe
greget lan kepengin padha mulih. Swandari lan Nyai Supanggah uga ngetutake
wirama kang laras karo tetabuhane. Nglangut, ngayut-anyut. Pangeran Puger kang lagi wae rawuh maune arep
duka dene tayub kok ora rampak. Nanging nalika weruh yen sing njoged Nyai
Supanggah utawa Sekarwati, wanita kang sak jane banget ditresnani, pangeran
Puger banjur deg2an. Apameneh nalika weruh Swandari. Iku ateges prejurit kenya
wis kasil nembus jantunge kekuwatane Demak . Bengi kang adhem dadi krasa sumuk
kanggone Pangeran Puger. Kringete byuk2an. Ananging pangeran Puger tetep nyoba lerem.
Arya Gendhing lan adipati Panjer banjur nyusul pangeran Puger melu nonton
anggone padha tayuban. Sripada kang weruh gelagat kang kurang becik banjur
ngowahi kendhangane dadi luwih rampak supaya siasate ora konangan. Ana ing
sawijing kalodhangan, Nyai Supanggah nguncalake sekar menur ana ing pangkonane
pangeran supaya kersa njoged bareng. Pangeran Puger kang goreh merga kedereng
penggaluhe kang ora jenjem banjur kersa njoged bareng Nyai Supanggah kang
pancen kawentar ayune, weweg awake lan luwes jogede. Nalika beksa bareng kuwi
Nyai Supanggah kasil ngaturake karepe kepengin pinanggih pangeran Puger
pribadi. Pangeran Puger nayogyani mengko
sak bar tengah wengi. Nyai Supanggah mbacutake jogede nganti udakara jam
sewelas bengi, sak banjure rombongan kuwi diparengake leren ana omah kang
dibangun saka pring ora adoh saka wewengkon anggone nayub kuwi. Senadyan ta
tontonan wis bubar, ana njero gubug kuwi Santriadi tetep mainake rebabe kanthi
swara kang ngayut- anyut. Mbaka siji prjurit Mataram kang dadi pendhereke
pangeran Puger wiwit padha nglokro lan pengen bali. Sak banjure padha nibakake
pedhang lan tumbake. Mbaka siji banjur padha tinggal glanggang, acolong playu.
Kabeh padha milih ngulihi anak bojone, tinimbang melu perang kang ora cetha
kapan rampunge. Sripada lan Suteja uga alon- alon ninggalake papan anggone
ngaso lan wiwit nggoleki papan2 kang
ringkih saka para prejurit Demak kuwi.
Suteja nyedaki papan kang dienggo
nyimpen ransum utawa pangane prajurit. Suteja banjur ngewur-wurake bubukan kang
digawe saka godhong kecubung lan jamur tlethong. Bubukan kuwi marai sok sapa wae kang memangan
bakal mabuk lan mutah2. Sawetara kuwi Sripada nyedhaki panggonan kang dienggo
nyinggahake gegaman utamane bedhil, panah lan tumbak. Amarga gaman-gaman kuwi
mau bisa ditembakake utawa diuncalake nganti tekan adoh, sak enggo kudu
disingkirake. Yen prajurit ora bisa mbedhil, manah lan numbak, kuwi wis padha
karo ngelongi kekuwatane mungsuh separo luwih. Dene Swandari ngiring Nyai
Supanggah nemoni pangeran Puger ana papan kang wis dikandhakake nalika pangeran
Puger mau njoget.
Papan kuwi arupa alas cilik kang
wis diresiki grumbule ananging isih akeh wit-witane. Ana kono pangeran Puger
mesanggrah yen lagi ora kepengin ditemoni sapa wae kejaba wong-wong kan pancen
ditimbali. Kuwi sebabe para prajurit uga ora nyekel utawa ngendhek lakune Nyai
Supanggah lan Swandari. Sak wise uluk salam Nyai Supanggah diparengake mlebu
ana omah cilik saka pring kang banget prasaja lan uga nam-naman blarak kanggo
payone. Nang jero katon ana senthir kang murub pelik2 ana njero. Kamangka ana
njaba dipasangi oncor gedhe2. Sepisan kanggo madhangi papan kuwi, kaping
pindhone uga bisa kanggo ngangetake awake para prejurit sing jaga sak liyane
saka urubing kayu kang dibakar sak tengahing latar pesanggrahan kuwi.
Swandari ora melu mlebu ananging
nunggu neng njaban omah. Prejurit sing
ana kana wola-wali mbalangake liring amarga seneng weruh bocah wadhon ayu,
apameneh wis ninggal bojo pirang2 taun lawase. Swandari njaga subasitane sak
engga ora mancing prejurit-prejurit kuwi tumindak kurang ajar utawa murang
tata.
Ora kenyana, wengi kuwi raden mas
Wirata njedul saka barisane prajurit lan kepengin caos pelaporan marang
bapakne. Swandari kaget nalika adu arep karo denmas Wirata. Denmas Wirata uga
kaget, ananging uga campur seneng nalika bisa ketemu maneh karo Swandari sing
pamore wis katon pecah. Raden mas Wirata meh wae ora percaya geneya Swandari
ana ngarepe pesanggrahane kanjeng ramane. Kebak ing pengarep-arep lan rasa
tresna Raden mas Wirata ninggal tata krama, Swandari diplayoni banjur
diruket." Diajeng. Sidane sliramu
tekan kene tenan. Aku wis kapang tenan ketemu sliramu." Swandari rada risi
lan isin merga ana kono ana pirang-pirang prajurit kang jaga. "Denmas,
kula aturi emut. Menika sanes panggenan ingkang sae." Wangsulan
Swandari. Raden mas Wirata bajur
ngeculake pengrukete, pasuryane abang merga isin. "Apuranen aku nimas menawa
kurang trapsilaning tumindakku. Ora ateges aku arep kurang ajar, ananging
kedereng rasa kangen lan tresnaku marang sliramu. Lha kok sliramu uga ana ing
pesanggrahane kanjeng rama ki gek ana perlu apa? Tur kok ora tindak mlebu wae
malah ana kene. Mesthine rak ya adem. Apameneh sliramu ming ngagem mekak kaya
ngono." Ngendhikane Raden mas Wirata karo ngalungake jarit kang sengaja
digawa kanggo ngilangake rasa adhem. Swandari jan-jane atine ora karu-karuwan.
Kepingine bisa nanggapi apa sing dadi sedyane priya kang wus suwe dadi
pepujaning atine, ananging ayahane marang negara lan gustine luwih penting
tinimbang rasane dhewe." Denmas, kula sowan dateng keng rama menika margi
ngayahi kuwajibaning negari. Ingkang sepindah kula pun utus ndherelaken Nyai
Supanggah ingkang dados utusanipun kanjeng Ratu Retna Dumilah. Ingkang kaping
kalih kula kedah mesthekaken dene Nyai Supanggah bidahal lan wangsul kanthi
slamet mboten kirang setunggal menapa." Wangsulane Swandari. Mboka jane
atine kaya rinujit-rujit nanging dheweke ora kena mingkuh. "Dadi sliramu
adoh-adoh tekan kene dudu merga pun kakang ta cah ayu."ngendikane denmas
Wirata semu gela. " Nyuwun pangapunten demas." Swandari mangsuli karo
ndhingkluk. "Menapa malih sakmenika nandalem ugi sampun bebrayan kaliyan
ndoro ayu Rukti. Kula mboten saged natoni manahipun ndoro ayu Rukti. Badhe
kados menapa kemawon, ndoro den ayu Rukti menika nate dados mitra lan kanca
ingkang asring tetulung dumateng kula. Menawi kula lajeng taksih sesambungan
tresna kaliyan nandalem, menika ateges kula wanita ingkang culika, mboten
mangertos budhi." Wangsulane Swandari meneh. " Mengko dhisik ta
nimas. Apa sliramu durung nampa layangku? Nalika semana aku nitipake layang
marang salah sijine gandhek aran Suwela. Apa sliramu ora ketemu? Raden mas
Wirata bali takon maneh. " Serat?"Swandari bingung. Raden mas Wirata
banjur kendel. Layange wis mesthi ora tekan, pantes wae Swandari nesu, mangkono
pikire. Ananging sak jane, sak plok dipisahake saka denmas Wirata, Swandari wis
nglenggana menawa dheweke ora patut sesandhingan karo denmas Wirata, lan nalika
ana kabar angin kang ngandhakake dhaupe denmas Wirata karo den ajeng Rukti
nalika kuwi, Swandari wis mupus pengarep-arepe mboka tresnane ora banjur ilang
ngono wae. Wewayangane denmas Wirata isih dok ngreridhu impene ananging saiki
wis wiwit katon pelik2 ana kadohan. Loro-lorone saiki padha amem sajak
ngenam-nam pikirane dhewe-dhewe. Denmas Wirata kang ora saguh ngapusi atine
mesthi wae isih nyoba ngronce pengarep-arep bisa nyandhing wanita kang endah
ing rupa sak ngarepe kuwi. Swandari sajake duwe pikirane dhewe, priya kang wus
njikuk atine kuwi katon adoh banget ana sak pinggiring jurang jero kang tangeh
lamun bisa diliwati. Sak engga kanggo ngranggeh wae Swandari wis kelangan daya
dadi dheweke milih mupus pangimpene. Apameneh kahanan saiki nalika jebul Pangeran
Puger ngraman tumrap negarane. Uwis mesthi bakal diluputake sak sapa wae.
Swandari saya krasa ora bisa nyaut tresnane kuwi amarga dalan tumuju mrana saya
rumpil. Yen pangeran Puger tenan menang ing ngajurit lan Mataram teluk, kuwi
uga ateges Swandari uga dadi telukan mungsuh lan kepetung dadi wong kang
disingkirake. Semono uga suwalike.
TTTTTTTTTTTTT
Ana ing jeron pesanggrahan ora
kalah mbingungake. Pangeran Puger manahe kejot amarga Sekarwati marak sowan.
Sak jane kanjeng Pangeran Puger wis pirsa yen Sekarwati kautus nganti tekan
Demak kanggo ngglembuk slirane supaya kersa pasrah marang Kanjeng Sultan
Hanyakrawati. Ananging Pangeran Puger uga pirsa yen pasrah ateges soroh nyawa.
Pangeran Puger uga wis nduweni firasat menawa Sekarwati duwe karep nelukake
Pangeran Puger kanthi cara aris utawa kasar, sakengga nyamudana dadi ledhek
utawa penari Tayub, supaya mulusake dalane nyedhaki pangeran Puger lan
andahane. Kabeh niyaga lan penari sing digawa wis mesthi dudu wong biyasa
ananging para prejurit pilihan. Sak engga Sekarwati wani mlebu ana jantunge
mungsuh. Kamangka mung nganthi udakara kurang saka lima las uwong. Pangeran
Puger wis apal siasat kaya mengkono biyasane
dirancang dening rakane Pangeran Purbaya. Nanging andahan saka Purbayan
ora ana siji wae sing ketok. Kabeh kaya-kaya bocah-bocah enom nanging katon
padha prigel anggone nggamel lan nembang. Bocah-bocah kuwi ora ana sing
dingerteni dening Pangeran Puger kejaba Raden Mas Jatmika kang uga nyamudana
dadi pengendhang. Ananging praupane kang tunggal turun pancen ora bisa
didhelikake. Saiki Raden Mas Jatmika wis dudu bocah maneh ananging priya kang
gagah pideksa persis kaya ramane Panembahan Senapati. Pangeran Puger ming bisa
ngrasakake yen ana Raden Mas Jatmika uwis mesthi prejurit Kenyane Kanjeng Ratu
Retna Dumilah kang kawentar kuwi mesthi ora bakal keri lan mesthi cawe-cawe.
“Nyai, apa sing marakake sliramu
kedarang-darang tekan Demak kene? Apa ya kraton Mataram kuwi wis kentekan
bandha-bandhu sak engga tilas kembange penari dalem nganti dadi ledhek kang
mbarang turut dalan. Aku tenan anggone miris, geneya sliramu kang dadi empune
joged Mataram nganti ngasorake awak kaya ngene?” Pangandhikane Pangeran Puger
nylekit. Sekarwati wis ngerti yen pangeran Puger dudu priyayi kang gampang
ditelukake banjur matur kanthi esem kang isih marai geter sok sapa wae kang
nyawang.”Ngaten Gusti, kula kedarang-darang dumugi Demak mriki naming amargi
mboten mentala sumerep tangising para kawula Mataram utawi Demak. Cobi nandalem
penggalih, meh sekawan taun anggen panjenengan nggedhak perang keng rayi,
menapa lajeng sasap ing jurit? Mboten. Kenging menapa, amargi nandalem kaliyan
sinuwun Hanyakrawati kagungan kekiyatan ingkang sami. Gajah tarung sami gajah
sinten ingkang tuna, kawula alit kados kula lan tiyang-tiyang sanes. Kula dados
ledhek, mboten kok kula ngasoraken drajat para penari Kraton Mataram. Ananging
kula ngemutaken bilih nandalem kekalih gadhah kawula ingkang ugi betah
remen-remen. Nalika panen saged jejogedan. Sanes anjoged ananging jejogedan.
Nandalem temtu pirsa bentenipun. Anjoged
menika mligi joged kangge memuja Gusti Maha Agung kang Akarya Jagad. Mila dados
piranting upacara sanes kangge tontonan ananging kangge memuji dateng asmanipun
kang Maha Agung. Ananging para kawula
ugi betah jejogedan kangge mratelakaken raos remen lan raos syukur amargi panen
ingkang sae, badan ingkang saras lan negari ingkang tentrem. Ananging menawi
nandalem lan kanjeng sinuwun naming perang lajeng, kadospundi nasibipun para
kawula. Sok sintena kemawon ingkang lenggah dados panguwaosing praja, menika
mboten wonten ginanipun tumraping para kawula menawi para panguwaos kalawau
mboten saged ndamel para kawulanipun jejogedan. Panen ingkang kados menapa
ingkang saged damel obahing badan menawi siti ingkang kedahipun pun tanemi,
risak pun idhak-idhak kapal lan para prejurit. Lajeng Kraton ingkang kados
pundhi ingkang saged mulyakaken Gusti Allah kanthi anjoged menawi para
panguwaosipun naming ribet regejegan rebut benere dhewe lan tumindak sakarepe
dhewe. Menapa nandalem ing wanci kados mekaten ugi taksih emut kangge nenepi
kados kanjeng Panembahan swargi, lelana teki-teki, ngisep sarining asepi?
Menapa nandalem ugi emut mulyakaken Gusti Allah? Menawi nandalem emut temtu
boten badhe kedereng ing hardening kanepson. Sedaya putranipun Kanjeng
Panembahan menika kagungan hak wonten damparaing Mataram. Ananging sinten
kemawon ingkang lenggah kedahipun pun sengkuyung dening sedaya sentana, bupati
nayaka lan abdi dalem. Mboten kok lajeng rumaos ingkang paling sae, paling
sepuh, paling…sak piturutipun. Menapa jaminanipun menawi nandalem ingkang dados
panguwaos lajeng kawula Demak lan Mataram saged langkung sae gesangipun,
gangsar anggenipun pados pangupa boga, lan makmur mirah sandhang-pangan. Menawi
taksih keguh, taksih kedah pun upayakaken, kenging menapa nandalem mboten
ngrencangi keng rayi ndadosaken Mataram langkung ageng tinimbang sak menika
nandalem daos kraman.” Wangsulane Nyai Supanggah. “ Lambemu pancen landhep
Sekarwati. Aku yen guneman karo kowe mesthi wae ora bakal menang. Ya ming merga
ayuning rupa lan alusing bebudhenmu kang marai aku mbiyen ora duwe daya sak
ngarepmu. Nanging saiki aku kuwi panguwasane Demak lan bakal dadi panguwasane
Mataram uga. Dadi aja marakake aku duka. Sekarwati aja kowe ngilani dhadhaku.”
Ngendhikane Pangeran Puger sora. Sekarwati ora gigrig lan ora mundhur sak
jangkah wae. Piyea wae Sekarwati maune uga prejurit Kenya kang mumpuni. “Kula
sampun matur, Gusti. Kula naming caos pemut, menawi nandalem kersa ndhahar atur
kula sukur alkhamdulilah. Menawi mboten kula kepeksa wantun dateng nandalem.”
Kandhane Nyai Supanggah. Pangeran Puger muring bajur njabut kerise. Ananging
kanthi wani Nyai Supanggah maju. “Mangga kangmas, kula aturi nuncepaken keris
punika wonten jaja kula. Kula rila menawi kedah dados bebantening negari, ugi
dados bebantening priya ingkang nate kula tresnani. Kula pancen mbotem nate
dados garwa, ananging jejering wanita ingkang setya tuhu dumateng guru laki
kedah wantun ngemutaken kakungipun menawi tumindak nasar. Kedah wantun menggak
menawi njangkah wonten margi ingkang klentu. Sumangga kangmas. Kula ikhlas,
lila legawa. Wanita ingkang sampun nate ngandhut wijining priya ingkang sak
menika badhe tegel ngoncataken nyawanipun.”kandhane Nyai Supanggah kang terus
ngangseg maju. Pangeran Puger meksa ora tegel tumindak kang luwih adoh. Astane
gemeter lan kerise tiba. Sekarwti kanthi alon banjur njikuk keris kuwi. “Mangga
kula dherekaken sowan keng rayi. Sinuwun Hanyakrawati menika sanes priyayi
ingkang kejem. Kula ingkang tanggel jawab menawi ngantos nandalem pun pidana pejah. Kula
rila pejah sareng nandalem.” Kandhane Sekarwati.
Pangeran Puger banjur ngrangkul
Sekarwati lan manut nalika astane di bandha.
Nyai Supanggah banjur nuntun Kanjeng Pangeran metu saka pasanggrahan.
Rancangane Swandari ora mleset, menawa wanita kuwi luwih limpad lambene
tinimbang olah gegaman apa wae.
TTTTTTTTTTTTT
Raden Mas Wirata kaget nalika weruh
yen dudu Nyai Supanggah kang nandang cintraka amarga didukani ramane. Ananging
malah ramane kang dadi bandhan. Raden Mas Wirata banjur narik metu kerise arep
ngluwari keng ramane, ananging digetak dening Nyai Supanggah “Thole, kowe aja
melu-melu bab iki. Mundhak katut dosane wong atuwa. Saiki nyuwuna ngapura marang pamanmu supaya
awakmu lan kanjeng ramamu ora dipidhana.” ”Sapa kowe wani mrentah aku. Wanita
sudra, sangkamu kowe ki guneman karo sapa. Saiki Kanjeng rama luwarana lan aku
ora bakal milara kowe sak kancamu.”Raden Mas Wirata nggetak luwih sora lan
wiwit ngangseg maju. Swandari banjur nengahi karo njabut cundrike. Raden Mas
Wirata kaget. “Nimas jebul iki ta karepmu sowan kanjeng rama. Kowe arep
ngrangket kanjeng Rama. Geneya kowe tega, Ndari.” Raden Mas Wirata banjur
ngathungake kerise marang Swandari. Karo mbengok sora “Prejurit….siyaga!! Ana
duratmaka lan telik sandhi paya ana kene.”
Para prejurit banjur pada playon
ana ing pesanggrahan. Ning ana kang bingung amarga gamane padha ilang. Kuwi
polahe Sripada sak kancane. Prejurit liyane padha ora isa tangi lan sesambat
mutah-mutah awit pangan lan banyune wis dijenu dening Suteja. Sawetara kuwi
sadengah prejurit uga wis padha mlayu amarga jelah anggone perang. Ora let suwe
swara tumiyuping singsote Ulupi keprungu nandakake menawa kabeh bregada
prejurit Kenya wis tekan ana kono. Lan ngepung panggonan kuwi, Santriadi kang
nggawa para prejurit Kenya kuwi ana papan kono amarga wis ngetung apa kang
bakal kedadeyan. Swandari seneng banget
bisa ketemu kanca-kancane meneh. Raden mas Wirata langsung lemes, nalika nyoba
nggempur prajurit Kenya nganggo sisaning prajurit kang isih ana, ora nganti sak jam bisa ditelukake.
Pangeran Puger lan Raden Mas Wirata
banjur dibandha lan disowanake marang Pangeran Purbaya. Nyai Supanggah banjur
diwenehi bebana kang gedhe, ananging Nyai Supanggah ora gelem. Nyai Supanggah
ming nyuwun supaya Pangeran Purbaya kersa nyuwunake pangapura kanggo Pangeran
Puger sak putra-putrane. Nyai Supanggah uga nyuwun diluwari saka pegaweyane
dadi abdi dalem merga kepengin urip dhewe ana karang padhesan. Kabeh kang
disuwun Nyai Supanggah disaguhi lan
dililani karo Kanjeng Pangeran Purbaya. Pangeran Puger sak garwa-putrane
ora ana kang dipidhana pati anaging diukum buang ana Kudus lan kudu urip kaya
dene kawula biyasa. Dene Nyai Supanggah banjur lunga saka Kraton ngilang embuh
ana ngendi. Ana dongeng kang ngandhakake yen Nyai Supanggah banjur tetep urip
ana Grobogan lan ngembangake seni Tayuban kang ora mligi ming kanggo kesenengan
lan nguja endahing awak kanggo para priya, ananging nggawe seni Tayub dadi luwih
diajeni lan dianggep tontonan kang becik. Tayuban kang diwulangake Nyai Supanggah banjur ngrembaka lan sumrambah
ana sak indhenging pesisir lor.
TTTTTTTTTTTTT
Bareng ilange Nyai Supanggah,
Santriadi sak kancane uga ngilang. Amarga Pangeran Puger durung maringi lilah
kanggo Santriadi bali ana kraton. Awit Kanjeng Ratu Mas isih ngincim lan ngarah
patine. Santriadi banjur dibalekake ana padhepokan Ki Ageng Gribig. Ana kono
Santriadi ketemu karo calon sisihane kang jenenge Retno Wulan, putri saka
Cirebon kang uga nyantri ana padhepokan kono.
Sawetara kuwi Swandari banjur
diparengake ngewangi Nyai Badringah
ngajari beksa ana keputren. Swandari banjur migunakake kalodhangan kuwi kanggo
ngrembug bab beksan bedhaya kang karipta dening
Raden mas Rangsang, nalika semana. Nyai Badringah ora gumun dene kabeh joged kang
mujudake perangane upacara kuwi pancen karipta kanthi maneka werna cara. Ana
kang saka impen, saka diweruhi lan sak piturute. Kanggo nggathukake kabeh ragam
lan rakitan jangkah kang dicatheti dening Swandari, Nyai Badringah banjur nglakoni pasa bareng
Swandari supaya entuk sihing pangeran kan akarya jagad supaya joged mau bisa
dadi joged kang dadi dasaring joged putri Mataram kang kebak wulangan bab piye
sejatine wong Jawa kudune urip bebrayan ana jagad ageng iki.
Nalika nglakoni kuwi Nyai Badringah uga sok entuk wisik
supaya nggawe anggitan bab tembang kang digunakake. Swandari uga banjur nyathet
suluk lan tembang kang diagem mengkone kanggo beksan bedhaya kuwi. Supaya ora
geseh karo kang dikersakake Raden Mas Rangsang, sok-sok kanthi sesidheman
Swandari lan Nyai Badringah
marak sowan ana padhepokan Gribig banjur bareng-bareng tedhak ana pesisir. Lamat-lamat
Raden Mas Rangsang nalika lagi nenepi karo para abdine kuwi banjur suluk :
Mijil
langeno Sirapati
Lampanhnyo
alon
Mijil
langeno Sirapati
Lampanhnyo
alon
Ginarebek
Sanghyo Projakhthi
Tinon
yuwarna niro
Sari-sari
Pindho
widodari temurun.[20]
Suluk kuwi banjur dadi pambukaning
gendhing mengkone. Rakitan jangkahe uga wiwit ditata sak engga mengkone bisa
dadi gegambaraning raganing manungsa. Rakit kuwi ana rakit lajur, rakit
ajeng-ajengan, rakit iring-iringan, rakit tiga-tiga lan rakit gelar. Kabeh
makili wilangan kang ana maknane. Saumpama lajur papat kuwi duwe makna keblat
papat lan lima pancer kang ngelingake menawa manungsa kuwi duwe sedulur papat,
lima pancer supaya dadi manungsa kang wutuh. Manungsa kang wutuh kuwi kasusun
saka jiwa, nur, rasa, budi lan napsu. Dadi bedhaya kuwi ora ming joged biyasa
ananging gagambaran manungsa Jawa kang wutuh. Anane perang ing jogged bedhaya
kuwi uga nduweni makna peranging batin manungsa ngenani bab kang ana
sesambungane karo napsu lan rasa ananging perang kuwi kudu dipungkasi kanthi
tumindak kang laras lan bener.[21]
Maneka warna piwulang kakandhut ana saben perangan joged bedhaya kuwi mau, sak
engga kanggone kang nyinau uga bakal entuk seserepan alam pikiring manungsa Jawa kang wutuh.
Sok nalika mbeksa ana padhepokan, Santriadi nunggoni Swandari lan yen
pencukan satria lan putri, santriadi ora pekewuh yen kudu njoged bareng.
Saben-saben lagi kaya ngono ana mripat kang nginjen kanthi rasa kepengin.
Ananging ora digape marang Santriadi. Swandari kang banjur ewuh. “Menapa gusti
putri kersa sinau beksa?”pitakone Swandari marang Retno Wulan. Sing ditakoni
ming manthuk karo ndhingkluk sajak isin. “Menawi kersa, mangga kula aturi
sesarengan mbeksa.”kandhane Swandari. “Ho oh nimas, aku kepingin bisa beksan
sing mbok jogedke mau. Apa aku ora nganggu anggone padha pencukan?” Retna Wulan
takon alon “Oh….mboten Gusti, mangga menawi badhe pencukan kaliyan denmas
Rangsang.” wangsulane Swandari. “Ngganggu ya. Aku njuk dadi lali mau olehe sabetan
tekan ngendi. Wis Ndari, aku encon karo kowe wae. Nek karo nimas Retno Wulan
rak durung apal kepiye ragame.”kandhane sengol. Retno Wulan atine kelara-lara
banjur mlayu mlebu ana padhepokan. “Gembeng. Ngono wae nangis.” Santriadi
nambahi. “Nandalem menika, sampun kados ngaten. Wanita menika manahipun alit.
Menawi nandalem ngendhikan kados ngaten rak mesakaken. Kados pundi menika, rak
lajeng muwun ta. Jan…jan.” ature Swandari karo arep nyusul mlayoni, nanging
lengene banjur digeret dening Santriadi. “Kosik. Kowe kuwi arep ngapa, nimas?”
pitakone Santriadi. “Lho kok arep ngapa? Lha njih ngerih-rih gusti ayu, ta.
Mangke menawi lajeng matur kaliyan kanjeng Ratu Retna Dumilah kados pundi?
Menapa nandalem mboten ajrih pun dukani?” wangsulane Swandari. “Pancene kowe
ora sujana yen aku njoged bareng karo nimas Retno Wulan. Kowe rak ngerti ta yen
nimas Retna Wulan kuwi pancen dijodhoke karo aku.” Santriadi nerusake pitakone.
Saiki genti Swandari kang kaget kaya disamber bledheg ping pitulikur. Mripate
kethip-kethip sajak ora percaya “Lha kok sujana menika dasaripun menapa ta,
gusti? Penjenengan lan Gusti Ayu Retno Wulan menika rak sampun cocok, ta. Penjenengan
gagah, pideksa ugi bagus kados Janaka, lha gusti ayu ugi manis, ayu kados
Sembadra. Lajeng ingkang pun sujanani menika menapa ta gusti?” Swandari genti
takon. “Yah, kaya Janaka. Lha yen nimas Retna Wulan ki Sembadra, banjur
Srikandhine sapa?”pitakone Santriadi nggodha. Sing digodha tambah bingung. “Lha
njih sumangga kersa penjenengan ta gusti. Lha wong genah Janakane.”Swandari
wangsulan sak kenane. Santriadi banjur ngguyu cekakakan. Swandari malah ming
mlongo “Ya wis, nek sak karepku, kuwi tegese aku rak kena milih ta? Yen sliramu
wae piye?” gojegane samsaya ndadra. “Ah, sampun-sampun. Panjenengan menika
menawi ngendhikan ingkang aeng-aeng kemawon.” Kandhane Swandari banjur
nglungani Santriadi kang isih nguyu kekel.
Swandari banjur tumuju senthonge Raden Ajeng Retno Wulan. Alus anggone mbukak korine Retno Wulan kang
katon isih ungkep-ungkep. “Gusti….” Swandari lirih anggone ngerih-rih “Sampun
pun lebetaken manah. Denmas Rangsang menika panci remen gojeg. Mboten sak estu
duka kaliyan penjenengan. Sampun mboten sah muwun. Mangke menawi taksih
kepengin sinau beksa kaliyan kula.”kandhane. Retno Wulan mingseg-mingseg “Emoh,
ah Yu. Aku emoh yen kudu dipacangake karo priya kaya ngono. Wis galak, ora
nyenengake, ngendhikane uga ora ngepenake.” Wangsulane Retno Wulan karo
ungkep-ungkep. “Sampun, kados ngaten. Kula ngertos menawi sejatosipun Denmas
Rangsang menika tresna kaliyan penjenengan. Menika namung nggodha
kemawon.”kandhane Swandari. “Apa ya tenan, Yu. Aja-aja jane kangmas Rangsang
kuwi nresnani sliramu?” pitakone Retno Wulan langsung nembus ana telenging
nala. Swandari ndhingkluk ora wani nyawang Retno Wulan. “Bener ngono ta, Yu?”
Retno Wulan sajak mesthekake. Swandari wangsulan alon lan ngati-ati banget.
“Kula mboten saged maos raosipun tiyang sanes, gusti. Ananging kula blaka suta
kaliyan penjenengan bilih kula lan denmas Rangsang menika gadhah sesambetan
kawula kaliyan Gusti. Menawi Gusti
menika kagungan kersa, kula namung abdi dados kula namung sak derma nglampahi.
Kula menika sinten Gusti menawi katandhingaken penjenengan ingkang langkung
sedayanipun. Ayu, pinter, sugih, pangkat, drajat. Lha kula menika sinten?
Ananging kula gadah ayahan manut dumateng menapa kemawon ingkang dados
kekajenganipun Gusti kula. Kula mboten saged selak lan kula mboten kenging
mingkuh. Kawula menika kedah nresnani Gustinipun. Nanging menepa lajeng
Gustinipun kedah tresna? Lha menika ingkang kula mboten saged matur dene
ingkang kagungan manah denmas Rangsang.”kandhane kanthi ati kang tulus.
Sejatine pancen wiwit sepisanan ngetutake Santriadi, ana rasa kang semlempit
ana atine, ananging ngelingi drajat lan pangkate, Swandari kudu ngendhaleni
rasane, supaya apa kang tau ana antarane dheweke lan Raden Mas Wirata ora
kedadeyan maneh. Krungu apa sing dikandhakake Swandari, Retno Wulan banjur
ngrangkul Swandari karo kandha “Arang ana wanita wani blaka marang wanita liya
bab rasaning atine, Yu. Lan yen omong bab tresna, lha wong sliramu sakjane kang
luwih dhisik tepung lan cedhak karo kangmas Rangsang, menawa kangmas Rangsang
luwih tresna marang sliramu kuwi ya wis kudune. Aku sing kudune bisa
ngendhaleni rasaku. Aku luwih ikhlas menawa Yu Ndari bisa ngampingi kangmas
Rangsang sak lawase menawa kuwi bisa agawe seneng lan mareme. Aku mono mung sak
derma uga nglakoni dadi anak wadon kang dipacangake. Aku ora kena ming mikir
kesenenganku dhewe, dene wong kang tak tresnani malah ora bisa sesandhingan
karo wanita kang ditresnani.” Kandhane Retno Wulan. Jan-jane Swandari uga mikir bab kuwi kanthi permati,
kuwi sebabe dheweke uga emoh disengker dening denmas Wirata kang wis
cetha-cetha nyandhing Rukti kancane kang wis kaanggep batihe dhewe. Atine ora
mentala ngrusak katresnane, ora ketang jane Swandari dhewe ora ngerti apa Rukti
uga nresnani denmas Wirata. Saiki kasunyatan sing padha kudu diadhepi. Nanging
bali meneh, dheweke mung abdi kang ora bisa suwala saka kuwajibane setya marang
gustine. Sak jroning ati Swandari tetep janji menawa Retno Wulan kudu bisa
ngrasakake tresnane raden mas Rangsang sak wutuhe, kaya saiki Rukti karo denmas
Wirata.
TTTTTTTTTTTTT
Demak wis ditelukake, genti saiki Ponorogo wiwit merong kampuh jingga.
Pangeran Jayaraga wis nata baris, sedyane ngraman kanggo ngrebut panguwasa saka
Sultan Hanyakrawati. Pangeran Pringgalaya kautus dadi manggalayudhaning Mataram
kanggo nyidem Ponorogo. Swandari banjur marak sowan Kanjeng Ratu Retna Dumilah
lan nyuwun dililahi ngiring tindake Pangeran Pringgalaya. Kanjeng Ratu sarujuk,
Swandari kaangkat dadi senapatine prajurit Kenya lan bareng Supraba mangkat
menyang Ponorogo. Swandari lan Supraba nganthi kurang luwih 250 prajurit Kenya.
Nalika mangkat Swandari sengaja ora pamit marang Santriadi kanggo nyapih rasa,
dene saiki Santriadi lagi ngayunake
Raden Ajeng Retna Wulan lan lagi nyepakake upacara kanggo dhaupe mengkone.
Kahanan ana palagan pancen susah banget amarga pengeran Jayaraga
kabiyantu sak kehing bupati ing bang wetan.
Kuwi ateges Mataram kudu ngadhepi kekuwatan bang wetang kang ora cilik.
Nanging pangeran Pringgalaya iki ora kalah pinter karo rakane Santriadi. Tinimbang
ngayoni pangeran Jayaraga ana ing peperangan kang bisa nimbulake korbaning
prajurit kang ora sithik, pangeran Pringgalaya luwih milih cara kang aris.
Pangeran Pringgalaya banjur nyedhaki para bupati kang maune nyokong kekuwatane
pangeran Jayaraga supaya gelem mbalik lan nyengkuyung kekuwataning
Mataram. Amarga saking pintere anggone
ngglembuk, para bupati banjur genti nyokong Mataram. Bupati kang banjur ora
gelem mbiyantu marang pangeran Jayaraga ana papat yaiku Pangeran Rangga, Panji
Wirabumi, Ngabehi Malang lan Demang Naya Hita. Pangeran Jayaraga mesthi wae
duka banget ananging merga wis kadung lan isin mundhur, perang tetep dumadi.
Para prajurit Kenya klebu Swandari bebarengan karo prejurit liyane
banjur nggempur prejurit-prejurit Ponorogo. Prejurit-prejurit saka bang wetan
iki pancen kawentar anggone kendel lan nekad-nekad banget. Swandari lan
kanca-kancane rada kacipuhan anggone ngadhepi. Ana satengahing palagan
ndilalahe Swandari kang lagi ngadhepi
para lurah prajurit lena. Ana prejurit siji kang tumindak culika lan nglepasake
panahe saka mburi sak engga panah kuwi nembus lengene Swandari. Rasane lara
banget, kalodhangan kuwi digunakake karo lurah-lurah kang ngroyok Swandari
kanggo ngangseg lan ngrampungi Swandari kang isih kelaran merga panah kang
nancep ana lengene. Kanthi sisa tenagane Swandari isih ngupaya bisa menang lan
panggah pasrah karo mungsuh, ananging sajake panah kuwi mawa wisa sak engga
Swandari banjur rada semrepet. Embuh piye sak teruse, Swandari ming krasa awake
entheng lan lap ilang sakabehe. Swandari ambruk. Kalodhangan kuwi banjur digunakake karo salah
sijining lurah kanggo ngrampungi nyawane Swandari nganggo tumbak. Lagi wae arep
njojoh, sirahe krasa kaya diantem gadha gedhe. Sak nalika ambruk nemahi
bantala, lurah prejurit liyane uga ngalami nasib kang padha.
Swandari semaput meh rong ndina suwene merga wisa kang ana ing pucuking
panah. Nalika eling Swandari krasa mapan ana senthong gedhe kang resik, sajake
kuwi senthonge bupati nayaka. Swandari mbukak mripate amba lan mikir apa saiki
dheweke kecekel banjur lagi dikurung ana panggonan kuwi. Ning yen dikurung, kok
ana senthong sing apik tur tatune uga dipulasara kanthi becik. Alon-alon
Swandari banjur menyat saka peturone. “Eeehh, mengko dhisik. Aja tangi lan
kakehan obah sik. Kuwi wisane durung ilang kabeh, yen kowe kakehan obah wisane
mengko nyebar meneh.” Keprungu swara priya kang banget ditepungi. Swandari
lemes sak nalika. “Kenging menapa Gusti wonten mriki?” Swandari takon. Sing
ditakoni ming mesem “Kangen karo sliramu, cah ayu.” Wangsulane saya nggemesake
Swandari. “Sampun ngendhikan ingkang aeng-aeng ta, Gus. Kula menika….” Durung
rampung anggone omong, tatune Swandari krasa kaya dijiwit lara banget. “Nah…ya
pa ra? Wis saiki ra sah kakehan omong sik. Ngasoa dhisik. Supaya tamba kang tak
wenehake ora muspra.” Kandhane Santriadi ana sisihe peturone Swandari.
Alon-alon Santriadi ngewangi nyelehake awake Swandari ana kasur. Eseme kuwi
marai Swandari dadi salah tingkah. Santriadi ngelus bathuke Swandari karo
guneman lirih “Keneng apa sliramu ninggalake aku ngono wae ta, cah ayu? Coba
aku ora dikandhani menawa kowe ana kene,mbok menawa aku ora bakal weruh sliramu
sak lawase. Aku bakal susah lan nggrantes.” “Gusti, mbok sampun remen gemujeng
kados ngaten. Mboten sae.” Wangsulane Swandari.
Alon-alon drijine Santriadi di selehake ana lambene Swandari. “Aku ora
gemujeng. Aku kandha kang sak nyatane. Jane,aku kepengin nesu merga sliramu
lunga ora pamit. Kuwi ora becik, cah ayu. Ninggal katresnane tanpa kabar, lunga
mangkat perang. Apa ya atimu kuwi kagawe saka wesi sak engga tega ninggal aku
ngono wae.”kandhane Santriadi karo nyawang mripate Swandari. “Gusti,
penjenengan menika sekedhap malih badhe dhaup kaliyan Denajeng Retno Wulan.
Sampun ngendhikan ingkang aneh-aneh.” Wangsulane Swandari.”Banjur sliramu mlayu
saka aku. Aku ora bakal dhaup karo Retno Wulan menawa sliramu ora dadi pengapit
manten. Ndari, wong ayu. Aja mbok larani atiku merga kudu kapedhotan tresna.
Aku kuwi banget anggone tresna marang sliramu. Wajibku pancen di golekake
pacangan karo sudarmaku, padha karo Wirata. Ming sing seje, aku tetep ora bakal
ninggal sliramu. Sak suwene iki sliramu kang njagani awakku. Nylametake
nyawaku, saiki genti kuwajibanku njagani kowe, wong ayu. Aku ora bisa adoh saka
sliramu.” Santriadi mbacutake omongane. “Mangke ruminyin denmas. Kula menika
jejering wanita lan leres kula menika kawula paduka. Ananging menapa
penjenengan nate menggalih kados pundhi raosipun lan manahipun Denajeng Retno
Wulan, dene calon garwanipun saweg ngayunaken wanita sanes. Temtu manahipun
sakit, Gusti. Kula kok mboten ateges nampik tresna penjenengan margi kula
ngertos, menawi kula sanes tiyang ingkang gadah, drajat, pangkat utawi semat.
Kula menika namung kawula alit. Ananging kula mboten saged dados pepelang katresnan
penjenengan kaliyan denajeng Retno Wulan, Gusti. Kula mboten mentala damel
sakit manahipun denajeng.” Wangsulane Swandari, eluhe netes kaya grojogan.
Santriadi ngunjal ambegan landhung. Swandari banjur dirangkul lan diaras
bathuke. “Banjur piye karo rasamu dhewe? Apa kowe ora mesakake? Apa Retno Wulan
uga ngerti piye tatune atimu saiki menawa weruh, priya kang mbok tresnani
sesandhingan karo slirane? Apa Retno Wulan uga ngerti sepira tatune atiku
menawa kelangan sliramu?”pitakonan-pitakonane Santriadi kadya pluru katembakake
persis ana dhadhane Swandari.” Menawa aku bisa nggambar takdir ana tanganku
dhewe, takdir kuwi bakal tak gambar. Menawa aku bisa milih uripku, aku milih
sesandhingan karo sliramu. Nanging merga kuwajibane anak kuwi manut sudarma,
aku ora bisa mlayu saka kahanan iki, nanging aku uga kudu blaka marang atiku
dhewe. Sak tenane, kanjeng ibuku dhewe kang wis nyelehake sliramu ana dalanku.
Ibu mesthi pirsa menawa aku ora bakal bisa kelangan sliramu, kuwi sebabe ibuku
mesthi ngutus sliramu kang ngladheni apa kang dadi butuhku. Dudu prejurit kenya
liyane kaya Ulupi, Rukmi, Praba lan liyane, keneng apa sliramu? Apa kanjeng ibu
ora pirsa pranatan kraton kang ora ngentukake para pengeran dhaup abdi daleme?
Mesthine ibu pirsa, ananging keneng apa ibu mendhel wae yen ibu pirsa aku duwe
sesambungan tresna karo sliramu. Ming merga paugeran kuwi aku ora bisa
nyandhing sliramu lan kanggo ngowahi paugeran, aku kudu dadi wong kang kuwasa
dhisik. Yen ora tangeh lamun aku bisa ngowahi paugeran kang wis ana. Nanging
paugeran kuwi ora teges bisa ngalangi aku mratelakake rasa tresnaku marang
sliramu.”kandhane Santriadi.
Swandari meneng sedhela. Apa kang dikandhakake Santriadi kuwi wiwit
ngreridhu atine. Apa ya bener, sak jane wis saka wiwit cilik dheweke pancen
dipingit dening Kanjeng Ratu amarga dikersakake kanggo putrane. Sawetara nalika
dheweke sesambungan tresna karo denmas Wirata, kanjeng ratu olehe duka uga
nganti kaya ngana. Kamangka sing kanggo pawadhan ya merga para pangeran ora
kena duwe sesambungan tresna karo abdi dalem keputren, kuwi ateges nerak
paugeran. Ananging Swandari banjur ngerti jebul Nyai Supanggah uga dadi
sengkerane pangeran Puger, malah nganti peputra. Paugeran digawe lan ditetepake
mesthine rak ora kanggo dilanggar, nanging para priyayi dhewe padha nerak
angger kang digawe dhewe. Swandari ngeremake mripate sing ora ngantuk, atine
goreh. Banjur “Gusti, kula badhe blaka. Leres kula tresna dumateng penjenengan
ananging kula ugi nyuwun menawi angger menika mboten lajeng katerak. Angger
menika pun damel mesthinipun gadah kekajengan kangge kesaenan. Menapa ingkang
pun tetepaken mboten kok namung kangge mbatesi sedaya karemenan para priyayi
ananging ugi kagem njagi samubarangipun. Pangeran Puger, Pangeran Jayaraga,
sinuwun Hanyakrawati sedaya putra dalem kanjeng Panembahan Senapati, sedaya
mbajeng amargi lair saking ibu ingkang benten-benten, liripun menapa? Sami
padudhon, sami rebatan panguwaos amargi sami-sami rumaos gadhah hak. Nyuwun
ngapunten Gusti menika pemanggih kula. Kawula alit lan sanes tiyang pinter.
Menawi penjenengan adreng badhe nyengker, kula ikhlas terusing batos amargi
kula tresna dateng penjenengan, kula ikhlas awit kula abdi kang mboten badhe
kumawani dateng bendhara. Nanging ngenggeni jejering wanita kula kawratan,
Gusti. Kula mboten sagah menawi katresnan penjenengan pun bagi, pun para-para
kangge wanita sanes. Kula kinten denajeng Retno Wulan ugi gadhah pemanggih
ingkang sami.” Ature Swandari karo nyembah.
Santriadi mundhur alon. Apa kang diomongake Swandari ana benere.
Ananging atine uga ora bisa selak lan nalika Santriadi matur bab kuwi marang
Kanjeng Ratu Retna Dumilah ibune. Kanjeng Ratu ming mendhel wae. Suwe anggone
ngenam-nam pikir banjur Santriadi wangsulan “Abot kanggoku nimas. Yen aku bisa,
aku ora ming arep ndhadekake sliramu sengkeranku ananging garwa. Aku uga ora
bakal nyamah wanita liya. Ananging aku jejering adipati anom kang duwe
kuwajiban nyengkuyung sewijining praja lan kanggo mujudake sewijining praja aku
kudu duwe sesambungan kang angel owah kanthi bebrayan. Semono uga sesambunganku
karo Retno Wulan. Aku iki wong lanang. Yen ditakoni apa aku ora duwe rasa marang
Retno Wulan, aku uga blaka ya mesthi wae duwe, nanging winates amarga slirane
wanita lan aku priya kang dikudokake duwe sesambungan. Rupa kang ayu, awak kang
endah, aku mesthi dadi guyonan lan digeguyu yen muni ora tresna. Apameneh Retno
Wulan kuwi putrane paman Panembahan Cirebon.[22]Kang
ateges sesambunganku karo Retno Wulan winates kanggo nguwatake sesambungane
Mataram karo Cirebon. Kuwi kuwajiban kang kudu tak sangga, nimas. Apa sliramu
uga ora menggalih tekan semono.” Santriadi wangsulan alus. Pandengane kaya
ngliwati wates antarane kasunyatan lan pengangen-angene. Swandari banjur
ndheprok ana sampeyane Santriadi “Gusti, kula sampun masrahaken jiwa lan raga kanggem
penjenengan ananging kula gadhah setunggal malih panyuwunan menawi ingkang kula
pratelakaken kalawau awrat kagem penjenengan. Kula namung nyuwun, mangke
dumuginipun wekdal penjenengan sampun mboten mbetahaken kula. Kula sampun pun
trimakaken kaliyan sok sintena mawon, awit tresna punika sanes barang ingkang
saged kaparingaken sinten kemawon.” Kandhane alon. Santriadi mesem, Swandari
banjur dirangkul lan diruket kenceng.
Perang isih dumadi ana tlatah wetan. Ananging amarga adrenge para
prejurit Kenya anggone padha perang, Pangeran Jayaraga saya mundur. Swandari
kang wis mari saka tatunne sengkut anggone nelukake prejurit-prejurit Ponorogo.
Sak engga ora gantalan suwe pangeran Jayaraga kasil kapikut lan kasowanake ana
ngarsane sinuwun Hanyakrawati. Pangeran Jayaraga banjur diukum buwang ana
Mesjid Watu Nusakambangan. Swandari banjur bali ana keputren lan nglakoni apa
kang biyasane dilakoni Nyai Supanggah mbiyen. Saka keputren ana kabar kang
keprungu dene Santriadi wis kelakon dhaup karo denajeng Retno Wulan. Swandari
ora ngerti kudu seneng utawa susah, ananging sak ora-orane Swandari bisa mujudake
angen-angene denajeng Retno Wulan sesandhingan karo Santriadi.
Wanita kalairake nduweni kabeh wataking menungsa kang kabuntel endahing
werna. Kuwi sebabe wanita uga kerep didadekake barang prajenjen kanggo urusan
negara. Kamangka sejatine wanita kuwi dudu saweneh barang kang bisa diabang
biroke manut karepe wong kang duwe kuwasa. Wanita kuwi sawijining pribadi yen
di papanake ana kalenggahan kang sak mesthine bisa dadi saka ning negara.
Kanyata Nyai Adisara bisa nyidhem Mediun. Nyai Supanggah kasil mungkasi kraman
ana Demak lan saiki pra prajurit Kenya uga bisa ngatasi Ponorogo. Kuwi ateges
menawa wanita diwenehi kalodhangan bisa uga mrantasi gawe kang ora bisa
dilakoni dening para priya. Amarga para priya sok kesrimpet ajining dirine lan
sengguh marang kekuwatane. Kuwi kang ora tau dipikir dening wanita kang jare
kabotan pinjung lan kesrimpet jarit, ananging malah bisa mrantasi gawe kanthi
aris lan ora perlu nimbulake korban sing luwih gedhe.
BAB VI
JUMENENGAN NDALEM
Nalika semana Raden mas Rangsang
uwis kaangkat dadi pengeran kanthi nama Pangeran Harya Manggala lan uga uwis di
dhaupake karo putri Cirebon kang asma Retno Wulan. Kanggone Swandari bab dhaupe
Pangeran Harya Manggala lan putri Retno Wulan pancen wis samesthine.
Loro-lorone pancen jodho, sing kakung bagus lan putrine uga ayu. Ananging
dhaupe Retno wulan lan pangeran Harya Manggala ora banjur marai ayahane
Swandari dadi prejurit Kenya kang njagani keslametane pangeran Harya Manggala
rampung, malah samsaya abot, nalika ora ming Kanjeng Ratu Mas kang ngarah
kancintrakane gustine, ananging uga kanjeng Ratu Tulungayu garwane Sultan Ageng
Hanyakrawati lan Kanjeng Sultan piyambak kang samsaya suwe rumangsa kalah pamor
lan kalah moncer tinimbang pangeran Harya Manggala. Apameneh sak ploke pangeran
Harya Manggala bisa nyidhem kraman kang diadhani dening pangeran Jayaraga,
bareng karo rayi dalem uga yaiku pangeran Pringgalaya. Pangeran Harya manggala
ora ming entuk alem saka para narapraja, para bupati lan sakehing pengeran
kabeh nyengkuyung pangeran adipati anom kuwi yen mbesuke mesthi bisa dadi raja
agung binethara kaya keng ramane. Pangelembana kuwi kang ora disenengi dening
Sultan Ageng Hanyakrawati amarga kaya-kaya pangeran Harya Menggala kepengin
nggege mangsa. Sak liyane iku uga amarga Sultan Ageng Hanyakrawati wis kebacut
ngocapake janji menawa mengko kang bakal dijumenenake ratu ya putra dalem kang
miyos saka Ratu Tulungayu yaiku pangeran Martapura. Emane pangeran Martapura
uga tangeh lamun bisa nggentosi kalenggahan dalem keng Rama amarga kedunungan
gerah owah utawa nandhang yodhi.
Bab iki kang marai Kanjeng Ratu mas
lan Ratu Tulungayu banjur nyoba ngreka daya piye carane supaya pangeran Harya
Manggala bisa kasingkirake saka kraton. Saka racun tekane rampok kang dibayar
kanggo merjaya pangeran Harya Manggala kabeh ora kasil ya awit saka
pangati-atine Swandari njagani bendharane kuwi. Swandari dhewe wola-wali kudu
ngadhepi wong-wonge Nyai Raga utawa utusan liyane saka Kanjeng Sultan kang
ngupaya patine pangeran Harya Manggala.
Sawijining sore nalika Swandari
lagi ngayahai kuwajiban njaga daleme pangeran Harya Manggala, Swandari ketekan
tamu yaiku Pangeran Purbaya. Pangeran Purbaya banjur ndangu kepiye anggone
Swandari ngayahi kuwajibane. Swandari banjur matur “Nuwun sewu Gusti, mboten
kok kula gadhah niyat kurang ajar utawi badhe cumanthaka ing ngarsa paduka.
Ananging kula menika mboten mentala menawi saben-saben kok kedah nyigidaken
gusti pengeran Harya Manggala. Cobi penjenengan ndalem penggalih, menapa njih
tentrem ta menawi saben-saben wonten mawon tiyang ingkang gadhah rancangan awon
lan ngarah pejahipun pangeran harya Manggala. Mangga Gusti, penjenengan temtu
gadhah cara kangge nguwali reribet punika.” Ature karo nyembah. Kanjeng
Pangeran Purbaya banjur ngunjal ambegan landung. “Ya, bener kandhamu nimas.
Kabeh reribet iki kudu ndhang digoleke dalan supaya rampung. Aku uga wis wiwit
jeleh yen kudu ngladheni prentah-prentah kang ora klebu nalar.” ngendikane karo
nyedakepake astane. Sajake Pangeran Purbaya menggalih kanthi permati apa kang
dikandhakake Swandari. Ora let suwe Pangeran Purbaya banjur mbisiki Swandari.
Swandari katon kaget, ananging pangeran Purbaya ngendhika lirih “Awake dhewe
ora duwe pilihan meneh. Saiki luwih becik ndhisiki tinimbang didhisiki.”Ngendhikane
Pangeran Purbaya. Swandari manthuk. “Inggih. Sendika.” Swandari wangsulan alon.
Isuk kuwi udakara bar subuh,
Kanjeng Sultan uwis siyaga arep tindhak mbebedhag ana alas sak kidul Kraton
Kuthagara aran alas Menjangan amarga ing alas kuwi pancen kawentar okeh
menjangane. Kabeh perangan kanggo mbebedhag uwis kacawisake kabeh, lan para
punggawa ingkang ndherek uga uwis siyaga ana geger jarane dhewe-dhewe. Ana
Demang Minggir lan putrane Mantrijero, uga ana udakara lima tekane sewelas wong
kang dikanthi ndherek mbebedhag ana alas Menjangan. Semono uga pangeran Harya Manggala lan
Pangeran Purbaya kang isuk iki uga kadhawuhan nganthi tindake Kanjeng Sultan.
Sawetara kuwi kang ana mburine pangeran
Harya Manggala kabeh prejurit Kenya kang dipandhegani dening Rukmi. Swandari
lan Ulupi ora katon amarga uwis kautus dening pangeran Purbaya supaya methukake
ana alas kuwi.
Pangeran Purbaya sajake wis
kagungan firasat dene Kanjeng Sultan uwis duwe rancangan kanggo pangeran Harya
Manggala. Kuwi uga kang marai Pangeran Purbaya banjur nggawe rancangan liya
kang ora bakal dimangerteni dening wong-wong kang uwis disiyagakake lan
dicepakake kanggo ngrangket pangeran Harya Manggala. Pangeran Purbaya uga uwis
nyepakake wong-wonge kanggo jaga-jaga supaya pangeran Harya Manggala ora kena
alangan. Ana Sripada lan Suteja kakange Swandari kang entuk ayahan kanggo
nggiring Bantheng saka iring wetan methukake rombongane Kanjeng Sultan sak enggo Sultan ora nduweni wektu
kanggonikung pangeran Harya Manggala.
Swandari lan Ulupi kanthi
sesidheman uwis diutus ndhisiki rombongan para punggawa lan Kanjeng Sultan ana
alas Menjangan sak kidul Kuthagara. Swandari lan Ulupi dikantheni punggawa siji
dening pangeran Juminah aran Mijen kang uga uwis dikethik bab rancangan iki
karo kanjeng Pangeran Purbaya. Mijen mula pancen prejurit sandhi kang duwe
ngelmu kang linuwih. Ora ana kang ngerti apa kang kudu ditindhakake Mijen
amarga kuwi dadi wewadi antarane Pangeran Purbaya, Pangeran Juminah lan Mijen
dhewe. Swandari lan Ulupi mung di dhawuhi mulusake dalane Mijen nyedhaki
Kanjeng Sultan, sarta api-api nggusah Bantheng kang nyedhaki Kanjeng Sultan.
Swandari, Ulupi, Mijen, Sripada lan
Suteja wis siyaga ana alas sak durunge subuh. Alas Menjangan kang rungkut iku
pancen papan kang apik yen kanggo nikung utawa mbegal uwong. Sripada lan Suteja banjur nyepakake
Bantheng-bantheng kang gedhe cacah lima ana iring wetan panggung kang kanggo
mbebedhag, rada adoh saka panggung lan ketutupan wit-wit gedhe sak enggo ora
katon yen saka ndhuwur. Ulupi kang uga pinter nglulutake kewan uga uwis
nyepakake udakara sepuluh Menjangan sing wis dicekel rong dina sak durunge.
Menjangan-menjangan kuwi mau mung arep dienggo mincing supaya Sultan ngoyak
tekan papan sing dikarepake.
Udakara tabuh enem, Sultan sak
rombongane uwis tekan ana ing alas menjangan. Kahanane sepi, sasat swara
godhong tiba wae keprungu. Sing swarane cetha saka kadohan ambal-ambalan ya
mung swara manuk Kedasih sak engga nambahi rasa kang tintrim lan wingit sajak
ana hawane pepati. Kanjeng Sultan banjur tedhak ana ing Panggung. Ulupi banjur
wiwit ngeculake menjangan-menjangan mau kang banjur pada pating pencolot merga
rumangsa uwal saka dhadhung kang mbanda sikile. Sultan Hanyakrawati banjur
mrentahake kabeh pada nguyak menjangan-menjangan iku. Para Punggawa banjur
padha medhun saka panggung, nyengklak jarane dhewe-dhewe nguyak playune
menjangan. Swandari lan Ulupi, nggiring playune menjangan supaya ora mbedhal
ana panggonan liyane. Swandari anggone nggiring uga nunggang jaran peparing
ndalem Panembahan Senapati kanga ran Sikatan. Playune pancen banter, bisa nasak
grumbul sak engga saking rikate anggone mlayu ora kadenangan para prajurit
ingkang ngoyak Menjangan. Menjangan mau banjur dipecah playune, sadengah mlayu
ngetan lan sadengah mlayu ngulon la nana kang bablas mengidul. Ancase Swandari
mecah prejurit ana ing wewengkon kang beda-beda.
Sultan Hanyakrawati milih ngoyak
menjangan kang mlayu mengidul ditutake pangeran Harya Manggala lan Pangeran
Purbaya. Lucune nalika
menjangan-menjangan kuwi keprengkok lan ora bisa mlayu meneh merga kepepetan
wit-wit gedhe. Sultan Hanyakrawati ora malah nguncalake tumbake ana ing awake
kidang ananging tumbake diuncalake ngarah gulune pangeran Harya Manggala.
Tujune pangeran Harya Manggala waspada, tumbak kuwi bisa katangkis nganggo
gendhewa kang di asta. Sultan banjur mbengok sora supaya Pangeran Purbaya
ngrangket pangeran Harya Manggala, nanging sing diprentah among amem wae.
Sultan ngambali pambengoke, nanging pangeran Purbaya tetep ora mingset. Merga pangeran Purbaya
tetep ora obah saka panggonane, Sultan banjur njabut kerise lan wiwit ngarah patine pangeran Harya Manggala
dibarengi tumiyute prejurit-prejurit wadhon sing dipandhegani dening Nyai Raga
metu saka grumbul lan saka ndhuwur uwit. Kabeh padha nguncalake gamane ngarah
ing pangeran Harya Manggala, ananging sing diuncali cukat trengginas lan bisa
ngendhani kabeh cundrik, panah, tumbak kang ngarah ana anggane.
Weruh kahanan kaya mengkono Pangeran
Purbaya genti mbengok sora. Swandari, Ulupi lan Rukmi banjur mlebu ana ing
palagan. Bandayuda ora bisa dicegah meneh. Prejurit wadhone Nyai Raga mungsuh
Prejurit Kenya kang dipandhegani dening Swandari. Nyai Raga dhewe adhep-adhepan
karo Swandari lan banjur adu ngelmu lan kanuragan. Para prejurit kang maune padha
ngoyak kidang dhewe-dhewe banjur mlayu nggoleki bendharane. Semono uga Demang
Minggir lan anakke Mantrijero.
Weruh kahanane saya ruwet, Ulupi
menehi tandha marang Sripada lan Suteja nganggo swaraning macan kang nggero
sora. Sripada lan Suteja kang uga wis siyaga banjur ngeculake bantheng-bantheng
kang maune wis dicencang. Krungu panggerone macan, bantheng-bantheng mau uga
mlayu salang tunjang sak enggo nabraki para prejurit kang sedyane arep mbiyantu
Sultan. Pangeran Harya Manggala dhewe
mung bisa ngendhani amuke rakane Sultan Hanyakrawati. Ananging kahanan kang
kaco kuwi dadi kalodhangane Mijen kanggo nlikung Sultan Hanyakrawati lan
nyudhukake kerise saka bangkekane Sultan Hanyakrawati. Tumindake Mijen konangan
dening Mantrijero kang banjur nyoba ngrangket, nanging Mijen kuwi dudu prejurit
biyasa sak engga ora gampang kanggone Mantrijero bisa mungsuh Mijen.
Mijen kasil lolos lan mancing
demang lan anakke supaya ngoyak dheweke. Sak engga Sripada lan Suteja entuk
kalodhangan kanggo ngrampungake ayahane. Sripada banjur numpes tapis prejurite Sultan
Hanyakrawati semono uga Suteja. Nyai Raga kang kejot nalika weruh Sultan
Hanyakrawati ambruk katunjek kerise Mijen dadi ora waspada nalika cundrike
Swandari uga nembusing dhadhane. Nyai Raga uga ambruk dhepani bumi. Iswati kang
bandayuda mungsuh Rukmi gila mbasan weruh kanca-kancane padha tekaning pati,
sak engga Iswati banjur nyoba tinggal glanggang acolong playu. Ananging
jangkahe kandheg marga tulup mawa wisa kang disemburake Ulupi. Iswati uga
nemahi pralaya.
Sultan Hanyakrawati sajake durung tiwas amarga isih
sesambat. Pangeran Purbaya banjur nyedhaki alon. Sultan Hanyakrawati
nyengkeremake tangane ana surjane rakane. “Kenging menapa kangmas mboten bela
dateng kula?” pangandhikane Sultan Hanyakrawati karo ngampet lara. Pangeran
Purbaya banjur paring wangsulan “Aku njaluk ngapura dhimas, aku mung sak derma
ngleksanani janjiku marang kanjeng rama. Merga sing kudune jumeneng nata dudu
sliramu dhimas ananging dhimas Harya Manggala lan sak jane menawa sliramu ora
nyepakake wuwu kanggo dhimas Harya Manggala, mbok menawa aku isih koma-koma.”
Sak wise ngendhika ngono kerise Mijen banjur ditunjekake saya jero sak enggo
rampung panyambate Sultan Hanyakrawati. Kanggo ngguwang tilas, kabeh prejurit
Wedhok lan prejurite Sultan banjur dikubur ngenggon. Lan kunarpane Kanjeng
Sultan ditandhu dening para prejurit Kenya, Sripada lan Suteja bali ana kraton.
Kabeh para nayaka, punggawaning praja lan para
prejurit padha ketok susah. Kanjeng Ratu Mas lan para garwa padha tetangisan. Nalika
didangu Pangeran Purbaya mung ngendhika menawa Kanjeng Panembahan Hadi Sultan
Hanyakrawati seda disruduk bantheng. Ora ana kang bisa nyritakake kedadeyan
kang sak tenane amarga kabeh prejurite Sultan tiwas. Kanjeng Ratu Mas dhewe ora
wani ndhakwa yen putrane diperjaya, amarga yen perkara kuwi banjur dipriksa
bakal konangan menawa Kanjeng ratu Mas lan Tulungayu ana gegayutane karo
perkara kuwi dene sing sepisanan ngrancang kacintrakane pangeran Harya Manggala
ya kanjeng ratu kekalih.
Ananging demang Minggir lan Mantrijero ora narimakake
yen banjur diluputake amarga ora bisa njaga keslametane Sultan. Mantrijero uga
ngotot yen Sultan diperjaya dening pawongan kang bakal klambine kasil kasuwek
dening Mantrijero nalika Mantrijero arep ngrangket pawongan iku. Ananging
pangeran Purbaya tambuh dene Mantrijero mung ngayawara. Nanging Mantrijero
tetep ora mingkuh saka penemune. Kanggo nglegani banjur Pangeran Purbaya lan
Singasari ngidhini Mantrijero mriksa perkara iki nganti rampung nanging
kapenggak dening Ratu Tulungayu lan Ratu Mas kang wis ngekhlasake sedane
putrane lan ora nuduh sapa-sapa. Sak jane Mantrijero tetep cubriya utamane
marang pangeran Juminah, amarga ndilalaeh bakal kang suwek kuwi padha karo
ageman kang biyasane diagem para abdi dalem Juminahan. Pangeran Juminah mung
gemujeng nalika Mantrijero nanjihake bab kuwi. Pangeran Juminah ngendhika yen
ora melu mbebedhag lan ora ngerti menawa Sultan Hanyakrawati arep tindhak
mbebedhag, dasare ya ora dijak. Banjur menawa niyat arep ngrampas kalenggahan
dalem, kenengapa nalika pangeran Puger lan Jagarag ngraman pengeran Juminah lan
rakane pangeran Pringgalaya ngewangi numpes lan nyirep kraman kuwi. Mantrijero
gela dene ora bisa mbongkar kabeh wewadi kang ana sewaliking sedane Sultan
Hanyakrawati, nanging merga tekade lan niyate negakake paugeraning Negara,
pangeran Singasari lan pangeran Purbaya padha sarujuk menehi Mantrijero pangkat
lan bebana kang mirunggan.
Ana wewengkon liya ing sak pinggiring segara, pangeran
Juminah nemoni Mijen lan paring bebana gedhe kanthi piweling yen Mijen ora kena
midak lemah Mataram meneh. Mijan kudu lunga adoh saka Mataram lan uripe bakal
makmur ana paran amarga pangeran Juminah tetep bakal tanggung jawab marang
penguripane. Mijen nyembah lan ngaturake panuwun banjur dheweke lunga mengetan.
Miturut kabar kang ke gawa angin, Mijen banjur urip ana ing Bali. Nanging
sadengah wong nyritakake dene Mijen mati kerem nalika kapale nyabrang saka
Banyuwangi arep neng Bali. Ora ana kang ngerti parane Mijen kang nggawa wewadi bab
sedane Kanjeng Panembahan Hadi Sultan Hanyakrawati.
TTTTTTTTTTTTT
Sak wise mangsa kasusahan liwat, Mataram wiwit
tata-tata kanggo mangayubagya jumenenge Sultan kang anyar. Pangeran Harya
Manggala utawa raden mas rangsang langsung katetepake nggentosi kalenggahane
rakane uga rama angkate Sultan Hanyakrawati. Ananging amarga sak durunge
Panembahan seda Krapayak utawa sinuwun Hanyakrawati uwis tau duwe ujar dene
putrane Ratu Tulungayu kang bakal lenggah dhampar keprabon, sedina sak durunge
dijumenengake Sultan, putra kakunge Panembahan Hanyakrawati kang aran Raden
Wuryah utawa pangeran Martapura dijumenengake luwih dhisik. Nanging merga
kagungan gerah owah, pangeran Martapura banjur dilereni anggone jumeneng nata.
Kabeh adicara kanggo upacara jumenengan uwis dicawiske.
Umbul-umbul wis padha di pasang. Kibaring gendhera gula klapa uga kanton ana
sak indhenging wewengkon, janur sing dironce karo maneka werna kembang dipasang
ana sak pinggiring dalan tumuju Kraton. Kabeh ketok endah ing warna amarga para
kawula mangayubagya Sultan kang anyar. Maneka werna kerameyan uga diadhani ana
pahargyan kuwi. Akeh tamu kang pada rawuh saka sak indhenging Jawa dhewe lan
uga saka Manca.
Prajurit Kenya uga melu ngramekake pahargyan kanthi
ngatonake kabisane dhewe-dhewe. Sing bisa nembang lan karawitan padha gumyak
anggone nyindhen ana ing adicara wayangan utawa padha gendhing kanggo klenengan
lan beksa. Prajurit Kenya liyane kaya Swandari wis wiwit nyepakake perangan apa
wae kang diperlokake kanggo njoged Bedhaya awit Pangeran Adipati anom Harya
Manggala kang bakal kajumenengake nata ngersakake Bedhaya Semang kang karipta
nalika isih ngulandara digelar sakwise upacara jumenengan kalaksanakake. Para
penari wis kawit seminggu sak durunge uwis wiwit cecawis, adus kramas nganggo
londomerang banjur pasa. Saiki para penari wis wiwit diratus lan digelung
rambute. Sakdengah malah wis wiwit dipaesi lan diprada paese. Swandari kang
mandhegani kabeh kuwi mau awit nalika pangeran Adipati Anom ngripta beksan iku,
sasat Swandari melu nunggoni lan uga nyatheti apa kang dingendhikake nalika
semana, saka gendhing tekane busana kang kudu diagem para penari. Swandari uga
dadi Batak ana ing Bedhaya iku mau. Swandari kudu mesthekake menawa kabeh kang
dicawisake uwis komplit lan bener. Utamane sajen lan piranti upacara. Swandari
banjur ndonga ing ngarsane Pangeran ingkang Akarya jagad supaya nalika Bedhaya
digelar kabeh bisa mlaku kanthi becik lan ora ana rubeda apa-apa. Sak wise
upacara jumenengan di adhani lan Kanjeng Pangeran Adipati Anom wus
kajumenengake nata kanthi gelar Sultan Agung Hanyakrakusuma, Suluk Bedhaya
banjur dilagokake, para penari banjur tata manut apa dhapukane. Nalika gamelan
lan tambur ditabuh para penari mlaku kapang-kapang munggah pendhapa. Sakbanjure
bedhaya kagelar meh telung jam, nyaritakake dhauping Rajaning Kraton Mataram
karo Ratuning segara kidul. Crita kuwi nggambarake menawa sok sapa wae kang
lenggah ana dhamparing Kraton Mataram kudhu bisa ngesuhi lan njaga wutuhin
jagad cilik lan jagad gedhe kang dipercayakake ana tangane. Bedhaya iki uga
nggambarke manunggaling kawula Gusti kang awujud jagad gedhe sak engga manungsa
kudu bisa njaga lestarining bumi lan samodra. Kabeh kang mirsani Bedhaya
anggitane Sultan Agung padha gumun lan ngungun dene jebul Kanjeng Sultan Agung
uga kagungan kabisan kaya keng ramane Kanjeng Panembahan Senapati. Bedhaya kang
digelar ora mung nyampurnakake kang wis ana ananging dadi riptan anyar lan
wiwit dina iku katetepake dadi beksa kang mung bisa digelar kanggo
upacara-upacara agung sing sakral ya kaya jumenengan iki.
Sak rampunge njoged, kabeh kang mirsani kaya pawongan
kang kena gendham, ora ana kang cemuwit awit saking ngungune. Kabeh padha
ngalem bedhaya kuwi nalika pasugatan wiwit diladhekake, lan para pamiyarsa uwis
bali eling saka anggone ngungun. Ana tamu Walanda kang uga teka ana kono kanggo
melu mangayubagya jumenengan dalem yaiku Balthasar Van Eyndhoven lan Van Surck.
Walanda kuwi utusan saka Batavia, kang uga melu nyekseni prastawa kang agung
iku. Kekarone uga padha seneng bisa nyekseni semuan bedhaya kang karipta dhewe
Kanjeng Sinuwun kang lagi wae dijumenengake.
Swandari sak kanca banjur bali ana senthonge dhewe.
Nanging nalika arep mlebu, Swandari kaget. Ana korine cemanthel sonder cinde.
Atine tab-taban, geneya ana sampur cinde cemanthel kuwei gek sing nyanthelke
sapa. Apa ya denmas Wirata isih duwe kuwanen tekan Mataram kanggo nemoni
dheweke lan ngugemi janji kang nate diucapke nalika semana. Apa ya kelakon
nyandhing gegantilaning ati, utawa mung pengangen-angen kang giri godha atine
kang sepi sing sak suwene iki tresnane ora entuk tanggepan sakmesthine.
Swandari mlebu senthonge. Swandari luwih kaget meneh nalika weruh peturone kaya
peturon manten. Peturone dispreini cinde saka sutra lan ana dhuwure akeh
kembang mawar lan mlati diwurake. Swandari saya bingung, nanging Swandari tetep
nyoba ora kaget. Atine coba ditentremake. Alon-alon dheweke lingguh, isih
kelingan capet-capet nalika Nyai Badringah ngendhika dhek semana, dene sampur
cinde kuwi uga pralambang tresna, antarane penari lan pawongan kang banget
kayungyun karo penari kuwi mau. Tradisi kang sak jane ora dingerteni dening
Swandari.
Swarane lawang senthonge kemriyet tandha ana sing
mbukak lan uga tandha kanggone Swandari yen kudu ngladheni priya kang wis
nyanthelake sondere. Mestine uga dudu priya biyasa, merga kang bisa nyandhing bedhaya
mung trahing kusuma rembesing madu. Swandari atine tab-taban. Dheweke ora wani
mengo, wedi yen jebul sing teka dudu pangeran kang dikarepake. Swara jangkahe
saya cedhak. Ambegane Swandari uga dadi krasa abot. Swandari rasane kaya mati
lingguh. Sak suwene iki durung tau ana kedadeyan kang marai rasa atine kaku,
lan ora ana mungsuh kang marai awake lemes kaya saiki. Mak jenggirat, nalika
ana tangan kang ngelus pundhake alon-alon banget sajak kebak tresna. “Nimas.”
pangundhange alon. Swarane kaya swara kang kerep keprungu, nanging pikirane
Swandari uwis ora kena mbedheg swarane sapa amarga saking bingung, wedi lan
kakune dheweke ngadhepi kahanan kaya ngono. “Nimas”swara kuwi ngambali
pangundhange. Swandari mengo kanthi ati ditatak-tatake. Mbasan ngerti sapa kang
ana ngarepe Swandari meh wae semaput lan ora eling purwadaksina. Nanging priya
neng ngarepe kuwi banjur ngrangkul awake. Diruket, dikekep sajak ora kepengin Swandari
uwal saka rangkulane. “Iki pancen aku, Ndari. Aku kang nyanthelake sonder kuwi,
sonder sing padha sing diparingake Kanjeng Ibuku. Kuwi pralambang tresnaku
marang sliramu sing uwis ngorbanake apa wae kanggoku.Ora ana bebana kang luwih
gedhe kang bisa tak paringake, sak liyane jiwa raga lan tresnaku.” “Sinuwun.”
Swandari banjur ndheprok ana sampeyane Sultan Agung, utawa raden mas Rangsang
sing sak suwene iki wis ditutake,dibelani lan ditohi nyawane. Swandari
ngrangkul sampeyane banjur nangis ngguguk. “Sinuwun, penjenengan ndalem mboten
pantes sesandhingan kaliyan kula. Kula menika naming tiyang sudra, ingkang
mboten sak mesthinipun leladhos kaliyan nata agung kados penjenengan dalem.”
Ature Swandari. Sultan Agung mung mesem. Eseme manis kaya biyasane yen Swandari
ngayahi kuwajibane njagani keslametane.
Alon-alon Sultan Agung ngranggeh pundhake Swandari
banjur dilingguhake jejer ana peturon. Tangane digegem kenceng. “Aku ora mung
nglakoni tradisi sing akeh ora dimangerteni sok sapa wae kang nganggep yen
bedhaya kuwi mesthi dadi sengkeran dalem. Kuwi ora kleru, jenenge penemune wong
kang durung dunung. Nanging kuwi ora ateges ngasorake drajating wanita,
ananging suwalike. Kabeh Sultan duwe kuwajiban njagani negarane lan makmurake
kawulane. Mugakna ana bedhaya kuwi mawa dongeng dhaupe Panguwasa praja karo
panguwasa segara. Loro kang manunggal dadi siji, ateges ana pralambang kahanan
kang becik kanggone Negara kang panjang punjung,pasir, wukir gemah ripah loh
jinawi tata tentrem karta raharja. Kuwi mung bisa kelakon yen negarane mau
subur. Subur kuwi gegambaraning sewijine antara priya lan wanita. Kuwi uga kang
dadi sebab kenengapa kabeh Raja ana tanah Jawa wajib dhaup segara kang
dilambangake wanita yaiku Kanjeng Ratu Kidul, ora ming ateges barang kang ora
ketok. Ning kanggo njaga tentreming praja kabeh Raja kudu bisa ngayomi
wewengkone kang arupa daratan lan segara. Kuwi uga ateges manunggaling kawula
lan gusti, dene gusti kudu nresnani kawulane kaya tresnaku marang sliramu,
semono uga suwalike. Kabeh mau mung pralambang lan maneka werna penemune
wong-wong kae adedasar pangertene dhewe-dhewe. Nimas, aku nresnani sliramu ora
mligi merga sliramu kuwi abdiku utawa kawulaku kang wis gedhe labuh labeting
marang aku lan Negara iki, ananging luwih saka kuwi ora ana kang bisa tak nggo
males kabeh kebecikanmu kuwi sak liyane maringake tresna lan jiwa ragaku ana
atimu. Aku bakal nitipake wijine satria-satria pinilih ana ing gua garbaning
wanita kang uga pinilih. Yen wiji kang becik ditandhur sak nggon-nggon mesthine
bakal keganggu alang-alang lan tetuwuhan liyane. Nanging yen wiji kuwi
ditandhur ana sawah kang kerumat mesthine uga bisa nuwuhake pari kang becik. ”
Ngendhikane Sultan karo ngaras pilingane Swandari
TTTTTTTTTTTTT
Wis meh telung warsa sak wise dijumenengake nata
nggentosi ingkang Rama, ananging Kanjeng Ratu Kulon durung uga mbobot. Bab kuwi mesthi wae marakake para sentana
banjur sumelang menawa Kanjeng Sultan ora kagungan turun. Kanjeng Sultan banjur
mundhut garwa maneh Kanjeng Ratu Wetan kang jejuluk Kanjeng Ratu Batang.
Nanging nganti pirang-pirang sasi uga durung ketara yen ngandheg. Malah Swandari
kang bingung amarga wis pirang-pirang ndina awake krasa ora kepenak. Weruh
apa-apa ora kepengin, yen mambu wong adhang banjur mutah-mutah. Bab kuwi marai
penggalihe Sultan goreh. Nyai Badringah banjur diutus golek dukun kang bisa
nambani lelarane sengkeran kang paling ditresnani iku.
Dukun kang ditimbali ana kraton banjur mriksa kahanane
Swandari lan pancen kaya kang wis dikira Nyai Badringah menawa Swandari mbobot
enom. Kabar kuwi banjur kaaturake Kanjeng Sultan kang banjur katon remen
penggalihe. Lan ora gantalan banjur tedhak ana ing keputren. Kanjeng Ratu Retna
Dumilah kang wis sepuh banget uga remen nalika kabar kuwi kaaturake, ananging
uga sumelang menawa bab kuwi banjur marakake garwa-garwa liyane padha sujana.
Kanggo nyapih kahanan, Kanjeng ratu banjur nyewakake omah ana sak wetan Kutho
Kerta kang lagi dibangun kanggo mindahake tataning praja saka Kuthagara saiki
ana Kerta, amarga kahanan Kuthagara kang saya rupek merga saya akeh wong kang
neka lan mbukak dedagangan ana kono. Swandari di dhelikake ana Kerta supaya menawa Sultan tedhak ana omahe
Swandari dadi samun saka para garwa.
Ananging sak pinter-pintere wong ndhelikake bathang
mesthi mambu. Kanjeng Ratu Batang kang banjur uga ngandheg udakara rong sasinan
kaceke karo Swandari wiwit manja lan wiwit kerep nggondheli Sultan supaya
tedhak ana keputrene. Bab kuwi marai Kanjeng Ratu kulon sing durung mbobot
banjur sujana. Wola-wali anggone padha rebut tresnane Kanjeng Sultan, nanging
Sultan uga malah milih lerem, ngaso ana omahe Swandari.
Sore iku nalika Kanjeng Sultan tedhak ana omahe
Swandari karo ngematake anggone padha mbangun baluwarti Sultan ngudha rasa “
Jebul sing mbok kandhakake mbiyen kuwi ora luput sethithika, diajeng. Garwa
akeh kuwi ora gampang anggone ngopeni, kabeh njaluk digatekake, kabeh njaluk
dikancani. Ya ming sliramu sing ora, ananging lucune merga sliramu ora nate
kepengin tak kancani, aku malah dadi luwih seneng ana kene.” Ngendhikane karo
ngunjal ambegan landhung. “Menika awit kangmas ugi saweg adreng mbangun kitha
enggal kang ndilalahipun celak kaliyan panggenan kula.” Swandari nggodha.
Swandari banjur ngrangkul bangkekane garwane lan sirahe diselehake ana gegere.
Sultan mesem. Tangane Swandri kaelus alon. “Cobi penjenengan ndalem pirsani
kraton ingkang wiwit ngadheg, sedaya nuwuhaken pengangen-angen ingkang langkung
endah ta. Menapa malih kathah tiyang-tiyang ingkang ugi lajeng sami dumugi
mriki kangge mbangun, sesadeyan lan sak piturutipun sak engga kraos gesang.
Menawi wonten Kuthagara menapa malih wonten Kraton, sedaya rak sampun tumata
sak engga mboten ketingal rame kados wonten mriki.” Swandari nerusake gunemane.
Sinuwun Hanyakrakusuma ana njeron batin mbenerake apa sing dikandhakake
Swandari. Ananging luwih saka kuwi, anggone Swandari ngabdi lan bekti marang
kakung tanpa embel-embel lan ora kakehan penjaluk marakake katresnane Sinuwun
kasok kabeh. Swandari uga akeh olehe meneng ketimbang ngributake bab-bab cilik
kaya kenengapa ora digagas, ora digatekake lan ora dipaelu. Menenge Swandari
malah dadi kaya wesi sembrani kang saya kuwat narik Knajeng sinuwun ana ing
rangkulane.
Kanjeng Sinuwun ngumpamakake Swandari kaya kayu jati
tuwa kang meneng. Ana angin gedhe kaya ora obah babar blas. Ananging kayu kang
kaya ngono kuwi kang sakane bica nancep kuwat ana umpak lan nyangga wuwungan
kanthi bakoh. Kudune wanita-wanita ana kraton kuwi nduweni kepribaden sing kaya
mengkono sak engga bisa nurunake panguwasa kang nduweni kabisan linuwih.
Sinuwun banjur nutup jendela awit bledhuke wiwit akeh lan ora becik kanggone
bocah kang isih ana gua garbane biyunge. Sinuwun banjur nggandheng Swandari
mlebu senthong. Nyai Badringah kang dipasrahi ngrumat lan mulasara Swandari
mung mesem. Jebul sak suwene iki pancen Kanjeng Ratu Retna Dumilah niyat ngimbu
bocah wadon kuwi kanggo putrane. Mula saka bab pasinaon tekane ulah gegaman
kabeh ditangani dhewe lan ora ana siji wae kalong bisa nyolong woh kang mligi
bakal dienggo ndheder wiji kang becik.
TTTTTTTTTTTTT
Kanjeng
Ratu Batang nimbali Gupita lan Tejawati supaya nggoleki tindake Kanjeng
sinuwun. Gupita lan Tejawati kang dek nalika semana tau konangan arep mateni
kanjeng sinuwun ananging kecekel lan banjur diluwari saiki ngabdi marang
Kanjeng Ratu Batang amarga nalika diluwari kekarone mlayu tekan Batang lan
katampa ngabdi ana ngarsane Bupati Batang ya keng Ramane Kanjeng Ratu.
Sajake
Tejawati lan Gupita isih nyinggahake laraning atine sak engga sengaja golek
cara supaya bebrayane Kanjeng Sinuwun ora tentrem. Sak wise ngaturake sendika,
kekarone padha nyebar golek sisik melik ana Kerto. Nalika semana Kanjeng
Sinuwun lagi nedheng-nedhenge ngrampungake bangsal Prabayeksa lan sitihinggil
Kraton Kerto kang kabungun nganggo kayu-kayu jati gedhe kang ditekakake saka
Blora lan Lasem. Tukang rancah kayu, tukang ukir kabeh dipercayakake wong-wong
Kalang kang dipandhegani Ki Sakir wong kang mbiyen uga tau ditulungi dening
Sinuwun Hanyakrakusuma. Bangunan Kraton Kerto kuwi wis katon bisa disawang
mboka isih bledhug kae.Wewengkon Kraton kuwi mawa catur gatra tunggal kang
tegese ana papat babagan kang kudu ana
ing sawijining Kuthagara yaiku Kraton
kang dadi pusate tataning praja lan negara, alun-alun kang mawa fungsi sosial
panggonane para kawula ngadhani adi cara utawa pahargyan amben ndinane lan uga
panggonane kawula menawa arep marak sowan Ratuning Negara, Mesjid kang migunani
kanggo ngolah batin lan agamane para sentana dalem sarta para kawula, kang
pungkasan pasar kanggo dedagangan lan nggolek kebutuhane para kawula. Kabeh mau
uwis ana neng Kerta lan wis bisa digunakake sadengah papan kaya alun-alun,
Mesjid uga pasar ya kang wis wiwit rame. Kraton dhewe ming kari nggelak
Sitihinggil lan bangsal Prabayeksa. Kanjeng Sinuwun lagi nunggoni tukang-tukang
kang lagi wiwit mlitur saka-saka sing dadi cagak Sitihinggil nalika Nyai
Badringah marak lan ngaturake yen Swandari wis arep nglairake. Kanjeng Sinuwun
age-age ngersakake tedhak ana omahe Swandari. Bab kuwi didhingkik karo Gupita
kang pancen sesidheman ngetutake tindake Kanjeng Sinuwun.
Kanjeng Sinuwun gita-gita nalika pirsa bayine wis
lair, ming emane kang rada gawe kuciwane kanjeng sinuwun bayine putri lan ora
kaya kang diantu-antu. Nanging amarga kuwi anak mbarep lan lair saka sengkeran
dalem kang banget ditresnani Kanjeng Sinuwun tetep ngocapake sukur. Bocah
banjur dislameti lan dipangku kebak tresna, dene ibune kang isih ringkih di
pulasara dening Nyai Badringah. Swandari mesem nalika weruh kakunge ngarasi si
jabang bayi kang banjur diparingi jeneng mas rara Tunjung biru. “Ayu….kaya ibune.”Ngendhikane
Kanjeng Sinuwun. Gupita kaget nalika weruh, jebul sengkerane Kanjeng Sinuwun
kuwi Swandari. Gupita banjur age-age ninggalake papan kono lan nggoleki
Tejawati. Iki perkara gedhe kang bisa dienggo pawadhan ngedu antarane Kanjeng
Sinuwun karo garwa-garwane.
TTTTTTTTTTTTT
Apa kang dikarepake Tejawati lan Gupita kelakon.
Kanjeng Ratu Batang muring tenan nalika ngonangi garwane duwe sengkeran, malah
nganti peputra sisan. Mung Kanjeng Ratu Kulon kang tetep amem amerga uwis pirsa
sak durunge. Bab kuwi ora kepetung dene Tejawati ora ngerti sesambungane
Kanjeng Ratu Kulon karo Swandari, sak enggo nalika pada rukunan kanggo
nyilakake Swandari lan bayine, Kanjeng Ratu kulon meneng-meneng nemoni Swandari
lan nimbali Suteja kakange Swandari.
“Wonten kersa menapa dene Gusti nimbali kula lan
kakang Suteja?” pitakonane Swandari. “Nyai, anggonmu peputra karo kanjeng
sinuwun wis kadenangan priyayi akeh. Kabare wis tekan ngendhi-endhi. Saiki
kedaton lagi geger. Menawa kowe manut aku. Sawetara iki muliha ndesa dhisik.
Pancen iki ora gampang. Lan kowe ki lurah, dak kantheni Rukmi, ethok-ethoka
dadi bojone Rukmi. Anakke wedok Swandari gawanen, akonana menawa kuwi anakmu
karo Rukmi. Kabeh mesthi ora ngerti lha wong sak suwene iki Rukmi ana ing
daleme Pangeran Pringgalaya lan ora tau ketok ana pisowanan. Wis ndhang
mangkata, sak durunge yayi Ratu Batang ngejokake perkara kang luwih gedhe. Aku
ora kandha marang Gusti Kanjeng Ratu Sepuh mengko mundhak dadi penggalihan
amarga kahanane wis sepuh lan gerah-gerahen. Aku ora mentala yen nganti Kanjeng
Ratu Sepuh banjur gerah abot.” Ngono dhawuhe Kanjeng Ratu Kulon. Swandari,
Suteja lan Rukmi matur sendika.
TTTTTTTTTTTTT
Swandari banjur bali ana ndesa karo Rukmi lan Suteja.
Wong-wong ndesa ora ana sing ngerti yen sejatine Tunjungbiru kuwi dudu anakke
Rukmi lan Suteja kangmase Swandari. Anggone padha mulih ana ndesa disubya-subya
wong akeh, dasare Swandari lan Suteja uga gedhe labuh labete kanggo kemajuan
desane.
Bapakne Swandari kang wis pensiun anggone dadi
prejurit, saiki diangkat dadi lurah desane. Lelabuhane marang negara rampung
sak wise ana perang neng Demak mbiyen, Sembego kena tumbak sikile lan banjur
ora bisa mlaku kanthi sampurna kaya wingi uni sak engga ora bisa bali dadi
prejurit kang mumpuni kaya mbiyen meneh. Papane ana pegaweyan dilungsur Suteja
ya awit Suteja uga wis duwe lelabuhan sing gedhe tumrape kawula Mataram. Saiki
Sembego ming kari bisa nggarap lemah pelungguh kang dadi jatahe lurah desa lan
uga duwit pensiun sing ora sepiraa. Ananging ganjaran kang saka Pangeran
Purbaya cukup kanggo nguripi limang turun meneh. Sembego seneng bisa kumpul
maneh karo anak lan putune. Ora ana pangraita apa-apa yen jan-jane anake Suteja
kuwi putra dalem ingkang sinuwun. Kang Beja malah Suteja, kang maune ming di dhawuhi
ethok-ethok dadi bojone Rukmi, kanggo ngilangake prasangka, Kanjeng Ratu Kulon
banjur dadi ngidhini Suteja dhaup karo Rukmi tenan.
TTTTTTTTTTTTT
Kanjeng Ratu Batang tetep ora narimakake bab Swandari. Kanjeng Ratu
Batang banjur matur marang Kanjeng Sinuwun supaya nundung Swandari saka Kraton
utawa ndhadekake triman amarga sesambungan tresna nganti peputra karo priyayi
utawa sentana dalem kang kaanggep nerak paugeran. Kanjeng Sinuwun mung mendhel
wae. Kanjeng Ratu kulon banjur marak ing ngarsane Kanjeng sinuwun. Sak wise
nyembah banjur matur “Sinuwun, penjenangan ndalem nate janji menawi pun
Swandari purun kasengker, penjenengan ndalem mboten badhe nyukakaken
piyambakipun dateng sok sintena mawon.” Ature alus. “Lha kok enak timen kaya
ngono, mengko yen banjur kabeh prejurit Kenya disengker apa ya njuk kraton ki
dadi kebon sengkeran.” Wangsulane Kanjeng
Ratu wetan. “Rak ora kabeh ta yayi. Nyatane ya ming siji. Mbok ya nek
duka ki ora sah digedhe-gedheke.” Kanjeng Ratu Kulon mangsuli. Kanjeng Sinuwun
tetep kendhel. Penggalihe mlayu ana Swandari. Kepengine yen bisa Swandari
kaboyong ana kraton lan yen perlu garwane siji wae Swandari sak enggo ora saben
dina ngelu merga mireng para garwa padha padudhon rebut bener.
Amarga Kanjeng sinuwun mung kendhel, Kanjeng Ratu Batang banjur nggolek
cara supaya bisa ngrampungi Swandari sak anake kanthi sesidheman. Gupita lan
Tejawati banjur bali kautus nindakake pakaryan kuwi, ananging kekarone ora wani
amarga tau keprengkok nalika nyoba merjaya Kanjeng Sinuwun nalika semana.
Kanjeng Ratu banjur utusan Dipasana telik sandhi saka Batang kanggo nglakoni
pakaryan iku ananging durung nganti kaleksanan, rancangan iku konangan dening
Sripada.
Sripada banjur matur ana ngarsane ingkang Sinuwun. Bab kuwi marai
ingkang sinuwun duka banget, banjur mrentahake Sripada supaya nyekel lan midana
pati Dipasana. Sripada matur sendika banjur ngoyak Dipasana.
Sawetara kuwi Kanjeng Ratu sepuh Retna Dumilah tedhak ana prabayeksa.
“Ngger, Rangsang putraku. Aku wis krungu kabeh kang diomongake garwa-garwamu
lan uga Sripada. Atiku susah dene karepku mono, omah-omah kuwi mbok ya sing
padha rukun. Ramamu swargi uga duwe garwa loro. Sengkerane luwih akeh.
Saben-saben putrane padha njedhul saka ngendhi wae. Nanging Kanjeng ramamu
mesthi bisa nyapih kahanan. Aku ngerti tresnamu marang Swandari tulus tekaning
batin. Kuwi sebabe aku ora menggak sliramu nalika nyengker Swandari. Swandari pancen kang paling bisa ngerti
sliramu ngger amarga ya pancen tak
wulang kudu mengkono. Sak jane ora mung Swandari. Kabeh prejurit Kenyamu kae
bakal nresnani sliramu nganti napas kang pungkasan. Nanging yen sliramu ora
bisa ngendhaleni garwa-garwamu sesuk sliramu kang bakal ngrekasa.” ngendhikane
Kanjeng Ratu Retna Dumilah. “Inggih.” wangsulane Kanjeng Sinuwun. Nanging
Kanjeng Sinuwun tetep mendhel yen ora ditabuh.
Kanjeng Ratu Retna Dumilah banjur ngendhika meneh “Apa kang
dingendhikake Kanjeng Ratu Batang kuwi apik lan bener. Kudune Swandari ki
ditrimakake wae karo tumenggung utawa adipati sapa ngono.” Kanjeng Sinuwun
kaget banjur jumeneng “Mboten kenging, kanjeng ibu. Swandari punika gadhahan
kula. Menawi ical, separo dhiri pribadi kula ugi ical, kanjeng ibu.” Wangsulane
Kanjeng Sinuwun sora. Jane kuwi sing pengin dimirengake Kanjeng Ratu dene
Kanjeng Sinuwun ora ndhadekake Swandari garwa triman. “ Menawa ngono, sliramu
kudu adil marang garwa-garwamu, aja ming andhok ana Kerta wae. Sing Kulon karo
Wetan ya sok dha ditiliki. Mesake yen nunggu sliramu jeleh ana Kerta. Aja marai
Swandari dimungsuhi garwa-garwamu. Elinga
kuwi isa nimbulake perkara anyar. Perkara kaya kang dikandhakake Sripada
mau.” Ngendhikane Kanjeng Ratu alon nanging keras. Kanjeng Sinuwun banjur
manthuk.
TTTTTTTTTTTTT
Nalika semana wancine wis lingsir wengi. Swandari wis bali ana omahe sak
wetan Kerto lan wiwis wiwit nggarap pakaryane nulisake kabeh joged lan gendhing
anggitane dhewe utawa Kanjeng Sinuwun direwangi Nyai Badringah. Sak jane Nyai
Badringah wis ngantuk lan kepengin ngaso ananging Swandari sajake isih adreng
nggarap gendhing ladrang kanggo beksan kakung. Nyai Badringah banjur pamit
ngaso luwi dhisik. Swandari manthuk
“Inggih Nyai, sekedhap malih kula nyusul. Ming kirang pinten pada mawon kok.”
kandhane Swandari. Nyai Badringah banjur mapan sare ana senthonge. Swara angin
kang kemlibet nggawe Swandari ngendhegake pakaryane. Dheweke ngerti yen ana
wong kang nyoba mlebu, sajake maling utawa duratmaka kang duwe niyat ora
becik. Swandari nyiagakake cundrike. Tenan
kang dadi pangirane, ana pawongan kang mlebu saka wuwungan omah kang langsung
mbabitake pedhange ana gulune Swandari. Ananging Swandari endha. Ana siji meneh
metu saka lawang mburi banjur nyoba nyudhukake tumbake lan katangkis nganggo
kayu kang biasane kanggo ganjel lawang. Swandari banjur bandayuda karo wong
loro kuwi. Ananging wong loro kuwi dudu tandhinge Swandari kang luwih cepet lan
limpad. Swandari bisa ngendhani kabeh sudukan tumbak lan sabetan pedhang kang
ngarah awake. Sewalike Swandari bisa ngayang nurut tembok karo nguncalake
cundrike kang langsung ngenani wong kang nggawa pedhang, banjur mati sak
nalika. Weruh kancane mati, pawongan kang nggawa tumbak banjur kalap, Swandari
wola-wali kudu ngendhani tumbake nalika terus digempur kaya mangkono. Nanging
ora gantalan suwe ana keris kang diuncalake nancep ana gegere pawongan kuwi.
Swandari kaget merga ana sing tetulung dadi pakaryane cepet rampung. Sripada
banjur njedul saka lawang mburi. “Kakang Sripada.” Swandari banjur uluk salam.
“Saiki, kowe nungganga jaran karo aku. Ora ana wektu meneh. Pawongan iki ora
mung ngarah patimu nanging uga anakmu. Ayo gek ndhang mangkat.” Sripada ora
mangsuli salame Swandari merga sumelang bab keslametane Tunjung biru. Swandari
manthuk, banjur njikuk Sikatan jarane lan nyengklak . Jaran dicoklang kanthi
sora supaya mlayu banter. Sripada ngetutake saka mburi. Wong loro padha
mlayokake jarane nembus adem lan petenge wengi.
Tekan omah desane, katon kakange Suteja, Rukmi, bapak lan ibune padha
siyaga ana njaba lan neg plataran ngomah wis ana limang kuwandha kang pating
glimpung. Swandari banjur mlayoni Rukmi. “Tunjungbiru?” pitakonane. Mbokne
Swandari, Winarsih mlebu ngomah banjur nggawa Tunjungbiru kang isih
kriyep-kriyep tangi saka turu merga dibopong metu. Swandari ngrangkul Tunjungbiru lan diarasi. Sripada
lan Suteja mriksa mayit kang padha pating glimpung, salah sijine Dipasana.
Sripada banjur ngethok drijine Dipasana kang ana ali-aline lan dibuntel,
disinggahake ana kamuse. “Ja, mengko mayit-mayit iki kuburen ya. Aku kudu bali
neng Kuthagara matur karo ingkang sinuwun menawa pakaryanku wis rampung lan aku
uga kudu ngresiki pawongan kang uga ngglimpung ana omah Kerto. Wis pasrah ya,
Ja.”kandhane Sripada. “Lha Nyai Badringah, kakang?” Swandari mbengok. “Mengko
tak terke mrene. Sawetara kowe ana kene wae, Ndari. Luwih aman bareng kabeh
batihmu ana kene.” Kandhane Sripada. Swandari manthuk. Ana jeron ati Swandari
ngucap sukur dene anakke wedok slamet. Kupiyane Kanjeng Ratu Kulon nylametake
nyawane anakke kasil, merga sak ora-orane, bapa-biyunge prejurit kang uga
mumpuni. Sakliyane kuwi Rukmi uga prejurit Kenya kang duwe keprigelan linuwih,
isih ana kakange sing uga jago ana bab bandayuda. Omah desane kuwi bisa dadi
beteng sing kuwat banget kanggone Tunjung biru.
TTTTTTTTTTTTT
Kanjeng Sinuwun nguncalake buntelan isi drijine Dipasana ana sak ngarepe
Kanjeng Ratu Batang. Kanjeng Ratu ora bisa wangsulan apa-apa, merga selak kaya
ngapa, kakunge mesthi wis ngerti menawa kabeh mau pakaryane andahane. Apa meneh
Dipasana nganggo ali-ali sing ana embleme Kabupaten Batang. Dadi ora ana gunane
selak. Kanjeng Ratu Batang banjur nyungkemi sampeyane Kanjeng Sinuwun lan janji
ora bakal ngganggu gawe Swandari meneh. “Sinuwun, kula sak estu mboten njarak
badhe damel cintrakanipun sengkeran dalem lan ugi putra dalem. Kula nyuwun
sagunging pangaksami, Sinuwun.”kandhane karo muwun. Kanjeng Sinuwun mung
mendhel lan medhal saka senthong kaputren Wetan.
Wiwit dina kuwi tekan Kanjeng Ratu Wetan nglairake Raden Mas Sayidin,
Kanjeng Sinuwun ora tau tedhak ana keputren wetan. Nanging nalika mireng menawa
Kanjeng Ratu Wetan nglairake putra kakung, Kanjeng Sinuwun banjur rawuh ana
keputren. Kanjeng Sinuwun penggalihe lega merga kagungan putra kakung kang
bakal bisa nggentosi kalenggahan dalem mengkone.
Kelairan kuwi nentremake kawula Mataram, nanging ora kanggone Kanjeng
Ratu Kulon kang durung ana tandha-tandhane mbobot. Marune mesthi wae bakal saya
siya-siya lan rumangsa luwih menang tinimbang Kanjeng Ratu Kulon. Swandari
krungu uga bab kuwi banjur ngirimake layang ana ngarsane Kanjeng Ratu Kulon.
Isine layang yaiku menawa Kanjeng Ratu Kulon kersa dipijet peranakane supaya
bisa mbobot. Kanjeng Ratu Kulon senenge ora jamak krungu kabar dene Swandari
bisa mijet. Banjur kanthi sesidheman Kanjeng Ratu Kulon rawuh ana omah desane Swandari. Udakara ping telu utawa
ping papat dipijet dening Swandari, Kanjeng Ratu Kulon banjur mbobot. Bab kuwi
uga marai Kanjeng Sinuwun marem merga garwa-garwane kabeh iya paring momongan
lan uga turun kang bakal dadi pewarise kraton Mataram.
Kanggone Swandari Wanita duwe teges wani nata. Dadi samubarang kang ora
pener kudu dibenerake. Semono uga ana bab bebrayan utawa sesrawungan ana
kalane, wanita kudu duwe kabisan linuwih kanggo nata putra lan garwa, uga
kanggo nulungi sak padha-padha.Wanita kudu bisa nata ora ming awake ananging
kudu bisa nata pasrawungane kang becik supaya nalika kakunge utawa
putra-putrane nduweni alangan-alangan, wanita bisa nggolekake dalan kang becik
lan bener. Wanita uga bisa migunani tumraping bangsa lan negarane.
BAB VII
BATAVIA
Kraton Kerto wis rampung anggone mbangun. Kratone ora
patiya gedhe ananging ketok ngengreng lan gagah amarga kagawe saka jati-jati
pilihan sing diplitur alus. Ukir-ukiran ana umpak lan blandar-blandare uga
digawe kanthi ngremit. Lampu-lampu ukir ditekakake saka Koromandel lan dipasang
ana tengahing pendhapa ageng, bangsal Prabayeksa lan Sitihingigil. Kabeh katon
endah. Para kawula uga seneng bisa ganti kahanan, amerga hawa ana Kerto isih
krasa luwih seger. Taman-taman uga wiwit dibangun lan kali Opak kang mili ana
cedhak kono dibendhung kanggo ngileni Segarayasa kang diangkah Kanjeng Sinuwun bisa
kanggo gladhen prejurit kang nguwati bregada kang ngayahi pakaryane ana segara.
Kraeng Sowa uga pinercaya nggawa kapal-kapal kanggo gladhene para prajurit.
Dudu kapal gedhe amarga Segarayasa ora bisa amot kapal gedhe, ananging cukup
kanggo nggladhi para prejurit kuwi. Kanjeng Sinuwun banjur lenggah ana Kerto
ananging para garwa lan Ratu sepuh tetep lenggah ana Kotagedhe.
Kanjeng sinuwun olehe lenggah ana Kerto sinambi
mirsani para prejurit kang padha gladhen sak dhuwuring kapal ana Segarayasa, sakliyane
uga ngayahi pakaryan tataning praja. Menawa wengine wis wiwit lingsir, kanjeng
sinuwun ora banjur sare ananging nyerat maneka werna piwulang kanggo
putra-wayah mbesuke kayata Serat Nitipraja lan Sastra Gendhing. Serat Nitipraja
kuwi mulangake piye para panguwasa kuwi bisa ngesuhi kawulane kanthi becik.
Seratane kaya mengkene :
Lamun Sira tinitah Bupati
Anggea ambek kasudarman
Den dadi surya padhane
Sumadya lwir ramu
Mungwing cala lumawan ening
Mwang kadi ta samodra
Pamotiren tuwuh
Rehing amawi santana
Wruhanira lwir warsa taru rata
nglih
Mangsaning labuh kapat.[23]
Kang tegese menawa priyayai kuwi diparingi kuwasa kudu
bisa nduweni watak kang loma marang kawula, kudu bisa wening pikire lan kudu
bisa kaya banyu kang menehi panguripan. Bisa ajur ajer bareng kawulane ana ing
mangsa kang longgar utawa mangsa kang angel.
Menawa lagi nyerat kaya ngono, Kanjeng sinuwun sok
nganti ora sare, sok kesupen dahar merga uga wawanrembug karo para sepuh saka
kapujanggan Kraton. Kanjeng sinuwun uga ngingguhke banget ana ing babagan
kabudayan sak engga maneka werna seni lan sastra wiwit ngrembaka. Mung siji
kang marai penggalihane Kanjeng Sinuwun ora jenjem yaiku bangsa-bangsa Walanda
kang wiwit ngangseg panguwaos dalem lan wiwit cawe-cawe ana bab-bab kang gegayutan karo tataning
praja kraton-kraton liyane kaya Banten lan Cirebon.
Bab kuwi uga tau dirembug ana pasewakan ageng lan uga
ana pasamuan. Ananging para sentana dalem isih nganggep bangsa Walanda iki
menawa dicedhaki kanthi becik bisa dadi mitra kang uga apik. Seje karo panemune
para sentana dalem, senapatining prajurit Kenya Swandari lan Ulupi banjur matur
menawa Walanda kuwi yen laku dedagangan sok urik lan uga kerep ngapusi para
kawula. Senengane uga nguwasani wewengkon kang dudu darbeke, kaya saiki wae wis
ngebruki Jaketra utawa Jayakarta kang mbiyene bandar gedhe Sunda Kalapa kang dikuwasani
wong-wong Sunda. Ulupi uga nglapurake yen ana Jaketra kuwi Walanda uga wiwit
mbangun beteng lan loji-loji gedhe. Nanging sentana dalem isih tetep kukuh yen
Walanda ora ngrugekake Mataram. Kanjeng Sinuwun isih bisa ngampet kepinginane
nundung wong-wong kuwi sak upama pancen mung laku dedagangan.
Ananging mbasan maneka werna kedadeyan kang ngrugekake
Mataram saya ndadra, para prajurit Kenya ora bisa meneng wae. Kanjeng sinuwun
penggalihe duka banget sakwise mirengake pelapurane para prejurit kenya dene
kapal-kapal Mataram kang arep layar lan nggelar dedagangan ana Malaka kerep
dialang-alangi dening VOC kang dipandhegani bangsa Walanda kuwi mau. Sakliyane
kuwi VOC uga nindakake cara monopoli dedagangan sak engga Mataram sok kangelan entuk barang-barang kang
dibutuhake kawulane. Kanjeng Sinuwun ora rena dene VOC uwis wani nranyak marang
panguwasane Mataram, ora ngajeni lan ora ngakoni yen Mataram kuwi praja kang
gedhe, jembar jajahane lan duwe kekuwatan kanggo njagani wewengkon lan
kawulane. Sesambungane Mataram lan VOC pancen wis kurang becik wiwit jaman
Mataram ngluruk perang ana Surabaya. VOC nalika kuwi ora gelem ngewangi Mataram
nalika nelukake Surabaya lan Mataram kaanggep marai tuna amarga kantor-kantor
dangane lan Bandar gedhene ana Jepara katut dirusak nalika perang karo Surbaya.
VOC dhewe uga tau kirim utusan ana ngarsane Sultan Agung supaya diidhini
ngedhegake loji-loji dagang ana sak dhawaning pesisir lor Jawa, ananging Sultan
Agung ora marengake kanthi tetimbangan yen VOC nguwasani pesisir lor ekonomi
Jawa bakal angel maju lan kabeh asil bumine Mataram mung bisa didol marang VOC
kanthi rega kang ora jumbuh karo upayane.
Panulake Sultan Agung marang VOC marakake sesambungan
kang wis kurang becik dadi saya panas, ketambahan maneh nalika Sultan Agung
kepengin njembarake wewengkone Mataram ana ing Banten lan Surabaya, VOC dadi
pepalang. Sultan Agung uga uwis ngirimake Kyai Rangga Bupati Tegal kanggo
berdamen karo VOC ananging tanggepane VOC ora nyenengake. Wiwit dina iku uga
Sultan Agung banjur nutup kabah Bandar gedhene ana Jawa kanggo VOC lan ora
marengake sapa wae dedagangan beras karo VOC, sok sapa wae kang ora manut bakal
dipidhana abot. Ora mung kuwi Sultan Agung banjur mutusake arep nyerang Batavia
utawa Jaketra, kutha kang kasil direbut VOC tahun 1619.
Sultan Agung kang ngampet raos duka lan gregeten
tedhak ana pasewakan lan wiwit ngumpulake kabeh para sentana dalem, senapati
lan bupati nayaka kanggo wawan rembug bab Mataram arep ngluruk ana ing Batavia.
Sak wise kabeh para pendhuwur Mataram sarujuk, Tumenggung Baureksa kapilih dadi
senapati lan tetungguling prajurit Mataram kang arep nggedhak Perang nang
Batavia. Tumenggung Baureksa mengkone bakal disengkuyung dene dipati Ukur salah
sijining adipati saka tanah Priangan. Sak bubare pasewakan Sultan Agung banjur
ngersakake Swandari ditimbali supaya marak.
Swandari kang ngampil busana abdi dalem banjur
ngaturake sembah. Maune Sultan Agung ming mendhel wae. Swandari wis apal menawa
lagi duka, Sultan ming mendhel lan ora kersa ngendhikan. Nganti sawetara wektu
ora ana swara sak liyane oceh-ocehan kang ana ing sak njabane senthong. “Nyai.”
Pandangune Kanjeng Sultan Agung. “ Inggih.”Swandari wangsulan. “Aku kepengin
iguhmu merga saiki aku ngerigake prejurit kanggo ngluruk perang ing Batavia.
Perang kuwi dipandhegani dening tumegung Baureksa lan saiki, Baureksa lagi
nyepakake apa kang diperlokake kanggo numpes wong-wong Walanda kae. Aku
mangkel, uga gregeten, lha kok bisa-bisane wong kang neka banjur arep nguwasani
sak kabehe. Dadi Nyai aku kepengin sliramu lan prejurit Kenyamu mangkat dhisik
mbukak dalan. Prejuritmu kudu dadi prejurit sandhi kang bisa mangerteni apa wae
kang dadi kekurangane mungsuh, sak engga Baureksa bisa kasil nembus lan
nelukake Batavia.”ngendhikane Sultan. Tanpa nggawe pawadhan werna-werna
Swandari banjur matur sendhika lan banjur nyembah ngayahi kuwajibane.
Swandari nglumpukake
bregada Prajurit Kenya. Swandari kapilih dadi Manggalayudhane para prejurit
Kenya kabeh. Ulupi lan Praba dadi senapatine. Amarga ayahan kanggo prejurit
Kenya dudu nggedhak perang kanthi tinarbuka, Swandari mbagi andahane dadi
telung regu. Regu sing sepisanan bakal nyamudana dadi ledhek, regu sing
kapindho nyamudana dadi bakul lan regune Swandari dhewe nyamudana dadi bangsane
dukun pijet, dukun bayi lan tukang jamu. Mangkate tumuju Batavia uga ora
bebarengan ana kang liwat lor, liwat tengah lan liwat kidul. Bangsa Walanda
kang wis mbangun tembok beteng ana Batavia pancen ngati-ati banget menawa
nglebokake wong-wong Jawa, utamane wong saka Mataram, amarga pancen
sesambungane kurang becik lan kerep regejegan bab dedagangan. Kuwi sebabe para
prejurit Kenya ora nyaru dadi wong Mataram ananging dadi wong Cirebon, wong Banyumas
lan wong Banten. Bejane bangsa Walanda kuwi angel mbedakake endi wong Jawa,
endi wong kang dudu Jawa merga kulitane padha, ya mung saka basane wae kang
mbedakake. Ming kuwi uga bisa disinau dadi pancen ya repot tenan anggone
ngawasi wong mlebu metu beteng.
Batavia kuwi sawijing kutha kang ambane meh 15 hektar
ana sak pinggiring kali Ciliwung. Amarga ana sungapan kali mesti wae isih akeh
kewan-kewan galake kaya macan, baya lan ula. Mulane bangsa Walanda banjur
mbangun beteng kang aran Kasteel Batavia, pembangunane migunakake lemah saka
tilas kutha Jayakarta kang wis ajur mumur amarga perang sak durunge
Swandari kang nyaru dadi tukang pijet kasil mlebu ana
beteng Batavia lan sak banjure naliti mbaka siji panggonan-panggonan sing
dianggep penting. Swandari ngangkoni dene bangsa manca iki yen mbangun apa-apa
luwih apik tinimbang bangsane. Sak oran-orane betenge mubeng gedhe lan kuwat.
Mboka ana sadengah bageyan kang durung rampung digarap. Sak liyane kuwi uga ana
beteng cilik kang aran Holandia kanggo naliti kapal-kapal sing arep mlebu
Bandar kapale Batavia. Panggonan kuwi pancen bisa dadi dalane prejurit Mataram
mengkone nggempur Batavia. Swandari mlaku nurut beteng kang diwenehi jagang ana
ngarepe. Beteng sing dhuwur banget udakara
enem tekan pitung meter, dadi uga ora gampang dipenek. Sawetara kuwi loji-loji kang digawe saka bata
atose ora jamak sak engga kaya panah lan tumbak mesthi wae ora bisa nembus
beteng utawa temboke Walanda. Kamangka akehe prejurit Mataram mung gegaman
tumbak, panah lan pedhang. Bedhil uga bedhil kang cilik aran muskeet. Dadi
tangeh lamun plurune bisa nembus tembok beteng uga. Swandari bali mlaku sak
dawaning beteng, banjur tumuju ana ing jantunge kutha Batavia, banjur ngliwati
Loji kang diarani Staadhuis (Balai kota). Sajake panggonan kuwi kang dadi
panggonane para pendhuwur VOC, ananging dijaga sakehing prejurit kang nggawa
gaman komplit. Swandari mikir lan golek cara supaya bisa mlebu ana Loji kuwi
banjur nelukake saka njero. Nanging bab kuwi butuh petungan sing bener lan
permati.
Swandari banjur mlipir ngliwati dalan-dalan kang rame
kanggone wong dedangangan, sajake akeh bangsa China kang ditekakake mrene
kanggo nguripake pasar lan bebakulan ana Batavia. Kabeh sing dagang ana kono
ming bangsa china lan bangsa pribumi kaya dheweke. Menawa ana bangsa kulit
putih ming siji utawa loro.
Maneka werna sing didol ana kono seka beras tekan
bakal. Saka uyah tekan bumbon lan gula. Sak wise mlaku udakara patang kila, Swandari
krasa pundhake ditabok uwong. “Cangak putih.”kandhane pawongan kang nabok
pundhake. “Mliwis ireng.” Swandari wangsulan. Sajake kuwi sandhi kang kudu
dikandhakake Swandari kanggo nemoni telik sandhi kang uwis luwih dhisik ana
kono kanggo mbukak dalane prejurit Kenya supaya bisa mlebu ana
panggonan-panggonan kang pancen wis dicawisake kanggo nggolek sisik melik sing
luwih permati. Pawongan kuwi gagah, gedhe dhuwur. Ora patiya ketok rupane
amarga tutupan caping sing amba. Pawongan kuwi banjur menehi tandha supaya
ngetutake dheweke. Swandari manut. Pawongan kuwi nggawa Swandari mlebu ana
pomahan kang biyasane kanggo nyedhot candu. Sing nduwe China tuwa aran Lien
Mo. Embuh apa sing diomongake marga sing
sadengah nganggo cara China dadi Swandari ora pateka mudheng. Lien Mo banjur nuduhake kamar ana sak
mburining toko lan pomahane sing kanggo dodolan candu. Pawongan kuwi banjur ngejak
Swandari ngetutake mlebu ana panggonan kuwi.
Kamar kang diwenehake resik lan kopen, ora kaya toko candune Lien Mo.
Pawongan kuwi banjur mbukak capinge lan ora ngira
jebul “ Kakang Sunggono…..?” Swandari meh wae mbengok saking kagete.”Swandari….!”
Sunggono kang uga kaget banjur ngrangkul Swandari. “Jebul iki kowe ta, ndhuk.
Saiki kowe wis dadi wanita dewasa.”kandhane lirih. Sunggono meh wae netesake
eluh saking senenge. “Seprana-seprene aku ora weruh kowe, kakang. Jebul kowe
ana kene.”kandhane Swandari. “Ho oh, ndhuk. Sak ploke aku ditundhung gek nalika
aku mbelani kowe bab denmas Wirata, aku banjur diwenehi ayahan kanggo dadi
telik sandhining Mataram ana kene. Wis meh lima las taun aku ora ketemu kowe
lan bapakmu, ndhuk cah ayu. Piye kahanane kakang Sembego, rak ya apik ta?”
pitakone Sunggono. “Bapak apik. Ananging
wis ora dadi prejurit meneh. Saiki dadi lurah ana ndesa, macul karo simbok
nggarap sawah. Dene kakang Suteja kang nggenteni bapak.” Kandhane Swandari. Rada
suwe wong loro kuwi padha nyawang siji lan sijine. Sunggono wis ketok rada tua,
dasar umure uga kacek rada adoh karo Swandari. Nanging rupane kang manis isih
ketok apameneh menawa mesem. Alon Swandari ngelus pipine Sunggono kang ana
tilas tatu parut amarga pecut. Tekan saiki durung ilang. Sunggono ngranggeh
tangane Swandari kang alus. Swandari luhe banjur tiba. “Apuranen aku ya kakang.
Awit tumindakku kang kurang petung banjur kowe sing kudu dadi korbane. Saiki
kowe uga isih kudu nebus, urip ana paran adoh rowang, adoh kadang.”Kandhane Swandari
kanthi swara kang lirih ana sak selaning tangise. Sunggono ngepuk-puk pundhake
Swandari. “ Ora perlu kowe mikir sing kaya ngono, Ndhuk. Sing baku kowe karo
aku saiki bisa ngayahi kuwajiban nglabuhi Negara lan bangsa. Menawa kowe suwe
ana kene, kowe bakal ngerti menawa bangsa manca kuwi senengane ngereti bangsane
awake dhewe. Ora mung tekan semono, Walanda kuwi tega apus karma supaya bisa
nguwasani kabeh apa sing diduweni karo kawula-kawula alit. Menawa ngregani
beras utawa asile anggone awake dhewe olah tetanen kanthi rega kang murah
banget. Yen ora gelem ngedol banjur asile sawah dirampok lan apa kang diduweni
diobong. Maneka werna tumindak kang culika dilakoni amung supaya entuk bebathen
kang gedhe.”kandhane Sunggono karo ngunjal ambegan dhawa. “Bener kakang. Mula
Kanjeng sinuwun ora seneng lan or arena menawa wong-wong Walanda kae
ngidhak-idhak ora ming lemah wutah getihe awake dhewe ananging uga
ngidhak-idhak ajining diri bangsane awake dhewe.”kandhane Swandari. “Ndari, aku
neng kene nyaru dadi tukang nggolekake gaweyan. Mengko kowe ngakua menawa
adhiku. Gaweyan ana kene dadi tukang pijet. Akeh londo kang mara mrene kanggo
madat utawa madhon. Ananging aku wis kandha marang babah Lien, yen gaweyanmu
mung mijeti thok, ora gaweyan liyane kuwi, dadi yen ana sing wani kurang ajar,
aku percaya kowe bisa ngatasi ananging menawa kowe ngalami kesusahan, kowe bisa
nggoleki aku ana mburi gudang beras sak kulon jagang kae. Wis tak tinggal
dhisik. Mengko apa kang dadi butuhmu tak terke sak wise aku ngayahi kuwajibanku
liyane.” Kandhane Sunggono. Swandari manthuk “Ati-ati, kakang.” Swandari
mangsuli karo nguntapke lungane Sunggono.
Dina candhake Swandari wis nyambut gawe dadi tukang
pijet. Amarga keprigelane mijet balung sing kecethit utawa ming mijet kanggo
ngilangake kesel. Swandari entuk pelanggan sing akeh. Kuwi uga merga Swandari
duwe rupa sing ayu lan awak kang sedhet lan endah. Ananging arang-arang ana
sing wani kurang ajar, amarga nalika lagi mijeti ana sing kurang ajar, Swandari
bakal mijet otot sing marai wong kang arep kurang ajar kuwi kelaran.
Swandari uga sinau basa landa sithik-sithik saka anake
wedhok babah Lien kang aran Lien Siang
utawa Ah Siang. Kanggone bah Lien kuwi pancen diperlokake amarga Swandari duwe
langganan akeh lan meh kabeh wong Walanda. Ananging kanggone Swandari, anggone
sinau basa Landa amarga dheweke penging ngerti apa wae kang diomongake
langganane kuwi.
Sawijining wengi ana salah sijining lengganane pijet
kuwi sambat, wis omah-omah wis meh limang taun kok ora diparingi momongan.
Swandari banjur omong karo lengganane kang wong kulit putih kuwi menawa bojone
bakal isa meteng yen dipijet pranakane. Menawa gelem lan percaya dheweke bakal
mijet bojone kuwi. Wong Landa kang aran Linden kuwi sarujuk. Ananging Swandari
kudu gelem teka ana ngomahe, amarga Linden ora bisa nggawa bojone ana panggonan
kaya ngono. Swandari gelem anggere entuk nggawa kanca lan diolehake karo babah
Lien. Kanggone babah Lien bab kuwi ora dadi masalah samangsane Linden gelem
mbayar akeh. Linden sarujuk dasare dheweke salah sijining penggedhe VOC dadi
duwit dudu perkara angel.
Ora gantalan dina Linden kasil ngejak Swandari kang
dikancani Rukmi mlebu ana omahe kang ora patiya adoh saka loji Stadhuis kuwi.
Malah saka jendelane Linden, katon cetha banget kahanan ana Stadhuis kuwi. Dadi
nalika Swandari mijeti bojone Linden, dheweke ngakon Rukmi kang api-api
ngladheni Swandari nyepakake jamu lan pilis kanggo bojone Linden karo nyatheti
apa kang didelok. Kanyata olehe ajar
mijet saka Nyai Supanggah ana gunane tumrap ayahane Swandari, ora let suwe
bojone Linden kasil meteng. Linden seneng banget, Swandari lan Rukmi banjur
diwenehi maneka warna mas-masan lan duwit. Babah Lien uga seneng. Kabisane
Swandari kuwi dadi kawentar ana sak indhenging Batavia, sak engga akeh
nyonyah-nyonyah Landa kang banjur
nggunakake kabisane kuwi termasuk bojone Jan Pieterszoon Coen kang aran Eva
Ment. Nanging nalika lagi wiwit ngayahi kuwajibane, keselak Tumenggung Baureksa
wis meh ndharatake kapale ana pesisir Batavia.
Swandari banjur ngilang sawetara wektu, kanggo nggawe
pelapuran marang Tumenggung Baureksa bab kahanane kutha. Jane Swandari
ngelikake supaya Tumenggung Baureksa aja kesusu nggempur Batavia amarga Mataram
ora cukup duwe kekuwatan kanggo nelukake Batavia. Swandari duwe panemu supaya
Mataram nguwatake gegamane sik kanthi nuku meriem lan bedhil saka bangsa
Portugis, awit tembok beteng njaba utawa njerone Batavia ora bisa katembus
gegaman kang ana.
Ananging panemu mau sajake ora patiya digagas dening
Tumenggung Baureksa, amarga kaanggep petungane wis mateng tenan tanpa maelu
kabar saka telik sandhi kang wus dipapanake ana jangtunge kekuwataning mungsuh.
Apameneh sak suwene iki Baureksa ora tau gagal menawa diparingi ayahan apa wae
karo Kanjeng Sinuwun Hanyakrakusuma, saka mbukak alas nganti tekan nelukake
laladan kabeh bisa rampung kanthi asil kang maremake. Nyerang Batavia kanggone
mung barang sepele apa meneh prejurit landa kang dipapanake ana kutha kuwi
sethithik banget ora imbang karo prejurit sing digawa. Tanggal 21 sasi besar
1549 (22 Agustus 192) tanggal lan dina kang ora pas sakjane kanggo wong Jawa
ngluruk perang amarga rakame dina kuwi nuju pati, ananging 59 gorap lan perahune Tumenggung Baureksa
tekan pesisir Jakarta. Gorap lan prau kuwi gaweyane Kraeng Sowa lan Sajuron sak
andahane. Gorap lan prau kuwi nggawa 150 kebo, 120 pikul beras, 10.600 bondhot
pari, 26.600 glundhung kambil, 5.900 bondhot tebu lan sak piturute. Baureksa
uga nganthi 900 wong-wong pilihan.[24] Gorap
lan prau mau ora dientukake mlebu bandar Batavia lan mung bisa ngedhuk-dhuke
gawane ana sak njaban Bandar Batavia. Bab iki ndadekake Baureksa sak andahane
ora seneng. Ulupi kang basa londone apik lan ganep merga tau sinau sak durunge,
karo Swandari dikongkon dadi penerjemah lan dadi wong kang nyambungake Baureksa
karo Walanda kang kawogan ana kono. Ananging sak wise omong-omongan kanthi
dhawa, tetep prau ora kena mlebu bandar Batavia.
Bengine ana 7 prau kang dipandhegani salah sijining
Lurah prejurit aran Margono ( kancane Sunggono nalika padha-padha Jaga ana
keputren) nyedhaki Bandar Batavia, pawadhane merga kapal ora kena mlebu Bandar
Batavia sak enggo angel ngedhuke barang, Margono ethok-ethoknjaluk layang
passed kanggo layar ana Malaka. Wong Jawa wegah yen kudu dedagangan ning
dingel-ngel. Bab iki banjur marai padudhon karo penjagane Bandar Batavia,
sidane banjur padha regejegan. Ulupi ngupaya misahake ananging ora kasil.
Regejegan kuwi malih dadi perang antarane prejurit Mataram karo prejurit Landa.
Prejurit Mataram kang ora nduweni wedi terus ngangseg
nyedhaki Kasteel ananging diadang dening prejurit Musketeer. Olehe pada
regejegan meh nganti limang jam suwene lan kekarone padha akeh korbane. Ulupi
banjur ngerigake prejurit Kenya andahane saka njero kanggo narik supaya
kanca-kancane prejurit Mataram bisa mlebu beteng, ananging meh kabeh prejurit
Kenya kuwi gugur. Mung Ulupi lan telung wong wae kang kasil slamet saka
samberaning pluru.
Isuke 27 prau dharat ana ing pesisir Batavia, saiki
wis ora ethok-ethok meneh, kabeh prejurit banjur didukake lan diprentah
nggempur beteng. Merga gila weruh akehe prejurit Mataram, wong Walanda banjur
ngobong kutha sisih kulon kali supaya wong Mataram ora ngangseg saya jero.
Durung nganti sore Kutha sisih kulon kali kasil dibroki dening prejurit
Mataram. Bab kuwi marai Baureksa bombong, kamangka kuwi mung tipu dayane
wong-wong landa supaya prejurit Mataram ora bisa nyerang Kasteel merga ana
pepalang kali gedhe. Sawetara wong-wong Walanda wiwit nguwati beteng-betenge.
Kamangka sak jane wis wola-wali Swandari anggone ngelikake suapaya aja nyerang
dhisik.
Baureksa saya adreng banjur wiwit nggempur beteng
Hollandia kang duwe meriem lan gegaman komplit. Baureksa uga mrentahake supaya
sesambungan antarane Kasteel Batavia lan beteng dipedhot sak engga luwih
gampang ditelukake. Jagang-jagang di kedhuki kanggo ngalang-alangi prejurit
Kasteel ngewangi wong beteng Hollandia. Sadengah beteng wis karebut, ananging
wong-wong landa iki ya takat lan ngeyel-ngeyel banget ora gelem ngalah utawa
pasrah babar blas. Mboka wis nganti lempe-lempe meh kentekan pluru isih panggah
ngalah. Sawetara kuwi prejurit sing diprentahake nyerang Kasteel kasil
diundhurake dening landa kabiyantu, samurai-samurai Jepang sing pancen digawa
mrono kanggo nguwati prejurit Landa. Samurai-samurai kuwi maune dikaryakake
nalika Landa ngebroki Kepulauan Banda. Mbasan Banda kasil ditelukake,
samurai-samurai iki banjur digawa ana Batavia lan dikaryakake ana kono. Ora
mung wong Jepang. China-china Batavia kang wedi yen Landa nganti kalah banjur
bandhane padha dijarah uga melu mbiyantu supaya prejurit Mataram ora bisa mlebu
Kasteel.
Swandari bingung nalika Tumenggung Baureksa kang
api-api dedagangan karo VOC banjur meksa nggempur Batavia lan Beteng Hollandia
kang nalika semana di pandegani dening Letnan Jacob Van Der Plaetten. Ananging
prejurit Mataram ora bisa ngalahake beteng cilik kuwi amarga gegaman kang ora
imbang. Benteng Holandia diwenehi meriem lan kabeh prejurite nggawa bedhil. Kamangka
Mataram ming nggawa meriem loro aran Kyai Segara Wana lan Kyai Syuh Brasta kang
uga mujudake tandha mata saka Jan Pieterszoon Coen. Prejurit Mataram uga ora
dikantheni piranti kanggo nutupi awake sak engga gampang dadi sasarane plurune
Walanda. Beteng kang dhuwur, jagang kang jero kanyata kasil ngendhegake gempuraning
prejurit Mataram. Mboka prejurit Mataram wis nggawa andha lan maneka werna
perangan kanggo ngremuk beteng ananging, beteng kuwi isih tetep ngadheg.
Akeh kang pada tiwas ana ing Palagan. Swandari sak
kanca ora bisa tumindak akeh kanggo nulungi amarga ana jeron kutha kabeh wong
pribumi ora kena nggawa gegaman. Ulupi wae sing bisa nylundhupake gegaman ra
wurunga andahane akeh sing tiwas.
Sak banjure kanthi tutupan rai, para prejurit Kenya
kang ana jeron beteng banjur uga ambyur ing palagan bela pati marang
kanca-kancane, uga kanthi gaman sak anane. Akeh uga andahane Swandari kang pada
tiwas. Ulupi uga tatu. Wetenge kebedhil dening serdadu Walanda. Rukmi banjur
nggotong awake Ulupi kang banjur di delikake ana omahe Sunggono. Swandari dhewe
nalika nekad arep mateni letnan Jacob dipenggak dening Sunggono. Meh wae
Swandari tiwas menawa ora dislametake Sunggono.
Swandari banjur mundur ana omah pandelikane Sunggono.
“Mataram ora bakal menang ing jurit. Tumenggung Baureksa ora kersa mirangake
aturku dek nalika semana. Mbok menawa amarga aku wong wedok dadi kaanggep aku
ora ngerti lan ora bisa apa-apa. Nanging nyatane apa kang tak kandhakake tenan
kedadeyan. Aku wis nyatheti apa wae kang kudu dipetung kanthi memet. Gaman kang
ora imbang. Beteng kang dhuwur lan jagang kang jero. Kudune kabeh mau dipetung
kanthi tenan. Kamangka yen ndhahar aturku, ben bregadaku kang obah ndhisik lan
ngrogoti kekuwataning mungsuh saka njero. Sak banjure menawa mungsuh wis dadi
ringkih, Tumenggung Baureksa kari ngebroki.” Swandari sambat karo sajak getun.
Apamaneh nalika dheweke krungu pangrintihe Ulupi, atine mangkel banget. “Sing
marai aku gumun. Kudune Walanda ki ora cubriya nalika Kanjeng Tumenggung
api-api dedagangan, ananging kepiye anggone Walanda ngerti yen bakal ana 27
Jung kang nggawa prejurit. Aku ora trima, kakang.” Swandari omong karo tangane
sing ngepel kaantemake gawange lawang sak nalika mak prol gawang kuwi ajur.
Sunggono uga mangkel banget. Anggone dadi telik sandhi mataun-taun suwene kaya
ora ana ajine nalika para punggawa praja ora gelem ngrungokake .” Ra wurunga
kabeh ajur lan para prejurit andahan kang dadi korbane.” Sunggono getem-getem.
“Kakang awake dhewe kudu males iki kabeh.” Kandhane Swandari. “Carane?”
Sunggono takon. “Tuduhna aku sumber
banyu pangombene Walanda-walanda kae. Sak banjure kowe bakal ngerti.” Kandhane
Swandari. Swandari banjur marani peturone Ulupi “Pi, aku tak golek tamba
dhisik. Mengko yen aku bali, laramu banjur bisa ditambani. Kuwatna awakmu ya,
Pi.” Swandari omong karo Ulupi karo ngelus bathuke kancane kuwi kanthi kebak
tresna. Ulupi manthuk. “ Pulasaranen Ulupi kanthi becik.” Welinge Swandari
marang Rukmi. Rukmi manthuk.
Kanthi
sesidheman Swandari lan Sunggono banjur tumuju ana ing sumber banyuning kutha
Batavia. Ana kaya sumur neng tengah
kutha kang banyune biasa dijikuk kanggo ngombe. Ananging sadengah wong biyasane
isih nggunakake banyu kali. Swandari banjur takon marang Sunggono “Kakang,
tilas kancamu sing bisa mbok jaluki tulung sapa ya kira-kira? Aku arep mbendhung
kali sing ana cedhak sumbere tuk nganggo mayit. Bathang-bathang kuwi nek di
selehake ana mbanyu bakale luwih cepet bosok. Bosokan mayit kuwi cukup kanggo
nimbulake penyakit kanggone wong sak kutha. Ananging aku njaluk Ulupi lan Rukmi
tokna sik saka kutha lan pulasaranen. Aku kang bakal ngrampungi wong-wong
Walanda sing ana Loji gedhe kae (Staadhuis).” Kandhane Swandari sing wis
ngewurake racun ana ing banyu pengombene landa-landa kae.”Kowe ra bakal kasil
mateni wong-wong kang ana Loji kae. Gamane para prejurite komplit lan prejurite
akeh. Rancanganmu bab ngracuni kutha kuwi wis apik, ananging pancen mbutuhake
wektu. Kancamu Ulupi uga ora bakal bisa ngliwati wengi iki menawa pluru ana
wetenge ora ditoke sik.” Ujug-ujug ana swara neng mburine Swandari. Swandari
lan Sunggono mengo, Sripada, Marwono lan Suroso wis ngadheg ana kono. “Kakang
Sripada.” Swandari meh wae mbengok saking senenge. “Saiki ngene wae, aku lan
kowe ngurusi Ulupi ndhisik. Ben kakang Sunggono, Marwono lan Suroso kang
nglakokake rancanganmu ngracuni kali nganggo mayit. Mengko yen wis rampung awake dhewe bisa ketemu
meneh ana omah mburi warung neng cedhak Loji kae. Piye?”Sripada nakoni
Swandari. Swandari manthuk.
Swandari lan Sunggono banjur pisah dalan. Swandari
genti lunga karo Sripada ngusung Ulupi ana omahe Seng Kui ana sak kidul pasar.
Seng kui sinshe utawa dokter China kang kawentar bisa nambani wong lara. Ulupi
banjur langsung diupakara, Seng Kui nggunakake ilmu tusuk jarume kanggo mati
rasa Ulupi. Sak engga nalika Seng Kui ngetokake pluru saka wetenge Ulupi, Ulupi
ora ngrasakake lara. Sak wise pluru ditokake wetenge Ulupi banjur dijait.
Sripada nunggoni kanthi ati sing goreh banget. Sajake Sripada duwe sesambungan
tresna karo Ulupi, ananging kepiye, ana ngendhi lan gek kapan Swandari ora
patiya ngerti amarga uripe dhewe kebak crita kang aeng-aeng. Sak wiwe rampung
Sripada banjur nitipake Ulupi marang Seng Kui karo menehi duwit kang cukup
kanggo ngragadi Ulupi.
Sripada, Rukmi lan Swandari banjur tumuju warung kang
dienggo kangsenan karo Sunggono. Jebul neng kana wis ana Praba, Sunggono,
Marwono, lan suroso. Praba katon nesu banget “ Andahanku mati kabeh. Iki ora
bakal kelakon menawa ora ana kang mbocorake niyating Mataram nggempur Batavia.
Tumenggung Baureksa uga gugur. Sikile ketembak merieme Landa nganti ajur lan
awake kebanting ngenani tunggul kambil. Balung mburine remuk.”kandhane Praba.
“Lha sing mbok arani mbocorake bab iki sapa ta, nimas?” pitakone Suroso. “Sapa
maneh menawa dudu kanjeng Ratu Kulon.” Kandhane karo getem-getem. Swandari
kaget “Kanjeng Ratu Kulon?? Kosik….kowe krungu pawarta iki saka ngendhi lan
saka sapa?”pitakone Swandari amarga mokal kanggone, gusti ayu Retno Wulan kang
apik atine kuwi nganti mbocorake wewadhining negara. “Aku krungu saka Gupita
lan Tejawati. Menawa wong Cirebon kae wis nglayangi kangmase sing saiki
nggenteni Panembahan Sepuh. Lha kangmase putri Cirebon iki sing mbocorake karo
Walanda yen awake dhewe arep ngluruk mrene. Kuwi sebabe nalika Tumenggung
Baureksa njaluk inah mlebu bandar Batavia ora diidhini. Kuwi uga kang marai
kanca-kancaku prejurit kenya pada mati muspra.” kandhane Praba kang ora bisa
ndhelikake mangkele. Swandari ngleremake Praba “Aku lan kakang Sripada kuwi wis
tau ngonangi Gupita lan Tejawati kuwi tumindak culika arep merjaya ingkang
sinuwun nalika isih timur. Rak ya bener ngono ta, kakang?” Swandari kandha karo
nyawang Sripada. Sripada manthuk. “Dadi nek miturut panemuku, kowe aja percaya
dhisik bab kabar kuwi. Tejawati lan Gupita kuwi lambene lemes, ora bisa
dipercaya. Padha karo swargi Iswati.”kandhane Swandari. “Kowe omong kaya ngono
ora merga Tejawati lan Gupita kuwi mbiten bregadane Iswati banjur kowe ora
seneng, ta?” pitakone Praba. “Ora. Aku ki omong kaya ngono ora merga aku ora
seneng, nanging kasunyatane pancen kaya ngono.” Swandari wangsulan. Kabeh padha
meneng. Kabeh kudu narima yen kasunyatane Mataram kalah lan manggalayudhaning
perang gugur.
Sripada banjur pesen wedhang supaya kanca-kancane
padha duwe greget. Marwono kang maune uga ming meneng wae banjur wiwit mbuka
omongan “Nek sing tak krungu, Pangeran Mandurareja, Tumenggung Upasanta lan
Tumenggung Sura agul-agul bakal diutus nggenteni Tumenggung Baureksa. Awake
dhewe ming kudu ngenteni karo tetep gawe
gendra ana njeron kutha kanggo mbingungake mungsuh.” kandhane. “Aku sarujuk.”
Praba wangsulan. “Aku uga sarujuk,
nanging kabeh kudu padha ngati-ati, prejurit Mataram lan prejurit Kenya saya
sithik cacahe. Aja nganti asok nyawa muspra” Swandari uga urun rembug.
Sak wise pada wedhangan Swandari banjur omong karo
Sripada “Kakang, aku tak bali ndhisik ana Mataram kanggo mesthekake pawarta bab
tumindake Kanjeng Ratu Kulon. Aja nganti Kanjeng Ratu kuwi dipitnah lan direka
daya kanthi pawarta kang ora bener.” kandhane Swandari. “Ya. Ming tak jaluk
kowe sing ngati-ati. Aku krungu kakangmu uga melu ana ing ngisore panji perange
Tumenggung Sura Agul-agul. Dadi menawa pakaryanmu ana Mataram rampung ndhang
baliya mrene.” Sripada wangsulan kanthi nggoceki kenceng tangane Swandari kang
wis dianggep kaya adhine dhewe.
Swandari banjur nyengklak gegere Sikatan. Jaran banjur
diplayoke banter. Sing ana pikirane Swandari ming siji, kepengin ngendhakake
dukane Kanjeng Sinuwun marang Kanjeng Ratu Kulon amarga menawa pawartane wis
tekan kupinge Praba tangeh lamun yen Kanjeng Sinuwun durung mireng apameneh,
Tejawati lan Gupita kuwi cetha abdine Kanjeng Ratu Batang kang pancen ora
seneng karo Kanjeng Ratu kulon utawa Retno Wulan.
Ananging nalika tekan Sokaraja, Swandari weruh
iring-iringane Kanjeng Ratu Kulon, sajake arep kondur neng Cirebon. Swandari
banjur nyedhaki rombangan kuwi lan matur karo Tumenggung Danupaya kang kajibah
nganthi Kanjeng Ratu. Krungu yen ana tetungguling prajurit Kenya kang marak,
Kanjeng ratu gita-gita anggone mbagekake Swandari. Kekarone banjur padha
tetangisan. Saka critane, Kanjeng Ratu Kulon saiki ditundhung karo Kanjeng
Sinuwun sak wise mireng menawa Tumenggung Baureksa gugur. Olehe ditundhung
amarga Kanjeng Ratu Kulon ngirimi layang rakane Panembahan Cirebon supaya
mbiyantu laskare Kanjeng Sinuwun ngluruk ana Batavia, ananging alih-alih
mbiyantu malah Panembahan Cirebon kuwi mbocorake rancangane Mataram marang
Walanda amarga Panembahan Cirebon ora kepengin dianggep andahane Sultan Agung.
Mbasan pirsa bab kuwi Kanjeng Sinuwun muring banget, arep midhana garwane lagi
mbobot tuwa, banjur pungkasane sak wise nglairake Raden Mas Shahwawrat utawa Pangeran Alit,
Kanjeng Ratu Kulon ditundhung.
Swandari luhe ndrojos ora madheg-mandheg. Apamaneh
nalika weruh menawa Kanjeng Ratu mung ngagem busana sarwa putih. Rambute kaore
ora disanggul lan mung katutupi nganggo slendhang kang uga putih. Swandari wis
ngerti apa kang bakal dumadi. Kanjeng Ratu ora bakal kondur ana Cirebon,
ananging bakal kondur ana kalanggengan. Swandari nglirik Tumenggung kang
kajibah ngleksanani paukuman, lan kanthi tandha kedheping mripat Swandari wis
ngerti. Swandari banjur ngrangkul Kanjeng Ratu Kulon. “Aku titip Shahwawrat ana
tanganmu ya, Nyai.” kandhane karo luh kang dleweran. Swandari manthuk. Swandari
banjur pamit arep bali ngayahi kuwajibane ana Batavia lan sepisan meneh
Swandari ngrangkul Kanjeng Ratu Kulon. Karepe mono labuh labet marang garwa
jebul sedulur dhewe wae bisa tumindak khianat, sak engga saiki Kanjeng Ratu
Kulon kudu kena pulute. Ora entek-entek luh kang tiba saka mripate lan kanthi
kupiya kang pungkasan Swandari banjur matur supaya menawa bisa ukuman kuwi ora
dilaksanani. Nanging Tumenggung Danupaya kepeksa ora bisa nyaguhi.
Swandari banjur bali mlayokake Sikatan jarane bali
menyang Batavia. Kanggo kang pungkasan Swandari nyawang iring-iringane Kanjeng
Ratu Kulon tindhak mengidul, embuh ana ngendhi nanging eseme Kanjeng Ratu Kulon
ora bisa dilalekake. Swandari atine getun dene ora bisa tetulung. Kamangka
dheweke wis kerep ditulungi karo Kanjeng Ratu Kulon, ana ing batin Swandari
kepengin njerit, kepengin mbengok nanging swarane ora bisa metu. Tangise wutah
ana sak dhawane dalan saka Sokaraja tekan Batavia.
Sripada banjur methukake tekane Swandari lan
ngandhakake menawa rancangan kang digawe Swandari wiwit ana asile. Separuh
kutha kena lelara lan kekuwatane Batavia wis akeh sing kalong. Ananging sak
suwene Swandari lunga uga ana maneka kedadeyan.
Kanjeng sinuwun wis nyaguhi ngirimake meriem kang akeh cacahe lan uga
wis ngutus para Tumenggung kang ampuh-ampuh saka Mataram kanggo nelukake
Batavia. Ananging bali meneh ana kang khianat marang prejurit Mataram.
Gudhang-gudhang beras kang wis di cepakake sak kiwa tengene dalan tumuju
Batavia konangan mungsuh banjur diobong. Ana pawarta sing ngabarake menawa kuwi
pegaweyane wong-wong Cirebon lan Banten kang pancen ora kepengin Mataram
nelukake Batavia. Dadi prejurit-prejurit kang nggawa meriem akeh sing mati
kaliren lan kekeselen. Swandari atine saya goreh krungu pawarta sing kaya
mangkono tambah maneh jebul pangeran Mandurareja lan tumenggung-tumenggung
liyane ora tenan anggone perang, sak engga akeh prejurite sing gugur ananging
para pendhuwure isih tetep slamet.
Kanjeng sinuwun liwat tumenggung Sura Agul-agul banjur
mrintahake marang Sripada kanggo ngukum wong-wong kang ora padha tenanan
anggone nggempur Batavia. Kang kejibah ngleksanani paukuman kanggo wong-wong
kuwi prajurit Kenya. Kanthi ati sing abot lan rasa kang nyesegake dhadha,
Swandari sak kanca banjur nigas gulune wong-wong kang padha ora ngleksanani
ayahane 744 uwong kelangan sirahe. Klebu para tumenggung mau. Ananging
pungkasane pawarta jebul apa kang diprentahake marang Tumenggung Sura Agul-agul
kaanggep kleru. Tumenggung Sura Agul-agul kaanggep gawe paugeran dhewe amarga
kanjeng sinuwun mung mrentahake ngukum para prejurit kang ora tenanan anggone
perang ananging ora klebu para pandhuwure. Amarga salah tumindak kuwi
Tumenggung Sura Agul-agul uga kelangan sirahe.
Kabur kanginaning komando saka Kanjeng sinuwun tekane
para pandhuwur prejurit akeh kang disebabake telik sandhining mungsuh kang
ngaco para gandhek. Gandhek sing asli kautus saka Mataram ana tengah ndalan di
cegat banjur dipateni, layang utawa pesen kang kudune ditekakake, diganti ora kaya maune sak engga, prejurit
Mataram dadi bubar mawut ora karuwan. Mung Prejurit Kenya kang isih sewiji
merga nunggal komando. Kanjeng Sinuwun masrahake srah apa kang kudu
ditindhakake prejurit Kenya marang Swandari.
Merga prejurit Mataram wiwit bosah-baseh Swandari
banjur nglumpukake prejurit kang ana, paling ora kanggo males kabeh prejurit kang
tiwas. Swandari banjur arep nggawe serangan gedhen kang bakal dieling-eling
wong Batavia sak umur uripe. Swandari, Sripada, Praba, Rukmi, Ulupi kang wis
wiwit pulih saka tatune, Marwono, Suteja, Suroso, lan Sunggono, wis nyepakake bregadane
dhewe-dhewe. Swandari, Praba lan Rukmi kejibah nggempur Loji, sawetara liyane nggempur
beteng lan kubu kekuwatane Walanda saka njaba. Kabeh wis siyaga lan wis padha
tekad mati kanggo mbelani Mataram.
Nanging sak durunge kuwi dileksanani, Swandari lan
Sripada naliti meneh panggonan-panggonan kang arep diserang. Ora kejarak liwat
omah candhune Bah Lien. Neng kono ana Gupita lan Tejawati kang lagi
seneng-seneng karo pelaut-pelaut enom bangsa Manca. Tejawati nyritakake piye
kupiyane nylametake Batavia sak enggo Mataram gagal anggone nguwasani Batavia.
Gupita uga crita anggone nyamudhana dadi utusane Kanjeng Sinuwun kanggo ngawe
binggung prejurit Mataram. Tejawati karo lakak-lakak merga mabuk candu ngaku menawa dheweke uga kang nggawe prejurit
Kenya mateni para tumenggunge dhewe. Tejawati banjur entuk bebana akeh saka
gubernur Jendral VOC JP. Coen. Duwit kuwi banjur disebar lan banjur dikukuti
pelaut bule sing mlarat-mlarat kang omah ana sak cedhak galangan kapal.
Swandari atine mangkel banget. Semono uga Sripada, nanging Sripada ngleremake
atine Swandari supaya luwih sabar. Nanging mbasan Gupita cemuit bab Kanjeng
Ratu Kulon lan dheweke kang mitnah Kanjeng Ratu Kulon sak engga ditundhung
dening garwane Kanjeng Sinuwun Hanyakrakusuma, Swandari wis ora bisa ngampet
meneh kanepsone, mung nganggo cundrik, Gupita ditubruk lan disuduk dhadha lan
wetenge nganti tiwas. Tejawati kang kaget banjur nyoba mlayu, nanging di sawat
dingklik kena gegere. “Jebul kowe ta undheraning perkara kang marai Mataram
kelangan prejurit-prejurite kang paling apik!” kandhane Swandari. Tejawati
ambruk, para pelaut enom kuwi banjur ngroyok Swandari mbelani Tejawati, nanging
dialang-alangi dening Sripada. Para pelaut kang luwih saka enem cacahe kuwi
banjur disurung nganggo kayu palang lawang nganti njegur jagang ciliwung sing
akeh bayane. Para pelaut kuwi bengok-bengok merga ditlorong baya. Tejawati isih
nyoba mlayu meneh ning kalah cepet karo cundrike Swandari kang nyamber gulune.
Tejawati sempoyongan nyusul kanca-kancane nyemplung jagang.
Sripada nggoceki pundhake Swandari nyabarake atine. “Sabar.
Tejawati lan Gupita wis nemu pengapesane.” ujare Sripada karo nahan lan
nggoceki lengene Swandari.”Aku ora ngira jebul sing marai prejurit Mataram
bosah-baseh ki wong-wonge awake dhewe.” Swandari lemes. Ana rasa gelan kang
semlempit ana atine. Sak upama wong-wong kaya Tejawati lan Gupita ora ana lan
ora tau dilairake, Mataram mesthi wis unggul jurite.
Bah Lien Mo kang weruh kedadeyan kuwi kaget lan ora
ngira jebul tukang pijete uga wasis olah gegaman. Bah Lien Mo kang wis kepuyuh
kawit mau banjur ambruk ora eling. Anake Bah Lien maune arep njerit lan
bengok-bengok ananging weruh kemlebate cundrike Swandari, dheweke uga melu
ngglethak ora eling. Swandari merga ana kedadeyan iki mantebake tekade ngukum
Batavia.
Sak dhawaning dalan Swandari ngenam-nam pikirane
dhewe. Apa kang marai menungsa pengin banget nguwasani sak kabehe sak engga
kabeh cara dilakoni. Kaya VOC, menawa ora merga kedunungan sipat milik lan
srakah sak jane bisa dedagangan kanthi becik, lan ora perlu nimbulake perang
gedhe ana ngendhi-ngendhi kang mawa korban. Ananging merga meksa kabeh
wewengkon asok pajek marang VOC, perang kepeksa ana lan wong-wong kaya Gupita
lan Tejawati dadi duwe kalodhangan nggawe kancintrakane kancane dhewe, gawe
tuna gustine lan gawe wirang bangsane dhewe. Sripada ngepuk-puk pundhake
Swandari karo omong “Wis, ora sah mbok getuni. Perang pancen nimbulake
kasangsaran lan kesusahan ora ming kawula kaya awake dhewe ananging uga para
pendhuwur yen banjur mung mburu benere dhewe. Sesuk awake dhewe ora kudu
menang. Paling ora, apa kang dilakoni awake dhewe bakal dieling-eling dening
Walanda, yen Mataram kuwi ora bisa diremehake lan bisa diidhak-idhak sak
kepenake udele dhewe.” Swandari manthuk karo mesem. Esem kang pahit, kanggone
lan kanggo Mataram.
Isuke Swandari lan Rukmi api-api niliki Eva Ment
bojone JP. Coen kang wis meteng tuwa. Eva seneng Swandari teka, merga kupiyane
mijeti, Eva kasil mbobot. Swandari banjur omong-omongan karo Eva. Nanging Rukmi
kanthi sesidheman mbukakake lawang kanggo bregadane Praba. Wong-wong kang
manggon lan nyambut gawe ana Loji kuwi ora bisa suwala, meh kabeh tiwas ana
tangane Praba sak kancane. Dene Rukmi kasil nglebokake racun sing padha kanggo
ngracuni para Walanda sak Batavia, ana tandhon banyune Loji kuwi. JP. Coen kang
lagi wae teka saka beteng kaget jebul Loji Kasteele bisa dileboni, merga panik
Coen nembake para prejurit Kenya kuwi sak kenane. Coen nyoba mlayu lan kasil
lolos ananging Coen ora lolos saka racune Rukmi merga nalika mlebu Loji Coen
krasa ngelak banget banjur ngombe banyu kang cemepak ana mejane. Kamangka banyu
kuwi uga wis diwenehi racun karo Rukmi. Krungu swara tembakan lan bengokane
bojone Eva kaget lan krasa arep nglairake. Swandari dicandhak tangane supaya
ngewangi Eva anggone nglairake. Nanging alon-alon Swandari ngeculake tangane
Eva. Swandari ninggal Eva kang bengok-bengok kelaran merga arep nglairake.
Swandari mbiyantu kanca-kancane ngentekake wong kang ana loji banjur padha
mundur. Emane Praba gugur ana ing Loji kuwi. Swandari nggotong layone kancane
kuwi.
Sripada lan Sunggono ora kalah rame anggone nyerang
wong-wong landa nganti padha kentekan pluru. Sak wise ora ana pluru meneh, para
prejurit kompeni kuwi banjur nekad nganggo tai utawa tinja kanggo nembaki
prejurite Sripada lan Sunggono sak kanca. Bab kuwi pancen ora tau dipikirake
Sripada lan Sunggono dene Walanda bakal nggunakake barang kang njijiki kuwi
kanggo ngendih kekuwataning Mataram. Merga ora kuwat ambune para prejurit
Mataram banjur mundhur.
Wengi kuwi kabeh prejurit Kenya lan Prejurit Kakung
ngrukti layone Praba lan dikuburake ana alas sak kulon Ciliwung, semana uga
kanca-kanca liyane sing gugur. Suteja kang teka keri dhewe karo bregadane
nggawa kabar kang nyenengake dene Gubernur Jendral Batavia wengi iku tiwas.
Swandari nyandhong ati sing lega, Swandari ming ora ngerti piye nasibe bojone
Coen, apa kasil nglairake apa ora. Sak jane atine ora mentala nanging kuwi kudu
dilakoni.
Perang kalah utawa menang mesthi wae nimbulake korban
kang ora sithik. Kawula Mataram merga perang iki uga melu ngrasakake susahe.
Mbasan Kanjeng Pangeran Purbaya sepuh ngaturake panemune bab arep diterusake
apa orane perang ana Batavia. Kanjeng Sinuwun mutusake perang dilereni. Kabeh
Prejurit ditarik bali lan para kawula Mataram sawetara wektu bisa ngrasakake
tentreming praja, mboka perang lumawan Surabaya, Madura lan sakupenging bang
wetan tetep diadhani. Kanjeng sinuwun saiki luwih nggatekake bab-bab kang
majokake para kawulane tinimbang mungsuhi Walanda. Ananging sak ora-orane,
Walanda uga mikir menawa arep kurang ajar marang Mataram.
Swandari isih kajibah mulang para prejurit Kenya kang
isih magang, bareng karo Ulupi kang
saiki wis resmi dadi sisihane Sripada lan uga Rukmi. Ana wektu-wektu sing
longgar Kanjeng sinuwun uga isih sok rawuh lan ngrembug bab-bab kang ana
gegayutane karo kabudayan. Bedhaya kang karipta nalika isih bebarengan ana
ndesa lan digelar nalika jumenengan dalem banjur didadhekake Bedhaya sakral
aran Semang lan ming bisa digelar yen ana pasamuan agung utawa upacara-upacara gedhe.
Semang kang dijogedake 9 penari putri
dadi lambang kekuwataning wanita-wanita Mataram lan uga dadi simbol anane
prejurit-prejurit Kenya kang gedhe labuh labete tumrap tegake tataning praja.
BAB VIII:
MENDUNG ING MATARAM
Swandari katon tugur ana sak ngarepe kori senthonge
Kanjeng Sultan Agung kang lagi gerah. Bab kuwi sajake marai penggalihane
Kanjeng Ratu Wetan garwa dalem Kanjeng Sultan sajake ora rena dasare pancen wis
suwe anggone sujana marang Swandari, semono uga karo raden mas Sayidin putrane
kang saiki lenggah dadi pangeran Adipati Anom. Beda yen karo Kanjeng Ratu Kulon
swargi kang banget anggone tresna marang Swandari. Swandari wis kaanggep
sedulur sinarawedi, amarga Kanjeng Ratu Kulon swargi utawa raden ayu Retno Wulan kuwi pirsa
labuh labete keng abdi marang garwane. Ora ana rasa sujana mboka Kanjeng Ratu
Retna Wulan swargi uga pirsa menawa
Swandari sengkerane kakunge. Kuwi
disebabake amarga marasepuh dalem, Kanjeng Ratu Retna Dumilah nate weling yen
Raden Ayu Retna Wulan ora kena sujana karo sok sapa wae kang njagani keslametan
dalem. Isih ana telenging nala nalika semana Kanjeng Ratu Retna Dumilah
seminggu sak durunge seda weling karo nggegem tangane Kanjeng Ratu Retno Wulan
swargi lan kaadhep Nyai Badringah “Gusti Ayu, mbok menawa aku ora suwe maneh
bakal bali ana ing alam kelanggengan nyusul Kanjeng Panembahan Senapati. Sak
pungkurku mengko, ora ana maneh kang bisa ngampingi ingkang sinuwun kejaba para
garwa. Welingku marang sliramu ladhenana putraku kanthi tulusing atimu, aja sok
sujana marang sok sapa wae kang ayahane pancen njaga keslametan lan uripe
putraku Rangsang. Sliramu kudu ngerti menawa kabeh prejurit Kenya kuwi pancen
diwulang nresnani Ratu Gustine kadya dene guru lakine. Keneng apa kok kaya
mengkono? Awit mung wong kang tresna lair tekaning batin kang gelem nglabuhi
wong kang ditresnani mau nganti mati. Dadi menawa ana salah sijining prejurit
Kenya kang dadi sengkeran dalem, anggepen kuwi sedulurmu sinarawedi, awit
nyawane garwamu ana ing panjagane. Pancen kuwi ora gampang kanggone sliramu,
nanging uga ora gampang kanggone prajurit Kenya kang ketiban katresnan dalem.
Awit dheweke kudu bisa nglenggana, ikhlas ora bisa dadi garwa lan uga kudu
momot bot repoting pengalih dalem tan kena omong karo sapa wae. Kudu ngorbanake
nyawane menawa diperlokake. Kuwi labuh labet kang ora cilik. Amarga samangsane
isih ngabdi, prajurit Kenya ora bisa lan ora entuk nresnani kakung liyane
kejaba Kanjeng Sultan piyambak.” Ngendhikane karo napas kang wus abot. Kanjeng
Ratu Retna Wulan manthuk. Apameneh Kanjeng Ratu uga pirsa piye mula bukane
nalika Kanjeng Sultan wiwit nibakake katresnane marang Swandari. Kabeh mau
dicritakake Nyai Badringah marang Swandari.
Kanjeng Ratu Retna Wulan swargi dhewe kepotangan budhi
kang ora sithik, amarga dhaupe karo Kanjeng Sultan uga ana sambungane karo
Swandari. Menawa nalika semana Swandari ora cawe-cawe bab anggone jejodhonan,
mbok menawa Kanjeng Ratu Retna Wulan
swargi ora bisa nyandhing keng garwa. Kanjeng Ratu Retna Wulan uga kang dadi
seksi nalika Swandari mbobot tekane nglairake putra dalem kang disingidake ana
omahe neng pesisir. Lan uga awit pitulungane Kanjeng Ratu kang rumangsa
kapotangan budhi sak engga Swandari ora ditrimakake marang kakung liyane, ya
awit saking tresna tuhune Swandari marang Kanjeng Sultan sak engga panggah
ngladheni priya liya. Swandari milih kapidana pati tinimbang kudu ngladheni
priya liya.
Kanjeng Ratu Retna Wulan Swargi kabiyantu Kanjeng ratu
Retna Dumilah swargi banjur nyigidake Swandari ana papan kang ora dingerteni
sapa wae nganti tekan wektune nglairake. Sak banjure bayi wadon kang entas
dilairake kuwi diplayokake dening Kanjeng Ratu Retna Wulan lan diakokake anake
Suteja kakange Swandari. Nganti tekan seprene banjur digula wenthah lan dimong
karo Suteja.Kabeh kuwi gawang-gawangen ana mripate Swandari. Piye anggone
Kanjeng Ratu Kulon swargi kuwi ngrengkuh dheweke.
Ananging kabeh perkara kang disingidake kuwi mau, ora
kok banjur ora ana kang ngerteni. Kanjeng Ratu Batang utawa kanjeng Ratu Wetan
pirsa bab iki lan ora rena banget. Swandari banjur ditundhung saka kraton
amarga kaanggep duwe sesambungan tresna kang ora cetha lan ora pantes. Swandari
uga kaanggep ngrusak citrane prajurit Kenya. Ananging bab iku banjur dipenggak
dening Kanjeng Sinuwun. Swandari kang maune arep ditundhung malah kaangkat dadi
lurah prejurit Kenya lan kanggo nyapih kahanan, Sultan banjur ngutus Swandari
ngluruk ana Batavia.
Saiki kahanan uwis ora kaya wingi-wingi nalika Kanjeng
Sinuwun isih saras lan durung gerah-gerahen, semono uga Kanjeng Ratu Kulon kang
wus dhisiki ana alam kelanggengan. Swandari saiki sasat genti ora duwe pengayom
maneh, mbiyen Kanjeng Ratu Retna Wulan
swargi kersa ngamping-ampingi lan nyengkuyung apa wae kang ditindakake
samangsane isih sugeng. Kahanan iki uga marakake samsaya ora senenge Kanjeng
Ratu Wetan (Batang) marang Swandari, semono uga pangeran Adipati anom. Ibu lan
putrane kuwi banjur ngupaya piye carane bisa nyingkirake Kanjeng Ratu Kulon lan
Swandari sisan menawa bisa. Ndilalahe dalane kok ya ana wae. Amarga Penembahan
Cirebon tumindak khianat marang Kanjeng Sinuwun kang marai duka banget, Kanjeng
Sinuwun banjur nundhung garwane Kanjeng Ratu Kulon kang sak banjure seda ana
wewengkon anggone dibuwang. Emane Kanjeng Ratu Wetan tetep ora kasil milara
utawa gawe cintrakane Swandari. Perang ana Batavia kang uga dikarepake bisa
ngilangake nyawane Swandari, kanyata uga ora bisa nyingkirake wong wadon siji
iki.
Pangeran Adipati Anom uga ora seneng marang Swandari
marga dianggap dadi wong kang ngrusak bebrayane ibune karo ramane. Uga ngrusak
kesenengane nyengker para prajurit Kenya andahane Swandari. “Wong dheweke wae
sengkerane Kanjeng Rama. Lha keneng apa ora ngentukake aku dolanan cah ayu-ayu
kae. Dadi wong kok ra nyawang githoke.” Ngono kuwi pangundamanane Pangeran
Adipati Anom yen Swandari matur marang kanjeng sinuwun bab tumindake pangeran
Adipati Anom.
Sengite saya ngigit-igit nalika Swandari menggak kersane pangeran
Adipati Anom supaya ora ngrusak pager ayu merga sesambungan karo garwa ampene
Tumenggung Wiraguna. Ora wurunga mbasan konangan banjur dadi ontran-ontran
gedhe. Pangeran Adipati Anom banjur nyalahake Swandari kang dianggep tumbak
cucukan, ngandhakake sesambungane karo garwane Tumenggung Wiraguna marang keng
ramane. Kamangka sakjane Swandari mboka ngerti piye anggone Pangeran Adipati
Anom tumindak culika, ora tau nglapurake tumindake kuwi sak ploke diundhamana.
Swandari uga kaanggep luwih mbelani Pangeran Alit amarga cedhak karo Kanjeng
Ratu Kulon utawa Retna Wulan. Swandari uga kerep didakwa arep ngraman supaya
Pangeran Alit mengkone kang bisa nggenteni Kanjeng ramane. Sajake kabar kuwi
wis disebarake karo abdi dalem-abdi dalem tilas kapercayane Ratu Sepuh
Tulungayu kang isih lara ati amarga prastawa sedane Sultan Hanyakrawati.
Kedadeyan-kedadeyan kang ora nyenengake saka kalahe
prejurit Mataram ana Batavia tekane tumindake pangeran Adipati Anom kang murang
tata lan merga sayah anggone nggadhang Kerta dadi pusating Kuthagara lan
gegayuhane kagungan armada segara kang gedhe marakake kasarasane Kanjeng Sultan
saya mundhur. Apameneh tumindake pangeran adipati anom kang saya ndhadra ora
kena dielikake lan tumindak sak karepe dhewe, wis marai Kanjeng Sinuwun lingsem
lan kerep banjur ora kersa medhal saka senthonge, ora sare, ora kersa dhahar
lan ngunjuk. Kabeh kuwi mesthi wae nimbulake maneka werna penyakit. Ketambahan
kareman dalem ses utawa ngrokok nganggo mbako diwadahi pipa. Raja kang gagah
pideksa pungkasane gerah kang rada nemen.
Swandari, Ulupi lan Rukmi tugur lan nunggoni
sesembahane kanthi ndedonga supaya Kanjeng Sultan bisa pulih kaya wingiuni.
Para putra uga padha sila ana sak ngarep senthong. Mung garwa kang diparengake
nenggani ana njero senthong bareng karo para dokter, para nujum Kraton. Ora let
suwe, keprunge jerite garwane kasusul
tangis kang ora mandheg-mandheg saka senthong. Swandari kaya kajabel nyawane
nalika krungu panjerit kuwi amarga dheweke ngerti yen kuwi pratandha separuh
saka jiwa lan tresnane wis ilang, kondur ana ing alam kelanggengan. Sak nalika
eluhe ndrojos kaya ngetuk. Lawang Senthong dibukak, para nujum metu saka
senthong dalem lan ngabarake menawa Kanjeng Sultan Agung Hanyakrakusuma seda.
Sak nalika kabeh sentana dalem kang ana neng kono ndhingkluk. Udan tangis ana
ing dina iku lan mendhung kang gumantung ana langite Mataram bakal saya peteng.
Swandari wis ora bisa mikir apa-apa meneh. Jejere kang mung abdi, ora bakal
bisa mujudake pepinginane ngrangkul kang pungkasan priya kang banget ditresnani
iku. Nyawang wae ora bisa, apa meneh nganti ngelus salirane kang sak suwene iki
ngisi wengi-wengine kang sepi. Eseme, kabeh pengarep-arepe, kabeh rasa tresnane
kaya isih gemawang ana anggane. Menawa Swandari kuwi dudu jejering Prejurit
mesthi wae uwis ndheprok lan nangis gero-gero merga kepedhotan tresna. Ananging
merga ngukuhi jejering prejurit Kenya, kabeh rasane disingidake ana telenging
nala. Mung luhe kang terus metu ora kendhat. Perihing ati, susahing pikir meh
ora ketara ana ing praupane kang ayu. Ulupi nggegem tangane kancane sajak
ngerti apa kang ana njeron atine, semono uga Rukmi. Telu-telune prejurit Kenya kang kajibah njaga
sak kabehe nganti tekane napas sing pungkasan.
Mung saka kadohan Swandari bisa weruh iring-iringan
layone priya kang nate ngisi dina-dinane lan menehi katresnan kang kaya ora ana
enteke. Saiki mung bisa nyawang tanpa bisa ngranggeh. Mung bisa mandheng tanpa
bisa ngaturake rasa sedihe. Kanjeng Sultan kasarekake ana pasreyan Agung ana
sak kidul Kerta yaiku Imogiri. Patang puluh dina Mataram anggone sungkawa lan
sak wise kuwi urip kudu tetep lumaku kaya adate.
TTTTTTTTTTTTT
Pangeran Adipati Anom banjur kajumenengake Sultan nggentosi
ingkang rama. Kabeh kawula duwe pengarep-arep kang gedhe marang Raja kang
anyar. Durung suwe anggone jumeneng nata sajake Sultan anyar kang ngagem gelar
Amangkurat I, wiwit pengen nggawe owah-owahan.
Kraton Kerta yasan dalem Sultan Agung swargi wis ora maremake
banjur ngersakake Kraton dipindah ana Plered sak wetan Kerta. Pembangunane uga
uwis diwiwiti. Meh 300.000 ewu tukang lan buruh dikaryakake kanggo mbangun
Kraton anyar. Lan beda karo Kerta kang bangunane digawe saka kayu, kraton
plered digawe saka bata. Kang sepisanan dibangun dening Sunan Amangkurat yaiku
beteng mubeng kang dhuwure udakara limang meteran lan kandhele siji setengah
meter. Kanggone para kawula sak njaban kraton, angkahe Sunan Amangkurat yasa
karton anyar amarga kepengin saya jaga kekuwataning negara, apameneh beteng
mubeng kang digawe saka bata kuwi pancen dhuwur dadi angel dipenek lan angel
digempur yen mung nganggo gegeman biasa kaya tumbak, pedhan lan panah.
Ananging kasunyatane beda karo keng ramane swargi,
Sunan Amangkurat luwih nengenake bab-bab kang nyengkuyung karemane lan
kasenengan-kasenengan liyane. Kaya ta ngagem Segara yasa kang maune digadhang
dening Sultan Agung supaya bisa kanggo gladhen prejurit ana ing banyu malah
kanggo ciblon lan ngenggar-enggar pengalih karo wanita-wanita selir dalem utawa
sengkeran dalem. Makaping-kaping Swandari paring pepemut ananging ora dipaelu
malah didukani kanthi omongan kang ora pantes lan ora nyenengake. Kanjeng Sunan uga kerep nimbali wong-wong VOC
kang mbiyene dadi mungsuh, ana kraton lan bareng-bareng mirsani beksan utawa kesenian-kesenian
kang karipta dening para pinisepuh Kraton. Bab kuwi Swandari uga ora leren
anggone ngelikake, dene ana joged kang ora kena dadi barang tontonan amarga
kuwi perangane upacara. Ananging bali meneh apa kang diaturake mung kaya angin
nabrak tembok. “Sinuwun, mbok sampun kekancan kaliyan tiyang Walandi. Menapa
sinuwun mboten emut menawi Kanjeng Rama paduka swargi mboten remen kaliyan
tumindak lan terkahipun tiyang-tiyang Walandi.”Swandari ora tau leren anggone
ngelikake “Kowe kuwi wong wadon Nyai, ora sah melu mikir urusane negara. Negara
ben dipikir para kakung.” Ngendhikane Kanjeng Sunan menawa dielingake. Semono
uga menawa semuan, Kanjeng Sunan kang seneng umuk kuwi, ora menggalihake bab
paugeran lan tata carane Kraton menawa nganakake semuan. Joged endhi sing
pareng dadi tontonaning wong umum lan endhi sing ora. Kanggone Kanjeng Sunan,
apa kang pengin dipirsani ya kudu dianake lan digelar, tamu sing nonton uga
kang dikersakake lan diremeni dening Kanjeng Sunan.
Swandari gela lan sedih dene joged utawa beksan kang
Agung saiki ora beda karo tontonan lumrah kang bisa ditonton sapa wae tanpa
rasa ngajeni lan ngurmati. Olehe nonton wae disambi mangan utawa ngombe karo
ngguyu lakak-lakak sajak ora ana regane. Kamangka beksan kuwi akeh-akehe
karipta nalika para sepuh sak durunge laku prihatin. Pendhapa kraton kang
biyasane dadi papan pasewakan agung utawa pegelaran agung dadi ora beda karo
panggonan kang biyasa kanggo nyewa ledhek utawa tayuban. Bangsa-bangsa Walanda
kang ora ngerti tata uga banjur sak penake trunyak-trunyuk ana ing Kraton. Melu
nggodhani para putri lan abdi dalem. Nanging ora ana sing wani nyamah prejurit
Kenya amarga kawentar olehe galak lan prigel ana bab peperangan. Kamangka
prajurit Kenya kuwi uga putri-putri pilihan kang ya pancen ayu-ayu tenan.
Wong-wong Walanda banjur wiwit ngglembuki supaya Kanjeng Sunan ngentukake salah
sijine prajurit kenya kuwi disengker dening Walanda.
Jane mono Swandari kepengin muring, ning arep kepiye
lha wong sing kagungan kraton wae etel. Walanda uga wis wiwit wani nyampuri
urusaning kraton kayata ngatur-ngatur yen wanita kuwi ora kena dadi prejurit,
amarga wanita kuwi kudu alus kaya sembadra. Wanita kang dadi prejurit kuwi ora
luwih saka wanita planyahan sing kasar lan seneng migunakake rupane sing ayu
kanggo mblithuk para priya. Kamangka kuwi ming pokale landa wae supaya yen ora
ana prajurit Kenya, wanita kang ayu-ayu kuwi bisa diglembuki lan di dadhekake simpenane.
Yen wanita bodho, mesthi wae banjur gampang diapusi lan dikurang ajari.
Walanda uga mbujuki supaya Sunan Amangkurat ora perlu
ngrungokake swaraning wanita apa meneh ana bab tata ning praja. Wanita kuwi
kaanggep manungsa kang bodho lan papane pantese ana mburi. Bab kuwi uga
kasokong dening Kanjeng Ratu sepuh kang ora remen karo prejurit-prejurit Kenya
kang tundhone mengko ming bakal dadi sengkeran dalem. Kuwi ateges ngrusak
tatanan lan nggawe ora tentreme bebrayan agung antarane Sunan karo
garwa-garwane. Walanda nambahi yen priya kuwi kaanggep priya sejati yen bisa
nata wanita-wanitane. Miturut Walanda Wanita kuwi dudu wani nata nanging kudu
wani ditata.
Sunan kang wis kesupen marang piwulange kanjeng ramane
uga wiwit bisa keblithuk. Saiki ayahane para prejurit Kenya wiwit diowahi. Akeh
prejurit Kenya kalukir dadi abdi dalem caos biyasa. Latihan lan gladhen
keprajuritan uga wiwit dilongi. Swandari kang kadhapuk dadi gurune para
prajurit Kenya banjur marak sowan. “Kula ingkang sowan, Gusti.” Ature karo
nyembah. “Ana apa meneh ta, Nyai. Apa kowe ora bisa yen ora ngganggu
kesenenganku? Apa kowe ora weruh aku lagi repot ngedhusi
kututku.”Ngendhikane Sunan Amangkurat
tanpa noleh. “Inggih, kula mangertos Gusti.” wangsulane Swandari. “Ya wis kana
ndhang sumingkira, aku lagi ora kepengin caturan karo sapa-sapa.” Ngendhikane
meneh. “Nyuwun panganpunten, Gusti. Kula badhe nyuwun pirsa, menapa leres sak
menika prajurit Kenya mboten badhe pun agem malih? Kok gladhenipun dinten
menika mboten pun wontenaken.” Ature Swandari, tetep ana ing sak wingking dalem
tanpa mingset sak durunge entuk katrangan kang cetha. “Ho oh, pancen wis ora
dianake.”cekak aos anggone ngendhikan, jan kudu sabar tenan ngadhepi Sunan kang siji
iki. “Kenging menapa Gusti?” Swandari ngoyak“Ya merga aku nganggep ora ana
gunane. Kowe ki criwis banget ya Nyai.” Sunan wiwit duka. “Lajeng ingkang njagi
penjenengan dalem sinten?”pitakonane Swandari. “Lha prejurit-prejurit lanang
kan akeh, keneng apa kudu wong wedhok. Jaremu mbiyen, ora patut
yen priyayi nyengker prejurit Kenya. Lha aku le ora kepengin nyengker
wae piye, yen prejurit sing ayu-ayu kae ming mubeng ana sak kupengku? Kanjeng
rama swargi wae nyengker sliramu, kuwi rak ateges prejurit Kenya kuwi pancen
kanggo ngono iku ta. Lha yen mung ngono ra sah gladhen prejurit wae. Kuwi ben
diayahi sing lanang-lanang kae.”Ngendhikane tanpa noleh saka kutute.”Sinuwun!”
Swandari matur sora amarga atine ora narimakake yen para prejurit Kenya kuwi
ming dianggap kaya wanita kang murang tata. Saking bantere panggetake Swandari
Kanjeng Sunan dadi kaget sak engga kutute mabur. Sunan Amangkurat noleh karo
mendelik sajake duka tenan amarga kelangan kutute “Jabang bayi, Nyai. Gek kowe
kuwi wanita model sing kepiye coba. Kututku mabur merga aturmu murang tata.
Bener omongane landa-landa kae, wanita yen duwe kepinteran sithik wae banjur
wani karo wong lanang.” Sunan nggetak ora kalah sora. Swandari ndhingkluk
banjur nyembah. “Nyuwun sagunging pangapunten, Gusti. Mboten ateges kula wantun
dateng penjenengan. Ananging ingkang
penjenengan ngendhikakaken menika pecak asiya-siya. Prajurit Kenya menika ageng
labuh labetipun dumateng negari. Nalika kula sak kanca ngluruk dateng Batavia,
mboten sekedhik ingkang gugur nglabuhi negari, sampun lajeng paduka ngendhika
menawi prajurit kenya menika sami kados wanita murang tata, murang trapsila,
menika mboten leres. Tanpa wontenipun prajurit Kenya, Mataram temtu ajur lan
gothang, amargi prajurit Kenya menika dados salah setunggaling saka guru
kekiyataning praja. Penjenengan dalem ugi mboten bakal saged nanggulangi
Walandi menawi mboten kagungan bregada prajurit Kenya. Dados Gusti kula suwun
sampun ngendhikan ingkang ngremehaken prajurit Kenya.” Ature Swandari. Tangane
ndhredeg ngampet nesu, eluhe dleweran merga rumangsa karemehake. “Sangkamu apa?
Ya pancen kaya ngono. Perang ana Batavia wae ora bisa menang kok sengguh men. Kuwi
bukti yen kanca-kancaku bangsa Walanda kuwi luwih unggul tinimbang kowe sak
kancamu. Walanda kuwi duwe maneka werna kepinteran kang ora bisa klebu ana
nalarmu, Nyai. Saiki ndhak takon kowe sak kancamu prejurit kae, kenengapa ora
gelem rabi yen pancen wanita kang duwe subasita lan tata trapsila? Amarga duwe
penggayuh disengker para priyayi kang duwe kalenggahan ta, ben isa urip mulya.
Utawa malah ben bisa karo sapa-sapa.” Ngendhikane Kanjeng Sunan saya sora.
Nyai Badringah, Ulupi lan Rukmi banjur langsung marak krungu Kanjeng Sunan
mbengok sora. “Menika mboten leres. Sumpahipun Prajurit Kenya menawi taksih
ngayahi kuwajiban, panggah bebrayan
supados saged ngrungkepi negari mboten pun gondheli anak, utawi semah. Saget
sewiji kaliyan ayahanipun lan mboten mingkuh menawi kedah dumugining pejah,
Gusti.” Kandhane Swandari. “Ya wis. Saiki nyusula kanjeng rama!” Ngendhikane
Sunan Amangkurat karo njabut kerise. Sripada lan pangeran sepuh liyane banjur
ndheprok nggoceki sampeyane. “Sabar….sabar, nakmas. Sabar.” Ngendhikane
pangeran Purbaya, kang yuswane wis sepuh banget ananging isih banget disuyuti
dening sapa wae. Pangeran Purbaya banjur paring tandha supaya para putri lan
emban nggawa Swandari lunga nanging lagi wae arep njangkah Kanjeng Sunan medhar
putusan “Saiki rungokno prentahku kanggo kowe Nyai Swandari, wiwit dina iki lan
sak lawase uripmu, kowe ora kena midhak kedaton maneh lan aja nganti aku weruh
praupanmu ana ngarepanku. Lan wiwit dina iki uga kowe dak trimake dadi bojo
Lurah prejurit lan ora ana priyayi kang duwe pangkat entuk nyamah kowe. Yen
nganti ana sing nglanggar wewalerku, pidana picis kanggone.”Ngendhikane Sunan
Amangkurat kanthi swara kang ditahan, praupane kang abang mangar-mangar
nandhakake menawa Sunan ora dolanan ana ing bab iki. “Sendika.” Wangsulane
Swandari.
Swandari banjur metu njaba lan langsung ngukuti kabeh
barange, ditutake dening prejurit Kenya liyane. Wiwit dina kuwi, Swandari sak
kancane lolos kedhaton. Pangeran Purbaya kang nyekseni bab iki ming
gedheg-gedheg “Dasar padha kerase, ya nek tempuk mesthi ajur.”Ngendhikane
lirih. Penggalihe krasa susah amarga mbiyen sing ngleboke Swandari ana kraton
uga Pangeran Purbaya dhewe. Lan ya pancen ora salah pilih, ya mung saiki
Pangeran Purbaya wis krasa ketuwan kanggo cawe-cawe. Ananging bab iki marai
penggalihe ora jenjem. “Nakmas, kulup...wayah ingsun sing bagus dhewe. Aja sok
kerep nesu mundhak gelis tuwa kaya aku.” Ature pangeran Purbaya lirih. Swarane
kang mbiyen gandhem saiki wis wiwit groyok amarga wis sepuh. Kanjeng Sunan
banjur lerem. Pangeran Purbaya banjur ngekeki tandha supaya Sripada lan
pangeran liyane padha sumingkir kejaba Pangeran Pringgalaya lan uga Pangeran
Juminah. “Wis aja nesu. Bab kututmu mengko bisa mundhut meneh, yen sliramu
butuh sing wis kung swarane, tindhaka ana Purbayan, mengko sliramu bisa milih
kutute eyang sing endhi wae, sing mbok senengi.”Ngendhikane Pangeran Purbaya.
“Sak estu eyang. Kula pikantuk nyuwun oceh-ocehanipun?” Sunan Amangkurat katon
seneng lan sajake wis lali karo perkarane mau. Pangeran Purbaya mesem. “Apa
kang dadi darbeke keng eyang rak suk ya dadi duwekmu ta, nakmas. Ananging yen
sliramu ngersakake saiki ya ora dadi ngapa. Dasare aku ya wis tuwa, arep tak
nggo ngapa kutut sak mana akehe.” Pangeran Purbaya gemujeng ditutake keng wayah
lan pangeran pringgalaya lan Juminah. “ Ming ngene nakmas, apa wis mbok timbang
tenan anggonmu arep nglereni prejurit Kenya kuwi? Amarga ngene, anggepen negara
kuwi utang karo para wanita. Ya utang nyawa, ya utang kabisan, ya utang urip.
Utang nyawa merga nalika sliramu lair, keng ibu rak toh nyawa anggone nglairake
sliramu, utang urip merga tanpa wanita kang gelem nyusoni lan nggula wenthah
awake dhewe, durung mesthi awake dhewe bisa urip, utang kabisan amarga sing
ngajari sepisanan sliramu lan aku catura, mlaku lan tetembangan kuwi ya wanita.
Sliramu mesthi tau dilelo-lelo yen arep sare mbiyen jaman isih timur. Sak jane
amarga kuwi eyangmu putri swargi Kanjeng Ratu Retna Dumilah kuwi nggladhi
prejurit kenya. Supaya wanita-wanita ing Mataram kuwi dadi wanita sing kuwat.
Menawa Mataram duwe wanita-wanita sing kuwat, mesthi bakal nglairake putra-putra
kang wegig lan lantip. Kuwi dadi pawitane bangsane dhewe, nakmas. Pancen bedha
yen karo bangsa Walanda sing ora nganggep wanita-wanitane kuwi menungsa sing
unggul. Wanita ming cinipta dadi dolanane priya kaya kutut kuwi mau, dipakani,
diombeni, dikawinke, dikon ngoceh. Diwenehi kurungan sing apik lan sak
piturute. Nanging ora diregani kaya dene manungsa lumrahe, kang bisa uga
wawanrembug, bisa uga kanggo embating pikir, bisa uga dijak bareng-bareng nata
negara.”ngendhikane Pangeran Purbaya. “Nanging kula mireng yen priya pun tata
wanita menika ateges priya wau sanes priya sejati, eyang?”Kanjeng Sunan asung
wangsulan. “Kuwi basa sing kurang ngepenake, wanita kuwi pancen duwe teges wani
nata ananging karepe dudu nata priya. Karepe nata samubarang bareng karo priya.
Kaya ngesuhi putra, priya lan wanita kudu bebarengan, ora bisa ming salah siji.
Padha karo nata negara yen mung lanange thok sing maju, uripe dadi gothang.
Amarga ana wawanrembug kaya ngene wanita kuwi luwih luwes, luwih bisa ngiguhke
samubarange.”Pangeran Pringgalaya nambahi “Lajeng kersanipun paman?” pitakonane
Sunan Amangkurat “Ya ngene, ngger. Prejurit Kenya kuwi aja banjur mbok lereni,
nanging ana bab-bab sing penting, sliramu bisa nengenke para priya ning ana
bab-ba sing ana sesambungane karo piye ngglembuk wong liya kuwi pasrahna para
prejurit kenya kuwi. Dadi banjur luwih luwes ta.”pangeran Juminah mlipir
anggone mbujuki Kanjeng Sunan. “Nanging kula mboten remen kaliyan Nyai Swandari.”wangsulane
cekak aos. “Sampun, kula badhe ngayahi pakaryan sanes. Mangga menawi eyang lan
paman taksih badhe wawanrembag.” Ngendhikane banjur ninggal papan. Pangeran
Purbaya ming mesem. Pangeran Pringgalaya lan Juminah ming pating plenggong.
TTTTTTTTTTTTT
Tumenggung Danupaya kang kajibah ngesuhi pangeran alit utawa raden mas
Shahwawrat, katon lagi duwe penggalihan sing abot. Sak ploke Sunan Amangkurat
kajumenengake nata, akeh para sentana dalem kang ora disenengi utawa ora padha
kekarepane mesthi disingkirake. Wis makaping-kaping kedadeyan kaya mengkono lan
sing keri Tumenggung Danupaya krungu yen Swandari lan bregada prajurit Kenyane
dilereni merga Kanjeng Sunan ora seneng karo wong wadon sing pethakilan.
Danupaya maune ora patiya tepung karo Swandari, ananging nalika Danupaya kautus
nyingkirake Kanjeng Ratu Kulon, Danupaya dadi tepung, sak banjure dadi saya
raket nalika Swandari kang rumangsa dititipi pangeran Alit banjur kerep sowan
ana Katumenggungan. Pangeran Alit dhewe uga cedhak karo Swandari kang wis
dianggep kaya ibune dhewe. “Dados bibi menika kasingkiraken saking kedaton ta,
paman Ngung?” pangeran Alit nyuwun pirsa lirih. “Inggih. Ingkang kula pireng
kados ngaten, nakmas.” Tumenggung Danupaya wangsulan. “Lajeng kawontenanipun kados pundi?” Pangeran
Alit bali nyuwun pirsa. “Kula dereng pinanggih, nakmas. Nanging mireng-mireng
kondur dateng Kerta. Lan sak ngertos kula Nyai Swandari lajeng pun peksa
katrimakaken kaliyan lurah prejurit. Menawi mboten klentu namanipun
Sunggono.”Tumenggung Danupaya. “Kok kangmas Amangkurat menika tegel kaliyan
bibi ngantos semanten. Ing atasipun ruminyin bibi menika sengkeranipun kanjeng
rama, kedahipun menawi badhe maringaken njih sak mboten-mbotenipun ingkang
gadah kalenggahan” Pangeran Alit ngelus dhadhane. Danupaya ming bisa mesem
kecut.
Pangeran Alit nduweni praupane ibune luruh lan alus, ora kaya Kanjeng
Sunan kang persis keng ramane amung kulite rada luwih padhang. Pangeran Alit
merga digedhekake ora karo kanjeng ibune luwih akeh urip kanthi prihatin. Olehe
ngagem busana uga prasaja ora katon kaya pangeran liyane sing mompyor sak
apa-apane. Iku sebabe Pangeran Alit luwih disenengi dening para sentana lan
alim ulama. Dasare olehe ngagama iya tenanan lan ora tau telat anggone
sembahyang. Emane bab ngelmu kanuragan Pangeran Alit ora patiya duwe bakat.
Akeh kang nyandra yen Pangeran Alit kuwi menawa ana pewayangan sok dipadhakake
karo Puntadewa. Anggone lembah manah, tata trapsilane becik, ngurmati ing
sapadha-padha.
Danupaya wis nganggep Pangeran Alit kuwi kaya putrane dhewe. Apa-apa
kang diwenehake marang putrane, pangeran Alit mesthi uga entuk kang padha. Bab
ngelmu semono uga. Danupaya dhewe uga dadi gurune Kanjeng Sunan dhek isih timur
ananging watak wantu lan carane tumindak karo wong liya, Danupaya luwih seneng
karo Pangeran Alit, mula nalika gegeran Kanjeng Sunan kang nalika semana isih
pangeran adipati anom ngglibeng garwane ampe Tumenggung Wiraguna, Danupaya kang
nglapurake marang Kanjeng Sinuwun Sultan Agung Hanyakrakusuma. Danupaya duwe
pengangkah supaya Kanjeng sinuwun njabel kalenggahan pangeran Adipati Anom lan
banjur ngangkat pangeran Alit dadi gantine. Ananging angkahe ora kaya sing
dikarepake. Kanjeng Sunan nampa ukuman saka keng ramane limang tahun suwene
dibuwang, ananging kalenggahane ora dicopot lan nalika keng ramane seda banjur
Kanjeng Sunan jumeneng Nata, atine Danupaya uga sumelang. Yen kanyata Kanjeng
Sunan isih nyimpen lara ati, mati uripe ming perkara wektu.
Sorene Danupaya entuk layang kang isine dhawuh dalem supaya ngrebut
Blambangan saka wong-wong Bali. Danupaya bakal direwangi lan dikanthi karo
tumenggung Wiraguna. Bregadane uga wis dicawisake ana sak cedhak Mediun. Jane
Danupaya wis duwe firasat ora becik, nanging arep bangga kaya ngapa Danupaya
ora bakal bisa selak ing pesthi.
Isuk-isuk Wiroguna wis ngampiri ana omahe lan banjur bebarengan mangkat
sak wise pamit karo batihe. Danupaya lan Wiroguna kang ditutake para prejurit
kang ora luwih saka wong limalas tumuju Balambangan liwat Mediun.
TTTTTTTTTTTTT
Swandari kang ditundhung saka kraton banjur bali ana omahe neng Kerta
lan merga wis diputusake menawa dheweke ditrimakake lurah prejurit aran
Sunggono, Swandari ora bisa selak. Ya mung atine isih ngucap sukur dene kang
dipilih dadi bojone kuwi Sunggono, wong kang wis dingerteni wiwit cilik lan ya
sok nulungi Swandari sak suwene iki menawa ana bot repote pakaryan utawa malah
sok ngorbanake awake kanggo nylametake Swandari. Kabeh kuwi uga merga ana
campur tangane Sripada lan Pangeran Purbaya kang rumangsa kudu tanggung jawab marang
uripe Swandari sak bacute sak wise Kanjeng Ratu Retno Dumilah lan Kanjeng Ratu
Retno Wulan seda.
Sembego dhewe seneng entuk mantu Sunggono kang uga tau dadi andahane
dadi wis apal karo lageyan lan watak wantune. Sak wise dhaup, Swandari lan
Sunggono manggon sak wetan Kerta. Kahanane pancen wis ora rame kaya mbiyen
nalika isih dadi kuthagara, mboka jane pembangunan Kraton Plered durung
rampung, nanging kerameyane wis pindah sak ploke pembangunan Plered diwiwiti.
Swandari nyawang njaba kaya nalika mbiyen Kanjeng Sinuwun isih sugeng. Saiki
kahanane wis malih, kaya awake uga wis malih. Mbiyen rambute isih ireng njanges
nalika asring diarasi dening kanjeng sinuwun, saiki wis wiwit ana semburat
putih ana ing sak perangan sirahe. Sunggono ming wani nyawang saka mburi, ora
wani ndhemok, mboka Swandari wis dadi bojone. Mboka kawit mbiyen Sunggono wis
tresna marang Swandari sak engga rila dai wong kang diukum, dadi wong guwangan,
kanggo nutupi ajining dhirine Swandari.
Kanggone Sunggono entuk triman wanita ayu kaya Swandari babar blas ora
tau kepikir ana pikirane apameneh ana ngimpine.
Kaya wong ketiban ndaru, amarga mbiyen ming bisa nyawang ora bisa
nyandhing. Saiki bisa nyawang, bisa nyandhing nanging ora wani ndemok. Swandari
kang ngerti yen bojone nyawang ana mburine banjur ngudha rasa “ Kae delengen
bledhug sing nggulung katerak angin, sajake ketigane bakal dhawa. Apa rasamu
kakang, nalika kowe mlayokake jaran lan ngarahake watangmu ana dhadhane
mungsuh? Apa rasane nyeseg amarga bledhug sing ditimbulake saka playune jaran?”
pitakonane Swandari mbukak omongan. “Rasane ora bisa diomongake. Ya ming bisa
dirasakake.” Kandhane Sunggono karo ngadheg melu nyawang bledhug kang kegawa
angin bareng gegodhongan, umure kang wis seketan tahun ora ngendhokake awake
kang isih gagah kaya nalika Swandari sepisanan ketemu. Swandari ngerti yen
Sunggono ora bakal wani ndhemok yen ora di dhisiki. Sunggono kuwi priya kang
ngerti ngajeni drajating wanita, mboka Sunggono kuwi wong sudra ngulandara.
Beda karo Kanjeng Sunan kang ngegul-gulake olehe dadi priyayi ananging ora
ngerti carane ngregani katresnan jati.
Swandari nyelehake sirahe ana dhadhane Sunggono. “ Ndari, aku ngerti
menawa aku ora pantes sisihan karo kowe, dene kowe mbiyen sengkeran dalem. Ananging
dosa rasane yen aku ora mblakakake rasaku marang kowe dene aku saiki wis dadi
sigaraning nyawaku. Adoh sak durunge kowe disengker karo Kanjeng Sinuwun, aku
wis tresna marang kowe. Nalika aku ngerti kowe tresna karo denmas Wirata, jane
atiku ajur, Ndari. Nanging aku uga nglenggana yen aku dudu sapa-sapa. Aku ming
wong desa. Bisa dadi lurah prejurit wae aku wis sukur karo kang gawe urip.”
Kandhane marang Swandari. Swandari mesem “Aku wis ngerti kakang. Aku mbiyen uga
seneng yen weruh kowe adu watang. Jantungku melu playon lan lambeku ngucap
donga supaya kowe ora tiba. Nanging aku ora ngerti yen kuwi uga bisa sinebut
tresna lha wong aku isih cah cilik nalika semana. Aku lagi ngerti piye rasane
tresna nalika aku kudu pisah karo denmas Wirata, rasane lara banget. Ming aja
mbok kira atiku ora lara nalika ngerti yen kowe diukum pepe lan dipecuti, atiku
ajur kakang. Bar kuwi aku janji marang awakku menawa aku ketemu kowe, apa wae
sing mbok jaluk, kakang, aku rila menehake ora mung bandha donya ananging uga nyawaku
kakang.”kandhane Swandari karo nylempitaki drijine ana dhadhane Sunggono kang
ana tilas tatu pecut kang kanyata ora bisa ilang. “Ora Ndari. Aja omong kaya
ngono. Aku nresnani kowe supaya kowe tetep urip.Supaya kowe bisa weruh apa wae
sing pengin mbok weruhi, supaya kowe bisa ngrasakake apa wae sing pengin mbok
rasakake, utamane supaya kowe seneng lan bagya Ndari. Wiwit cilik direwangi
ngabdi mbasan tuwa diguwang kaya barang tanpa aji. Aku ora kepengin kowe
ngalami iku kabeh yen kuwi rega sing kudu dibayar sesandhingan karo kowe, cah
ayu.”kandhane Sunggono. Luhe tumetes saka mripat kang meh ora tau netesake luh
mbok sewu gegaman ngrocok awake. Nanging weruh wong sing ditresnani susah
kanggone Sunggono kuwi luwih lara tinimbang dikrocok gegaman.
Swandari mesem. Luhe bojone dilapi lan pipine diaras alus. “Tresnamu
karo aku ora bisa ilang ta, kakang. Nemplek ana saperangan awakmu.”kandhane
Swandari karo bali ngelus tilas tatune Sunggono. “Ora ana wong lanang kang
nemplekake tresnane marang wanita kaya kowe, kakang. Dadi ora usah medhar
rasamu nganggo omongan, merga rasamu luwih jero tinimbang ukara kang bisa mbok
omongake. Lakonana wae kaya wong kang lagi watangan, ora bisa dicritakake
ananging dirasakake.” Kandhane Swandari kang banjur ngrangkul sing lanang
kenceng.
TTTTTTTTTTTTT
Isuk umun-umun, Sunggono wis katon seger bar adus kramas. Awake kang
gedhe, dhuwur lan sekel, ngatonake menawa dheweke prejurit kang rosa. Sunggono
wiwit nimba banyu kanggo ngiseni jedhing merga mau wis dienteke kanggo adus,
mbok-mboka mengko Swandari kang isih turu nglempus tangi kepingin adus uga.
Rampung ngiseni jedhing srengengene wis wiwit nyremomong neng sisih wetan.
Dasare sregep Sunggono njikuk sapu lan wiwit nyaponi latar mburi omah nalika
ana sing thothok lawang ngarepan. “Kulanuwun…”keprungu ana wong lanang uluk
salam. Sunggono banjur klamben lan age-age metu mengarep. Lawang di bukak, ana
nom-noman bagus neng ngarep lawang. “Kulanuwun ki sanak….menapa kula saged
pinanggih kaliyan bibi Sunggono ?” pitakone nom-noman kuwi alus. Sunggono
durung tau weruh rupane pangeran Alit merga arang-arang ketok ana kraton,
dasare Kanjeng Sunan ora seneng karo pangeran Alit, sak engga sowan apa-ora,
dianggep ora penting. Sunggono kaget lan uga rada iwuh merga Swandari saiki disebut nganggo jenenge.
Kudune pancen kaya ngono manut subasitane wong akeh. Ning dasar manten anyar,
dadi Sunggono isih krasa iwuh piye. “Oooh, wonten. Mangga nakmas pinarak.” kandhane
karo Pangeran Alit. Pangeran Alit dhewe pasuryane kang putih malih dadi abang
merga uga rikuh dene teka isuk-isuk nganggu wong kang entas dadi manten. “Nuwun
sewu menika. Kula temtu ndamel repot njih?”pitakone pangeran Alit “Ah mboten
kok nakmas.” wangsulane Sunggono karo manggakake tamune lenggah. Sunggono
nggugah Swandari. Swandari manthuk banjur tumuju jedhing kanggo reresik awak
dhisik.
Sunggono banjur nemoni tamune karo nunggu Swandari anggone adus lan
dandan. “Nuwun sewu, penjenengan menika paman Sunggono njih?” pitakone Pangeran
Alit. “Inggih, nakmas. Lha penjenengan sinten?” Sunggono genti takon “Kula
Alit, putra angkatipun tumenggung Danupaya.” wangsulane lirih. “Aduh…nyuwun
sagunging pangapunten lho, gusti. Kula mboten mangertos menawi menika
penjenengan.” kandhane Sunggono ora kepenak merga kang rawuh putrane Kanjeng
sinuwun Hanyakrakusuma. “Paman sampun ngowah-owahi adat. Mboten sisah kados
wonten kedhaton, wong kula asring dolan mriki. Kula ugi ageng wonten njawi
kedhaton.” kandhane nyenengake.
Ora let suwe Swandari metu “Nakmas, menapa sampun ndangu angenipun
nengga? Nyuwun ngapunten menika radi karipan.” Swandari mbagekake tamune. “
Kula ingkang nyuwun ngapunten enjing-enjing sampun dumugi mriki. Dados
murukaken bibi mboten saged sare sekeca.” wangsulane Pangeran Alit. Sakwise
padha meneng sedhela Pangeran Alit banjur omong alon “Bibi, ingkang sepindah
kula ndherek bingah dene bibi sak menika sampun krama. Nuwun sewu kala bibi
ijab, kula mboten saged dumugi mriki awit kula mireng kabaripun sampun radi
telat. Nanging menika mboten ngirangi raos sukur kula dene sak menika bibi
sampun mboten piyambakan. Wonten paman Sunggono ingkang dados kanca ngantos ing
samangke. Lan menika kangge ndherek mangayubagya wonten bebingah sekedhik.
Sampun pun etang reginipun, menika namung tandha tresna, bibi.” kandhane Pangeran Alit karo nyelehake kothak
kang ukurane rada gedhe. Sajake isine mas-masan. Swandari iwuh sak jane ora
kepengin nampa nanging Pangeran Alit meksa. Pungkasane Swandari nampa.
Pangeran Alit banjur mendhel sak untara “Bibi, menapa leres menawi bibi
pun tundhung kaliyan kangmas Amangkurat?” Pangeran Alit takon. Swandari bingung
anggone arep wangsulan. “Nakmas, bab mekaten menika sampun biyasa wonten
kedhaton. Nakmas mboten perlu menggalih. Raka dalem menika rak kados keng Rama.
Galak, keras, nanging menika sanes bab ingkang kedah dados perkawis.”Swandari
mangsuli kanthi ngati-ati supaya ora mbrongot atine bocah enom kang lagi adreng
ing babagan golek pengaruh. Swandari wis dadi prejurit kenya kang pengalaman,
dadi menawa ketemu nom-noman kang gregete kanggo ngatonake keprigelane metu.
Swandari banjur ngendhakake. “Ananging tumindak kados ngaten kedahipun rak
mboten pantes ta bibi? Menapa malih ngantos mbibaraken bregada prejurit Kenya?”
Pangeran Alit tetep kepengin nuduhake menawa bisa melu urun rembug bab
perkarane Swandari. Swandari mesem “Ndilalahipun kula ugi sampun sepuh ta,
nakmas. Kula kepingin ngraosaken gesang tentrem. Mbok menawi keng raka ugi
menggalih mekaten. Dados bregada Kenya pun bibaraken. Mbok menawi keng raka
gadhah penggalihan sanes, badhe ngrembakaken bregada sanesipun. Kula lan kakang
Sunggono menika rak namung kawula, dados njih namung manut, nakmas.” kandhane
Swandari. Pangeran Alit rada gela karo wangsulane Swandari. Karepe Swandari
bisa kabujuk supaya prajurit Kenyane bisa nyokong kekuwatane kanggo ngraman
kangmase.
Swandari bisa maca apa kang dadi karepe Pangeran Alit, nanging Swandari
kang kulina diwulang njoget karo Nyai Badringah pikirane ening sak engga bisa
ngendhaleni kanepsone. Kuwi mung bisa dilakoni menawa wong wis bisa sewiji. Swandari uga bisa mikir dhawa mengkone. Saiki
bregada Kenya diundurake kanthi cara kang becik, ora merga nglakoni bab kang
kleru lan ora merga ngraman.
Ngalor ngidul anggone padha crita, nganti meh dzuhur Pangeran Alit olehe jagongan. Pangeran Alit
banjur pamit. Ana rasa sumelang neng atine Swandari, semlempit ana telenging
nala. Swandari kaya maca menawa bocah iki nasibe ora adoh saka ibune. Swandari
banjur ngrangkul Pangeran Alit kadya anakke dhewe banjur weling “ Menawi wonten
sadengah tiyang ingkang ngejak ngraman, sampun kersa njih, nakmas. Amargi
ngraman menika ngrisak tatananing negari. Ngraman menika ugi nimbulaken
kasangsaranipun kawula. Sampun kersanipun Kanjeng Sunan badhe tumindak kados
menapa, mangke kersanipun nampi sapu dendaning Pengeran Agung. Penjenengan
ingkang kathah ndedonga. Kula lan kakang Sunggono sak menika sampun kadya macan
ompong dados mboten saged mbiyantu menapa-menapa.” kandhane Swandari. Pangeran
Alit manthuk banjur pamit kondur.
Swandari nyawang tindake Pangeran Alit kanthi rasa kang abot. Sunggono
banjur ngrangkul pundhake Swandari karo takon “Kenapa sliramu ora omong isine
atimu sing sak tenane?” pitakonane Sunggono. “Kakang, awake dhewe ki wis tuwa.
Wis ora wancine golek panggung utawa perkara dadakan men bisa kawentar. Pangeran
Alit kuwi isih enom, isih kebak pengarep-arep lan pengen nuduhake kabisane.
Nanging yen sing dimungsuh wong sing kuwasa kuwi golek mati jenenge. Akeh ta
nom-noman sing senengane sok kendhel, pethenthengan ana dalan banjur nyemoni
uwong, golek dadakan mengko yen dicidhuk sing kawogan mewek. Lha ana kono
wajibe wong tuwa ngandhani piye kudune nggunakake gregete mau kanggo bab-bab
kang pener. Dadi prejurit Kenya kuwi ora ming kudu bisa gelut ananging kudu
bisa uga ngendhakake bocah-bocah enom kang gemreget.” wangsulane Swandari.
Sunggono manthuk “Dadi apa ya awake dhewe kudu merem weruh kahanan?” Sunggono
bali takon “Ora merem, kakang ananging carane sing kudu digoleki sak engga ora
buthek banyune nanging kena iwake. Ya aku ming isa ndhedonga, moga Pangeran
Alit bisa ketemu pawongan kang wegig, lantip nanging uga wicaksana.” kandhane
Swandari. “Banjur menawa Kanjeng Sunan mbacutake tumindak kang nyimpang saka
bebener, apa ya prejurit Kenya ya mung arep nonton wae?” pitakone Sunggono.
Swandari mesem. Perang ana Batavia wis ngajari Swandari bisa nimbang luwih jero
apa sing kudu dilakoni. “Kanggoku sing penting para kawula isih bisa mangan,
nyandhang lan duwe papan kanggo nyelehake awak. Ora ana kraman lan negarane
tentrem. Prajurit Kenya saiki malah bisa luwar saka kuwajiban mbelani pawongan
kang mbok anggep nyimpang saka bebener. Nanging prejurit Kenya uga dudu wahana
kanggo ngraman kakang. Bab saiki Kanjeng Sunan arep tumindak sing aneh-aneh,
mengko rak ya entuk sapu dendhane Pangeran. Ananging yen bebener kuwi dadi
pawadhan kanggo ngraman, kuwi uga kleru merga sing dimungsuh wong kang
sanyatane sah dadi panguwasa. Wong kang pancen pinilih lenggah ana dhampar
keprabon, ngraman marang panguwasa sing sah ditetepake paugeran, apa wae
pawadhane tetep kleru. Yen pancen arep ndandani aja liwat Kanjeng Sunan kang
wis kleru anggone mulang wiwit cilik, ananging wulangen bocah-bocah cilikmu
kuwi kanthi wulangan sing bener lan pener. Gulangen ngelmu kabudayan, supaya
bocah-bocah kuwi mau ngerti piye ngecake alam pikire wong Jawa lan piye anggone
tetep nglestarekake wulangane para sepuh ngliwati jaman. Yen kuwi kasil, ora
bakal nemu panguwasa kang kaya saiki nglirwake bebener, nyingkur bab sing
becik. Merga kanthi kabudayan, menungsa dadi luwih wicaksana.”kandhane Swandari.
Sunggono ana batin ngalem sisihane. Dheweke banjur ngerti keneng apa
priyayi-priyayi kae padha ngayunake tresnane marang Swandari.
Sunggono uga nyengkuyung dene Swandari ora gelem cawe-cawe bab rebut
panguwasa antarane Pangeran Alit lan Kanjeng Sunan. Swandari wis rumangsa cukup
ngandhani lan ngelikake supaya Pangeran Alit ora kepilut marang pawongan kang
njanjeni kuwasa. Penemune Swandari bab wong kang njanjeni kuwasa kuwi amarga
duwe pengarep-arep kang disingidake ana pambujuke kuwi. Pawongan sing kaya
ngono ora tau mikir tembe mburine, ya nek sing direbut kuwasane ki luwih
ringkih nek jebul luwih kuwat tundhone sing dadi korban ya sing bisa dibujuki
kuwi mau. Semono uga Pangeran Alit kang isih enom lan durung pengalaman ing bab
kaya ngene. Swandari wis ngadhepi kraman nganti ping telu. Nalika jamane
Pangeran Puger, Pangeran Jayaraga lan Pangeran Harya Manggala utawa swargi
Sultan Agung Hanyakrakusuma. Sing loro ora kasil merga kurang petungan lan
pancen ora cukup duwe kekuwatan kanggo ngrebut kalenggahan. Beda karo Kanjeng
sinuwun swargi. Sak liyane disengkuyung para pinisepuh lan para kawula, anggone
nyepakake lan mulusake dalan ngrebut kalenggahan wis dipetungake wiwit Kanjeng
sinuwun swargi isih cilik. Anggone gelem ngesuhi para kawula lan gelem ajur-ajer
ana palagan kuwi cara paling gampang kanggo bisa narik para kawula kang gelem
nyengkuyung.
Pangeran Alit duwe takdir sing bedha. Wiwit lair wis ora ketunggon
biyunge. Uripe entek kanggo sinau agama lan ngelmu liyane, ananging ora tau
ajur ajer bareng para kawula sak engga, pangeran Alit mboka priyayine wegig,
lantip nanging ora kagungan sesambungan kang rapet karo para kawula sakliyane
kang ana sak kupenge. Dadi menawa arep ngrebut kalenggahan dalem, dalane mesthi
rumpil lan ora mulus. Swandari lan para prejurit Kenyane wis ngetung kanthi
memet bab kuwi. Sak engga nalika pangeran Alit nyuwun pangestu lan
penyengkuyung saka Swandari kanthi api-api nyumbang. Swandari kepeksa ora bisa mbiyantu.
Kang isa dilakoni Swandari ming ngelingake lan ngelikake supaya aja jangkah ana
dalan kang kleru. Swandari isih duwe pengarep-arep yen Pangeran Alit kang lantip
lan wicaksana mesthi bakal ndhahar ature, apameneh Swandari wis kaanggep kaya
biyunge dhewe.
Swandari emoh keseret ana ing puseran kuwasa kang ora ana enteke kaya
adipati Gendhing lan Panjer sing ora wurunga kudu mbayar larang nganggo
nyawane. Swandari ora bakal ngorbanake bregada prejurit Kenyane kanggo perang
kang ora bisa dimenangake. Swandari saiki wis duwe cara dhewe kanggo menangake
perange karo Kanjeng Sunan kanthi tetep nguripake prejurit Kenya ana atine
bocah-bocah kang dadi siswane. Nganggo pawiyatan kabudayan kang bisa
nanggulangi kabeh panemu kang tekane saka manca nanging ora bisa ditrepake
utawa ditepakake ana tanah Jawa. Swandari kepengin mbuktekake menawa wanita
kuwi sakaning negara dudu barang kang endah kang didelikake ana pojok ngomah.
TTTTTTTTTTTTT
Kabar menawa Tumenggung Wiraguna lan Tumenggung Danupaya tiwas ana alas
sak cedhak Mediun wis ubur dicritakake sapa wae. Pawartane isih durung cetha
ananging kabar kang santer keprungu Tumenggung Wiraguna lan Tumenggung Danupaya
pancen sengaja dilebokake wuwu karo Kanjeng Sunan lan kekarone dipateni merga
dhawuhe Kanjeng Sunan.
Swandari uga wis krungu bab kuwi saka uburing pasar, Swandari banjur
nyebar telik sandhi paya para prejurit Kenyane sing isih ngayahi pakaryane
kanthi sesidheman. Kang dijaga dudu kanjeng Sunan meneh nanging tegaking kraton
Mataram. Saka sumber pawarta kang bisa dipercaya Swandari ngerti yen Tumenggung
Danupaya lan Wiraguna pancen dipateni dening Kanjeng Sunan marga kedadeyan sing
wis kepungkur. Ananging Swandari uga ngerti yen tiwase para tumenggung kuwi
bakal marai bupati-bupati nayaka mesthi ora jenjem pikire lan wiwit golek cara
ngraman. Apa meneh Kanjeng Sunan kerep tindhak medhal saka kedhaton kanggo
mriksa pembangunane sak indhenging
Kraton Plered utawa kuwi mung kanggo pawadhan golek selir anyar kaya biyasane.
Swandari jane nyumelangake Pangeran Alit kang cilik atine lan gampang
kepilut, amarga saking aluse bebudhene lan ora tegelan, sak enggo menawa ana
kang bisa mbujuki mesthi wae bakal katut. Apa kang disumelangake Swandari dadi
kasunyatan. Tumenggung Pasingsingan lan Agrayuda marak sowan pangeran Alit lan
nyritakake kabeh tumindake rakane Pangeran Alit kang saya kejem. Pangeran Alit
kang isih ngampet rasa sungkawane awit tiwase Tumenggung Danupaya banjur sarujuk
ngono wae tanpa dipikir dhawa. Apameneh Pasingsingan njanjekake yen separo
kedhaton wis mesthi nyokong Pangeran Alit. Para ulama uga kabeh nyengkuyung
Pangeran Alit kang pancen apik atine kuwi.
Welinge Swandari ming kaya kegawa angin. Emane rancangane Pasingsingan
konangan dening salah sijining pangeran sepuh kang banget nresnani Kanjeng
Sunan, sak enggo rancangan iku diwedharake lan dilapurake Kanjeng Sunan.
Pasingsingan lan Agrayuda banjur dikethok gulune.
Ana pasamuwan agung, pangeran Alit kang biyasane ora tau ditimbali
banjur ditimbali. Ananging nalika Pangeran Alit nyungkemi sampeyane keng
Rakane, Kanjeng Sunan narik sampeyane lan emoh disembah dening adhine kang
dianggep mbangkang lan wani karo sedulur tuwa. Pangeran Alit mesthi wae selak,
Kanjeng Sunan saya duka sirahe pesingsingan lan Agrayuda diuncalake sak ngarepe
Pangeran Alit kang banjur pucet sak nalika. Kanjeng Sunan banjur ngendhika
“Kuwi tamatna raine wong kang arep ndadhekake ratu. Yen kowe nyoba ngraman
nasibmu bakal padha karo wong loro kuwi.” Pangeran Alit ndhingkluk. Kanthi ati
kang sengkel Pangeran Alit banjur nyembah lan nyuwun ngapura marang Kanjeng
Sunan. Kanjeng Sunan kang maune nesu lan muring banget banjur rada lerem
penggalihe. “Yah, tak apura, ngelingi putrane kanjeng rama ming aku karo kowe.
Nanging aku njaluk tandha setyamu. Yen pancen kowe getun tenan lan tresna tenan
marang aku kadangmu. Pasrahna wong-wongmu sing arep ngraman lumawan aku.”
ngendhikane Kanjeng Sunan. Pangeran alit banjur nyembah lan matur sendhika.
Pangeran Alit ora mandheg anggone muwun merga atine ora mentala. Menawa
masrahake kabeh pendhereke wis mesthi nasibe bakal padha karo Pesingsingan lan
Agrayuda. Nalika tekan ana daleme, kabeh wong kang nyengkuyung uga padha muwun
nalika krungu apa sing dingendhikake Pangeran Alit. Merga tetep ora mentala
weruh kahanan sing kaya ngono sidane Pangeran Alit banjur nguwatake tekade
ngraman keng rakane. Ananging nalika Pangeran Alit ngluruk kraton, mung kari
nem lurahe sing paling setya kang ndherekake Pangeran Alit ngraman. Demang
Melaya nyoba ngerih-rih Pangeran Alit supaya ngendhaleni kanepsone lang
murungake niyate ngraman. Ananging merga wis ora duwe pengarep-arep, Pangeran
Alit tetep adreng ngluruk keng raka. Demang Melaya disudhuk nganggo keris Setan
Kober nganti tiwas. Andahane Demang Melaya ora trima banjur genti ngrocok
Pangeran Alit sak andahane. Pangeran Alit uga banjur tiwas kesuduk kerise
dhewe.
Layone Pangeran Alit banjur digotong ana Sitihinggil Kraton. Kanggo
nuduhake rasa sungkawane Kanjeng Sunan banjur natoni badhane dhewe nganggo
kerise, lan nyalahake para ulama lan pinisepuh kang nyengkuyung Pangeran
Alit. Bar kuwi Mataram sasat udhan
getih. Matumpa-tumpa coban kang kudhu diadhepi. Segarayasa kang dadi lambang
kekuwataning armada segarane Sultan Agung ming dadi crita kang nrenyuhake.
Swandari wis rumangsa tuwa kanggo bisa cawe-cawe bab tataning praja, nanging
atine nangis nalika ngerti maewu-ewu uwong dijagal ana ing pinggiring
Segarayasa sak engga banyune malih dadi telaga getih.
Swandari nangis nggetuni anggone ora bisa nulungi Pangeran Alit, kuwi
ateges dheweke ora bisa njaga amanahe Kanjeng Ratu Retno Wulan, nanging
kuwating lan manise kuwasa kang ora bisa
ditolak dening Pangeran Alit marai Kanjeng Pangeran kang isih mudha kuwi
keblinger, lali marang kawaspadan sak enggo nyemplung ana wuwu kang dipasang
dhewe. Swandari lan prejurit Kenyane banjur mundhur saka donyane para panguwasa
amarga rebut kuwasa kang ora ana enteke, ora bakal ngasilake apa-apa.
Swandari uga ming bisa gedheg-gedheg nalika Mataram kang maune Agung
dadi cecamahane wong akeh, dudu merga wulangane sing kleru ananging merga
cak-cakane sing ora pas lan ora ganep. Kaya wong njoget kang ora nganggo wirama
lan wirasa. Bisa wae wiragane becik nanging menawa ora nganggo wirama lan
wirasa mesthi wae bakal ampang lan sepa. Mataram kang Agung ora nganti telung
generasi wis kukut, ora ana kang bisa dialap maneh kejaba tinggalan-tinggalane
kang ora bisa ilang kerana wektu. Maneka werna kraman saka maneka wewengkon
sasat ngentekake apa kang wis dibangun kanthi ngrekasa. Saka Trunajaya, Untung
Surapati lan rebut dampar ing antarane putra dalem dhewe wis marai Mataram
kelangan kekuawatane, apa meneh sak ploke wanita disingidake lan ora diparengake
kiprah bareng karo para priya. Kamangka wanita kuwi dadi salah sijining saka
guru kang uga melu nyengkuyung tegaking kekuwatan Mataram.
Swandari milih ngadoh saka ribeting rebut paguwasa. Swandari milih urip
tentrem ana ngomahe kanthi ngopeni kabeh bandha kang ora wujud mas picis
rajabrana, ananging wujud kabudayan. Kabudayan kang agung kang bisa
ditinggalake marang anak putune mbesuk. Tunjungbiru anakke wedhok kang ora
ngerti sapa sudarmane sing sak tenane malah bakal bisa slamet ngliwati jaman
kanthi nggawa oleh-oleh kang diwulangake dening ibune, menawa dadi wanita Jawa
kuwi kudu wani dadi prejurit Kenya ora mung ana peperangan kang tenanan ana
palagan. Ananging peperangan kang arupa perang kabudayan, sak engga wong Jawa
tetep ora kelangan Jawane ngadhepi jaman. Nalika Swandari ngadhepi Walanda kang
diperangi ming uwonge, ananging akeh para wegig kang lali menawa kang paling
ngrusak kuwi dudu wong-wongane nanging alam pikire kang ora trep karo kahanane
jagad gedhe kang diambah, sak engga kabeh dadi pincang. Ananging Tunjung biru
bakal ngadhepi bab kang luwih angel yaiku tetep percaya menawa apa kang
ditinggalake para sepuh awujud kabudayan Jawa kuwi ya wis sing paling trep
kanggo wong Jawa. Owah-owahan mesthi ana ananging ora kena njebol oyot kang wis
ditandur para winasis lan leluhure wong Jawa.
Sewiji, greget, sengguh, ora mingkuh kuwi pawitan kanggo bisa tetep
njaga lan nglestarakake apa kang nate karipta dening para sepuh. Ajining diri
kang diwulangake Kanjeng Sultan Agung dumunung ana ukara sengguh. Wani
ngiwakake kasenenangane dhewe lan luwih milih ngleksanani kuwajiban apa wae
bebana kang kudu dibayar diwulangake karo Kanjeng Ratu Retna Dumilah awujud
ukara ora mingkuh. Ngener apa sing bener lan ora keguh dening pepinginan kang
aeng-aeng diwulangake Nyai Badringah awujud ukara sewiji, lan nglakoni apa wae
kang dadi kuwajibane kanthi ikhlas lan seneng awujud greget kang diwulangake
Sunggono bisa kanggo sangu ngadhepi jaman kang owah gingsir.
Kanjeng Sunan Amangkurat conto sing paling gamblang kanggone wong Jawa
sing kepengin ngerti bab-bab anyar lan aneh. Ming emane Kanjeng Sunan banjur
nglirwake Jawane merga kedereng perangan-perangan anyar kang durung dingerteni
apa bisa trep ana bangsane dhewe apa malah dadi dalan ilange kabudayan kang
sejati. Wanita kang ana kabudayan Jawa asli dijunjung lan diagungake, ana
kabudayan kang liyane durung mesthi trep lan padha cak-cakane semono uga
sewalike. Walanda kanthi pamblithuke nyoba ngendih kekuwataning para wanita
Jawa ana suwaliking tata krama lan alusing tindak tandhuk. Bab kuwi
disengkuyung dening Kanjeng Sunan Amangkurat, amarga kedereng anggone pengin
nguwasani wanita tanpa dipancahi, kuwi kabukti ana tumindake Kanjeng Sunan kang
seneng ngampil garwa selir kang puluhan cacahe. Menawa ora dikersakake meneh
bisa diterimakake marang liyan utawa dibuwang. Kamangka nalika jaman Sultan
Agung swargi, wanita duwe kalenggahan kang luwih becik lan diajeni.
Nanging owah gisiring jaman ora bisa ditangisi lan digetuni, mung bisa
digoleke cara kanggo tetep nguripake gregeting para senapati wanita Mataram.
Swandari sak kancane prejurit Kenya banjur nyoba gawe pawiyatan adedasar
kabudayan. Siswane akeh utamane wong saka desa-desa sak cedhake Kerta. Kabeh
diwulang njoged, nembang, maca lan nulis. Kuwi carane Swandari perang lumawan
kabeh pengaruhe Walanda, nganggo pawiyatan kabudayan.
BAB IX : BEDHAYA BEDAH MEDIUN
Swandari kang katrimakake dadi bojone Lurah Sunggono
ora nglokro amarga wis dilereni anggone dadi prejurit Kenya. Walanda kang kasil
mbujuki Kanjeng Sunan Amangkurat I uga nggawe angger-angger supaya para wanita
wiwit ditata lan ora kena cawe-cawe bab pangrehing praja, ora kena gladhen
keprejuritan amarga mengko mundhak wani karo guru laki lan yen perlu wanita ora
kena bisa maca utawa nulis mligine wanita desa amarga gaweyane mung kudu ana
sawah. Wanita kang maune ngisi ing barisane prejurit lan ngramekake palagan wis
ora tau keprungu meneh nganti tekan jamane Mangkunegara I lan Hamengkubowono I.
Ananging bali disingidake sak bar jamane Nyi Ageng Serang merga Walanda terus
ngrasuki pikirane wong Jawa nganggo alam pikire wong-wong Eropa kang kulina
nyigidake wanita ana pojok-pojok peteng omahe.
Semono uga wong Jawa kang wis kepangan tradisi kang
sak jane asing. Wanita mung dadi barang kang dipuja lan didandani kanthi mas
picis rajabrana ananging disingidake ana panggonan kang paling peteng ana
omah-omah priyayi utawa omah-omah desa. Ananging Swandari meneng-meneng ora
nuruti kabeh angger-angger kang katetepake, conto lantipe wanita-wanita Jawa
kang ora mung pasrah ing takdir lan nasib. Swandari tetep ngajari bocah-bocah
desa kuwi maca lan nulis kanthi pawadhan nguri-uri kabudayan liwat tembang lan
joged. Nyai Sunggono ngono saiki
katelahe, banjur ngripta Bedhaya Bedah Madiun kang nyeritakake peranging
Mataram lumawan Mediun. Kang nyeritakake kepiye prawirane wanita bela negara
kang diwakili paraga Kanjeng Ratu Dumilah sawijing senapati wanita kang panggah
pasrah karo priya kang ora bisa nelukake Kanjeng Ratu. Ana anggitan tembang
kang nuwuhake rasa wani ana dirining
wanita, ana uga ragam kang nuduhake peperangan kang dirakit kanthi
jangkah-jangkah kang nggambarake perange wanita andhobrak kuwasane kaum priya
supaya bisa urip sesandhingan kanthi derajat lan kepinteran sing padha.
Bedhaya kuwi uga karipta kanggo nyamunake carane Nyai
Sunggono nggladhi bocah-bocah wadon kuwi ngelmune para senapati wanodya ing
Mataram. Sak engga wanita utawa Kenyane Mataram tetep urip ana jiwane
bocah-bocah kuwi. Wanita kang wani hanata dudu mung ditata. Wanita kang bisa
ngugemi alusing budhi, luwesing tumindak ananging uga kerasing ngudhi budhi lan
ngukuhi bebener. Makna kang sinerat ana joged Mataram kanggone para putri
awatak satriya kang wani bela pati angrungkepi lemah wutah getihe.
Mataram kena wae musna dipangan jaman, ananging tinggalane ora bisa
musna awujud alam pikiring wong Jawa, kabudayane lan kapercayane. Apa kang tau
diwulangake Kanjeng Ratu Retna Dumilah bakal tetep urip ana pikiran lan
gregeting bocah-bocah wadon kang lair ana jaman samangko yen kabudayan arupa
bedhaya iki tetep dilestarekake.
DAFTAR ISI
SINOPSIS
Rebut kuwasa ana tanah Jawa kuwi pancen bab sing lumrah. Owah gingsiring
jaman mesthi bebarengan karo owah-owahane paugeran lan tataning praja saben
negara klebu Mataram. Swandari bocah ndesa pesisir kang dingengerake ana kraton
kanggo ngabdi dadi salah sijining prejurit Kenya kang dipandhegani dening
Kanjeng Ratu Retna Dumilah, kudu ngalami maneka werna kahanan kang nyurung
bocah kuwi dadi prejurit kang prigel lan mumpuni. Kasetyane marang Ratu gustine kudu
dibuktekake kanthi tohing nyawa. Labuh labete marang negarane lumawan wong-wong
manca marai Swandari dadi wanita kang lantip lan wicaksana ngadepi
kahanan. Ananging owah gisiring jaman
banjur wiwit nyigidake lan saya mojokake kahanane para wanita kang dianggep
kasar menawa dadi prejurit Kenya. Kamangka Mataram kuwi panggone para senapati
wanita. Swandari sak kancane nyoba mbuktekake menawa wanita kuwi ora bisa
dicencang pikiran lan kabisane. Ora bisa uga diilangake kamardikane kanggo bisa
mbelani negarane. Bab kuwi mesthi wae marai gigrig bangsa Walanda apa meneh
nalika weruh kiprahe para wanita kuwi ana perang Batavia.
Walanda kanthi pambujuk lan pamilute marang panguwasa Jawa terus nyoba
ngendih kekuwataning para wanita Jawa supaya ora kiprah ana tataning praja.
Swandari nyoba bangga lan merangi kabeh kupiyane landa nganggo kabudayan agung
tinggalane para sepuh, sak engga greget para senapati wanita tetep urip lan
ngrembaka ana sanubari saben wanita Jawa.
PRAJURIT KENYA
[1]
Raden mas Jatmiko, asma alitipun Sultan Agung Hanyakrakusuma. Wonten novel
punika silsilah ingkang pun angge silsilah saking babad Nitik. Dene Raden mas
Jatmiko utawi raden mas Rangsang sanes putra saking Panembahan Hanyakrawati
utawi mas Jolang, nanging putra Panembahan Senapati kaliyan Kanjeng Ratu Retna
Dumilah lan samangke pun pupu dados putranipun Panembahan Hanyakrawati amargi
mboten peputra.
[2]
Pragola (adipati Pati) menika rayinipun utawi kadangipun Kanjeng ratu Mas lan
kepernah Pamanipun Mas Jolang.
[3]
Sanes nama Negari, ananging sebatan kangge tiyang-tiyang kulit pethak ingkang
dumugi saking Eropa, mboten ngemungaken warga Negara landi (Nederland).
[4]
Srati: tukang ngupakara Gajah.
[5]
Sendang selirang wonten sak lebeting kompleks makam Kotagedhe, sendang menika
wonten kalih ingkang kagem putri ing sak kidul makam Kotagedhe lan toyanipun
saking sumber utawi belik sak ngandhap ringin ingkang dumunung sak ngajeng
gapura utawi pintu masuk makam. Sendang Kakung sumberipun saking sak ngandhap
makam Kotagedhe lan naming kapisahaken tembok. Pangenanipun wonten sak ler
sendang Putri.
[6]
Wana ing Ngawi Jawa Timur ingkang kawentar angker lan gawat keliwat-liwat
[7]
Schoutenia ovate Korth. Menika sak wijining jenis kajeng ingkang wulet lan alus
seratipun, umumipun pun damel landeyan tumbak utawi watang lan kapitados dados
tulaking sima.
[8]
Amben, tali wontening padaran turangga, apus buntut, gulu, tali pranti
abah-abah turangga.
[9]
Batik ingkang pun kembangaken saking Patola, Gujarat India.
[10]
Ragaming gerak nalika beksa
[11]
Ragaming gerak lampah kados suku ngengingi mawa, sak engga napak nanging lajeng
pun angkat.
[12]
GBPH. Suryobrongto lan KPH. Brontodiningrat, Pendidikan lahir batin terkandung
dalam tari klasik gaya Yogyakarta, bahan ceramah UCLA tahun 1979.
[13]
Putra nomer kalih Panembahan Senapati kaliyan Nyai Adisara, ananging nalika
putra pembajengipun Panembahan Senapati kang asma Raden Rangga Samudra seda,
Pangeran Puger inggih Raden mas Kentol Kejuron dados putra mbajeng.
[14]
Miturut wawancara kaliyan empuning tari klasik gaya Yogyakarta Ibu Siti
Sutiyah, Ssn, mula bukaning gagasan nyipta bedhaya menika saking Kanjeng
Panembahan Senapati,ananging menika taksih mbetahaken kajian ingkang langkung
rinci amargi dereng wonten literature ingkang ngandharaken bab menika. Ing sadengah
penelitian bab sejarah bedhaya Ketawang utawi Semang, wonten mitos dene bedhaya
menika karipta Kanjeng Ratu Kidul nalika pepanggihan kaliyan Sultan Agung
menika kaserat wonten bukunipun Th. Suharti, 2015, Bedhaya Semang Kraton
Ngayogyakarta Hadiningrat; reaktualisasi sebuah tari pusaka, Penerbit Kanisius
Yogyakarta (sadengah ngandharaken pinanggih Kanjeng Panembahan Senapati).
[15]
Mula bukanipun Beksan Lawung. (joged ingkang nggambaraken tiyang adu watang
utawi tumbak)
[16]
Th. Suharti, Op cit 131-133
[17]
Octafiana Mayangsari, Batik pada Busana Tari Bedhaya Semang di Kraton
Yogyakarta, Skripsi, UNY, 2018
[18]
Murdjiati Gardjito, Pusat Kajian Makanan Tradisional, Pusat Studi Pangan dan
Gizi UGM. Miturut paneliten gudheg menika kathah kandungan seratipun amargi
nangka, bung, manggar menika nggadahi fungsi mengikat racun sak engga tiyang
Jogja ingkang remen dahar gudheg awis-awis kenging kanker usus besar. Menika
ugi ningkataken angka harapan hidup priyayi Jogja ngantos 77 tahun( rata-rata
harapan hidup Indonesia 67 tahun) amargi asring ngonsumsi gudheg.
[19]
Obat wonten mriki sanes obat kangge tiyang sakit nanging obat mesiu utawi black Powder.
[20]
Octafiana Mayangsari Op.cit hal 26.
[21]
Sunaryadi, Aksiologi Tari Bedhaya Kraton Yogyakarta,2103, Kawistra, Jurnal ISI
[22]
Menika taksih dados perdebatan
para ahli sejarah, amargi wonten sak perangan data ingkang geseh sak engga
dhaupipun Sultan agung kaliyan putra panembahan Ratu Cirebon menika kaanggep
mokal kedadosan amargi yuswanipun putri Cirebon menika langkung sepuh tebih
tinimbang Sultan Agung nalika semanten. Ananging sak perangan data nyebataken
dene menika putra putri saking garwa ampe lan yuswanipun ugi sak barakan
kaliyan Sultan Agung ananging dereng wonten katerangan ingkang cetha bab
menika.
[23]
Purwadi, Sejarah Raja-raja
Jawa, 313
[24]
Adolf Heuken, Sumber-sumber
Asli sejarah Jakarta, 50
Tidak ada komentar:
Posting Komentar