Bagi anda yang menginginkan novel-novel ini dalam bentuk buku. silahkan menghubungi email kami di indriyantidewialexandra @gmail.com. Terima kasih.
Pecintanovel
Blog ini berisi novel-novel baik berbahasa jawa maupun berbahasa Indonesia. Dan untuk sementara ini diaktifkan oleh seorang blogger. Tapi ke depan akan ada beberapa tulisan lain dari penulis-penulis baru.
Kamis, 10 Juni 2021
PRAJURIT KENYA
PRAJURIT KENYA
oleh : Alexandra Indriyanyati Dewi S.H., M.Hum
Nominasi Lomba novel Bahasa Jawa Dinas kebudayaaan Propinsis DIY
PRAJURIT KENYA
BAB I
OMBAK SEGARA KIDUL
Srengengene lagi wae katon ana sela-selaning pereng kang dadi tapel wates pandulu ing pesisir kidul nalika kanjeng pengeran Purbaya miyos saka anggone nenepi. Pasuryane katon seger amarga entas binasuh banyu wudhu lan entas wae rampung anggone nglakoni kabeh wajibe wong kang lagi nyenyuwun marang sihing Pangeran Agung kang akarya jagad. Kanjeng Pangeran banjur tindak mengidul, sedyane arep lumban banyu segara reresik supaya kabeh rubeda lan kabeh alangan bisaa ilang katut gebyuring ombak.
Swaraning ombak kang pating jlegur lan alun kang dhuwur ora marai gigrik, dasare ya pancen priyayi kang nduweni watak kendel lan gedhe tekade. Ora nggumun menawa sang Pangeran kerep diarani bantheng Mataram. Sakwise nglepas sorjane, pangeran Purbaya ngener segara lan wiwit nglangi ana tengahing alun. Ombak gedhe wola-wali nebak dhadane kang amba kaya-kaya arep nyurung, nanging kanjeng Pangeran tetep kukuh lan ora keguh. Salirane kagebyur ombak kayadene wong kang lagi sesuci saka sirah tekan sikil ora ana kang keri. Rikmane sing dawa sak pundak kaore ngatonake gagah lan baguse pasuryane dasar isih turune wong agung Ngeksigondho kang kawentar kawibawane. Sak wise sesuci, Kanjeng Pangeran banjur bali ana pesisir lan wiwit tata-tata ngagem busana lan ikete kang mau ditinggal sak pinggiring segara. Ananging durung nganti rampung anggone ngudi busana, dikagetake playune jaran ireng saka kulon mengetan, tujune kanjeng pangeran waspada. Jaran kasil diinggati, nanging bocah wadon sing ngoyak-oyak ana mburine ora kober diendani. Bocah kuwi nabrak sampeyane kanjeng Pangeran. Amarga kaget, bocah kuwi kakipatake, nanging kang nggumunke bocah kuwi ora tiba krengkangan nanging bisa mlumpat memburi sak enggo ora tiba lan bisa ngadek kaya dene prajurit kang siaga perang. Pangeran Purbaya gumun, geneya bocah kuwi bisa endha. Menawa kuwi bocah biasa, yen dikipatake kaya mengkono apamaneh kang ngipatake priyayi sing digdaya mesti wae paling ora tatu, kurang bejane bisa tekane tiwas. Ananging bocah wadon iki seje, malah bisa salto memburi kaya dene prejurit kang trampil ulah kanuragan lan ulah gegaman.
Kanjeng Pangeran maune arep duka,nanging weruh keprigelane bocah kuwi kanjeng Pangeran duwe pitakonan ana jroning ati. Sapa bocah wadon kuwi lan anakke sapa kok bisa olah keprigelan kaya prajurit kamangka isih cilik banget. Bocah wadon kuwi sak jane uga kaget geneya ana priyayi kang gagah, gedhe dhuwur ana sak pinggiring pesisir. Bocah kuwi banjur atur salam lan njaluk ngapura marang Kanjeng Pangeran. “Paman, nyuwun ngapunten. Kula mboten sumerep menawi paman saweg lenggah wonten mriku. Kula kalawau saweg ngoyak kapal ingkang mlajar saking nggedhogan.”kandane alus mertandani menawa bocah kuwi becik bebudene lan ganep tata kramane arepa wong ndesa kae. Pangeran Purbaya banjur nyedhaki bocah kuwi lan ngelus sirahe. Rambute ketel, ireng ngandhan-andhan.”Ora papa, Ndhuk. Lha jenengmu ki sapa? Pitakone Kanjeng Pangeran alus, pengangkahe supaya bocah mau ora wedi. Ning nilik anggone cukat trengginas, bocah kuwi mesti wae ora nduweni wedi. Dasar bocah pesisir kang wis kulina ngadhepi bebaya.“Kula Swandari, paman.” Wangsulane alus.Banjur kowe ki putrane sapa kok ngoyak-oyak jaran dhewe. Ing wayah isuk umun-umun kaya ngene. Lha apa bapa-biyungmu lagi ora neng ngomah?” pitakone Kanjeng Pangeran. Bocah kuwi manthuk. “Inggih Paman. Bapak taksih nyambut damel wonten ing Kuthagara, sibu saweg pados kayu dateng wana kangge masak lan kakang Suteja, kula mboten ngertos kok mboten ketingal, mbokmenawi saweg mancing wonten sungapan kilen ndusun mrika kaliyan kanca-kancanipun.”wangsulane alon.
Kanjeng Pangeran manthuk karo mesem. Banjur bali takon “Lha gaweyane bapakmu ana Kuthagara ki apa?” “Dados prejurit, lurah prejurit, paman.” “Lurah prejurit? Nek lurah prejurit, aku mestine tepung. Lha jenenge bapakmu ki sapa ta, Ndhuk?” “Sembego.”Swandari mangsuli kanthi alus. Pangeran Purbaya mesem. Bocah kuwi disawang kanthi teliti saka pucuk rambut nganti tekan driji. Mulane ora kaya wong desa umume. Bocah kuwi resik kulitane, ayu rupane lan becik suba sitane. Pangeran Purbaya banjur maringi bebungah awujud duwit kepeng emas. Bocah wadon kuwi bingung nanging uga seneng. Sak wise ngaturake panuwun bocah kuwi banjur bali mlayu nggendring nututi jarane. Playune banter banget. Kanjeng Pangeran mesem, atine marem dene ana kang bisa digadang dadi abdi dalem keparak,. Apameneh anak prajurit sisan mesti ora angel bisa nggawa bocah iku ana ing kraton.
nnnnnnnn
Swarane ombak kang pating jlegur kairing swaraning adzan subuh kang lamat-lamat saka masjid desa keprungu ana kupinge Swandari kang lagi ngronce pangimpen. Mripate kriyip-kriyip sajak kelet nalika arep dilekake. Apamaneh hawane isuk kuwi kekes amarga entas udan lan angine segara nebak-nebak gedek kang pancen ora rapet anggone ngenam. Swandari banjur njingkrung, awake bali ditutupi jarite mbahne kanggo nulak adem. Mbokne katon mesem ana ngarep kori kamare. Dasar anak wedok ragil ya mestine isih manja lan durung dunung bab-bab kang mestine dilakoni bocah-bocah wedok sak umure.“Ndhuk, ayo tangi. Kae gilo uwis keprungu swarane adzan, becike pada sembahyang sik. Kae Bapak lan kakangmu uwis nunggu. Ayo gek ndhang, anakku wedok sing ayu dhewe.” Panggugahe mbokne alon karo ngelus rambute Swandari kang ketel, ireng ngandhan-andhan.“Aku isih ngantuk je, Mbok. Adem. Aku isih kepingin turu sedilit wae.” Wangsulane Swandari aleman.“Ya ora kena kaya ngono ta, ndhuk.” Mbokne ngambali omongane Swandari.
Bocah kang isih turu kuwi mau banjur digendhong, digawa ana sanding sumur banjur diraupi supaya ngantuke ilang. Swandari njenggirat kaget nalika banyu sumur kang kekes kuwi ngenani raine. Lambene banjur mecucu. Mbokne mesem banjur ngeduke anakke wedok kuwi mau ana pinggir sumur lan wiwit ngileke padhasan kanggo wudhu. Swandari isih katon aras-arasen nanging dasar wis kebacut kena banyu adem, Swandari pungkasane banjur ngetutatke simbokke anggone wudhu. Banyu sumur kang seger nelesi praupane kang ayu thinik-thinik. Swandari isih cilik, umure udakara limang tahun luwih sithik. Bapakne lurah prajurit ana kraton Mataram, ananging amarga jejibahane kanga abot durung bisa mboyong anak lan bojone ana kutanegara, ya mung kala-kala bisa tilik ngomahe ana ndesa. Kaya saiki amarga ora ana jejibahan kang keselak kudu dilakoni, bapakne Swandari kang aran Sembego bisa mulih lan kumpul karo anak lan bojone.
Swandari uga seneng bapakne bali amarga mesti nggawakake oleh-oleh sing akeh tur mesti arupa barang kang apik-apik. Menawa panganan ya sing enak-enak lan arang ana neng ndesa kuwi. Swandari seneng banget merga bisa ngrasakake kipa utawa wajik kang ming ana neng ndesane nalika dianake merti desa utawa wong duwe gawe. Bapakne uga or tau lali nukokake sandangan model paling anyar sakenggo kerep marai meri kanca-kancane dolan. Jarite Swandari pancen endah ing warna merga dibatik tangan-tangan trampil wong Kuthagara. Kakange Sutejo uga ngono, sorjan kang dienggo wetonan gerji kang kawentar ana Kuthagara sakenggo potongan lan modele ora ndesa. Dasare Suteja uga entuk dedheg. Bocahe dhuwur, gagah, gedhe lan bagus praupane dasar ya isih trah priyayi. Sembego bapakne, nadyanta wong ndesa isih kambon turune wong gung binathara merga mbokne mbiyen ya mbah putrine bocah sakloron kuwi katelah sengkeraning pangeran banjur ditrimakake lurah desa kono sak wise ngandhut Sembego. Dadi ya pancen isih trahing ngaluhur. Kuwi sing marai Sembego beda karo wong-wong desa pesisir umume. Kulitane luwih resik, rupane uga bagus, dedheg piyadege uga ora nguciwani. Sakliyane kuwi Sembego uga duwe kabisan kang mumpuni bab olah kaprajuritan lan olah kanuragan.Semono uga bojone kang mbiyen kembang desa Lipuro, ora ming ayu rupane ananging uga prigel olah gegaman lan uga prigel nglulutake turangga utawa jaran. Kuwi sebabe uga Winarsih arane sisihane Sembego, ora tau nduweni rasa wedi nalika ditinggal dening wong lanang amarga bisa ngupaya keslametane kluwargane. Cundrik, keris, panah, tumbak dudu bab kang nggumunake kanggone sak enggo ora ana kang tau wani sembrono marang Winarsih. Praupan kang luruh, tembung kang alus saka lathine ora ateges ndadekake Winarsih ora duwe daya, ananing cukat trengginas lan kendel marang kabeh kang nyimpang saka bebener. Anak-anakke kabeh uga digulang lan digembleng kanthi greget lan disiplin sak enggo mbesuke bisa nerusake jenenge bapakne. Suteja anak mbarepe wis ketok kapinterane ana bab olah pedang lan tumbak. Lan wiwit digulang kanuragan dening bapakne. Gegadhangane wong tuwa, sesuk bisaa dadi prajurit tamenging praja.
Swandari bocah cilik umur limang tahun, anakke wedok uga digladi murih bisa njaga keslametane dhewe. Mugakna ora nggumunake mboka isih cilik wis prigel nguncalake cundrik lan manah, niru mbokne. Swandari uga jago mlayu. Playune rikat lan gesit merga kerep dijak ngoyak jaran karo wong atuwane sak dawaning pesisir. Wedi kang abot nggodheli sikil kaya-kaya dudu pepalang kanggone bocah wadhon iku mlayu kaya sikatan nyamber walang. Sikile uga cepet menawa nendhang utawa njegal nalika rebutan panganan karo kakange. Bocah loro kuwi gawe mongkok atine wong atuwane lan dadi gegadhangane kluwargane. Ananging isuk iki, kabeh katon beda. Sakwise sembahyang subuh, Sembego katon deleg-deleg. Anakke wedok bola-bali disawang sajak kaya arep pepisahan adoh. Pipine kang alus kaya poreselen kuwi amben-amben diarasi kebak katresnan. Lelakon iku sajak aneh kanggone Winarsih. Dheweke ngerti menawa sisihane banget anggone tresna marang anakke wedok, ming kok ora kaya adat sabene, anakke ming dioyang-oyong mrana-mrene, dikudang-kudang kaya-kaya ora bakal tau ketemu maneh. Siiirr atine nemu firasat kang ora becik. Apamaneh sambang liringe sisihane katon beda.“Kakang, kok yen tak sawang, ndika ora kaya biasane. Ana apa ta, kakang?” ngono pitakone Winarsih.“Ora ana apa-apa kok, bune. Aku ming kangen wae karo cah ayu gegantilaning atine bapak. Ya, ndhuk.”wangsulane karo ngrangkul anakke wedhok.“Aja goroh ta, kakang. Pirang tahun aku tepung karo sampeyan sakenggo aku ora ngerti apa kang sumimpen ana njeroning ati sampeyan.” kandane Winarsih meneh. Sak nalika brol tangise Sembego wutah. Winarsih banjur ngundang mbok Jantur kang sok ngrewangi reresik omah lan ngurus sawah supaya ngemong bocah-bocah ana njaban ngomah. Maune Swandari ora gelem, apa meneh weruh bapakne raine abang mangar-mangar amarga ngempet tangis. Nanging merga terus dirih-rih, Swandari banjur ngamplok mbok Jantur.
Sakwise bocah-bocah ana njaba, Winarsih ngrangkul bojone. Atine kudu tatag nalika bojone saiki lagi duwe sanggan kang abot. “Ana apa ta, kakang? Mbok aja nggawe atiku bingung.” Winarsih bali takon. Sembego nata atine, luhe dilapi nganggo lengen surjan lurike, nanging kaya-kaya luh kuwi mau ora asat trus mili ngiring perihing atine. “Bune, menawa kaya ngene aku luwih milih mati ana palagan, ngrungkepi sesembahan lan Negara. Kuwi luwih entheng kanggoku. Ananging menawa kudu nampa kahanan iki atiku ora mentala. Aku kuwi wong atuwa, lagi seneng-senenge, lagi nedheng-nedhenge nggulawenthah anak. Nek banjur kudu pisah, rasa ati iki remuk, Bune.” kandane karo kamisesegen.
“Lha gek sing kudu ditampa niku napa ta Pak ne? Kok sajake abot tenan. Nek kudu pisah, sinten sing kudu pisah?”Winarsih nlesih “Swandari.” Wangsulane Sembego alon.Winarsih saya ora ngerti karo apa sing dikarepke sisihane. “Kraton lagi madik-madik calon abdi dalem keparak kang bisa kanggo ngladeni Kanjeng ratu Retno Dumilah kang lagi wae diboyong saka Mediun.” “Banjur?” “Kanjeng Pangeran Purbaya nimbali aku lan ngersakake Swandari bisa diaturake dadi keparak. Aku ora mentala, Bune. Swandari isih cilik banget, oleh nyapih susu wae durung suwe. Lha kok saiki dikersakake dadi abdi dalem keparak. Kuwi ateges aku lan kowe wis ora bisa nyawang apameneh ngudang. Yen sing dikersakake ki Suteja, aku lila legawa, dasare aku ya wis cukup anggone nggladhi dadi prejurit kang bisa diandhelake ana palagan. Umure ya wis rada genep. Ananging kok kanjeng pangeran malah ngersakake Swandari sing isih umure wae durung genep enem tahun. ”Winarsih ngunjal ambegan landung. Mripate dieremake lan ora krasa eluhe tiba. Dheweke banjur kelingan menawa seminggu kepungkur Swandari crita menawa entuk bebungah arupa duwit kepeng emas saka priyayi kang ora dingerteni jenenge kuwi. Kamangka duwit kang ora sithik pengajine kuwi ora dikarepake kanggo males budi utawa pitulungan apa-apa. Winarsih banjur nglenggana dene kuwi sanepa menawa Kanjeng Pangeran ngersakake anakke wadon kang banget ditresnani. “Lha terus kepiye ta, kakang?” tangise Winarsih “Aku uga ora ngerti kudu piye. Nek pancene dikersakake ngono kuwi mesti ana bebungah kang diparingake, ning apa ya aku arep nggadhe anakku ta, Bune? Kamangka yen aku puguh ora gelem wis mesti bakal nampa pidana abot.” Kandhane Sembego karo nangis. “Apa ora isa nyuwun wektu limang-limang tahun engkas ta, Pak ne. Aku ikhlas menawa Swandari uwis rada gedhe sithik. Wong ya ana kraton ki rak mesti kepama ta uripe? Ming karepku aja saiki.” “Ya, kuwi sing ora bisa. Swandari wis wiwit cilik kudu diajari maneka werna unggah-ungguh kaya dene abdi dalem keparak Kraton. Kuwi sebabe sing digoleki bocah-bocah sak umurane Swandari.”Wong loro banjur pada tetangisan. Atine susah lan kabeh impen lan gegadhangane kang dironce bareng kanggo uripe Swandari besuke bubar.
nnnnnnnn
Swandari katon seneng nalika ngerti yen arep dijak bapakne lunga menyang Kuthagara. Kanggone Kuthagara kuwi mesti panggonan kang endah lan rame amarga cedhak karo kraton. Swandari uga ngontok kepengin weruh pasar ana Kuthagara kana kang kawentar akeh barang-barang sing apik-apik, utamane barang-barang saka manca. Saksuwene iki dheweke ming krungu critane saka mbok Jantur utawa kanca-kancane sing uwis tau tekan Kuthagara. Kabeh crita dene Kuthagara kuwi akeh wong-wong manca. Ana sing kulite putih, mripate biru, dedheg piyadhege gede dhuwur. Ana uga sing kulite kuning, mripate sipit pegaweyane dodolan bakal kang aran sutra, bakal kuwi maneka wernane, ora kaya sogan batik kang mung duwe werna latar putih, soklat utawa ireng. Wong-wong kang mripate sipit kuwi arane Cina.
Swandari uga wis tau dicritani karo mbok Jantur, menawa para bendara ana kuta kuwi yen wedangan ora nganggo cangkir kang digawe saka grabah ananging saka porselen sing bisa digambari maneka werna. Barang-barang kuwi uga ditekakake saka Cina liwat bandar kang ana Semarang nganggo kapal-kapal Jung sing gedhene sak omah-omah. Utawa saka Batavia, kutha ana ing pucuk kulon Jawa. Swandari ming bisa ndhomblong yen Mbok Jantur crita lan ngentha-entha suk yen uwis gedhe kepengin weruh kabeh sing tau dicritakake mbok Jantur. Swandari ora ngira dene anggone lunga ana Kuthagara iki bakal mujudake impene.
Beda karo Swandari, Sutejo kakange dadi uring-uringan amarga Bapakne ora ngejak dheweke. Kamangka Sutejo uga duwe pepenginan kan pada karo adhine. Atine rada lerem nalika bapakne njanjeni menawa suk bar merti desa bakal dijak ana Kuthagara. Sutejo ora ngraita babar blas menawa lungane Swandari dudu merga arep plesir ananging amarga arep didadekake boyongan abdi dalem keparak.
Sutejo isih katon mrengut, nalika Swandari diunggahke bendi karo bapakne. Nanging eseme adhine kang manis kuwi bisa nglipur atine sing gela.“Aja susah ya, kang. Mengko tak oleh-olehi panganan sing eunak.” Kandane karo kebak esem. Winarsih ora mentala anggone weruh anakke wadon lan terima ndhelikake luhe ana sewalike slendhang. Sembego ngrangkul sisihane kebak katresnan. Gegere dilus alon supaya ngekhlaskake anakke wadon kanggo negara. Sembego banjur nyengklak numpak bendi menyang Kuthagara.
Dalan menyang Kuthagara pancen lumayan adoh sakengga Swandari keturon ana pangkone bapakne. Nrabas alas, karang padesan lan nyabrang kali kabeh kudu dilakoni supaya bisa tekan ana pusate kerameyan praja kanga ran Mataram kuwi. Nalika wis wates kutha, Sembego nggugah anakke wedok, wancine wis katon rada surup, nanging regenge kutha isih katon. Wong-wong sing dodolan bengi wis wiwit ngurupake senthir utawa obor ana sak kiwa tengene dodolane sak enggo wong bisa weruh apa kang ditawakake.
Swandari rada bingung lan semu gumun geneya ing wanci surup isih akeh kang pada mlaku-mlaku ana dalan-dalan, kamangka yen ana ndesa, kabeh uwong wis tutupan omah rapet. Sembego ngedhuke anakke wedok ana salah sijine warung sing dodol panganan lan mbayar bendine. Angkahe arep mangan dhisik sak durunge bali ana ngomah sewan kang biasane dienggo nginep prejurit nalika lagi ora dines. Swandari ngucek-ucek mripate kanggo ngilangake sisa ngantuke. “ Ayo, Ndhuk.” Bapakne nggandheng tangane ngejak mlebu warung kang dibangun saka gebyog jati anyar. Swandari ngetutake Bapakne banjur lingguh ana kaya amben gedhe kang pancen dicepakake kanggo para tamu kang ngaso lan manga nana kono. Sembego banjur pesen sega lawuh iwak bakar, gudangan karo teh poci. Praupane katon kuyu amarga mlaku adoh lan sing baku kudu pepisahan karo anakke wedok. Nalika panganan sing dipesen teka, dheweke uga ora katon dokoh kaya adate menawa lagi mangan enak. Panganan-panganan kuwi sajake angel banget diulu lan rekayasa anggone mamah. Kamangka iwak bakar ing warung kuwi karemane yen pas duwe wektu lan rezeki kanggo ngiras ana kono. Saiki kabeh krasa sepa.
Sembego nglirik anakke wedok. Swandari katon telap-telep anggone mangan sajake wis ngempet ngelih kawit mau. Sembego mesem, atine rada lerem weruh anakke ndemenakake anggone mangan. Kanthi sih, Sembego ngelus rambute anakke sing dawa karo ndedonga muga-muga apa kang digadhang wong tuwa supaya bocah kuwi mbesuke bakal nemu kanugrahane Pangeran lan kabejan.
Sakwise mangan Sembego ngejak anakke mulih ana omah sewane kang ora adoh saka warung kuwi. Angone mlaku alon, merga Swandari sajak isih gumun weruh omah-omah lan bangunan ana ing Kuthagara. Omah-omah kang seje saka omah neng desane. Omah-omah kuwi akeh-akehe kagawe saka bata kang ditata utawa ditembok. Lawange-lawang kori saka jati tua kang kandel lan abot. Jendelane uga saka jati lan ukurane uga gedhe-gedhe. Swandari dadi krasa urip ana manca Negara amarga kanyatan ing Kuthagara banget beda karo apa kang ana desane. Omah gebyog kang ana kutha uga ora pada karo joglo limasan neng kampunge. Sembego katon seneng weruh anakke kang gumun weruh maneka werna sesawangan. Sembego rumangsa bombing dene anggone dadi wong tuwa wis bisa gawe senenge anak nadyanta mung sedhela.
Omah sewane Sembego ora adoh saka beteng mburi Kraton Mataram. Pancen ana sabrang dalan jagang kraton. Nanging kuwi uga kang marai Swandari dadi bisa weruh tembok-tembok kraton kang dhuwur lan gapurane. Swandari katon gumun banget. “Sesuk, kowe tak jak mlebu Kraton, nanging kowe kudu bisa nata kabeh solah bawamu, merga kraton kuwi ora pada karo desa. Ana kraton kuwi akeh para penggedhe sing kudu diurmati.” kandane Sembego. Swandari manthuk, mripate katon sumunar bungah amarga bisa weruh njeron Kraton.
Sak liyane Sembego ana papat prejurit kang uga dadi siji ana omah sewan kuwi, kabeh andahane Sembego saka bregada Langenastra. Prejurit-prejurit kuwi isih enom-enom lan durung pada duwe sisihan utawa bojo. Sembego dipasrahi nggladhi para prejurit kuwi lan prejurit sing isih magang ana sak mburi masjid gedhe ora adoh saka kono. Andahane Sembego ngungun weruh anakke wedhok Sembego. “Niki putrane ta, ki lurah? Wah jan ayu tenan…! Emane kok isih cilik ya.” aloke Maruto. “Lha nek wis gedhe apa ya arep mbok pek ngono pa piye, Mar?” Sunggono mangsuli. Maruto mesem isin. “Wis ora susah pada rebut. Ki lurah ki ngejak putrane merga arep dijak plesir weruh Kraton. Rak nggih ngoten ta ki Lurah?” ujare Marwono. Sembego manthuk. “Lha iya. Dadi kowe karo aku, Mar. Wajib njaga keslametane nimas Swandari.” Marwono nambahi. “Aku uga sarujuk. Aku wis mesti siaga ta, kang.” Suroso uga mangsuli. Sembego mung mesem lan banjur ngejak anakke wadhon mlebu senthonge.
Maruto, Sunggono, Suroso lan Marwono banjur pada rerasan geneya lurahe katone susah atine kamangka jare arep ngejak anakke wadon plesir. “Kang, apa iki mung rasaku apa ya pancene ngono. Ki lurah kok katone lagi goreh ya?” Pitakone Sunggono. “Ho oh. Eseme ki ora kaya adat sabene. Mangka rak ngejak denoke, ta. Mesthine rak ya seneng kaya wong tuwa umume nek mlesirke bocah.” Suroso mangsuli. “Kamangka denoke ki ayu tenan lho. Nek aku dadi bapakne wis mesti aku bombong, dhi. Lha isih cuiilliiikk wae wis katon ayune. Kulite resik, rambute ngandhan-andhan, irunge mbangir, lambene gula sak themlik tur abang pisan. Mripate liyep lindri. Wis apa ta kurange?” Maruta nambahi kanthi logat Jawa wetan kang kenthel. Marwono kang katone bisa nangkep surasane penggedhene kang wis kaanggep kadang dhewe. “Apa iki ana gayutane karo Gusti Raden Ayu Retno Dumilah?” pitakone Marwono. “Lha pancene ana apa ta?” Maruta genti takon marang Marwono. “Aku ki ming krungu menawa Gusti ayu ki lagi madik-madik abdi dalem anyar. Biasane abdi dalem ngono kuwi rak sok diampil saka para bupati nayaka. Nanging mbok menawa amarga denok Swandari ki kawentar ayune banjur arep diaturke dadi abdi dalem keparak.” Marwono mbacutake guneme. “Ais, mbok aja waton omong lambemu kuwi, No. Lha apa ya tumon bocah ana ndesa kang adoh saka Kuthagara ngene ki bisa kawentar nganti tekan kene.” wangsulane Sunggono. “Lho aku rak ming mbokmenawa.” Marwono genti wangsulan. “Menawa ngono tenan. Kudune ki lurah ki ya wajib seneng. Lha wong abdi dalem keparak ki ya wong-wong pilihan. Utamane nek isih bocah. Rak njur digladhi werna-werna ta. Durung sandhangane ya mesti batik nomer siji. Mesti entuk raja brana werna-werna, lha wong caket karo bendara ta. Lha njuk sing marai susah ki apane?” Sunggono mangsuli karo mecucu. Marwono nglirik kancane karo gedhek-gedhek. Suroso kang maune mung amem wae, banjur nambahi guneme Sunggono “Ooaalllaah, bocah ki nek wawasane ming sak jenthik. Ngene ya, Sung. Pancen sing mbok omongake kuwi ora kleru. Menawa denoke dadi abdi dalem keparak kuwi mesti kepama, ya mangane, ya sandhangane, ya papane. Ananging denok ki rak isih cilik, mestine ya isih kepingin dikudang lan dimong bapa biyunge. Lha nek wis dadi abdi dalem ki rak ya kudu pisah bapa biyung lan ora bisa sak wanci-wanci kepethuk.” Sunggono banjur meneng, mripate kethip-kethip. Dheweke banjur bisa ngrasakake apa kang dadi sedihe lurahe. Dheweke uga nepakake dene dheweke kang uwis gerang wae sok krasa kangen marang wong atuwane sing adoh papan dununge. Kamangka wajibe prejurit kuwi kudu luwih nengenake tugasing negara lan bisa meper pepinganane pribadi. Kuwi kabeh ateges dheweke uga ora bisa sak penake tilik wong tuwane. Ora krasa mripate Sunggono banjur kebak tetesing luh. Supaya kanca-kancane ora weruh, dheweke banjur menyat metu saka ngomah lan nyawang padhanging bulan ana ngarep jagang.
Wengine saya tintrim lan angine tumiyut nggogrokake gegodhongan. Pang-pang garing gesek ginesek nimbulake swara kadya tembang kang ngayut-anyut. Tembok-tembok Kraton kang dhuwur ora mung katon dadi betenge praja nanging uga dadi kalang kanggone sapa wae kang ana njerone. Sunggono ngelap luhe nganggo lengen surjane. Geneya labuh negara ki abot sanggane, ora cukup ming nyawa nanging kabeh kang diduweni lan kabeh kang ditresnani bisa uga dadi bebantene.
TTTTTTTTTTTTT
Isuk-isuk Sembego uwis dandan mlithit, kabeh sandhangane ditata sajak wedi yen ana kang nekuk utawa pating klunthung. Ikete uga wola-wali kapacak supaya ora ana kang marakake katon ora pantes. Jarike uga wola-wali dipernahake sak engga patut lan trep ana awake.Wirone megar mingkup nalika Sembego njangkah ngatonake gagah pideksane awake. Swandari mesem, geneya bapakne dandan mlithit, ora kaya adat sabene yen ana ngomah. Biasane surjane wae sok ora tau ditangkepke utawa dibenike supaya ngatonake bentuk dhadhane kang jembar tur pengkuh lan wetenge sing kothak-kothak mratandani menawa Sembego kuwi pancen prejurit sejati kang ora mung mligi ngudi olah keprejuritan nanging uga ngolah awake. Swandari dhewe uwis rampung anggone dandan. Swandari nganggo jarit batik latar putih kang diubedake kaya kemben, banjur dhadhane ditutupi mekak werna wungu duwet. Kulite kang resik dadi katon cemlorong, banjur rambute digelung cepol lumrahe bocah ndesa. Sunggono kang sewengi milih turu njaba nalika mangerteni menawa denok Swandari bakal dadi emban cilik ana Kraton, uwis nggawakake kembang ceplok menur kang wangi kanggo dituncepake ana gelunge bocah wedok kuwi dikantheni donga, moga bocah kuwi tembene bakal nemu kabegjan. Swandari seneng banget.
Sembego banjur nggandheng tangane anakke, sak wise pamit marang andahane Sembego njangkah metu ngomah. Sikile krasa abot, rasane atine kaya dijuwing-juwing, nanging iki salah sijining cara mbuktekake kasetyane marang bendara lan negarane. Sunggono uga sajak ora mentala weruh kahanan kuwi banjur mlebu ngomah ditututi Marwono. Sak jroning ati Sunggono janji marang diri pribadi dene wiwit dina iki bakal njagani lan nglawati denok Swandari saka kadohan.
TTTTTTTTTTTTT
Kanjeng Pangeran Purbaya katon jumeneng ana ngisor wit gandhek gedhe ana satengahing keben kaadhep abdi dalem keparak saka kaputren Kanjeng Ratu Retna Dumilah kang aran Nyai Wreksa. Kanjeng Pangeran sajake uwis priksa menawa dina iki Sembego arep teka sowan lang ngaturake anakke wedhok kang dadi gegadhangane Kanjeng Pangeran. Ora let suwe Sembego lan Swandari katon lumaku tumuju tengahing keben. Nalika weruh dene Njeng Pangeran tedhak ana tengahing Keben, Sembego banjur laku dodok, mripate tumanjem ana lemah ora wani ndhangak. Swandari kang bocah ndesa durung mangerteni tata caraning kraton sajak bingung kudu kepiye, nanging bapakne narik jarite supaya bocah kuwi tiru-tiru laku dhodok. Merga ora kulina Swandari ketowal-tawil sajak arep tiba. Kanjeng Pangeran mesem. Sak wise atur sembah lan dikeparengake lingguh, Sunggono banjur sila ana sangarepe sampeyane Kanjeng Pangeran. “Nyai Wreksa.”Kanjeng Pangeran ndangu keng abdi. “Nun inggih, Pangeran.” Nyai Wreksa wangsulan karo nyembah. Raine tetep tumungkul ora wani mandeng pasuryane Kanjeng Pangeran. “Sajake kowe kudu nyambut gawe abot. Ning menawa kowe kasil nggladhi bocah kae, Kanjeng Ratu uwis mesti paring bebana kang akeh.”Pangeran mbacutake pangandhikane karo gemujeng. “Inggih.” Wangsulane Nyai Wreksa cekak. “Sembego.” Pangeran Purbaya genti ndangu lurah prejurite. “Aku ora gumun jebul bocah wadhon sing ayu kuwi anakmu. Aku seneng dene kowe bisa ngaturake putramu kuwi kanggo ngabdi ana kraton. Ora okeh bocah kang pinter lan prigel kaya anakmu wedok mboka kuwi putra bupati nayaka nanging aku marem gene kowe bisa mulang bocah kuwi kanthi becik. Aku uga ngerti mbokmenawa kowe ora rena yen aku njikuk anakmu wadhon sing mestine banget mbok tresnani. Nanging kraton pancen lagi mbutuhake bocah-bocah kang pinter lan prigel supaya mbesuke bisa dadi nayakapraja kang mumpuni lan migunani tumrap ing bangsa lan Negara, ora ming mligi adedasar turun nanging uga adedasar kabisan. Dadi aja marakake cuwa ing atimu. Anakmu wedhok bakal dak jaga kaya anakku dhewe, lan aku uga bakal paring bebana kang ora sithik. Kowe uga bakal entuk udhak-undhakan pangkat lan entuk lemah pelungguh kang trep karo drajat lan pangkatmu sing anyar. Dadi sepisan meneh aja cuwa ing atimu.” Ngendhikane Pangeran marang Sembego. “Inggih, kula sendika dawuh dalem.” Sembego wangsulan karo nyembah sampeyane Pangeran Purbaya. Swandari kang maune dhingkluk ngetutake bapakne, alon-alon nglirik karo takon sajroning ati, sapa ta penggedhe kang banget diurmati wong atuwane. Ndaheba kagete Swandari nalika weruh pasuryane Pangeran Purbaya, jantunge krasa kaya dikebur lan atine tab-taban lan ora kejarak lambene ngucap “Paman….” Pangeran Purbaya noleh lan mesem marang bocah kuwi “Hiya ndhuk cah ayu. Iki aku.” Ngendhikane karo mesem.
Nyai Wreksa lan Sembego kaget dene Swandari kumawani cumanthaka marang kanjeng Pangeran. Sembego mendelik marang anakke wedhok, sak nalika Swandari banjur tumungkul. Sembego age-age ngaturake sembah lan nyuwun ngapura marang Kanjeng Pangeran Purbaya. “Ora dadi apa. Karang isih cilik lan durung dunung. Nyai Wreksa kuwi dadi kuwajibanmu.” Ngendhikane Njeng Pangeran lan diwangsuli cekak karo nyai Wreksa tanpa kumawani ndhangakake sirahe. “Nimas, wiwit saiki kowe ndherek aku. Kowe bakal digladhi dadi wanita kang migunani tumrape bangsa lan negaramu.” Ngendhikane Pangeran Purbaya karo ngelus rambute bocah wadhon kuwi kanthi kebak sih katresnan kaya marang putrane dhewe. Swandari sajak bingung geneya bapakne ora crita apa-apa menawa dheweke arep ditinggal ana kraton. Sak wise ngendika ngono kuwi Pangeran Purbaya banjur jengkar sakwise nitipake Swandari marang Nyai Wreksa. Ananging Swandari panggah ora gelem ngeculake lengene bapakne. “Emoh, pak. Aku ora kepengin manggon ana Kraton, aku kepengin mulih wae. Ayo ta, pak.” Kandane karo nglendhoti Bapakne. Sembego sajak ewuh marang Nyai Wrekso, nanging atine uga keronto-ronto dene kudu ninggal anakke wedok. Sak wise di rih-rih, Swandari lagi gelem ngeculake bapakne. Atine susah amarga kudu pisah karo wong tuwane uga sedulure tuwa. Sepisan meneh dheweke ngrangkul bapakne kanthi mripat kebak eluh, tangise nggriyeng. Bapakne sakjane ora mentala. Alon-alon rambute Swandari diarasi lan eluhe dilap. “Ndhuk, kowe ki anak prejurit. Ora pantes menawa nangis kaya mengkono. Saru yen didelok uwong. Kowe kudu ngerti yen dadi anak prejurit kuwi kudu siaga kapan wae bela negarane. Saiki kowe wis entuk kabejan amarga isih sak umurmu bisa digladhi ana kene. Wis saiki bapak kudu nglakoni apa kang dadi kewajibane bapak. Kowe kudu bisa dadi bocah kang miturut karo Kanjeng Pangeran Purbaya utawa Nyai Wreksa.” Kandane karo ngelus-elus sirahe anakke. Sembego banjur menyat lan mak klepat nglungani anakke. Swandari njerit karo nangis, dheweke arep mlayu ngonyak bapakne nanging dicekeli karo Nyai Wreksa. Dasare bocah rosa, Nyai Wreksa kakipatake banjur tiba krengkangan. Nyai Wreksa mbengok marang prejurit kang jaga.
Para prejurit langsung siyaga,nyegat playune Swandari. Nanging sikil cilik kuwi pancen prigel banget, para prjurit sing nyegat ditendang, dilumpati kanthi gampang kaya klinci lolos saka pangunyake wulung. Playune kang gesit bali dipalangi papat prejurit sikep gegaman, nanging Swandari kasil mbrobos ing antarane sikil prejurit. Krodhane kandheg nalika ana slendhang saka sutra nggubet bangkekane lan nggeret awake sing cilik mrengil kuwi memburi. Swandari sak nalika ndheprok.
Nyai Wreksa mlayoni Swandari. Bocah wadon kuwi sajake semaput. Alon-alon Nyai Wrekso ngeculake slendhang kang nggubet bangkekane Swandari. Banjur ngaturake sembah lan slendhang kang kanggo nggubet bocah kuwi mau uga diaturake marang putri ayu sing sengaja ngendhekake Swandari. “Kanjeng Ratu.” Ature tanpa wani mandeng pepundhene. “Dadi bocah iki sing dikandhakake nakmas Purbaya?”Kanjeng Ratu ndagu abdine. “Inggih.” Nyai Wreksa semaur alus. “Bocah iki dudu tandingmu, Nyai. Bocah iki kudu dicekel lan digladhi dening abdi dalem kang jembar wawasane, prigel anggone olah kaprajuritan lan mungguh ing tata karma.” Kanjeng Ratu Retna Dumilah paring pangandikan meneh. “Lajeng kawula kedah kados pundi?”Nyai Wreksa bingung. Ratu Retna Dumilah mesem. “Saiki bocah kuwi pulasaranen. Kae senthong kang ana wetan keputren wis direseki karo emban-emban liyane. Bocah kuwi dipanggonake ana kono wae, dadi aku sak wanci-wanci bisa niliki. Mengko aku tak madhig-madhig sapa ta kang saguh lan bisa nggulawenthah bocah kuwi sak enggo ilmu lan kauragaane bisa migunani tumrap ing bangsa lan negarane mbesuke.”Pangandhikane Kanjeng ratu kang banjur sinaut sauran sendika lan sembah saka Nyai Wreksa.
Swandari banjur digendhong mlebu senthong kang wus dicepakake. Senthong kuwi ora digawe saka gebyog kaya umume bangunaning Kraton Kuthagara, ananging digawe saka bata kandel, korine uga saka jati tuwa gedhe wutuh kang pengkuh, gemboke saka wesi, dadi mokal yen Swandari bisa uwal saka kono. Senthong kuwi isine amben maoni gedhe lan kasur kang dispreini mori polos. Kemule saka jarit kawung. Sak liyane kuwi uga ana meja gedhe lan kothak kanggo nyinggahake sandhangan lan mas-masan. Ana uga maneka werna cepuk kang isine jamu lan wedhak kang biasane dienggo dandan para putri. Swandari alon-alon tangi saka peturone, donyane krasa peteng, ora ming merga anggone tiba kebanting, nanging luwih disebabake rasa sedih lan keduwung dene bapakne tega ninggalake dheweke. Kamangka dheweke isih kepengin ngrasakake urip bebarengan karo wong atuwane. Eluhe trus netes lan dhadane krasa sesek. Swandari ngadheg banjur tumuju lawang, karepe kepengin metu, jebul lawange kemunci saka njaba. Swandari bali ndheprok ndepipis ana ngarep lawang kori ukir kuwi karo mingseg-mingseg amarga atine kelara-lara.
TTTTTTTTTTTTT
Kanjeng Ratu Retna Dumilah lenggah sila disambi ngrampungake bathikane, kaadhep emban sepuh kang aran Nyai Welasa. “Ndoro putri, punapa mboten klentu dene njeng Pangeran nglebetaken lare ndusun wonten ing kraton? Biyasanipun rak sedaya abdi dalem keparak punika taksih trah piyambak utawi putra-putri bupati Nayaka, ta?” Nyai Welasa nyuwun pirsa karo sajak wedi nyadong duka bendarane. “ Biyung emban, wong kang lantip lan prigel kuwi ora mung ana Kraton wae. Sok malah tinemu ana jagat sing awake dhewe ora mangerteni, mula kuwi pancen Nakmas Purbaya ki tak sambat supaya nggolekake aku abdi dalem kang ora saka bupati nayaka. Aku kepengin mbuktekake menawa emas kuwi ora mesti ditemu ana kemasan utawa pande mas. Aku uga kepengin ngerti apa neng tanah Jawa iki ana bocah-bocah kang duwe kepinteran linuwih kang bisa disumbangake kanggo negarane.” Ratu Retna Dumilah paring pangandikan. Nyai Welasa banjur mbacutake anggone nyuwun priksa “Lha ning rak genduk Swandari menika taksih timur. Taksih alit, menapa njih sged menawi pun gladhi werni-werni ta? Retno Dumilah banjur nyelehake canthinge. Retno Dumilah nyawang abdine kanthi asih “Biyung, tresna marang Negara lan bangsa kuwi dudu pegaweyaan kang isa disinau sewengi. Tresna marang Negara kuwi diwulangake wiwit bocah lair saka gua garbaning ibu. Kuwi uga kang diadhani ana Kraton. Wiwit timur, para pangeran wis digulang duwe tanggung jawab mengku Negara mula ora gumun yen para putra lan sentana dalem ki prigel ana samubarang kang ana gandheng cenenge karo babagan-babagan pangreh praja utawa tata ning negara. Kraton uga duwe papan pasinaon kaya mengkono kuwi kanggo putra-putra dalem, nanging kanggone para kawula alit durung ana papan pasinaon kaya mengkono kejaba sing pancen tau nyantrik utawa ngabdi marang para wiku utawa para wali.Kuwi sebabe aku nyambat nakmas Purbaya, supaya menawa aku kasil gladhi bocah iki, aku bisa ngglembuk kanjeng Panembahan supaya kersa yasa pawiyatan agung kang ora mung sentana dalem sing bisa sinau ananging bocah-bocah kang duwe bakat gedhe, ya kaya gendhuk Swandari kuwi. Pancen ketoke kok kejem, misahake wong tuwa karo anakke, ananging kanggo nggladhi supaya bocah bisa mandireng, bocah ora kena gumantung sama wae klebu wong atuwane.” Retno Dumilah mbacutake pangandhikane. Nyai Welasa manthuk. Dheweke uwis mangerteni menawa kanjeng ratu Retno Dumilah kuwi dudu wanita biyasa.Pikiran lan rasane bisa ngungkuli para priya, lantip lan prigel uga ana ing olah ing praja. Kuwi uga kang sok marakake kemerene para garwa liyane.
Kanjeng ratu Retno Dumilah uga wasis ing kabudayan sak enggo putrane kang aran Raden mas Jatmiko[1] digulang maneka werna tembang lan beksa sak liyane sinau bab-bab kang ana gandheng cenenge karo pangreh praja lan tata ning negara. Kanjeng Ratu uga ora tau kendhat anggone mulangake tresna marang bangsa, negara lan kautamaning agama, sak enggo mbesuke putra-putrane bisaa dadi satrianing bangsa.
Kanjeng Ratu mbacutake anggone mbathik nalika putrane pembarep Raden Mas Jatmika mlebu ana panggonan kuwi. “Kanjeng Ibu, punapa para abdi dalem ingkang ibu kersakaken sampun sami dateng?” Raden mas Jatmika matur mangkono marang biyunge amarga, Raden mas Jatmika krungu ana rame-rame ana ing keputren. “Iya, nakmas. Bocah wadon saka desa ing pesisir kidul. Lha kersane kepiye kok ora kaya adat saben nakmas nakokake para abdi?” pitakone Kanjeng ratu nlesih. Raden Jatmika gedheg sajak rikuh anggone matur. “Inggih, kula naming kepengin mangertos kok para prejurit sajakipun ubur anggenipun nyritakaken lare kalawau. Menapa njih sak estu digdaya ta lare menika, Ibu?” Raden Mas Jatmika bali takon marang biyunge. Kanjeng Ratu mung gemujeng wae. “Durung. Nanging menawa digladhi tenan lan diwulang kanthi becik, mbesuke bakal bisa dadi prjurit kenyo kang mumpuni, nakmas.” Kandhane Kanjeng Ratu karo nyawang putrane. “Kenging menapa ibu langkung remen gadah prejurit estri? Punapa para priya sak menika mboten saged pun jagekaken kabisan lan kadigdayanipun ?” Raden mas Jatmika kang nalika semana isih timur udakara 10 tahun yuswane banget kepengin ngerti marang apa wae kang dadi putusaning para pengageng Kraton. Ibune luwih-luwih amarga kawentar dadi senopatining prejurit Kenya nalika bedah Mediun dek jaman semana. “Ngger, anane prajurit Kenya kuwi dudu dienggo nggenteni para prejurit priya amarga kurang keprigelane utawa kurang kadigdayane. Anane prejurit Kenya kuwi kanggo jaga-jaga samangsane ana perang gedhe lan butuh telik sandi paya. Kuwi pegaweyan kang bisa uga dilakoni para priya, nanging ana bab-bab kang luwih luwes yen dilakoni para wanita utawa Kenya. Menawa wanita kang dadi telik sandi paya, mesti wae luwih gampang lan ora gawe cubriya ing mungsuh amarga bisa nyaru dadi apa wae. Bisa nyaru dadi ledhek, dadi sinden, dadi apa wae kang ora bisa dilakoni dening para priya ta, Ngger.” Kanjeng ratu ngunjal ambegan. “ Sak liyane kuwi, wanita uga bisa nglairake.” Kanjeng ratu mbacutake pangandhikane. Raden Mas Jatmika njengkerutake bathuke sajak ora mudeng kang dikersakake ibune. “Kuwi jumbuh, ngger karo apa kang diturake para winasis dene bangsa kang gedhe kuwi yen nduweni wanita-wanita kang utama, wanita-wanita kang wasis lan prigel ing samubarang kepinteran, ora mung mligi ana ngomah, mangsak lan ngopeni bale somah. Wanita kuwi kudu bisa kiprah ana ing bab-bab kang diperlokake kanggo kamulyaning Negara. Saka wanita-wanita kuwi mau menawa ngasilake turun mesti uga turun ingkang prigel tur mumpuni ing samubarange. Coba nakmas penggalih, apa ya ana bocah sing pinter menawa biyunge ora mulang kanthi becik? Apa ya ana bocah kang ganep tata kramane menawa biyunge ora duwe tata karma? Winih bangsa iki katandur ana gua garbaning wanita, sak engga wanita kuwi kaya sawah kang kudu diopeni, dirumat lan dipupuk supaya bisa ngasilake wong-wong kang migunani tumraping Negara. Carane mupuk kepiye? Wanita kudu duwe hak sing pada karo para priya ing bab-bab kang ana gandeng cenenge karo olah kepinteran, kudu ana pawiyatan ora mung mligi kanggo priya nanging uga wanita.” Kanjeng ratu ngendhika alus supaya apa kang diturake mau tinampa kanthi becik marang putrane. Raden Mas Jatmika manthuk lan sajake sarujuk karo pangandhikane ibune.
TTTTTTTTTTTTT
Nyai Raga sajak kesusu marak ing ngarsane Kanjeng Ratu Waskita Jawi utawa kang katelah kanjeng Ratu Mas, garwa padmi Kanjeng Panembahan Senapati saka Pati. Lakune rikat sumelang menawa kabar kang keprungu ana kupinge kuwi bakal gawe bendharane ngalami tuna kang gedhe banget. Kuwi sebabe dheweke direwangi keraya-raya marak arep matur kabar kang paling anyar kang diduweni saka kaputren kulon.
Nalika semana Kanjeng ratu mas lagi nglaras ana emperan senthong kaputrene, sajake bar ngudi salira lan siram nganggo maneka werna racikan jamu supaya kulite tetep resik lan gilap kaya adat sabene. Kanjeng ratu uga lagi ngrasakake angete wedhang jahe sere kang uwis dicawisake abdi dalem liyane. Nyai Raga mundhuk-mundhuk lan ngaturake sembah ana sampeyane Kanjeng Ratu Mas. “Ana apa biyung Raga kok sajake nyalawadi?” Mangkono pitakone kanjeng ratu. “Inggih Gusti. Kula kalawau pikantuk kabar saking keputren kilen bilih Raden Ayu Retna Dumilah sampun ngempalaken para wanita saking njawi Kraton badhe pun gulang dados prejurit.” Nyai Raga matur kanthi ati kang tab-taban amarga ngira menawa kabar kuwi mau bakal marai bendharane duka yayah sinipi, sak engga dheweke bisa mbacutake mbujuki bendharane supaya manut reka dayane kanggo ngendih panguwasane kanjeng ratu Retna Dumilah. Dasar Nyai Raga pancen ora seneng lan sengit ngigit-igit marang sapa wae kang dadi pepalange bendharane. Nanging adoh saka pangirane, gustine mung amem wae lan wangsulan cekak “Njur ngapa?” Nyai Raga kaget. “Menapa Gusti ayu mboten sumelang menawi samangke putranipun Den Ayu Retna Dumilah ngendih panguwaos putra dalem lan ngrebat kalenggahan adipati anom saking putra jengandika?” Nyai Raga matur karo nyembah. “Aku wis krungu biyung Raga. Nanging sing diklumpukake karo maruku kae ming cah ndesa, bocah pidak pedarakan. Ora bisa yen katandhingake karo jagoku Iswati putra bupati nayaka kang asli saka pesisir lor. Apa kowe tambuh menawa wong-wong pesisir lor kuwi, wong-wong kang pinilih. Ora kaya cah-cah ndesa saka pesisir kidul kae. Wis lethek, ora moncer.”Pangandikane Ratu Mas sengguh. Nyai Raga ngungun dene bendharane ora ngrewes omongane, nanging dasar racun, Nyai Raga ora mung mandeg tekan semana, dheweke isih ngoyak kanthi kabar kang digedhek-gedheke. “ Gusti, penjenangan kedah ndhahar atur kula. Lare punika sak estu mumpuni lan gadah kadigdayan linuwih. Kula miring-mireng taksih turunipun dukun. Menapa penjenengan dalem mboten sumelang dene lare-lare menika saged ilmu tenung lan santet. Lha menapa tumon, lare taksih gangsal utawi enem tahun saged damel prejurit-prejurit kraton ingkang digdaya, ambruk nemahi bantala.”kandhane karo menyong-menyong lambene. Kanjeng Ratu saknalika legeg, sajak percaya ora percaya. Ananging yen kabar kuwi bener, mesti wae Kanjeng Ratu Mas rumangsa kuatir. “He eh ngono pa, Yung? Aja-aja ming critamu wae.”Kanjeng Ratu ngendikan nganggo logate wong pesisir lor kang kenthel. “Inggih. Sak estu, Gusti Ayu. Menapa njih sepriki kula nate matur dora?” wangsulane karo mesem dene umpane kena. “Lha nek miturut kowe apa sing kudu tak lakoni?”Pitakone Kanjeng Ratu. “Gampil, Gusti. Penjenengan dalem naming kedah pitados dumateng keng abdi, mangke kula ingkang nyingkiraken pepalang dalem.” Kandhane Nyai Raga mongkok. Kanjeng ratu Mas kang sak jane ora kepengin campur tangan nanging menawa diumpan nganggo kalenggahane mesti wae bakal panasten. Kanthi mangkel Kanjeng Ratu banjur jengkar saka emper lan mlebu senthonge. Ora let suwe Kanjeng ratu mbukak kori senthonge lan nguncalake bondhotan cilik isi duwit emas nang Nyai Raga. Nyai Raga nyembah lan banjur mundur kanthi ati kang seneng banget. Nyai Raga banjur mungkur saka keputren lan wiwit ngentha-entha apa kang bakal dilakokake kanggo ngupaya supaya Ratu anyar kang kaanggep dadi klilipe bendharane bisa disingkirake.
Nanging apa kang dilakoni Nyai Raga kuwi mau didhingkik pawongan kang ujug-ujug metu saka sewaliking wit sawo gedhe sak pinggiring keputren. Pawongan kuwi gedheg-gedheg gumun dene ana wae wong kang nyoba nandur wisa. Kanthi rikat dheweke banjur ngilang saka panggonan kuwi lan ngetutake nyai Raga kang dicubriyani bakal gawe kisruhing praja.
TTTTTTTTTTTTT
Swandari ngucek-ucek mripate kang pedes amarga kesuwen anggone nangis. Kupinge krungu swarane lawang korine dibukak. Saka bolonganing angin Swandari ngerti menawa wancine uwis wengi lan kamare uga wis samsaya peteng. Swandari gagap-gagap arep ngurupake senthir kang sumadiya ana kono, ananging mripate kadung weruh sunare senthir kang digawa emban kang nyawisake panganan kanggo dheweke. Emban kuwi ora omong apa-apa. Panganane uga mung diglethake ngono wae. Sak wise nyumet senthir kang ana kamare Swandari dheweke banjur metu karo nggawa senthire dhewe. Swandari krungu korine ditutup alon, nanging kupinge ora nangkep swaraning gembok dikunci kaya maune.
Swandari isih ora gelem menyat saka ambene yen ora dipeksa wetenge kang wis pating kruyuk amarga ngelih. Alon-alon dheweke menyat nyedhaki panganan kang dicawisake, semu kaget amarga panganan kuwi katone pancen enak-enak lan arupa maneka werna janganan, woh-wohan lan lawuh sing maneka werna. Pancen ukurane ora akeh kanggone wong ndesa kang kulina dokoh mangane, ananging maneka werna kang dicawisake sak engga yen dipangan kabeh, Swandari ora bakal keluwen. Ana iwak pitik dimangsak nganggo bumbu gurih, ana lalapane komplit lan maneka warna panganan jajan pasar kang legi. Swandari mangan sak warege dasar ya wis ngelih banget wetenge. Nanging nalika mangan jajan pasare arupa wajik, dheweke weruh layang gemlethek ana sak ngisore cawan kang agawe saka grabah. Swandari kaget. Layang mau ana tulisane, Swandari kang uwis bisa maca sithik-sithik nyoba ngerteni isining tulisan ana ing layang kuwi. “Metua saka panggonan iki, muliha nang desamu. Kowe bakal disiksa ana panggonan iki. Dadi yen kowe pinter, mlayua sing adoh.Lawang sengaja ora dikunci saka njaba. Yen uwis maca, layang iki obongen.” isine layang kuwi. Nanging ora cetha sapa kang ngirim pesen kuwi. Swandari kangisih bocah cemlolo lan durung ngerteni maneka werna lelakon ana kraton kegodha dening isine layang. Alon-alon dheweke nylempitake layang kuwi ana stagene.
Thimik-thimik lan kanthi sesingidan Swandari mbukak korine kang pancen ora kemunci. Banjur ngrambati tembok senthonge tumuju neng keben kang dadi watese bangunan senthonge karo temboking beteng. Saben-saben Swandari kudu ndhelik ing antarane wit-wit gedhe satengahing keben kanggo ngawekani supaya ora kecekel utawa konangan dening para prejurit kang jaga. Jantunge kaya kinebur amarga mlayu saka kraton kuwi dudu gaweyan kang gampang kaya yen dheweke dolanan delikan ana desane. Prejurit-prejurit kraton kuwi galak tur ya ora tida-tida marang sak sapa wae sing nyoba mlebu utawa metu saka kraton tanpa idhin kang kawogan.
Sak wise pirang-pirang menit suwene, Swandari kasil tekan tembok beteng kraton, pikire yen dheweke kasil mencolot metu, dheweke mesti bisa luwar saka panggonan kang ngungkung dheweke. Ananging tembok kang agawe saka bata kuwi dhuwure ora jamak, apameneh kanggone bocah umur limang tahun kaya dheweke. Swandari nyoba nggagapi ngget-nggetan bata sapa ngerti bisa dipenek. Nanging ngget-nggetan bata kuwi kebak lumut, dadi ya lunyu menawa dipenek. Nanging atine Swandari wis gilig kudu metu saka panggonan kuwi lan mulih ana desane ketemu maneh karo bapa biyunge. Sikile kang cilik thekel-thekel menek ngliwati ngget-nggetan bata kuwi. Beja dene langite uga mendhung sak engga tembok beteng kuwi katon peteng lan bisa nyigidake wujude Swandari. Alon-alon, Swandari nemplekake tangane ana tembok, mrambat kaya cecak. Durung nganti rong meter anggone menek, ana tangan kang pengkuh ngranggeh bangkekane. Swandari meh wae njerit saupama pawongan kang ngranggeh bangkekane kuwi mau ora cepet-cepet nutup lambene ngango tangane kang gedhe. Swandari njola lan ngupaya bisa uwal saka panyekele pawongan kuwi. Nanging pawongan kuwi rosa banget. Swandari digendhong digeret bali sak pinggiring senthonge. “Ndhuk, iki aku. Uwis aja kakehan polah.” kandhane pawongan kuwi alus. Swandari kaya tepung swara kuwi banjur lerem.
Pawongan ngeculake Swandari banjur jengkeng ana sak ngarepe. “Paman Sunggono?” Swandari nyuwara lirih, kaget geneya andahane bapakne ana kono. Sunggono manthuk karo mesem “Iya, ndhuk iki aku Sunggono. Aku seneng, kowe ora lali karo aku.” wangsulane Sunggono uga lirih semelang keprungu wong liya. “Lha kok njenengan dalu-dalu wonten mriki menapa saweg jagi ta, paman?” pitakone Swandari. Sunggono manthuk. “Ndhuk, aku ngerti menawa kowe durung krasan ana kene. Ananging yen kowe nyoba mlayu kaya mau. Kowe ora mung ngundang bebaya marang awakmu ananging kowe uga bisa marakake wong atuwamu nampa ukuman. Kowe mesti ora kepengin menawa bapakmu dipidana utawa diukum kanga bot mung merga kowe ora bisa ngendhaleni awakmu.” kandhane Sunggono karo ngempet eluh. Swandari banjur ngenehake laying kang ditemu mau. Sunggono maca banjur ngrangkul bocah wadhon kuwi kanthi asih. Tujune dheweke sing ngonangi bocah kuwi yen arep mlayu saka kraton. “ Wis, layang iki balekna neng nggonmu nemu. Terus ethok-ethoka ora ana kedadeyan apa-apa lan yen ditakoni wangsulana ora ngerti. Sing baku aja nyoba mlayu meneh. Bener kowe bisa nglumpati beteng, nanging kowe sengara bisa slamet nglangeni jagang merga, jagang kae banyune jero lan akeh ula lan bayane. Menawa isa slamet, kaya sing tak kandhakake mau, kabeh sanakmu bakal dipidana. Saiki sing baku kowe manuta ndhisik ya, cah ayu.”kandhane Sunggono karo nuntun bocah kuwi bali neng senthonge. Swandari mimbik-mimbik nanging Sunggono nglipur kanthi guneman alus “Kowe anak ing prejurit, kowe kudu tatag, aja gembeng. Saru.” kandhane karo ngelapi luhe Swandari lan banjur nutup senthonge kaya maune tanpa digembok. Sunggono atine trenyuh geneya bocah ciliki kuwi uwis kudu nampa pacoban sing abot. Sunggono banjur janji sak jroning atine bakal ngawat-awati bocah kuwi kanthi iklas lan tulus. Apameneh bapakne Swandari uga wus kaanggep kadya wong atuwane dhewe. Langite saya peteng mrantandhakake wengine saya lingsir. Angin kang ngidung kanthi swara kang ngayut-anyut ngelingake para prejurit supaya tetep waspada sapa ngerti ana lakune dom sumuruping toya. Sunggono ngilang bareng sepining wengi nanging atine tetep keri ana korine Swandari, bocah cilik kang ginaris pesthine ana suwaliking beteng kraton kang kandel.
TTTTTTTTTTTTT
Isuk-isuk nalika Nyai Welasa nemu korine Swandari uwis ora kemunci, jantunge wis tab-taban dene bocah kuwi nyoba lolos saka kraton, nanging nalika mlebu senthong bocah kuwi, Nyai Welasa nemu Swandari isih turu nglempus ana peturone. Nyai Welasa banjur naliti kabeh isi senthonge Swandari lan nemu layang kang ketutupan cawan, panganan. Nyai Welasa gregeten banget dene ana wong kang kumowani ngaco ana keputrene. Nyai Welasa banjur nggugah Swandari kanthi kasar. Swandari kang kaget amarga digugah kanthi digetak ora kejarak tangane kemlawe kaya arep ngeplak, tujune Nyai Welasa dudu emban biyasa, tangan kuwi kecandhak banjur kauntir. “Kowe aja coba-coba karo aku. Wreksa bisa mbok kerasi nanging aku dudu tandhinganmu.” Kandhane. Swandari jerit-jerit kelaran. Nyai Welasa nyeret Swandari metu lan njorokake bocah wadhon kuwi sak engga tiba ana lemah lan wis wiwit nyepakake gitik kanggo nuthug. Nanging tangane kacandhak kanjeng Ratu Retna Dumilah. “Sabar, biyung emban. Dudu kaya ngono ngajari bocah.” Kanjeng ratu ngendika alus. Nyai Wreksa banjur simpuh ngaturake sembah marak marang gustine. Kanjeng Ratu banjur nyedhaki Swandari. ”Kowe ora papa, Ndhuk?”pitakone kanjeng Ratu. Swandari gedheg. Kanjeng Ratu banjur ngranggeh tangan cilik kuwi lan Swandari direwangi ngadheg. Bocah kuwi banjur dituntun ana pendapa keputren. Kanthi asih Kanjeng ratu banjur mboboki lengene Swandari kang tatu merga kedusur nalika dijorokake Nyai Welasa. Swandari mringis nalika bobok arupa kunir lan bawang kuwi ngenani tatune. “Wis. Sesuk tanganmu rak wis mari lan kowe wis bisa sinau beksa. Apa kowe wis tau sinau gendhing utawa beksa, cah ayu ? pitakone kanjeng Ratu karo mesem. Esem kuwi sak lawase bakal dieling-eling Swandari, eseme Ratu kang ayu tur kebak asih tresna tanpa nyawang drajat lan pangkat. Swandari ndingkluk lan gedheg alon. Kanjeng Ratu banjur bali gemujeng “Wah, cah ayu-ayu kuwi kudu bisa beksa utawa nembang lan nyindhen. Eman ta yen swarane apik, rupane ayu nanging ora duwe kabisan bab-bab kabudayane.”Kanjeng Ratu ngendhikan maneh. Swandari manthuk.
Nyai Welasa sak jane mangkel banget geneya kanjeng ratu ora ngukum bocah kuwi kamangka bocah kuwi sajake uwis nyoba lolos saka Kraton. Nyai Welasa banjur marak lan ngaturake layang kang tinemu ana ing senthonge Swandari. “Apa kowe ngerti bab layang iki ta, ndhuk ?” pitakone kanjeng ratu. Swandari eling welinge Sunggono lan banjur gedheg. Nyai Welasa gregeten. Kempole Swandari sing ketutupan jarit diciwel sak rosane karo muni “Aja goroh.” Swandari mringis kelaran nanging ora njerit. “Biyung!” Pambengoke Kanjeng ratu. Nyai Welasa banjur ndhelikake rasa jengkele lan tumungkul. “Ya wis, ndhuk. Yen kowe ora ngerti bab iki ora dadi apa. Saiki sing baku kowe reresika dhisik, banjur mengko maraka ana pendapa gedhe supaya aku bisa mirsani apa kang dadi kabisanmu.”Pangandhikane kanjeng Ratu. Swandari nyembah banjur mundur saka ngarsane kanjeng Ratu.
Nyai Welasa banjur bali matur “ Kedahipun gusti paring pidana dateng lare menika.”kandhane Nyai Welasa. “Lha kok kudu dipidana ki gek dosane apa ta biyung?” pitakone Kanjeng Ratu Retna Dumilah. “Menawa mlayu ? Nyatane ya bocahe ana. Sing kudu mbok goleki ki jane sapa ta pawongan kang ngekeki layang kuwi lan sapa kang mbujuki bocah kuwi supaya mlayu. Kowe kudu takon marang emban cawis sing nglakoni jejibahan wengi kuwi. Aja bocahe sing mbok ajar kaya ngana, mengko mundhak salah kedaden. Kowe rak ngerti isine laying dene bocah kuwi diwedhen-wedheni menawa urip ana kraton kuwi bakal disiksa. Menawa kowe keras, apa kang tinulis ana layang kuwi dadi katon bener lan nyata, kamangka awake dhewe mung kepengin nggulang kanthi bener lan mapan.” Ngendhikane kanjeng Ratu Retna Dumilah kang dibenerake dening Nyai Welasa. Kanjeng ratu banjur jengkar ditutake Nyai Welasa.
TTTTTTTTTTTTT
Ana ing pawon keputren kabeh abdi dalem cawis pada bingung dene Nyai Welasa lan Nyai Wreksa nggoleki pawongan kang nyelehake panganan kang ana layange ana senthonge Swandari. Kabeh pada keweden bakal nampa deduka lan luwih abot meneh nampa pidana amarga mbujuki calon abdi dalem lolos saka kraton. Ananging saka pirang-pirang abdi ora ana kang gelem blaka utawa ngaku sapa kang nglakoni jejibahane wengi iku. Pungkasane kabeh abdi dalem cawis digiring ana keben lan dipepe nganti ana sing gelem ngakoni tumindake. Sak wise kliwat tengah dina, kabeh abdi dalem cawis wis pada ora kuwat panase srengenge kang nyentor awake, banjur salah siji abdi ana kang gelem blaka menawa wengi kuwi kang wajib nglakoni jejibahane cawis, abdi kang aran Maita, ananging kawit isuk mau uwis ora katon meneh ana pawon kaya adat sabene. Sajake amarga wedi, abdi dalem kuwi mau mlayu sak durunge konangan sak wise ngerti jebul Swandari ora mlayu kaya sing dikarepake.
Durung rampung Nyai Welasa lan Nyai Wreksa anggone nakoni abdi dalem cawis keselak ana prajurit kang teka lan lapur dene Maita ketemu uwis dadi mayit ana jagang Kraton. Awake uwis ora wutuh meneh marga dikemah-kemah baya kang ana njero jagang. Akeh sing ngira menawa Maita nalika dicemplungake jagang uwis mati dipateni supaya ora mbukak wewadi bab sapa kang mbujuki Swandari metu saka Kraton. Nyai Wreksa lan Nyai Welasa katon gela amarga ora bisa miyak wewedi sapa sejatine pawongan kang gawe kiruh keputren kulon. Apa kabeh mau ana gandheng cenenge karo keputren wetan kang kabare or rena nalika kanjeng Panembahan Senopati misuda Kanjeng Ratu Retna Dumilah uga dadi garwa padmi utawa prameswari kang ateges putra-putrane uga nduweni hak kalenggahan ana ing dampar kraton Mataram.
Nalika kabeh mau diaturake dening Kanjeng ratu Retna Dumilah, Kanjeng Ratu ming mendel wae lan ora paring dawuh apa-apa. Bab kuwi marakake bingung para abdine, ananging kanjeng ratu mujudake ratu kang wus waspada ing samubarang intrik ana kraton, sak engga kanjeng ratu milih sesidheman anggone bakal ngrampungake perkara merine marune ana kraton wetan, apamaneh ing wektu-wektu iki Raden Mas Jolang bakal pinisuda dadi pangeran adipati anom kang ateges sesuke bakal nggenteni kalenggahan dalem Kanjeng Panembahan Senapati. Kanjeng ratu Retna Dumilah uwis mengerteni menawa bab kuwi mesti wae gawe penggalihe Kanjeng Ratu mas saka keputren Wetan mesti ora jenjem apameneh nalika Penjenengane pirsa menawa kanjeng Ratu Retna Dumilah uga kagungan putra kakung kang ora kalah prigel lan wibawane karo putrane dhewe.
TTTTTTTTTTTTT
Panembahan Senapati tedak ana kaputren wetan kaadhep dening keng garwa kanjeng ratu mas Waskitajawi. Panembahan Senapati ndawuhi kabeh emban lan sentana kaputren ninggal papan anggone patemon kelawan keng garwa, sajake ana bab kang nyalawadi kang kudu diomongake marang garwane. “Diajeng.” Panembahan Senopati mbuka pangandikan. Kanjeng Ratu Mas ngaturake sembah. “Tekaku mrene kuwi merga ana perlu karo sliramu. Ingkang sepisan aku kepengin mangerteni piye kahanane keputren wetan, uga sliramu lan kaping pindho aku kepengin rembugan bab putramu mas Jolang.” Panembahan Senapati mbacutake pangandikane. “Inggih, kangmas. Kawontenan keputren sae mboten kirang setunggal menapa, semanten ugi kula njih pangestu dalem, kawula ugi sae mboten kirang satunggal menapa. Sedaya emban lan sentana dalem ugi ngladhosi kados adat saben lan mboten wonten ingkang nguciwani.” Kanjeng Ratu wangsulan alus marak ati. “Ya sukur menawa kabeh mlaku kanthi becik. Kuwi ateges sliramu kasil anggone nata keputren lan para sentana sak engga kabeh pada bisa nglakoni tanggung jawab lan kewajibane kaya sak mesthine ta diajeng.” Panembahan Senapati ngendika karo nyawang garwane kebak tresna. “Nuwun, inggih.” Kanjeng Ratu wangsulan alon. Sak jane atine rada mangkel amarga sakploke Kanjeng Panembahan Senapati mundhut Retna Dumilah dadi garma padmi, Kanjeng Panembahan wis arang-arang banget tedhak keputren wetan. Ananging rasa gela lan mangkel kuwi mau disingidake ana sak njeroning ati gene saiki priya kang banget ditresnani kersa rawuh meneh ana keputren wetan.
Kanjeng Ratu banjur ngladhekake apa kang dadi remenane kanjeng Panembahan Senapati sak engga kanjeng Panembahan rena penggalihe. Saka daharan tekan unjukan kabeh dicawisake lan diladekake dhewe. Sak wise kuwi Kanjeng Ratu uga ngleksanani wajibe garwa ngladheni kakunge. Panembahan Senapati marem dene garwane pancen isih setya tuhu marang guru laki. Kanjeng Panembahan sakjane ora mentala arep mbacutake rembug dene keng garwa uwis gawe senenge lan renaning penggalihe. Ananging kabeh rembug kang wus dirancang kudu dijlentrehake amarga rembug kuwi mau nemtokake nasib lan takdire kraton Mataram. Panembahan Senapati banjur wungu lan nyedhaki keng garwa kang lagi nggelung rikmane kang dawa. Alon-alon Kanjeng Panembahan nyelehake tangane ana pundhaking keng garwa karo nyawang saka kaca ana ngarepe. “Diajeng. Kaya sing tak kandhakake mau, sak liyane merga aku kapang marang sliramu, ana bab kang kudu tak kandhakake. Tak jaluk sliramu kersa midhangetake kanthi ati kang jembar.” Kanjeng Panembahan ngendikan karo ngelus-elus pundhaking keng garwa. Mak deg, penggalihe kanjeng ratu mas kaya ditunjek cundrik. Marase krasa perih lan jantunge tab-taban, ngira-ira apa kang dadi pepenginane keng garwa. Dulu saka pangandhikane mesti wae barang kang ora ngepenake. Ananging Kanjeng Ratu Mas kuwi priyayi kang wus digulang tata kramaning kraton, sak engga kabeh rasa kang ora kepenak ana ati kudu bisa disigidake kanthi rapet. Sak wise mendel sedhela, Kanjeng Ratu banjur matur “Menawi penjenengan dalem pancen gadah gagasan utawi rembag, manga kula aturi paring pangandhikan. Kula menika garwa penjenangan dalem, ateges kula kedah mireng lan nglampahi kanthi manah ingkang rena sedaya dawuh dalem.” Panembahan Senapati mesem. Manahe kang alus bali ora mentala mireng pangandhikane keng garwa nanging kalenggahan dalem dadi panutaning Negara panggah mingkuh menawa kudu ngadhepi rasa pribadine dhewe. “Aku bombong dene duwe garwa ora ming ayu ing rupa, ananing uga bisa mangerteni kuajiba lan tanggung jawabe kakunge.” Panembahan Senapati mandheg sedhela lan ngunjal ambegan landhung. “Saiki aku uwis ngunduri tuwa, lan mas Jolang sedhela maneh mesti bakal nggenteni aku nata praja. Ananging siji kang dadi penggalihanku geneya seprana-seprene mbangun bebrayan karo nimas Ratu Tulungayu kok ya durung peputra, kamangka menawa mengkone lenggah dadi panguwasane praja mesti wae kudu duwe turun ta diajeng? Saka garwa liyane, patutan ananging putri ya Pandansari. Lha aku rak dadi bingung yen kaya ngono. Aku banjur rembugan karo para pinisepuh ana kraton lan pilihane abot kanggoku ngabarake iki marang sliramu. Iki mau dudu putusanku pribadi, ananging uwis dadi putusaning para sesepuh lan pangeran-pangeran ing Kraton kene. Ana rong pilihan, menawa nganti pungkasaning tahun iki Nimas Ratu Tulungayu durung uga nggerbini, mas Jolang kudu lila ngeculake gelar adipati anom lan digenteni putra liyane. Utawa nimas Dyah Ayu Banowati kawisuda dadi garwa padmi lan diparingi gelar kang pada karo nimas Tulungayu, api-api nggerbini lan lair bocah kang wus gedhene 10 tahun lan kawisuda dadi putrane mas Jolang, sak engga putramu ora kelangan kalenggahane.” Panembahan Senapati ngendhika karo keng garwa. Kaya disamber bledeg awan-awan, kanjeng ratu mas sak nalika pucet praupane. Awake kaku dadi tugu. Cundhuk mentul sing maune wis cepak dituncepake ana rambute kang uwis kagelung tiba gumrincing. Lambene kageget sora sakengga metu getihe. Dumadakan luhe ambrol saka socane kang bening. Tangise pecah lan ambegane mingseg-mingseg, ora nyana gene keng garwa tegel marang dheweke lan putrane.
Panembahan Senapati uwis ngira bakal ngadhepi kahanan kaya ngene. Kuwi kang banget ora disenengi, menawa bisa endha, kanjeng Panembahan luwih milih maju ana ing peperangan ketimbang kudu ngerih-rih wanita. Tangis kang dadi gaman ora gampang diadhepi. Alon-alon Panembahan Senapati ngruket garwane. “Aku ngerti, sliramu bakal tatu. Nanging awake dhewe iki ming saderma nglakoni kanggo njaga tegaking negara lan karaharjane praja. Kuwi wis ginaris marang sapa wae kang nampa wahyuning kraton, diajeng.”Ngendhikane Panembahan Senapati. Kanthi pandengan kang ngempet kabeh rasa, Kanjeng ratu mas banjur nyuwun pirsa “Lajeng sinten ingkang badhe kawisuda dados adipati anem lan sinten kang badhe kawisuda dados putranipun Jolang, kangmas?” “Wangsulane ming siji putraku Raden mas Jatmika.” Panembahan wangsulan cekak. “Kowe sarujuk sing endi, wangsulane pada. Jatmika putraku karo diajeng Retna Dumilah kang bakal dai putrane Jolang utawa nglengser Jolang. Kuwi kabeh gumantung anggonmu milih lan ngerih-rih putramu.” Panembahan Senapati mbacutake pangandikane.
Kanjeng Ratu Mas nggoceki dhadane kang krasa ampeg. Ora ngira yen marune uwis males apa kang dilakoni sak suwene iki. Ora ngira yen marune bisa mbujuki kanjeng Panembahan supaya nglengserake putrane. Dadi apa kang di kandhakake Nyai Raga kuwi pancen dudu dolanan, ananging pancen rancangan kang wis dipesthekake bakal nyingkirake dheweke lan putrane. Kanjeng Ratu mas ndheprok sak nalika ana sampeyane Kanjeng Panembahan Senapati lan eluhe wutah nelesi dlamakane keng garwa.
TTTTTTTTTTTTT
Pangeran Purbaya lan Ki juru Mertani utawa Patih Mandaraka lagi urun rembug bab kahananing praja ana dalem kepatihan nalika utusaning Kanjeng Penembahan Senapati marak. Utusan kuwi nggawa layang kang kudu diaturake marang Pangeran Purbaya. Sakwise layang ditampa, utusan kuwi pamit mundur. Pangeran Purbaya ngunjal ambegan landhung sak wise maca layang kuwi. Ki Juru Mertani wus waspada apa kang kabakal kelakon mengkone. “Piye nakmas? Ibumu ratu wis nemtokake pilihane?”pitakone Ki Juru. “Sampun eyang. Kanjeng Ibu milih supados dimas Jatmika kawisuda dados putranipun dimas Jolang. Ananging rama Panembahan ngemutaken bilih pilihan menika mboten kok tulus dumugining batos sak engga kita kedah waspada. Paman Pragola[2] temtu mboten rena menawi mangertosi kawontenan menika lan mboten mokal yen paman Pragola saged wangsul ngraman lan ngendih panguwaos dalem.” Pangeran Purbaya wangsulan. “Banjur piye angkahmu, nakmas?”Ki Juru bali takon. “Rama paring dawuh, bilih nomer setunggal kula kedah njagi keslametanipun dimas Jatmika. Bab kawilujenganing nagari sampun kapasrahaken Pangeran Puger lan Pangeran Tepasana”wangsulane Pangeran Purbaya. Ki Juru Mertani manthuk-manthuk. “Nek miturut penemuku ya nak mas. Apike singidna sik rayimu kuwi ana padepokane Kyai Pakir, tak kira ora ana eleke amarga ora akeh pawongan kang ora tepung marang rayimu nakmas Jatmika. Dadi samun anggonmu uga njaga keslametane rayimu sak engga ibumu keputren wetan ora rumangsa yen ndika pilih sih. Ing atase ndika sedulur tuwa kang kudu adil marang para putra. Aku duwe firasat menawa keputren wetan ora banjur ming meneng wae menawa mangerteni apa kang dikersakake Kanjeng ramamu ta nakmas. Ya iki mau ming sak derma aku urun rembug, muga bisa ngentheng-enthengi pikirmu. Apameneh kanggone nakmas Jatmika mondhok ana njaban kraton kuwi uga migunani tumrap majuning pikir lan mbukak wawasan kang luwih amba tebane. Nakmas Jatmika uga bisa ngangsu kawruh marang para pinisepuh sak njaban Kraton kang uga duwe ilmu kang maneka werna lan mumpuni, sakliyane kuwi uga bisa njembarake pasrawungane lan nyinau kahanane para kawula ing tlatah kono, ora ming nyinau saka njeron beteng Kraton tanpa mengerteni kasunyatane ana njaba.” Ki Juru Mertani urun rembug kanggo ngudhari ruweting pikir kang mbok menawa lagi dadi pengalihane Kanjeng Pangeran Purbaya.
Kanjeng Pengeran ngunjal ambegan dawa. Apa kang dingendikakake Ki Juru Mertani kagagas ana benere. Ananging kuwi uga ora gampang anggone nindakake amarga sak suwene iki, raden mas Jatmika uga wis kasingidake ana wewengkon kraton kang cedhak keputren kulon tanpa dingerteni sapa-sapa sakliyane abdi kang wis pinercaya dening Kanjeng Ratu Retna Dumilah lan Pangeran Purbaya dhewe. Sejatine ana rasa welas lan mesakake ana sak jroning atine Kanjeng Pangeran amarga keng rayi kudu nandang kaya mangkono. Ing atase keng rayi kuwi tedhak turning aluhur lan kagungan gelar pangeran nanging kudu urip kaya kawula umume ana wewengkon kraton. Ora tau entuk kesenengan kaya dene putra-putra liyane, kabeh kuwi pancen wus karancang dening keng rama kanggo njaga keslametane Raden Mas Jatmika, ya mung penggalihe Pangeran Purbaya wae kang sok ora narimakake menawa rayine kuwi kudu urip prihatin kaya mengkono, apameneh saiki kudu mondhok sak njabane kraton lan adoh saka biyunge. Mak nyut, Kanjeng Pangeran Purbaya banjur kelingan marang Swandari kang uga kudu adoh saka bapa biyunge amarga ngabdi marang Negara. Dadi Raden Mas Jatmika dudu siji-sijine wong kang urip rekasa lan prihatin, ana akeh sing kaya ngono amarga kanggo nggayuh pengarep-arep kang luwih gedhe, saben pribadi kudu gelem nglakoni prihatin lan rekasa dhisik.
Pangeran Purbaya uga banjur kelingan nalika cilik mbiyen, kudu urip tanpa Bapa. Lan kanggo bisa nggayuh kamulyane saiki maneka werna pacoban kudu dilakoni. Samungguhna nalika jaman semana Kanjeng pangeran mingkuh, ora teteg marang tekade mbok menawa saiki uripe ya mung kudu trima dadi bocah desa tanpa aran, tanpa bapa. Ya ming merga gedhene tekad, piyandele lan kasengkuyung laku prihatin uga donga saka eyang sarta biyunge, saiki gegayuhane ngabdi negara bisa kelakon, malah bisa dadi senapatining praja ajejuluk banteng Mataram.
TTTTTTTTTTTTT
Swandari wiwit gladhi olah kaprajuritan karo Rukmi, Praba lan Rukti ya abdi dalem alit kaya dheweke ana ngisor wit Tanjung sak mburi Keputren. Mung bedane Praba lan Rukti isih putra bupati nayaka kang duwe kalungguhan lan drajat sing luwih dhuwur. Amung Rukmi kang pada-pada cah ndesa kaya dheweke. Swandari pancen cilik dhewe ing antarane bocah-bocah wadhon kuwi, nanging yen bab keprajuritan Swandari kang ketok paling pinter ditandhingake liyane. Rupane uga luwih ayu lan mranani timbang liyane.
Swandari kerep ditakoni kanca-kancane lan ora tau pelit ilmu nalika kudu nyontoni. Swandari kerep ngajari nggoling, ngendhani menawa digebuk utawa diantem, lan mencolot sinambi nendang nalika di kruyuk. Kabisane olah keprajuritan pancen ora bisa disepelekake. Swandari uga pinter lan blater anggone kekancan sak engga ditresnani kanca-kancane.
Swandari lagi wae arep ngajari Praba piye carane nguntir lengene lan mbanting mungsuh nalika Iswati sak balane teka. Iswati pandelenge katon serik dene ana cah anyar, cah ndesa sisan kang duwe kabisan kaya dheweke. Iswati ndhelokake Swandari kanthi rupa kang ora nyenengake. Janggute ditarik munggah, lambene merot sithik kaya ora rena yen bocah-bocah kuwi pada sumuyut karo Swandari. “Oh, dadi iki ta bocah ndesa kang jarene polahe kaya bantheng ketaton, tur ngedhap-edhapi solah bawane. Gene ki ya ming bocah ora mingsra, cuilik, mlenis. Lha kok lagake kaya bisa ngelun jagad.” kandhane Iswati sengak. Swandari mung nglirik. Dheweke ora ngrewes omongane Iswati. Ngerti ora digagas, Iswati saya ngambra-ambra omongane. “Aku ora ngira yen prejurit Kenya kuwi saiki isine anake wong gemblung kang ora cetha asal-usule.” Krungu yen bapakne digawa-gawa atine Swandari ora trima, tanpa nganggo taliwara. Swandari nubruk Iswati nganti tiba banjur awake Iswati dipithing sak enggo ora bisa obah. Iswati jerit-jerit nanging ora dipaelu. “Ayo njaluk ngapura. Kowe kena nguneke aku apa wae, nanging yen kowe nggepok senggol wong atuwaku, tak pestheke kowe bali tanpa ilatmu sing landhep kuwi.” Swandari wangsulan karo nesu. “Ora sudi. Bocah ora urus. Kowe kang bakal dipidhana abot merga wani karo priyayi kaya aku.” Iswati mbengok nesu nanging ora bisa uwal. Swandari nguntir tangane Iswati luwih kenceng sak enggo Iswati saya kelaran. Ora nyana, jebul bocah cuilik kuwi rosa banget tenagane.
Krungu panjerite bocah, Nyai Welasa kang kejibah nggulang bocah-bocah kuwi mau banjur mlayoni lan weruh Iswati lagi dipithing Swandari. Kanthi cukat trengginas, bangkekane Swandari dicekel, bocah mau banjur dikipatake . Swandari banjur salto ping pindo supaya awake ora kebanting. Kanca-kancane ndhomblong weruh yen Swandari ora tiba nadyan dikipatake kaya ngono. Iswati uwal saka Swandari lan ethok-ethok nangis, lapur yen diprewasa dening Swandari. Nyai Welasa mendelik mandeng Swandari. Sing dipendeliki sajake ora wedi malah bales mandeng. Nyai Welasa muring lan tangane kemlawe arep ngeplak Swandari nanging katangkis kanthi karosan kang bisa dirasakake Nyai Welasa. “Bocah kurang ajar.Ayo njaluk ngapura karo ndoro ajeng Iswati. Ora patut kowe tumindak murang tata.”panggetake Nyai Welasa. Nanging Swandari ora gelem lan wangsulan menawa Iswati kang miwiti pancakara. Nyai Welasa banjur takon karo kanca-kancane Swandari liyane, nanging amarga wedi lan pekewuh karo Iswati, ora ana kang wani omong kedadeyan kang sak nyatane. “Kowe isih cilik uwis pinter goroh. Saiki kowe kudu diukum. Kowe kudu nimba banyu kanggo ngebaki jedhing ana cedhak pawon kana.” Nyai Welasa nudingi sumur lan prentah supaya Swandari ngangsu. Sing diprentah megegeg ora gelem. Merga mangkel Nyai Welasa nyeret tangane Swandari nanging dikipatake. Pungkasane Nyai Wealasa lan Swandari pada pancakara . Sak suwene iki durung ana murid sing bisa nandingi utawa ngalahake Nyai Welasa amarga Nyai Welasa kuwi mbiyen uga salah sijining prejurit Kenya saka Mediun lan ndherek bendarane putri nalika Kanjeng Ratu Retno Dumilah diboyong ana Mataram. Nyai Welasa duwe kabisan kang cukup mumpuni ananging mungsuh Swandari meksa rada keteter. Ya mung merga luwih pengalaman lan luwih tuwa, Nyai Welasa kasil meper kridhane Swandari. Bocah kuwi banjur dicandak lan dibanda neng uwit Tanjung sing gedhe mau. Ora ana kang wani lan bisa tetulung amarga kabeh sentana ana keputren pada ewuh lan wedi karo Nyai Welasa kang uga dadi abdi kang ketengen Kanjeng Ratu Retna Dumilah.
Sedina kuwi Swandari ora diculake saka uwit. Ora ana kang ngekeki panganan utawa wedhang sak enggo Swandari krasa ngorong lan ngelih banget. Iswati seneng lan ngiwi-iwi saka kadohan. Swandari mangkel banget nanging ora duwe daya maneh marga awake kaya kraket ana uwit kuwi.
Wengi kuwi Swandari uga ora bisa turu ana senthonge amarga ora diculake saka uwit. Dheweke nesu lan njola amarga rumangsa ora salah nanging tetep diukum. Swandari ora trima, dheweke njerit, mbengok sak dayane lan kekuatane. Wite dioyog-oyog nganti rompal pang-pange lan gogrok godhonge nanging mung sepi lan swara angin kang keprungu kupinge. Wengi kang saya peteng nyewiji karo aboting mripat lan kesele awak amarga dibanda kaya ngono. Swandari wis ora kuwat ngempet ngelih, ngelak, kesel lan ngantuk. Pungkasane kanthi awak kang lara kejiret tali, Swandari pasrah marang aboting mripate. Jerite uwis ra keprungu maneh sak liyane ambegane sing munggah medhun.
Embuh pirang jam anggone merem, nanging kekesing wengi bisa dirasakake kulite kang pating prinding. Swandari ndhredeg katisen, ana impene dheweke katon biyunge kang mesti mernahake kemule menawa dheweke njingkrung merga kademen. Nanging wengi iki kabeh mung dirasa kaya pangimpen. Alon-alon Swandari ngrasakake ana tangan alus kang ngelus bathuke. Awake uga krasa anget. Ujug-ujug irunge krasa gatel lan mripate kang abot kepeksa melek amarga wahing gebras-gebres. “Wah kowe masuk angina ta, ndhuk. Iki ana wedhang jahe panas karo sere, diombe alon-alon ora sah kesusu mundhak keselak mengko.”Swara alus kuwi mampir ana kupinge kang nggoleki sisa nyawane sing isih keri ngejak ngimpi. Swandari nampani cawan isi wedhang sere karo jahe kuwi. Rasane anget, pedes, legi seger merga ana gula arene. Sak wise kuwi dheweke banjur noleh ngematake swara alus kang nawani wedhang panas kuwi. Jebule Kanjeng ratu Retna Dumilah kang ngladeni. Swandari age-age medhun saka dipan banjur sujud ana sampeyane Kanjeng Ratu. Kanjeng ratu gemujeng karo mesem. “Uwis. Ora perlu kaya ngono. Saiki neng senthong kene mung ana kowe karo aku, Ndhuk. Dadi ora kok banjur nglalekake suba sita nanging ora perlu kaya adat saben menawa kaadhep sentana kabeh.” Kanjeng Ratu ngendhika alus. Swandari manthuk. “Aku weruh kabeh kedadeyan kang mbok alami awan mau tekane tengah wengi iki. Aku ngerti kowe ora kleru nanging uga durung pener. Sak enggo nalika emban Welasa ngukum kowe, aku meneng wae. Aku kepengin kowe ngerti menawa pawongan kuwi yen kaparingan keluwihan, ora kena gampang kebrongot. Apa wae kang ditindhakake mesti kudu dipikir tembe mburine. Aku ngerti apa kang diomongake Iswati kuwi pecak asiya-siya marang kowe lan wong atuwamu, ananging kowe kudu bisa ngempet kanepsonmu lan kudu bisa mapanake kapan lan ing wanci kepiye kowe entuk tumindak.” Kanjeng Ratu Retna Dumilah mbacutake pangadikane. “Inggih.”Swandari wangsulan lirih karo nyembah. “Saiki gurumu dudu mung Nyai Welasa, ananging aku kang bakal nggulang awakmu. Kowe kudu nyepakake jiwa lan ragamu amarga olah kanuragan mono dudu bab kang bisa kanggo dolanan. Saiki wancine parak isuk. Sak durunge tabuh isuk kang mretandhi mlebune wanci subuh, aku kepengin jedhing kang ana cedhak pawon keputren, uwis kebak lan kuwi dadi kuajibanmu saben isuk. Lan kowe bisa wiwit isuk iki. Nimba banyu, ngangkat banyu lan ngisi jedhing kuwi bakal dadi cara kanggo nguwatake otot lan balungmu, ndhuk. Sak wise kuwi, kowe ngadhep aku sak durunge wiwit gladhen maneh karo Nyai Welasa.” Kanjeng Ratu ngendika. Swarane alus nanging tumanjem ana ati. “Sendika” kandhane. Sak wise nyembah, Swandari mlayu nyabrang latar tumuju ana sumur lan mantep ngayahi kuwajibane.
Mula bukane pancen nyenengake, ananging sak banjure jebul ngebaki jedhing kang amba lan jero dudu gaweyan entheng. Kudu bola-bali luwih saka ping skeet nganti jedhinge kebak, kamangka adohe sumur karo jedhing udakara setengah ambane alun-alun, durung meneh ember kang kanggo ngangkut banyu uga gedhe-gedhe dadi abot. Ya ming lucune menawa sing ngakon ngangsu kuwi Nyai Welasa, ana rasa ora trima sak jroning atine Swandari ananging menawa kanjeng Ratu kang ndawuhi, ana rasa bombong kadya dene menawa Swandari dikongkon ibune dhewe. Swandari uga ora bisa nglakoni gaweyane kanthi ledha-ledhe amarga Kanjeng Ratu nemtokake wektune yaiku nganti sak durunge subuh. Kuwi ateges Swandari kudu cepet anggone ngiseni jedhing kuwi mau.
Sak wise rampung ngiseni jedhing Swandari banjur cepet-cepet adus lan mlayu bali ana ngarsane Kanjeng Ratu Retna Dumilah kang uwis ngrasuk busana keprajuritan. Ngagem clana cindhe sak dengkul lan jarite digawe sapit urang. Kerise disengkelite ana ngarep lan rambute diukel cepol ora kaya biasane digelung konde. “Kowe wis siyaga, Ndhuk?” Kanjeng Ratu ndangu abdi alite. “Sampun.”wangsulane karo isih rada menggeh-menggeh. “Kuwi neng ngarepmu ana cundrik ligan. Coba uncalna ana wit gedhang kang wis tak wenehi gambar, anggepen gambar-gambar kae sasaran cundrikmu. ” Kanjeng Ratu dawuh. Sing didawuhi mangkat karo mesem amarga gladhen kaya ngono wis biyasa katindakake ana ngomah. Dudu barang sing angel. Swandari nguncalake cundrike siji. Swarane mbengung lan crep, cundrike nancep ana wit gedhang nanging mleset saka sasaran kang dikarepake. Swandari kaget, geneya ora kaya biyasane. Isih penasaran, cundrik kang kapindho uga kauncalake nanging bali mleset meneh. Ana rasa linu lan njarem neng tangane sak enggo Swandari ora bisa nginceng kanthi pener apa kang kudune dadi sasarane cundrik. Kanjeng Ratu mesem “Wah, luput kabeh. Kenapa?”Kanjeng ratu bali ndangu abdi alite kuwi. “Tangan kula sakit, kalawau bibar ngangsu.” Ature Swandari lirih. “Nek kowe dadi prejurit banjur tanganmu tatu kamangka kowe kudu njaga nyawamu utawa bendaramu, apa kira-kira cundrikmu sing luput kae bisa nulung nyawamu? Ora. Lara ora bisa kanggo alesan pawongan nglirwakake kuajibane, lara ora bisa dadi alesan kowe luput njagani ajining dirimu amarga kowe prejurit Kenya, prejurit estri sing kudu ngrungkepi negaramu.” Ngendhikane kanjeng Ratu. Swandari tumungkul, jebul apa kang dadi sangune seka ngomah ora cukup yen kudu ngleksanani tugase Negara. Sak kala dheweke kelingan bapakne kang uga terus nggladhi kabisane supaya ora asor ing jurit.
Kanjeng Ratu banjur ngampil glathi lan natoni astane piyambak. Swandari kaget lan cepet-cepet mlayoni kanjeng Ratu nanging Kanjeng ratu nyegah kanthi ngunggahke drijine. Banjur Kanjeng ratu mundhut papat cundrik ligan kang diselipake ana antaraning dirijine kang wis ditatoni mau. Cundrik diuncalke lan papat-papate ngenani gambar-gambar mau. Banjur Kanjeng Ratu lagi nambani tatune. “Kuwi kang ateges ora mingkuh. Apa wae kang dadi kahanane awake dhewe yen kudu nglakoni apa sing wajib, ora kena selak, ora kena gawe alesan lan ora kena tambuh. Kabeh lara kudu disingkirake lan kabeh rasa kang dadi pepalang apa kang dadi gegayuhanmu kudu diilangake utawa ora dirasakake. Kuwi uga kang sinebut ngener ing bebener.” Kanjeng Ratu mbacutake anggone nggulang Swandari. Swandari tumungkul.
Saiki Swandari nyoba ngenam-nam kabeh kang di wedharake gusti ratu bendarane. Saben ukara ora mung kang keprungu wae ananging ana piwulang kang kudu bisa dimangerteni. Swandari pancen isih bocah lan mesti wae pikirane durung tekan, ananging Kanjeng Ratu Retna Dumilah kepengin mulang marang bocah wadhon kuwi menawa ukara ora mingkuh kuwi jero banget pangertene lan kanthi tambahing umur, bocah kuwi mesti bisa nampa apa kang kakersakake dening Kanjeng Ratu Retna Dumilah. Ora mingkuh kuwi bisa ateges menawa wong uwis ngener apa kang kaanggep bener, uwis ora perlu maelu apa-apa kang bisa nyimpangake dheweke saka gegayuhan lan kekarepane. Kuwi uga kang diwulangake karo putrane Raden Mas Jatmika.
Kanggone Kanjeng Ratu, nggulang sok sapa wae ngenani apa kang dadi kapercayane wong Jawa kuwi bakal nguwatake kahananing praja lan Negara. Ora mung mligi trah priyayi ananging uga kawula alit amarga kuwi ngunggahake piyandele marang kapercayan diri pribadi lan ora gampang gumantung ing wong liya utawa kahanan. Kanjeng Ratu Retna Dumilah uga ora keguh dening gelaring drajat, pangkat, semat. Mula nalika Pangeran Purbaya nyuwun lilahe kanggo mondhokake putrane Raden mas Jatmiko ana padepokane Ki Ageng Gribig, Kanjeng Ratu uga lila legawa dene gegayuhane mbesuke, ilmu kang diwulangake Ki Ageng Gribig bisa nuntun putrane kuwi dadi pawongan kang migunani tumrap bangsa lan negarane. Ora preduli menawa ana padepokan raden mas Jatmiko kudu urip kaya dene kawula alit umume lan nyandang kang uga prasaja. Semono uga nalika mulang Swandari kang sanyatane pancen asal-usule saka kawula alit, kanjeng Ratu uga ora banjur tida-tida nanging kanthi tulusing ati karengkuh kaya putrane dhewe.
Menawa dirasakake mesti wae lara lan perih kudu pepisahan karo keng putra kang banget ditresnani ananging amarga kanjeng Ratu uwis mantep ngrungkepi negarane, kabeh kuwi dilakoni tanpa rasa getun utawa susah ananging kaanggep prihatine ibu kanggo putrane, lan dongane kawula marang Gustine moga apa kang dikorbanake mbesuke bisa migunani kanggone kawula-kawula sak Negara. Menawa Kanjeng Ratu mingkuh lan mirengake apa kang digrenak pawongan amben ndinane, wis mesti kanjeng Ratu bakal kelangan ener marang bebener lan tumindak kang nerjang paugeraning urip utawa gesang.
TTTTTTTTTTTTT
Praba mecucu nalika Nyai Welasa mrentahake kabeh cantrike supaya mlayu ngubengi keben. Karepe mono ora perlu nganggo mlayu-mlayu amarga dheweke lagi wae ditukokake klambi anyar karo kanjeng ramane lan wedi yen klambi kuwi dadi reged. Durung meneh Praba wis wiwit ketularan kesenengane Iswati dandan kaya putri-putri liyane lan wiwit seneng pupur manca kang ditekake saka China lan wong-wong landa[3] utamane sing teka saka Perancis lan Portugis. Jare nek wis nganggo pupur kuwi banjur rupane malih ayu lan kulite dadi padhang, ananging ora entuk kakehan dede ben raine ora kebrongot srengenge. Tumindak kuwi mesti wae mangkelake kanca-kancane, amarga menawa Nyai Welasa nesu banjur kabeh pada kena. Kamangka Nyai Welasa menawa ngukum sok mban cinde mban ciladan. Ora tau nglimbang sapa bener lan sapa kang luput. Sing luwih mangkelake menawa sing luput Praba sak kancane kang isih kambon trahing kusuma ukumane mung nglakoni bab-bab kang enteng kaya miru jarit utawa nggulung stagen ananging menawa Swandari lan kanca-kanca liyane kang kaanggep kawula biyasa ukumane luwih abot kayata ngangsu ngiseni jedhing, nyapu latar keben, ngresiki kolah utawa ngresiki pendapa. Bab kuwi mesti wae sok marai kemerene Swandari sak kancane utamane Rukmi lan Ulupi.
Kaya awan iki, merga polahe Praba kang ora nyenengake Swandari sak kanca katut kena pulute kudu nyaponi latar keben kang amba. Kanggone Swandari bab kuwi ora ndadekake atine mangkel amarga dheweke ora tau lali apa kang dadi ngendikane Kanjeng ratu dene kabeh gaweyan saka kang paling gampang utawa paling abot bisa kanggo sarana nguwatake raga lan nggladhi kesabaraning ati. Ananging atine rumangsa goreh nalika krungu kanca-kancane kang pada sambat marang tumindake Nyai Welasa kang kurang adil. Panyambat kang naru napung iku marai Swandari banjur golek cara kanggo ngelingake Nyai Welasa.
Swandari ngerti saben malem Jemuah Nyai Welasa mesti ndedonga ana mbelik cedak wit asem gedhe sak mburi beteng Kraton. Panggonane pancen rada suker lan angker merga akeh wit-witan lan grumbul. Swandari sak kancane pada rukunan arep nggodha Nyai Welasa. Dasar bocah-bocah desa kang mbeling dadi ya ana wae kang bisa dilakoni. Ulupi kancane Swandari kuwi anakke srati[4], nanging Ulupi duwe kepinteran yaiku bisa dadi pawang samubarang kewan utamane kethek. Sak durunge dingengerake ana kraton, Ulupi duwe ingon-ingon arupa kethek buntut dhawa. Kethek kuwi lulut banget marang Ulupi, ananging sak wise ngenger ana Kraton Ulupi ora bisa ngingu kethek kuwi meneh. Kethek kuwi banjur diculake lan manggon ana alas sak njaban beteng ya cedhak mbelik kang gawene dienggo nenepi Nyai Welasa. Saben sore menawa pas ora ana gaweyan, Ulupi lan Swandari sok dolan karo nggawa pangan sisa kanggo ketheke Ulupi. Kethek kuwi kaya ngerti yen bendharane nggawakake pangan, sak enggo menawa Ulupi singsot kethek kuwi banjur teka lan ora mung dhewe nanging sak kancane. Bab kuwi kang arep dienggo Swandari, Ulupi lan Rukmi nggodha Nyai Welasa.
Malem jemuah kira-kira tabuh pitu, Nyai Welasa uwis nyepakake uba rampe kanggo nenepi. Angkahe yen wis ndedonga banjur arep reresik kanthi adus ana mbelik kuwi mau. Kabeh sajen, menyan lan lenga wangi uwis dicawisake, uga klambi kanggo saline. Nyai Welasa percaya yen adus ana mbelik kuwi bakal awet enom tur bisa tetep ayu kaya adate mboka umure wis ngancik meh patang puluh taunan.
Nyai Welasa banjur mangkat. Sak wise njaluk idhin prejurit jaga kang mbukakake kori beteng kang kagawe saka wesi, Nyai Welasa langsung tumuju ana wit asem gedhe kuwi. Swandari sak kancane nguwasake saka sak ndhuwuring beteng kanthi sesidheman, dene Rukmi api-api ngekeki wedhang jahe anget kanggo para prejurit kang jaga kori lan ngejak ngobrol ngalor-ngidul supaya ora ngerti yen Swandari lan Ulupi lagi pada penekan ana tembok Beteng nguwasake Nyai Welasa.
Kira-kira tabuh sewelas Nyai Welasa cucul lan wiwit adus ana mbelik kuwi. Kahanane sepi lan ora ana wong-wing. Kuwi sing diangkah supaya menawa lagi adus ora diinjen wong, dasare panggonane uga rungkut. Nalika Nyai Welasa wiwit adus, Ulupi banjur singsot nirokake swaraning manuk kaya adat saben dheweke ngundang ketheke. Ora let suwe, kethek-kethek sak kancane kuwi pada teka. Merga ora nemu Ulupi, kethek-kethek mau pada ngruyuk Nyai Welasa, apameneh Nyai Welasa nalika kuwi nggawa sajen arupa who-wohan lan jajan pasar. Nyai Welasa kaget, ananging merga dheweke tilas salah sijining prejurit Kenya, kethek-kethek kang ngruyuk kuwi kasil disingkirake. Nyai Welasa ngatonake keprigelane tarung, kethek-kethek kuwi disampluk, ditendang, dibanting. Kethek-kethek kuwi pada kelaran banjur pada mlayu. Ananging emane, sajen sak klambine Nyai Welasa katut digawa mlayu. Nyai Welasa muring nanging ora wani ngoyak kethek-kethek mau awit dheweke saiki blas ora ketutupan pinjung utawa jarit lan sasat tanpa awer-awer. Nyai Welasa sumelang yen mengko ana wong liwat lan weruh kahanane sing kaya mengkono.
Swandari lan Ulupi pada mesem weruh kahanan kuwi, banjur alon-alon medhun saka Beteng. Swandari, Ulupi bali ana senthonge. Rukmi kang wis nunggu kawit tabuh sanga uwis deg-degan, wedi yen kanca-kancane pada konangan, nanging sak wise weruh menawa kanca-kancane pada bali slamet ana senthonge dhewe-dhewe, Rukmi rumangsa lega.
Isuke nganti meh tabuh wolu Nyai Welasa durung ketok ana papan pawiyatan. Praba wis katon nesu merga Nyai Welasa telat anggone teka. Swandari sak kancane ethok-ethok melu bingung merga Nyai Welasa ora mulang kaya biyasane. Nyai Wreksa uga katon bingung lan banjur ngongkon Swandari sak kancane nggoleki Nyai Welasa. Swandari lan Ulupi banjur thok-ethok nggoleki karo ngempet ngguyu. Sak wise nggoleki mubeng ana keputren ora ana, Swandari lan Ulupi idhin marang Nyai Wreksa nggoleki ana sak njaban beteng pinggir jagang mburi. Nyai Wreksa nyarujuki. Swandari lan Ulupi banjur mlayu tumuju Kori beteng. Penjagane uwis ganti dudu sing sewengi jaga dadi ora ngerti yen Nyai Welasa kawit sewengi metu beteng durung bali meneh. Swandari lan Ulupi banjur idhin marang prejurit kang jaga arep nggoleki Nyai Welasa. Prejurit kuwi mau sak jane arep ora ngentukake nanging nalika entuk sanepa saka Nyai Wreksa, kori gedhe kuwi banjur dibukak.
Swandari lan Ulupi seneng banget merga rancangane sewengi kasil. Nanging Swandari lan Ulupi ora nemokake Nyai Welasa ana pinggir belik. Ulupi ethok-ethok ngundang kanthi swara sora. Swandari ethok-ethok mbiyaki grumbul, suket gajah lan alang-alang sing dhuwur-dhuwur. Ujug-ujug keprungu swara “Ssssttt…..sssttt….ssssst.” Swandari kaget amarga dikirane ula. Mbasan mengo katon sirahe Nyai Welasa inguk-inguk saka sak waliking uwit Asem gedhe. Swandari ethok-ethok ndhomblong. Nyai Welasa mendhelik lan ngawe supaya Swandari lan Ulupi nyedhak. “Mrene!” Swarane lirih supaya ora keprungu wong liya. Swandari lan Ulupi nyedhak. “Jarikmu uculana. Lan uncalna mrene.” Kandhane Nyai Welasa alon. Swandari ethok-ethok nambong “Lha mangke menawi jarit kula dipun copot, kula mawi menapa? Lingsem ta Nyai. Mosok wudha?” Nyai Welasa mendhelik, raine kang putih dadi abang mangar-mangar. “Ngaten kemawon, kersanipun Ulupi ingkang mendhetaken ageman penjenengan. Mangke kula ingkang tengga mriki lan nutupi menawi wonten tiyang ingkang mlampah medal mriki.” Swandari wangsulan karo ngempet esem. Nyai Welasa mbesengut nanging ora kuwawa tumindak apa-apa dadi mung bisa manthuk. Swandari ngedhepake mripate marang Ulupi. Ulupi banjur mlayu nggeblas bali ana njero beteng.
Sakwise kedadeyan kuwi Nyai Welasa ora wani nenepi ana mbelik meneh. Saben malem jemuah, Nyai Welasa mung wani adus lan sesuci ana sendang putri[5] kang ana sisih kidul kraton. Ananging watak lan tumindake Nyai Welasa durung owah, isih tetep pecak asiya-siya marang para cantrike utamane kang saka kawula alit. Kuwi gawe mangkele Swandari kang banjur ada-ada giri godha Nyai Welasa meneh. Dheweke mbujuk Ulupi supaya gelem ngewangi kaya sak durunge. Ulupi saguh.
Wengi candhake Swandari sak kancane uwis ndhingkik Nyai Welasa kang lagi nyepakake sajen kaya adat saben menawa arep wiwit ndhedonga. Nalika Nyai Welasa lagi mungkur arep njikuk menyan lan anglo cilik kanggo kutuk, Swandari sak kancane njikuki who-wohan lan jajan pasar kang wis dicawisake. Sak bar kuwi Swandari banjur ndokok patung wujud kethek ana sak dhuwur tampah wadah woh-wohan mau. Patung kuwi ditemu Swandari nalika lagi resik-resik ana mburi cepuri. Swandari banjur ngolesi lambe patung kethek kuwi mau nganggo woh pisang lan ninggal cuwilane ana ngarepe. Sak bar kuwi bocah-bocah kuwi pada mlayu ana senthonge dhewe-dhewe.
Swandari weling karo kanca-kancane menawa who-wohan mau ora kena dipangan ananging kudu diguwang ana jagang utawa diwenehake kewan kang ana alas panggonane ketheke Ulupi. Kabeh sarujuk. Ora let suwe keprungu panjerite Nyai Welasa. Swandari sak kancane langsung munggah dipane dhewe-dhewe lan tutup kemul rapet ethok-ethok turu. Woh-wohan kang dijupuk saka sajen didhelikake ana kothak sak ngisor amben.
Kaya kang wus dikira dening Swandari, Nyai Welasa dudu wong kang gampang percaya gugon tuhon dadi mboka nggumun lan mangkel merga woh-wohane ilang Nyai Welasa tetep nyoba nggoleki sapa sejatine wong kang lagi nggawe berdondi lan nggawe dolonan dheweke. Nyai Welasa banjur tumuju ana senthonge para calon prejurit Kenya kang lagi diwulang kuwi. Saben senthong dibukaki lan diteliti menawa isih ana bocah kang klitih durung manggon ana peturone. Ananging kang ditemu, bocah-bocah kang wis pada turu nglempus. Nyai Welasa atine dadi ora penak lan semu gila amarga ngira yen aja-aja kang nyolong lan sandhangane ndhek emben kae siluman kethek, banjur saiki bali nggiri godha meneh. Nyai Welasa legeg, rasaning atine ora karuwan gene sing diarah entuk berkah malah ditemoni memedi sak bangsane Anoman. Nyai Welasa bali ana senthonge dhewe, lan kanthi ati mangkel cepak-cepak adus ana Sendang putri. Alon-alon Nyai Welasa medhun lan nyemplungake awake ana banyu kang adem. Rasane ayem lan tentrem nanging sak pandurat ana wewayangan sak dhuwuring tembok. Mripate abang mencereng. Sak nalika Nyai Welasa njenggirat lan ngadeg saka anggone kungkum, pada kagete mripat kuwi uga banjur mencolot ana sak dhuwuring beteng lan ilang ana ing rungkuting uwit. Nyai Welasa weruh kanthi cetha dene mripat kuwi, mripat kethek kang buntute dhawa. Tanpa nganggo basa-basi kaya adat saben menawa nenepi, Nyai Welasa banjur nganggo pinjunge lan cekat-ceket ngukuti uba rampene banjur ngendring bali ana senthonge.
Isuke Nyai Welasa katon ora duwe greget mulang sakenggo pakaryane digenteni Nyai Wreksa kang mulangake Sastra lan tembang marang bocah-bocah wadhon kuwi. Bocah-bocah kuwi siji-siji diajari lan dikon nirokake tembang dandhang gula. Kabeh kasil nirokake kanthi swara kang apik tur landhung. Nalika tekan Rukmi kang kudu nembang, Nyai Wreksa weruh menawa ilate Rukmi katon biru. Nyai Wreksa banjur takon karo Rukmi keneng apa ilate malih dadi biru. Rukmi ora wangsulan. Swandari lan Ulupi kaget, atine tab-taban lan kringete byuk-byukan. Sajake Rukmi ora maelu welinge Swandari supaya ora mangan woh-wohan kuwi. Rukmi mesti mangan woh duwet kang ana neng sajen wingenane. Krungu pambengoke Nyai Wreksa supaya Rukmi mangsuli pitakone, Nyai Welasa banjur cawe-cawe. “Kecekel saiki sapa kang maling ubarampe sajenku.” Kandhane Nyai Welasa karo nyekel cengele Rukmi. “Mbok kira aku bodho, sak engga ana patung kethek bisa memangan?” pitakone Nyai Welasa karo mendhelik. Rukmi keweden lan ngoplok nalika awake diangkat Nyai Welasa. “Dadi kowe ta demit cilik. Bocah sudra murang tata.” kandhane karo arep nggeblek bokonge Rukmi nanging Swandari banjur ngadeg. “Sanes Rukmi, nanging kula Nyai. Kula ingkang mendhet woh-wohan menika. Kula naming nyukani Rukmi duwet punika. Menawi penjenengan badhe ngukum, kula ingkang pantes nampi ukuman.” saute Swandari. “Kowe…” Nyai Welasa nudhingi Swandari. Sak nalika tali kang maune arep dienggo ngajari mbanda mungsuh, disabetake ana pupune Swandari. Mesti wae rasane pedes, panas kemranyas. Nanging kabeh ora digawe rasa. Ulupi kang nggeget lambene kaya-kaya tali kuwi ngenani sikile dhewe. Ora lega ming nyabet sepisan Nyai Welasa banjur nyabet meneh pupune Swandari. Sabetane luwih banter timbang kang sepisanan sakenggo jarite Swandari lan kulit pupu ana ngisore suwek. Getihe netes sak nalika. Nanging Swandari tetep ngadheg panggah lumuh utawa njaluk ngapura, kamangka Rukmi uwis nangis ngguguk. Ana udakara lima las pecutan kang ditampa Swandari tanpa suwala, kulite kang putih resik malih dadi biru lan suwek ngemu getih. Nanging bocah kuwi tetep ora mingsret saka anggone ngadheg, ora uga tiba utawa mbengok kelaran. Nalika arep bali nyabet lan mecuti meneh, Nyai Welasa diendhegake karo Nyai Wreksa. Nyai Welasa digeret ngadohi bocah kuwi. Nyai Welasa banjur sumingkir saka kono nanging pandhengane Swandari marang dheweke ora bakal bisa dilalekake.
Swandari banjur dirangkul Ulupi kanthi eluh kang ndrojos kaya grojogan. Tatune dielus alon. Nalika Rukmi nyoba ngrampek-ngrampek, Ulupi njrokake Rukmi nganti tiba. “Kowe bocah kang ora ngerti males budi. Swandari kaya ngene ya merga mbelani kowe. Lha kenapa saiki kowe malah mangan duwet kang marai awake dhewe konangan anggone gawe Nyai Welasa rekasa.” Kandhane Ulupi sora. “Lha aku ora njarak kok, pi. Tenan. Wengi kae nalika Nyai Welasa njerit, saking wedine yen konangan nyimpen duwet karo mundhu kae wohe langsung tak emplok. Aku lali yen duwet kuwi mesti ninggal tilas ana ilat.” Wangsulane Rukmi melas. Swandari gedheg alon “Ora papa. Aku wis ngerti menawa kedadeyane bakal kaya ngene. Merga aku kang ngrancang kabeh lelakon iki, ya wis adil menawa aku kang nampa ukuman.” Kandhane Swandari karo mringis ngempet lara. “Kuwi mesti lara banget ya, Ri?”pitakone Ulupi. Swandari mesem karo manthuk. “Ora papa, mengko yen awake dhewe wis dadi prajurit Kenya tenan, tatu kaya ngene ora sepiraa.” Wangsulane Swandari. Ulupi ngrangkul kanca rakete kuwi karo nangis. Den ajeng Rukti kang weruh kahanane Swandari rumangsa mesakake. Mboka wis dijiyat-jiyat Praba supaya ora maelu Swandari kang dianggep seneng gawe gendra, nanging Rukti tetep kepengin tetulung marang Swandari. Kanggone Rukti, Swandari beda. Ora kaya putra-putra bupati nayaka kang rata-rata ora duwe rasa welas marang sak pada-pada, kamangka yen dipikir Swandari kuwi mung cah ndesa ananging tulus bebudene lan gelem nglabuhi kancane. Rukti banjur mlayu nyedhaki Swandari. “Ndari.” Pangundhange alus. “Inggih, den ajeng.”Swandari mangsuli. “Iki aku duwe obat saka China. Aku diparingi karo rama sak mangsa aku tiba utawa tatu obat iki bisa digunakake. Pancen rada perih nalika diolesake, ning tatune cepet garing lan bithu-bithune iki bisa cepet ilang.” Rukti omong karo ngulungake obat kang wujud kaya salep kuwi. “Matur nuwun, den ajeng.”kandhane Swandari karo nampani salep kuwi. Payawange Rukti katon adem kanggone Swandari, ora kaya Praba, Iswati sak kancane.
Kabeh kedadeyan kuwi ora luput saka ngarsane kanjeng Ratu Retna Dumilah kang mung mesem saka kadohan. Penjenengane rena banget dene pilihane Kanjeng Pangeran Purbaya ora kleru lan apa kang digadhang tumraping bocah kuwi bakal kelakon. Nanging Kanjeng Ratu kuciwa dene kabeh emban kapercayane ora bisa nyekel lan mulang laskar estri kang dientha-entha bakal dadi tamenge ratu lan Negara. Kanjeng Ratu banjur menggalih menawa bocah kaya Swandari kang duwe watak atos kaya dene dirining pribdahi mesti kudu entuk guru kang uga duwe kabisan linuwih. Tumindake jinurung saka ing merdikaning pikir, uga saka tulusing batin ngelingake Kanjeng Ratu marang kabeh watak wantune dhewe, sak enggo Swandari bakal tuwuh dadi wanita lantip lan duwe gagasan kanggo majokake kaume kanggo mbelani lan ngrungkepi negarane. Kasetyane marang pikiran sing bener, ora keguh dening drajat, pangkat lan semat bisa dadi modal kanggo tegaking saka guruning negari kang nama Mataram. Kuwi uga kang dadi sanepane tembung wanita yaiku wani nata. Wani nata dirine pribadi, nata turune mbesuk lan nata kawula negarane.
Kanjeng ratu banjur emut menawa ing tanah Jawa, wanita-wanita kuwi ora mung dadi kanca wingking nanging bisa madheg senapatining Negara lan uga ratuning negari. Ana babad pewayangan ana Srikandhi kang dadi conto senopatining Negara, ana ing serat lan kitab-kitab kuno kang nate diwaos utawa saka critane para sepuh ana Ratu aran putri Shima kang kanthi adil bisa nata lan nggedhekake negarane kang aran Kalingga. Kanjeng Ratu banjur ngenam-nam pikir dene wanita uga kudu bisa nyepakake turun kang mumpuni lan migunani kanggo bangsane, mula kuwi pawiyatan kanggone para wanita kuwi dudu bab kang bisa disepelekake.
Angin sore semilir ngenani pang-pang garing kang uwis pirang-pirang sasi ora ketiban udan. Lemah kang pera, bengkah kadya rumekah nunggu tibaning wiji saka kembang lan wit-witan. Swandari wus lali anggone ngetung dina lan jam, pasrah marang ilining wektu. Mung bisa ngronce pangimpen lan pepinginan kanggo nglipur swaraning suksma kang ngelak tresnane biyung lan bapa. Embuh ing wanci apa bakal ketemu, embuh ing sasi apa duhkitane bakal ana obate.
BAB II
JARAN WADHON
Sak durunge raden mas Jatmika diakoni dadi putra dalem pangeran adipati anom, diadhani pesta gedhen ana Kraton . Maneka warna tanggapan diundang ana ing Kuthagara, saka wayang kulit, ledhek, tukang sulap tekane pasar malem kabeh dianakake. Ana uga sayembara kang nuduhake kaprawirane para prejurit, saka adu kasekten, rampogan macan, rampogan banteng lan watangan. Kabeh kuwi disengkuyung karo pra mudha lan prejurit-prejurit kraton. Semono uga Sunggono, Maruto sak kancane. Sunggono kadhapuk makili bergadane Sembego kanggo watangan. Suroso melu rampogan macan. Marwono milih melu adu panahan lan Maruto melu rampogan Banteng. Sembego dhewe wus katetepake adu kasekten karo lurah prejurit saka bregada liyane.
Menawa Kuthagara duwe gawe kaya ngene, kuwi ateges para prejurit duwe panggung kanggo ngatonake kabisan lan keprigelane bab ulah keprajuritan utawa ulah kasekten. Alun-alun Kuthagara kang ora patiya gedhe wiwit diwenehi wates saka pring-pring. Pagelaran kang dhuwur uga dibangun kanggo Kanjeng Panembahan Senapati lan sentana dalem mriksani rampogan macan, utawa rampogan banteng. Kahanane rame banget. Akeh para bakul saka seje kutha lan Negara pada teka nawakake dagangane. Saka theklek tekan gelang, ali-ali, suweng lan sak piturute. Saka cundrik tekan bedil gaweyan portugis. Wong dodol panganan lan pengomben uga maneka werna, kipa, wajik, ketan, cothot, dawet, legen sak kancane. Dadi ya pancen rame tenan sakliyane keremyan kang uwis mlaku adat sabene.
Kanggo para garwa kang duwe prejurit lan sentana dhewe-dhewe kanjeng Penembahan uga kagungan sayembara lan bakal diganjar bebungah. Nalika kuwi Swandari uwis ngunduri gedhe, udakara umur rolas tahunan. Awake wus wiwit mbentuk kaya dene wanita kang wus diwasa dasare bongsor sisan. Rupane ayu lan nengsemake, ananging pandhenagane galak lan lageyane branyak kaya Srikandhi. Swandari uga katut kedhapuk ana ing sayembara kuwi nanging durung ngerti apa kang bakal diadu. Saka keputren wetan sajake sing kedhapuk Iswati, dadi Swandari ora patiya bingung amarga yen kudu adu keprejuritan dheweke mesti unggul.
Sayembara wiwit diadhani, nalika Kanjeng Panembahan lan para putri miyos kabeh kawula pada surak lan paring sembah marang ratu gustine. Sendyanta uwis sepuh, nanging Panembahan Senapati durung kelangan kawibawan lan kapideksane sak engga uwong-uwong ngerti menawa ratu gustine pancen priyayi kang pinilih. Pangeran Purbaya makili kanjeng Panembahan mbukak Sayembara kanthi ngatonake kaprigelane nguncalake tumbak. Saka Panggung kang wus dibangun, Kanjeng Pangeran nguncalake tumbake ngarah woh sawo kang digandhulake udakara150 meter adohe. Lan tumbak kuwi persis temancep ana tengah woh sawo kuwi tanpa ngremukake sawone. Para kawula surak sora lan pada keplok. Pangeran Purbaya banjur ngadhepake keng ramane lan asung pakurmatan. Sak wise kuwi Kanjeng Pangeran jengkar.
Kanggo pambuka diadhani adu Sima-Maesa (bantheng). Macan kumbang gedhe diculake ana tengah-tengah alun-alun. Loro-lorone pada didu lan katone rame banget. Macane ora mung sora panggerone ananging uga galak lageyane. Maesa utawa banthenge duwe pawakan kang ping pindho luwih gedhe tinimbang macane, sajake tenagane uga luwih rosa. Makaping-kaping macan kuwi nubruk lan nancepake kukune ana gegere bantheng kuwi mau ananging kasil dikipatake, malah macane sok kesuduk sungune bantheng. Ora let suwe macane katon kesel lan kentekan getih pungkasane banthenge menang lan macane mati. Suraking kawula mbata rubuh nalika weruh macan kuwi mati. Ananging kuwi dudu pungkasaning adi cara. Para prejurit magang pada mlebu nggawa tumbak. Banteng mau banjur digropyok rame-rame. Wong kang kasil nuncepake tumbak ana jantunge bantheng lan marai banteng kuwi mati bakal entuk bebungah arupa duwit emas sak bondhot saka Kanjeng Penembahan. Swandari kang ndhelok kabeh tontonan iku ketok anteng. Sajake Swandari nyinau piye anggone macan lan bantheng iku tarung sak engga bisa kanggo gegambaran menawa dheweke nggladhi anggone ulah keprajuritan.
Adi cara dibacutake rampogan macan. Macan loreng sengaja ditekake saka alas Ketonggo,[6] gedhene sak pedhet lan swarane panggerone ngedhap-edhapi. Para kawula kang nonton ana sak pinggir pager mundur, sajake wedi yen kegawel. Sawetara kuwi sadengah magang prejurit pada tata ana sak pinggiring alun-alun kanthi sikep tumbak. Krangkeng kang isi macan kabukak, lan macane metu kanthi rupa kang sangar. Siunge gedhi-gedhi, landhep kaya peso. Para prejurit uwis nyiagakake tumbake, samangsa-mangsa macan kuwi nubruk.
Suroso maju kekanthen tumbak saka kayu Walikukun[7] lan tameng. Suroso duwe kuwajiban kanggu ngumpan macan supaya nyedhaki para prejurit kang nggawa tumbak. Macan kang pancen wis luwe kuwi ora nunggu wektu langsung nubruk Suroso. Suroso mencolot ngendhani. Macane katon mangkel, dene pangane bisa endha. Nalika nubruk sing kepindho Suroso sengaja ora ngendhani nanging macan ditampani nganggo tamenge, saking kuwate kuku macan kuwi kasil nyuwek tamenge Suroso. Kabeh uwong ngampet ambegan, semono uga Swandari nalika ngerti menawa kang maju kuwi Suroso andahane bapakne. Tangane nggeget kenceng pring ngarepe. Jantunge kaya dikebur. Nganggo tumbake Suroso nyabet bokonge macan kuwi karo nyurung awake macan saka tamenge. Pangerone macan saya sora marga tatu bokonge. Macan banjur ngamuk, para prejurit kang wus sikep tumbak pada nyudhuki macan menawa nyedhak. Macan saya ngamuk lan nubruki sok sapa wae kang ana cedhake.
Suroso dadi luwih waspada amarga macan kang tatu kuwi mesti luwih galak saka maune. Wola-wali macan nubruk Suroso kang kasil ngendhani utawa nampani nganggo tameng. Tarunge saya rame nganti tamenge Suroso pecah. Saiki Suroso uwis ora duwe tameng sak enggo kudu adhep-adhepan langsung. Ananging macan ketoke uwis wiwit kentekan tenagane. Macan banjur nubruk Suroso kang ora ngendhani nanging nggulung awake persis sak ngisore weteng macan, sak enggeo macan ora kasil nyokot cengele malah tumbake Suroso nancep ana jantunge macan tembus tekan gegere. Macan nggero sora banjur semampir ana gegere Suroso. Kabeh pada ngunjal ambegan merga sumelang menawa Suroso kegawel lan mati. Jebul alon-alon Suroso ngadheg karo ngangkat awak macan kang wus ora bisa obah kuwi. Sak nalika kabeh para kawula lan sentana surak lan keplok. Para prejurit banjur rame-rame nuncepake tumbake ana awake macan kanggo mesthekake menawa macan kuwi mau wus tekaning pati.
Suroso marak ana pagelarane Kanjeng Panembahan lan kaganjar duwit emas kang diwadahi bondhotan saka bludru lan diuncalake. Suroso nyembah banjur mundhur. Swandari katon lega dene andahane bapakne kuwi ora tatu utawa lara marga tarung karo macan kuwi mau. Adi cara bacute watangan yaiku prejurit penumbak kang nunggang jaran lan nggawa tumbak sing ora dilancipi kudu bisa nibakake penumbak liyane saka jarane. Ana udakara rong puluh wong kang melu ana adi cara iki. Kang paling akeh bisa nelukake penumbak liya, kuwi kang menang.
Sunggono uga andahane bapakne Swandari saiki kang wus bisa kasil nelukake meh nem belas prejurit liyane. Mung kari papat kang katone isih pada rosa lan prigel anggone nunggang jaran sak enggo uga ora bisa ditibakake prejurit liyane. Papat-papate kayane saka bregada prejurit keputren wetan. Sunggono ngunjal ambegan dhawa. Dheweke banjur nepakake tumbake, nyengklak jarane. Nalika genderane didhukake. Sunggono banjur njejak bangkekane jarane supaya mlayu banter lan mrenahake tumbake ngener dadhane mungsuhe kang uga nunggang jaran saka arah sewalike. Tubrukan ora bisa kaendhani maneh, Sunggono dhingkluk ngrangkul gulune jarane sakenggo panumbake mungsuhe ora kasil ngenani dadhane, ananging tumbake Sunggono kasil nyurung dadhane mungsuhe. Prejurit kuwi ora tiba malah tumbake Sunggono kang rantas kari separo. Sunggono kaget, semono uga Swandari. Iku mertandani dene prejurit mungsuhe Sunggono kuwi klebu prejurit linuwih. Kadigdayane kasil ngrantasake tumbake Sunggono. Sejatine perkara kaya ngono kuwi ora diidhinake ana adi cara watangan, amarga kang ditengenake ana adu watangan iki, mligi keprigelan ulah tumbak lan nunggang jaran dudu karosan utawa kadigdayan.
Sunggono saiki tumbake dadi luwih cendhak, sak enggo kudu luwih ngati-ati ngadhepi tumbake mungsuhe kang luwih dhawa. Gendera bali diudhunake, Sunggono bali njejak bokonge jarane lan jaran mlayu banter, nalika wis cedhak Sunggono banjur ngencosake lungguhe sakenggo awake nggobig mengiwa, tumbaking mungsuh luput ngliwati pundhake Sunggono, lan Sunggono kasil nylempitake tumbake ana pundhake mungsuhe. Kekuatane tumbak kang cendhak kuwi mau dadi luwih rosa ping papate tinimbang kang sepisanan mau, apameneh Sunggono uga banjur ngetog kanuragane. Prejurit kuwi mau limbung lan tiba ndhepani bumi. Sunggono mesem.
Sajake mungsuh kang lagi wae ditibakake iki rada krasa anggone lara, sak enggo kancane sing telu ora wani mbacutake tandhing lumawan Sunggono. Lurah kang ngadhani adu watang banjur netepake Sunggono menang. Kabeh bregadane lan kawula liyane padha surak. Iswati kang uga nonton ana kono sajak ora seneng merga jagone kalah lan tiba. Sunggono banjur kepareng marak kanggo nampa bebungah saka Kanjeng Panembahan. Sak wise nampani bebungah, Sunggono banjur bali ana bregadane ngliwati panggonane Swandari lingguh. Sunggono mesem karo ngedhepake salah sijining mripate marang Swandari. Swandari uga mesem. Atine Sunggono kaya lumer weruh eseme cah manis kuwi.
Adi cara kuwi terus diadhani nganti wengi, ananging Swandari sak kancane kudu bali ana keputren amarga isih kudu ngleksanani wajibe abdi dalem alit, sak enggo Swandari uga ora bisa ketemu lan weruh bapakne anggone tandhing karo lurah prejurit liyane. Swandari dhewe uga ish bakal tanding karo putri-putri keputren wetan sesok isuk sak enggo kudu nyepakake lan nyawisake apa kang diperlokake.
Isuk-isuk kabeh abdi alit saka rong keputren wus diklumpukake ana keben. Kanjeng Ratu Retna Dumilah lan Kanjeng Ratu Emas uga wus rawuh lan lenggah ana kursi ukir kang ditekakake saka Koromandel India. Kursi, meja lan kabeh perkakas kang agawe saka kayu kuwi pisungsun saka wong-wong Kalang kang gaweyane dagang karo wong-wong saka manca. Swandari gumun, geneya ana barang-barang kang isa diukir kaya mengkono apike lan diplithur gilap. Ora let suwe Kanjeng Panembahan rawuh lan kabagekake garwa-garwane. Kanjeng Panembahan katon remen gene garwa-garwane ketok rukun. Kanjeng Panembahan banjur dhawuh supaya para garwa nganakake adu kepinteran lan keprigelan ing antarane abdi dalem alit supaya ngerti sepira asile anggone pada sinau. Sapa kang bisa ngatonake keprigelane luwih saka kanca-kancane bakal entuk bebana, arupa barang-barang sutra lan mas picis raja brana kang ditekakake saka China lan India. Lan uga turangga putih saka alas Ketangga, ananging turangga mau isih galak merga dijikuk saka alas lan dudu jaran open.
Iswati adreng banget krungu rancangan kuwi, apameneh nalika weruh wujude jaran kang putih mulus ulese. Rambute uga putih lan dhawa. Iswati ngangkah menawa dheweke kang bisa nunggangi mesti bakal ngatonake kawibawan, drajat lan kaurmatane sakenggo Iswati bakal luwih moncer tinimbang saiki. Apamaneh turangga utawa jaran kuwi dudu sembarang jaran nanging paringan ndalem Kanjeng Panembahan. Swandari duwe penemu kang beda karo Iswati nalika weruh Sikatan, ngono Kanjeng Panembahan paring jeneng marang jaran putih kuwi. Swandari banjur kelingan marang jarane dhewe sing ana ngomah aran Argo, pancen putihe ora memplak kaya Sikatan, ananging solah bawane, lageyane ora adoh karo Sikatan. Rasa kangen kuwi ujug-ujug nandhes lank rasa perih ana jroning atine Swandari. Embuh saiki kepiye nasibe Argo kang wus ditinggalake pirang-pirang taun. Apa ya isih kaya gek nalika semana ditinggalake Swandari apa saiki wus malih dadi jaran tua kang loyo. Swandari ngunjal ambegan.
Pungkasane, adu kepinteran wiwiti diadhani. Ana adu tembang, beksan lan adu olah kaprajuritan. Ana ing bab tembang, keputren kulon bisa menang ing tandhing amarga Rukti lan Rukmi pancen duwe swara kang bening lan apik. Sak liyane kuwi Rukti lan Rukmi uga pinter menawa nggawe cengkok kang laras karo tembang iku. Swarane kang kung, nrenyuhake sok sapa wae sing ngrungokake. Seje karo Swandari, sendyanta swarane ora elek, ananging bab cengkok lan nglarasake tembang durung patiya pinter.
Sawetara kuwi keputren wetan unggul ing bab beksan amarga Iswati lan Tejawati putra-putra bupati nayaka pancen ora mung besus nalika dandan ananging uga luwes anggone beksa utawa njoget. Beda karo Swandari kang kau lan kaku awake, dasare cah pesisir kang arang digulang bab seni amarga pancen kahanan lan alame pesisir kuwi luwih mbutuhake karosan lan dudu endahing werna utawa rupa. Dadi ing bab beksan keputren kulon ora bisa menang mungsuh luwesing putra-putra keputren wetan.
Ananging ing bab ulah keprajuritan, keputren wetan lan keputren kulon pada-pada kekuwatane amarga keputren kulon duwe jago Swandari lan keputren wetan Iswati. Praba lan Tejawati. Rukti lan Gupita. Rukti mono pancen ora patiya pinter anggone ulah keprajuritan amarga alusing watake sak engga sasat ngidhak telek wae ora penyek. Dadi nalika katandhingake karo Gupita durung nganti patang langkah wae wus nggendring nangis merga tiba kebanting nalika bitutama. Beda karo Praba, senadyanta ora patiya prigel nanging nduweni watak kang tegelan uga kendhel sak enggo Tejawati rada kecipuhan anggone ngadhepi kridhane Praba. Ora nganggo suwe Praba uwis kasil ngalahake Tejawati. Bab iki mesti wae gawe mangkele Iswati amarga dheweke kudu unggul mungsuh Swandari menawa kepengin entuk bebungah kuwi mau.
Iswati banjur ngangkah arep nglakoni apa wae supaya bisa menang lumawan Swandari. Nalika lagi atrap siyaga, durung nganti diwenehi tanda Iswati ujug-ujug uwis ngangseg Swandari kanthi tendangan ing arah dadhane. Tujune Swandri waspada, sikile Iswati kacandhak lan kauntir sak enggo Iswati tiba krungkep. Surake kanca-kancane Swandari mbata rubuh. Iswati banjur katubruk. Bocah loro pada uleng-ulengan ananging tundhone Isawati dipithing lan ora bisa obah. Weruh kahanan kaya mengkono Nyai Raga kang mbotohi keputren wetan ora trima, alon-alon dheweke nijikuk sadak saka bangkekane. Mung kaya wong arep nginang Nyai Raga nggulung sadake lan digawe kaya bal cilik. Bal saka sadak kuwi alon-alon kaslenthikake ana ing cengele Swandari, ananging polahe Nyai Raga kuwi konangan dening Kanjeng Ratu Retna Dumilah kang uga alon-alon nggawe bal saka injet kang wus rada garing. Nalika sadak kaslenthikake, Kanjeng Ratu uga nylenthikake injete ngarah sadak kang lagi ngincim cengele Swandari. Cethas…swarane kaya jepretan plintheng nalika sadak ketemu injet kuwi mau. Sadak kuwi ora ngenani cengele Swandari nanging nyrempet pucuk kupinge. Rasane pedhes banget, kamangka setengah kekuwatane uwis ilang amarga ketabrak injet kang dislenthikake Kanjeng Ratu Retna Dumilah. Ngrasakake kuping kang keselet sadak, Swandari rada kaget lan kelaran sak enggo pithingane kendho. Iswati krasa menawa pithingane kendho banjur mbalik lan genti mithing Swandari, meneri wektu kang dienggo tandhing rampung sak enggo keputren wetan dianggep kalah amarga bijine kurang siji. Saknalika Teja, Gupita lan Iswati surak.
Swandari ndhingkluk, semono uga kanca-kancane. Iswati ngiwi-ngiwi lan ngece. Amarga rumangsa diuriki, Swandari muring. Iswati banjur kacandhak, tangane banjur diceneng lan diuntir. Kanjeng Panembahan kaget nganti jumeneng. Para prejurit kang maune mung nonton banjur age-age misah bocah loro kuwi. Swandari tumungkul karo ngampet kanepsone, dadhane munggah medhun nahan rasa mangkel, muring lan pengen nangis. Nyai Welasa lan Nyai Wreksa age-age nyembah marang Kanjeng Panembahan lan nyuwun ngapura merga bab kuwi. Kanjeng Penembahan manthuk lan ndawuhi supaya adu kepinteran dipungkasi, bab bebungah lan liyane bakal diputusake sesuk esuk.
Iswati mandeng Swandari kanthi mripat mentheleng. Swandari nglirik kanthi ati gething. Sawetara kuwi Kanjeng Ratu Mas uga nglirik Kanjeng Ratu Retna Dumilah banjur mesem amarga rumangsa menang. Kanjeng Ratu Retna Dumilah ora maelu ananging socane ora ucul saka Nyai Raga kang tumungkul karo mlaku ngetutatke bendharane putri tanpa wani nyawang Kanjeng Ratu Retna Dumilah.
Isuke, punggawa dalem Kanjeng Panembahan kang nggawakake kabeh bebungah kanggo para magang prejurit Kenya kang unggul tandhinge ndhek wingi. Iswati kang katone seneng banget amarga bisa nelukake bocah-bocah keputren wetan. Omongane gemedhe lan ngedhir-dhirake. Swandari nyoba sabar. Atine ditata lan kabeh apa kang dirungu ora digagas. Rukmi kang wola-wali nyekeli seredan tapihe Swandari, sumelang yen kancane bali kelangan kendali.
Kanjeng Panembahan tedak ana keputren bareng karo para garwa lan salah siji punggawa dalem banjur ngekeki tanda karo para magang prejurit Kenya supaya siyaga kanggo adu kepinteran sak banjure yaiku nelukakae Sikatan. Jaran kuwi wus ditokake saka gedhogan lan dipapanake ana lapangan cilik sak mburi gedhogan. Lapangan kuwi uwis dipageri pring supaya Sikatan ora ucul lan mlayu adoh.
Iswati mesem. Dheweke percaya menawa bakal bisa nelukake Sikatan lan ndhadekake Sikatan tugangane. Merga wingi Keputren kulon kang unggul tandhinge, Iswati kena nyoba nelukake Sikatan. Iswati mlebu glanggang lan langsung nyengklak gegere Sikatan. Amarga kaget Sikatan njola lan nyoba nibakake Iswati, nanging Iswati gondhelan kenceng rambute jaran. Sikatan samsaya nesu, bokonge diangkat munggah lan awake diobat-abitke mengiwa lan menengen. Iswati ora kuwagang ngladheni krodhane Sikatan lan tiba ana ing lemah kang kebak bleduk. Rai kang biasane pupuran alus, saiki gluprut kebak wedhi lan pasir. Iswati mrengut.
Saiki genti Swandari kang entuk kalodhangan kanggo bisa nelukake Sikatan. Ora kaya Iswati kang langsung nyengklak gegere. Alon-alon Swandari nyedhaki jaran kuwi mau. Sikatan mbengingeh, sikile ngarep diangkat dhuwur sajak arep nendhang raine Swandari. Ulupi kang nonton saka kadohan, banjur singsot. Sikatan banjur ngudhunake sikile. Swandari nyawang Ulupi kang ngedhepake salah sijining mripate marang Swandari kanggo nguwatake tekade kancane. Alon-alon Swandari banjur ngelus-elus gulune Sikatan. Rambute uga dielus alus. Sikatan isih sok njola nanging ora segalak nalika dicengklak Iswati. Sikile uga isih sok ngerik, sak enggo Swandari kudu waspada, merga salah nepakake awak sida bubar disepak jaran.
Swandari ngetokake gula jawa saka stagene lan dipakake Sikatan. Mula bukane Sikatan ora gelem ananging kanthi alus, gula mau dilolohake ana tutuke jaran kuwi mau. Suwening suwe Sikatan dadi anteng. Swandari mesem, gulune jaran kuwi dirangkul kaya menawa dheweke ngrangkul Argo. Sikatan babar blas ora mbeker lan mbengingeh. Punggawa dalem banjur ngulungake tali amben, apus buntut, gulu[8] lan sanggurdi. Sikatan manut nalika kabeh piranti kanggo nunggangi dipasang ana gegere. Swandari banjur menek gegere, Sikatan uga ora njola. Swandari ngepuk-puk gulune Sikatan, sikatan wiwit manut. Sak tapak jangkah alon, Sikatan bisa ditelukake. Kanjeng Panembahan mesem, jebul bocah ndesa kang brangasan wingi prigel nelukake jaran.
Kanjeng Panembahan banjur ndangu keng garwa. Kanjeng Ratu Retna Dumilah banjur ngawe Swandari supaya marak. Swandari manthuk banjur marak lannyembah gustine. “Sapa jenengmu, ndhuk cah ayu?” Kanjeng Panembahan ndangu alus. “Kula Swandari, Sinuwun.”wangsulane karo nyembah. Swandari tumungkul lan pandhengane mung nyawang sampeyane Kanjeng Panembahan. “Aku seneng dene kowe bisa nelukake Sikatan, kamangka pekathikku wae kang uwis mataun-taun ngadhepi maneka werna turangga utawa kapal, ora saguh nelukake Sikatan.” Kanjeng Panembahan ngendika alon. “Inggih.” Wangsulane Swandari. “Kaya janjiku wingi, sapa wae kang bisa nelukake Sikatan bakal nduweni jaran kuwi lan kudu uga ngopeni. Amarga sing bisa nelukake kowe Sikatan tak pasrahake marang kowe. Jaganen kanthi becik. Kuwi bisa dadi tungganganmu.”Kanjeng Panembahan ngendika karo ngepuk-puk sirahe Swandari. “Ngaturaken gunging panuwun, sinuwun.” Swandari wangsulan meneh karo nyembah. “Diajeng, kowe uga tak pasrahi nelukake kridhane bocah-bocah kang isih kaya Sikatan nyamber walang iki. Aku duwe penggayuh dene bocah-bocah iki bisa migunani tumrap bangsa lan negarane mbesuke yen dikantheni ngelmu kang becik, tata karma lan tumindak kang trapsila.” Kanjeng Panembahan weling marang Kanjeng Ratu Retna Dumilah. “Inggih. Sendika” Kanjeng Ratu banjur nyembah
BAB III
SAMPUR CINDE
Sorene, Kanjeng Ratu nimbali Swandari. Swandari uwis pasrah menawa bakal nampa pidana. Ora mung merga keputren kulon kalah anggone adu kepinteran ananging uga merga dheweke wis gagal ngendhaleni kanepsone, kang ateges dheweke uga uwis mbangel apa kang dadi welinge Kanjeng Ratu kang uga gurune kuwi. Alon-alon Swandari marak lan ngaturake sembah. “Ndhuk, kowe mesti uwis ngerti keneng apa kowe tak timbali?”Kanjeng Ratu mbukak pangandhikane kanthi pitakonan. “Inggih.” Swandari lirih. “Aku lan Kanjeng Panembahan ngerti apa sebabe anggonmu tumindak murang tata, ananging kuwi dudu alesan kang bisa nguwalake kowe saka pidana. Tumindak kaya ngono kuwi ngatonake asal-usulmu kang apeparap bocah ndesa murang tata. Apa kowe ora kelingan,piye anggonku mulang lan weling dakik-dakik bab tanggung jawabmu. Adu kepinteran kuwi ora mung bab kalah lan menang, ananging uga bab bisa ngendhaleni diri pribadi. Sing menang ora kena jumawa, sing kalah ya kudu legawa. Patrap lan tumindakmu kuwi ora ngatonake watak legawa kang kudune diduweni kabeh satria, bupati nayaka lan sentana praja.” Kanjeng Ratu ngendhika semu duka. Swandari meneng wae, atine sak jane ora trima amarga dheweke diuriki nalika semana. Ananging menawa dheweke matur mesti Kanjeng Ratu ora bakal percaya utawa nampa apa kang diaturake.
Kanjeng Ratu ngulungake bakal saka cinde[9]. Swandari deg-degan nampani bakal kuwi. “Coba jembrengen.”Ngendhikane Kanjeng Ratu. Swandari manut banjur njembreng bakal kang diparingake. “Kuwi sonder. Kanjeng Panembahan kang maringake. Sonder cinde mung diparingake karo putri kang prigel njoget utawa beksa. Mung kang pinilih wae sing bisa ngagem sonder cinde. Saiki rungokno aku.” Ngendikane Kanjeng Ratu Retno Dumilah. Swandari nyembah tanda sendika. “Cinde kuwi gambare kadya kembangan aran slarak kandang kang ateges sok sapa wae kang bangkekane disonderi cinde slarak kandang kudu njaga trapsilaning tumindak. Ateges ora kena sak karepe dhewe, nunjang palang lan nuruti apa kang dadi kanepsone. Wiwit saiki, aku midana kowe kudu ngudi anggonmu sinau beksa utawa joget Mataram. Aku bakal nyediyani guru kang ora mung prigel mbeksa ananging empuning beksa aran Nyai Badringah. Lan sak suwene anggonmu sinau njoget sonder kuwi kudu dienggo, supaya kowe elingmenawa kowe lagi dak gulang tata trapsilaning praja. Kuwi perlu kanggo ngompliti anggonmu gladhi ulah kanuragan lan kaprajuritan.”Kanjeng Ratu njlentrehake lan mulang Swandari pentinge nyinau ora mung bab kepinteran ulah kaprajuritan lan ulahing praja ananging kudu uga bisa prigel ing ulah kabudayan. “Lha menapa wonten gayutipun antawis ulahing kaprajuritan kaliyan ulahing beksa, Gusti ayu?”pitakone Swandari. “Ana. Kowe bakal nemokake menawa kowe wus nglakoni. Ananging yen durung tau nglakoni utawa nglakoni ananing ora sewiji karo apa kang dilakoni, kowe ora bakal mangerteni dene kabudayan kuwi utamane beksa lan karawitan rapet banget gandheng cenenge ora mung ulah kaprajuritan ananging uga gayut karo lelakone wong urip.”Kanjeng Ratu paring wangsulan. Swandari manthuk. “Wiwit sesuk isuk, kowe ora perlu ngiseni jedhing meneh. Sesuk kowe wiwit ajar beksa kang bener karo Nyai Badringah sak liyane karo Nyai Wreksa.” Dawuhe Kanjeng Ratu marang Swandari. Swandari manthuk banjur nyembah lan pamit mundhur.
Nyai Welasa kang kawit mau mung nyawang ana suwaliking saka banjur metu lan ngaturake unjukane kanjeng Ratu. “Biyung, aku ngerti menawa kowe isih mangkel karo bocah kuwi. Nanging ora akeh wong kang duwe keprigelan lan kepinteran kaya bocah kuwi. Ya mung tumindake sok murang tata ya karang cah durung dunung. Kuwi dadi wajibmu nggulang apa kang perlu, aja galak-galak lan aja pilih sih. Kabeh magang kuwi pada. Sing anak priyayi utawa sing dudu, kabeh duwe kalodhangan sing pada. Ya mung kari sapa sing paling sregep ngudi kepinteran kang bakal dadi. Aku uga weling supaya kowe ngati-ati marang biyung Raga. Bocahmu kae meh wae tiwas menawa aku ora cawe-cawe nalika dheweke pithing-pithingan karo Iswati. Biyung Raga meneng-meneng nguncalake sadak ngarah cengele bocah kuwi sak enggo pluru sadake luput lan mung nyrempet kupinge Swandari. Dadi bocahmu kae ora kalah ananging pancen diglibeng sak engga kalah.”Kanjeng Ratu njlentrehake larah-larahe kenengapa Iswati bisa ngalahake Swandari. Nyai Welasa kaget lan getem-getem, jebul Nyai Raga arep nlikung keputren wetan. Kanjeng Ratu Retna Dumilah mesem banjur jengkar saka pendapa.
TTTTTTTTTTTTT
Kanjeng Ratu Emas Waskitajawi lenggah ana pendopo keputren wetan kaadhep Nyai Raga. “Yung, gene ki prejurit Kenya kang jare digulang karo jeng Ratu kulon ki ya ora ampuh-ampuh banget. Lha ing atase Iswati sing bocah kaya ngana wae bisa ngalahake. Dadi aku ora perlu bingung ngadhepi bocah-bocah kae ta, Yung. Sing bocah ya ben wae arep-arepan karo sing bocah. Aku tak gadhepi sing tuwa wae.” ngendhikane kanjeng Ratu karo nyruput wedhang jahe gula aren. “ Inggih.” Wangsulane Nyai Raga rada goreh amarga dheweke ngerti yen sak jane Iswati kuwi dudu tandhinge Swandari. Iswati menang merga Nyai Raga ngewangi lan nlikung Swandari seka mburi, menawa ora konangan karo Kanjeng Ratu Retna Dumilah, bocah kuwi mesti wus tekane tiwas. Nyai Raga ora wani matur blaka bab kuwi marang Kanjeng Ratu Waskitajawi amarga mesti nyadong deduka. Tekade mung siji yaiku kudu bisa ngendih kekuatane keputren kulon. “ Saiki bab kang ngebot-boti pikirku ya mung siji, yung. Keneng apa nakmas Jolag ki kok ya durung peputra sak liyane anak wedhok. Garwa-garwane durung ana sing ketok isi. Kamangka aku ngarep-arep supaya gek ndhang bisa kagungan putra dadi aku bisa ambegan lega. Kanjeng Panembahan wus ngundhuri sepuh lan wis wiwit gerah-gerahen. Yen mengkone surut kamangka nak mas Jolang durung peputra, ateges mas Jolang ora bisa nggenteni kalenggahan dalem amarga ora duwe turun lanang. Aku dadi bingung, yung. Kamangka patemon para sepuh ana kraton seminggu kepungkur wus mutusake dene aku lan Kanjeng Panembahan kudu enggal bisa nemtokake apa nakmas Jolang bakal diterusake anggone dadi pangeran adipati anom, utawa diganteni putra liyane kang mesti wae saka garwa padmi ya kanjeng ratu kulon ta, yung. Aku wis ora ngerti piye carane supaya nakmas Jolang tetep nglenggahi kalenggahane dadi adipati anom.” Ngendhikane karo ngampet rasa mangkel lan sedihe. Nyai Raga manthuk lan wiwit mikir piye carane supaya apa kang digadhang ratu gustine kelakon. “Menapa gusti ayu sampun matur kaliyan keng rayi Adipati Pragola bab menika ?” Nyai Raga nyuwun pirsa kanthi swara alus meh ora keprungu sumelang yen pitakonane mau marakake gustine tambah susah. Kanjeng Ratu Mas Waskitajawi manthuk. “Iku uga kang marai aku tambah bingung ta, yung. Karepku mono ora kok njaluk tulung sing kepiye-piye karo dimas Pragola. Aku ki ming nguda rasa nalika kirim layang, ya bab anggone nakmas Jolang durung bisa kagungan putra kakung. Kuwi rak ya mbebayani tumrap kalenggahane. Karepku yen bisa digolekake srana. Eee lha kok malah dadi duka yayah sinipi banjur nggedhak perang Kanjeng Panembahan. Perkara kuwi mesti wae marakake Kanjeng Panembahan duka karo aku. Banjur saiki aku lan nakmas Jolang kang kudu ngrampungake perkarane.” Kanjeng Ratu Mas ngendika karo sedela-sedela ngelap waspa kang tumetes. “Aku dhewe uga uwis ngglembuk dimas Pragola supaya ora sah ndhadak nganggo nggedhak perang barang nanging ora dipaelu. Saiki ndhadak kepeksa nakmas Jolang kang kautus keng ramane ngadhepi dimas Pragola. Aku mung isa ndedonga muga nakmas Jolang entuk gawe lan bisa ngerih-rih pamane.” Kanjeng Ratu Mas bali ngelap waspane kang mili sasat ora kebendhung.
Nyai Raga dhewe banjur kelingan kedadeyan pirang-pirang taun kepungkur jaman Kanjeng Ratu Retna Dumilah dikabarake nggerbini. Kabeh para winasis sarujuk menawa jabang bayi kang isih ana gua garbane Kanjeng Ratu Retna Dumilah kuwi kakung. Nyai Raga kang ora narimakake nalika sesembahane Kanjeng Ratu Mas dimaru, ngupaya, ngreka daya supaya bocah kang kakandhut mau ora bisa dilairke. Maneka werna jamu lan racun wis dicoba kanggo ngrontokake ponang jabang bayi kuwi ananging ora kasil. Ya mung tujune Nyai Raga ora konangan anggone ngreka daya kabeh kuwi mau. Kanjeng Ratu Retna Dumilah kasil nglairake bocah kang bener ujare kandha mijil kakung kanthi slamet amarga pitulungane Nyai Badringah. Nyai Badringah kuwi ora mung empu beksa ananging uga pinter ing babagan racun lan carane anggone nambani. Kuwi uga kang marai Nyai Raga sengit ngigit-igit marang Nyai Badringah.
Nyai Raga banjur nyembah “Sedaya menika wau lepat kawula, Gusti. Mugi penjenengan ndalem kersa paring pangaksama, samangke wonten kalodhangan kula temtu bade tumindak supados Raden Mas Jolang mboten ngantos kecalan panguwaos lan kalenggahanipun.”Nyai Raga matur. Nanging durung nganti ature rampung keselak rame ana njaba suraking prejurit. Kanjeng Ratu jumeneng lan ngawe Nyai Raga supaya niliki apa kang marai rame ana njaba. Durung nganti Nyai Raga menyat, para prajurit mlebu ana keputren karo nyembah. Lurah prejurit kang jeneng Nalasekar matur dene saiki pangeran adipati anom uwis kondur saka peperangan lan lagi nandhang tatu kanga bot. Nalasekar uga ngandhakake menawa tatune sang adipati anom amarga bitutama klawan keng pamane. Kanjeng Ratu Mas ngampet panjerite lan banjur mlayoni keng putra ana senthonge ditutake Nyai Raga.
Tekan ana kana, senthonge pangeran adipati anom wus kebak. Para garwa, nujum kraton kang uga dukun kang gaweyane nambani wong lara, lan uga Kanjeng Panembahan piyambak. Kanjeng Ratu Mas sakwise ngaturake sembah marang kakunge banjur nubruk awake putrane lan tangise kang wus suwe diampet wutah ana kono dibaringi tangise para garwa. Pangeran adipati anom dirangkul lan diarasi “Nakmas, lha kok malah dadi kaya ngene ki kepiye larah-larahe?” kanjeng ratu ndangu keng putra. Sing didangu mung gereng-gereng ngampet lara. Kanjeng Ratu Mas muwun karo ngelus-elus pilingane putrane kang bithu-bithu. Kanjeng Panembahan Senapati banjur njawil alon pundake keng garwa, “Putramu saiki durung bisa wangsulan. Tatune rada jero nanging ora papa, mau para nujum uwis kraton uwis nyepakake tamba lan saiki ben putramu lerem dhisik. Wis ana para garwa dadi kowe ora perlu bingung utawa susah.” Kanjeng Panembahan ngendika karo nggandheng garwane metu saka senthonge putrane.
Rada adoh saka senthonge Pangeran Adipati Anom, Kanjeng Panembahan banjur wiwit wawan rembug karo keng garwa “Saiki, diajeng wis pirsa piyambak ta, menawa garwa kuwi ora manut marang guru laki tundone kabeh dadi ngrekasa. Putramu meh wae tiwas ing tangane rayimu dhewe ya dimas Pragola. Menawa diajeng mbiyen ndahar aturku, mbok menawa putramu saiki ora perlu nandhang kaya mengkono. Kuwi kabeh ya awit saka tumindak kang tanpa petungan. Yen diajeng percaya marang pun kakang, ora perlu ana kedadeyan kaya ngono. Saiki piye, lha wong dimas pragola ki kadangmu enom?” Kanjeng Panembahan ndagu keng garwa. Kanthi ati kang remuk rempu, Kanjeng Ratu Mas ambruk ana sampeyane Kanjeng Panembahan. “Kula naming sumangga kangmas. Kula mboten saged nampi dene dimas Pragola tegel dateng nakmas Jolang. Sakmenika manga borong, sedaya ingkang wonten gegayutanipun kaliyan dimas Pragola, kula aturaken ing paduka.” Ratu Mas matur karo muwun ana sampeyane Kanjeng Panembahan. Kanjeng Panembahan banjur ngrangkul garwane. “Dadi sliramu uwis rila tenan menawa aku tumindak marang dimas Pragola?” ngendikane alus. Kanjeng Ratu Mas muwun ing dhadhane kakunge karo wangsulan lirih “Inggih, kangmas.”
Nyai Raga kang maspadakake saka kadhohan katon jengkel amarga miturut penemune Kanjeng Panembahan uwis tumindak kang kurang adil. Geneya kang kudu nanggung kabeh tunane gusti putrine lan ora neliti larah-larahe keneng apa kok gusti putrine nganti nguda rasa marang rayine sak engga adipati Pragola uga dadi ora trima lan nggedhak perang marang Mataram. Kamangka menawa kersa menggalihake kanthi ngati-ati, kanjeng Panembahan mesti pirsa menawa kabeh undheraning perkara ya Kanjeng Ratu saka Mediun kae. Yen Kanjeng Panembahan ora ndhadekake gusti Kanjeng Ratu Retna Dumilah garwa padmi, kabeh lelakon iki ora perlu kedadeyan.
Kabeh ati duwe rasane dhewe lan kabeh pikiran duwe panemune dhewe. Angin wengi kuwi uga nggawa dongenge dhewe kang semlempit ana sewaliking kori-kori kang tinutup rapet. Ana kang lagi ngronce crita kang lucu sak engga guyu kemekelen lamat-lamat keprungu saka kadohan, ananging ana uga kang lagi ngenam tangis kang swarane marai trenyuh lan susah. Donya kebak ing kedadeyan lan kabeh kedadeyan bakal garisake sejarah kanggone sok sapa wae kang duwe lelakon.
TTTTTTTTTTTTT
Swandari katon indhak-indhik sak wetan pendapa isuk kuwi merga duwe jejibahan kanggo latihan njoget karo Nyai Badringah. Ananging ana pendapa ora ana siji-sijia penari putri kang lagi gladhen, malah para penari kakung kang lagi gladhen. Gamelane keprungu sora amarga kang lagi dijogedake sajake unsur gagahan. Swandari katon gumun,dene penari kang akeh kuwi bisa ngobahake awak bareng lan bisa nglakokake ragam utawa unsur kang pada. Sak suwene iki menawa digladhi beksa utawa jogged karo Nyai Wreksa, Swandari sok kangelan ngetutake obahing sikil utawa tangane. Menawa mikir obahing sikil, tangan lan gulune kaya lali obah. Dasare Swandari kurang seneng lan kurang bisa nangkep apa kang diwulangake Nyai Wreksa.
Nalika ngematake para penari kakung, mripate Swandari kang wis ngancik dewasa mandheg ana salah sijining penari kakung kang udakara umure ora kacek adoh saka dheweke. Penari kakung kuwi pawakane apik, rupane bagus lan kulitane uga kuning resik, ngatonake menawa isih trah dalem. Swandari kaya ora kepengin kedhep ngematake priyayi kang uwis ngosik atine kuwi. Kabeh solah bawane nalika njoget dimatake, sajake uga penari kang wis mumpuni amarga saking luwese lan endahe kabeh kang diparagakake. Swandari nganti ngomple anggone nyawangnganti krasa ana kang semelet nang kupinge. Swandari mengo karo mringis. Jebul ana abdi dalem kang isih katon ayu udakara umur patang puluhan lagi njewer kupinge.
Abdi dalem kuwi ora ngeculake panjewere nalika nggeret Swandari ana pendapa liya kanggo nggladhi penari putri. “Bocah ki yen ora urus ya kaya kowe kuwi. Uwis ngerti yen kudu gladhen ana kene kok ya mampir ana pendapane para kakung. Apa ya tumon ana prawan nginjen wong lanang. Kuwi ora becik, ngger. Saru.” Omongane rada atos ora ngepenake kuping dasare kupinge Swandari uga lara merga dijewer. Abdi kuwi katelah Nyai Supanggah ya abdi kang ngewangi Nyai Badringah samangsa kudu gladhen beksa para putri sentana dalem, utawa pancen entuk pesenan saka Kanjeng Ratu dienggo nggolekake penari kanggo pasamuwan agung. Nyai Supanggah iki tilas penari kang kondhang kawentar, amarga saking ayune, luwese lan pancen bakat tenan anggone njoged. Sak liyane kuwi Nyai Supanggah uga tilas prejurit Kenya kang mumpuni ing samubarang, klebu pinter mijeti lan ngracik jamu-jamu. Mula ora gumun yen pawakane uga seger, kulite putih resik, sedhet lan singset. Ana kabar kabur menawa mbiyene wis tau dadi sengkerane salah sijining pangeran ana kraton kono, ananging kabar kuwi mung dadi pocapane wong kang ora duwe gaweyan sakliyane ngrasani uwong. Nyai Supanggah kuwi sak jane ora galak, priyayine sumeh lan sugih esem. Pangandhikane kemerecek lan greteh banget ana bab-bab nyandhang utawa tata kramaning beksa. Saben wong mesthi seneng menawa crita utawa wawanrembug karo Nyai Supanggah. Emane isih enom wis dadi rondho lan sajake uga ora kepengin maneh urip bebrayan kaya maune. Uripe mung diaturake kanggo ngabdi ana ing kraton, lan kabisane diwulangake lan ditularake marang sapa wae kang gelem sinau.
Seje maneh karo Nyai Badringah kang wis yuswa rada sepuh udakara seket loronan. Priyayine klebu teji kanggone putri. Nanging menawa beksa, luwese uga mranani sapa sing weruh. Pawakane uga klebu isih sedhet lan singset mboka wis yuswa kae. Emane Nyai Badringah arang mesem sak engga marai ewuh sak sapa wae kang ana cedhake.
Nyai Badringah lenggah ana tengahing pendapa sila. Nyai Supanggah nuntun Swandari supaya ngetutake dheweke, laku dhodhok nyedhaki Nyai Badringah sak dhuwuring pendapa. Amarga ora kulina jaritan rapet ngganggo seredan barang, Swandari wola-wali ndhredeg kaya arep tiba. Nanging kasil nyaketi Nyai Badringah tanpa kejungkel. “Ngadheg.” Swarane Nyai Badringah bantas. Swandari semu kaget banjur ngadheg. Nyai Badringah banjur njikuk uthik kang wus dicepakake ana sisihe. Nanggo uthik kuwi Nyai Badringah nyandhak sampur cindene Swandari. “Moga kowe pancen pantes nampa cinde saka Kanjeng Ratu.” Kandhane meneh karo ngadheg ngubengi Swandari sajak nggoleki apa kang banget ngedhap-ngedhapi saka bocah ndesa iki sak engga kanjeng ratu piyambak kang maringi sonder cinde iku. Nganggo uthik iku uga Nyai Badringah nyenggol tungkake Swandari supaya rada mbukak. “Mendhak.” Kandhane. “Ngoyog ngiwa banjur nengen. Tangane ngithing, sikil nyempurit.[10]”Nyai Badringah prentah kaya grontol wutah. Swandari kang bingung uga nglakoni ananging awake kaku kaya kayu. Nyai Badringah gedheg-gedheg.
Nyai Supanggah age-age mbenakake anggone Swandari maragakake jogete. “Dhegeg, aja mayung, aja ndengengek, bokonge ora sah dinjedhitake. Wetenge diangkat sithik.” Nyai Badringah mbacutake karo nyabetake uthike ana wetenge Swandari. Swandari mringis. Nyai Badringah mendhelik “Aja rongeh. Wong wedok saru menawa ketok untune.” Panggetake sora.
Rong jam luwih Swandari digulang njoget, Swandari rasane kaya arep nangis-nangisa ngadhepi Nyai Badringah. Swandari luwih lila dirut utawa disabet ana keben yen pancen gawe luput tinimbang kudu njoget kang rasane ngenteke kabeh dayane. Menawa kicat[11] salah anggone nekuk cethike, Nyai Badringah mesti banjur njiwit bangkekane. Krasa pedes banget. Swandari teluk tenan. Kamangka ngetok kanuragane supaya ora bisa dijiwit, muspra kanggone Swandari amarga ilmu kauragane Nyai Badringah luwih ampuh. Arep ngeyel uga ora wani amarga Nyai Badringah jebul luwih galak tinimbang Nyai Wreksa. Swandari saiki kecandhak tenanan amarga ora bisa nggodha Nyai Badringah kaya anggone nggoda Nyai Wreksa utawa Nyai Welasa. Nyai Badringah lan Nyai Supanggah iki pancen nyata beda. Ora kleru yen dadi wong kang dipercaya dening Kanjeng Ratu Retna Dumilah. “Kowe kuwi, kudune bisa njoget kanthi luwes lan becik, nanging merga atimu mbok tinggal mbuh neng endi, awakmu nolak obah. Dadi ngecenceng kaya mengkono. Yen kuwi mbok terusake awakmu bakal lara kabeh. Joget Mataram kuwi luwes nanging ora lemes. Obahing awak kuwi mawa tenaga ananging ora ngecenceng, dadi yen di pirsani kuwi endah. Ora kaya kowe kuwi, lha jogetmu kuwi kaya angkrek. Ngecenceng, kau lan kaku. Mengko samangsa kowe sela, ajara nekuk sendi, kanthi luwes. Ngruji, ngithing, nyempurit, kabeh kudu dilatih kanthi bener. Ngerti ora ?” pitakone Nyai Badringah. Swandari manthuk.
Swandari ora bisa dolanan marang Nyai Badringah, saben ndina dheweke kudu mbaleni apa kang diwulangake sak engga awake dadi luwes. Kamangka sak bar gadhen kaya ngono Swandari isih kudu sinau bab-bab liyane. Dadi nalika bali ana senthonge, Swandari langsung turu nglempus amarga awake kesel lan lara kabeh. Udakara limang sasi jogete Swandari ngalami kemajuan kang akeh banget. Bab kuwi mesti wae nggumunake Praba, Rukti lan Rukmi. Semono uga Nyai Wreksa, sak engga nalika kraton arep nganakake pasamuwan, Swandari katut kedapuk dadi salah sijining penari. Bab iki kang marai Iswati lan Tejawati ora seneng. Ananging Nyai Wreksa lan Nyai Supanggah terus nyurung supaya Swandari gelem latihan kanthi luwih becik meneh. Swandari kang ora bisa suwala banjur mung manut wae.
Nyai Supanggah kang ngerti menawa meneng-meneng Swandari lagi kasmaran marang salah sijining pangeran banjur ethok-ethok ngejak crita Swandari bab piye ta sakjane urip ana ing njero Kraton lan apa wae kang dadi pakulinane para pangeran. “Para pangeran ki kabeh prigel anggone beksa sakliyane ana babagan olah kaprajuritan lan olahing praja.” Nyai Supanggah wiwit crita karo ngrangkul pundhake Swandari. “Mengko yen wis ngancik meh 17 taun, para pangeran wiwit bakal dipacangake karo bapa lan biyunge, ananging ora mokal para pangeran uga duwe garwa ampe utawa selir. Ora sithik garwa ampe kang kapundhut saka kawula biyasa kaya aku lan kowe. Kamangka biyasane garwa ampe kuwi luwih ditresnani tinimbang garwa padmi, merga yen garwa ampe kuwi dipundhut rak merga rasa tresna, dudu merga dipacangake.” Nyai Supanggah nerusake anggone crita. Mripate Swandari katon sumunar kebak pengarep-arep dene bisa dadi sisihane pangeran kang bagus lan marak ati. Dadi garwa ampe ya ora papa, angger bisa caket karo gegantilaning atine. “Ning kabeh ki ana sarate, ndhuk. Ora cukup mung ayu. Nalika kowe nginjen anggone para pangeran lagi pada tayungan, kowe rak ngerti dhewe, para pangeran kae luwes anggone beksa uga besus ana ing samubarange. Dadi yen kepengin dadi garwane salah siji pangeran-pengeran kae. Kowe kudu pinter anggone njoged, sing alus suba sita lan tata kramane uga kudu besus anggone ngudi salira. Aja grusa-grusu lan wak-wakan kaya kowe kuwi. Apa-pa kudu sing dames, alus lan mranani.” Nyai Supanggah mandheg sedhela banjur mbacutake gunemane “Aku ngerti kowe wiwit cilik wis katelah bocah pesisir kang cedhak karo ombaking segara, kuwi ateges rasamu mesti kepengin merdika kaya playune ombak. Kowe uga digulang olah kaprajuritan kang ateges kekuatan kuwi luwih ketengen tinimbang alusing rasa lan endahing werna. Ananging kuwi eloke joget Mataram kang bisa nyawijekake antaraning kekuatan, alusing rasa lan endahing rupa. Ndhuk, kowe kelingan yen diwulang karo Nyai Badringah kae ta. Coba nam-namen pikirmu. Seminggu mung ajar mendhak karo ngoyog kanthi patrap kang bener, kuwi meh pada menawa kowe gladhi keprajuritan sepisanan yaiku nguwatake sikil. Bener ta kandhaku?” Nyai Supanggah nakoni Swandari. Sing ditakoni manthuk karo wangsulan. “Inggih Nyai, menapa malih nalika sepindahan ngraosaken joget ingkang leres, badan kula sakit sedaya kados menawi mentas gladhi keprajuritan.” Nyai Supanggah mesem. “Ya kaya mengkono pancene. Lha mengko nalika pasamuwan, kepenginku, kowe njogeda sing apik. Menawa kengser utawa trisik sing alus, bokonge aja melu sedal-sedul, lha wong dipirsani kabeh pangeran lan sentana dalem jare. Nek jogedmu isih kasar rak ngisin-isini ta.”Nyai Supanggah wangsulan. Swandari manthuk.
Wiwit dina kuwi Swandari sengkut anggone sinau. Rukti lan Rukmi sok-sok dieret-eret supaya gelem ngajari utawa sak ran-rane ngematake anggone njoged lan bisa ngandhani endi sing isih kleru lan ragam sing kepiye kang isih durung luwes. Rukti, Rukmi, Ulupi lan Praba rada gumun geneya saiki Swandari dadi beda tumindake ora kaya adat sabene. Mbiyen nalika sepisanan ajar njoged, ana wae alesane supaya ora kudu latihan. Menawa diwulang uga wegah lan ora duwe greget. Ananging saiki Swandari menawa latihan teka paling ndhisik. Bab ngudi salira uga ngono, maune Swandari uwong kang paling ora preduli marang endahing busana utawa kepiye mantesake awak kanthi dandan. Saiki Swandari sregep takon marang Praba, piye carane dandan lan wiwit seneng ngombe jamu-jamu supaya sedhet lan singset. Owah-owahan kuwi ora mung digagas kanca-kancane nanging uga Nyai Badringah. Kahanan kuwi banjur digunakake Nyai Badringah kanggo nggenjot kapinterane Swandari ing babagan seni utamane jogged Mataram. Sakliyane kuwi Nyai Badringah uga wiwit ngajari Swandari ngidung lan nembang sak engga ora nganggo wektu kang suwe Swandari bisa ngalahake swaraning Rukti lan Tejawati. Samangsane Swandari rada kendho anggone latihan, Nyai Badringah sengaja gawe panas atine Swandari kanthi cara masangake utawa mencukake pangeran-pangeran kuwi karo putri-putri liyane sak engga Swandari bali duwe greget maneh kanggo latihan.
Sawijining sore Nyai Badringah nemoni Swandari ana ngarep pendapa kang biyasane kanggo latihan para putri. Nalika semana wancine wis ngarepake maghrib sak engga panggonan kuwi sepi mung ana Nyai Badringah lan Nyai Supanggah. “Ndhuk, aku ndhelok anggonmu njoged saiki wis rada alus, nanging durung isi. Suk yen wus rada sela, aku merlokake mejet kowe supaya katon isi. Joged kuwi ora mung paraga obahing awak ananging uga obahing suksma lan pangrasa sak engga wong bisa ngrasakake dene awakmu njoged nganggo ati utawa kosongan.” Nyai Badringah ngandhakake penemune marang Swandari. Swandari manthuk. “Sonder cinde kang diparingake kae ora mung makna sonder utawa sampur ananging uga nduweni makna kang luwih jero yaiku tresna.”Nyai Badringah bali mbacutake guneme. “Tresna?” Swandari kaget. “Iya, ndhuk.” Nyai Supanggah nyambung omongane Nyai Badringah. “Duk nalika semanten, Kanjeng Ratu maringi kula sonder punika kanthi sesanti dene sonder punika ingkang badhe nangsuli sedaya tumindak ingkang nasar. Sok sinten kamawon ingkang pun tangsuli sonder cinde menika kedah saged njagi tata karma lan tumindak ingkang trapsila.” Swandari wangsulan alon. Nyai Badringah mesem, ana rasa mongkog jebul muride sing siji iki pancen gatekan, sepisan diwulangake ora bakal lali lan kabeh welinge gurune dienut, digugu uga coba diterapake ana uripe. “Kuwi ora kleru, ndhuk. Ananging cinde kuwi uga bisa dadi tanda katresnan saka pria marang wanita. Sonder kang diparingake kuwi, mbiyene uga paringan dalem Kanjeng Panembahan marang Kanjeng Ratu Retna Dumilah.Tanda tresna. Menawa mbesuk kowe bisa dadi salah sijining penari-penari kang diagem ana pasamuan, kowe uga bisa entuk tanda tresna kaya ngene iki saka pangeran kang ngersakake kowe, Ndhuk cah ayu.” Nyai Badringah nambahi omongane. Swandari njekithut bathuke. “Sak wise pasamuan, menawa senthongmu ana cinde kang kemlawer ana lawang, kuwi ateges njeng pangeran bakal rawuh ana senthongmu.”Nyai Badringah lan Nyai Supanggah mesem kebak makna. Swandari ming bisa ndomblong bingung, ora ngerti sing dikarepake. Ya dasare lagi wae ngancik kadewasan.
Suwe ning suwe ana rasa tresna kang tuwuh ing atine Nyai Badringah marang Swandari, dasare Nyai Badringah ora diparingi momongan sak engga ana rasa kangen bisa duwe anak. Rasa kepengin kuwi bisa katutup sak ploke Swandari ngenger lan sinau marang Nyai Badringah. Solah bawane kang becik, tata kramane kang wiwit ganep amarga latihan joged saben ndina bisa ngrobah tumindake sing kasar dadi alus, rupane kang ayu, uga omongane kang manis kabeh saya mranani sapa wae kang tepung karo Swandari. Watak wantune kang maune atos lan rada urakan malih saknalika dadi alus, sak paripolahe nyenengake sapa wae kang nyawang kaya inten kang wus diasah dadi sumunar. Nyai Badringah uga dadi kepranan lan awit saking tresnane, kanthi sesidheman Nyai Badringah nggolek sisik melik sapa ta jane pangeran gegantilaning atine bocah wadhon kang banget dikasihi kuwi.
TTTTTTTTTTTTT
Iswati lan Tejawati katon mangkel, keneng apa Swandari saiki bisa malih grembyang saka bocah pesisir sing kasar, ugal-ugalan bisa alus kaya putri-putri kraton lan sentana dalem. Menawa ajar, ajar ana ngendi lan karo sapa. Kuwi kang ora dingerteni bocah loro kang saiki lagi muring-muring ana senthonge. Bocah loro kuwi ora nglenggana yen pawongan kang wiwit nyinau joged Mataram kuwi ora mung nyinau endahing paraganing awak ananging uga nyinau ngelmune urip lan kabudayan kang adiluhung. Sewiji kang nduweni teges wutuh, manunggal, mugen. Menawa ngener pangarep-arep ora menga-mengo ananging teteg ana dalan kang wus pinilih. Greget duwe teges tetep nduweni karep kang gedhe kanggo nggayuh pengarep-arep kuwi mau. Sengguh kang ateges percaya marang diri pribadi yen apa kang digayuh bakal kelakon nganggo kekuwatane dhewe lan donga marang pangeran kang akarya jagad. Ora mingkuh ateges ora maelu bab-bab sak liyane apa kang bakal digayuh. Kuwi kabeh piwulang kang ngrasuk ana nyawane jogged Mataram, ananging kudu di trepake kanthi wicaksana mungguh supaya ora salah kedaden. Kayata menawa sewiji kang dilakoni kebangeten bakal nuwuhake rasa kang ora tepa slira marang liyan amarga mung nengenake lan mugenake pepinginane pribadi. Greget menawa kebangeten, uga nuwuhake tumindak kang kasar murang tata, sengguh semono uga yen dilakoni kanthi kleru malah bakal nimbulake watak adigang-adigung-adiguna. Lan ora mingkuh menawa luput anggone nglakoni uga bakal ndhadekake wong kang ngetrapake dadi kaku lan cupet nalare (fanatik).[12]
Tataran adiluhung ana ing joged Mataram kuwi mawujud ana ing paraganing awak (koreografi) kang nyawiji ana telung babagan yaiku :
Wiraga : kabeh obahing awak kudu laras karo ragaming gerak kang wus katentokake.
Wirama : Paraganing awak kudu trep karo iramaning gendhing lan tembang uga iramaning rasa pangrasa.
Wirasa: Paraganing awak kudu duwe isi kang laras karo rasaning sapa wae kang lagi nglakoni ragam utawa unsur gerak kuwi mau. Ateges obahing awak kudu pada lan alaras karo rasa kang lagi nglakonake ragam joged iku mau.
Kabeh kuwi mau kaya wis ora nyanthel maneh ana ing pikirane Iswati kang dasare wus kedunungan sipat kang drengki lan srei. Iswati sak kancane amarga rumangsa trahing priyayi ora gelem kalah apa maneh ngalah karo wong-wong kang dianggep drajate ora pada. Iswati kang meri marang kepinterane Swandari banjur ngupaya supaya Swandari gagal anggone bisa njoged ana pasamuan Agung. Ananging Iswati bingung arep nikung Swandari saka ngendi. Menawa bab jogede, Swandari saiki wus luwih sakabehe tinimbang Iswati sak kanca amarga sregep anggone latihan. Kamangka anggone ajar dicekel dhewe karo empune joged kraton. Arep mitnah, apane sing bisa dienggo ngluputake tumindake, dasar saiki bocahe ya digodha kaya ngapa utawa dipancing kanepsone ya mung etel wae sak enggo ora bisa digoleki salahe.
Iswati mung mubang-mubeng kaya gasing lan marai kanca-kancane pada melu mumet. “Apa ya sing marai cah ndeso kae saiki isa nyaingi awake dhewe. Kamangka sasat ora tau ngambah pawiyatan ana ndesane mbiyen. Mongsok mung pirang taun ana kene bisa malik grembyang dadi kaya ngana. Saiki alus, bisa nembang, swarane apik sisan. Bisa nyuling, jogede ya samsaya luwes. Kamangka anggone gladhi keprajuritan iya saya grengseng.” Ujare Iswati. Tejawati nyoba mikir nganti bathuke njekithut. “Nek aku wis tau krungu saka Praba, jare olehe kepengin bisa njoged tenan lantaran Ndari kae lagi kesengsem marang salah sijining pangeran.” Wangsulane Tejawati. “Wah kuwi crita kang seru. Lha Ndari ki kepincut karo sapa je? Sajake dheweke ora ngerti menawa tresna marang pangeran kuwi ora dientukake.” Iswati nyaut. Tejawati ming ngangkat pundhake. “Aku ya durung ngerti. Mengko aku tak golek sisik melik. Menawa konangan ngati Swandari andhon tresna marang njeng pangeran, wah bisa dadi rame. Bisa uga Swandari banjur ditundhung saka kraton. Seneng tenan aku.”kandhane Tejawati karo mesem. Iswati mendelik “Ngerti wae durung kok ngentha-entha sing ora-ora, saiki sing kudu mbok lakoni yaiku ngupaya pawongan kang bisa diumpanke kanggo mancing Swandari supaya bisa ndhang lunga saka kraton kene. Aku wis eneg weruh bocah kaya ngana.” Iswati mbacutake guneme karo nyentake jarite merga mangkel.
BAB IV
RADEN MAS WIRATA
Praupane bagus, kulite putih resik, pawakane dhuwur, gagah, pideksa kuwi candrane kanggo Raden Mas Wirata putrane Pangeran Poeger saka garwa ampe. Amarga bagus lan alus, Raden mas Wirata kerep kedapuk dadi Lesmana, Abimanyu utawa satria alusan liyane. Anggone beksa luwes, sabetane alus, pasemone luruh, sapa wae kang namatake mesti kepranan. Ananging Raden mas Wirata dudu pria kang seneng dolanan wanita. Raden mas Wirata iku klebu priyayi kang mugenke pasinaone ing bab kaprajan lan kabudayan. Saben isuk Raden mas Wirata mesti uwis siyaga ana alun-alun kanggo gladhi watangan karo para prejurit. Banjur menawa awan tekane wanci sholat ashar, Raden mas Wirata mesti lagi sinau bab-bab kang ana gayutane karo tataning Negara lan kaprajan utawa bab-bab agama, banjur bubar sholat ashar nganti tekane maghrib sinau beksa, karawitan lan sastra. Beda karo pangeran-pangeran liyane sing sok ngglidhig nggodhani para abdi dalem utawa para penari putri liyane.
Raden mas Wirata uga seneng laku prihatin lan sok ndherekake tindake Pangeran Purbaya utawa ramane Pangeran Puger menawa pada nglakoni prihatin utawa teteki marang gusti kang murbeng jagat. Kabeh pakulinane Raden Mas Wirata kang marai Swandari saya kepranan marang kanjeng pangeran bagus kuwi. Menawa isuk-isuk sak durunge latihan njoget karo Nyai Badringah, Swandari mesti nyelakake nginguk alun-alun. Mboka ngaluk-aluk adohe antarane anggone Swandari nginjen gegantilaning atine ananging lega rasane angger wis weruh ketebange. Apa meneh yen jarane lagi mlayu ngubengi alun-alun lan ora sengaja liwat ngarepe Swandari, atine krasa tab-taban. Sok-sok ora kejarak, kanjeng pangeran mbalangake esem kang manis, dasar untune ngingsul nambahi atine Swandari lumer kaya mertega.
Nyai Badringah kang gawene ngematake polahe Swandari ora mentala menawa ngematake prawan sing lagi kasmaran lan ngronce maneka werna impen, kamangka Nyai Badringah ngerti menawa apa kang bakal digayuh Swandari kuwi barang kang muspra. Sak jane wiwit sepisanan Nyai Badringah ngerti menawa Swandari nyimpen rasa marang Raden mas Wirata, nalika ora kejarak Nyai Badringah ngonangi Swandari kerep nyolong-nyolong bisa weruh raden mas Wirata nalika lagi gladhi watang, utawa ngaji ana masjid. Nyai Badringah kepengin elik-elik, ya kedereng rasa mesakake menawa tresnane Swandari kuwi ora bisa klakon bakal marai kendho anggone sinau njoget, Nyai Badringah wurung anggone arep elik-elik. Merga rasa tresnane marang muride kang ayu kuwi, Nyai Badringah banjur duwe rancangan arep nggathukake Raden Mas Wirata karo Swandari ana ing kridha beksan kang pepacangan kaya Prabu Rama lan Dewi Shinta. Nyai Badringah banjur kangsenan karo abdi dalem kang mulang njoget kakung asma raden riyo Silutama. Maune Silutama ora gelem amarga pancen ora kena macangake pangeran karo abdi dalem biyasa kang ora ana trah priyayi. Ananging merga terus dibujuki lan uga didolop, Silutama banjur gelem macangake Raden mas Wirata karo Swandari. Nyai Badringah ngerti menawa kang dilakoni kuwi kleru, ming merga rasaning atine kepengin nggawe Swandari luwih grengseng lan sengkut anggone sinau, uga merga kepengin ngekeki kabagyan mboka mung sedilit, Nyai Badringah lila nunjang palang kanthi risiko kang ora cilik.
Ora nganggo gantalan Raden mas Wirata banjur bisa beksan bebarengan karo Swandari kang kanggo pawadan Silutama kenengapa latihan karo abdi dalem yaiku mung kanggo nglayahake anggone gladhen beksa pepacangan merga para putri liyane lagi ewuh nyepakake pasamuan agung. Raden mas Wirata sarujuk wae, dasare pancen watake kang becik lan ora gemedhe. Dadi encon karo sok sapa wae Raden mas Wirata ora kabotan.
Rancangane Nyai Badringah kasil, jebul ora mung Swandari kang seneng dipacangake karo Raden Mas Wirata. Kanjeng Pangeran kang bagus kuwi jebul uga kepranan marang Swandari sing ayu tur besus lan luwes. Pangeran bagus kaya kena gendham tresna amarga rasaning atine Swandari nyetrum ana ing rasaning pacangan latihane iku. Raden mas Wirata uga banjur wiwit katuwuhan rasa tresna. Swandari kang ayu lan marak ati. Swandari kang bisa ngimbangi luwesing jogede lan bisa uga ngimbangi katresnane. Apa maneh nalika pada wawancara, Raden mas Wirata kaya krungu swaraning gendhing kang endah merga swaraning Swandari kang alus, temata lan kebak ing tata krama. Sak wise latihan ping pindho utawa ping telu, Raden masWirata kang uga durung tau kepranan marang wanita banjur wiwit wani nyoba ketemu ana sak liyane dina latihan ya mung kanggo nglegani anggone lara wuyung.
Ndhelik-ndhelik Raden Mas Wirata, nggoleki Swandari, ana kapujanggan utawa ana suwaliking wit sawo cedhak masjid. Ora akeh kang bisa diomongake, nanging cukup kanggone Swandari ngerti piye rasane ditresnani Kanjeng Pangeran. Apameneh nalika kanjeng pangeran mratelakake rasa tresnane. “Diajeng, durung tau aku ketemu wanita kang kaya sliramu kuwi. Ora mung ayu, nanging uga pinter ana ing babagan apa wae. Mesti wae bejo wong kang bisa nyandhing sliramu. Ndaheba senenge atiku menawa uwong kuwi aku.” Raden mas Wirata mratelakake tresnane ora kanthi langsung ananging kebak subasita. Swandari mung mesem banjur wangsulan “Kula menika naming jejering abdi, mesti kemawon mboten pantes menawi dados sisihan penjenengan ta, pangeran.” “Sapa kang kandha kaya ngono ta cah ayu. Sing tak tunggu ki ya wanita kaya slirane kuwi, aja nyawang drajat, pangkat lan semat. Jare tresna mono bisa teka kapan wae lan dirasakake sapa wae. Ora mung kawula alit, para priyayi lan narendra uga ora bisa suwala nalika rasaning tresna kuwi teka, diajeng. Aku ora preduli sapa sejatine sliramu. Angger sliramu bisa nampa rasa tresnaku, kuwi wus cukup.” Kandhane Raden mas Wirata karo nyekeli tangane Swandari kang wis alus merga diborehi lulur amben ndina. Swandari jantunge kaya dikebur, atine bingung, dhadhane sesek. Swandari mesem “Kula temtu mboten wantun nulak kersanipun jengandika. Ananging menapa njih saged kelampahan menawi kula sesandhingan kaliyan penjenengan ta, den mas.”wangsulane Swandari antarane seneng nanging uga wedi lan bingung. Raden mas Wirata ngunjal ambegan landhung, dheweke uga ngerti yen kabeh kang dilakoni mesti wae ora gampang ngelingi drajat lan pangkat kuwi nemtokake apa wae. “Aku bakal golek dalan, supaya aku lan kowe bisa sesandhingan.” Raden mas Wirata saya kenceng anggone nggoceki tangane Swandari.
Nyai Badringah ethok-ethok ora ngerti menawa bocah loro kuwi pada ngucapake janji, nanging uga tetep ngawasi supaya kabeh lelakon iki ora konangan wong liya. Ya mung sak pinter-pinter bajing mlumpat ana wancine bisa tiba, semono uga Swandari lan Raden mas Wirata. Nalika pada glenak-glenik ana ngisor wit sawo, ora kejarak konangan mripat drengki lan sreine Tejawati. Kuwi dadi kalodhangane bocah-bocah kang meri mau kanggo nyingkirake Swandari.
TTTTTTTTTTTTT
“ Raden mas Wirata?” pambengoke Iswati. Tejawati nemplekake drijine ana lambene. “Ssssttt aja banter-banter mengko mundhak konangan wong liya.” Kandhane. “Eehh….eehh…..eeehh, jebula ora ngilo githoke bocah kuwi ya. Dipikire sapa dheweke kuwi wani nresnani pangeran trahing kusuma. Apa merga rumangsa paling ayu? Utawa rumangsa paling bisa. Pancen sing dipilih ki ya bagus tenan, ning aku ora bisa trima. Kudune ndoro den mas Wira kae ya entuke putri saka bupati nayaka kaya awake dhewe utawa sentana dalem kang isih trah.” Iswati gemreget kepengin supaya Swandari ditundung saka Kraton. Iswati banjur mbisiki Tejawati arep nyepakake rancangan kanggo mirangake Swandari. Tejawati manthuk-manthuk, banjur wiwit upek ana meja kang disediakake kanggo nulis. “Sing mbok karepke kaya ngene ta?”Tejawati takon marang Iswati. Iswati manthuk karo mesem. “Mati kowe saiki! Dasar cah ndesa.” Kandhane.”Saiki awake dhewe kudu golek uwong kang bisa dikongkon mlebu kasatriyan. Rak ora bisa awake dhewe sing ngeterke, kuwi pada karo asok nyawa.” Tejawati ngandani Isawati. “Piye nek prejurit sing jaga regol kae wae. Aku wis tau ngerti nek wong kuwi sok gladhen watang karo den mas Wirata, dadi mesthi ngerti lan ora bakal kleru. Tur ora ana kang bakal cubriya menawa wong kuwi kang nemoni den mas Wira. Lha wong encone latihan jare.” Iswati ngandhakake rancangane karo nudingi Sunggono sing lagi kejibah njaga regol bareng Maruto. Tejawati sarujuk. Bocah loro kuwi banjur nyedhaki Sunggono lan ngandhakake apa kang dikarepake. Sunggono sing ora duwe pikiran werna-werna sarujuk wae, dasare ya diopahi duwit rada akeh. Maruto nimbrung kepengin uga entuk bageyan dadi prejurit loro kuwi banjur mangkat ngleksanani apa kang diprentahake. Ananging nalika tekan regol kasatriyan Maruto kepengin ngerti isining layang para putri kang lagi kasmaran marang priyayi bagus sak njeron kasatriyan. Sunggono maune ora gelem, nanging Maruto meksa. “Ayo ta, Dhi. Nginjen sithik wae. Dadi suk nek aku kirim layang karo Lastri isa nurun tembung-tembunge kuwi lho.” Maruto mbujuki Sunggono. “Kowe ki mesti kaya ngono kuwi lho, kang. Ora becik nginjen darbek ing liyan. Apameneh layang katresnan. Aja… mengko ndhak tuman.” Wangsulane Sunggono. “Allaah, wong ya ra kelong we. Sithik wae ta, Dhi.” Pambujuke Maruto. Sunggono banjur gelem mbukakake layang kuwi amarga kanggone Sunggono layang kuwi isine dudu bab kang magepokan karo keamananing praja.
Maruto gela nalika layang dibukak jebul isine cekak aos lan ora nganggo kembangan kaya sing dikarepake. Isine layang mung “Kula ngentosi rawuh penjenengan wonten sak kidul pendapa mangke dalu tabuh 11. Kula badhe pasrah jiwa raga dateng penjenengan ndalem.” Sunggono gedhek-gedhek, jebul ana putri kang wani tumindak kaya ngono ing ngatase priyayi kang kagulang agama lan tata karma kok tumindak kang nerak angger. Sunggono saya kaget meneh nalika jebul jeneng kang ana layang kuwi jenenge Swandari. Sunggono banjur nggeret Maruto. “Ora sida wae, kang. Iki wong kang nerak angger. Menawa layang iki nganti tekan astane ndoro Wirata lan ditanggepi mesthi bakal ana kedadeyan. Yen nganti konangan, awake dhewe mesti katut-katut. Ayo bali wae.” Kandhane karo nggeret tangane Maruto. “Lha, tujune ta. Nek kowe mau panggah ora neliti layange apa ora tuna awake dhewe iki. Ya wis, mengko ethok-ethok wis diaturke, menawa jebul sing dijak kangsen ora teka. Pawadan wae yen mbok menawa ndoro Wirata lagi ora kepengin tindak bengi-bengi ndhak masuk angin.”Maruto nyambung guneme Sunggono. Sunggono manthuk.
Wengine udakara tabuh 11, Sunggono kanthi sesidheman marani panggonan kang tinulis ana layang mau. Dheweke ora percaya yen Swandari arep nglakoni tumindak kang nistha kaya ngono. Pancen kanggone Sunggono wis dudu barang anyar nalika para pangeran pada golek wanita kanggo nuruti hardening kanepsone. Ananging kanggone Sunggono mokal yen gusti Wirata lan Swandari nekad tumindak kang nerak paugeran lan angering agama. Apameneh Sunggono tepung rada raket karo gusti Wirata amarga kerep gladhen watang bebarengan.
Sunggono indhak-indhik saka suwaliking grumbul sak kidul pendapa mung kepengin mbuktekake apa ya sak nyatane wis rusak tenan tatanan ana kraton kuwi. Sunggono atine tab-taban nalika weruh ketebange Swandari kang saiki wus malih dadi wanita dewasa kang endah ing rupa. Sunggono uga kaget jebul tenan yen Swandari gandheng katresnan karo den mas Wirata kang uga bagus rupane. Kang ora dingerteni Sunggono, kenengapa Swandari wani nerak paugeran lan angering agama, kamangka sak ngertine Sunggono bapakne Swandari yaiku Sembego kang dadi dhuwurane banget anggone merdi agamane lan njaga banget tumindake.
Swandari katon lingak-linguk nggoleki denmas Wirata kang layange ditemokake ana ngisor lawang senthonge. Nanging Raden Mas Wirata ora katon. Swandari nunggu kanthi rasa goreh neng ati. Dheweke bingung keneng apa denmas Wirata kepengin ketemu ing wayah bengi kaya ngene. Sak tengahing rasa bingung Swandari krungu pambengoke Nyai Welasa “Swandari!” Sing rumangsa diundhang banjur noleh. Ndaheba kagete Swandari nalika Nyai Welasa lan bregada prejurit teka ana panggonan iku. Semono uga Sunggono ana papan pandhelike. “Ngapa kowe wengi-wengi kluyuran ana kene?” pitakone Nyai Welasa sora. Swandari ndhingkluk ora wani wangsulan. Iswati kang madulake polahe Swandari mbengok sora “Ya mesti tumindak murang tata. Genah wis wengi isih ngluyur, tekan papan kene mesti kangsenan karo wong lanang ta.”kandhane sora. “Ndhi denmas Wirata? Mbok delike ngendi. Kowe sakloron mesthi pada andhon tresna ta.” Panggetake Tejawati. Sunggono kang weruh kedadeyan kuwi wiwit mudeng menawa Swandari lagi dileboke wuwu dening cah wedok sak kloron sing mbayar dheweke. Sunggono ngunjal ambegan dhawa. Tujune dheweke ora sida ngekekake layang kuwi. Menawa tekan lan konangan yen Swandari ketemu karo Raden Mas Wirata mesthi kedadeyane saya ruwet.
Nyai Welasa lan Iswati banjur nglarak Swandari ana pendapa supaya diadili. Nanging merga wancine uwis wengi Swandari ming dibanda sak ngisoring wit asem gedhe sak cedhak pendapa. Sunggono bingung arep kepiye, arep ngeculake ora bisa. Swandari lan dheweke bakal nampa pidana abot amarga kaanggep duratmaka. Sunggono nyedhaki Swandari “Sssttt…sssttt, ndhuk Swandari.” Pangundange alon. Swandari mengo karo nyipitake mripate sing wiwit krasa abot. “ Kakang Sunggono!” wangsulane Swandari ora kalah lirih. Sunggono banjur nyedhak, “Ndhuk kowe lagi dipitnah karo wong kang julig. Nanging kowe aja kuwatir, aku kang bakal namengi kowe, ndhuk. Aku ora bakal ngrilakake yen kowe nganti dipidana amarga bocah-bocah wadon kae. Suk menawa kowe diadili, aku kang bakal ngakoni luput kang dituduhake marang kowe.” Ujare Sunggono. “Nanging kakang….”Swandari menggak ananging Sunggono ndelehake drijine neng lambene bocah wadon kang wus kaanggep kadange dhewe. “Percayaa karo aku ya, ndhuk. Merga aku wis janji marang awakku dhewe lan bapakmu, menawa ana sak mangsane kowe butuh apa-apa, aku kang bakal nulungi kowe.” Ujare Sunggono. Swandari nyawang Sunggono, sing disawang mesem.
Sunggono banjur ilang ana petenging wengi. Swandari ora krasa netesake eluhe. Dheweke krasa duwe kanca kang tenan-tenan gelem mbelani lan ngekeki pitulungan. Kuwi wis kang kaping pindho Swandari utang pitulungan karo Sunggono, kamangka anggone tepung Sunggono ya ming nalika dijak bapakne ana penginepan prejurit sak durunge di ngengerake ana kraton. Sunggono dhewe umure ora kacek adoh karo Raden Mas Wirata, mbok menawa tuwa Sunggono udakara telu utawa patang taunan. Mung Sunggono kulitane ora seputih den mas Wirata sak engga katon luwih dewasa lan luwih nglanangi. Rupane uga manis, apameneh menawa mesem. Awake gagah, gedhe, dhuwur ngungkuli bapakne Swandari. Dasare ya prigel anggone olah keprajuritan utamane tumbak, Sunggono dhadhane dadi ketok luwih jembar. Otote luwih pengkuh sajake uga luwih rosa menawa katandhingake prejurit liyane.
Swandari ming ora ngerti, keneng apa Sunggono rila mbelani dheweke kamangka dudu sanak, dudu kadang, nanging malah bisa ngayomi ngluwihi kadange dhewe. Wengi kang kekes duwe dongenge dhewe, nalika lintang kang abyor wiwit ilang kasaput mega. Swaraning cangak dibarengi semburat abang ana sisih wetan mretandhani menawa srengengene bakal njedhul nggenteni dina kang wus kawuri.
TTTTTTTTTTTTT
Raden mas Wirata katon tumungkul ana sak ngarepe keng ramane pangeran Puger[13], Kanjeng Ratu Retna Dumilah lan pangeran Purbaya. Pangeran Puger katon duka banget. Pasuryane abang mangar-mangar ngampet kabeh rasa ana dhadhane. “Kowe aja waton omong lho, nakmas. Aku ora tau ngajari anak-anakku omong goroh.” Pangeran Puger ngendhika sora. “Saestu rama. Kula mboten nate kangsenan kaliyan roro Swandari ing wanci dalu. Namung menawi pas badhe pencukan beksan kemawon. Menika ugi amargi kula lan piyambakipun dados pacangan menawi njoget.” Wirata matur apa anane ing ngarsane bapa, paman lan Kanjeng Ratu Retna Dumilah. “Pacangan beksa?” Kanjeng Ratu ndangu. “Inggih.” Wangsulane Wirata cekak karo nyembah. “Lha apa para gurumu ora pirsa utawa ora pana yen sliramu kuwi ora kena pepacangan karo emban utawa biyung abdi dalem?” Kanjeng Ratu mbacutake anggone ndangu. “Nalika semanten para putri saweg sami repot mbiyantu pasamuwan agung, eyang, kamangka wulan ngajeng kula lan roro Swandari kedah beksa wontening pasamuwan punika lan ndilalah lakon beksanipun Rama-Shinta.” Kandhane Wirata blaka. Sak nalika pasemone Kanjeng Ratu Retna Dumilah malih dadi abang, lan ambegane wiwit krasa abot. “Ora nakmas, iki aku omong pada dene wong lanang ya nakmas. Apa sliramu duwe rasa tresna marang roro Swandari ? Lan yen aku oleh ngerti, anggonemu sesambungan kuwi apa wis nganti tekan….” Pangeran Purbaya ndangu lan langsung ditrambul kanthi sampeyane Kanjeng Pangeran dirangkul dening Wirata “Mboten paman. Kula wantun sumpah menawi antawis kula lan roro Swandari mboten wonten kedadosan menapa-menapa. Kula akeni, menawi kula tresna dumateng roro Swandari, nanging tumindak ingkang nerak angger kula mboten wantun nglampahi.” Pangeran Purbaya ambegan lega.
Pangeran Purbaya banjur arep mbacutake ndangu Raden mas Wirata nalika prejurit kasatriyan nyuwun idhin dene ana prejurit saka keputren pengen sowan. Pangeran Purbaya maune ora kersa nemoni, ananging merga ana bab kang ana gandheng cenenge karo perkarane denmas Wirata, Pangeran Purbaya ngentukake prejurit kuwi marak.
Sunggono ngaturake sembah. Wirata kaget keneng apa Sunggono kang biyasane dadi kanca gladhen watangan sowan. “Sapa jenengmu lan ana perlu apa dene kowe marak sowan ing satengahing urusanku ? Apa bener sowanmu kuwi ana gegayutane karo perkara iki.” Pangeran Purbaya ndangu Sunggono. Sing didangu nyembah karo mangsuli “Leres, gusti. Nama kula Sunggono, kula prejurit bregada kang kajibah njagi keputren, sok wonten kilen nanging ugi asring wonten wetan. Kula menika taksih andahanipun lurah prejurit nama Sembego, inggih bapakipun abdi dalem keputren nama roro Swandari.” “Banjur apa gandeng cenengmu ing bab iki?” Saiki genti pangeran Puger kang ndangu. “Kula badhe njlentrehaken dene denmas Wirata lan roro Swandari menika mboten lepat. Ingkang ngintun serat dumateng roro Swandari menika kula.” Sunggono mbacutake ature. Mak prempeng pangeran Purbaya kaget lan dadi nesu. “Apa kowe uga duwe sambung katresnan?” pitakonane sora lan ora nganggo basa-basi. Sunggono nyembah “Mboten, gusti, kula mboten wantun. Ananging kula naming sak dremi kepengin tetulung dumateng roro Swandari. Matun-taun ngenger wonten ing mriki, nanging dereng nate pinanggih sudarmanipun mboka naming sepindah. Kedereng raos welas dumateng roro Swandari kang sak menika sampun ngancik dewasa, kula kepengin pinanggih lan mbok menawi kula saged dados tiyang ingkang nglantaraken raos kangenipun Swandari dumateng sudarmanipun, kula lajeng kumawantun ngirimi serat supados saged pinanggih, lan samangsa-mangsa saged madosi kula menawi badhe nitipaken serat kangge sudarmanipun. Menawi gusti mboten pitados, gusti saged pinanggih kaliyan ki lurah Sembego.” Ature meneh.
Pangeran Purbaya gedheg-gedheg, “Kuwi ora klebu nalar, Sunggono. Yen nganti kowe ngapusi, sirahmu kang bakal tak gatheng. Ning tenan, kowe ora tumindak reka-reka karo abdi dalem keputren kuwi?” Ngendhikane pangeran Purbaya sora. “Sak estu, gusti.” Ature manteb. “Kowe ngerti menawa tumindakmu kuwi nerak tataning kraton?” Pangeran Puger ndangu. “Ngertos, gusti.” Wangsulane Sunggono. Pangeran Puger kang wis ngampet nesu banjur ngutahake kabeh kanepsone ana Sunggono “Prejurit…cekelen pawongan iki, sabetana ping seket banjur pepenen limang dina suwene, supaya nggo pengeling-eling, yen ana prejurit kumawani jag-jagan ana keputren mesthi entuk paukuman.” Ngendhikane pangeran Puger sora. Sak jane anggone ngukum Sunggono kedereng rasa lingsem marang putrane sing wis mirangake asmane amarga nresnani lan duwe sesambungan karo abdi dalem. Sunggono banjur digawa ana alun-alun, lan sak wise di sabeti gegere Sunggono dibandha ana sak tengahing alun-alun. Panase srengenge semelet krasa panas ana ing awake Sunggono, gegere kang uga tatu krasa kaya disuwek-suwek, nanging kabeh mau kanggone Sunggono ora penting lan uga ora dirasa. Sing baku Swandari slamet lan ora perlu dipidana abot.
Pangeran Puger uga midana putrane dhewe kanthi ukuman kurung ana kasatriyan suwene nganti denmas Wirata didhaubake karo wanita pilihane sudarmane. Kanjeng Retna Dumilah lan Pangeran Purbaya banjur pamit amarga perkarane uwis rampung. Swandari dhewe ora banjur diculake ananging uga dikurung nganti Kanjeng ratu Retna Dumilah uwis lega lan bisa ngapura. Bab iki mesti wae ora dikarepake dening Iswati lan Tejawati amarga kepingine Swandari ditudung utawa dipidana abot.
TTTTTTTTTTTTT
Nyai Badringah tumungkul ana sak ngisoring sampeyane Kanjeng Ratu Retna Dumilah. “Kabeh underane perkara iki ya amarga tumindakmu Nyai. Aku wis makaping-kaping weling supaya kowe njagani bocahku emban kae. Ananging kowe ora maelu apa kang dadi karepku, kuwi ateges kowe wani karo aku.” Ngendhikane Kanjeng ratu Retna Dumilah sora. Nyai Badringah nangis ana dlamakan sampeyane Ratu Retna Dumilah. “Kula nyuwun samodra pangaksami, gusti. Inggih kula ingkang klentu. Nanging kula mboten mentala ningali lare menika kasmaran dateng denmas Wirata.” Ature Nyai Badringah. “Oooaalllaah, Nyai…Nyai. Kowe kuwi uwis tuwa lan ora wancine mikir bab-babe bocah enom kang lagi wae megar kuncupe. Aku kepengin bocah kuwi tetep prawan nganti wanci kang tak temtokake. Kowe kudu ngerti, anggonku nggladhi bocah kuwi luwih saka liyane amarga aku nggadhang yen mbesuke bocah kuwi migunani tumraping bangsa lan Negara. Aku ora mulang bocah kuwi supaya dadi bojone pangeran. Aku mulang bocah kuwi supaya uripe bisa dienggo ngrungkepi tegaking Negara. Saiki pikiren, kabeh wong wadon ana ing kraton iki mung repot mikir piye ngudi salira, nanging ora tau mikir kepiye carane supaya para kawula kuwi uripe cukup, bisa duwe pengarep-arep lan anak-anake bisa digulang kanthi pantes, sak enggo kabeh bisa maca, nulis lan merdi kabudayane. Lha kok pikiranmu cupet banget, nalarmu uga ora mlaku. Yen ho oh, Swandari dadi selire denmas Wirata, banjur meteng, duwe anak, njuk kabeh keprigelane kuwi arep dienggo apa? Kabeh kuwi ana wancine, menawa uwis duwe lelabuh kang gedhe marang negara, yen banjur arep urip bebrayan kuwi kena-keno wae. Nanging samangsane isih enom, kudu duwe labuh labet kang migunani tumraping para kawula, bangsa lan negarane. Aja isih kudhup durung megar byak wis dipethil utawa dipunthes.”Kanjeng Ratu Retna Dumilah mbacutake pangandhikane. Nyai Badringah ora wani wangsulan.”Aku wis duwe rancangan kanggo bocah kae. Dadi aja mbok ingerake pikire, utawa wiwit saiki kowe ora kena gepok senggol meneh karo roro Swandari. Aku ora lila menawa wanita mung didadekake kasur ana kraton iki. Bener aku uga ngudi salira kaya umume wanita, bener aku uga leladhi marang guru laki, nanging aku duwe gegayuhan kang luwih gedhe tinimbang mung golek kalenggahan lan kuwasa. Aku uga duwe gegayuhan kang luwih dhuwur tinimbang mung nggunakake kuwasa kanggo nguja kesenengan. Aku kepengin Mataram kuwi ngluwihi Majapahit, kang bisa nguwasani saweneh wewengkon, nyawijekake nuswantara lan makmurake para kawula. Sak enggo wong-wong saka manca ora sak kepenake ngejag-jag bumi wutah getihku iki. Aku uga duwe impen yen Mataram bisa duwe kapal-kapal gedhe kang kuwat kanggo ngubengi segara sejagat lan bisa marani panggonan-panggonan kang durung kaambah bangsa-bangsa liya. Aku uga pengin, kabudayane awake dhewe iki kawentar sak donya, sukur bisa ngrembaka sak engga wong-wong manca gelem uga nyinau lan urip kadya dene wong-wong Mataram kene. Kudune kowe uwis luwih pana bab-bab kuwi ing atase kowe ki sawijining empu. Kowe ngerti menawa kabudayanmu kuwi kebak piwulang lan tatananing urip kanga di luhung.” Kanjeng Ratu ngendhika meneh. Nyai Badringah kaget krungu apa kang dadi pengarep-arep ratu gustine. Nyai Badringah dadi isin geneya pikirane mung sakutheking urip bebrayan. Kamangka sak jane kanjeng Ratu uwis mercayakake lestarining budaya kraton mligine joged Mataram ana tangane. Joged kang digagas bisa dadi dasaring tumindake para abdi, sentana dalem, uga dadi sarana kanggo mulang bab-bab kang dadi alam pikire wong jawa kabeh.
Nyai Badringah banjur kelingan dene ing pasamuwan agung kang bakal diadhani mengko, Kanjeng Panembahan Senapati kepengin ana joged kang bisa diagem kanggo nganthi upacara-upacara gedhe. Joged kuwi mengkone bisa dadi gegebenganing kabudayan ing Mataram. Kanjeng Panembahan nggagas anane Bedhaya kang ditindake putri-putri cacah sanga utawa pitu kang isih suci[14].“Lajeng kadospundi ngengingi beksan bedhaya ingkang pun gagas kanjeng Panembahan, menapa kula ugi mboten pikantuk cawe-cawe malih?” Nyai Badringah nyuwun pirsa kanthi rasa wedi. Kanjeng Ratu Retna Dumilah mung ngunjal ambegan. “Yen kuwi, kabeh tetep dadi jejibahanmu. Ananging aku dhewe ora ngerti, apa ya kelakon bisa rampung anggone ngripta ngelingi saiki Kanjeng Panembahan wis wiwit sepuh lan uga gerah-gerahen.” Nyai Badringah mung bisa melu prihatin amarga rancangan joged bedhaya iku pancen ora gampang. Ana pasamuwan agung mengko arep coba dipentasake amarga ya ana pasmuwan kuwi mengkone Pangeran Adipati anom arep mbiwarakake raden mas Jatmika kaakoni putra dalem lan bakal diparingi asma anyar yaiku Raden Mas Rangsang.
Amarga perkarane denmas Wirata, kanjeng ratu Retna Dumilah kang kejibah nyepakake pasamuwan uwis mbatalake kabeh beksan kang pepacangan, dadi mengkone mung ana beksan kakung, beksan putri, beksan Rangkit[15] lan bedhaya. Swandari uga kedhapuk dadi jangga ana ing bedhaya kuwi mau.
Bedhaya kang coba karipta dening kanjeng Panembahan Senapati kuwi simbol saka jagad alit, lan anane 9 penari kuwi uga symbol babahan hawa sanga, uga simboling perangan awak kayata sirah, awak, lengen, sikil, lan panca indraning menungsa. Angka sanga kuwi ora teges tanpa makna amarga nggambarake kasampurnaning uriping manungsa.[16] Uga mujudake fungsi kang beda-beda kayata perangan awak kuwi mau. Ana endhel, batak, jangga, dhadha, apit ngajeng, apit wingking, endhel wedalan ngajeng,endhel wedalan wingking lan buntil.
Bedhaya iki uga lambang manunggaling kawula Gusti. Lan gegambarining uriping manungsa wiwit lair tekane pati. Gagasan kuwi bakal diwedharake ana ing ragam lan unsur geraking badan lan komposisi kang endah, ing pangajab bisa dadi jogged kanggo upacara-upacara gedhe.
Bedhaya kaangkah dening Kanjeng Panembahan bisa dadi beksan kang sakral, sak enggo maneka werna sajen kudu uga dicepakake. Para penarine uga uwis kudu nyepakake ora mung salirane ananging uga rohanine, sak enggo sangang ndina sak durunge beksa, kabeh kudu nglakoni pasa lan prihatin, semono uga Swandari.
TTTTTTTTTTTTT
Tempuking gawe kabeh wis cumawis. Para penari bedhaya rambute uwis dikramasi resik banjur wiwit diratus. Iswati mangkel dene dheweke ora bisa melu njoged amarga ndilalahe pas tempuking gawe dheweke ora suci sak enggo ora kena njoged bedhaya. Panggonane uwis diganti penari liyane, sawetara kuwi Swandari kang wis diapura dening Kanjeng Ratu Retna Dumilah kedapuk dadi jangga kang duwe jejibahan abot ana ing lakon kuwi. Sawernaning boreh lan lulur dileletake awake Swandari sak kanca supaya kulite katon mencorong nalika mengko beksa ana ngarsane Kanjeng Panembahan Senopati sak putra, sentana lan abdi dalem kraton kabeh.
Swandari katon ayu banget nalika rampung dipaesi lan wiwit ditempleki prada. Dasar wis ayu rupane, didandani kaya manten mono pamore pecah sak enggo manglingi sok sapa wae kang tepung marang dheweke. Ulupi kang kedapuk dadi buntil uga gumun dene Swandari bisa malih dadi saya manis lan ayu banget.
Kanggo joged bedhaya kabeh penari pakeyane utawa penganggone digawe kembar. Busanane nganggo model paes ageng. Kampuh kang kanggo nutupi salira kagawe saka bathik semen kang diprada nganggo emas 24 karat. Bathik semen kuwi motif kang isine maneka werna gambar tandhuran lan kewan. Sak liyane kuwi uga ana ornament kang kagambar uga ana kono yaiku gurdo, lar, uwit hayat, meru, ilating geni lan maneka kewan sikil papat, manuk, dampar uga bangunan omah. Isen-isenan arupa cecek lan sawut.[17] Semen dhewe duwe makna semi kang ateges wiwit saka wiji tekane dadi uwit kudu karumat kanthi becik supaya bisa tuwuh dadi tandhuran kang migunani tumraping kawula kabeh. Dadi kanggone sok sapa wae kang mirsani bedhaya kang busanane migunakake kampuh ageng bisa sinau alam pikire wong Jawa. Amarga busana kuwi anggambarake uriping menungsa wiwit dilairake nganti tekaning urip ing alam kalanggengan manunggal karo Gusti kang murbeng dumadi. Gegambaran iku bisa katitik wiwit cilik menungsa digulang maneka werna kebecikan kang mbesuke migunani ora mung kanggo uripe dhewe ananging uga kawula liyane. Sak enggo nalika mengkone karacut ing alam kalanggengan manungsa uwis cukup nduweni amalan supaya bisa katampa dening Gusti Allah, pangeran kang akaryo jagad.
Sak liyane kampuh, para penari uga ngagem tapih utawa jarit batik parang rusak. Motif kang uga karipta dening Kanjeng Panembahan Senapati nalika nenepi ana gisiking samodra kidul. Panembahan Senapati ngripta motif parang amarga mirsani perengane pegunungan kidul kang ana sak pinggiring segara. Banjur udhet cinde, slepe uga keris. Keris iku mengkone bakal dianggem ana ing babak peperangan sarta nggambarake peperangan antarane nafsuning menungsa lan swara batine kang murni, uga nggambarake emansipasining wanita ing babagan bela negara.
Kabeh karacik kanthi atut, runtut lan becik. Sak enggo kabeh penari katon ayu kaya manten para putri. Nalika suluk dibawani lan para penari wiwit kapang-kapang munggah pendapa, para tamu kang rawuh ngungun mirsani perbawa kang kegawa ana ing beksan bedhaya kuwi, apameneh para penari kang njoged ana pendapa banget marak ati lan mranani. Apameneh Swandari kang dadi ratuning panggung. Kabeh upayane ajar njoged saiki bisa kelakon dipirsani para penggedhe praja. Semono uga denmas Wirata kang uga entas beksa, beksan Rangkit lan mung bisa nyawang Swandari saka kadohan. Atine remuk rempu merga ora bisa nyandhing gegantilaning atine lan saiki mung bisa nyawang saka kadohan. Apameneh wektu kuwi dandanane Swandari persis kaya penganten kraton, gelung bokor, paes ageng, cundhuk mentul kang kaya ngawe-awe, marai rasane denmas Wirata ora kuwawa nyangga rasa gela merga kapedhotan tresna.
Bedhaya kang kagelar ana kraton kuwi entuk pangalembana saka para tamu kabeh. Ragam lan makna kang luhur saka beksan iku nuwuhake rasa kang agung amarga laras karo sak kabehing perangan sing nyengkuyung pagelaran iku. Sak liyaning gebyaring busana lan swaraning gamelan sing ngangkang, ketambahan swara tambur, uga luwesing para penari, ana rasa kang beda, semlempit ana ing telenging atine para pamirsa. Kanggone kang duwe ngelmu batin, pagelaran kuwi kaya ora sak baene beksan biyasa ananging ana perbawa saka ambune segara, gulungane ombak, angin, wedi lan kabeh perangane kekuwataning jagad saka pesisir kidul lan nalika babak kang nemtokake, penari cacah sanga kuwi kaya dikanthi penari kang kesepuluh ananging ngagem busana kang sarwa ijo gadhung mlathi. Kanggone kang percaya lan bisa weruh, kaya ratu kidul rawuh lan melu ing ombyaking ragam gerak kang ditindake para penari. Kuwi uga kang marai pegeleran iku katon mistis, sakral lan kebak perbawa. Kabeh uwong marem marang pagelaran kuwi.
Kanjeng Panembahan Senapati dhewe uga rena dene kabeh kang dadi gegadhangane bisa kaleksanan. Ora ming merga endahing beksa kang kagagas lan karipta kang nuwuhake pangalembana, ananging beksan Bedhaya iki kanggo nutup kabeh upacara kang wis lumaku dene Pangeran Adipati anom wis nampa Raden mas Jatmika dadi putrane sing diakokake saka garwane Dyah Banowati. Sak enggo Panembahan Senapati ora abot meneh penggalihane amarga Pangeran Adipati Anom ora peputra kakung. Sak ora-orane ana raden mas Jatmika kang wus dewasa lan bisa nggenteni keng ramane sak mangsa-mangsa Adipati anom kena rubeda.
Pasamuwan ageng kuwi rampung kanthi becik lan agung, para kawula kabeh ngalem dene apa kang diladhekake maremake. Ya tontonane, ya suguhane, ya samubarang kang dadi perangane pasamuwan. Ananging Kanjeng Ratu mas katon cuwa dene kalah sajangkah saka marune. Wiwit ing dina pasamuwan kuwi Kanjeng Ratu Mas lan Pangeran Adipati Anom wiwit ngrancang kacilakane Raden Mas Jatmika kang wus salin asma Raden Mas Rangsang. Bab kuwi mesthi wae wus dipenggalih dening Kanjeng Panembahan Senapati, sak enggo nalika pasamuan rampung Kanjeng Panembahan Senapati langsung utusan Pangeran Purbaya supaya bali nyigidake Raden Mas Rangsang. Panembahan Senapati wus pirsa rancangane Pangeran Adipati anom lan biyunge menawa arep nyilakakake rayi dalem ananging sak suwene Kanjeng Panembahan isih sugeng kuwi tangeh lamun bisa kasil.
Kanjeng Ratu Retna Dumilah uga duwe penggalihan sing pada karo kakunge, mula banjur wiwit ngimpun para prejurit Kenya kanggo njagani keslametane keng putra. Para prejurit Kenya kuwi cacahe patang puluh lan dipandhegani dening Swandari lan Ulupi. Nalika pasamuwan agung Swandari lan Ulupi kang kajibah njoged ana pendapa agung utawa Gedhong kuning, uga kajibah njagani Raden Mas Rangsang saka ngarep, sak engga menawa Pangeran Adipati Anom ngarah cilakane Raden Mas Rangsang Swandari lan Ulupi duwe kalodhangan luwih mirunggan kanggo nylametake Raden Mas Rangsang. Panggonane ana sak dhuwuring pendapa uga nggampangake Swandari ngawasi sakupenging papan anggone lenggah Raden mas Rangsang.
Kalodhangan iku uga kang marai raden mas Rangsang lan Swandari ketemu meneh. Mbiyen pada-pada isih cilike, saiki raden mas Rangsang wis dewasa lan dadi priya kang gagah pideksa, tur bagus ing rupa, ora beda karo denmas Wirata, ya pancen dasare isih kepetung pamane. Raden mas Rangsang uga capet-capet kelingan menawa kang dadi jangga ana beksan Bedaya iku abdi dalem cilik ana keputrene ibune. Jebul saiki wis ngancik dewasa lan endahing rupa. Beda karo nalika isih cilik mbiyen. Kuwi kang sok marai Raden Mas Rangsang banjur nglirik lan mesem manis, sajake uga kepranan. Ananging Swandari kang wis pinercaya Kanjeng ratu kanggo njaga, ora kober duwe pikiran werna-werna, ya mung mbatin yen putrane Kanjeng ratu wis tambah dewasa lan bagus ing rupa, mula kanjeng ratu banget anggone njaga keslametane.
TTTTTTTTTTTTT
Let limang sasi saka pasamuwan, Kanjeng Panembahan Senapati ngersakake tindak pesiar ana sak njabaning kraton. Ananging nalika tekan desa Kajenar, gerahe kumat. Para sentana lan nayaka kang ngiring tindake banjur mulasara Kanjeng Panembahan ana salah sijining warga desa kono. Kanjeng Panembahan kang wus sepuh lan gerah kaya wus ora kuwat ngglawat. Pangeran Purbaya kang ngiring tindake banjur ditimbali. Sak drunge seda, Kanjeng Panembahan weling marang pangeran Purbaya supaya njaga rayi dalem Raden Mas Rangsang lan bisa jumengake dadi Ratuning Mataram. Nalika Kanjeng Pangeran nyuwun pirsa bab raden mas Jolang, Kanjeng Panembahan ngendika “Sak karepmu anggonmu ngiguhke. Nanging kang kudu jumeneng nata kuwi Rangsang, amarga Jolang ora sejatine lanang. Aku ora kok cubriya bab anakke wedhok Jolang, ananging aku ngerti sak ploke Jolang kalah perang mungsuh pamane, Jolang wis ora bisa madheg jejering priya. Aku titip Mataram marang kowe, merga kowe putraku sing paling tak percaya sak liyane Rangsang.” Pangeran Purbaya manthuk lan sumpah ana ing ngarsane Kanjeng Panembahan. Rampung anggone mirengake sumpahe Pangeran Purbaya, Kanjeng Panembahan Senapati seda.
Mataram kaya kalimput mendhung kang peteng nalika kabar sedane Kanjeng Panembahan tekan ing Kraton. Kanjeng Ratu Mas wola-wali ora emut. Kanjeng Ratu Retna Dumilah, lan Nyai Adisara garwa ampe sang Panembahan cancut kanggo nyepakake uba rampe kang dibutuhake kanggo upacara nyarekake layone Kanjeng Panembahan. Para putra lan putri dalem uga wis ketok pada tugur, sak liyane Gusti Pembayun kang uga wis seda konduran setahun sak durunge. Para Adipati, bupati nayaka lan sentana dalem uga pada layat lan ndedonga murih Kanjeng Panembahan Senapati bisa tentrem ana ing alam kelanggengan lan kabeh amal ngibadahe katampa Gusti Pangeran kang akarya jagad.
Layone Kanjeng Panembahan Senapati banjur disarekake ana sisihe Panembahan Pemanahan keng ramane. Kraton dadi krasa mamring nganti patang puluh dinane Kanjeng Panembahan. Swarane tahlil lan donga ora kendhat sak suwene tugur. Ananging sesembahan anyar kudu ndhang dijumengake supaya kahanan negara uga or banjur owah lan gingsir. Pangeran Purbaya kang isih nandhang duhkita banjur wiwit nglumpukake para sepuh lan para pangeran kanggo ngrembug bab jumenengane pangeran Adipati anom. Nanging kabeh ora mulus kaya kang dikarepke Pangeran Purbaya. Pangeran Puger ora sarujuk menawa Pangeran Adipati Anom kang dijumengake ngentosi keng ramane. Kang ndadekake Pangeran Puger ora sarujuk menawa Pangeran Adipati Anom nggentosi keng ramane amarga Pangeran Adipati Anom kaanggep ana gayutane karo anggone Adipati Pragola ngraman. Sak liyane kuwi Pangeran Adipati Anom uga ora bisa nyidhem pamane malah marai prejurit Mataram bubar mawut ora karuwan. Pangeran Puger uga rumaos dadi putra paling sepuh sak engga kaanggep luwih nduweni hak dijumenengake nggentosi Kanjeng Panembahan Senapati.
Para sepuh lan para pangeran liyane ora kabeh nunggal penemu karo pangeran Puger amarga pangeran Puger mung putra saka garwa ampe. Pangeran Puger duka nalika mung kaanggep putra selir banjur ninggalake papan pakumpulan kuwi. Pangeran Purbaya mung mendhel wae sajake wis ngira menawa bakal ana kedadeyan kaya mengkono. Pakumpulan dibacutake lan banjur katetepake dene Pangeran Adipati Anom bakal dijumenengake nggentosi ingkang rama. Pangeran Purbaya lan pangeran-pengeran liyane jengkar saka panggonan pakumpulan lan wiwit nyiapake apa wae kang diperlokake kanggo upacara jumenengan.
TTTTTTTTTTTTT
Keputren kulon katon siyaga sak wise Kanjeng Pangeran Adipati Anom dijumenengake lan ngagem gelar Panembahan Hanyakrawati. Dasare wis wiwit Kanjeng Panembahan Senapati isih sugeng, Panembahan Hanyakrawati lan kanjeng ibune ora patiya cocok karo kabeh garwa-garwane keng ramane. Mula pangeran Purbaya uga banjur nyiagakake sadengah prejurit kanggo nguwati keputren. Dalem-dalem para pengeran uga dijaga awan bengi. Kabeh dilakoni supaya kahanan tentrem, para kuwula tetep bisa nglakoni uripe kaya adat sabene tanpa ana rubeda utawa ancaman amarga anane suksesi.
Para prejurit Kenya uga wiwit ngayahi jejibahane golek sisik melik lan njagani para priyayi kang dadi tanggung jawabe. Semono uga Ulupi lan Rukmi. Loro-lorone kejibah njaga Kanjeng Ratu Retna Dumilah lan pangeran Pringgalaya kang saiki uga manggon ana sak cedhak kono sawetara wektu amarga sak wise kanjeng ramane seda, pangeran Pringgalaya uga sumelang marang keslametane ibune. Sawetara Swandari ngetutake raden mas Rangsang kang banjur ngilang sak bar jumenenangane Panembahan Hanyakrawati.
Awan kuwi ing satengahing mangsa ketiga kang panas ngglanthang, sumur-sumur wis pada wiwit garing. Pang lan gegodhongan uga pada gogrok kurang banyu. Ulupi lan Rukmi kang lagi wiwit reresik pendhapa krungu swaraning jaran sak ngarep regol, sajake ana pawarta kang digawa saka adoh kanggo Kanjeng Ratu Retna Dumilah. Ulupi lan Rukmi banjur age-age methukake wong kang nunggang jaran kuwi mau. Jebul bener, pawongan kuwi wus sasat ora rupa amarga raine gluprut kena bledug. Ulupi banjur ngewangi nuntun jarane, Rukmi uga banjur nulungi ngulungake lap teles kanggo ngresiki rai, tangan lan sikile gandhek kuwi mau. Sak wise uluk salam, gandhek mau ngandhakake keperluwane sowan ana kono. Rukmi lan Ulupi manthuk lan ngeterake gandhek kuwi ana paseban. Kanjeng Ratu Retna Dumilah sajake lagi rada ora kepenak awake sak engga pangeran Pringgalaya lan pangeran Juminah kang ndilalahe uga ana kono niliki ibune, sing nemoni gandhek iku.
Pangeran Juminah ndangu gandhek kang seba bab keperluwane mara ana kono. Gandhek kuwi nyembah banjur matur “Kula utusan saking Demak. Kautus ngaturaken serat saking pangeran Puger kagem Kanjeng Ratu Retna Dumilah.” Kandhane karo ngaturake layang kang digawa adoh-adoh saka Demak. Pangeran Pringgalaya banjur nampani layang kuwi. “Yoh, layang iki dhak tampa. Menawa kowe butuh wangsulane, dhak parengake nunggu ana papan kang wus dicawisake. Reresika lan ngasoa dhisik, supaya aku bisa ngaturake layang saka kangmas Puger ana ngarsane Kanjeng ibu.” pangeran Pringgalaya ngendhika alus. Gandhek iku nyembah. Pangeran Juminah banjur ngawe Ulupi lan Rukmi supaya marak. Ulupi lan Rukmi banjur ngadhep karo nyembah “Ndhuk, duduhna panggonan kanggo ngaso lan reresik. Cepakno mangan lan ngombene sisan, mesake adoh-adoh saka Demak yen nganti kapiran. Ladenana kanthi becik, aku tak sowan Kanjeng Ibu.” Ngendhikane pangeran Juminah. Ulupi lan Rukmi ngeturake sembah karo matur “Sendika, pangeran.”
Ulupi lan Rukmi banjur ngeterake gandhek mau ana senthong mburi kang pancen disediakake kanggo para gandhek saka manca Negara. “Mangga ki sanak. Menika papan kangge ngaso, menawi badhe siram ruminyin, jedhingipun wonten sak wetan sumber menika.” Ulupi kandha marang tamune. “Menika ugi wonten ageman kangge gantos. Mangke menawi sampun siram, daharan ke sanak kula cawisaken wonten senthong penjenengan.” Rukmi nambahi karo ngulungake sak prangkat sandhangan kanggo pawongan kuwi. Pawongan kuwi ketoke seneng banget amarga anggone mara ditampa kanthi becik lan diladheni lumrahe tamu sing diurmati. Ulupi lan Rukmi banjur pamit arep mbacutake ayahane, nanging mesthi wae mripate bocah loro kae tetep nguwasake tamune, amarga piyea wae tamune kuwi bisa wae dom sumuruping mbanyu kang diutus kanggo golek sisik melik utawa kanggo gawe cintrakane bendharane.
Gandhek iku aran Suwela, umure udakara 24 taun. Ana Demak Suwela jago nunggang jaran, mula rada ketengen karo PangeranPuger. Mula yen ana bab-bab kang Wigati, Suwela kang kautus ngrampungake. Suwela uga dadi kapercayane denmas Wirata.
Suwela banjur adus kaya kang diprentahake Kanjeng Pangeran Juminah. Suwela ngrasakake dene banyune Mataram karo Demak nyata banget bedane. Banyune Mataram krasa anyes lan seger ana awak. Beda karo banyu Demak sing sok krasa yiyit ana awak. Banyu kang krasa anyep kuwi marai kabeh kesel-kesel lan rasa lungkrahe ilang. Apameneh ana jedhing disediyani sabun saka maneka werna empon-empon, sak liyane wangi uga ngilangi kabeh rasa jimpe. Sak wise reresik lan andukan, Suwela nganggo klambi ganti kang dicepakake ana kono. Surjan lurik kang ditenun alus sak engga plek neng awak, jarite uga batik kang kagawe saka mori sing apik dadi krasa alus ana kulit. Suwela kang lair lan gedhe ana Demak lagi saiki bisa ngrasakake menawa barang-barang utawa sandhangan ana Kuthagara kuwi pancen seje yen dipandhingake karo barang-barang saka pesisir lor. Kabeh sarwa alus, kabeh sarwa endah.
Suwela banjur mlebu senthonge arep leren lan ngaso, sak wis meh telung ndina ana geger jaran, boyoke krasa keju. Nanging nalika mlebu senthong jebul uwis disediani mangan. Lawuhe pindang endhog, sambel goreng tempe lan tahu kang kaya diwenehi blondo kambil aran areh. Banjur ana siji panganan kang rupane soklat, rasane legi nyamleng, enak lan mirasa. Yen ndeleng bentuke kaya-kaya digawe saka nangka enom utawa gori. Suwela mikir, apa iki kang diarani gudheg kae. Miturut kanca-kancane prejurit kang digawa Pangeran Puger saka Mataram kene, ana panganan kang kawentar aran gudheg kuwi mau. Jare mbiyen nalika Panembahan Pemanahan mbukak alas Menthaok, akeh ditemokake wit kambil karo nangka. Sak engga para prejurit rumangsa eman-eman yen woh nangka enom aran gori kuwi mung kebuwang muspra. Banjur ana kang adha-adha supaya gori kuwi disanteni,dimangsak kanggo lawuh mangan lan dibumboni gula jawa, uyah sarta maneka werna bumbon liyane. Merga butuh wektu suwe kanggo ngempuke gori mau, supaya ora gosong para prejurit kudu terus ngudheg mangsakane kuwi sak enggo ketelah gudeg saka tembung hangudheg. [18]
Sak wise mangan, Suwela banjur ngaso. Peturone kang resik lan dispreini nganggo batik uga krasa anyep, mripate Suwela krasa abot lan mak ler blas, Suwela ilang ana ing alam ngimpi. Embuh pirang jam anggone turu, nalika nglilir sajake wengine wis lingsir. Suwela tangi mak gregah banjur nggagapi klambi regede sing diklumbrukake ana pojok senthonge. Dheweke kelingan yen uga dititipi laying dening raden mas Wirata kanggo abdi daleme Kanjeng Ratu Retno Dumilah aran Swandari.
Suwela mbukak lawang senthong karo isih kriyip-kriyip. Rada gagap-gagap merga peteng. Ulupi kang kajibah jaga, kaget weruh ketebange Suwela metu ing tengah wengi. Ulupi banjur takon “Badhe tindak pundhi ki sanak?” Sing ditakoni kaget. “Anu nimas…..kula kepengin pinanggih salah setunggaling abdi dalem mriki kang nama Swandari.” Kandhane lirih. “Lha kersanipun?” Ulupi bali takon.”Nanging menika wigatos sanget nimas, sampun ngantos kenangan tiyang sanes. Menika weling saking denmas Wirata.”kandhane meneh. Makdheg atine Ulupi krungu asmane denmas Wirata. Ulupi ngerti banget menawa sak bar kepedhotan tresna saka denmas Wirata, sasat tatune Swandari durung ana tambane. Saiki ana weling kang digawa saka Demak. “Ki sanak, sejatosipun Swandari sampun dangu mboten kajibah wonten keputren mriki. Kula mboten mangertos sak menika dunungipun wonten pundi. Nanging menawi penjenengan pitados, serat menika saged pun titipaken kula. Kula mboten badhe criyos kaliyan tiyang sanes, lan sak wanci-wanci kula pinanggih Swandari, serat temtu kula sukakaken dumateng piyambakipun.” Ulupi wangsulan alon. Suwela sajak mangu-mangu, nanging piyea wae dheweke kudu entuk gawe. Ora akeh kang bisa dilakoni sak engga dheweke banjur manthuk. Layang dipasrahake marang Ulupi banjur Suwela bali ana senthonge sak wise ngaturke panuwun.
Ulupi nyawang layang ana tangane lan buntelan cilik kang dititipake Suwela. Atine bingung ananging uga mesakake karo Swandari. Nalika isih mikirake apa kang bakal ditindake, sak klebatan ana wewayangan ireng kang nrambul, nrabas mlebu banjur ngrebut layang lan buntelan ana tangane Ulupi. Ulupi kaget. Saknalika Ulupi banjur ngoyak pawongan sing nganggo sandhangan sarwo ireng kuwi, kang mlayu nurut pinggiring tembok. Ulupi nututi. Nilik carane mlayu lan ngrampas barang saka tangane Ulupi, Ulupi ngerti yen pawongan kuwi nduweni ngelmu kanuragan kang dhuwur. Suwela kang krungu swara jangkahe sikil, metu saka senthonge. Suwela weruh yen Ulupi lagi ngoyak duratmaka, Suwela melu ngewangi ngoyak. Ulupi banjur mencolot, nggulung awake lan ngliwati pawongan kang menganggo sarwa ireng banjur ngadheg ana ngarepe, nyandhet playune. Pawongan kuwi mandheg. “Sapa kowe?”pitakonane Ulupi. Sing ditakoni ora mangsuli malah langsung ngantem dhadhane Ulupi. Ulupi kasil endha. Wong loro banjur padha gelut. Suwela kang kasil ngoyak, ngewangi Ulupi arep ngrangket duratmaka. Ananging jebul duratmakane luwih unggul ing ngelmu kanuragan lan ngelmu olah gegaman. Suwela lan Ulupi keteter. Duratmakane kasil nyurung Ulupi nganggo ngelmu kanuragan kang ora bisa diendhani utawa ditahan marang Ulupi sak enggo Ulupi kesurung lan tiba krengkangan nabrak Suwela. Nalika wong loropadha tiba, kalodhangan kuwi digunakake duratmaka kuwi kanggo mlayu lan ngilang ana sewaliking wengi kang peteng.
Ulupi legeg, atine mangkel merga ora bisa nyekel duratmaka kuwi. “Nimas, penjenengan rak mboten menapa-menapa, ta?”pitakone Suwela karo ngewangi Ulupi tangi saka anggone tiba. Ulupi gedheg. Ulupi ora wani blaka marang Suwela yen layang uga barang titipane Suwela ilang digondhol duratmaka mau. Ulupi mung janji marang awake dhewe menawa arep nggoleki duratmaka kuwi lan ngrebut apa kang dadi hake Swandari. Ulupi lan Suwela banjur nembus petenging wengi bali ana panggonane dhewe-dhewe. Ana ing njero ati Suwela meneng-meneng ngalem keprigelane Ulupi ngadhepi duratmaka mau. Ulupi lan dheweke kalah amarga pancen duratmaka mau wong kang dhuwur samubarang ngelmune. Duratmaka kuwi cetha dudu tandhingane Ulupi lan Suwela.
TTTTTTTTTTTTT
Kanjeng Ratu Retna Dumilah lukar busana ireng-ireng lan bali ngagem ageman kang biyasane. Ana ing astane layange denmas Wirata digegem kenceng. Penggalihe lega dene Kanjeng Ratu kasil ngrebut layang kuwi saka Ulupi. Ananging Kanjeng Ratu ngrasakake menawa gelut karo bocah enom pancen nguras tenagane, ya mung merga ngelmu kanuragane luwih ampuh tinimbang bocah emban kuwi, Kanjeng Ratu kasil lolos saka pangoyake Ulupi. Saiki ana astane ana rong layang. Sing siji layange pangeran Puger, sing siji layange denmas Wirata. Alon-alon Kanjeng ratu mbukak layange pangeran Puger sinambi lenggah ana peturon. Surasane layang kuwi, pangeran Puger kepengin ngampil prajurit Kenya kang digladhi Kanjeng Ratu Retna Dumilah kanggo dadi bedhaya lan pengiring mantene denmas Wirata. Wirata bakal kadhaupake karo Rukti putrane putri bupati nayaka. Pengiring prajurit Kenya kuwi uga panyuwunane calon temanten putri amarga penganten putrine uga tau digladhi bareng prejurit Kenya liyane. Kanjeng Ratu Retna Dumilah ngunjal ambegan bebarengan marake pangeran Pringgalaya lan pangeran Juminah. “Kanjeng Ibu, wonten menapa? Menapa Kanjeng Ibu kraos mboten sekeca utawi gerah malih?” pengeran Juminah nyuwun pirsa alon. “Ora, nakmas. Kanjeng ibu ora papa. Ya mung aku ki ewuh aya ing pambudi. Rakamu nakmas Puger ngersakake ngampil prejurit Kenya kanggo ngiring mantene ponakanmu Wirata. Ananging aku kok krasa ana bab kang nyalawadi. Nitik kok sing disuwun ngampil prajurit Kenya. Menawa bab beksa, putri-putri liyane rak ya akeh kang pinter beksa. Menawa kang disuwun kanggo ngiring temanten. Putri-putri liyane uga luwih ayu-ayu tur ya dha luwih pinter dhandan ta, nakmas. Coba ta penggalihen.”ngendhikane Kanjeng Ratu. “Inggih.” Pangeran Juminah wangsulan. Pangeran Pringgalaya uga bingung nanging banjur matur marang kanjeng ibune “Menika ugi ingkang dados pitakenan ing manah kula. Kamangka sampun sawatawis wekdal kangmas Puger mboten nate rawuh wonten ing pisowanan agung. Nalika pun wisuda dados adipati wonten Demak, kadosipun kangmas Puger ugi mboten rena. Rak ya ngono ta, dhi?” Pangeran Juminah uga banjur matur “Inggih leres, kanjeng ibu. Ingkang kula kuwatosaken menawi kangmas Puger kanyata gadhah rancangan sanes. Menapa malih kangmas Puger sejatosipun rak dereng rila menawi Kanjeng Panembahan Hanyakrawati ingkang jumeneng nata nggentosi kanjeng rama swargi.” Pangeran Juminah mbacutake pangandhikane kangmase. Kanjeng Ratu Retna Dumilah mung ngunjal ambegan alon. “Kuwi uga sing dadi aboting pikirku. Menawa aku ora ngentukake, mengko aku dikira drengki, srei marang rakamu amarga rakamu kuwi rak putrane ramamu mijil saka yayi Adisara. Nanging aku uga wedi yen mengko tak culke, jebul rakamu pancen duwe rancangan kang kaya mbok kandhakake. Terus aku kudu piye? Kamangka aku ora ngapa-ngapa wae Kanjeng Ratu wetan ki rak mesti cubriya marang aku. Apameneh sakploke rakamu kawisuda dadi pangeran adipati anom.”ngedhikane Kanjeng Ratu Retna Dumilah.
Suwe anggone pada wawanrembug bab layange pangeran Puger nanging Kanjeng Ratu banjur ngendhika. “Wis ngene wae. Aku tak api-api yen para prajurit Kenya lagi kautus kanjeng Panembahan Hanyakrawati ngendih Surabaya. Sak enggo prejurit kang ana neng kene mung mligi njaga keputren lan cacahe ora ganep. Wis nakmas, walesane layange rakamu. Ibu tak ngaso dhisik, bab iki marai ibu rada ora kepenak awake.” Ngendhikane karo mapan sare. Pangeran Juminah lan Pringgalaya banjur iring-iringan ninggalake senthonge Kanjeng ratu Retna Dumilah.
TTTTTTTTTTTTT
Swarane ombak neng pinggiring pesisir pating jlegur. Swandari lan Raden mas Rangsang lumaku mlipir pesisir. Raden mas Rangsang sajake bosen banjur ngersakake lenggah ana gisiking segara."Nimas, apike leren sedhela ya. Aku kok krasa kesel.Kene lingguha ana sisihku."ngendikane alus. Swandari lingguh ana cedhake raden mas Rangsang. "Ombak kae nek tak sawang sajake kaya wong njoget, ya. Ambal-ambalan, ana sing dhuwur, ana sing cendhek. Ana uga kang mung kaya umpluk mili alon. Endah banget....."Raden mas Rangsang mbacutake pangandhikane. " Inggih, denmas. Kula sampun dangu mboten sumerep seganten, njih saweg menika nalika denmas ngersakaken tindak mlipir pesisir." Swandari wangsulan. " Aku nate dicritani kanjeng ibu dene nimas Swandari ki ya seka pesisir kene ta?" Raden mas Rangsang ndangu. " Inggih. Griya kula namung wonten dusun sak ler gumuk menika." Ature alon. Sajak ngemu sedih. Raden mas Rangsang wis tanggap yen mestine Swandari kangen marang sudarmane. Raden mas Rangsang bisa ngrasakake amarga penjenengane uga ora bisa caket sudarmane merga bebaya kang kerep ngancam keslametane. " Piye nek mampir ana ngomahmu. Dadi aku ya bisa leren lan ngaso karo teturon sedhela. Ya neng kene ki kepenak, ning rak panggonane reged, tur ya angine gedhe. Kowe uga ora bisa reresik kanthi permati ta nimas." Raden mas Rangsang bali ngendhika. " Sampun denmas. Griya kula kotor lan mboten pantes menawi priyayi kados penjenengan rawuh wonten gubuk kula ingkang awon." Wangsulane Swandari karo cepet-cepet nyembah. " Awon ki kaya ngapa jal aku tak weruh." Raden mas Rangsang banjur ngadheg mak nyat banjur mlangkah mengalor. Swandari kaget lan gragapan, age-age arep nyandhet. Nanging Raden mas Rangsang njarag tindak kanthi rikat sok kaambalan ngelmu kadigdayane sak enggo Swandari ndhadak ngoyak lan uga ngetog kanuragane."Gusti....!"pambengoke. Nanging kang dibengoki ora maelu.
Tekan desane Swandari, Raden mas Rangsang tumuju ana omah bata kang resik pekarangane, banjur uluk salam. Suteja kang lagi ngresiki gedhogan, banjur age-age metu lan nginguk sapa tamune. Sutejo bingung, geneya ana nom noman bagus, gagah pideksa. " Mangga Ki sanak.” Suteja mbagekake tamune. Sing dibagekake mesem. Durung nganti diaturi lenggah, Swandari wis semrunthul sak mburine karo matur “Gusti….!” Ature kandheg mbasan weruh kangmase Suteja kang wus malih dadi nom-noman kang uga bagus rupane, dhuwur, gagah lan ora kalah pawakane yen ditandhingake karo Raden mas Rangsang. “Ka…kakang Suteja.” Kandhane rada semu gragaban amarga atine notol saking kangene. Suteja bathuke njekithut sajak ngeling-ngeling, sapa wanita ayu kang tepung jenenge kuwi. “Penjenengan menika sinten, nggih ?” pitakonane Suteja. Kaya wong ora ngerti tata karma Swandari langsung ngrangkul lan ngekep awake kakange. “Iki aku adhimu, kang. Swandari adhimu.”kandhane karo nangis sesenggukan. Luhe wutah ana dhadhane kangmase. Raden mas Rangsang mesem. Ana rasa marem marga bisa nggathukake sedulur kang wus pisah suwe ana ing papan kuwi. Menawa ana kraton tangeh lamun Raden mas Rangsang bisa nggawa sedulur utawa sudarmane Swandari. “Ndari….iki tenan kowe, ndhuk?” pitakone Suteja. Swandari manthuk merga wus ora kuwawa omongan merga atine kebak rasa kang pengen disuntak. “Mbok….mbok….simbok, iki gilo anakke wedok mulih.”bengoke Suteja sora. Winarsih sing lagi olah-olah ana pawon banjur age-age metu. Susruk kang ora kejarak digawa saknalika tiba kemlithik nalika weruh yen Swandari saiki wis dadi prawan ayu. Anake wedok diiling-ilingi. Swandari banjur gapyuk ngrangkul simbokke kang wis udakara sewelas taun ora bisa ditemoni. Winarsih ngarasi pipine anakke lan ora sengaja mripate kang wis wiwitkrasa blawur merga umur nangkep wewayangan priyayi kakung kang gagah pideksa. “Lha penjenengan sinten nakmas?” pitakone marang Denmas Rangsang. Sing ditakoni mesem, nanging nalika Swandari arep wangsulan langsung ditrambul ngono wae “Kula Santriadi. Kula kancanipun Swandari, sami-sami lare ngenger wonten Kraton. Lha menika ndilalah pikantuk kalodhangan tuwi tiyang sepuh. Ning margi kula lare yatim dados mboten tuwi sinten-sinten lajeng tumut nimas Swandari wangsul.” Ngendhikane Raden mas Rangsang nyingidake asmane kang sejati. Swandari mlerok, sing di pleroki mung mesem.
Suteja banjur ngrangkul denmas Rangsang kaanggep kaya sedulur dhewe. Nanging tangane ditamplek karo Swandari “Kakang! Aja mbok padhake kancamu ndesa, ta.” Kandhane Swandari karo kakange. Suteja bingung kudu kepiye. “Ora papa dhing.” Ngendhikane denmas Rangsang kang genti banjur ngrangkul Suteja. Swandari bali mleruk sajak ora rena. Denmas Rangsang ming ngedhepake salah sijine socane lan makjleg, atine Swandari kaya digawa ana wewayangane denmas Wirata. Praupane pancen ora beda adoh karang ya isih tunggal sak trah.
Wengi kuwi, Nyai Winarsih mangsak rada beda karo adat sabene. Kanggo nyugata tamune lan nggambarake rasa senenge merga anake wedok bali, Nyai Winarsih banjur ngakon Suteja mbeleh jagone sing lemu dhewe lan banjur diikung, disanteni bumbu gurih. Ora lali digawekake sambel bawang senengane anake wedok. Suteja dhewe uga nggawekake pindhang iwak oleh-olehane mincing kanggo nom-noman aran Santriadi kang bisa dadi kanca sing nyenengake. Santriadi anggone mangan katon ndemenakake, sajake cocok karo mangsakane Nyai Winarsih. Wola-wali anggone imbuh. Nyai Winarsih uga katon seneng lan ana pandonga ing atine muga-muga Santriadi kuwi bakal dadi jodhone anakke wadhon.
Sakbar rampung mangan kaya adat saben nalika ciliki mbiyen Swandari banjur sengkut isah-isah. Santriadi banjur nyedhaki, api-api arep nimbakake banyu. “Ssstt, Ndari. Yen ana kene kowe ora sah basa. Aku kepengin ngrasakake dadi wong desa.”kandhane alun banget. “Nanging…”wangsulane Swandari. Santriadi gedheg kanggo ngekeki tandha yen ora perlu basa. Swandari manthuk. Apa meneh simboke nyusul arep ngrewangi. “Gek ndhang, le nimba ki cepet. Ki gilo banyune wis kari sithik.”Kandhane Swandari mrentah marang Santriadi. Santriadi mlerok karo mecucu. Swandari mesem, kapan meneh bisa nggodhani kang kagungan negari tanpa wedi kena paukuman. “Wo lha kowe ora urus, ana tamu kok kon nimba.”ujare Suteja. “ Wis, ngaso wae kana, San. Ben aku sing nimba. Yen priyayi saka Kuthagara kuwi ora pantes nimba, beda karo wong ndesa kaya aku.” Suteja mbacutake karo ngrebut tali timbane saka Santriadi. “Ora papa, Ja. Aku wis kulina. Neng kraton uga nimba.” Santriadi wangsulan. Swandari menjeb. Sing dienjebi nyipratake banyu ana raine Swandari. Para bocah enom kuwi banjur padha cekakakan.
Sak bar padha reresik Santriadi lan Suteja isih omong-omongan nganti srengengene meh byar. Swandari ngruntel ana senthonge mbokne golek tamba kangen sing wis mataun-taun kapendem ana dhadhane. Saiki diwenehi kalodhangan bisa nyuntak kangene, Swandari rumangsa seneng. Santriadi lan Suteja omong-omong ana pendapa, sajake Santriadi seneng karo gamelan tinggalane eyang canggahe Suteja. “Iki gamelan tinggalan Majapahit. Perunggu asli.”kandhane Suteja. Santriadi manthuk. “Apa ya isih sok ditabuh?” Santriadi takon karo sok-sok ngunekake gendher utawa kenonge. “ Saben jemuah bengi, cah-cah enom padha nglumpuk jagongan lan klenengan sak bisane. Ya aja mbok padhake ana kraton, San. Yen ana ndhesa kuwi sing ngajari ya ming batihe dhewe tur uga dudu wong kang prigel lan damang tenanan.” wangsulane Suteja. Santriadi manthuk-manthuk. Santriadi banjur nyawang pendapa omahe Suteja lan Swandari. Ketoke pendapane uga pendapa lawas nilik sakane digawe saka jati tuwa. Jubine uga mung rupa watu diraketake nganggo aren utawa putihan endhog. Santriadi banjur njikuk watu gamping lan nggambar garis ana jobin watu kuwi. “ Ja, kowe rak sinau bab kanuragan lan olah keprajuritan ta? Coba tutna gambar garis sing tak gawe nganggo jurus sing biyasane mbok gladhi. Suteja manut. Santriadi ngematke lan ndhandani gambar kang dianggep kleru. Apa kang digambarake Santriadi kadya rakitan jangkah kanggone wong kang nyinau pencak. Sak wise pirang jangkah Santriadi katon marem, ananging Suteja bingung. “Lha jangkah-jangkahe wong pencak kok mbok gambar ki ben piye je?” pitakonane Suteja. “Aku kepengin gawe beksan utawa joged adedasar gambar rakitan jangkah sing tak gawe. Dadi yen ana priyayi njoged kanthi jangkah kaya sing tak gambar, tanpa kejarak uga sinau pencak. Iki bisa diwulangake uga marang bocah-bocah wadhon sing kepengin sinau pencak ananging ora dientukake dening bapa biyunge.” kandhane Santriadi. Suteja gedheg-gedheg. Jebul kancane Swandari iki duwe wawasan kang akeh lan bisa kanggo tuladha nom-noman liyane. “Menawa diwenehi ragame joged banjur digameli rak banjur ora ketara yen sak jane lagi padha gladhen pencak utawa ulah kaprajuritan. Bab gaman mengko kari diwenehi pencukan babagan perang, nganggo cundrik utawa keris wae kang disengkelitake ana ngarep. Rak dadi samun anggone padha latiyan perang.” Kandhane Santriadi karo mesem. Suteja ngrangkul kancane kuwi, dheweke gumun geneya Santriadi duwe penemu kang ora kegagas dening dheweke sak kanca. “Wah jebul ngenger neng Kuthagara ki akeh gunane ya, San. Banjur ngerti apa-apa. Mbok aku jaken neng Kuthagara, San. Dadi aku ya bisa pinter lan lantip kaya kowe kuwi.” Kandhane Suteja. Santriadi mesem. “Mengko simbokmu karo sapa? Wis bapakmu ayahane ana Kuthagara, adhimu uga ngono. Banjur sing ngewangi mbokmu ki sapa? Tak kandhani ya, Ja. Ngenger kuwi ora mesthi kepenak. Ora sak wanci-wanci bisa bali. Jajal pikiren. Adhimu wae lagi bisa metu kraton sak wise sewelas taun. Apa kowe ora mesake mbokmu? Saiki sing baku malah kowe bisa nggladhi kanca-kancamu prigel ing apa wae. Sak engga sak wanci-wanci negara mbutuhake tenaga lan pikirane bocah-bocah enom kaya awake dhewe iki, awake dhewe bisa migunani lan mrantasi gawe. Kaya saiki kowe urip neng pesisir. Aja mung njagakake asile segara ananging kowe kudu bisa ngemonah apa kang ana. Jaman Majapahit awake dhewe iki duwe kapal-kapal gedhe kang bisa kanggo nelukake tlatah-tlatah liyane. Dalane ya segara kuwi mau. Emane Mataram durung duwe prejurit sing mumpuni lan bisa nelukake segara. Dadi pikiren kuwi, ning saiki awake dhewe ngaso disik wis meh byar srengengene.” Kandhane Santriadi kang banjur nyelehake awake ana amben sak pinggiring longkang. Suteja mesem lan uga banjur ngancani kanthi turu ana sak pinggiring pendhapa.
Swandari kang tangi isuk sak durunge subuh kaget amarga weruh gusti bendharane turu sak nggon-nggon, kamangka hawane adem njekut, gek ya ming padha ngliga. Swandari mlebu meneh ana senthonge lan njikukake kemul lan bantal. Alon-alon mustakane Raden Mas Rangsang kaangkat banjur diseseli bantal supaya ora krasa atos. Awake uga dikemuli nganggo jarit. Semono uga Suteja kakange. Nalika Swandari ngemuli kangmase, dheweke weruh ana orek-orekane Raden Mas Rangsang ana jobin pendhapane. Swandari banjur nyoba njoged ngetutake gambar jangkah yasane Raden Mas Rangsang. Ndaheba kagete Swandari, jebula gambar jangkah kuwi persis kaya jangkah yen Swandari gladhen Bedhaya ana kraton, bedane jangkah kuwi uga bisa ditrapake ana ing ulah keprajuritan. Saiki Swandari banjur ngerti keneng apa Kanjeng Ratu Retna Dumilah lan Pangeran Purbaya nyigidake Raden Mas Rangsang. Keprigelane ana bab apa wae ndadekake raden mas Rangsang calon Ratu sing luwih kuwat tinimbang Sultan Hadi Hanyakrawati kang jumeneng saiki. Babagan kuwi mesthi wae bakal nuwuhake rasa drengki lan srei sak engga apa wae bisa marakake kacintrakane gusti bendharane. Kuwi uga kang marai Kanjeng Pangeran Purbaya anggone weling dakik-dakik marang Swandari sak durunge kejibah njaga lan ngetutake Raden Mas Rangsang. Pangeran Purbaya sajake ngenteni nganti Raden Mas Rangsang uwis dewasa lan cukup kabeh ngelmu kang dibutuhake kanggo nata praja kanthi bener lan becik. Kuwi uga kang marai Raden mas Rangsang kudu urip kadya dene wong biyasa. Angkahe Pangeran Purbaya supaya Raden Mas Rangsang luwih bisa mangerteni kebutuhan lan pengarep-arepe para kawula alit. Ora kaya saiki, dene Sultan kang jumeneng ora tau diadhepake marang kasunyatane urip lan uripe uga mubra-mubru sak enggo kabeh kang dilakoni sok kurang petungan lan uga marai para kawula sengsara. Adrenge Sultan Hanyakrawati kepengin nelukake Surabaya sasat meh ngentekake bandhaning Negara. Kamangka yen nganti kalah ora mung bandha sing ilang ananging Mataram uga bakal musna.
TTTTTTTTTTTTT
“Masak, ta teliksandhi sak mana akehe ora bisa nemokake parane Raden Mas Rangsang. Apa ya Rangsang ki bangsane lelembut kang bisa ilang dikedhepake?” Sultan Hanyakrawati ndangu kabeh senapatine kang saiki lagi pada marak ana gedhong panggonane Sultan menawa ngayahi jejeibahan padinane. Para senapati mung ndhingkluk ora wani wangsulan. Ora beda karo putrane Kanjeng Ratu Mas uga katon nesu, dene para senapatine dianggep ora becus ngurus gaweyane. Nyai Raga kang uga ana kono banjur munjuk “Menawi sinuwun pitados, penjenengan saged utusan dumateng kula sak andahan prejurit Kenya ingkang dados tanggel jawab kula.” “Apa ya prejurit kenyamu kuwi mumpuni tenan kaya prejurit Kenya kang dadi tanggung jawabe keputren wetan?” Sultan ndangu marang Nyai Raga. “Temtu kemawon sinuwun. Kula piyambak ingkang nggladhi, sak engga mboten namung prigel, nanging ugi canthas, trengginas.” Ujare Nyai Raga. “Yaw is, iki kang dadi prentahku marang kowe sak andahanmu. Aku kepengin Rangsang dicekel urip utawa mati. Sukur sing mbok gawa mulih kuwandhane dimas Rangsang supaya aku bisa tentrem anggone nata praja lan Negara.” Ngendhikane Sultan Hanyakrawati. Nyai Raga ngaturake sembah banjur pamit mundhur.
Durung rampung anggone pamit keselak ana gandhek telik sandhi saka tapel wates Demak teka. Sak wise ngaturake panembah, gandhek kuwi matur dene raka dalem Pangeran Puger merong kampuh jingga. Pangeran Puger lagi wae ngerike prejurite tumuju Mataram kanthi kekuwatan meh wolung ewu wong lan dikantheni meriem papat, uga bedhil lan gegaman liyane kang bisa dituku saka wong-wong Portugis ana pelabuan Semarang. Sultan Hanyakrawti bingung amarga sak perangan prejurit Mataram lagi dicepakake kanggo ngluruk ana ing Surabaya, saiki malah Mataram ketekan wong kang ngraman saka Demak. Sultan Hanyakrawati banjur utusan gandhek liyane supaya nimbali Kanjeng Pangeran Purbaya.
Ora let suwe, Kanjeng Pangeran Purbaya marak, kanggone wis ora nggumunake menawa pangeran Puger nggedhak perang amarga wis wiwit sepisanan Pangeran Puger ora rena menawa Sultan Hanyakrawati kang lenggah dhampar nggentosi kanjeng ramane swargi, apameneh Pangeran Puger rumangsa luwih tuwa tinimbang Sultan Hanyakrawati. “Kados pundi, kangmas? Mataram kecalan kekiyatanipun menawi kedah mengsah kangmas pangeran Puger.” Ngendhikane marang Pangeran Purbaya. “Sinuwun, kula sampun nate matur supados mboten kesesa nggedhag Surabaya, ananging penjenengan ndalem mboten ndhahar atur kula. Sejatosipun menika ingkang kula ajrihaken. Menapa malih kekiyatanipun Demak mboten saged pun westani gampil. Sepalih prejurit Mataram ingkang sae saweg kagladhi kangge ngluruk ing Surabaya lan sak menika sampun dumunung wonten ing Ponorogo lan dados tanggel jawabipun dhimas Jayaraga, sepalihipun ndherek kangmas Puger. Kita kantun gadhah prejurit jagi, lan naming kinten-kinten pitung atus dumugi sewu gangsalatus prejurit kang dados andahanipun dhimas Juminah lan Pringgalaya. Kados pundi? Kula ndherek kersa paduka.” Pangeran Purbaya matur. Kanjeng Ratu Mas mlengos “ Kuwi jenenge nglebokake Kanjeng Sinuwun ana wuwu. Apa kowe sengaja jlomprongake putraku ta, nakmas? Pringgalaya lan Juminah kuwi rak putrane Kanjeng Ratu Retna Dumilah, apa ya kowe ki tambuh yen aku lan Kanjeng Ratu Retna Dumilah iki incim-inciman. Padha wae karo pangeran Puger anake Adisara kae, saiki konangan asline, jebul ya mung kepengin kalenggahan dalem ta?” ngendhikane karo nyenthe-nyenthe. “ Sampun kanjeng Ibu. Kula nimbali kangmas Purbaya menika amargi kangmas Purbaya ingkang paling mangertosi kekiyataning Kuthagara.” Kanjeng Sultan ngerih-erih Ratu Mas. Pangeran Purbaya banjur matur “Bab Kanjeng Ibu kagungan raos ingkang mboten remen dumateng Ibu Retna Dumilah menika sanes tanggel jawab kula, ananging kula wanton mesthekaken bilih pangeran Pringgalaya lan Pangeran Juminah menika setya dumateng ingkang Sinuwun. Menawi Kanjeng ibu mboten sirah kula menika ingkang dados tanggelanipun.” Ature Pangeran Purbaya kanthi swara kang jero amarga ngampet rasa duka ana penggalihane. “Iya, kangmas. Aku percaya karo kabeh kang dadi aturmu. Saiki aku paring lilah marang sliramu kanggo ngutus dhimas Pringgalaya lan Juminah supaya maju ngadhepake Kangmas Puger.” Sultan Hanyakrawati banjur paring lilah marang Pangeran Purbaya. “Sendika.” Pangeran Purbaya nyembah banjur mundhur saka pasewakan tanpa noleh meneh. Kanjeng Ratu Mas mangkel banget nanging ora bisa tumindak apa-apa.
TTTTTTTTTTTTT
“Sapa tamune, nakmas?” pitakonane Kanjeng Ratu Retna Dumilah marang putrane Pangeran Juminah ing sela-selaning anggone mbathik. “Kangmas Purbaya, kanjeng ibu.” Pangeran Juminah matur. “Lha kok sajake kesusu lan ora lenggah luwid dhisik kaya biyasane?” Kanjeng Ratu mbacutake oleh ndangu putrane. “Inggih. Amargi kangmas Purbaya taksih kedah ngayahi kuwajiban sanesipun ibu. Menika kula lan kangmas Pringgalaya ugi kajibah ngempalaken para prejurit, kangge ngendih kekiyatanipun kangmas pangeran Puger ingkang ngraman dateng Kuthagara. Kanjeng Ratu Retna Dumilah banjur nyelehake canthinge lan nyawang putrane “Apa kang sak suwene iki dadi pikiranku jebul kelakon tenan. Nakmas Puger merong kampuh jingga. Tujune nalika semana ibu ora sarujuk ngeculake prejurit Kenya kanggo ngiring mantene Wirata. Kuwi mung pawadhan wae supaya bisa nglumpukake kekuwataning Mataram ana astane. Sakjane aku wis suwe ngerti, nanging merga Ibumu Kanjeng Ratu Mas kerep cubriya marang apa wae sak paripolahku, aku milih meneng wae.” Kanjeng Ratu Retna Dumilah ngendhika sedih amarga para putra banjur bakal padha regejegan.
Pangeran Juminah banjur nyekeli astane Kanjeng Ibune sajake nyuwun pangestu merga arep mangkat perang. “Yah, mangkata anakku. Ulupi sak andahane gawanen. Merga bocah kae bisa njagani sliramu lan kangmasmu. Ulupi kuwi uga duwe kabisan nelukake lan nglulutake sato kewan, sak enggo menawa sliramu mengko nrabas alas kang akeh kewane galak, Ulupi bisa mrantasi gawe.” Welinge Kanjeng Ratu dakik-dakik. “Lajeng sinten ingkang njagi kanjeng ibu menawi kula nganthi Ulupi?” Pangeran Juminah nyuwun pirsa karo ibune amarga ana rasa sumelang neng atine. “Nakmas, aku kuwi wis dudu cah cilik meneh sing kudu dijagani. Tur apa ya sliramu kuwi ngremehake kekuwataning ibumu ta, le?” Ngendhikane meneh. Pangeran Juminah gedheg karo mesem. “Yen sliramu isih sumelang marang ibumu kuwi ateges, sliramu tresna marang kanjeng ibu. Ya wis, ben sliramu ora perlu menggalih kanjeng ibu, Rukmi wae tinggalen. Rukmi bisa njagani ibumu, nakmas. Wis ndhang mangkata. Iki kalodhangan kang becik kanggo mbuktekake labuh labetmu marang Negara. Uga kanggo ngukur sepira kabisanmu ana palagan sak wise matun-taun sinau lan gladhen ulah kaprajuritan.” Pangeran Juminah sungkem ana sampeyane ibune karo matur “Sendika.” Pangeran Juminah banjur ngilang ana sewaliking lawang.
Kanjeng Ratu Retna Dumilah ngematake putrane banjur ndhingkluk. Penggalihane krasa susah dene para putra arebut kalenggahan lan kuwasa, kamangka Mataram anggone jejek ngadheg dadi Negara durung patiya suwe. Ananging mbasan Kanjeng Panembahan surut, Mataram uga kaya kalimput pedhut.
Alon-alon Kanjeng Ratu Retna Dumilah bali ngetokake laying lan cepuk isi kalung, suweng lan gelang saka denmas Wirata kanggo Swandari. Layang kuwi banjur kabukak lan kawaka sepisan meneh.
Layang iki ndhak tulis kanggo sliramu diajeng. Aku ngerti menawa sliramu maca mesthi bakal nesu utawa paling ora lara atimu marang pun kakang. Nanging semono uga pun kakang, ati iki rasane kaya diiris yen ngelingi pun kakang ora bisa nyandhing kembange prajurit Kenya. Pun kakang ora suwe iki bakal didhaupake karo putri bupati nayaka aran Rukti. Mbiyene uga tau sinau bareng ana magang prejurit Kenya. Nanging merga putri bupati nayaka kudu dhaup karo sok sapa wae kang dipacangake karo sudarmane mesthi wae or bisa dadi laskaring prejurit Kenya.
Aku mung duwe pengarep-arep menawa rama nyuwun marang kanjeng Ratu Retna Dumilah supaya ngirimake prajurit Kenya, ndhereka ya cah ayu. Rama mung api-api menawa prajurit Kenya bakal didadekake pengiring manten.Sejatine ana bab kang luwih penting tinimbang kuwi kabeh. Ananging kanggoku sing penting aku bisa ngadhep sliramu amben ndina lan mboka aku wis dhaup karo diajeng Rukti, aku tetep kepengin sliramu kang dadi sisihanku. Layang iki ndhak kantheni tandha mata kanggo sliramu, bukti tresnaku marang sliramu lan uga dadi peningset antarane sliramu karo aku. Kanjeng rama mesti uga bakal ngidhini aku lan sliramu urip bebrayan, apameneh yen mengkone Kanjeng rama pirsa labuh labet sliramu marang Negara. Layang iki ndhak cukupake nganti semene. Aku ngantu-antu tekamu diajeng.Wirata.
Kanjeng Ratu banjur bali nyelehake layang kuwi lan dilempit kaya mula bukane. “Wirata, apuranen aku eyangmu. Dudu karepku menggak rasa tresnamu marang Swandari, ananging aku menggak supaya ramamu ora banjur ngobrak-abrik katentremane praja Mataram. Kanggo jejege Negara yen perlu aku ora mung bakal ngorbanake sliramu, putuku bocah bagus, yen perlu nyawaku dhewe tak nggo tanggungane lan dhak korbanke kanggo ngrungkepi Kasultanan Mataram.” Kanjeng ratu Retna Dumilah ngendhika ana sak jroning batin.
TTTTTTTTTTTTT
Perang antarane Mataram lan Demak ora bisa dipenggak maneh. Kabeh cara wis dilakoni dening Sultan Ageng Hanyakrawati supaya antarane Mataram lan Demak bisa bali rukun kaya maune. Sinambi Kanjeng Pangeran Purbaya ngrapetake barisan lan bali ngumpulake kekuwataning Mataram sing sak jane wis arep dienggo nggedhak Surabaya, Sultan Ageng Hanyakrawati utusan marang Patih Mandaraka, Pangeran Singasari lan Pangeran Demang tanpa Nangkil kanggo ngendhakake rakane pangeran Puger. Ananging Pangeran Puger tetep ora gelem mundhur sak jangkah wae. Penggalihe wis manteb lan marep apameneh krodhane disengkuyung dening Adipati Gendhing lan Panjer. Pambujuke rayine mung dianggep angin kang liwat ngono wae, kamangka sak jane Sinuwun Sultan Ageng Hanyakrawati uga wis nawakake wewengkon kang luwih amba ana penggunungan Kendeng sak pengalor. Ananging tekade pangeran Puger wis ora kena diluk maneh.
Mataram banjur ngerikake 10.000 prejurit kang kasil diklumpukake Pangeran Purbaya saka Pajang, Ponorogo lan Mataram dhewe. Saka kademangan-kademangan sak indhenging laladan Kedu lan Bagelen uga dadi kekuwataning Mataram. Nanging kanggo ngerikake prejurit semana akehe butuh wektu lan tenaga sak engga Pangeran Purbaya banjur tindhak luwih dhisik dadi bregada kang mbukak dalan kanggo bala prejurit Mataram kang luwih akeh cacahe. Pangeran Purbaya ninggalake bala prejurit kang luwih akeh kuwi mau ana tangane Tumenggung Suranata utawa Ki Gede Mestaka kang bakal mangkat keri ngiring Kanjeng Sultan Agung Hanyakrawati sing uga ngersakake medhak glanggang dadi senapati perang.
Ulupi wis nyiagakake prajurit Kenya andahane kang cacahe ana 250 wanodya. Ana sing gegaman warastra, ana uga kang nggawa pedhang lan tumbak. Ulupi dhewe agegaman cundrik lan tulup kang pelurune mawa wisa. Ulupi lan prejurit Kenya andahane dadi siji ana bregadane Pangeran Juminah. Praba sak kancane uga katut ana perang iki lan ana barisan sak ngisoring Pangeran Pringgalaya. Praba uga nganthi prejurit Kenya kang sikep gegaman, ana kang nggawa bedhil, pecut, pedhang lan trisula. Praba nganthi prajurit Kenya kang nggawa bedhil amarga Praba prigel ana babagan gaman kang ditekakake saka manca negara kuwi. Praba uga bisa nggladhi kanca-kancane supaya bisa nggunakake gaman kuwi kanthi ngati-ati.
Nalika tempuk kang sepisanan prajurit Mataram rada keteter amarga ditembaki nganggo meriem. Nanging bergadane Pangeran Purbaya ora gigrig nampani pluru-pluru meriem kang gedhene sak kambil-kambil. Nanging Ulupi lan Praba golek cara kang luwih apik supaya ora akeh prejurit sing gugur. Ulupi lan Praba banjur rembugan piye carane supaya prejurite Pangeran Puger ora bisa nggunake merieme. Sak enggo prejurit Mataram kang cacahe mung separone prejurite Pangeran Puger bisa ngangsek ana jantung kekuwatane prejurit Demak.
Ulupi lan Praba banjur gawe rancangan, nalika perang lagi leren kanggo ngaso yen bengi, Ulupi bakal mlebu ana ing wewengkone mungsuh lan banjur masangi meriem-meriem kuwi nganggo mesiu kang wus digawe kaya bom cilik-cilik karo Praba. Bocah sing mbiyen karo Ulupi dianggep ledha-ledhe, jebul mbasan wis nemu dalane bisa dadi jago obat.[19] Praba dhewe mongkog dene bisa dadi wong kang migunani ora mung ana bregada prejurit Kenya ananging uga migunani tumraping bangsa lan negarane.
Praba nggegem tangane Ulupi karo kandha “Kowe kudu ngati-ati, panggonan kuwi wewengkoning mungsuh lan mesthi dijaga karo sadengah prejurit sing mumpuni.” Ulupi manthuk. “Yen nganti rong jam durung ana swara saka wewengkon mungsuh, kuwi tandhane aku ora kasil njeblukake meriem, utawa aku wis mati ana palagan. Kowe karo Suradiwati kang kudhu ngeculake panah-panah kang isi obat kuwi ana panggonan meriem-meriem kae dipasang. Aku rila gugur kanggo Mataram.” Wangsulane Ulupi kang banjur ngilang ana sewaliking grumbul.
Ulupi banjur rerambatan ana lemah nggunakake grumbul kanggo nyamunake anggone nyedhaki meriem. Apa sing dikandhakake Praba ora mleset, merieme dijaga prejurit papat kang gedhe dhuwur lan uga gagah pideksa, salah sijine Suwela gandhek kang gek nalika semana ngeterake layang kanggo Swandari. Sak jane Ulupi ora tegel mateni Suwela, dasare ya wis tau tepung. Nanging dadi prejurit Kenya mono kudu teguh ing jejibahan lan ora kena mingkuh, kabeh rasa kudu disingkirake. Ulupi banjur masang panah cilik kang wus dileleti wisa ana tulupe. Panah wesi kuwi bisa digunakake kaya pluru kang ditembakake ana perangan awake mungsuh. Swandari nyedhaki prejurit kang sepisanan njaga merieme ana sisih wetan. Rada adoh saka panggonane Suwela. Ulupi ngunjal ambegan jero banjur ambegan kuwi mau didamokake ana tulupe sak enggo panah kang mawa wisa kuwi mlayu banter ngarah gulune prejurit kang jaga meriem kuwi. Rasane ming kaya dientup tawon, ananging ora gantalan prejurit mau banjur ambruk. Ulupi banjur ndhokokake buntelan mesiune ana sak ngisoring meriem. Semono uga ana ing meriem sing keloro lan ketelu sak wise Ulupi bisa nglumpuhake para penjaga meriem kuwi. Mbasan arep nyedhaki meriem kang dijaga Suwela, Suwela rada cubriya keneng apa kanca-kancane jaga kang maune rame pada ngobrol lan omong-omongan ora ana banene. Suwela ngira kanca-kancane padha keturon. Nanging nalika marani kancane sing ana ing meriem katelu, dheweke weruh kemlebate Ulupi. “Mandheg, sapa kuwi. Aja nyoba mlayu yen ora kepengin tak bedhil.”panggetake Suwela. Ulupi mandheg, jantunge kaya dikebur, nanging Ulupi tetep nyoba ora gawe kageting Suwela sak engga nembakake bedhile. Alon-alon banget Ulupi mbukak tutup raine banjur mbalik ngedhepi Suwela. “Iki aku kakang Suwela. Durung suwe anggone awake dhewe ketemu ana daleme Kanjeng Ratu Retna Dumilah. Mesthine kowe ya durung lali karo aku.”kandhane ora basa karo mesem manis. Saiki genti jantunge Suwela kang kaya dikebur. Prejurit Kenya sing ayu ana sak ngarepe kuwi ngguwang liring lan esem kang manis. Tangane Suwela ndredheg. “Banjur apa kang dadi butuhmu sak engga bengi-bengi kanthi nyalawadi kowe mlebu ana wewengkon kene, kamangka Demak lan Mataram lagi padha perang? Apa kowe telik sandhi paya?”pitakone Suwela nyoba tetep teteg njaga ajining prejurit kang tetep ngayahi kuwajibane kanthi becik. “Aku nggawa layang kanggo denmas Wirata saka Swandari.”wangsulane tetep sareh. “Keneng apa lagi saiki, nalika peperangan wis kedadeyan? Kowe ngerti nalika aku bali tanpa oleh gawe. Ora mung Kanjeng Pangeran Puger kang ndukani aku, denmas Wirata uga duka ora karuwan.” Kandhane Suwela karo nesu. Ulupi ming ngangkat pundhake karo menjeb.”Aku rak wis kandha nalika semana yen Swandari kuwi ora ana keputren, dadi aku olehe bisa entuk wangsulan ya yen pas dheweke marak ta.” Kandhane Ulupi meneh. “Ya wis endhi kene layange mengko tak aturake denmas Wirata banjur ndhang lungaa. Ora becik bocah wadhon clinthisan ana palagan.” Suwela omong meneh tanpa ngedhukake larasing bedhil. “Swandari kandha yen aku kudu ketemu dhewe karo denmas Wirata. Yen ora bisa, ya dudu salahku yen denmas Wirata ora bisa meneh ketemu gegantilaning atine.” Ulupi wangsulan sak kenane merga sakjane dheweke goroh marang Suwela. Suwela banjur nyurung awake Ulupi sedyane bakal disowanake denmas Wirata. Amarga Suwela ngerti yen bab Swandari kuwi kudu tetep disingidake saka Kanjeng Pangeran Puger, Ulupi di kanthi liwat dalan kang sepi saka prejurit liyane. Nalika ngliwati alas cilik, ujug-ujug Ulupi mbalik lan nangkis bedhile Suwela. Suwela kang ora nyana bakal disurung tiba krengkangan, Ulupi banjur nuthuk cengele Suwela nganggo gagang bedhil kang kasil karampas. Suwela ora eling, donyane peteng sak nalika. Ulupi banjur nirokake swarane cangak lan ngilang ing suwaliking wit-witan.
Suprabawati lan Suradiwati krungu swara cangak ateges Ulupi kasil masang obat mesiune ana sak ngisoring meriem ning ora bisa ngurubake sumbune merga kadung konangan Suwela. Suradiwati banjur ngeculake panah geni ana ing panggonan meriem-meriem kae. Ndilalahe nalika semana mangsa ketiga, suket kang garing ana cedhake meriem-meriem kuwi langsung murub lan dhilat mesiu kang kapasang ana telung meriem. Mesiu njebluk swarane pating jlegur. Merieme ajur, prejurit Demak bubar mawut. Kalodhangan kuwi digunakake karo para prejurit Kenya kanggo ngendih kekuwatane Pangeran Puger. Rancangane Ulupi lan Praba kasil ngundhurake prejurite Pangeran Puger sawetara wektu.
TTTTTTTTTTTTT
BAB V
SANTRIADI
Awan kuwi Swandari lagi ngewangi mbokne adhang sega. Santriadi lan Suteja katon nglumpukake bocah-bocah enom lan digladhi maneka werna kabisan kaya nembang, karawitan, beksan uga ulah kaprajuritan. Ora ngemungke cah lanang-lanang ananging uga bocah wadon. Sing dienggo pawadan ya gladhi beksan lan wayang kanggone sing bocah-bocah wedhok ananging sok diseseli ragaming wong kang lagi bandayuda. Ora krasa Teja lan Santriadi kasil nglumpukake udakara bocah satus lanang-wadon. Kabeh digladhi kanthi tenanan kaya dene prejurit Kraton sak engga sesasi wae wis katon asile.
Swandari uga marem, dene anggone mulih ndesa migunani tumrap tangga teparo lan wong desa sak indenging wewengkon kono. Swandari sakliyane ngajari njoged, ngajari mbathik uga ngajari maca, nulis lan ngetung. Santriadi seneng anggone weruh amarga yen para kawula kuwi bisa maca lan nulis sak ora-orane ra bakal diapusi uwong yen dedagangan. Sakliyane kuwi Santriadi disuyuti dening wong-wong atuwa amarga ganep subasitane lan sugih wawasan. Bocahe grapyak tur ora sengguh kaya biyasane wong kutha. Santriadi seneng tetulung, ora nyawang sapa wae yen mbutuhake mesthi ditulungi kaya durung suwe iki Santriadi bar nulungi Mbah Suta sing meh wae bandhane entek merga arep dibegal uwong nalika mulih ngliwati alas.
Begal lan kecu isih dadi perkara sing durung bisa dirampungake karo wong-wong ndesa. Bab kuwi disebabake akeh nom-noman padha lunga nyang kutha lan gemang bali nang desa, sak engga akeh begal lan kecu kang banjur nyambangi desa merga ora ana kang bisa ngatasi. Santriadi banjur rembugan karo Suteja, piye yen sak durunge begal lan kecu kuwi gawe tuna, diluruk lan yen sing gelem mertobat ya diluwari, nek sing ora ya ditumpes. Suteja manut, ananging nelukake rampog, begal lan kecu kuwi ora gampang amarga balane akeh tur ya sing digdaya ora sithik, kamangka arang-arang wong ndesa padha duwe ngelmu kanuragan kaya ngono.
Santriadi banjur nulis layang kang ditujokake marang Sripada kancane sinarawedi nalika sinau ana padhepokane Kyai Pakir. Sak liyane kridhane ana bab kanuragan mumpuni, Sripada uga jagone ngrancang siasat kanggo ngalahake mungsuh. Ora suwe Sripada mangsuli layange Santriadi lan sumadiya ngewangi apa kang dadi pengarep-arepe Santriadi kanggo numpes brandal, Kecu, rampog kang ndhelik ana alas sak indenging Gunung Kidul lan pesisir.
Seminggu sak wise layang ditampa, Sripada banjur nemoni Santriadi. Bocah loro pada rerangkulan merga seneng bisa ketemu sak wise pirang-pirang sasi padha ora ngerti kabar. Santriadi, Suteja lan Sripada banjur padha rembugan ngenani carane nyidhem brandal, kecu, begal lan rampog kang ndhelik ana alas-alas wewengkon Gunung Kidul lan pesisir. Sripada banjur ngandhakake penemune, yen arep numpes begal-begal kuwi kudu dipancing dhisik metu saka papan pandhelike. Cara sing paling gampang kanggo mancing yaiku ngumpanake bocah wedok. Santriadi ora sarujuk amarga kuwi nerak paugeraning kautaman, apameneh wis kudune wong lanang kuwi njaga lan ngayomi bocah wadhon, dudu malah ngumpanake. Nanging Swandari kang mlebu karo nggawa wedhang duwe penemu kang seje. Wong wedok yen dikantheni cukup kabisan ing bab olah kanuragan lan ulah keprajuritan, dudu barang angel nelukake begal, amarga sejatine wong wedok kuwi duwe tenaga lan kepinteran sing padha karo pra priya menawa diwenehi kalodhangan. Sripada sarujuk. Pungkasane Santriadi uga sarujuk amarga yen arep nggedhak para begal ya durung ngerti dununge kejaba bisa nyekel salah siji banjur ditakoni. Swandari mesem seneng amarga bakal entuk kalodhangan nyoba ngelmu kang wis disinau sak suwene iki.
Swandari lan Nursi kancane wis sumadiya dadi umpan. Isuk-isuk bocah loro kuwi uwis dandan api-api arep blanja menyang pasar. Sengaja anggone ngenganggo dikatonake pating kronceng mas-masane kanggo narik begal-begal kuwi pada metu. Lakune cah loro kuwi ditutake, Santriadi, Sripada lan Suteja.
Bener ora let suwe Swandari lan Nursi dicegat wong loro gegaman pedhang lan pethel. Jane mono yen ndhelok gamane ya ming sak anane, pedhang ya dudu pedhang kang biyasa diasah lan dirumat kanthi becik merga wis krowal-krowal kiwa tengene. Pethele uga neyeng ketok menawa ora tau diopeni. Swandari ethok-ethok wedi yen bandhane dijaluk banjur mlayu, pancingane kena. Begal mau ngoyak karo ngobat-abitke pedhange. Nursi semana uga. Nanging merga playune ora banter Nursi bisa kecandhak lengene, nanging merga wis diajari carane olah keprajuritan, Nursi bisa uwal saka begal kang nyekel. Tangane uga kasil ngeplak raine begale. Begale tambah muring banjur arep methel Nursi, nanging tangane ditahan dening Nursi genti sikile Nursi mapan njejak wetenge begale. Begal kuwi tiba krengkangan, nanging banjur tangi lan wiwit ngoyak Nursi meneh. Merga mangkel pethele diuncalake ngarah gegere Nursi nanging ditangkis dening Sripada. Begal kuwi kaget jebul Nursi ana kang njagani. Begal kuwi mlayu nggendhring nyoba lolos saka Sripada, nanging Sripada luwih limpad. Sripada mlayu ngoyak banjur mencolot ngliwati pundhake begal kuwi karo nyepak. Begal kuwi sak nalika kegeblak banjur semaput.
Swandari dioyak nganggo pedhang ujug-ujug mandheg mak greg. Sak durunge pedhange mbabit awake, lengene begal kuwi mau ditangkis pheng….rasane kaya digebuk wwesi waja kang atos banget. Pedhange sak nalika ucul mabur mbuh nang endi parane. Durung nganti males tangkisane Swandari, begal kuwi ngrasake dengkul nyepak perangan ngisor awake mak dug rasane donyane ajur kanggone begal kuwi kang langsung ora eling, tiba nemahi bumi. Santriadi, Sripada lan Suteja banjur ngusung wong-wong kuwi digotong menyang desa. Wong-wong kuwi banjur di rut ana cagak pendhapa lan dadi tontonane wong akeh. Ananging Santriadi ora ngentukake wong-wong desa kuwi milara utawa ngiwi-iwi. Begal-begal kuwi arep ditakoni pandhelike ana ngendi lan ngapa padha mbegal.
Saka katrangan kang dikandhakake para begal, Santriadi dadi ngerti menawa pancakara antarane Kanjeng ramane angkat karo pangeran Puger wis marai para kawula susah lan sengsara. Rega beras dadi larang, akeh sing padha keluwen lan mati amarga kurang pangan. Para begal ngaku yen mbiyen bisa nggarap sawahe, nanging mbasan perang wiwit, akeh sawah kang dienggo papan perang kaya tambak Uwos sak pengulon lan sak pengetan, sak engga ora ana lemah kang bisa digarap. Begal-begal kuwi jebul wong neka saka korbaning perang antarane Demak lan Mataram. Sawetara kuwi, begal-begal sing dudu wong tani uga sambat merga apa-apa larang dadi ora bisa kulak kanggo dodolan. Larang amarga angel menawa arep kulakan, akeh dalan kang ora bisa diliwati, para kawula uga mesthi dipriksa lan dicubriyani dadi telik sandhining mungsuh. Ora sithik uga kang barang dagangane dirampas utawa dijaluk kanthi meksa dening para prajurit kuwi. Pawitan dagange banjur entek lan pungkasane padha nganggur. Supaya bisa mangan kepeksa mbegal. Santriadi ngunjal ambegan landhung. Kuwi kabeh mau perkara kang kudu dirampungake dene kuncine urip tentrem kuwi sandhang pangane kudu kecukupan lan makmur uripe.
Nalika Sripada ditakoni piye carane ngrampungake perkara iki. Sripada ming ngangkat pundhake. “Yen bab bandayuda utawa perang, sliramu bisa takon aku,Gus. Ning nek bab nanggulangi wong kaliren lan tataning praja kaya ngono, mesthine sliramu sing luwih pinter.” Wangsulane Sripada. Sripada kang wis suwe anggone kekancan karo Santriadi ngerti banget menawa Santriadi wasis ing tataning praja. “Piye miturut penemumu, ndari?” Santriadi banjur takon karo Swandari. “Yen miturut penemuku, perang kudu dilereni. Kudu ana kang bisa nengahi antarane Kanjeng Sultan lan raka dalem pangeran Puger.”kandhane Swandari ora basa kanggo njaga jati dirine Santriadi. “Kuwi wis dilakoni. Ki Patih lan para pangeran sentana dalem uwis diutus kanggo ngerih-rih Pangeran Puger, nanging meksa ora kasil mbujuki.”Santriadi ngandhakake karo ngunjal ambegan landhung. “Kuncine ana wanita. Yen kang diutus kuwi priya, tangeh lamun Pangeran Puger kersa mirengake. Sing ana ajining dirine bakal nggondheli, ananging yen sing kautus kuwi wanita ora mokal kanjeng pangeran mesthi kersa ndahar ature.”kandhane Swandari. Santriadi banjur kelingan dongenge ibune nalika kanjeng ramane nelukake Madiun, sing diutus ngglembuk eyange Panembahan mas kuwi Nyai Adisara, selir dalem kang paling ayu. “Bener kandhamu kuwi, Ndari. Kowe kelingan Nyai Supanggah kang mulang njoged kowe bareng karo Nyai Badingah?” Santriadi takon. Swandari manthuk “Nyai Supanggah kuwi duwe jeneng asli Nimas Sekarwati. Saka kabar sing tau tak rungokake, mbiyene Sembadrane kraton Mataram. Kanjeng Pangeran Puger banget kepranan amarga ayu lan luwese Nyai Supanggah utawa Sekarwati kuwi. Gek sedhela tau dadi sengkerane Kanjeng Pangeran Puger, ananging nalika Pangeran Puger dhaup karo garwane, Nyai Supanggah katrimakake marang penewune kang asma Kyai Supanggah. Ananging Nyai Supanggah wis patutan putra siji aran Raden Mas Wirata.” Santriadi nyritakake mula bukane Raden Mas Wirata. Swandari ora sengaja nutupi lambene kang ora kejarak ngetokake swara jerit lirih. Santriadi ngematake Swandari kanthi pandengan kang rada beda. “Apa kowe tepung karo Raden Mas Wirata?” Santriadi nakoni Swandari, swarane jero ora kaya biyasane. “ Ya, tepung wong mbiyen sok njoged bareng.”wangsulane Swandari karo ndhingkluk ora wani males pandhengane Santriadi. Sripada mesem, sajake Sripada ngerti yen Santriadi sujana marang Swandari. “Aku kaget mergane Nyai Supanggah ki rak ya sok ketemu karo Raden Mas Wirata, ananging keneng apa kok api-api ora kenal. Semono uga Raden Mas Wirata.” Pitakonane Swandari. “Nalika semana garwane pangeran Puger durung mbobot, kanggo mancing supaya gek ndhang isi, pangeran Puger ndawuhi supaya Raden Mas Wirata kang lagi umur udakara rong taunan digawa bali ana Kraton lan dipupu anak kanthi prejanjen yen ibune ora kena sapa aruh, apamaneh ngandhakake yen Raden Mas Wirata kuwi sejatine dudu putrane garwane pangeran Puger. Lan pancen sak wise Wirata ana kraton, garwane pangeran Puger banjur isi.” wangsulane Santriadi. Swandari mung bisa meneng krungu sapa sejatine gegantilaning atine kuwi. Kanggone Nyai Supanggah mesthi wae krasa abot. Bisa nyawang nanging ora bisa ngrangkul lan ngesokake sih tresnaning marang putrane kuwi. “Kuwi becik banget, yen Nyai Supanggah bisa mbujuki pangeran Puger mesthine perang ndhang bisa rampung lan para kawula bisa urip kaya maune. Ananging sak durunge awake dhewe kudu ngrampungake urusan begal iki dhisik. Sesuk aku lan Suteja arep ngangkatke udakara wong patang puluh kanggo ngluruk wewengkon sisih kidul wetan amarga awake dhewe wis ngerti papan pandhelike begal liyane. Kowe, Ndari lan Nursi bareng bala-bala putri ngluruk sisih lor kulon, dadi kacakan kabeh.” Sripada banjur mbagekake ayahane dhewe-dhewe “Ming welingku, menawa bisa begal karangket ananging aja padha dipateni. Mesakake. Ananging yen ngeyel lan ora manut, aku ora cawe-cawe sak karepmu anggonmu mrantasi gawe.” Santriadi weling dening Sripada lan Suteja. Sripada manthuk.
Isuk-isuk, Sripada lan Santriadi wis budhal ngayahi apa kang wis dirancang mau bengi. Sripada lan Suteja nggawa wong-wong desa kang wis digladhi cacah patang puluh , dene Santriadi nggawa kurang luwih sewidak wong klebu prejurit-prejurit wadon muride Swandari. Kabeh nggawa gegaman arupa pedhang, keris, panah lan pethel. Gaman kuwi sak bisa-bisa ora dienggo nglarani ananging mung dienggo jaga-jaga. Santriadi lan Swandari nunggang jarane dhewe iring-iringan. Sikatan jarane Swandari katon gagah apa meneh sing nunggangi uga ayu tur prigel.
Papan pandhelike begal-begal kuwi arupa kampung cilik ana tengah alas. Ana kurang luwih limalas omah sing digawe saka empring lan nam-naman alang-alang. Saben omah isi kurang luwih wong telu lan saben omah mesthi ana wong wadone. Kabeh kuwi mau wis dingerteni dening Sripada sak kancane awit Sripada uwis dhingkik sak durunge ngerigake bala-balane. Sing Sripada durung ngerti wong-wong wadon kuwi bojo-bojone begal kuwi mau utawa prawan desa kang dipeksa lan diculik kanggo ngladheni para begal. Nanging yen nilik anggone ora dibandha lan ora ketok susah, mbok menawa kuwi pancen bojone para begal sing manggon alas kono. Maneka werna gaman uga sumadiya, wiwit sing cilik tekane sing gedhe banget, kaya gebug, gadha lan sak piturute. Kampunge pancen ndhelik lan duwe sumber kanggo adus, olah-olah utawa umbah-umbah, dadi ya pancen ora tau konangan para prangkat desa utawa prejurit sing kawogan njaga kemanan. Dasar panggonane uga akeh wit-witan lan grumbul-grumbul. Sak liyane kuwi papan pomahane uga digawe saka empring mau, dadi samun karo kahanan alas.
Sakwise mlebu laladan alas kang kanggo pandhelike begal-begal kuwi mau, jarane Swandari wis wiwit mere-mere lan tanpa taha-taha langsung mlayu mlebu ing kampong begal kuwi. Para begal kang lagi wae tangi turu utawa ngaso wis ora kober nyepakake awake sak enggo kanthi gampang bisa karangket. Sadengah nyoba ngadhepi bala-balane Santriadi nanging jebul wong-wong iku luwih limpad lan prigel ulah gegaman. Bandayuda ora bisa kaelakna. Ana sing ngobat-abitke pedhange. Ana uga kang nyudhuk-nyudhuke tumbake ananging kabeh bisa diatasi kanthi becik dening wong-wong desa sing wis dilatih kuwi.
Prejurit-prejurit wedok kang digladhi Swandari jebul uga lumayan mumpuni. Begal-begal lanang kang gedhe awake tur rosa, bisa diatasi kanthi gampang amarga prejurit-prejurit kae pancen wis digladhi samangsane ketemu mungsuh sing luwih gedhe lan rosa. Begal dirangket, dicekel, dibandha. Santriadi mung ngelingake supaya prejurit-prejurit kuwi ora mateni begale kejaba sing ngeyel-ngeyel. Ora gantalan suwe perang lan badayuda kasil dimenangake prejurit ndesane Santriadi. Begal dibanda urut semut lan digiring menyang desa. Papan pendhelike di obong supaya ora didadekake panggonan ndhelik maneh.
Prejurite Swandari ora ana sing tatu utawa mati, kabeh mau ya awit wulangane Swandari sak kancane. Wong-wong ndesa kang maune wedi lan jireh yen ngadhepi para begal, saiki wis rumangsa luwih wani amarga wis duwe kabisan. Sak liyane kuwi samangsa-mangsa ana begal meneh kang arep mbegal, maling ngrampok. Wong desa lan non-nomane wis bisa ngatasi dhewe tanpa perlu nunggu priyayi sing kawogan. Ananging Swandari lan Santriadi tetep ngelingake supaya pada ora waton milara wong liya. Menawa begal wis kecekel tetep kudu digawa ana panggonane priyayi kang kawogan kuwi mau.
Sripada lan barisan para priya uga kasil ngringkus kabeh begal ana laladan iring kidul wetan. Banjur begal-begal kuwi mau dibandha lan didadekake tontonane wong desa. Kabeh padha seneng merga yen kabeh begal wis kecekel kuwi tandhane urip bisa lumaku kaya maune lan adat sabene, tanpa ana rasa was-was lan sumelangmeneh.
Kabeh begal di bandha ana pendapa lan latare Swandari. Wong-wong kuwi mau uga ditakoni keneng apa ngrampok? Pawadane werna-werna ananging sing baku kabeh padha susah yen perang ora leren lan marai kahanan dedagangan dadi sepi lan ora gampang golek sandhang pangan. Swandari lan Santriadi banjur nakoni para begal apa padha nduwe kabisan sak liyane nggebuki uwong utawa tumindak kang aeng-aeng kaya ngapusi, seneng nggendham lan sak piturute. Jebul rata-rata pancen ora duwe kabisan sak liyane nyambut gawe kasar kaya dadi buruh neng sawah, tukang blandong kayu utawa dedagangan. Swandari banjur mikir rada suwe. Dheweke ngeling-eling nalika ngetutake Santriadi sinau ana padhepokane Ki Ageng Gribig, Santriadi wis tau tetulung marang wong Kalang kang tatu merga dicokot ula. Pawongan kuwi banjur digendhong karo Santriadi mulih ana padhepokan supaya bisa ditambani. Nyawane slamet, banjur pawongan kuwi janji bakal ngewangi Santriadi menawa sak wanci-wanci genti butuh pitulungan. Swandari kelingan menawa wong kuwi pinter bab ukir-ukiran arupa kayu utawa wesi utamane emas. Swandari banjur mbisiki Santriadi bab kuwi, sapa ngerti yen wong-wong kuwi diajari ngukir kayu utawa emas bisa entuk pegaweyan sak liyane ngrampok. Menawa pawongan kuwi duwe kabisan mesti ora kangelan golek gaweyan. Santriadi manthuk sarujuk. Wong Kalang kang aran Ki Sakir banjur dijaluki tulung ngajari wong-wong kang wis gelem mertobat kuwi. Santriadi seneng jebul Swandari ora mung pinter ing babagan perang utawa ulah kaprajuritan ananging uga bisa ngekeki dalan kanggone wong-wong kuwi bali ana dalan kang bener.
Sakliyane kuwi, Swandari uga ngajari maca, nulis lan ngetung supaya rampog-rampog kuwi yen wis bisa duwe kepinteran banjur bisa miwiti urip kang anyar. Bojon-bojone uga diajari mbathik, njahit, nenun lan kepinteran liyane sak engga bisa ngewangi sing lanang golek rejeki, ora ming nyadhong wae. Dene sing pancen prigel ana babagan bandayuda, Sripada lan Suteja gelem ngajari supaya bisa dadi prejurit kang mumpuni kanggo nglabuhi bangsa lan negarane.
Santriadi dhewe uga gelem cucul, ateges menawa tilas begal kuwi padha gelem mertobat lan gelem sinau, Santriadi bakal menehi modal kanggo pawitan ngupaya rejeki sing halal lan ora nerak paugeraning Negara. Santriadi janji yen bakal mbalekake kumandhange pasar lan ngupaya supaya perang bisa ndhang rampung. Awit Santriadi ora mentala menawa weruh kawulane mati merga kaliren.
Apa kang coba dilakoni dening Swandari, Santriadi, Sripada lan Suteja nuwuhake pengarep-arep anyar kanggone wong kang maune wus rumangsa kelangan jati dirine, kelangan penggaotane lan kelangan kapercayane. Meh nem sasi suwene, Santriadi lan Swandari sak kanca mulang begal-begal kuwi kanthi pambiyantune wong Kalang aran ki Gotra sak andahane. Ana uga pawongan kang neka saka Sulawesi lan Lasem. Pawongan kuwi uga nawakake pambiyantu kanggo ngajari nggawe kapal-kapal gedhe utawa cilik saka kayu. Ana prau biasa sing bisa kanggo golek iwak, jung kang bisa kanggo ngangkut beras, sapi lan sak piturute, tekane kapal Phinisi sing bisa nggawa prejurit maewu-ewu. Santriadi mesthi wae seneng banget, pawongan kang jenenge Kraeng Sowa lan Sajuron banjur dielokake ana ing pamulangan iku.
Kayu-kayu kang dienggo gawe prau lan kapal kanggo sawetara durung bisa njikuk saka Blora merga perang antarane Mataram lan Demak, banjur dijikukake saka wewengkon alas jati ana sak dhawane Gunung Kidul. Jati-jati tua sing gedhe lan bakoh digeret medhun cedhak segara supaya bisa dirancah lan digawe kapal. Swandari mongkog atine nalika weruh ragangan kapal sing lagi digawe. Ancase, yen wong Mataram padha bisa gawe kapal mesthi ora angel lunga menyang manca Negara lan nemokake laladan anyar kang bisa dienggo jembarake wawasan uga wewengkone Mataram.
Swandari bocah pesisir banjur kaya duwe gegayuhan bisa nelukake segara kanggo nguripi bangsane. Bab kuwi uga tau diomongke karo Santriadi, mboka sajak ora digape. Ananging Swandari percaya yen Santriadi mesthi uwis duwe gagasan bab nelukake segara kang jarene wingit lan gawat kaliwat-liwat. Swandari mikir menawa segara kang wingit kuwi bisa dilayari, ora mokal ana segara sing biru kuwi akeh maneka wernaning asile segara lan bisa kanggo nguripi ora mung desane ananging kabeh kawula sak Negara. Impen kang kerep ngreridhu anggone turu. Sak suwene iki Swandari ming bisa ngrasakake iwak kang dicekel saka sungapan opak merga durung ana sing wani nunggang kapal lan lelayaran nganti tengahing segara kidul sing ombake pancen nggegirisi. Nanging yen kapale gedhene ping telune omahe, mesthi wae ombak kuwi ora bakal bisa nggolingake, paling mung bisa nyempyok wae.
Ing sawijining wengi nalika Swandari lagi turu pules dheweke ngimpi dene segara kuwi mbukak kaya binelah. Santriadi katon mlaku nembus segara kang binelah kuwi, banjur ana ngimpi kuwi katon ana wanita cacah sanga kang njoged Bedhaya. Ananging Bedhaya kang dijogedake bedha kaya kang tau disinau Swandari. Bedhaya kuwi kaya nggambarake dhaupe Kanjeng Panembahan Senapati swargi karo retune segara kidul, kairing lan kaapit para penari sing ayune jan ora bisa dicritakake. Santriadi uga ana kono sajake kaya njangong dhaupe kanjeng ramane. Swandari mbengoki Santriadi nanging ora keprungu amarga tabuhan gamelane sora banget. Swarane gamelan kuwi ngiring bedhaya kang saben obahing awake ditutake lenggoking banyu segara kang winelah kuwi. Bab kuwi mesthi wae marai Swandari sumelang atine. Sumelang yen banyu segara kuwi banjur nyempok Santriadi. Ananging endahing swara gendhing lan obahing jogede para bedhaya wis kaya nggendham Santriadi. Swandari saya goreh nalika banyu kuwi wiwit tiba kaya arep ngelepi papan sing dienggo njagong kuwi mau. Swandari banjur sigra nggeret tangane Santriadi dijak mlayu ngadoh saka banyu. Maune Santriadi panggah ora gelem, nanging awit saking kuwate penarike Swandari Santriadi banjur katut. Bener kang dadi pikirane Swandari banyu nyempyok lan ngelepi kabeh sing ana. Ananging bedhaya lan mantene kaya-kaya amem wae tetep njoged kaya umume wong njoged ana pendhapa kamangka kuwi ana njeron banyu. Santridai ditarik saya sora supaya ngadohi banyu sing ngoyak arep ngelepi, mak byur awake Swandari lan Santriadi kaya kauncalake ombak gedhe ana sak pinggiring segara.
Swandari melek. Dheweke ngucek mripate mesthekake menawa bab kuwi kabeh mung pangimpen wae. Nanging lucune mboka turu ana peturon ananging awake lan rambute krasa teles pliket kaya entas dicemplungake ana segara. Swandari bingung, nanging kuwi kabeh dadi ora penting nalika Swandari kelingan Santriadi. Dheweke banjur tangi mak nyat lan mlayoni panggonane Santriadi olehe turu. Bingung lan ngungun, dene Swandari weruh Santriadi turu kepati kanthi awak kang telese padha karo Swandari. Peturone malah isih tetes-tetes banyu kang ambune persis banyu segara. Swandari banjur nggoyak-oyak awake Santriadi “Gusti….wungu Gusti.”ngono pambisike supaya kanca-kancane kang turu nunggal senthong ora melu tangi. Santriadi kaget banjur tangi alon. “Wah….jan, kowe ki piye ta. Aku kuwi isih kepengin ngrungokake sak gendhing meneh je.” Kandhane karo ngucek-ucek mripate. “Ageman penjenengan teles, kasuripun ugi teles. Gantos rumiyin mangke mindhak gerah utawi masuk angina.” Swandari matur karo ngulungake sandhangan garing. Santriadi nampani pakeyan kuwi banjur salin. Swandari kang wus ngganti klambine banjur nggulung kasur teles mau banjur digenteni sing anyar sing ora teles.
Santriadi banjur nyedhaki Swandari “Bedhaya mau apik banget ya? Apa sliramu bisa njoged kaya ngono kuwi?” Santriadi takon. Swandari kethip-kethip sajak ora percaya dene wengi iki dheweke lan Santriadi bar ngalami impen sing ora sak baene ananging Santriadi sajak ora gumun, ora binggung lan ora ngungun. Kabeh sajak kaya bab kang umume awe. Santriadi banjur njaluk piranti kanggo nulis. Swandari nyepakake apa kang dibutuhake. Sewengi Swandari ngancani Santriadi nyatheti gendhing lan nggambar perangane ragam jogged lan obahing awak. Santriadi uga nggambarake rakitan jangkahe sing kaya garudha nglayang, jejer wayang, urut kacang, kalajengking, perang, gawang tiga-tiga. “Coba pencukan perange, tirokna sing kaya mau ya, aku ethok-ethok dadi mungsuhe.”kandhane alus. Swandari wangsulan “Nandalem menika lucu lho, lha wong wismeh byar ngaten kok malah ngejak pencukan perang.” “Wis ta, aja seneng ngeyel. Mengko yen wancine sliramu njoged kanggo aku mundhak ora damang.”kandhane Santriadi meneh karo ngulungake cundrik loro. Santriadi lan Swandari banjur njogedake perange ana bedhaya kang sewengi diimpekake. Lagi padha ngglenggeng anggone njoged ujug-ujug ana panah kang mabur persi ngarah janggane Santriadi, kanthi cukat trengginas Swandari nyurung Santriadi memburi sak engga panahe mleset, Santriadi kaget.
Ora gantalan, lawang kabukak byak, ana kira-kira wong sepuluh nggrudhug panggonan kuwi lan ngarah patine Santriadi. Ananging dialang-alangi dening Swandari. Santriadi uga banjur siyaga bandayuda karo uwong-uwong kang sajake dikongkon mateni awake.
Sripada kang maune turu angler banjur tangi gregah krungu rame-rame semono uga Suteja. Wong papat mungsuh sepuluh uwong, kabeh nganggo sandhangan ireng-ireng raine uga ditutupi. Sripada kang mbuka serangan nandhingi wong-wong kuwi. Di susul Swandari, Santriadi lan Suteja. Swandari nggone bandayuda kasil mbukak salah sijining tutup raine wong-wong kang padha gawe kisruh kuwi. “Tejawati?” pambengoke. Tejawati ngerti yen Swandari kaget nggunakake kalodhangan kuwi kanggo nendhang pupune Swandari, ananging mleset merga Swandari bisa ngendhani, suwalike Swandari kasil nggaplok raine Tejawati nganti meh wae tiba. Jebul Swandari saya rosa sak wise ngetutake Santriadi. Swandari banjur nlikung tangane Tejawati. Nanging Tejawati ora kalah limpad, bisa ngendhani panlikunge Swandari, Tejawati banjur nyudhukake cundrike ana bangkekane Swandari ananging kasil kasampluk malah banjur tangane Tejawati kecandhak lan banjur dibanting dening Swandari. Tejawati banjur semaput.
Santriadi uga kasil bisa nelukake wong telu kang nyerang lan ngrubut dheweke salah sijine uga kancane Tejawati aran Gupita, Sripada lan suteja semono uga. Wong sepuluh banjur bisa dicekel kabeh. Swandari banjur nakoni Tejawati ngenani sapa sing akon mateni Santriadi, ananging Tejawati ethok-ethok ora ngerti. Swandari gregeten, ananging ora tegel yen arep milara.
Sripada banjur njikuk cundrik kang digawa saka Tejawati. “Yen didelok saka cundrike, katone sing ngakon wong kang duwe kalenggahan dhuwur ana Mataram. Cundrik kaya ngene biyasane ming diagem para wanita. Dadi mesthi wae sing ngakon mateni uga wanita.”kandhane. “Iya, bener kandhamu kakang Sripada. Kuwi cundrike Kanjeng Ratu Tulungayu. Aku wis tau ngerti nalika beksan mbiyen, cudrik kuwi sing diagem.”kandhane Swandari. Suteja bingung, dheweke banjur nyedhaki Santriadi.”San, lha sakjane kowe ki sapa ta? Genaya kanjeng ratu kepengin ngarah patimu gek luputmu kuwi apa?”pitakonane Suteja lugu. Sripada ming kukur-kukur ora wani wangsulan. “Ngene, Ja. Bab aku sapa kuwi ora penting. Sing baku saiki kabeh slamet ora kurang siji wae.”wangsulane Santriadi. “Mengko dhisik ta. Ndari kowe sak jane rak ya ngerti sapa sakjane Santriadi kuwi. Keneng apa aku ora mbok blakani. Sak mene akehe uwong, ming aku thok sing ora ngerti apa-apa.”pambengoke Suteja. Tejawati kang mung meneng wae banjur omong “Pawongan kuwi sing katelah raden mas Rangsang putra pembarepe Kanjeng ratu Retna Dumilah karo swargi Kanjeng Panembahan Senapati. Dene Kanjeng Ratu Tulungayu kepengin ngarah patine, amarga Raden Mas Rangsang iki arep ngendih panguwaos Dalem.” Kandhane Tejawati. “Cukup. Ora perlu diterusake. Saiki kowe wis ngerti sapa sejatine kangmas Santriadi.”kandhane Sripada sora. Nanging Suteja kang rumangsa ora dipercaya lan diapusi banjur lunga. “Kakang…!” pambengoke Swandari. “Uwis. Ben aku wae.” Kandhane Santriadi kang banjur ngoyak playune Suteja.
Suteja mlayu tekan pinggiring segara. Santriadi nyusul ora let suwe. “Sing gedhe pangapura ya, Ja. Aku lan adhimu ora duwe niyat ngapusi. Sing baku aku tetep nganggep kowe lan Sripada kaya sedulurku dhewe amarga sak suwene iki wis gelem melu lara lapa. Keneng apa aku ndhelikake jeneng lan kalenggahanku, ya salah sijine merga aku kerep dioyak-oyak lan arep dipateni. Dadi aku kudu nyamudana. Sak liyane kuwi apa kang dikandhakake bocah-bocah wadon kae ora bener. Yen aku nyata-nyata kepengin ngraman, keneng apa aku malah golek cara kanggo mungkasi perang antarane Kangmas Puger lan Kangmas Hanyakrawati? Sepisan maneh sing gedhe pangapuramu.”Santriadi kandha karo nggoceki pundhake Suteja. Suteja banjur ndheprok. “ Kula ingkang nyuwun pangapunten, denmas. Sak dangu penjenengan wonten griya kula, kula sampun wantun tumindak kang kirang trapsila lan nilar suba sita.” kandhane Suteja, sak jane anggone nesu merga rumangsa diapusi among dienggo nutupi isin. Suteja rumangsa ora tumindak bener amarga ora njaga tataning susila marang priyayi kang luwih dhuwur kalenggahane. Kanggone wong Jawa tumindak sing kaya mengkono kuwi sirikan, apameneh kanggone wong kang diwulang tata karma wiwit cilik. Santriadi banjur nggoceki lengene Suteja karo ngangkat awake Suteja supaya ngadheg. “Aja ngowah-owahi adat. Yen kowe tumindak kaya ngene, kuwi pada karo kowe mbukak wewadiku.” Santriadi mandheng Suteja kang isih ndhingkluk. “Nanging sak estu, denmas. Kula nyuwun pangapunten ingkang sak ageng-agengipun.” Kandhane meneh. Kanggo nglipur atine Suteja, Santriadi banjur ngrangkul Suteja, “Wis rasah di pikir. Saiki kowe melu aku wae neng Demak. Mengko ibumu ben karo Nursi, dadi ana sing ngewangi. Kowe, Ndari lan Sripada melu aku nang Demak kanggo nyekel kangmasku Pangeran Puger. Eh sapa ngerti kowe bisa ketemu karo bapakmu ana palagan. Sak ngertiku bapakmu rak ana bregadhane Kangmas Pangeran Purbaya, ta?” pitakone Santriadi. “Inggih.” Wangsulane Suteja lirih. “Ya wis, moga-moga sesuk bisa ketemu. Amarga aku dhewe ya durung ngerti bapakmu sing endhi, mboka aku sok linca-linci ana ndalem Purbayan.” Kandhane Santriadi. Suteja manthuk. “Lajeng tiyang-tiyang ingkang niyat mejahi penjenengan kados pundi?” Suteja banjur takon. Santriadi mesem. “Sing wadon di culke wae, ananging sing lanang-lanang mengko dipasrahake kangmas Purbaya wae. Monggo borong arep dikapake.” Santriadi wangsulan.
Isuk kuwi cahyaning sang bagaskara kang wiwit metu madhangi jagad katon endah. Suteja lan Santriadi banjur cucul lan ngetutake jogeding ombak. Kaya-kaya ngilangake kabeh rasa kang ngabot-aboti pikir. Kekarone padha lelumban ana ademe banyu segara kanggo ngeningake rasa kang sumrimpet ana kalbu. Saka kadohan Sripada lan Swandari mesem merga weruh endahing sunaring surya kang bakal dadi pepadhang ing Mataram.
TTTTTTTTTTTTT
Nyai Supanggah sarujuk dadi dutane Mataram sak wise Swandari matur marang pangeran Purbaya lan diparingi lilah. Swandari banjur ngiring Nyai Supanggah sowan pangeran Puger kanthi sesidheman supaya ora konangan dening adipati gendhing lan adipati panjer. Sak durunge Nyai Supanggah didunungake ana Tegawanu Grobogan ana tapel wates Demak. Nyai Supanggah lan Swandari nyamudhana dadi penari tayub. Tayub dhewe mula seni kang wus ngrembaka wiwit jaman Singasari lan akeh digelar ana desa2 ing wewengkon Grobogan, Pathi lan Blora. Tayub mawa teges tata lan guyub, dadi jarwa dhosone mawa teges ditata ben guyup. Seje karo bedhaya, tayub duwe ragam gerak kang luwih prasaja lan rampak. Tayub biayasane digelar kanggo mahargya kasile panenan utawa supitan lan mantenan, dadi pancen ora dadi bageyan perangane upacara.Tayub luwih kanggo nelakake rasa syukur lan rasa gembiraning para kadang tani lan kawula alit umume. Yen ana Mataram, Tayub meh padha karo ledhek kang disewa saka dusun ing dusun liyane. Lan ora digunakake ana pasamuwan kang gedhe.
Sripada, Suteja lan Santriadi uga nyamun dadi tukang kendhang lan pengrawit kang nabuhi para penari tayub kuwi. Anggone padha nayub entuk pangalembana saka para kawula lan perangkat desa. Lan ora suwe rombongan tayub iki kepireng dening pangeran Puger. Pangeran Puger banjur utusan marang abdine supaya nimbali para penari tayub kuwi. Sakwise nglakoni perang meh patang taun suwene, marai para prejurit uga kesel lan jeleh. Kuwi sebabe pangeran Puger banjur ngersakake tontonan sing bisa kanggo nglipur rasaning ati.
Santriadi, Sripada lan Suteja wis wiwit waspada nalika mlebu ana wewengkon prejurite mungsuh. Kahanane pancen rada ora ngepenakake. Para prejurit kang wus katon kuyu-kuyu marga aboting laladan peperangan, suwene anggone bandayuda lan tatu awak kang durung bisa mari, ketambahan weteng sing luwe merga ransume dijatah kanggo ngirit supaya ora kentekan pangan. Para prejurit kuwi sajake uga wis kangen marang anak bojone, ananging furung bisa mulih merga kudu ngayahi kuwajibane. Santriadi banjur rembugan karo para pengrawite supaya wiwit nabuh gamelane, ananging kanthi tembang2 sing nglangut lan ora rampak kaya biyasane. Tembang2 kang marai prejurit2 kuwi ora duwe greget lan kepengin padha mulih. Swandari lan Nyai Supanggah uga ngetutake wirama kang laras karo tetabuhane. Nglangut, ngayut-anyut. Pangeran Puger kang lagi wae rawuh maune arep duka dene tayub kok ora rampak. Nanging nalika weruh yen sing njoged Nyai Supanggah utawa Sekarwati, wanita kang sak jane banget ditresnani, pangeran Puger banjur deg2an. Apameneh nalika weruh Swandari. Iku ateges prejurit kenya wis kasil nembus jantunge kekuwatane Demak . Bengi kang adhem dadi krasa sumuk kanggone Pangeran Puger. Kringete byuk2an. Ananging pangeran Puger tetep nyoba lerem. Arya Gendhing lan adipati Panjer banjur nyusul pangeran Puger melu nonton anggone padha tayuban. Sripada kang weruh gelagat kang kurang becik banjur ngowahi kendhangane dadi luwih rampak supaya siasate ora konangan. Ana ing sawijing kalodhangan, Nyai Supanggah nguncalake sekar menur ana ing pangkonane pangeran supaya kersa njoged bareng. Pangeran Puger kang goreh merga kedereng penggaluhe kang ora jenjem banjur kersa njoged bareng Nyai Supanggah kang pancen kawentar ayune, weweg awake lan luwes jogede. Nalika beksa bareng kuwi Nyai Supanggah kasil ngaturake karepe kepengin pinanggih pangeran Puger pribadi. Pangeran Puger nayogyani mengko sak bar tengah wengi. Nyai Supanggah mbacutake jogede nganti udakara jam sewelas bengi, sak banjure rombongan kuwi diparengake leren ana omah kang dibangun saka pring ora adoh saka wewengkon anggone nayub kuwi. Senadyan ta tontonan wis bubar, ana njero gubug kuwi Santriadi tetep mainake rebabe kanthi swara kang ngayut- anyut. Mbaka siji prjurit Mataram kang dadi pendhereke pangeran Puger wiwit padha nglokro lan pengen bali. Sak banjure padha nibakake pedhang lan tumbake. Mbaka siji banjur padha tinggal glanggang, acolong playu. Kabeh padha milih ngulihi anak bojone, tinimbang melu perang kang ora cetha kapan rampunge. Sripada lan Suteja uga alon- alon ninggalake papan anggone ngaso lan wiwit nggoleki papan2 kang ringkih saka para prejurit Demak kuwi.
Suteja nyedaki papan kang dienggo nyimpen ransum utawa pangane prajurit. Suteja banjur ngewur-wurake bubukan kang digawe saka godhong kecubung lan jamur tlethong. Bubukan kuwi marai sok sapa wae kang memangan bakal mabuk lan mutah2. Sawetara kuwi Sripada nyedhaki panggonan kang dienggo nyinggahake gegaman utamane bedhil, panah lan tumbak. Amarga gaman-gaman kuwi mau bisa ditembakake utawa diuncalake nganti tekan adoh, sak enggo kudu disingkirake. Yen prajurit ora bisa mbedhil, manah lan numbak, kuwi wis padha karo ngelongi kekuwatane mungsuh separo luwih. Dene Swandari ngiring Nyai Supanggah nemoni pangeran Puger ana papan kang wis dikandhakake nalika pangeran Puger mau njoget.
Papan kuwi arupa alas cilik kang wis diresiki grumbule ananging isih akeh wit-witane. Ana kono pangeran Puger mesanggrah yen lagi ora kepengin ditemoni sapa wae kejaba wong-wong kan pancen ditimbali. Kuwi sebabe para prajurit uga ora nyekel utawa ngendhek lakune Nyai Supanggah lan Swandari. Sak wise uluk salam Nyai Supanggah diparengake mlebu ana omah cilik saka pring kang banget prasaja lan uga nam-naman blarak kanggo payone. Nang jero katon ana senthir kang murub pelik2 ana njero. Kamangka ana njaba dipasangi oncor gedhe2. Sepisan kanggo madhangi papan kuwi, kaping pindhone uga bisa kanggo ngangetake awake para prejurit sing jaga sak liyane saka urubing kayu kang dibakar sak tengahing latar pesanggrahan kuwi.
Swandari ora melu mlebu ananging nunggu neng njaban omah. Prejurit sing ana kana wola-wali mbalangake liring amarga seneng weruh bocah wadhon ayu, apameneh wis ninggal bojo pirang2 taun lawase. Swandari njaga subasitane sak engga ora mancing prejurit-prejurit kuwi tumindak kurang ajar utawa murang tata.
Ora kenyana, wengi kuwi raden mas Wirata njedul saka barisane prajurit lan kepengin caos pelaporan marang bapakne. Swandari kaget nalika adu arep karo denmas Wirata. Denmas Wirata uga kaget, ananging uga campur seneng nalika bisa ketemu maneh karo Swandari sing pamore wis katon pecah. Raden mas Wirata meh wae ora percaya geneya Swandari ana ngarepe pesanggrahane kanjeng ramane. Kebak ing pengarep-arep lan rasa tresna Raden mas Wirata ninggal tata krama, Swandari diplayoni banjur diruket." Diajeng. Sidane sliramu tekan kene tenan. Aku wis kapang tenan ketemu sliramu." Swandari rada risi lan isin merga ana kono ana pirang-pirang prajurit kang jaga. "Denmas, kula aturi emut. Menika sanes panggenan ingkang sae." Wangsulan Swandari. Raden mas Wirata bajur ngeculake pengrukete, pasuryane abang merga isin. "Apuranen aku nimas menawa kurang trapsilaning tumindakku. Ora ateges aku arep kurang ajar, ananging kedereng rasa kangen lan tresnaku marang sliramu. Lha kok sliramu uga ana ing pesanggrahane kanjeng rama ki gek ana perlu apa? Tur kok ora tindak mlebu wae malah ana kene. Mesthine rak ya adem. Apameneh sliramu ming ngagem mekak kaya ngono." Ngendhikane Raden mas Wirata karo ngalungake jarit kang sengaja digawa kanggo ngilangake rasa adhem. Swandari jan-jane atine ora karu-karuwan. Kepingine bisa nanggapi apa sing dadi sedyane priya kang wus suwe dadi pepujaning atine, ananging ayahane marang negara lan gustine luwih penting tinimbang rasane dhewe." Denmas, kula sowan dateng keng rama menika margi ngayahi kuwajibaning negari. Ingkang sepindah kula pun utus ndherelaken Nyai Supanggah ingkang dados utusanipun kanjeng Ratu Retna Dumilah. Ingkang kaping kalih kula kedah mesthekaken dene Nyai Supanggah bidahal lan wangsul kanthi slamet mboten kirang setunggal menapa." Wangsulane Swandari. Mboka jane atine kaya rinujit-rujit nanging dheweke ora kena mingkuh. "Dadi sliramu adoh-adoh tekan kene dudu merga pun kakang ta cah ayu."ngendikane denmas Wirata semu gela. " Nyuwun pangapunten demas." Swandari mangsuli karo ndhingkluk. "Menapa malih sakmenika nandalem ugi sampun bebrayan kaliyan ndoro ayu Rukti. Kula mboten saged natoni manahipun ndoro ayu Rukti. Badhe kados menapa kemawon, ndoro den ayu Rukti menika nate dados mitra lan kanca ingkang asring tetulung dumateng kula. Menawi kula lajeng taksih sesambungan tresna kaliyan nandalem, menika ateges kula wanita ingkang culika, mboten mangertos budhi." Wangsulane Swandari meneh. " Mengko dhisik ta nimas. Apa sliramu durung nampa layangku? Nalika semana aku nitipake layang marang salah sijine gandhek aran Suwela. Apa sliramu ora ketemu? Raden mas Wirata bali takon maneh. " Serat?"Swandari bingung. Raden mas Wirata banjur kendel. Layange wis mesthi ora tekan, pantes wae Swandari nesu, mangkono pikire. Ananging sak jane, sak plok dipisahake saka denmas Wirata, Swandari wis nglenggana menawa dheweke ora patut sesandhingan karo denmas Wirata, lan nalika ana kabar angin kang ngandhakake dhaupe denmas Wirata karo den ajeng Rukti nalika kuwi, Swandari wis mupus pengarep-arepe mboka tresnane ora banjur ilang ngono wae. Wewayangane denmas Wirata isih dok ngreridhu impene ananging saiki wis wiwit katon pelik2 ana kadohan. Loro-lorone saiki padha amem sajak ngenam-nam pikirane dhewe-dhewe. Denmas Wirata kang ora saguh ngapusi atine mesthi wae isih nyoba ngronce pengarep-arep bisa nyandhing wanita kang endah ing rupa sak ngarepe kuwi. Swandari sajake duwe pikirane dhewe, priya kang wus njikuk atine kuwi katon adoh banget ana sak pinggiring jurang jero kang tangeh lamun bisa diliwati. Sak engga kanggo ngranggeh wae Swandari wis kelangan daya dadi dheweke milih mupus pangimpene. Apameneh kahanan saiki nalika jebul Pangeran Puger ngraman tumrap negarane. Uwis mesthi bakal diluputake sak sapa wae. Swandari saya krasa ora bisa nyaut tresnane kuwi amarga dalan tumuju mrana saya rumpil. Yen pangeran Puger tenan menang ing ngajurit lan Mataram teluk, kuwi uga ateges Swandari uga dadi telukan mungsuh lan kepetung dadi wong kang disingkirake. Semono uga suwalike.
TTTTTTTTTTTTT
Ana ing jeron pesanggrahan ora kalah mbingungake. Pangeran Puger manahe kejot amarga Sekarwati marak sowan. Sak jane kanjeng Pangeran Puger wis pirsa yen Sekarwati kautus nganti tekan Demak kanggo ngglembuk slirane supaya kersa pasrah marang Kanjeng Sultan Hanyakrawati. Ananging Pangeran Puger uga pirsa yen pasrah ateges soroh nyawa. Pangeran Puger uga wis nduweni firasat menawa Sekarwati duwe karep nelukake Pangeran Puger kanthi cara aris utawa kasar, sakengga nyamudana dadi ledhek utawa penari Tayub, supaya mulusake dalane nyedhaki pangeran Puger lan andahane. Kabeh niyaga lan penari sing digawa wis mesthi dudu wong biyasa ananging para prejurit pilihan. Sak engga Sekarwati wani mlebu ana jantunge mungsuh. Kamangka mung nganthi udakara kurang saka lima las uwong. Pangeran Puger wis apal siasat kaya mengkono biyasane dirancang dening rakane Pangeran Purbaya. Nanging andahan saka Purbayan ora ana siji wae sing ketok. Kabeh kaya-kaya bocah-bocah enom nanging katon padha prigel anggone nggamel lan nembang. Bocah-bocah kuwi ora ana sing dingerteni dening Pangeran Puger kejaba Raden Mas Jatmika kang uga nyamudana dadi pengendhang. Ananging praupane kang tunggal turun pancen ora bisa didhelikake. Saiki Raden Mas Jatmika wis dudu bocah maneh ananging priya kang gagah pideksa persis kaya ramane Panembahan Senapati. Pangeran Puger ming bisa ngrasakake yen ana Raden Mas Jatmika uwis mesthi prejurit Kenyane Kanjeng Ratu Retna Dumilah kang kawentar kuwi mesthi ora bakal keri lan mesthi cawe-cawe.
“Nyai, apa sing marakake sliramu kedarang-darang tekan Demak kene? Apa ya kraton Mataram kuwi wis kentekan bandha-bandhu sak engga tilas kembange penari dalem nganti dadi ledhek kang mbarang turut dalan. Aku tenan anggone miris, geneya sliramu kang dadi empune joged Mataram nganti ngasorake awak kaya ngene?” Pangandhikane Pangeran Puger nylekit. Sekarwati wis ngerti yen pangeran Puger dudu priyayi kang gampang ditelukake banjur matur kanthi esem kang isih marai geter sok sapa wae kang nyawang.”Ngaten Gusti, kula kedarang-darang dumugi Demak mriki naming amargi mboten mentala sumerep tangising para kawula Mataram utawi Demak. Cobi nandalem penggalih, meh sekawan taun anggen panjenengan nggedhak perang keng rayi, menapa lajeng sasap ing jurit? Mboten. Kenging menapa, amargi nandalem kaliyan sinuwun Hanyakrawati kagungan kekiyatan ingkang sami. Gajah tarung sami gajah sinten ingkang tuna, kawula alit kados kula lan tiyang-tiyang sanes. Kula dados ledhek, mboten kok kula ngasoraken drajat para penari Kraton Mataram. Ananging kula ngemutaken bilih nandalem kekalih gadhah kawula ingkang ugi betah remen-remen. Nalika panen saged jejogedan. Sanes anjoged ananging jejogedan. Nandalem temtu pirsa bentenipun. Anjoged menika mligi joged kangge memuja Gusti Maha Agung kang Akarya Jagad. Mila dados piranting upacara sanes kangge tontonan ananging kangge memuji dateng asmanipun kang Maha Agung. Ananging para kawula ugi betah jejogedan kangge mratelakaken raos remen lan raos syukur amargi panen ingkang sae, badan ingkang saras lan negari ingkang tentrem. Ananging menawi nandalem lan kanjeng sinuwun naming perang lajeng, kadospundi nasibipun para kawula. Sok sintena kemawon ingkang lenggah dados panguwaosing praja, menika mboten wonten ginanipun tumraping para kawula menawi para panguwaos kalawau mboten saged ndamel para kawulanipun jejogedan. Panen ingkang kados menapa ingkang saged damel obahing badan menawi siti ingkang kedahipun pun tanemi, risak pun idhak-idhak kapal lan para prejurit. Lajeng Kraton ingkang kados pundhi ingkang saged mulyakaken Gusti Allah kanthi anjoged menawi para panguwaosipun naming ribet regejegan rebut benere dhewe lan tumindak sakarepe dhewe. Menapa nandalem ing wanci kados mekaten ugi taksih emut kangge nenepi kados kanjeng Panembahan swargi, lelana teki-teki, ngisep sarining asepi? Menapa nandalem ugi emut mulyakaken Gusti Allah? Menawi nandalem emut temtu boten badhe kedereng ing hardening kanepson. Sedaya putranipun Kanjeng Panembahan menika kagungan hak wonten damparaing Mataram. Ananging sinten kemawon ingkang lenggah kedahipun pun sengkuyung dening sedaya sentana, bupati nayaka lan abdi dalem. Mboten kok lajeng rumaos ingkang paling sae, paling sepuh, paling…sak piturutipun. Menapa jaminanipun menawi nandalem ingkang dados panguwaos lajeng kawula Demak lan Mataram saged langkung sae gesangipun, gangsar anggenipun pados pangupa boga, lan makmur mirah sandhang-pangan. Menawi taksih keguh, taksih kedah pun upayakaken, kenging menapa nandalem mboten ngrencangi keng rayi ndadosaken Mataram langkung ageng tinimbang sak menika nandalem daos kraman.” Wangsulane Nyai Supanggah. “ Lambemu pancen landhep Sekarwati. Aku yen guneman karo kowe mesthi wae ora bakal menang. Ya ming merga ayuning rupa lan alusing bebudhenmu kang marai aku mbiyen ora duwe daya sak ngarepmu. Nanging saiki aku kuwi panguwasane Demak lan bakal dadi panguwasane Mataram uga. Dadi aja marakake aku duka. Sekarwati aja kowe ngilani dhadhaku.” Ngendhikane Pangeran Puger sora. Sekarwati ora gigrig lan ora mundhur sak jangkah wae. Piyea wae Sekarwati maune uga prejurit Kenya kang mumpuni. “Kula sampun matur, Gusti. Kula naming caos pemut, menawi nandalem kersa ndhahar atur kula sukur alkhamdulilah. Menawi mboten kula kepeksa wantun dateng nandalem.” Kandhane Nyai Supanggah. Pangeran Puger muring bajur njabut kerise. Ananging kanthi wani Nyai Supanggah maju. “Mangga kangmas, kula aturi nuncepaken keris punika wonten jaja kula. Kula rila menawi kedah dados bebantening negari, ugi dados bebantening priya ingkang nate kula tresnani. Kula pancen mbotem nate dados garwa, ananging jejering wanita ingkang setya tuhu dumateng guru laki kedah wantun ngemutaken kakungipun menawi tumindak nasar. Kedah wantun menggak menawi njangkah wonten margi ingkang klentu. Sumangga kangmas. Kula ikhlas, lila legawa. Wanita ingkang sampun nate ngandhut wijining priya ingkang sak menika badhe tegel ngoncataken nyawanipun.”kandhane Nyai Supanggah kang terus ngangseg maju. Pangeran Puger meksa ora tegel tumindak kang luwih adoh. Astane gemeter lan kerise tiba. Sekarwti kanthi alon banjur njikuk keris kuwi. “Mangga kula dherekaken sowan keng rayi. Sinuwun Hanyakrawati menika sanes priyayi ingkang kejem. Kula ingkang tanggel jawab menawi ngantos nandalem pun pidana pejah. Kula rila pejah sareng nandalem.” Kandhane Sekarwati.
Pangeran Puger banjur ngrangkul Sekarwati lan manut nalika astane di bandha. Nyai Supanggah banjur nuntun Kanjeng Pangeran metu saka pasanggrahan. Rancangane Swandari ora mleset, menawa wanita kuwi luwih limpad lambene tinimbang olah gegaman apa wae.
TTTTTTTTTTTTT
Raden Mas Wirata kaget nalika weruh yen dudu Nyai Supanggah kang nandang cintraka amarga didukani ramane. Ananging malah ramane kang dadi bandhan. Raden Mas Wirata banjur narik metu kerise arep ngluwari keng ramane, ananging digetak dening Nyai Supanggah “Thole, kowe aja melu-melu bab iki. Mundhak katut dosane wong atuwa. Saiki nyuwuna ngapura marang pamanmu supaya awakmu lan kanjeng ramamu ora dipidhana.” ”Sapa kowe wani mrentah aku. Wanita sudra, sangkamu kowe ki guneman karo sapa. Saiki Kanjeng rama luwarana lan aku ora bakal milara kowe sak kancamu.”Raden Mas Wirata nggetak luwih sora lan wiwit ngangseg maju. Swandari banjur nengahi karo njabut cundrike. Raden Mas Wirata kaget. “Nimas jebul iki ta karepmu sowan kanjeng rama. Kowe arep ngrangket kanjeng Rama. Geneya kowe tega, Ndari.” Raden Mas Wirata banjur ngathungake kerise marang Swandari. Karo mbengok sora “Prejurit….siyaga!! Ana duratmaka lan telik sandhi paya ana kene.”
Para prejurit banjur pada playon ana ing pesanggrahan. Ning ana kang bingung amarga gamane padha ilang. Kuwi polahe Sripada sak kancane. Prejurit liyane padha ora isa tangi lan sesambat mutah-mutah awit pangan lan banyune wis dijenu dening Suteja. Sawetara kuwi sadengah prejurit uga wis padha mlayu amarga jelah anggone perang. Ora let suwe swara tumiyuping singsote Ulupi keprungu nandakake menawa kabeh bregada prejurit Kenya wis tekan ana kono. Lan ngepung panggonan kuwi, Santriadi kang nggawa para prejurit Kenya kuwi ana papan kono amarga wis ngetung apa kang bakal kedadeyan. Swandari seneng banget bisa ketemu kanca-kancane meneh. Raden mas Wirata langsung lemes, nalika nyoba nggempur prajurit Kenya nganggo sisaning prajurit kang isih ana, ora nganti sak jam bisa ditelukake.
Pangeran Puger lan Raden Mas Wirata banjur dibandha lan disowanake marang Pangeran Purbaya. Nyai Supanggah banjur diwenehi bebana kang gedhe, ananging Nyai Supanggah ora gelem. Nyai Supanggah ming nyuwun supaya Pangeran Purbaya kersa nyuwunake pangapura kanggo Pangeran Puger sak putra-putrane. Nyai Supanggah uga nyuwun diluwari saka pegaweyane dadi abdi dalem merga kepengin urip dhewe ana karang padhesan. Kabeh kang disuwun Nyai Supanggah disaguhi lan dililani karo Kanjeng Pangeran Purbaya. Pangeran Puger sak garwa-putrane ora ana kang dipidhana pati anaging diukum buang ana Kudus lan kudu urip kaya dene kawula biyasa. Dene Nyai Supanggah banjur lunga saka Kraton ngilang embuh ana ngendi. Ana dongeng kang ngandhakake yen Nyai Supanggah banjur tetep urip ana Grobogan lan ngembangake seni Tayuban kang ora mligi ming kanggo kesenengan lan nguja endahing awak kanggo para priya, ananging nggawe seni Tayub dadi luwih diajeni lan dianggep tontonan kang becik. Tayuban kang diwulangake Nyai Supanggah banjur ngrembaka lan sumrambah ana sak indhenging pesisir lor.
TTTTTTTTTTTTT
Bareng ilange Nyai Supanggah, Santriadi sak kancane uga ngilang. Amarga Pangeran Puger durung maringi lilah kanggo Santriadi bali ana kraton. Awit Kanjeng Ratu Mas isih ngincim lan ngarah patine. Santriadi banjur dibalekake ana padhepokan Ki Ageng Gribig. Ana kono Santriadi ketemu karo calon sisihane kang jenenge Retno Wulan, putri saka Cirebon kang uga nyantri ana padhepokan kono.
Sawetara kuwi Swandari banjur diparengake ngewangi Nyai Badringah ngajari beksa ana keputren. Swandari banjur migunakake kalodhangan kuwi kanggo ngrembug bab beksan bedhaya kang karipta dening Raden mas Rangsang, nalika semana. Nyai Badringah ora gumun dene kabeh joged kang mujudake perangane upacara kuwi pancen karipta kanthi maneka werna cara. Ana kang saka impen, saka diweruhi lan sak piturute. Kanggo nggathukake kabeh ragam lan rakitan jangkah kang dicatheti dening Swandari, Nyai Badringah banjur nglakoni pasa bareng Swandari supaya entuk sihing pangeran kan akarya jagad supaya joged mau bisa dadi joged kang dadi dasaring joged putri Mataram kang kebak wulangan bab piye sejatine wong Jawa kudune urip bebrayan ana jagad ageng iki.
Nalika nglakoni kuwi Nyai Badringah uga sok entuk wisik supaya nggawe anggitan bab tembang kang digunakake. Swandari uga banjur nyathet suluk lan tembang kang diagem mengkone kanggo beksan bedhaya kuwi. Supaya ora geseh karo kang dikersakake Raden Mas Rangsang, sok-sok kanthi sesidheman Swandari lan Nyai Badringah marak sowan ana padhepokan Gribig banjur bareng-bareng tedhak ana pesisir. Lamat-lamat Raden Mas Rangsang nalika lagi nenepi karo para abdine kuwi banjur suluk :
Mijil langeno Sirapati
Lampanhnyo alon
Mijil langeno Sirapati
Lampanhnyo alon
Ginarebek Sanghyo Projakhthi
Tinon yuwarna niro
Sari-sari
Pindho widodari temurun.[20]
Suluk kuwi banjur dadi pambukaning gendhing mengkone. Rakitan jangkahe uga wiwit ditata sak engga mengkone bisa dadi gegambaraning raganing manungsa. Rakit kuwi ana rakit lajur, rakit ajeng-ajengan, rakit iring-iringan, rakit tiga-tiga lan rakit gelar. Kabeh makili wilangan kang ana maknane. Saumpama lajur papat kuwi duwe makna keblat papat lan lima pancer kang ngelingake menawa manungsa kuwi duwe sedulur papat, lima pancer supaya dadi manungsa kang wutuh. Manungsa kang wutuh kuwi kasusun saka jiwa, nur, rasa, budi lan napsu. Dadi bedhaya kuwi ora ming joged biyasa ananging gagambaran manungsa Jawa kang wutuh. Anane perang ing jogged bedhaya kuwi uga nduweni makna peranging batin manungsa ngenani bab kang ana sesambungane karo napsu lan rasa ananging perang kuwi kudu dipungkasi kanthi tumindak kang laras lan bener.[21] Maneka warna piwulang kakandhut ana saben perangan joged bedhaya kuwi mau, sak engga kanggone kang nyinau uga bakal entuk seserepan alam pikiring manungsa Jawa kang wutuh.
Sok nalika mbeksa ana padhepokan, Santriadi nunggoni Swandari lan yen pencukan satria lan putri, santriadi ora pekewuh yen kudu njoged bareng. Saben-saben lagi kaya ngono ana mripat kang nginjen kanthi rasa kepengin. Ananging ora digape marang Santriadi. Swandari kang banjur ewuh. “Menapa gusti putri kersa sinau beksa?”pitakone Swandari marang Retno Wulan. Sing ditakoni ming manthuk karo ndhingkluk sajak isin. “Menawi kersa, mangga kula aturi sesarengan mbeksa.”kandhane Swandari. “Ho oh nimas, aku kepingin bisa beksan sing mbok jogedke mau. Apa aku ora nganggu anggone padha pencukan?” Retna Wulan takon alon “Oh….mboten Gusti, mangga menawi badhe pencukan kaliyan denmas Rangsang.” wangsulane Swandari. “Ngganggu ya. Aku njuk dadi lali mau olehe sabetan tekan ngendi. Wis Ndari, aku encon karo kowe wae. Nek karo nimas Retno Wulan rak durung apal kepiye ragame.”kandhane sengol. Retno Wulan atine kelara-lara banjur mlayu mlebu ana padhepokan. “Gembeng. Ngono wae nangis.” Santriadi nambahi. “Nandalem menika, sampun kados ngaten. Wanita menika manahipun alit. Menawi nandalem ngendhikan kados ngaten rak mesakaken. Kados pundi menika, rak lajeng muwun ta. Jan…jan.” ature Swandari karo arep nyusul mlayoni, nanging lengene banjur digeret dening Santriadi. “Kosik. Kowe kuwi arep ngapa, nimas?” pitakone Santriadi. “Lho kok arep ngapa? Lha njih ngerih-rih gusti ayu, ta. Mangke menawi lajeng matur kaliyan kanjeng Ratu Retna Dumilah kados pundi? Menapa nandalem mboten ajrih pun dukani?” wangsulane Swandari. “Pancene kowe ora sujana yen aku njoged bareng karo nimas Retno Wulan. Kowe rak ngerti ta yen nimas Retna Wulan kuwi pancen dijodhoke karo aku.” Santriadi nerusake pitakone. Saiki genti Swandari kang kaget kaya disamber bledheg ping pitulikur. Mripate kethip-kethip sajak ora percaya “Lha kok sujana menika dasaripun menapa ta, gusti? Penjenengan lan Gusti Ayu Retno Wulan menika rak sampun cocok, ta. Penjenengan gagah, pideksa ugi bagus kados Janaka, lha gusti ayu ugi manis, ayu kados Sembadra. Lajeng ingkang pun sujanani menika menapa ta gusti?” Swandari genti takon. “Yah, kaya Janaka. Lha yen nimas Retna Wulan ki Sembadra, banjur Srikandhine sapa?”pitakone Santriadi nggodha. Sing digodha tambah bingung. “Lha njih sumangga kersa penjenengan ta gusti. Lha wong genah Janakane.”Swandari wangsulan sak kenane. Santriadi banjur ngguyu cekakakan. Swandari malah ming mlongo “Ya wis, nek sak karepku, kuwi tegese aku rak kena milih ta? Yen sliramu wae piye?” gojegane samsaya ndadra. “Ah, sampun-sampun. Panjenengan menika menawi ngendhikan ingkang aeng-aeng kemawon.” Kandhane Swandari banjur nglungani Santriadi kang isih nguyu kekel.
Swandari banjur tumuju senthonge Raden Ajeng Retno Wulan. Alus anggone mbukak korine Retno Wulan kang katon isih ungkep-ungkep. “Gusti….” Swandari lirih anggone ngerih-rih “Sampun pun lebetaken manah. Denmas Rangsang menika panci remen gojeg. Mboten sak estu duka kaliyan penjenengan. Sampun mboten sah muwun. Mangke menawi taksih kepengin sinau beksa kaliyan kula.”kandhane. Retno Wulan mingseg-mingseg “Emoh, ah Yu. Aku emoh yen kudu dipacangake karo priya kaya ngono. Wis galak, ora nyenengake, ngendhikane uga ora ngepenake.” Wangsulane Retno Wulan karo ungkep-ungkep. “Sampun, kados ngaten. Kula ngertos menawi sejatosipun Denmas Rangsang menika tresna kaliyan penjenengan. Menika namung nggodha kemawon.”kandhane Swandari. “Apa ya tenan, Yu. Aja-aja jane kangmas Rangsang kuwi nresnani sliramu?” pitakone Retno Wulan langsung nembus ana telenging nala. Swandari ndhingkluk ora wani nyawang Retno Wulan. “Bener ngono ta, Yu?” Retno Wulan sajak mesthekake. Swandari wangsulan alon lan ngati-ati banget. “Kula mboten saged maos raosipun tiyang sanes, gusti. Ananging kula blaka suta kaliyan penjenengan bilih kula lan denmas Rangsang menika gadhah sesambetan kawula kaliyan Gusti. Menawi Gusti menika kagungan kersa, kula namung abdi dados kula namung sak derma nglampahi. Kula menika sinten Gusti menawi katandhingaken penjenengan ingkang langkung sedayanipun. Ayu, pinter, sugih, pangkat, drajat. Lha kula menika sinten? Ananging kula gadah ayahan manut dumateng menapa kemawon ingkang dados kekajenganipun Gusti kula. Kula mboten saged selak lan kula mboten kenging mingkuh. Kawula menika kedah nresnani Gustinipun. Nanging menepa lajeng Gustinipun kedah tresna? Lha menika ingkang kula mboten saged matur dene ingkang kagungan manah denmas Rangsang.”kandhane kanthi ati kang tulus. Sejatine pancen wiwit sepisanan ngetutake Santriadi, ana rasa kang semlempit ana atine, ananging ngelingi drajat lan pangkate, Swandari kudu ngendhaleni rasane, supaya apa kang tau ana antarane dheweke lan Raden Mas Wirata ora kedadeyan maneh. Krungu apa sing dikandhakake Swandari, Retno Wulan banjur ngrangkul Swandari karo kandha “Arang ana wanita wani blaka marang wanita liya bab rasaning atine, Yu. Lan yen omong bab tresna, lha wong sliramu sakjane kang luwih dhisik tepung lan cedhak karo kangmas Rangsang, menawa kangmas Rangsang luwih tresna marang sliramu kuwi ya wis kudune. Aku sing kudune bisa ngendhaleni rasaku. Aku luwih ikhlas menawa Yu Ndari bisa ngampingi kangmas Rangsang sak lawase menawa kuwi bisa agawe seneng lan mareme. Aku mono mung sak derma uga nglakoni dadi anak wadon kang dipacangake. Aku ora kena ming mikir kesenenganku dhewe, dene wong kang tak tresnani malah ora bisa sesandhingan karo wanita kang ditresnani.” Kandhane Retno Wulan. Jan-jane Swandari uga mikir bab kuwi kanthi permati, kuwi sebabe dheweke uga emoh disengker dening denmas Wirata kang wis cetha-cetha nyandhing Rukti kancane kang wis kaanggep batihe dhewe. Atine ora mentala ngrusak katresnane, ora ketang jane Swandari dhewe ora ngerti apa Rukti uga nresnani denmas Wirata. Saiki kasunyatan sing padha kudu diadhepi. Nanging bali meneh, dheweke mung abdi kang ora bisa suwala saka kuwajibane setya marang gustine. Sak jroning ati Swandari tetep janji menawa Retno Wulan kudu bisa ngrasakake tresnane raden mas Rangsang sak wutuhe, kaya saiki Rukti karo denmas Wirata.
TTTTTTTTTTTTT
Demak wis ditelukake, genti saiki Ponorogo wiwit merong kampuh jingga. Pangeran Jayaraga wis nata baris, sedyane ngraman kanggo ngrebut panguwasa saka Sultan Hanyakrawati. Pangeran Pringgalaya kautus dadi manggalayudhaning Mataram kanggo nyidem Ponorogo. Swandari banjur marak sowan Kanjeng Ratu Retna Dumilah lan nyuwun dililahi ngiring tindake Pangeran Pringgalaya. Kanjeng Ratu sarujuk, Swandari kaangkat dadi senapatine prajurit Kenya lan bareng Supraba mangkat menyang Ponorogo. Swandari lan Supraba nganthi kurang luwih 250 prajurit Kenya. Nalika mangkat Swandari sengaja ora pamit marang Santriadi kanggo nyapih rasa, dene saiki Santriadi lagi ngayunake Raden Ajeng Retna Wulan lan lagi nyepakake upacara kanggo dhaupe mengkone.
Kahanan ana palagan pancen susah banget amarga pengeran Jayaraga kabiyantu sak kehing bupati ing bang wetan. Kuwi ateges Mataram kudu ngadhepi kekuwatan bang wetang kang ora cilik. Nanging pangeran Pringgalaya iki ora kalah pinter karo rakane Santriadi. Tinimbang ngayoni pangeran Jayaraga ana ing peperangan kang bisa nimbulake korbaning prajurit kang ora sithik, pangeran Pringgalaya luwih milih cara kang aris. Pangeran Pringgalaya banjur nyedhaki para bupati kang maune nyokong kekuwatane pangeran Jayaraga supaya gelem mbalik lan nyengkuyung kekuwataning Mataram. Amarga saking pintere anggone ngglembuk, para bupati banjur genti nyokong Mataram. Bupati kang banjur ora gelem mbiyantu marang pangeran Jayaraga ana papat yaiku Pangeran Rangga, Panji Wirabumi, Ngabehi Malang lan Demang Naya Hita. Pangeran Jayaraga mesthi wae duka banget ananging merga wis kadung lan isin mundhur, perang tetep dumadi.
Para prajurit Kenya klebu Swandari bebarengan karo prejurit liyane banjur nggempur prejurit-prejurit Ponorogo. Prejurit-prejurit saka bang wetan iki pancen kawentar anggone kendel lan nekad-nekad banget. Swandari lan kanca-kancane rada kacipuhan anggone ngadhepi. Ana satengahing palagan ndilalahe Swandari kang lagi ngadhepi para lurah prajurit lena. Ana prejurit siji kang tumindak culika lan nglepasake panahe saka mburi sak engga panah kuwi nembus lengene Swandari. Rasane lara banget, kalodhangan kuwi digunakake karo lurah-lurah kang ngroyok Swandari kanggo ngangseg lan ngrampungi Swandari kang isih kelaran merga panah kang nancep ana lengene. Kanthi sisa tenagane Swandari isih ngupaya bisa menang lan panggah pasrah karo mungsuh, ananging sajake panah kuwi mawa wisa sak engga Swandari banjur rada semrepet. Embuh piye sak teruse, Swandari ming krasa awake entheng lan lap ilang sakabehe. Swandari ambruk. Kalodhangan kuwi banjur digunakake karo salah sijining lurah kanggo ngrampungi nyawane Swandari nganggo tumbak. Lagi wae arep njojoh, sirahe krasa kaya diantem gadha gedhe. Sak nalika ambruk nemahi bantala, lurah prejurit liyane uga ngalami nasib kang padha.
Swandari semaput meh rong ndina suwene merga wisa kang ana ing pucuking panah. Nalika eling Swandari krasa mapan ana senthong gedhe kang resik, sajake kuwi senthonge bupati nayaka. Swandari mbukak mripate amba lan mikir apa saiki dheweke kecekel banjur lagi dikurung ana panggonan kuwi. Ning yen dikurung, kok ana senthong sing apik tur tatune uga dipulasara kanthi becik. Alon-alon Swandari banjur menyat saka peturone. “Eeehh, mengko dhisik. Aja tangi lan kakehan obah sik. Kuwi wisane durung ilang kabeh, yen kowe kakehan obah wisane mengko nyebar meneh.” Keprungu swara priya kang banget ditepungi. Swandari lemes sak nalika. “Kenging menapa Gusti wonten mriki?” Swandari takon. Sing ditakoni ming mesem “Kangen karo sliramu, cah ayu.” Wangsulane saya nggemesake Swandari. “Sampun ngendhikan ingkang aeng-aeng ta, Gus. Kula menika….” Durung rampung anggone omong, tatune Swandari krasa kaya dijiwit lara banget. “Nah…ya pa ra? Wis saiki ra sah kakehan omong sik. Ngasoa dhisik. Supaya tamba kang tak wenehake ora muspra.” Kandhane Santriadi ana sisihe peturone Swandari. Alon-alon Santriadi ngewangi nyelehake awake Swandari ana kasur. Eseme kuwi marai Swandari dadi salah tingkah. Santriadi ngelus bathuke Swandari karo guneman lirih “Keneng apa sliramu ninggalake aku ngono wae ta, cah ayu? Coba aku ora dikandhani menawa kowe ana kene,mbok menawa aku ora bakal weruh sliramu sak lawase. Aku bakal susah lan nggrantes.” “Gusti, mbok sampun remen gemujeng kados ngaten. Mboten sae.” Wangsulane Swandari. Alon-alon drijine Santriadi di selehake ana lambene Swandari. “Aku ora gemujeng. Aku kandha kang sak nyatane. Jane,aku kepengin nesu merga sliramu lunga ora pamit. Kuwi ora becik, cah ayu. Ninggal katresnane tanpa kabar, lunga mangkat perang. Apa ya atimu kuwi kagawe saka wesi sak engga tega ninggal aku ngono wae.”kandhane Santriadi karo nyawang mripate Swandari. “Gusti, penjenengan menika sekedhap malih badhe dhaup kaliyan Denajeng Retno Wulan. Sampun ngendhikan ingkang aneh-aneh.” Wangsulane Swandari.”Banjur sliramu mlayu saka aku. Aku ora bakal dhaup karo Retno Wulan menawa sliramu ora dadi pengapit manten. Ndari, wong ayu. Aja mbok larani atiku merga kudu kapedhotan tresna. Aku kuwi banget anggone tresna marang sliramu. Wajibku pancen di golekake pacangan karo sudarmaku, padha karo Wirata. Ming sing seje, aku tetep ora bakal ninggal sliramu. Sak suwene iki sliramu kang njagani awakku. Nylametake nyawaku, saiki genti kuwajibanku njagani kowe, wong ayu. Aku ora bisa adoh saka sliramu.” Santriadi mbacutake omongane. “Mangke ruminyin denmas. Kula menika jejering wanita lan leres kula menika kawula paduka. Ananging menapa penjenengan nate menggalih kados pundhi raosipun lan manahipun Denajeng Retno Wulan, dene calon garwanipun saweg ngayunaken wanita sanes. Temtu manahipun sakit, Gusti. Kula kok mboten ateges nampik tresna penjenengan margi kula ngertos, menawi kula sanes tiyang ingkang gadah, drajat, pangkat utawi semat. Kula menika namung kawula alit. Ananging kula mboten saged dados pepelang katresnan penjenengan kaliyan denajeng Retno Wulan, Gusti. Kula mboten mentala damel sakit manahipun denajeng.” Wangsulane Swandari, eluhe netes kaya grojogan. Santriadi ngunjal ambegan landhung. Swandari banjur dirangkul lan diaras bathuke. “Banjur piye karo rasamu dhewe? Apa kowe ora mesakake? Apa Retno Wulan uga ngerti piye tatune atimu saiki menawa weruh, priya kang mbok tresnani sesandhingan karo slirane? Apa Retno Wulan uga ngerti sepira tatune atiku menawa kelangan sliramu?”pitakonan-pitakonane Santriadi kadya pluru katembakake persis ana dhadhane Swandari.” Menawa aku bisa nggambar takdir ana tanganku dhewe, takdir kuwi bakal tak gambar. Menawa aku bisa milih uripku, aku milih sesandhingan karo sliramu. Nanging merga kuwajibane anak kuwi manut sudarma, aku ora bisa mlayu saka kahanan iki, nanging aku uga kudu blaka marang atiku dhewe. Sak tenane, kanjeng ibuku dhewe kang wis nyelehake sliramu ana dalanku. Ibu mesthi pirsa menawa aku ora bakal bisa kelangan sliramu, kuwi sebabe ibuku mesthi ngutus sliramu kang ngladheni apa kang dadi butuhku. Dudu prejurit kenya liyane kaya Ulupi, Rukmi, Praba lan liyane, keneng apa sliramu? Apa kanjeng ibu ora pirsa pranatan kraton kang ora ngentukake para pengeran dhaup abdi daleme? Mesthine ibu pirsa, ananging keneng apa ibu mendhel wae yen ibu pirsa aku duwe sesambungan tresna karo sliramu. Ming merga paugeran kuwi aku ora bisa nyandhing sliramu lan kanggo ngowahi paugeran, aku kudu dadi wong kang kuwasa dhisik. Yen ora tangeh lamun aku bisa ngowahi paugeran kang wis ana. Nanging paugeran kuwi ora teges bisa ngalangi aku mratelakake rasa tresnaku marang sliramu.”kandhane Santriadi.
Swandari meneng sedhela. Apa kang dikandhakake Santriadi kuwi wiwit ngreridhu atine. Apa ya bener, sak jane wis saka wiwit cilik dheweke pancen dipingit dening Kanjeng Ratu amarga dikersakake kanggo putrane. Sawetara nalika dheweke sesambungan tresna karo denmas Wirata, kanjeng ratu olehe duka uga nganti kaya ngana. Kamangka sing kanggo pawadhan ya merga para pangeran ora kena duwe sesambungan tresna karo abdi dalem keputren, kuwi ateges nerak paugeran. Ananging Swandari banjur ngerti jebul Nyai Supanggah uga dadi sengkerane pangeran Puger, malah nganti peputra. Paugeran digawe lan ditetepake mesthine rak ora kanggo dilanggar, nanging para priyayi dhewe padha nerak angger kang digawe dhewe. Swandari ngeremake mripate sing ora ngantuk, atine goreh. Banjur “Gusti, kula badhe blaka. Leres kula tresna dumateng penjenengan ananging kula ugi nyuwun menawi angger menika mboten lajeng katerak. Angger menika pun damel mesthinipun gadah kekajengan kangge kesaenan. Menapa ingkang pun tetepaken mboten kok namung kangge mbatesi sedaya karemenan para priyayi ananging ugi kagem njagi samubarangipun. Pangeran Puger, Pangeran Jayaraga, sinuwun Hanyakrawati sedaya putra dalem kanjeng Panembahan Senapati, sedaya mbajeng amargi lair saking ibu ingkang benten-benten, liripun menapa? Sami padudhon, sami rebatan panguwaos amargi sami-sami rumaos gadhah hak. Nyuwun ngapunten Gusti menika pemanggih kula. Kawula alit lan sanes tiyang pinter. Menawi penjenengan adreng badhe nyengker, kula ikhlas terusing batos amargi kula tresna dateng penjenengan, kula ikhlas awit kula abdi kang mboten badhe kumawani dateng bendhara. Nanging ngenggeni jejering wanita kula kawratan, Gusti. Kula mboten sagah menawi katresnan penjenengan pun bagi, pun para-para kangge wanita sanes. Kula kinten denajeng Retno Wulan ugi gadhah pemanggih ingkang sami.” Ature Swandari karo nyembah.
Santriadi mundhur alon. Apa kang diomongake Swandari ana benere. Ananging atine uga ora bisa selak lan nalika Santriadi matur bab kuwi marang Kanjeng Ratu Retna Dumilah ibune. Kanjeng Ratu ming mendhel wae. Suwe anggone ngenam-nam pikir banjur Santriadi wangsulan “Abot kanggoku nimas. Yen aku bisa, aku ora ming arep ndhadekake sliramu sengkeranku ananging garwa. Aku uga ora bakal nyamah wanita liya. Ananging aku jejering adipati anom kang duwe kuwajiban nyengkuyung sewijining praja lan kanggo mujudake sewijining praja aku kudu duwe sesambungan kang angel owah kanthi bebrayan. Semono uga sesambunganku karo Retno Wulan. Aku iki wong lanang. Yen ditakoni apa aku ora duwe rasa marang Retno Wulan, aku uga blaka ya mesthi wae duwe, nanging winates amarga slirane wanita lan aku priya kang dikudokake duwe sesambungan. Rupa kang ayu, awak kang endah, aku mesthi dadi guyonan lan digeguyu yen muni ora tresna. Apameneh Retno Wulan kuwi putrane paman Panembahan Cirebon.[22]Kang ateges sesambunganku karo Retno Wulan winates kanggo nguwatake sesambungane Mataram karo Cirebon. Kuwi kuwajiban kang kudu tak sangga, nimas. Apa sliramu uga ora menggalih tekan semono.” Santriadi wangsulan alus. Pandengane kaya ngliwati wates antarane kasunyatan lan pengangen-angene. Swandari banjur ndheprok ana sampeyane Santriadi “Gusti, kula sampun masrahaken jiwa lan raga kanggem penjenengan ananging kula gadhah setunggal malih panyuwunan menawi ingkang kula pratelakaken kalawau awrat kagem penjenengan. Kula namung nyuwun, mangke dumuginipun wekdal penjenengan sampun mboten mbetahaken kula. Kula sampun pun trimakaken kaliyan sok sintena mawon, awit tresna punika sanes barang ingkang saged kaparingaken sinten kemawon.” Kandhane alon. Santriadi mesem, Swandari banjur dirangkul lan diruket kenceng.
Perang isih dumadi ana tlatah wetan. Ananging amarga adrenge para prejurit Kenya anggone padha perang, Pangeran Jayaraga saya mundur. Swandari kang wis mari saka tatunne sengkut anggone nelukake prejurit-prejurit Ponorogo. Sak engga ora gantalan suwe pangeran Jayaraga kasil kapikut lan kasowanake ana ngarsane sinuwun Hanyakrawati. Pangeran Jayaraga banjur diukum buwang ana Mesjid Watu Nusakambangan. Swandari banjur bali ana keputren lan nglakoni apa kang biyasane dilakoni Nyai Supanggah mbiyen. Saka keputren ana kabar kang keprungu dene Santriadi wis kelakon dhaup karo denajeng Retno Wulan. Swandari ora ngerti kudu seneng utawa susah, ananging sak ora-orane Swandari bisa mujudake angen-angene denajeng Retno Wulan sesandhingan karo Santriadi.
Wanita kalairake nduweni kabeh wataking menungsa kang kabuntel endahing werna. Kuwi sebabe wanita uga kerep didadekake barang prajenjen kanggo urusan negara. Kamangka sejatine wanita kuwi dudu saweneh barang kang bisa diabang biroke manut karepe wong kang duwe kuwasa. Wanita kuwi sawijining pribadi yen di papanake ana kalenggahan kang sak mesthine bisa dadi saka ning negara. Kanyata Nyai Adisara bisa nyidhem Mediun. Nyai Supanggah kasil mungkasi kraman ana Demak lan saiki pra prajurit Kenya uga bisa ngatasi Ponorogo. Kuwi ateges menawa wanita diwenehi kalodhangan bisa uga mrantasi gawe kang ora bisa dilakoni dening para priya. Amarga para priya sok kesrimpet ajining dirine lan sengguh marang kekuwatane. Kuwi kang ora tau dipikir dening wanita kang jare kabotan pinjung lan kesrimpet jarit, ananging malah bisa mrantasi gawe kanthi aris lan ora perlu nimbulake korban sing luwih gedhe.
BAB VI
JUMENENGAN NDALEM
Nalika semana Raden mas Rangsang uwis kaangkat dadi pengeran kanthi nama Pangeran Harya Manggala lan uga uwis di dhaupake karo putri Cirebon kang asma Retno Wulan. Kanggone Swandari bab dhaupe Pangeran Harya Manggala lan putri Retno Wulan pancen wis samesthine. Loro-lorone pancen jodho, sing kakung bagus lan putrine uga ayu. Ananging dhaupe Retno wulan lan pangeran Harya Manggala ora banjur marai ayahane Swandari dadi prejurit Kenya kang njagani keslametane pangeran Harya Manggala rampung, malah samsaya abot, nalika ora ming Kanjeng Ratu Mas kang ngarah kancintrakane gustine, ananging uga kanjeng Ratu Tulungayu garwane Sultan Ageng Hanyakrawati lan Kanjeng Sultan piyambak kang samsaya suwe rumangsa kalah pamor lan kalah moncer tinimbang pangeran Harya Manggala. Apameneh sak ploke pangeran Harya Manggala bisa nyidhem kraman kang diadhani dening pangeran Jayaraga, bareng karo rayi dalem uga yaiku pangeran Pringgalaya. Pangeran Harya manggala ora ming entuk alem saka para narapraja, para bupati lan sakehing pengeran kabeh nyengkuyung pangeran adipati anom kuwi yen mbesuke mesthi bisa dadi raja agung binethara kaya keng ramane. Pangelembana kuwi kang ora disenengi dening Sultan Ageng Hanyakrawati amarga kaya-kaya pangeran Harya Menggala kepengin nggege mangsa. Sak liyane iku uga amarga Sultan Ageng Hanyakrawati wis kebacut ngocapake janji menawa mengko kang bakal dijumenenake ratu ya putra dalem kang miyos saka Ratu Tulungayu yaiku pangeran Martapura. Emane pangeran Martapura uga tangeh lamun bisa nggentosi kalenggahan dalem keng Rama amarga kedunungan gerah owah utawa nandhang yodhi.
Bab iki kang marai Kanjeng Ratu mas lan Ratu Tulungayu banjur nyoba ngreka daya piye carane supaya pangeran Harya Manggala bisa kasingkirake saka kraton. Saka racun tekane rampok kang dibayar kanggo merjaya pangeran Harya Manggala kabeh ora kasil ya awit saka pangati-atine Swandari njagani bendharane kuwi. Swandari dhewe wola-wali kudu ngadhepi wong-wonge Nyai Raga utawa utusan liyane saka Kanjeng Sultan kang ngupaya patine pangeran Harya Manggala.
Sawijining sore nalika Swandari lagi ngayahai kuwajiban njaga daleme pangeran Harya Manggala, Swandari ketekan tamu yaiku Pangeran Purbaya. Pangeran Purbaya banjur ndangu kepiye anggone Swandari ngayahi kuwajibane. Swandari banjur matur “Nuwun sewu Gusti, mboten kok kula gadhah niyat kurang ajar utawi badhe cumanthaka ing ngarsa paduka. Ananging kula menika mboten mentala menawi saben-saben kok kedah nyigidaken gusti pengeran Harya Manggala. Cobi penjenengan ndalem penggalih, menapa njih tentrem ta menawi saben-saben wonten mawon tiyang ingkang gadhah rancangan awon lan ngarah pejahipun pangeran harya Manggala. Mangga Gusti, penjenengan temtu gadhah cara kangge nguwali reribet punika.” Ature karo nyembah. Kanjeng Pangeran Purbaya banjur ngunjal ambegan landung. “Ya, bener kandhamu nimas. Kabeh reribet iki kudu ndhang digoleke dalan supaya rampung. Aku uga wis wiwit jeleh yen kudu ngladheni prentah-prentah kang ora klebu nalar.” ngendikane karo nyedakepake astane. Sajake Pangeran Purbaya menggalih kanthi permati apa kang dikandhakake Swandari. Ora let suwe Pangeran Purbaya banjur mbisiki Swandari. Swandari katon kaget, ananging pangeran Purbaya ngendhika lirih “Awake dhewe ora duwe pilihan meneh. Saiki luwih becik ndhisiki tinimbang didhisiki.”Ngendhikane Pangeran Purbaya. Swandari manthuk. “Inggih. Sendika.” Swandari wangsulan alon.
Isuk kuwi udakara bar subuh, Kanjeng Sultan uwis siyaga arep tindhak mbebedhag ana alas sak kidul Kraton Kuthagara aran alas Menjangan amarga ing alas kuwi pancen kawentar okeh menjangane. Kabeh perangan kanggo mbebedhag uwis kacawisake kabeh, lan para punggawa ingkang ndherek uga uwis siyaga ana geger jarane dhewe-dhewe. Ana Demang Minggir lan putrane Mantrijero, uga ana udakara lima tekane sewelas wong kang dikanthi ndherek mbebedhag ana alas Menjangan. Semono uga pangeran Harya Manggala lan Pangeran Purbaya kang isuk iki uga kadhawuhan nganthi tindake Kanjeng Sultan. Sawetara kuwi kang ana mburine pangeran Harya Manggala kabeh prejurit Kenya kang dipandhegani dening Rukmi. Swandari lan Ulupi ora katon amarga uwis kautus dening pangeran Purbaya supaya methukake ana alas kuwi.
Pangeran Purbaya sajake wis kagungan firasat dene Kanjeng Sultan uwis duwe rancangan kanggo pangeran Harya Manggala. Kuwi uga kang marai Pangeran Purbaya banjur nggawe rancangan liya kang ora bakal dimangerteni dening wong-wong kang uwis disiyagakake lan dicepakake kanggo ngrangket pangeran Harya Manggala. Pangeran Purbaya uga uwis nyepakake wong-wonge kanggo jaga-jaga supaya pangeran Harya Manggala ora kena alangan. Ana Sripada lan Suteja kakange Swandari kang entuk ayahan kanggo nggiring Bantheng saka iring wetan methukake rombongane Kanjeng Sultan sak enggo Sultan ora nduweni wektu kanggonikung pangeran Harya Manggala.
Swandari lan Ulupi kanthi sesidheman uwis diutus ndhisiki rombongan para punggawa lan Kanjeng Sultan ana alas Menjangan sak kidul Kuthagara. Swandari lan Ulupi dikantheni punggawa siji dening pangeran Juminah aran Mijen kang uga uwis dikethik bab rancangan iki karo kanjeng Pangeran Purbaya. Mijen mula pancen prejurit sandhi kang duwe ngelmu kang linuwih. Ora ana kang ngerti apa kang kudu ditindhakake Mijen amarga kuwi dadi wewadi antarane Pangeran Purbaya, Pangeran Juminah lan Mijen dhewe. Swandari lan Ulupi mung di dhawuhi mulusake dalane Mijen nyedhaki Kanjeng Sultan, sarta api-api nggusah Bantheng kang nyedhaki Kanjeng Sultan.
Swandari, Ulupi, Mijen, Sripada lan Suteja wis siyaga ana alas sak durunge subuh. Alas Menjangan kang rungkut iku pancen papan kang apik yen kanggo nikung utawa mbegal uwong. Sripada lan Suteja banjur nyepakake Bantheng-bantheng kang gedhe cacah lima ana iring wetan panggung kang kanggo mbebedhag, rada adoh saka panggung lan ketutupan wit-wit gedhe sak enggo ora katon yen saka ndhuwur. Ulupi kang uga pinter nglulutake kewan uga uwis nyepakake udakara sepuluh Menjangan sing wis dicekel rong dina sak durunge. Menjangan-menjangan kuwi mau mung arep dienggo mincing supaya Sultan ngoyak tekan papan sing dikarepake.
Udakara tabuh enem, Sultan sak rombongane uwis tekan ana ing alas menjangan. Kahanane sepi, sasat swara godhong tiba wae keprungu. Sing swarane cetha saka kadohan ambal-ambalan ya mung swara manuk Kedasih sak engga nambahi rasa kang tintrim lan wingit sajak ana hawane pepati. Kanjeng Sultan banjur tedhak ana ing Panggung. Ulupi banjur wiwit ngeculake menjangan-menjangan mau kang banjur pada pating pencolot merga rumangsa uwal saka dhadhung kang mbanda sikile. Sultan Hanyakrawati banjur mrentahake kabeh pada nguyak menjangan-menjangan iku. Para Punggawa banjur padha medhun saka panggung, nyengklak jarane dhewe-dhewe nguyak playune menjangan. Swandari lan Ulupi, nggiring playune menjangan supaya ora mbedhal ana panggonan liyane. Swandari anggone nggiring uga nunggang jaran peparing ndalem Panembahan Senapati kanga ran Sikatan. Playune pancen banter, bisa nasak grumbul sak engga saking rikate anggone mlayu ora kadenangan para prajurit ingkang ngoyak Menjangan. Menjangan mau banjur dipecah playune, sadengah mlayu ngetan lan sadengah mlayu ngulon la nana kang bablas mengidul. Ancase Swandari mecah prejurit ana ing wewengkon kang beda-beda.
Sultan Hanyakrawati milih ngoyak menjangan kang mlayu mengidul ditutake pangeran Harya Manggala lan Pangeran Purbaya. Lucune nalika menjangan-menjangan kuwi keprengkok lan ora bisa mlayu meneh merga kepepetan wit-wit gedhe. Sultan Hanyakrawati ora malah nguncalake tumbake ana ing awake kidang ananging tumbake diuncalake ngarah gulune pangeran Harya Manggala. Tujune pangeran Harya Manggala waspada, tumbak kuwi bisa katangkis nganggo gendhewa kang di asta. Sultan banjur mbengok sora supaya Pangeran Purbaya ngrangket pangeran Harya Manggala, nanging sing diprentah among amem wae. Sultan ngambali pambengoke, nanging pangeran Purbaya tetep ora mingset. Merga pangeran Purbaya tetep ora obah saka panggonane, Sultan banjur njabut kerise lan wiwit ngarah patine pangeran Harya Manggala dibarengi tumiyute prejurit-prejurit wadhon sing dipandhegani dening Nyai Raga metu saka grumbul lan saka ndhuwur uwit. Kabeh padha nguncalake gamane ngarah ing pangeran Harya Manggala, ananging sing diuncali cukat trengginas lan bisa ngendhani kabeh cundrik, panah, tumbak kang ngarah ana anggane.
Weruh kahanan kaya mengkono Pangeran Purbaya genti mbengok sora. Swandari, Ulupi lan Rukmi banjur mlebu ana ing palagan. Bandayuda ora bisa dicegah meneh. Prejurit wadhone Nyai Raga mungsuh Prejurit Kenya kang dipandhegani dening Swandari. Nyai Raga dhewe adhep-adhepan karo Swandari lan banjur adu ngelmu lan kanuragan. Para prejurit kang maune padha ngoyak kidang dhewe-dhewe banjur mlayu nggoleki bendharane. Semono uga Demang Minggir lan anakke Mantrijero.
Weruh kahanane saya ruwet, Ulupi menehi tandha marang Sripada lan Suteja nganggo swaraning macan kang nggero sora. Sripada lan Suteja kang uga wis siyaga banjur ngeculake bantheng-bantheng kang maune wis dicencang. Krungu panggerone macan, bantheng-bantheng mau uga mlayu salang tunjang sak enggo nabraki para prejurit kang sedyane arep mbiyantu Sultan. Pangeran Harya Manggala dhewe mung bisa ngendhani amuke rakane Sultan Hanyakrawati. Ananging kahanan kang kaco kuwi dadi kalodhangane Mijen kanggo nlikung Sultan Hanyakrawati lan nyudhukake kerise saka bangkekane Sultan Hanyakrawati. Tumindake Mijen konangan dening Mantrijero kang banjur nyoba ngrangket, nanging Mijen kuwi dudu prejurit biyasa sak engga ora gampang kanggone Mantrijero bisa mungsuh Mijen.
Mijen kasil lolos lan mancing demang lan anakke supaya ngoyak dheweke. Sak engga Sripada lan Suteja entuk kalodhangan kanggo ngrampungake ayahane. Sripada banjur numpes tapis prejurite Sultan Hanyakrawati semono uga Suteja. Nyai Raga kang kejot nalika weruh Sultan Hanyakrawati ambruk katunjek kerise Mijen dadi ora waspada nalika cundrike Swandari uga nembusing dhadhane. Nyai Raga uga ambruk dhepani bumi. Iswati kang bandayuda mungsuh Rukmi gila mbasan weruh kanca-kancane padha tekaning pati, sak engga Iswati banjur nyoba tinggal glanggang acolong playu. Ananging jangkahe kandheg marga tulup mawa wisa kang disemburake Ulupi. Iswati uga nemahi pralaya.
Sultan Hanyakrawati sajake durung tiwas amarga isih sesambat. Pangeran Purbaya banjur nyedhaki alon. Sultan Hanyakrawati nyengkeremake tangane ana surjane rakane. “Kenging menapa kangmas mboten bela dateng kula?” pangandhikane Sultan Hanyakrawati karo ngampet lara. Pangeran Purbaya banjur paring wangsulan “Aku njaluk ngapura dhimas, aku mung sak derma ngleksanani janjiku marang kanjeng rama. Merga sing kudune jumeneng nata dudu sliramu dhimas ananging dhimas Harya Manggala lan sak jane menawa sliramu ora nyepakake wuwu kanggo dhimas Harya Manggala, mbok menawa aku isih koma-koma.” Sak wise ngendhika ngono kerise Mijen banjur ditunjekake saya jero sak enggo rampung panyambate Sultan Hanyakrawati. Kanggo ngguwang tilas, kabeh prejurit Wedhok lan prejurite Sultan banjur dikubur ngenggon. Lan kunarpane Kanjeng Sultan ditandhu dening para prejurit Kenya, Sripada lan Suteja bali ana kraton.
Kabeh para nayaka, punggawaning praja lan para prejurit padha ketok susah. Kanjeng Ratu Mas lan para garwa padha tetangisan. Nalika didangu Pangeran Purbaya mung ngendhika menawa Kanjeng Panembahan Hadi Sultan Hanyakrawati seda disruduk bantheng. Ora ana kang bisa nyritakake kedadeyan kang sak tenane amarga kabeh prejurite Sultan tiwas. Kanjeng Ratu Mas dhewe ora wani ndhakwa yen putrane diperjaya, amarga yen perkara kuwi banjur dipriksa bakal konangan menawa Kanjeng ratu Mas lan Tulungayu ana gegayutane karo perkara kuwi dene sing sepisanan ngrancang kacintrakane pangeran Harya Manggala ya kanjeng ratu kekalih.
Ananging demang Minggir lan Mantrijero ora narimakake yen banjur diluputake amarga ora bisa njaga keslametane Sultan. Mantrijero uga ngotot yen Sultan diperjaya dening pawongan kang bakal klambine kasil kasuwek dening Mantrijero nalika Mantrijero arep ngrangket pawongan iku. Ananging pangeran Purbaya tambuh dene Mantrijero mung ngayawara. Nanging Mantrijero tetep ora mingkuh saka penemune. Kanggo nglegani banjur Pangeran Purbaya lan Singasari ngidhini Mantrijero mriksa perkara iki nganti rampung nanging kapenggak dening Ratu Tulungayu lan Ratu Mas kang wis ngekhlasake sedane putrane lan ora nuduh sapa-sapa. Sak jane Mantrijero tetep cubriya utamane marang pangeran Juminah, amarga ndilalaeh bakal kang suwek kuwi padha karo ageman kang biyasane diagem para abdi dalem Juminahan. Pangeran Juminah mung gemujeng nalika Mantrijero nanjihake bab kuwi. Pangeran Juminah ngendhika yen ora melu mbebedhag lan ora ngerti menawa Sultan Hanyakrawati arep tindhak mbebedhag, dasare ya ora dijak. Banjur menawa niyat arep ngrampas kalenggahan dalem, kenengapa nalika pangeran Puger lan Jagarag ngraman pengeran Juminah lan rakane pangeran Pringgalaya ngewangi numpes lan nyirep kraman kuwi. Mantrijero gela dene ora bisa mbongkar kabeh wewadi kang ana sewaliking sedane Sultan Hanyakrawati, nanging merga tekade lan niyate negakake paugeraning Negara, pangeran Singasari lan pangeran Purbaya padha sarujuk menehi Mantrijero pangkat lan bebana kang mirunggan.
Ana wewengkon liya ing sak pinggiring segara, pangeran Juminah nemoni Mijen lan paring bebana gedhe kanthi piweling yen Mijen ora kena midak lemah Mataram meneh. Mijan kudu lunga adoh saka Mataram lan uripe bakal makmur ana paran amarga pangeran Juminah tetep bakal tanggung jawab marang penguripane. Mijen nyembah lan ngaturake panuwun banjur dheweke lunga mengetan. Miturut kabar kang ke gawa angin, Mijen banjur urip ana ing Bali. Nanging sadengah wong nyritakake dene Mijen mati kerem nalika kapale nyabrang saka Banyuwangi arep neng Bali. Ora ana kang ngerti parane Mijen kang nggawa wewadi bab sedane Kanjeng Panembahan Hadi Sultan Hanyakrawati.
TTTTTTTTTTTTT
Sak wise mangsa kasusahan liwat, Mataram wiwit tata-tata kanggo mangayubagya jumenenge Sultan kang anyar. Pangeran Harya Manggala utawa raden mas rangsang langsung katetepake nggentosi kalenggahane rakane uga rama angkate Sultan Hanyakrawati. Ananging amarga sak durunge Panembahan seda Krapayak utawa sinuwun Hanyakrawati uwis tau duwe ujar dene putrane Ratu Tulungayu kang bakal lenggah dhampar keprabon, sedina sak durunge dijumenengake Sultan, putra kakunge Panembahan Hanyakrawati kang aran Raden Wuryah utawa pangeran Martapura dijumenengake luwih dhisik. Nanging merga kagungan gerah owah, pangeran Martapura banjur dilereni anggone jumeneng nata.
Kabeh adicara kanggo upacara jumenengan uwis dicawiske. Umbul-umbul wis padha di pasang. Kibaring gendhera gula klapa uga kanton ana sak indhenging wewengkon, janur sing dironce karo maneka werna kembang dipasang ana sak pinggiring dalan tumuju Kraton. Kabeh ketok endah ing warna amarga para kawula mangayubagya Sultan kang anyar. Maneka werna kerameyan uga diadhani ana pahargyan kuwi. Akeh tamu kang pada rawuh saka sak indhenging Jawa dhewe lan uga saka Manca.
Prajurit Kenya uga melu ngramekake pahargyan kanthi ngatonake kabisane dhewe-dhewe. Sing bisa nembang lan karawitan padha gumyak anggone nyindhen ana ing adicara wayangan utawa padha gendhing kanggo klenengan lan beksa. Prajurit Kenya liyane kaya Swandari wis wiwit nyepakake perangan apa wae kang diperlokake kanggo njoged Bedhaya awit Pangeran Adipati anom Harya Manggala kang bakal kajumenengake nata ngersakake Bedhaya Semang kang karipta nalika isih ngulandara digelar sakwise upacara jumenengan kalaksanakake. Para penari wis kawit seminggu sak durunge uwis wiwit cecawis, adus kramas nganggo londomerang banjur pasa. Saiki para penari wis wiwit diratus lan digelung rambute. Sakdengah malah wis wiwit dipaesi lan diprada paese. Swandari kang mandhegani kabeh kuwi mau awit nalika pangeran Adipati Anom ngripta beksan iku, sasat Swandari melu nunggoni lan uga nyatheti apa kang dingendhikake nalika semana, saka gendhing tekane busana kang kudu diagem para penari. Swandari uga dadi Batak ana ing Bedhaya iku mau. Swandari kudu mesthekake menawa kabeh kang dicawisake uwis komplit lan bener. Utamane sajen lan piranti upacara. Swandari banjur ndonga ing ngarsane Pangeran ingkang Akarya jagad supaya nalika Bedhaya digelar kabeh bisa mlaku kanthi becik lan ora ana rubeda apa-apa. Sak wise upacara jumenengan di adhani lan Kanjeng Pangeran Adipati Anom wus kajumenengake nata kanthi gelar Sultan Agung Hanyakrakusuma, Suluk Bedhaya banjur dilagokake, para penari banjur tata manut apa dhapukane. Nalika gamelan lan tambur ditabuh para penari mlaku kapang-kapang munggah pendhapa. Sakbanjure bedhaya kagelar meh telung jam, nyaritakake dhauping Rajaning Kraton Mataram karo Ratuning segara kidul. Crita kuwi nggambarake menawa sok sapa wae kang lenggah ana dhamparing Kraton Mataram kudhu bisa ngesuhi lan njaga wutuhin jagad cilik lan jagad gedhe kang dipercayakake ana tangane. Bedhaya iki uga nggambarke manunggaling kawula Gusti kang awujud jagad gedhe sak engga manungsa kudu bisa njaga lestarining bumi lan samodra. Kabeh kang mirsani Bedhaya anggitane Sultan Agung padha gumun lan ngungun dene jebul Kanjeng Sultan Agung uga kagungan kabisan kaya keng ramane Kanjeng Panembahan Senapati. Bedhaya kang digelar ora mung nyampurnakake kang wis ana ananging dadi riptan anyar lan wiwit dina iku katetepake dadi beksa kang mung bisa digelar kanggo upacara-upacara agung sing sakral ya kaya jumenengan iki.
Sak rampunge njoged, kabeh kang mirsani kaya pawongan kang kena gendham, ora ana kang cemuwit awit saking ngungune. Kabeh padha ngalem bedhaya kuwi nalika pasugatan wiwit diladhekake, lan para pamiyarsa uwis bali eling saka anggone ngungun. Ana tamu Walanda kang uga teka ana kono kanggo melu mangayubagya jumenengan dalem yaiku Balthasar Van Eyndhoven lan Van Surck. Walanda kuwi utusan saka Batavia, kang uga melu nyekseni prastawa kang agung iku. Kekarone uga padha seneng bisa nyekseni semuan bedhaya kang karipta dhewe Kanjeng Sinuwun kang lagi wae dijumenengake.
Swandari sak kanca banjur bali ana senthonge dhewe. Nanging nalika arep mlebu, Swandari kaget. Ana korine cemanthel sonder cinde. Atine tab-taban, geneya ana sampur cinde cemanthel kuwei gek sing nyanthelke sapa. Apa ya denmas Wirata isih duwe kuwanen tekan Mataram kanggo nemoni dheweke lan ngugemi janji kang nate diucapke nalika semana. Apa ya kelakon nyandhing gegantilaning ati, utawa mung pengangen-angen kang giri godha atine kang sepi sing sak suwene iki tresnane ora entuk tanggepan sakmesthine. Swandari mlebu senthonge. Swandari luwih kaget meneh nalika weruh peturone kaya peturon manten. Peturone dispreini cinde saka sutra lan ana dhuwure akeh kembang mawar lan mlati diwurake. Swandari saya bingung, nanging Swandari tetep nyoba ora kaget. Atine coba ditentremake. Alon-alon dheweke lingguh, isih kelingan capet-capet nalika Nyai Badringah ngendhika dhek semana, dene sampur cinde kuwi uga pralambang tresna, antarane penari lan pawongan kang banget kayungyun karo penari kuwi mau. Tradisi kang sak jane ora dingerteni dening Swandari.
Swarane lawang senthonge kemriyet tandha ana sing mbukak lan uga tandha kanggone Swandari yen kudu ngladheni priya kang wis nyanthelake sondere. Mestine uga dudu priya biyasa, merga kang bisa nyandhing bedhaya mung trahing kusuma rembesing madu. Swandari atine tab-taban. Dheweke ora wani mengo, wedi yen jebul sing teka dudu pangeran kang dikarepake. Swara jangkahe saya cedhak. Ambegane Swandari uga dadi krasa abot. Swandari rasane kaya mati lingguh. Sak suwene iki durung tau ana kedadeyan kang marai rasa atine kaku, lan ora ana mungsuh kang marai awake lemes kaya saiki. Mak jenggirat, nalika ana tangan kang ngelus pundhake alon-alon banget sajak kebak tresna. “Nimas.” pangundhange alon. Swarane kaya swara kang kerep keprungu, nanging pikirane Swandari uwis ora kena mbedheg swarane sapa amarga saking bingung, wedi lan kakune dheweke ngadhepi kahanan kaya ngono. “Nimas”swara kuwi ngambali pangundhange. Swandari mengo kanthi ati ditatak-tatake. Mbasan ngerti sapa kang ana ngarepe Swandari meh wae semaput lan ora eling purwadaksina. Nanging priya neng ngarepe kuwi banjur ngrangkul awake. Diruket, dikekep sajak ora kepengin Swandari uwal saka rangkulane. “Iki pancen aku, Ndari. Aku kang nyanthelake sonder kuwi, sonder sing padha sing diparingake Kanjeng Ibuku. Kuwi pralambang tresnaku marang sliramu sing uwis ngorbanake apa wae kanggoku.Ora ana bebana kang luwih gedhe kang bisa tak paringake, sak liyane jiwa raga lan tresnaku.” “Sinuwun.” Swandari banjur ndheprok ana sampeyane Sultan Agung, utawa raden mas Rangsang sing sak suwene iki wis ditutake,dibelani lan ditohi nyawane. Swandari ngrangkul sampeyane banjur nangis ngguguk. “Sinuwun, penjenengan ndalem mboten pantes sesandhingan kaliyan kula. Kula menika naming tiyang sudra, ingkang mboten sak mesthinipun leladhos kaliyan nata agung kados penjenengan dalem.” Ature Swandari. Sultan Agung mung mesem. Eseme manis kaya biyasane yen Swandari ngayahi kuwajibane njagani keslametane.
Alon-alon Sultan Agung ngranggeh pundhake Swandari banjur dilingguhake jejer ana peturon. Tangane digegem kenceng. “Aku ora mung nglakoni tradisi sing akeh ora dimangerteni sok sapa wae kang nganggep yen bedhaya kuwi mesthi dadi sengkeran dalem. Kuwi ora kleru, jenenge penemune wong kang durung dunung. Nanging kuwi ora ateges ngasorake drajating wanita, ananging suwalike. Kabeh Sultan duwe kuwajiban njagani negarane lan makmurake kawulane. Mugakna ana bedhaya kuwi mawa dongeng dhaupe Panguwasa praja karo panguwasa segara. Loro kang manunggal dadi siji, ateges ana pralambang kahanan kang becik kanggone Negara kang panjang punjung,pasir, wukir gemah ripah loh jinawi tata tentrem karta raharja. Kuwi mung bisa kelakon yen negarane mau subur. Subur kuwi gegambaraning sewijine antara priya lan wanita. Kuwi uga kang dadi sebab kenengapa kabeh Raja ana tanah Jawa wajib dhaup segara kang dilambangake wanita yaiku Kanjeng Ratu Kidul, ora ming ateges barang kang ora ketok. Ning kanggo njaga tentreming praja kabeh Raja kudu bisa ngayomi wewengkone kang arupa daratan lan segara. Kuwi uga ateges manunggaling kawula lan gusti, dene gusti kudu nresnani kawulane kaya tresnaku marang sliramu, semono uga suwalike. Kabeh mau mung pralambang lan maneka werna penemune wong-wong kae adedasar pangertene dhewe-dhewe. Nimas, aku nresnani sliramu ora mligi merga sliramu kuwi abdiku utawa kawulaku kang wis gedhe labuh labeting marang aku lan Negara iki, ananging luwih saka kuwi ora ana kang bisa tak nggo males kabeh kebecikanmu kuwi sak liyane maringake tresna lan jiwa ragaku ana atimu. Aku bakal nitipake wijine satria-satria pinilih ana ing gua garbaning wanita kang uga pinilih. Yen wiji kang becik ditandhur sak nggon-nggon mesthine bakal keganggu alang-alang lan tetuwuhan liyane. Nanging yen wiji kuwi ditandhur ana sawah kang kerumat mesthine uga bisa nuwuhake pari kang becik. ” Ngendhikane Sultan karo ngaras pilingane Swandari
TTTTTTTTTTTTT
Wis meh telung warsa sak wise dijumenengake nata nggentosi ingkang Rama, ananging Kanjeng Ratu Kulon durung uga mbobot. Bab kuwi mesthi wae marakake para sentana banjur sumelang menawa Kanjeng Sultan ora kagungan turun. Kanjeng Sultan banjur mundhut garwa maneh Kanjeng Ratu Wetan kang jejuluk Kanjeng Ratu Batang. Nanging nganti pirang-pirang sasi uga durung ketara yen ngandheg. Malah Swandari kang bingung amarga wis pirang-pirang ndina awake krasa ora kepenak. Weruh apa-apa ora kepengin, yen mambu wong adhang banjur mutah-mutah. Bab kuwi marai penggalihe Sultan goreh. Nyai Badringah banjur diutus golek dukun kang bisa nambani lelarane sengkeran kang paling ditresnani iku.
Dukun kang ditimbali ana kraton banjur mriksa kahanane Swandari lan pancen kaya kang wis dikira Nyai Badringah menawa Swandari mbobot enom. Kabar kuwi banjur kaaturake Kanjeng Sultan kang banjur katon remen penggalihe. Lan ora gantalan banjur tedhak ana ing keputren. Kanjeng Ratu Retna Dumilah kang wis sepuh banget uga remen nalika kabar kuwi kaaturake, ananging uga sumelang menawa bab kuwi banjur marakake garwa-garwa liyane padha sujana. Kanggo nyapih kahanan, Kanjeng ratu banjur nyewakake omah ana sak wetan Kutho Kerta kang lagi dibangun kanggo mindahake tataning praja saka Kuthagara saiki ana Kerta, amarga kahanan Kuthagara kang saya rupek merga saya akeh wong kang neka lan mbukak dedagangan ana kono. Swandari di dhelikake ana Kerta supaya menawa Sultan tedhak ana omahe Swandari dadi samun saka para garwa.
Ananging sak pinter-pintere wong ndhelikake bathang mesthi mambu. Kanjeng Ratu Batang kang banjur uga ngandheg udakara rong sasinan kaceke karo Swandari wiwit manja lan wiwit kerep nggondheli Sultan supaya tedhak ana keputrene. Bab kuwi marai Kanjeng Ratu kulon sing durung mbobot banjur sujana. Wola-wali anggone padha rebut tresnane Kanjeng Sultan, nanging Sultan uga malah milih lerem, ngaso ana omahe Swandari.
Sore iku nalika Kanjeng Sultan tedhak ana omahe Swandari karo ngematake anggone padha mbangun baluwarti Sultan ngudha rasa “ Jebul sing mbok kandhakake mbiyen kuwi ora luput sethithika, diajeng. Garwa akeh kuwi ora gampang anggone ngopeni, kabeh njaluk digatekake, kabeh njaluk dikancani. Ya ming sliramu sing ora, ananging lucune merga sliramu ora nate kepengin tak kancani, aku malah dadi luwih seneng ana kene.” Ngendhikane karo ngunjal ambegan landhung. “Menika awit kangmas ugi saweg adreng mbangun kitha enggal kang ndilalahipun celak kaliyan panggenan kula.” Swandari nggodha. Swandari banjur ngrangkul bangkekane garwane lan sirahe diselehake ana gegere. Sultan mesem. Tangane Swandri kaelus alon. “Cobi penjenengan ndalem pirsani kraton ingkang wiwit ngadheg, sedaya nuwuhaken pengangen-angen ingkang langkung endah ta. Menapa malih kathah tiyang-tiyang ingkang ugi lajeng sami dumugi mriki kangge mbangun, sesadeyan lan sak piturutipun sak engga kraos gesang. Menawi wonten Kuthagara menapa malih wonten Kraton, sedaya rak sampun tumata sak engga mboten ketingal rame kados wonten mriki.” Swandari nerusake gunemane. Sinuwun Hanyakrakusuma ana njeron batin mbenerake apa sing dikandhakake Swandari. Ananging luwih saka kuwi, anggone Swandari ngabdi lan bekti marang kakung tanpa embel-embel lan ora kakehan penjaluk marakake katresnane Sinuwun kasok kabeh. Swandari uga akeh olehe meneng ketimbang ngributake bab-bab cilik kaya kenengapa ora digagas, ora digatekake lan ora dipaelu. Menenge Swandari malah dadi kaya wesi sembrani kang saya kuwat narik Knajeng sinuwun ana ing rangkulane.
Kanjeng Sinuwun ngumpamakake Swandari kaya kayu jati tuwa kang meneng. Ana angin gedhe kaya ora obah babar blas. Ananging kayu kang kaya ngono kuwi kang sakane bica nancep kuwat ana umpak lan nyangga wuwungan kanthi bakoh. Kudune wanita-wanita ana kraton kuwi nduweni kepribaden sing kaya mengkono sak engga bisa nurunake panguwasa kang nduweni kabisan linuwih. Sinuwun banjur nutup jendela awit bledhuke wiwit akeh lan ora becik kanggone bocah kang isih ana gua garbane biyunge. Sinuwun banjur nggandheng Swandari mlebu senthong. Nyai Badringah kang dipasrahi ngrumat lan mulasara Swandari mung mesem. Jebul sak suwene iki pancen Kanjeng Ratu Retna Dumilah niyat ngimbu bocah wadon kuwi kanggo putrane. Mula saka bab pasinaon tekane ulah gegaman kabeh ditangani dhewe lan ora ana siji wae kalong bisa nyolong woh kang mligi bakal dienggo ndheder wiji kang becik.
TTTTTTTTTTTTT
Kanjeng Ratu Batang nimbali Gupita lan Tejawati supaya nggoleki tindake Kanjeng sinuwun. Gupita lan Tejawati kang dek nalika semana tau konangan arep mateni kanjeng sinuwun ananging kecekel lan banjur diluwari saiki ngabdi marang Kanjeng Ratu Batang amarga nalika diluwari kekarone mlayu tekan Batang lan katampa ngabdi ana ngarsane Bupati Batang ya keng Ramane Kanjeng Ratu.
Sajake Tejawati lan Gupita isih nyinggahake laraning atine sak engga sengaja golek cara supaya bebrayane Kanjeng Sinuwun ora tentrem. Sak wise ngaturake sendika, kekarone padha nyebar golek sisik melik ana Kerto. Nalika semana Kanjeng Sinuwun lagi nedheng-nedhenge ngrampungake bangsal Prabayeksa lan sitihinggil Kraton Kerto kang kabungun nganggo kayu-kayu jati gedhe kang ditekakake saka Blora lan Lasem. Tukang rancah kayu, tukang ukir kabeh dipercayakake wong-wong Kalang kang dipandhegani Ki Sakir wong kang mbiyen uga tau ditulungi dening Sinuwun Hanyakrakusuma. Bangunan Kraton Kerto kuwi wis katon bisa disawang mboka isih bledhug kae.Wewengkon Kraton kuwi mawa catur gatra tunggal kang tegese ana papat babagan kang kudu ana ing sawijining Kuthagara yaiku Kraton kang dadi pusate tataning praja lan negara, alun-alun kang mawa fungsi sosial panggonane para kawula ngadhani adi cara utawa pahargyan amben ndinane lan uga panggonane kawula menawa arep marak sowan Ratuning Negara, Mesjid kang migunani kanggo ngolah batin lan agamane para sentana dalem sarta para kawula, kang pungkasan pasar kanggo dedagangan lan nggolek kebutuhane para kawula. Kabeh mau uwis ana neng Kerta lan wis bisa digunakake sadengah papan kaya alun-alun, Mesjid uga pasar ya kang wis wiwit rame. Kraton dhewe ming kari nggelak Sitihinggil lan bangsal Prabayeksa. Kanjeng Sinuwun lagi nunggoni tukang-tukang kang lagi wiwit mlitur saka-saka sing dadi cagak Sitihinggil nalika Nyai Badringah marak lan ngaturake yen Swandari wis arep nglairake. Kanjeng Sinuwun age-age ngersakake tedhak ana omahe Swandari. Bab kuwi didhingkik karo Gupita kang pancen sesidheman ngetutake tindake Kanjeng Sinuwun.
Kanjeng Sinuwun gita-gita nalika pirsa bayine wis lair, ming emane kang rada gawe kuciwane kanjeng sinuwun bayine putri lan ora kaya kang diantu-antu. Nanging amarga kuwi anak mbarep lan lair saka sengkeran dalem kang banget ditresnani Kanjeng Sinuwun tetep ngocapake sukur. Bocah banjur dislameti lan dipangku kebak tresna, dene ibune kang isih ringkih di pulasara dening Nyai Badringah. Swandari mesem nalika weruh kakunge ngarasi si jabang bayi kang banjur diparingi jeneng mas rara Tunjung biru. “Ayu….kaya ibune.”Ngendhikane Kanjeng Sinuwun. Gupita kaget nalika weruh, jebul sengkerane Kanjeng Sinuwun kuwi Swandari. Gupita banjur age-age ninggalake papan kono lan nggoleki Tejawati. Iki perkara gedhe kang bisa dienggo pawadhan ngedu antarane Kanjeng Sinuwun karo garwa-garwane.
TTTTTTTTTTTTT
Apa kang dikarepake Tejawati lan Gupita kelakon. Kanjeng Ratu Batang muring tenan nalika ngonangi garwane duwe sengkeran, malah nganti peputra sisan. Mung Kanjeng Ratu Kulon kang tetep amem amerga uwis pirsa sak durunge. Bab kuwi ora kepetung dene Tejawati ora ngerti sesambungane Kanjeng Ratu Kulon karo Swandari, sak enggo nalika pada rukunan kanggo nyilakake Swandari lan bayine, Kanjeng Ratu kulon meneng-meneng nemoni Swandari lan nimbali Suteja kakange Swandari.
“Wonten kersa menapa dene Gusti nimbali kula lan kakang Suteja?” pitakonane Swandari. “Nyai, anggonmu peputra karo kanjeng sinuwun wis kadenangan priyayi akeh. Kabare wis tekan ngendhi-endhi. Saiki kedaton lagi geger. Menawa kowe manut aku. Sawetara iki muliha ndesa dhisik. Pancen iki ora gampang. Lan kowe ki lurah, dak kantheni Rukmi, ethok-ethoka dadi bojone Rukmi. Anakke wedok Swandari gawanen, akonana menawa kuwi anakmu karo Rukmi. Kabeh mesthi ora ngerti lha wong sak suwene iki Rukmi ana ing daleme Pangeran Pringgalaya lan ora tau ketok ana pisowanan. Wis ndhang mangkata, sak durunge yayi Ratu Batang ngejokake perkara kang luwih gedhe. Aku ora kandha marang Gusti Kanjeng Ratu Sepuh mengko mundhak dadi penggalihan amarga kahanane wis sepuh lan gerah-gerahen. Aku ora mentala yen nganti Kanjeng Ratu Sepuh banjur gerah abot.” Ngono dhawuhe Kanjeng Ratu Kulon. Swandari, Suteja lan Rukmi matur sendika.
TTTTTTTTTTTTT
Swandari banjur bali ana ndesa karo Rukmi lan Suteja. Wong-wong ndesa ora ana sing ngerti yen sejatine Tunjungbiru kuwi dudu anakke Rukmi lan Suteja kangmase Swandari. Anggone padha mulih ana ndesa disubya-subya wong akeh, dasare Swandari lan Suteja uga gedhe labuh labete kanggo kemajuan desane.
Bapakne Swandari kang wis pensiun anggone dadi prejurit, saiki diangkat dadi lurah desane. Lelabuhane marang negara rampung sak wise ana perang neng Demak mbiyen, Sembego kena tumbak sikile lan banjur ora bisa mlaku kanthi sampurna kaya wingi uni sak engga ora bisa bali dadi prejurit kang mumpuni kaya mbiyen meneh. Papane ana pegaweyan dilungsur Suteja ya awit Suteja uga wis duwe lelabuhan sing gedhe tumrape kawula Mataram. Saiki Sembego ming kari bisa nggarap lemah pelungguh kang dadi jatahe lurah desa lan uga duwit pensiun sing ora sepiraa. Ananging ganjaran kang saka Pangeran Purbaya cukup kanggo nguripi limang turun meneh. Sembego seneng bisa kumpul maneh karo anak lan putune. Ora ana pangraita apa-apa yen jan-jane anake Suteja kuwi putra dalem ingkang sinuwun. Kang Beja malah Suteja, kang maune ming di dhawuhi ethok-ethok dadi bojone Rukmi, kanggo ngilangake prasangka, Kanjeng Ratu Kulon banjur dadi ngidhini Suteja dhaup karo Rukmi tenan.
TTTTTTTTTTTTT
Kanjeng Ratu Batang tetep ora narimakake bab Swandari. Kanjeng Ratu Batang banjur matur marang Kanjeng Sinuwun supaya nundung Swandari saka Kraton utawa ndhadekake triman amarga sesambungan tresna nganti peputra karo priyayi utawa sentana dalem kang kaanggep nerak paugeran. Kanjeng Sinuwun mung mendhel wae. Kanjeng Ratu kulon banjur marak ing ngarsane Kanjeng sinuwun. Sak wise nyembah banjur matur “Sinuwun, penjenangan ndalem nate janji menawi pun Swandari purun kasengker, penjenengan ndalem mboten badhe nyukakaken piyambakipun dateng sok sintena mawon.” Ature alus. “Lha kok enak timen kaya ngono, mengko yen banjur kabeh prejurit Kenya disengker apa ya njuk kraton ki dadi kebon sengkeran.” Wangsulane Kanjeng Ratu wetan. “Rak ora kabeh ta yayi. Nyatane ya ming siji. Mbok ya nek duka ki ora sah digedhe-gedheke.” Kanjeng Ratu Kulon mangsuli. Kanjeng Sinuwun tetep kendhel. Penggalihe mlayu ana Swandari. Kepengine yen bisa Swandari kaboyong ana kraton lan yen perlu garwane siji wae Swandari sak enggo ora saben dina ngelu merga mireng para garwa padha padudhon rebut bener.
Amarga Kanjeng sinuwun mung kendhel, Kanjeng Ratu Batang banjur nggolek cara supaya bisa ngrampungi Swandari sak anake kanthi sesidheman. Gupita lan Tejawati banjur bali kautus nindakake pakaryan kuwi, ananging kekarone ora wani amarga tau keprengkok nalika nyoba merjaya Kanjeng Sinuwun nalika semana. Kanjeng Ratu banjur utusan Dipasana telik sandhi saka Batang kanggo nglakoni pakaryan iku ananging durung nganti kaleksanan, rancangan iku konangan dening Sripada.
Sripada banjur matur ana ngarsane ingkang Sinuwun. Bab kuwi marai ingkang sinuwun duka banget, banjur mrentahake Sripada supaya nyekel lan midana pati Dipasana. Sripada matur sendika banjur ngoyak Dipasana.
Sawetara kuwi Kanjeng Ratu sepuh Retna Dumilah tedhak ana prabayeksa. “Ngger, Rangsang putraku. Aku wis krungu kabeh kang diomongake garwa-garwamu lan uga Sripada. Atiku susah dene karepku mono, omah-omah kuwi mbok ya sing padha rukun. Ramamu swargi uga duwe garwa loro. Sengkerane luwih akeh. Saben-saben putrane padha njedhul saka ngendhi wae. Nanging Kanjeng ramamu mesthi bisa nyapih kahanan. Aku ngerti tresnamu marang Swandari tulus tekaning batin. Kuwi sebabe aku ora menggak sliramu nalika nyengker Swandari. Swandari pancen kang paling bisa ngerti sliramu ngger amarga ya pancen tak wulang kudu mengkono. Sak jane ora mung Swandari. Kabeh prejurit Kenyamu kae bakal nresnani sliramu nganti napas kang pungkasan. Nanging yen sliramu ora bisa ngendhaleni garwa-garwamu sesuk sliramu kang bakal ngrekasa.” ngendhikane Kanjeng Ratu Retna Dumilah. “Inggih.” wangsulane Kanjeng Sinuwun. Nanging Kanjeng Sinuwun tetep mendhel yen ora ditabuh.
Kanjeng Ratu Retna Dumilah banjur ngendhika meneh “Apa kang dingendhikake Kanjeng Ratu Batang kuwi apik lan bener. Kudune Swandari ki ditrimakake wae karo tumenggung utawa adipati sapa ngono.” Kanjeng Sinuwun kaget banjur jumeneng “Mboten kenging, kanjeng ibu. Swandari punika gadhahan kula. Menawi ical, separo dhiri pribadi kula ugi ical, kanjeng ibu.” Wangsulane Kanjeng Sinuwun sora. Jane kuwi sing pengin dimirengake Kanjeng Ratu dene Kanjeng Sinuwun ora ndhadekake Swandari garwa triman. “ Menawa ngono, sliramu kudu adil marang garwa-garwamu, aja ming andhok ana Kerta wae. Sing Kulon karo Wetan ya sok dha ditiliki. Mesake yen nunggu sliramu jeleh ana Kerta. Aja marai Swandari dimungsuhi garwa-garwamu. Elinga kuwi isa nimbulake perkara anyar. Perkara kaya kang dikandhakake Sripada mau.” Ngendhikane Kanjeng Ratu alon nanging keras. Kanjeng Sinuwun banjur manthuk.
TTTTTTTTTTTTT
Nalika semana wancine wis lingsir wengi. Swandari wis bali ana omahe sak wetan Kerto lan wiwis wiwit nggarap pakaryane nulisake kabeh joged lan gendhing anggitane dhewe utawa Kanjeng Sinuwun direwangi Nyai Badringah. Sak jane Nyai Badringah wis ngantuk lan kepengin ngaso ananging Swandari sajake isih adreng nggarap gendhing ladrang kanggo beksan kakung. Nyai Badringah banjur pamit ngaso luwi dhisik. Swandari manthuk “Inggih Nyai, sekedhap malih kula nyusul. Ming kirang pinten pada mawon kok.” kandhane Swandari. Nyai Badringah banjur mapan sare ana senthonge. Swara angin kang kemlibet nggawe Swandari ngendhegake pakaryane. Dheweke ngerti yen ana wong kang nyoba mlebu, sajake maling utawa duratmaka kang duwe niyat ora becik. Swandari nyiagakake cundrike. Tenan kang dadi pangirane, ana pawongan kang mlebu saka wuwungan omah kang langsung mbabitake pedhange ana gulune Swandari. Ananging Swandari endha. Ana siji meneh metu saka lawang mburi banjur nyoba nyudhukake tumbake lan katangkis nganggo kayu kang biasane kanggo ganjel lawang. Swandari banjur bandayuda karo wong loro kuwi. Ananging wong loro kuwi dudu tandhinge Swandari kang luwih cepet lan limpad. Swandari bisa ngendhani kabeh sudukan tumbak lan sabetan pedhang kang ngarah awake. Sewalike Swandari bisa ngayang nurut tembok karo nguncalake cundrike kang langsung ngenani wong kang nggawa pedhang, banjur mati sak nalika. Weruh kancane mati, pawongan kang nggawa tumbak banjur kalap, Swandari wola-wali kudu ngendhani tumbake nalika terus digempur kaya mangkono. Nanging ora gantalan suwe ana keris kang diuncalake nancep ana gegere pawongan kuwi. Swandari kaget merga ana sing tetulung dadi pakaryane cepet rampung. Sripada banjur njedul saka lawang mburi. “Kakang Sripada.” Swandari banjur uluk salam. “Saiki, kowe nungganga jaran karo aku. Ora ana wektu meneh. Pawongan iki ora mung ngarah patimu nanging uga anakmu. Ayo gek ndhang mangkat.” Sripada ora mangsuli salame Swandari merga sumelang bab keslametane Tunjung biru. Swandari manthuk, banjur njikuk Sikatan jarane lan nyengklak . Jaran dicoklang kanthi sora supaya mlayu banter. Sripada ngetutake saka mburi. Wong loro padha mlayokake jarane nembus adem lan petenge wengi.
Tekan omah desane, katon kakange Suteja, Rukmi, bapak lan ibune padha siyaga ana njaba lan neg plataran ngomah wis ana limang kuwandha kang pating glimpung. Swandari banjur mlayoni Rukmi. “Tunjungbiru?” pitakonane. Mbokne Swandari, Winarsih mlebu ngomah banjur nggawa Tunjungbiru kang isih kriyep-kriyep tangi saka turu merga dibopong metu. Swandari ngrangkul Tunjungbiru lan diarasi. Sripada lan Suteja mriksa mayit kang padha pating glimpung, salah sijine Dipasana. Sripada banjur ngethok drijine Dipasana kang ana ali-aline lan dibuntel, disinggahake ana kamuse. “Ja, mengko mayit-mayit iki kuburen ya. Aku kudu bali neng Kuthagara matur karo ingkang sinuwun menawa pakaryanku wis rampung lan aku uga kudu ngresiki pawongan kang uga ngglimpung ana omah Kerto. Wis pasrah ya, Ja.”kandhane Sripada. “Lha Nyai Badringah, kakang?” Swandari mbengok. “Mengko tak terke mrene. Sawetara kowe ana kene wae, Ndari. Luwih aman bareng kabeh batihmu ana kene.” Kandhane Sripada. Swandari manthuk. Ana jeron ati Swandari ngucap sukur dene anakke wedok slamet. Kupiyane Kanjeng Ratu Kulon nylametake nyawane anakke kasil, merga sak ora-orane, bapa-biyunge prejurit kang uga mumpuni. Sakliyane kuwi Rukmi uga prejurit Kenya kang duwe keprigelan linuwih, isih ana kakange sing uga jago ana bab bandayuda. Omah desane kuwi bisa dadi beteng sing kuwat banget kanggone Tunjung biru.
TTTTTTTTTTTTT
Kanjeng Sinuwun nguncalake buntelan isi drijine Dipasana ana sak ngarepe Kanjeng Ratu Batang. Kanjeng Ratu ora bisa wangsulan apa-apa, merga selak kaya ngapa, kakunge mesthi wis ngerti menawa kabeh mau pakaryane andahane. Apa meneh Dipasana nganggo ali-ali sing ana embleme Kabupaten Batang. Dadi ora ana gunane selak. Kanjeng Ratu Batang banjur nyungkemi sampeyane Kanjeng Sinuwun lan janji ora bakal ngganggu gawe Swandari meneh. “Sinuwun, kula sak estu mboten njarak badhe damel cintrakanipun sengkeran dalem lan ugi putra dalem. Kula nyuwun sagunging pangaksami, Sinuwun.”kandhane karo muwun. Kanjeng Sinuwun mung mendhel lan medhal saka senthong kaputren Wetan.
Wiwit dina kuwi tekan Kanjeng Ratu Wetan nglairake Raden Mas Sayidin, Kanjeng Sinuwun ora tau tedhak ana keputren wetan. Nanging nalika mireng menawa Kanjeng Ratu Wetan nglairake putra kakung, Kanjeng Sinuwun banjur rawuh ana keputren. Kanjeng Sinuwun penggalihe lega merga kagungan putra kakung kang bakal bisa nggentosi kalenggahan dalem mengkone.
Kelairan kuwi nentremake kawula Mataram, nanging ora kanggone Kanjeng Ratu Kulon kang durung ana tandha-tandhane mbobot. Marune mesthi wae bakal saya siya-siya lan rumangsa luwih menang tinimbang Kanjeng Ratu Kulon. Swandari krungu uga bab kuwi banjur ngirimake layang ana ngarsane Kanjeng Ratu Kulon. Isine layang yaiku menawa Kanjeng Ratu Kulon kersa dipijet peranakane supaya bisa mbobot. Kanjeng Ratu Kulon senenge ora jamak krungu kabar dene Swandari bisa mijet. Banjur kanthi sesidheman Kanjeng Ratu Kulon rawuh ana omah desane Swandari. Udakara ping telu utawa ping papat dipijet dening Swandari, Kanjeng Ratu Kulon banjur mbobot. Bab kuwi uga marai Kanjeng Sinuwun marem merga garwa-garwane kabeh iya paring momongan lan uga turun kang bakal dadi pewarise kraton Mataram.
Kanggone Swandari Wanita duwe teges wani nata. Dadi samubarang kang ora pener kudu dibenerake. Semono uga ana bab bebrayan utawa sesrawungan ana kalane, wanita kudu duwe kabisan linuwih kanggo nata putra lan garwa, uga kanggo nulungi sak padha-padha.Wanita kudu bisa nata ora ming awake ananging kudu bisa nata pasrawungane kang becik supaya nalika kakunge utawa putra-putrane nduweni alangan-alangan, wanita bisa nggolekake dalan kang becik lan bener. Wanita uga bisa migunani tumraping bangsa lan negarane.
BAB VII
BATAVIA
Kraton Kerto wis rampung anggone mbangun. Kratone ora patiya gedhe ananging ketok ngengreng lan gagah amarga kagawe saka jati-jati pilihan sing diplitur alus. Ukir-ukiran ana umpak lan blandar-blandare uga digawe kanthi ngremit. Lampu-lampu ukir ditekakake saka Koromandel lan dipasang ana tengahing pendhapa ageng, bangsal Prabayeksa lan Sitihingigil. Kabeh katon endah. Para kawula uga seneng bisa ganti kahanan, amerga hawa ana Kerto isih krasa luwih seger. Taman-taman uga wiwit dibangun lan kali Opak kang mili ana cedhak kono dibendhung kanggo ngileni Segarayasa kang diangkah Kanjeng Sinuwun bisa kanggo gladhen prejurit kang nguwati bregada kang ngayahi pakaryane ana segara. Kraeng Sowa uga pinercaya nggawa kapal-kapal kanggo gladhene para prajurit. Dudu kapal gedhe amarga Segarayasa ora bisa amot kapal gedhe, ananging cukup kanggo nggladhi para prejurit kuwi. Kanjeng Sinuwun banjur lenggah ana Kerto ananging para garwa lan Ratu sepuh tetep lenggah ana Kotagedhe.
Kanjeng sinuwun olehe lenggah ana Kerto sinambi mirsani para prejurit kang padha gladhen sak dhuwuring kapal ana Segarayasa, sakliyane uga ngayahi pakaryan tataning praja. Menawa wengine wis wiwit lingsir, kanjeng sinuwun ora banjur sare ananging nyerat maneka werna piwulang kanggo putra-wayah mbesuke kayata Serat Nitipraja lan Sastra Gendhing. Serat Nitipraja kuwi mulangake piye para panguwasa kuwi bisa ngesuhi kawulane kanthi becik. Seratane kaya mengkene :
Lamun Sira tinitah Bupati
Anggea ambek kasudarman
Den dadi surya padhane
Sumadya lwir ramu
Mungwing cala lumawan ening
Mwang kadi ta samodra
Pamotiren tuwuh
Rehing amawi santana
Wruhanira lwir warsa taru rata nglih
Mangsaning labuh kapat.[23]
Kang tegese menawa priyayai kuwi diparingi kuwasa kudu bisa nduweni watak kang loma marang kawula, kudu bisa wening pikire lan kudu bisa kaya banyu kang menehi panguripan. Bisa ajur ajer bareng kawulane ana ing mangsa kang longgar utawa mangsa kang angel.
Menawa lagi nyerat kaya ngono, Kanjeng sinuwun sok nganti ora sare, sok kesupen dahar merga uga wawanrembug karo para sepuh saka kapujanggan Kraton. Kanjeng sinuwun uga ngingguhke banget ana ing babagan kabudayan sak engga maneka werna seni lan sastra wiwit ngrembaka. Mung siji kang marai penggalihane Kanjeng Sinuwun ora jenjem yaiku bangsa-bangsa Walanda kang wiwit ngangseg panguwaos dalem lan wiwit cawe-cawe ana bab-bab kang gegayutan karo tataning praja kraton-kraton liyane kaya Banten lan Cirebon.
Bab kuwi uga tau dirembug ana pasewakan ageng lan uga ana pasamuan. Ananging para sentana dalem isih nganggep bangsa Walanda iki menawa dicedhaki kanthi becik bisa dadi mitra kang uga apik. Seje karo panemune para sentana dalem, senapatining prajurit Kenya Swandari lan Ulupi banjur matur menawa Walanda kuwi yen laku dedagangan sok urik lan uga kerep ngapusi para kawula. Senengane uga nguwasani wewengkon kang dudu darbeke, kaya saiki wae wis ngebruki Jaketra utawa Jayakarta kang mbiyene bandar gedhe Sunda Kalapa kang dikuwasani wong-wong Sunda. Ulupi uga nglapurake yen ana Jaketra kuwi Walanda uga wiwit mbangun beteng lan loji-loji gedhe. Nanging sentana dalem isih tetep kukuh yen Walanda ora ngrugekake Mataram. Kanjeng Sinuwun isih bisa ngampet kepinginane nundung wong-wong kuwi sak upama pancen mung laku dedagangan.
Ananging mbasan maneka werna kedadeyan kang ngrugekake Mataram saya ndadra, para prajurit Kenya ora bisa meneng wae. Kanjeng sinuwun penggalihe duka banget sakwise mirengake pelapurane para prejurit kenya dene kapal-kapal Mataram kang arep layar lan nggelar dedagangan ana Malaka kerep dialang-alangi dening VOC kang dipandhegani bangsa Walanda kuwi mau. Sakliyane kuwi VOC uga nindakake cara monopoli dedagangan sak engga Mataram sok kangelan entuk barang-barang kang dibutuhake kawulane. Kanjeng Sinuwun ora rena dene VOC uwis wani nranyak marang panguwasane Mataram, ora ngajeni lan ora ngakoni yen Mataram kuwi praja kang gedhe, jembar jajahane lan duwe kekuwatan kanggo njagani wewengkon lan kawulane. Sesambungane Mataram lan VOC pancen wis kurang becik wiwit jaman Mataram ngluruk perang ana Surabaya. VOC nalika kuwi ora gelem ngewangi Mataram nalika nelukake Surabaya lan Mataram kaanggep marai tuna amarga kantor-kantor dangane lan Bandar gedhene ana Jepara katut dirusak nalika perang karo Surbaya. VOC dhewe uga tau kirim utusan ana ngarsane Sultan Agung supaya diidhini ngedhegake loji-loji dagang ana sak dhawaning pesisir lor Jawa, ananging Sultan Agung ora marengake kanthi tetimbangan yen VOC nguwasani pesisir lor ekonomi Jawa bakal angel maju lan kabeh asil bumine Mataram mung bisa didol marang VOC kanthi rega kang ora jumbuh karo upayane.
Panulake Sultan Agung marang VOC marakake sesambungan kang wis kurang becik dadi saya panas, ketambahan maneh nalika Sultan Agung kepengin njembarake wewengkone Mataram ana ing Banten lan Surabaya, VOC dadi pepalang. Sultan Agung uga uwis ngirimake Kyai Rangga Bupati Tegal kanggo berdamen karo VOC ananging tanggepane VOC ora nyenengake. Wiwit dina iku uga Sultan Agung banjur nutup kabah Bandar gedhene ana Jawa kanggo VOC lan ora marengake sapa wae dedagangan beras karo VOC, sok sapa wae kang ora manut bakal dipidhana abot. Ora mung kuwi Sultan Agung banjur mutusake arep nyerang Batavia utawa Jaketra, kutha kang kasil direbut VOC tahun 1619.
Sultan Agung kang ngampet raos duka lan gregeten tedhak ana pasewakan lan wiwit ngumpulake kabeh para sentana dalem, senapati lan bupati nayaka kanggo wawan rembug bab Mataram arep ngluruk ana ing Batavia. Sak wise kabeh para pendhuwur Mataram sarujuk, Tumenggung Baureksa kapilih dadi senapati lan tetungguling prajurit Mataram kang arep nggedhak Perang nang Batavia. Tumenggung Baureksa mengkone bakal disengkuyung dene dipati Ukur salah sijining adipati saka tanah Priangan. Sak bubare pasewakan Sultan Agung banjur ngersakake Swandari ditimbali supaya marak.
Swandari kang ngampil busana abdi dalem banjur ngaturake sembah. Maune Sultan Agung ming mendhel wae. Swandari wis apal menawa lagi duka, Sultan ming mendhel lan ora kersa ngendhikan. Nganti sawetara wektu ora ana swara sak liyane oceh-ocehan kang ana ing sak njabane senthong. “Nyai.” Pandangune Kanjeng Sultan Agung. “ Inggih.”Swandari wangsulan. “Aku kepengin iguhmu merga saiki aku ngerigake prejurit kanggo ngluruk perang ing Batavia. Perang kuwi dipandhegani dening tumegung Baureksa lan saiki, Baureksa lagi nyepakake apa kang diperlokake kanggo numpes wong-wong Walanda kae. Aku mangkel, uga gregeten, lha kok bisa-bisane wong kang neka banjur arep nguwasani sak kabehe. Dadi Nyai aku kepengin sliramu lan prejurit Kenyamu mangkat dhisik mbukak dalan. Prejuritmu kudu dadi prejurit sandhi kang bisa mangerteni apa wae kang dadi kekurangane mungsuh, sak engga Baureksa bisa kasil nembus lan nelukake Batavia.”ngendhikane Sultan. Tanpa nggawe pawadhan werna-werna Swandari banjur matur sendhika lan banjur nyembah ngayahi kuwajibane.
Swandari nglumpukake bregada Prajurit Kenya. Swandari kapilih dadi Manggalayudhane para prejurit Kenya kabeh. Ulupi lan Praba dadi senapatine. Amarga ayahan kanggo prejurit Kenya dudu nggedhak perang kanthi tinarbuka, Swandari mbagi andahane dadi telung regu. Regu sing sepisanan bakal nyamudana dadi ledhek, regu sing kapindho nyamudana dadi bakul lan regune Swandari dhewe nyamudana dadi bangsane dukun pijet, dukun bayi lan tukang jamu. Mangkate tumuju Batavia uga ora bebarengan ana kang liwat lor, liwat tengah lan liwat kidul. Bangsa Walanda kang wis mbangun tembok beteng ana Batavia pancen ngati-ati banget menawa nglebokake wong-wong Jawa, utamane wong saka Mataram, amarga pancen sesambungane kurang becik lan kerep regejegan bab dedagangan. Kuwi sebabe para prejurit Kenya ora nyaru dadi wong Mataram ananging dadi wong Cirebon, wong Banyumas lan wong Banten. Bejane bangsa Walanda kuwi angel mbedakake endi wong Jawa, endi wong kang dudu Jawa merga kulitane padha, ya mung saka basane wae kang mbedakake. Ming kuwi uga bisa disinau dadi pancen ya repot tenan anggone ngawasi wong mlebu metu beteng.
Batavia kuwi sawijing kutha kang ambane meh 15 hektar ana sak pinggiring kali Ciliwung. Amarga ana sungapan kali mesti wae isih akeh kewan-kewan galake kaya macan, baya lan ula. Mulane bangsa Walanda banjur mbangun beteng kang aran Kasteel Batavia, pembangunane migunakake lemah saka tilas kutha Jayakarta kang wis ajur mumur amarga perang sak durunge
Swandari kang nyaru dadi tukang pijet kasil mlebu ana beteng Batavia lan sak banjure naliti mbaka siji panggonan-panggonan sing dianggep penting. Swandari ngangkoni dene bangsa manca iki yen mbangun apa-apa luwih apik tinimbang bangsane. Sak oran-orane betenge mubeng gedhe lan kuwat. Mboka ana sadengah bageyan kang durung rampung digarap. Sak liyane kuwi uga ana beteng cilik kang aran Holandia kanggo naliti kapal-kapal sing arep mlebu Bandar kapale Batavia. Panggonan kuwi pancen bisa dadi dalane prejurit Mataram mengkone nggempur Batavia. Swandari mlaku nurut beteng kang diwenehi jagang ana ngarepe. Beteng sing dhuwur banget udakara enem tekan pitung meter, dadi uga ora gampang dipenek. Sawetara kuwi loji-loji kang digawe saka bata atose ora jamak sak engga kaya panah lan tumbak mesthi wae ora bisa nembus beteng utawa temboke Walanda. Kamangka akehe prejurit Mataram mung gegaman tumbak, panah lan pedhang. Bedhil uga bedhil kang cilik aran muskeet. Dadi tangeh lamun plurune bisa nembus tembok beteng uga. Swandari bali mlaku sak dawaning beteng, banjur tumuju ana ing jantunge kutha Batavia, banjur ngliwati Loji kang diarani Staadhuis (Balai kota). Sajake panggonan kuwi kang dadi panggonane para pendhuwur VOC, ananging dijaga sakehing prejurit kang nggawa gaman komplit. Swandari mikir lan golek cara supaya bisa mlebu ana Loji kuwi banjur nelukake saka njero. Nanging bab kuwi butuh petungan sing bener lan permati.
Swandari banjur mlipir ngliwati dalan-dalan kang rame kanggone wong dedangangan, sajake akeh bangsa China kang ditekakake mrene kanggo nguripake pasar lan bebakulan ana Batavia. Kabeh sing dagang ana kono ming bangsa china lan bangsa pribumi kaya dheweke. Menawa ana bangsa kulit putih ming siji utawa loro.
Maneka werna sing didol ana kono seka beras tekan bakal. Saka uyah tekan bumbon lan gula. Sak wise mlaku udakara patang kila, Swandari krasa pundhake ditabok uwong. “Cangak putih.”kandhane pawongan kang nabok pundhake. “Mliwis ireng.” Swandari wangsulan. Sajake kuwi sandhi kang kudu dikandhakake Swandari kanggo nemoni telik sandhi kang uwis luwih dhisik ana kono kanggo mbukak dalane prejurit Kenya supaya bisa mlebu ana panggonan-panggonan kang pancen wis dicawisake kanggo nggolek sisik melik sing luwih permati. Pawongan kuwi gagah, gedhe dhuwur. Ora patiya ketok rupane amarga tutupan caping sing amba. Pawongan kuwi banjur menehi tandha supaya ngetutake dheweke. Swandari manut. Pawongan kuwi nggawa Swandari mlebu ana pomahan kang biyasane kanggo nyedhot candu. Sing nduwe China tuwa aran Lien Mo. Embuh apa sing diomongake marga sing sadengah nganggo cara China dadi Swandari ora pateka mudheng. Lien Mo banjur nuduhake kamar ana sak mburining toko lan pomahane sing kanggo dodolan candu. Pawongan kuwi banjur ngejak Swandari ngetutake mlebu ana panggonan kuwi. Kamar kang diwenehake resik lan kopen, ora kaya toko candune Lien Mo.
Pawongan kuwi banjur mbukak capinge lan ora ngira jebul “ Kakang Sunggono…..?” Swandari meh wae mbengok saking kagete.”Swandari….!” Sunggono kang uga kaget banjur ngrangkul Swandari. “Jebul iki kowe ta, ndhuk. Saiki kowe wis dadi wanita dewasa.”kandhane lirih. Sunggono meh wae netesake eluh saking senenge. “Seprana-seprene aku ora weruh kowe, kakang. Jebul kowe ana kene.”kandhane Swandari. “Ho oh, ndhuk. Sak ploke aku ditundhung gek nalika aku mbelani kowe bab denmas Wirata, aku banjur diwenehi ayahan kanggo dadi telik sandhining Mataram ana kene. Wis meh lima las taun aku ora ketemu kowe lan bapakmu, ndhuk cah ayu. Piye kahanane kakang Sembego, rak ya apik ta?” pitakone Sunggono. “Bapak apik. Ananging wis ora dadi prejurit meneh. Saiki dadi lurah ana ndesa, macul karo simbok nggarap sawah. Dene kakang Suteja kang nggenteni bapak.” Kandhane Swandari. Rada suwe wong loro kuwi padha nyawang siji lan sijine. Sunggono wis ketok rada tua, dasar umure uga kacek rada adoh karo Swandari. Nanging rupane kang manis isih ketok apameneh menawa mesem. Alon Swandari ngelus pipine Sunggono kang ana tilas tatu parut amarga pecut. Tekan saiki durung ilang. Sunggono ngranggeh tangane Swandari kang alus. Swandari luhe banjur tiba. “Apuranen aku ya kakang. Awit tumindakku kang kurang petung banjur kowe sing kudu dadi korbane. Saiki kowe uga isih kudu nebus, urip ana paran adoh rowang, adoh kadang.”Kandhane Swandari kanthi swara kang lirih ana sak selaning tangise. Sunggono ngepuk-puk pundhake Swandari. “ Ora perlu kowe mikir sing kaya ngono, Ndhuk. Sing baku kowe karo aku saiki bisa ngayahi kuwajiban nglabuhi Negara lan bangsa. Menawa kowe suwe ana kene, kowe bakal ngerti menawa bangsa manca kuwi senengane ngereti bangsane awake dhewe. Ora mung tekan semono, Walanda kuwi tega apus karma supaya bisa nguwasani kabeh apa sing diduweni karo kawula-kawula alit. Menawa ngregani beras utawa asile anggone awake dhewe olah tetanen kanthi rega kang murah banget. Yen ora gelem ngedol banjur asile sawah dirampok lan apa kang diduweni diobong. Maneka werna tumindak kang culika dilakoni amung supaya entuk bebathen kang gedhe.”kandhane Sunggono karo ngunjal ambegan dhawa. “Bener kakang. Mula Kanjeng sinuwun ora seneng lan or arena menawa wong-wong Walanda kae ngidhak-idhak ora ming lemah wutah getihe awake dhewe ananging uga ngidhak-idhak ajining diri bangsane awake dhewe.”kandhane Swandari. “Ndari, aku neng kene nyaru dadi tukang nggolekake gaweyan. Mengko kowe ngakua menawa adhiku. Gaweyan ana kene dadi tukang pijet. Akeh londo kang mara mrene kanggo madat utawa madhon. Ananging aku wis kandha marang babah Lien, yen gaweyanmu mung mijeti thok, ora gaweyan liyane kuwi, dadi yen ana sing wani kurang ajar, aku percaya kowe bisa ngatasi ananging menawa kowe ngalami kesusahan, kowe bisa nggoleki aku ana mburi gudang beras sak kulon jagang kae. Wis tak tinggal dhisik. Mengko apa kang dadi butuhmu tak terke sak wise aku ngayahi kuwajibanku liyane.” Kandhane Sunggono. Swandari manthuk “Ati-ati, kakang.” Swandari mangsuli karo nguntapke lungane Sunggono.
Dina candhake Swandari wis nyambut gawe dadi tukang pijet. Amarga keprigelane mijet balung sing kecethit utawa ming mijet kanggo ngilangake kesel. Swandari entuk pelanggan sing akeh. Kuwi uga merga Swandari duwe rupa sing ayu lan awak kang sedhet lan endah. Ananging arang-arang ana sing wani kurang ajar, amarga nalika lagi mijeti ana sing kurang ajar, Swandari bakal mijet otot sing marai wong kang arep kurang ajar kuwi kelaran.
Swandari uga sinau basa landa sithik-sithik saka anake wedhok babah Lien kang aran Lien Siang utawa Ah Siang. Kanggone bah Lien kuwi pancen diperlokake amarga Swandari duwe langganan akeh lan meh kabeh wong Walanda. Ananging kanggone Swandari, anggone sinau basa Landa amarga dheweke penging ngerti apa wae kang diomongake langganane kuwi.
Sawijining wengi ana salah sijining lengganane pijet kuwi sambat, wis omah-omah wis meh limang taun kok ora diparingi momongan. Swandari banjur omong karo lengganane kang wong kulit putih kuwi menawa bojone bakal isa meteng yen dipijet pranakane. Menawa gelem lan percaya dheweke bakal mijet bojone kuwi. Wong Landa kang aran Linden kuwi sarujuk. Ananging Swandari kudu gelem teka ana ngomahe, amarga Linden ora bisa nggawa bojone ana panggonan kaya ngono. Swandari gelem anggere entuk nggawa kanca lan diolehake karo babah Lien. Kanggone babah Lien bab kuwi ora dadi masalah samangsane Linden gelem mbayar akeh. Linden sarujuk dasare dheweke salah sijining penggedhe VOC dadi duwit dudu perkara angel.
Ora gantalan dina Linden kasil ngejak Swandari kang dikancani Rukmi mlebu ana omahe kang ora patiya adoh saka loji Stadhuis kuwi. Malah saka jendelane Linden, katon cetha banget kahanan ana Stadhuis kuwi. Dadi nalika Swandari mijeti bojone Linden, dheweke ngakon Rukmi kang api-api ngladheni Swandari nyepakake jamu lan pilis kanggo bojone Linden karo nyatheti apa kang didelok. Kanyata olehe ajar mijet saka Nyai Supanggah ana gunane tumrap ayahane Swandari, ora let suwe bojone Linden kasil meteng. Linden seneng banget, Swandari lan Rukmi banjur diwenehi maneka warna mas-masan lan duwit. Babah Lien uga seneng. Kabisane Swandari kuwi dadi kawentar ana sak indhenging Batavia, sak engga akeh nyonyah-nyonyah Landa kang banjur nggunakake kabisane kuwi termasuk bojone Jan Pieterszoon Coen kang aran Eva Ment. Nanging nalika lagi wiwit ngayahi kuwajibane, keselak Tumenggung Baureksa wis meh ndharatake kapale ana pesisir Batavia.
Swandari banjur ngilang sawetara wektu, kanggo nggawe pelapuran marang Tumenggung Baureksa bab kahanane kutha. Jane Swandari ngelikake supaya Tumenggung Baureksa aja kesusu nggempur Batavia amarga Mataram ora cukup duwe kekuwatan kanggo nelukake Batavia. Swandari duwe panemu supaya Mataram nguwatake gegamane sik kanthi nuku meriem lan bedhil saka bangsa Portugis, awit tembok beteng njaba utawa njerone Batavia ora bisa katembus gegaman kang ana.
Ananging panemu mau sajake ora patiya digagas dening Tumenggung Baureksa, amarga kaanggep petungane wis mateng tenan tanpa maelu kabar saka telik sandhi kang wus dipapanake ana jangtunge kekuwataning mungsuh. Apameneh sak suwene iki Baureksa ora tau gagal menawa diparingi ayahan apa wae karo Kanjeng Sinuwun Hanyakrakusuma, saka mbukak alas nganti tekan nelukake laladan kabeh bisa rampung kanthi asil kang maremake. Nyerang Batavia kanggone mung barang sepele apa meneh prejurit landa kang dipapanake ana kutha kuwi sethithik banget ora imbang karo prejurit sing digawa. Tanggal 21 sasi besar 1549 (22 Agustus 192) tanggal lan dina kang ora pas sakjane kanggo wong Jawa ngluruk perang amarga rakame dina kuwi nuju pati, ananging 59 gorap lan perahune Tumenggung Baureksa tekan pesisir Jakarta. Gorap lan prau kuwi gaweyane Kraeng Sowa lan Sajuron sak andahane. Gorap lan prau kuwi nggawa 150 kebo, 120 pikul beras, 10.600 bondhot pari, 26.600 glundhung kambil, 5.900 bondhot tebu lan sak piturute. Baureksa uga nganthi 900 wong-wong pilihan.[24] Gorap lan prau mau ora dientukake mlebu bandar Batavia lan mung bisa ngedhuk-dhuke gawane ana sak njaban Bandar Batavia. Bab iki ndadekake Baureksa sak andahane ora seneng. Ulupi kang basa londone apik lan ganep merga tau sinau sak durunge, karo Swandari dikongkon dadi penerjemah lan dadi wong kang nyambungake Baureksa karo Walanda kang kawogan ana kono. Ananging sak wise omong-omongan kanthi dhawa, tetep prau ora kena mlebu bandar Batavia.
Bengine ana 7 prau kang dipandhegani salah sijining Lurah prejurit aran Margono ( kancane Sunggono nalika padha-padha Jaga ana keputren) nyedhaki Bandar Batavia, pawadhane merga kapal ora kena mlebu Bandar Batavia sak enggo angel ngedhuke barang, Margono ethok-ethoknjaluk layang passed kanggo layar ana Malaka. Wong Jawa wegah yen kudu dedagangan ning dingel-ngel. Bab iki banjur marai padudhon karo penjagane Bandar Batavia, sidane banjur padha regejegan. Ulupi ngupaya misahake ananging ora kasil. Regejegan kuwi malih dadi perang antarane prejurit Mataram karo prejurit Landa.
Prejurit Mataram kang ora nduweni wedi terus ngangseg nyedhaki Kasteel ananging diadang dening prejurit Musketeer. Olehe pada regejegan meh nganti limang jam suwene lan kekarone padha akeh korbane. Ulupi banjur ngerigake prejurit Kenya andahane saka njero kanggo narik supaya kanca-kancane prejurit Mataram bisa mlebu beteng, ananging meh kabeh prejurit Kenya kuwi gugur. Mung Ulupi lan telung wong wae kang kasil slamet saka samberaning pluru.
Isuke 27 prau dharat ana ing pesisir Batavia, saiki wis ora ethok-ethok meneh, kabeh prejurit banjur didukake lan diprentah nggempur beteng. Merga gila weruh akehe prejurit Mataram, wong Walanda banjur ngobong kutha sisih kulon kali supaya wong Mataram ora ngangseg saya jero. Durung nganti sore Kutha sisih kulon kali kasil dibroki dening prejurit Mataram. Bab kuwi marai Baureksa bombong, kamangka kuwi mung tipu dayane wong-wong landa supaya prejurit Mataram ora bisa nyerang Kasteel merga ana pepalang kali gedhe. Sawetara wong-wong Walanda wiwit nguwati beteng-betenge. Kamangka sak jane wis wola-wali Swandari anggone ngelikake suapaya aja nyerang dhisik.
Baureksa saya adreng banjur wiwit nggempur beteng Hollandia kang duwe meriem lan gegaman komplit. Baureksa uga mrentahake supaya sesambungan antarane Kasteel Batavia lan beteng dipedhot sak engga luwih gampang ditelukake. Jagang-jagang di kedhuki kanggo ngalang-alangi prejurit Kasteel ngewangi wong beteng Hollandia. Sadengah beteng wis karebut, ananging wong-wong landa iki ya takat lan ngeyel-ngeyel banget ora gelem ngalah utawa pasrah babar blas. Mboka wis nganti lempe-lempe meh kentekan pluru isih panggah ngalah. Sawetara kuwi prejurit sing diprentahake nyerang Kasteel kasil diundhurake dening landa kabiyantu, samurai-samurai Jepang sing pancen digawa mrono kanggo nguwati prejurit Landa. Samurai-samurai kuwi maune dikaryakake nalika Landa ngebroki Kepulauan Banda. Mbasan Banda kasil ditelukake, samurai-samurai iki banjur digawa ana Batavia lan dikaryakake ana kono. Ora mung wong Jepang. China-china Batavia kang wedi yen Landa nganti kalah banjur bandhane padha dijarah uga melu mbiyantu supaya prejurit Mataram ora bisa mlebu Kasteel.
Swandari bingung nalika Tumenggung Baureksa kang api-api dedagangan karo VOC banjur meksa nggempur Batavia lan Beteng Hollandia kang nalika semana di pandegani dening Letnan Jacob Van Der Plaetten. Ananging prejurit Mataram ora bisa ngalahake beteng cilik kuwi amarga gegaman kang ora imbang. Benteng Holandia diwenehi meriem lan kabeh prejurite nggawa bedhil. Kamangka Mataram ming nggawa meriem loro aran Kyai Segara Wana lan Kyai Syuh Brasta kang uga mujudake tandha mata saka Jan Pieterszoon Coen. Prejurit Mataram uga ora dikantheni piranti kanggo nutupi awake sak engga gampang dadi sasarane plurune Walanda. Beteng kang dhuwur, jagang kang jero kanyata kasil ngendhegake gempuraning prejurit Mataram. Mboka prejurit Mataram wis nggawa andha lan maneka werna perangan kanggo ngremuk beteng ananging, beteng kuwi isih tetep ngadheg.
Akeh kang pada tiwas ana ing Palagan. Swandari sak kanca ora bisa tumindak akeh kanggo nulungi amarga ana jeron kutha kabeh wong pribumi ora kena nggawa gegaman. Ulupi wae sing bisa nylundhupake gegaman ra wurunga andahane akeh sing tiwas.
Sak banjure kanthi tutupan rai, para prejurit Kenya kang ana jeron beteng banjur uga ambyur ing palagan bela pati marang kanca-kancane, uga kanthi gaman sak anane. Akeh uga andahane Swandari kang pada tiwas. Ulupi uga tatu. Wetenge kebedhil dening serdadu Walanda. Rukmi banjur nggotong awake Ulupi kang banjur di delikake ana omahe Sunggono. Swandari dhewe nalika nekad arep mateni letnan Jacob dipenggak dening Sunggono. Meh wae Swandari tiwas menawa ora dislametake Sunggono.
Swandari banjur mundur ana omah pandelikane Sunggono. “Mataram ora bakal menang ing jurit. Tumenggung Baureksa ora kersa mirangake aturku dek nalika semana. Mbok menawa amarga aku wong wedok dadi kaanggep aku ora ngerti lan ora bisa apa-apa. Nanging nyatane apa kang tak kandhakake tenan kedadeyan. Aku wis nyatheti apa wae kang kudu dipetung kanthi memet. Gaman kang ora imbang. Beteng kang dhuwur lan jagang kang jero. Kudune kabeh mau dipetung kanthi tenan. Kamangka yen ndhahar aturku, ben bregadaku kang obah ndhisik lan ngrogoti kekuwataning mungsuh saka njero. Sak banjure menawa mungsuh wis dadi ringkih, Tumenggung Baureksa kari ngebroki.” Swandari sambat karo sajak getun. Apamaneh nalika dheweke krungu pangrintihe Ulupi, atine mangkel banget. “Sing marai aku gumun. Kudune Walanda ki ora cubriya nalika Kanjeng Tumenggung api-api dedagangan, ananging kepiye anggone Walanda ngerti yen bakal ana 27 Jung kang nggawa prejurit. Aku ora trima, kakang.” Swandari omong karo tangane sing ngepel kaantemake gawange lawang sak nalika mak prol gawang kuwi ajur. Sunggono uga mangkel banget. Anggone dadi telik sandhi mataun-taun suwene kaya ora ana ajine nalika para punggawa praja ora gelem ngrungokake .” Ra wurunga kabeh ajur lan para prejurit andahan kang dadi korbane.” Sunggono getem-getem. “Kakang awake dhewe kudu males iki kabeh.” Kandhane Swandari. “Carane?” Sunggono takon. “Tuduhna aku sumber banyu pangombene Walanda-walanda kae. Sak banjure kowe bakal ngerti.” Kandhane Swandari. Swandari banjur marani peturone Ulupi “Pi, aku tak golek tamba dhisik. Mengko yen aku bali, laramu banjur bisa ditambani. Kuwatna awakmu ya, Pi.” Swandari omong karo Ulupi karo ngelus bathuke kancane kuwi kanthi kebak tresna. Ulupi manthuk. “ Pulasaranen Ulupi kanthi becik.” Welinge Swandari marang Rukmi. Rukmi manthuk.
Kanthi sesidheman Swandari lan Sunggono banjur tumuju ana ing sumber banyuning kutha Batavia. Ana kaya sumur neng tengah kutha kang banyune biasa dijikuk kanggo ngombe. Ananging sadengah wong biyasane isih nggunakake banyu kali. Swandari banjur takon marang Sunggono “Kakang, tilas kancamu sing bisa mbok jaluki tulung sapa ya kira-kira? Aku arep mbendhung kali sing ana cedhak sumbere tuk nganggo mayit. Bathang-bathang kuwi nek di selehake ana mbanyu bakale luwih cepet bosok. Bosokan mayit kuwi cukup kanggo nimbulake penyakit kanggone wong sak kutha. Ananging aku njaluk Ulupi lan Rukmi tokna sik saka kutha lan pulasaranen. Aku kang bakal ngrampungi wong-wong Walanda sing ana Loji gedhe kae (Staadhuis).” Kandhane Swandari sing wis ngewurake racun ana ing banyu pengombene landa-landa kae.”Kowe ra bakal kasil mateni wong-wong kang ana Loji kae. Gamane para prejurite komplit lan prejurite akeh. Rancanganmu bab ngracuni kutha kuwi wis apik, ananging pancen mbutuhake wektu. Kancamu Ulupi uga ora bakal bisa ngliwati wengi iki menawa pluru ana wetenge ora ditoke sik.” Ujug-ujug ana swara neng mburine Swandari. Swandari lan Sunggono mengo, Sripada, Marwono lan Suroso wis ngadheg ana kono. “Kakang Sripada.” Swandari meh wae mbengok saking senenge. “Saiki ngene wae, aku lan kowe ngurusi Ulupi ndhisik. Ben kakang Sunggono, Marwono lan Suroso kang nglakokake rancanganmu ngracuni kali nganggo mayit. Mengko yen wis rampung awake dhewe bisa ketemu meneh ana omah mburi warung neng cedhak Loji kae. Piye?”Sripada nakoni Swandari. Swandari manthuk.
Swandari lan Sunggono banjur pisah dalan. Swandari genti lunga karo Sripada ngusung Ulupi ana omahe Seng Kui ana sak kidul pasar. Seng kui sinshe utawa dokter China kang kawentar bisa nambani wong lara. Ulupi banjur langsung diupakara, Seng Kui nggunakake ilmu tusuk jarume kanggo mati rasa Ulupi. Sak engga nalika Seng Kui ngetokake pluru saka wetenge Ulupi, Ulupi ora ngrasakake lara. Sak wise pluru ditokake wetenge Ulupi banjur dijait. Sripada nunggoni kanthi ati sing goreh banget. Sajake Sripada duwe sesambungan tresna karo Ulupi, ananging kepiye, ana ngendhi lan gek kapan Swandari ora patiya ngerti amarga uripe dhewe kebak crita kang aeng-aeng. Sak wiwe rampung Sripada banjur nitipake Ulupi marang Seng Kui karo menehi duwit kang cukup kanggo ngragadi Ulupi.
Sripada, Rukmi lan Swandari banjur tumuju warung kang dienggo kangsenan karo Sunggono. Jebul neng kana wis ana Praba, Sunggono, Marwono, lan suroso. Praba katon nesu banget “ Andahanku mati kabeh. Iki ora bakal kelakon menawa ora ana kang mbocorake niyating Mataram nggempur Batavia. Tumenggung Baureksa uga gugur. Sikile ketembak merieme Landa nganti ajur lan awake kebanting ngenani tunggul kambil. Balung mburine remuk.”kandhane Praba. “Lha sing mbok arani mbocorake bab iki sapa ta, nimas?” pitakone Suroso. “Sapa maneh menawa dudu kanjeng Ratu Kulon.” Kandhane karo getem-getem. Swandari kaget “Kanjeng Ratu Kulon?? Kosik….kowe krungu pawarta iki saka ngendhi lan saka sapa?”pitakone Swandari amarga mokal kanggone, gusti ayu Retno Wulan kang apik atine kuwi nganti mbocorake wewadhining negara. “Aku krungu saka Gupita lan Tejawati. Menawa wong Cirebon kae wis nglayangi kangmase sing saiki nggenteni Panembahan Sepuh. Lha kangmase putri Cirebon iki sing mbocorake karo Walanda yen awake dhewe arep ngluruk mrene. Kuwi sebabe nalika Tumenggung Baureksa njaluk inah mlebu bandar Batavia ora diidhini. Kuwi uga kang marai kanca-kancaku prejurit kenya pada mati muspra.” kandhane Praba kang ora bisa ndhelikake mangkele. Swandari ngleremake Praba “Aku lan kakang Sripada kuwi wis tau ngonangi Gupita lan Tejawati kuwi tumindak culika arep merjaya ingkang sinuwun nalika isih timur. Rak ya bener ngono ta, kakang?” Swandari kandha karo nyawang Sripada. Sripada manthuk. “Dadi nek miturut panemuku, kowe aja percaya dhisik bab kabar kuwi. Tejawati lan Gupita kuwi lambene lemes, ora bisa dipercaya. Padha karo swargi Iswati.”kandhane Swandari. “Kowe omong kaya ngono ora merga Tejawati lan Gupita kuwi mbiten bregadane Iswati banjur kowe ora seneng, ta?” pitakone Praba. “Ora. Aku ki omong kaya ngono ora merga aku ora seneng, nanging kasunyatane pancen kaya ngono.” Swandari wangsulan. Kabeh padha meneng. Kabeh kudu narima yen kasunyatane Mataram kalah lan manggalayudhaning perang gugur.
Sripada banjur pesen wedhang supaya kanca-kancane padha duwe greget. Marwono kang maune uga ming meneng wae banjur wiwit mbuka omongan “Nek sing tak krungu, Pangeran Mandurareja, Tumenggung Upasanta lan Tumenggung Sura agul-agul bakal diutus nggenteni Tumenggung Baureksa. Awake dhewe ming kudu ngenteni karo tetep gawe gendra ana njeron kutha kanggo mbingungake mungsuh.” kandhane. “Aku sarujuk.” Praba wangsulan. “Aku uga sarujuk, nanging kabeh kudu padha ngati-ati, prejurit Mataram lan prejurit Kenya saya sithik cacahe. Aja nganti asok nyawa muspra” Swandari uga urun rembug.
Sak wise pada wedhangan Swandari banjur omong karo Sripada “Kakang, aku tak bali ndhisik ana Mataram kanggo mesthekake pawarta bab tumindake Kanjeng Ratu Kulon. Aja nganti Kanjeng Ratu kuwi dipitnah lan direka daya kanthi pawarta kang ora bener.” kandhane Swandari. “Ya. Ming tak jaluk kowe sing ngati-ati. Aku krungu kakangmu uga melu ana ing ngisore panji perange Tumenggung Sura Agul-agul. Dadi menawa pakaryanmu ana Mataram rampung ndhang baliya mrene.” Sripada wangsulan kanthi nggoceki kenceng tangane Swandari kang wis dianggep kaya adhine dhewe.
Swandari banjur nyengklak gegere Sikatan. Jaran banjur diplayoke banter. Sing ana pikirane Swandari ming siji, kepengin ngendhakake dukane Kanjeng Sinuwun marang Kanjeng Ratu Kulon amarga menawa pawartane wis tekan kupinge Praba tangeh lamun yen Kanjeng Sinuwun durung mireng apameneh, Tejawati lan Gupita kuwi cetha abdine Kanjeng Ratu Batang kang pancen ora seneng karo Kanjeng Ratu kulon utawa Retno Wulan.
Ananging nalika tekan Sokaraja, Swandari weruh iring-iringane Kanjeng Ratu Kulon, sajake arep kondur neng Cirebon. Swandari banjur nyedhaki rombangan kuwi lan matur karo Tumenggung Danupaya kang kajibah nganthi Kanjeng Ratu. Krungu yen ana tetungguling prajurit Kenya kang marak, Kanjeng ratu gita-gita anggone mbagekake Swandari. Kekarone banjur padha tetangisan. Saka critane, Kanjeng Ratu Kulon saiki ditundhung karo Kanjeng Sinuwun sak wise mireng menawa Tumenggung Baureksa gugur. Olehe ditundhung amarga Kanjeng Ratu Kulon ngirimi layang rakane Panembahan Cirebon supaya mbiyantu laskare Kanjeng Sinuwun ngluruk ana Batavia, ananging alih-alih mbiyantu malah Panembahan Cirebon kuwi mbocorake rancangane Mataram marang Walanda amarga Panembahan Cirebon ora kepengin dianggep andahane Sultan Agung. Mbasan pirsa bab kuwi Kanjeng Sinuwun muring banget, arep midhana garwane lagi mbobot tuwa, banjur pungkasane sak wise nglairake Raden Mas Shahwawrat utawa Pangeran Alit, Kanjeng Ratu Kulon ditundhung.
Swandari luhe ndrojos ora madheg-mandheg. Apamaneh nalika weruh menawa Kanjeng Ratu mung ngagem busana sarwa putih. Rambute kaore ora disanggul lan mung katutupi nganggo slendhang kang uga putih. Swandari wis ngerti apa kang bakal dumadi. Kanjeng Ratu ora bakal kondur ana Cirebon, ananging bakal kondur ana kalanggengan. Swandari nglirik Tumenggung kang kajibah ngleksanani paukuman, lan kanthi tandha kedheping mripat Swandari wis ngerti. Swandari banjur ngrangkul Kanjeng Ratu Kulon. “Aku titip Shahwawrat ana tanganmu ya, Nyai.” kandhane karo luh kang dleweran. Swandari manthuk. Swandari banjur pamit arep bali ngayahi kuwajibane ana Batavia lan sepisan meneh Swandari ngrangkul Kanjeng Ratu Kulon. Karepe mono labuh labet marang garwa jebul sedulur dhewe wae bisa tumindak khianat, sak engga saiki Kanjeng Ratu Kulon kudu kena pulute. Ora entek-entek luh kang tiba saka mripate lan kanthi kupiya kang pungkasan Swandari banjur matur supaya menawa bisa ukuman kuwi ora dilaksanani. Nanging Tumenggung Danupaya kepeksa ora bisa nyaguhi.
Swandari banjur bali mlayokake Sikatan jarane bali menyang Batavia. Kanggo kang pungkasan Swandari nyawang iring-iringane Kanjeng Ratu Kulon tindhak mengidul, embuh ana ngendhi nanging eseme Kanjeng Ratu Kulon ora bisa dilalekake. Swandari atine getun dene ora bisa tetulung. Kamangka dheweke wis kerep ditulungi karo Kanjeng Ratu Kulon, ana ing batin Swandari kepengin njerit, kepengin mbengok nanging swarane ora bisa metu. Tangise wutah ana sak dhawane dalan saka Sokaraja tekan Batavia.
Sripada banjur methukake tekane Swandari lan ngandhakake menawa rancangan kang digawe Swandari wiwit ana asile. Separuh kutha kena lelara lan kekuwatane Batavia wis akeh sing kalong. Ananging sak suwene Swandari lunga uga ana maneka kedadeyan. Kanjeng sinuwun wis nyaguhi ngirimake meriem kang akeh cacahe lan uga wis ngutus para Tumenggung kang ampuh-ampuh saka Mataram kanggo nelukake Batavia. Ananging bali meneh ana kang khianat marang prejurit Mataram. Gudhang-gudhang beras kang wis di cepakake sak kiwa tengene dalan tumuju Batavia konangan mungsuh banjur diobong. Ana pawarta sing ngabarake menawa kuwi pegaweyane wong-wong Cirebon lan Banten kang pancen ora kepengin Mataram nelukake Batavia. Dadi prejurit-prejurit kang nggawa meriem akeh sing mati kaliren lan kekeselen. Swandari atine saya goreh krungu pawarta sing kaya mangkono tambah maneh jebul pangeran Mandurareja lan tumenggung-tumenggung liyane ora tenan anggone perang, sak engga akeh prejurite sing gugur ananging para pendhuwure isih tetep slamet.
Kanjeng sinuwun liwat tumenggung Sura Agul-agul banjur mrintahake marang Sripada kanggo ngukum wong-wong kang ora padha tenanan anggone nggempur Batavia. Kang kejibah ngleksanani paukuman kanggo wong-wong kuwi prajurit Kenya. Kanthi ati sing abot lan rasa kang nyesegake dhadha, Swandari sak kanca banjur nigas gulune wong-wong kang padha ora ngleksanani ayahane 744 uwong kelangan sirahe. Klebu para tumenggung mau. Ananging pungkasane pawarta jebul apa kang diprentahake marang Tumenggung Sura Agul-agul kaanggep kleru. Tumenggung Sura Agul-agul kaanggep gawe paugeran dhewe amarga kanjeng sinuwun mung mrentahake ngukum para prejurit kang ora tenanan anggone perang ananging ora klebu para pandhuwure. Amarga salah tumindak kuwi Tumenggung Sura Agul-agul uga kelangan sirahe.
Kabur kanginaning komando saka Kanjeng sinuwun tekane para pandhuwur prejurit akeh kang disebabake telik sandhining mungsuh kang ngaco para gandhek. Gandhek sing asli kautus saka Mataram ana tengah ndalan di cegat banjur dipateni, layang utawa pesen kang kudune ditekakake, diganti ora kaya maune sak engga, prejurit Mataram dadi bubar mawut ora karuwan. Mung Prejurit Kenya kang isih sewiji merga nunggal komando. Kanjeng Sinuwun masrahake srah apa kang kudu ditindhakake prejurit Kenya marang Swandari.
Merga prejurit Mataram wiwit bosah-baseh Swandari banjur nglumpukake prejurit kang ana, paling ora kanggo males kabeh prejurit kang tiwas. Swandari banjur arep nggawe serangan gedhen kang bakal dieling-eling wong Batavia sak umur uripe. Swandari, Sripada, Praba, Rukmi, Ulupi kang wis wiwit pulih saka tatune, Marwono, Suteja, Suroso, lan Sunggono, wis nyepakake bregadane dhewe-dhewe. Swandari, Praba lan Rukmi kejibah nggempur Loji, sawetara liyane nggempur beteng lan kubu kekuwatane Walanda saka njaba. Kabeh wis siyaga lan wis padha tekad mati kanggo mbelani Mataram.
Nanging sak durunge kuwi dileksanani, Swandari lan Sripada naliti meneh panggonan-panggonan kang arep diserang. Ora kejarak liwat omah candhune Bah Lien. Neng kono ana Gupita lan Tejawati kang lagi seneng-seneng karo pelaut-pelaut enom bangsa Manca. Tejawati nyritakake piye kupiyane nylametake Batavia sak enggo Mataram gagal anggone nguwasani Batavia. Gupita uga crita anggone nyamudhana dadi utusane Kanjeng Sinuwun kanggo ngawe binggung prejurit Mataram. Tejawati karo lakak-lakak merga mabuk candu ngaku menawa dheweke uga kang nggawe prejurit Kenya mateni para tumenggunge dhewe. Tejawati banjur entuk bebana akeh saka gubernur Jendral VOC JP. Coen. Duwit kuwi banjur disebar lan banjur dikukuti pelaut bule sing mlarat-mlarat kang omah ana sak cedhak galangan kapal. Swandari atine mangkel banget. Semono uga Sripada, nanging Sripada ngleremake atine Swandari supaya luwih sabar. Nanging mbasan Gupita cemuit bab Kanjeng Ratu Kulon lan dheweke kang mitnah Kanjeng Ratu Kulon sak engga ditundhung dening garwane Kanjeng Sinuwun Hanyakrakusuma, Swandari wis ora bisa ngampet meneh kanepsone, mung nganggo cundrik, Gupita ditubruk lan disuduk dhadha lan wetenge nganti tiwas. Tejawati kang kaget banjur nyoba mlayu, nanging di sawat dingklik kena gegere. “Jebul kowe ta undheraning perkara kang marai Mataram kelangan prejurit-prejurite kang paling apik!” kandhane Swandari. Tejawati ambruk, para pelaut enom kuwi banjur ngroyok Swandari mbelani Tejawati, nanging dialang-alangi dening Sripada. Para pelaut kang luwih saka enem cacahe kuwi banjur disurung nganggo kayu palang lawang nganti njegur jagang ciliwung sing akeh bayane. Para pelaut kuwi bengok-bengok merga ditlorong baya. Tejawati isih nyoba mlayu meneh ning kalah cepet karo cundrike Swandari kang nyamber gulune. Tejawati sempoyongan nyusul kanca-kancane nyemplung jagang.
Sripada nggoceki pundhake Swandari nyabarake atine. “Sabar. Tejawati lan Gupita wis nemu pengapesane.” ujare Sripada karo nahan lan nggoceki lengene Swandari.”Aku ora ngira jebul sing marai prejurit Mataram bosah-baseh ki wong-wonge awake dhewe.” Swandari lemes. Ana rasa gelan kang semlempit ana atine. Sak upama wong-wong kaya Tejawati lan Gupita ora ana lan ora tau dilairake, Mataram mesthi wis unggul jurite.
Bah Lien Mo kang weruh kedadeyan kuwi kaget lan ora ngira jebul tukang pijete uga wasis olah gegaman. Bah Lien Mo kang wis kepuyuh kawit mau banjur ambruk ora eling. Anake Bah Lien maune arep njerit lan bengok-bengok ananging weruh kemlebate cundrike Swandari, dheweke uga melu ngglethak ora eling. Swandari merga ana kedadeyan iki mantebake tekade ngukum Batavia.
Sak dhawaning dalan Swandari ngenam-nam pikirane dhewe. Apa kang marai menungsa pengin banget nguwasani sak kabehe sak engga kabeh cara dilakoni. Kaya VOC, menawa ora merga kedunungan sipat milik lan srakah sak jane bisa dedagangan kanthi becik, lan ora perlu nimbulake perang gedhe ana ngendhi-ngendhi kang mawa korban. Ananging merga meksa kabeh wewengkon asok pajek marang VOC, perang kepeksa ana lan wong-wong kaya Gupita lan Tejawati dadi duwe kalodhangan nggawe kancintrakane kancane dhewe, gawe tuna gustine lan gawe wirang bangsane dhewe. Sripada ngepuk-puk pundhake Swandari karo omong “Wis, ora sah mbok getuni. Perang pancen nimbulake kasangsaran lan kesusahan ora ming kawula kaya awake dhewe ananging uga para pendhuwur yen banjur mung mburu benere dhewe. Sesuk awake dhewe ora kudu menang. Paling ora, apa kang dilakoni awake dhewe bakal dieling-eling dening Walanda, yen Mataram kuwi ora bisa diremehake lan bisa diidhak-idhak sak kepenake udele dhewe.” Swandari manthuk karo mesem. Esem kang pahit, kanggone lan kanggo Mataram.
Isuke Swandari lan Rukmi api-api niliki Eva Ment bojone JP. Coen kang wis meteng tuwa. Eva seneng Swandari teka, merga kupiyane mijeti, Eva kasil mbobot. Swandari banjur omong-omongan karo Eva. Nanging Rukmi kanthi sesidheman mbukakake lawang kanggo bregadane Praba. Wong-wong kang manggon lan nyambut gawe ana Loji kuwi ora bisa suwala, meh kabeh tiwas ana tangane Praba sak kancane. Dene Rukmi kasil nglebokake racun sing padha kanggo ngracuni para Walanda sak Batavia, ana tandhon banyune Loji kuwi. JP. Coen kang lagi wae teka saka beteng kaget jebul Loji Kasteele bisa dileboni, merga panik Coen nembake para prejurit Kenya kuwi sak kenane. Coen nyoba mlayu lan kasil lolos ananging Coen ora lolos saka racune Rukmi merga nalika mlebu Loji Coen krasa ngelak banget banjur ngombe banyu kang cemepak ana mejane. Kamangka banyu kuwi uga wis diwenehi racun karo Rukmi. Krungu swara tembakan lan bengokane bojone Eva kaget lan krasa arep nglairake. Swandari dicandhak tangane supaya ngewangi Eva anggone nglairake. Nanging alon-alon Swandari ngeculake tangane Eva. Swandari ninggal Eva kang bengok-bengok kelaran merga arep nglairake. Swandari mbiyantu kanca-kancane ngentekake wong kang ana loji banjur padha mundur. Emane Praba gugur ana ing Loji kuwi. Swandari nggotong layone kancane kuwi.
Sripada lan Sunggono ora kalah rame anggone nyerang wong-wong landa nganti padha kentekan pluru. Sak wise ora ana pluru meneh, para prejurit kompeni kuwi banjur nekad nganggo tai utawa tinja kanggo nembaki prejurite Sripada lan Sunggono sak kanca. Bab kuwi pancen ora tau dipikirake Sripada lan Sunggono dene Walanda bakal nggunakake barang kang njijiki kuwi kanggo ngendih kekuwataning Mataram. Merga ora kuwat ambune para prejurit Mataram banjur mundhur.
Wengi kuwi kabeh prejurit Kenya lan Prejurit Kakung ngrukti layone Praba lan dikuburake ana alas sak kulon Ciliwung, semana uga kanca-kanca liyane sing gugur. Suteja kang teka keri dhewe karo bregadane nggawa kabar kang nyenengake dene Gubernur Jendral Batavia wengi iku tiwas. Swandari nyandhong ati sing lega, Swandari ming ora ngerti piye nasibe bojone Coen, apa kasil nglairake apa ora. Sak jane atine ora mentala nanging kuwi kudu dilakoni.
Perang kalah utawa menang mesthi wae nimbulake korban kang ora sithik. Kawula Mataram merga perang iki uga melu ngrasakake susahe. Mbasan Kanjeng Pangeran Purbaya sepuh ngaturake panemune bab arep diterusake apa orane perang ana Batavia. Kanjeng Sinuwun mutusake perang dilereni. Kabeh Prejurit ditarik bali lan para kawula Mataram sawetara wektu bisa ngrasakake tentreming praja, mboka perang lumawan Surabaya, Madura lan sakupenging bang wetan tetep diadhani. Kanjeng sinuwun saiki luwih nggatekake bab-bab kang majokake para kawulane tinimbang mungsuhi Walanda. Ananging sak ora-orane, Walanda uga mikir menawa arep kurang ajar marang Mataram.
Swandari isih kajibah mulang para prejurit Kenya kang isih magang, bareng karo Ulupi kang saiki wis resmi dadi sisihane Sripada lan uga Rukmi. Ana wektu-wektu sing longgar Kanjeng sinuwun uga isih sok rawuh lan ngrembug bab-bab kang ana gegayutane karo kabudayan. Bedhaya kang karipta nalika isih bebarengan ana ndesa lan digelar nalika jumenengan dalem banjur didadhekake Bedhaya sakral aran Semang lan ming bisa digelar yen ana pasamuan agung utawa upacara-upacara gedhe. Semang kang dijogedake 9 penari putri dadi lambang kekuwataning wanita-wanita Mataram lan uga dadi simbol anane prejurit-prejurit Kenya kang gedhe labuh labete tumrap tegake tataning praja.
BAB VIII:
MENDUNG ING MATARAM
Swandari katon tugur ana sak ngarepe kori senthonge Kanjeng Sultan Agung kang lagi gerah. Bab kuwi sajake marai penggalihane Kanjeng Ratu Wetan garwa dalem Kanjeng Sultan sajake ora rena dasare pancen wis suwe anggone sujana marang Swandari, semono uga karo raden mas Sayidin putrane kang saiki lenggah dadi pangeran Adipati Anom. Beda yen karo Kanjeng Ratu Kulon swargi kang banget anggone tresna marang Swandari. Swandari wis kaanggep sedulur sinarawedi, amarga Kanjeng Ratu Kulon swargi utawa raden ayu Retno Wulan kuwi pirsa labuh labete keng abdi marang garwane. Ora ana rasa sujana mboka Kanjeng Ratu Retna Wulan swargi uga pirsa menawa Swandari sengkerane kakunge. Kuwi disebabake amarga marasepuh dalem, Kanjeng Ratu Retna Dumilah nate weling yen Raden Ayu Retna Wulan ora kena sujana karo sok sapa wae kang njagani keslametan dalem. Isih ana telenging nala nalika semana Kanjeng Ratu Retna Dumilah seminggu sak durunge seda weling karo nggegem tangane Kanjeng Ratu Retno Wulan swargi lan kaadhep Nyai Badringah “Gusti Ayu, mbok menawa aku ora suwe maneh bakal bali ana ing alam kelanggengan nyusul Kanjeng Panembahan Senapati. Sak pungkurku mengko, ora ana maneh kang bisa ngampingi ingkang sinuwun kejaba para garwa. Welingku marang sliramu ladhenana putraku kanthi tulusing atimu, aja sok sujana marang sok sapa wae kang ayahane pancen njaga keslametan lan uripe putraku Rangsang. Sliramu kudu ngerti menawa kabeh prejurit Kenya kuwi pancen diwulang nresnani Ratu Gustine kadya dene guru lakine. Keneng apa kok kaya mengkono? Awit mung wong kang tresna lair tekaning batin kang gelem nglabuhi wong kang ditresnani mau nganti mati. Dadi menawa ana salah sijining prejurit Kenya kang dadi sengkeran dalem, anggepen kuwi sedulurmu sinarawedi, awit nyawane garwamu ana ing panjagane. Pancen kuwi ora gampang kanggone sliramu, nanging uga ora gampang kanggone prajurit Kenya kang ketiban katresnan dalem. Awit dheweke kudu bisa nglenggana, ikhlas ora bisa dadi garwa lan uga kudu momot bot repoting pengalih dalem tan kena omong karo sapa wae. Kudu ngorbanake nyawane menawa diperlokake. Kuwi labuh labet kang ora cilik. Amarga samangsane isih ngabdi, prajurit Kenya ora bisa lan ora entuk nresnani kakung liyane kejaba Kanjeng Sultan piyambak.” Ngendhikane karo napas kang wus abot. Kanjeng Ratu Retna Wulan manthuk. Apameneh Kanjeng Ratu uga pirsa piye mula bukane nalika Kanjeng Sultan wiwit nibakake katresnane marang Swandari. Kabeh mau dicritakake Nyai Badringah marang Swandari.
Kanjeng Ratu Retna Wulan swargi dhewe kepotangan budhi kang ora sithik, amarga dhaupe karo Kanjeng Sultan uga ana sambungane karo Swandari. Menawa nalika semana Swandari ora cawe-cawe bab anggone jejodhonan, mbok menawa Kanjeng Ratu Retna Wulan swargi ora bisa nyandhing keng garwa. Kanjeng Ratu Retna Wulan uga kang dadi seksi nalika Swandari mbobot tekane nglairake putra dalem kang disingidake ana omahe neng pesisir. Lan uga awit pitulungane Kanjeng Ratu kang rumangsa kapotangan budhi sak engga Swandari ora ditrimakake marang kakung liyane, ya awit saking tresna tuhune Swandari marang Kanjeng Sultan sak engga panggah ngladheni priya liya. Swandari milih kapidana pati tinimbang kudu ngladheni priya liya.
Kanjeng Ratu Retna Wulan Swargi kabiyantu Kanjeng ratu Retna Dumilah swargi banjur nyigidake Swandari ana papan kang ora dingerteni sapa wae nganti tekan wektune nglairake. Sak banjure bayi wadon kang entas dilairake kuwi diplayokake dening Kanjeng Ratu Retna Wulan lan diakokake anake Suteja kakange Swandari. Nganti tekan seprene banjur digula wenthah lan dimong karo Suteja.Kabeh kuwi gawang-gawangen ana mripate Swandari. Piye anggone Kanjeng Ratu Kulon swargi kuwi ngrengkuh dheweke.
Ananging kabeh perkara kang disingidake kuwi mau, ora kok banjur ora ana kang ngerteni. Kanjeng Ratu Batang utawa kanjeng Ratu Wetan pirsa bab iki lan ora rena banget. Swandari banjur ditundhung saka kraton amarga kaanggep duwe sesambungan tresna kang ora cetha lan ora pantes. Swandari uga kaanggep ngrusak citrane prajurit Kenya. Ananging bab iku banjur dipenggak dening Kanjeng Sinuwun. Swandari kang maune arep ditundhung malah kaangkat dadi lurah prejurit Kenya lan kanggo nyapih kahanan, Sultan banjur ngutus Swandari ngluruk ana Batavia.
Saiki kahanan uwis ora kaya wingi-wingi nalika Kanjeng Sinuwun isih saras lan durung gerah-gerahen, semono uga Kanjeng Ratu Kulon kang wus dhisiki ana alam kelanggengan. Swandari saiki sasat genti ora duwe pengayom maneh, mbiyen Kanjeng Ratu Retna Wulan swargi kersa ngamping-ampingi lan nyengkuyung apa wae kang ditindakake samangsane isih sugeng. Kahanan iki uga marakake samsaya ora senenge Kanjeng Ratu Wetan (Batang) marang Swandari, semono uga pangeran Adipati anom. Ibu lan putrane kuwi banjur ngupaya piye carane bisa nyingkirake Kanjeng Ratu Kulon lan Swandari sisan menawa bisa. Ndilalahe dalane kok ya ana wae. Amarga Penembahan Cirebon tumindak khianat marang Kanjeng Sinuwun kang marai duka banget, Kanjeng Sinuwun banjur nundhung garwane Kanjeng Ratu Kulon kang sak banjure seda ana wewengkon anggone dibuwang. Emane Kanjeng Ratu Wetan tetep ora kasil milara utawa gawe cintrakane Swandari. Perang ana Batavia kang uga dikarepake bisa ngilangake nyawane Swandari, kanyata uga ora bisa nyingkirake wong wadon siji iki.
Pangeran Adipati Anom uga ora seneng marang Swandari marga dianggap dadi wong kang ngrusak bebrayane ibune karo ramane. Uga ngrusak kesenengane nyengker para prajurit Kenya andahane Swandari. “Wong dheweke wae sengkerane Kanjeng Rama. Lha keneng apa ora ngentukake aku dolanan cah ayu-ayu kae. Dadi wong kok ra nyawang githoke.” Ngono kuwi pangundamanane Pangeran Adipati Anom yen Swandari matur marang kanjeng sinuwun bab tumindake pangeran Adipati Anom.
Sengite saya ngigit-igit nalika Swandari menggak kersane pangeran Adipati Anom supaya ora ngrusak pager ayu merga sesambungan karo garwa ampene Tumenggung Wiraguna. Ora wurunga mbasan konangan banjur dadi ontran-ontran gedhe. Pangeran Adipati Anom banjur nyalahake Swandari kang dianggep tumbak cucukan, ngandhakake sesambungane karo garwane Tumenggung Wiraguna marang keng ramane. Kamangka sakjane Swandari mboka ngerti piye anggone Pangeran Adipati Anom tumindak culika, ora tau nglapurake tumindake kuwi sak ploke diundhamana. Swandari uga kaanggep luwih mbelani Pangeran Alit amarga cedhak karo Kanjeng Ratu Kulon utawa Retna Wulan. Swandari uga kerep didakwa arep ngraman supaya Pangeran Alit mengkone kang bisa nggenteni Kanjeng ramane. Sajake kabar kuwi wis disebarake karo abdi dalem-abdi dalem tilas kapercayane Ratu Sepuh Tulungayu kang isih lara ati amarga prastawa sedane Sultan Hanyakrawati.
Kedadeyan-kedadeyan kang ora nyenengake saka kalahe prejurit Mataram ana Batavia tekane tumindake pangeran Adipati Anom kang murang tata lan merga sayah anggone nggadhang Kerta dadi pusating Kuthagara lan gegayuhane kagungan armada segara kang gedhe marakake kasarasane Kanjeng Sultan saya mundhur. Apameneh tumindake pangeran adipati anom kang saya ndhadra ora kena dielikake lan tumindak sak karepe dhewe, wis marai Kanjeng Sinuwun lingsem lan kerep banjur ora kersa medhal saka senthonge, ora sare, ora kersa dhahar lan ngunjuk. Kabeh kuwi mesthi wae nimbulake maneka werna penyakit. Ketambahan kareman dalem ses utawa ngrokok nganggo mbako diwadahi pipa. Raja kang gagah pideksa pungkasane gerah kang rada nemen.
Swandari, Ulupi lan Rukmi tugur lan nunggoni sesembahane kanthi ndedonga supaya Kanjeng Sultan bisa pulih kaya wingiuni. Para putra uga padha sila ana sak ngarep senthong. Mung garwa kang diparengake nenggani ana njero senthong bareng karo para dokter, para nujum Kraton. Ora let suwe, keprunge jerite garwane kasusul tangis kang ora mandheg-mandheg saka senthong. Swandari kaya kajabel nyawane nalika krungu panjerit kuwi amarga dheweke ngerti yen kuwi pratandha separuh saka jiwa lan tresnane wis ilang, kondur ana ing alam kelanggengan. Sak nalika eluhe ndrojos kaya ngetuk. Lawang Senthong dibukak, para nujum metu saka senthong dalem lan ngabarake menawa Kanjeng Sultan Agung Hanyakrakusuma seda. Sak nalika kabeh sentana dalem kang ana neng kono ndhingkluk. Udan tangis ana ing dina iku lan mendhung kang gumantung ana langite Mataram bakal saya peteng. Swandari wis ora bisa mikir apa-apa meneh. Jejere kang mung abdi, ora bakal bisa mujudake pepinginane ngrangkul kang pungkasan priya kang banget ditresnani iku. Nyawang wae ora bisa, apa meneh nganti ngelus salirane kang sak suwene iki ngisi wengi-wengine kang sepi. Eseme, kabeh pengarep-arepe, kabeh rasa tresnane kaya isih gemawang ana anggane. Menawa Swandari kuwi dudu jejering Prejurit mesthi wae uwis ndheprok lan nangis gero-gero merga kepedhotan tresna. Ananging merga ngukuhi jejering prejurit Kenya, kabeh rasane disingidake ana telenging nala. Mung luhe kang terus metu ora kendhat. Perihing ati, susahing pikir meh ora ketara ana ing praupane kang ayu. Ulupi nggegem tangane kancane sajak ngerti apa kang ana njeron atine, semono uga Rukmi. Telu-telune prejurit Kenya kang kajibah njaga sak kabehe nganti tekane napas sing pungkasan.
Mung saka kadohan Swandari bisa weruh iring-iringan layone priya kang nate ngisi dina-dinane lan menehi katresnan kang kaya ora ana enteke. Saiki mung bisa nyawang tanpa bisa ngranggeh. Mung bisa mandheng tanpa bisa ngaturake rasa sedihe. Kanjeng Sultan kasarekake ana pasreyan Agung ana sak kidul Kerta yaiku Imogiri. Patang puluh dina Mataram anggone sungkawa lan sak wise kuwi urip kudu tetep lumaku kaya adate.
TTTTTTTTTTTTT
Pangeran Adipati Anom banjur kajumenengake Sultan nggentosi ingkang rama. Kabeh kawula duwe pengarep-arep kang gedhe marang Raja kang anyar. Durung suwe anggone jumeneng nata sajake Sultan anyar kang ngagem gelar Amangkurat I, wiwit pengen nggawe owah-owahan.
Kraton Kerta yasan dalem Sultan Agung swargi wis ora maremake banjur ngersakake Kraton dipindah ana Plered sak wetan Kerta. Pembangunane uga uwis diwiwiti. Meh 300.000 ewu tukang lan buruh dikaryakake kanggo mbangun Kraton anyar. Lan beda karo Kerta kang bangunane digawe saka kayu, kraton plered digawe saka bata. Kang sepisanan dibangun dening Sunan Amangkurat yaiku beteng mubeng kang dhuwure udakara limang meteran lan kandhele siji setengah meter. Kanggone para kawula sak njaban kraton, angkahe Sunan Amangkurat yasa karton anyar amarga kepengin saya jaga kekuwataning negara, apameneh beteng mubeng kang digawe saka bata kuwi pancen dhuwur dadi angel dipenek lan angel digempur yen mung nganggo gegeman biasa kaya tumbak, pedhan lan panah.
Ananging kasunyatane beda karo keng ramane swargi, Sunan Amangkurat luwih nengenake bab-bab kang nyengkuyung karemane lan kasenengan-kasenengan liyane. Kaya ta ngagem Segara yasa kang maune digadhang dening Sultan Agung supaya bisa kanggo gladhen prejurit ana ing banyu malah kanggo ciblon lan ngenggar-enggar pengalih karo wanita-wanita selir dalem utawa sengkeran dalem. Makaping-kaping Swandari paring pepemut ananging ora dipaelu malah didukani kanthi omongan kang ora pantes lan ora nyenengake. Kanjeng Sunan uga kerep nimbali wong-wong VOC kang mbiyene dadi mungsuh, ana kraton lan bareng-bareng mirsani beksan utawa kesenian-kesenian kang karipta dening para pinisepuh Kraton. Bab kuwi Swandari uga ora leren anggone ngelikake, dene ana joged kang ora kena dadi barang tontonan amarga kuwi perangane upacara. Ananging bali meneh apa kang diaturake mung kaya angin nabrak tembok. “Sinuwun, mbok sampun kekancan kaliyan tiyang Walandi. Menapa sinuwun mboten emut menawi Kanjeng Rama paduka swargi mboten remen kaliyan tumindak lan terkahipun tiyang-tiyang Walandi.”Swandari ora tau leren anggone ngelikake “Kowe kuwi wong wadon Nyai, ora sah melu mikir urusane negara. Negara ben dipikir para kakung.” Ngendhikane Kanjeng Sunan menawa dielingake. Semono uga menawa semuan, Kanjeng Sunan kang seneng umuk kuwi, ora menggalihake bab paugeran lan tata carane Kraton menawa nganakake semuan. Joged endhi sing pareng dadi tontonaning wong umum lan endhi sing ora. Kanggone Kanjeng Sunan, apa kang pengin dipirsani ya kudu dianake lan digelar, tamu sing nonton uga kang dikersakake lan diremeni dening Kanjeng Sunan.
Swandari gela lan sedih dene joged utawa beksan kang Agung saiki ora beda karo tontonan lumrah kang bisa ditonton sapa wae tanpa rasa ngajeni lan ngurmati. Olehe nonton wae disambi mangan utawa ngombe karo ngguyu lakak-lakak sajak ora ana regane. Kamangka beksan kuwi akeh-akehe karipta nalika para sepuh sak durunge laku prihatin. Pendhapa kraton kang biyasane dadi papan pasewakan agung utawa pegelaran agung dadi ora beda karo panggonan kang biyasa kanggo nyewa ledhek utawa tayuban. Bangsa-bangsa Walanda kang ora ngerti tata uga banjur sak penake trunyak-trunyuk ana ing Kraton. Melu nggodhani para putri lan abdi dalem. Nanging ora ana sing wani nyamah prejurit Kenya amarga kawentar olehe galak lan prigel ana bab peperangan. Kamangka prajurit Kenya kuwi uga putri-putri pilihan kang ya pancen ayu-ayu tenan. Wong-wong Walanda banjur wiwit ngglembuki supaya Kanjeng Sunan ngentukake salah sijine prajurit kenya kuwi disengker dening Walanda.
Jane mono Swandari kepengin muring, ning arep kepiye lha wong sing kagungan kraton wae etel. Walanda uga wis wiwit wani nyampuri urusaning kraton kayata ngatur-ngatur yen wanita kuwi ora kena dadi prejurit, amarga wanita kuwi kudu alus kaya sembadra. Wanita kang dadi prejurit kuwi ora luwih saka wanita planyahan sing kasar lan seneng migunakake rupane sing ayu kanggo mblithuk para priya. Kamangka kuwi ming pokale landa wae supaya yen ora ana prajurit Kenya, wanita kang ayu-ayu kuwi bisa diglembuki lan di dadhekake simpenane. Yen wanita bodho, mesthi wae banjur gampang diapusi lan dikurang ajari.
Walanda uga mbujuki supaya Sunan Amangkurat ora perlu ngrungokake swaraning wanita apa meneh ana bab tata ning praja. Wanita kuwi kaanggep manungsa kang bodho lan papane pantese ana mburi. Bab kuwi uga kasokong dening Kanjeng Ratu sepuh kang ora remen karo prejurit-prejurit Kenya kang tundhone mengko ming bakal dadi sengkeran dalem. Kuwi ateges ngrusak tatanan lan nggawe ora tentreme bebrayan agung antarane Sunan karo garwa-garwane. Walanda nambahi yen priya kuwi kaanggep priya sejati yen bisa nata wanita-wanitane. Miturut Walanda Wanita kuwi dudu wani nata nanging kudu wani ditata.
Sunan kang wis kesupen marang piwulange kanjeng ramane uga wiwit bisa keblithuk. Saiki ayahane para prejurit Kenya wiwit diowahi. Akeh prejurit Kenya kalukir dadi abdi dalem caos biyasa. Latihan lan gladhen keprajuritan uga wiwit dilongi. Swandari kang kadhapuk dadi gurune para prajurit Kenya banjur marak sowan. “Kula ingkang sowan, Gusti.” Ature karo nyembah. “Ana apa meneh ta, Nyai. Apa kowe ora bisa yen ora ngganggu kesenenganku? Apa kowe ora weruh aku lagi repot ngedhusi kututku.”Ngendhikane Sunan Amangkurat tanpa noleh. “Inggih, kula mangertos Gusti.” wangsulane Swandari. “Ya wis kana ndhang sumingkira, aku lagi ora kepengin caturan karo sapa-sapa.” Ngendhikane meneh. “Nyuwun panganpunten, Gusti. Kula badhe nyuwun pirsa, menapa leres sak menika prajurit Kenya mboten badhe pun agem malih? Kok gladhenipun dinten menika mboten pun wontenaken.” Ature Swandari, tetep ana ing sak wingking dalem tanpa mingset sak durunge entuk katrangan kang cetha. “Ho oh, pancen wis ora dianake.”cekak aos anggone ngendhikan, jan kudu sabar tenan ngadhepi Sunan kang siji iki. “Kenging menapa Gusti?” Swandari ngoyak“Ya merga aku nganggep ora ana gunane. Kowe ki criwis banget ya Nyai.” Sunan wiwit duka. “Lajeng ingkang njagi penjenengan dalem sinten?”pitakonane Swandari. “Lha prejurit-prejurit lanang kan akeh, keneng apa kudu wong wedhok. Jaremu mbiyen, ora patut yen priyayi nyengker prejurit Kenya. Lha aku le ora kepengin nyengker wae piye, yen prejurit sing ayu-ayu kae ming mubeng ana sak kupengku? Kanjeng rama swargi wae nyengker sliramu, kuwi rak ateges prejurit Kenya kuwi pancen kanggo ngono iku ta. Lha yen mung ngono ra sah gladhen prejurit wae. Kuwi ben diayahi sing lanang-lanang kae.”Ngendhikane tanpa noleh saka kutute.”Sinuwun!” Swandari matur sora amarga atine ora narimakake yen para prejurit Kenya kuwi ming dianggap kaya wanita kang murang tata. Saking bantere panggetake Swandari Kanjeng Sunan dadi kaget sak engga kutute mabur. Sunan Amangkurat noleh karo mendelik sajake duka tenan amarga kelangan kutute “Jabang bayi, Nyai. Gek kowe kuwi wanita model sing kepiye coba. Kututku mabur merga aturmu murang tata. Bener omongane landa-landa kae, wanita yen duwe kepinteran sithik wae banjur wani karo wong lanang.” Sunan nggetak ora kalah sora. Swandari ndhingkluk banjur nyembah. “Nyuwun sagunging pangapunten, Gusti. Mboten ateges kula wantun dateng penjenengan. Ananging ingkang penjenengan ngendhikakaken menika pecak asiya-siya. Prajurit Kenya menika ageng labuh labetipun dumateng negari. Nalika kula sak kanca ngluruk dateng Batavia, mboten sekedhik ingkang gugur nglabuhi negari, sampun lajeng paduka ngendhika menawi prajurit kenya menika sami kados wanita murang tata, murang trapsila, menika mboten leres. Tanpa wontenipun prajurit Kenya, Mataram temtu ajur lan gothang, amargi prajurit Kenya menika dados salah setunggaling saka guru kekiyataning praja. Penjenengan dalem ugi mboten bakal saged nanggulangi Walandi menawi mboten kagungan bregada prajurit Kenya. Dados Gusti kula suwun sampun ngendhikan ingkang ngremehaken prajurit Kenya.” Ature Swandari. Tangane ndhredeg ngampet nesu, eluhe dleweran merga rumangsa karemehake. “Sangkamu apa? Ya pancen kaya ngono. Perang ana Batavia wae ora bisa menang kok sengguh men. Kuwi bukti yen kanca-kancaku bangsa Walanda kuwi luwih unggul tinimbang kowe sak kancamu. Walanda kuwi duwe maneka werna kepinteran kang ora bisa klebu ana nalarmu, Nyai. Saiki ndhak takon kowe sak kancamu prejurit kae, kenengapa ora gelem rabi yen pancen wanita kang duwe subasita lan tata trapsila? Amarga duwe penggayuh disengker para priyayi kang duwe kalenggahan ta, ben isa urip mulya. Utawa malah ben bisa karo sapa-sapa.” Ngendhikane Kanjeng Sunan saya sora.
Nyai Badringah, Ulupi lan Rukmi banjur langsung marak krungu Kanjeng Sunan mbengok sora. “Menika mboten leres. Sumpahipun Prajurit Kenya menawi taksih ngayahi kuwajiban, panggah bebrayan supados saged ngrungkepi negari mboten pun gondheli anak, utawi semah. Saget sewiji kaliyan ayahanipun lan mboten mingkuh menawi kedah dumugining pejah, Gusti.” Kandhane Swandari. “Ya wis. Saiki nyusula kanjeng rama!” Ngendhikane Sunan Amangkurat karo njabut kerise. Sripada lan pangeran sepuh liyane banjur ndheprok nggoceki sampeyane. “Sabar….sabar, nakmas. Sabar.” Ngendhikane pangeran Purbaya, kang yuswane wis sepuh banget ananging isih banget disuyuti dening sapa wae. Pangeran Purbaya banjur paring tandha supaya para putri lan emban nggawa Swandari lunga nanging lagi wae arep njangkah Kanjeng Sunan medhar putusan “Saiki rungokno prentahku kanggo kowe Nyai Swandari, wiwit dina iki lan sak lawase uripmu, kowe ora kena midhak kedaton maneh lan aja nganti aku weruh praupanmu ana ngarepanku. Lan wiwit dina iki uga kowe dak trimake dadi bojo Lurah prejurit lan ora ana priyayi kang duwe pangkat entuk nyamah kowe. Yen nganti ana sing nglanggar wewalerku, pidana picis kanggone.”Ngendhikane Sunan Amangkurat kanthi swara kang ditahan, praupane kang abang mangar-mangar nandhakake menawa Sunan ora dolanan ana ing bab iki. “Sendika.” Wangsulane Swandari.
Swandari banjur metu njaba lan langsung ngukuti kabeh barange, ditutake dening prejurit Kenya liyane. Wiwit dina kuwi, Swandari sak kancane lolos kedhaton. Pangeran Purbaya kang nyekseni bab iki ming gedheg-gedheg “Dasar padha kerase, ya nek tempuk mesthi ajur.”Ngendhikane lirih. Penggalihe krasa susah amarga mbiyen sing ngleboke Swandari ana kraton uga Pangeran Purbaya dhewe. Lan ya pancen ora salah pilih, ya mung saiki Pangeran Purbaya wis krasa ketuwan kanggo cawe-cawe. Ananging bab iki marai penggalihe ora jenjem. “Nakmas, kulup...wayah ingsun sing bagus dhewe. Aja sok kerep nesu mundhak gelis tuwa kaya aku.” Ature pangeran Purbaya lirih. Swarane kang mbiyen gandhem saiki wis wiwit groyok amarga wis sepuh. Kanjeng Sunan banjur lerem. Pangeran Purbaya banjur ngekeki tandha supaya Sripada lan pangeran liyane padha sumingkir kejaba Pangeran Pringgalaya lan uga Pangeran Juminah. “Wis aja nesu. Bab kututmu mengko bisa mundhut meneh, yen sliramu butuh sing wis kung swarane, tindhaka ana Purbayan, mengko sliramu bisa milih kutute eyang sing endhi wae, sing mbok senengi.”Ngendhikane Pangeran Purbaya. “Sak estu eyang. Kula pikantuk nyuwun oceh-ocehanipun?” Sunan Amangkurat katon seneng lan sajake wis lali karo perkarane mau. Pangeran Purbaya mesem. “Apa kang dadi darbeke keng eyang rak suk ya dadi duwekmu ta, nakmas. Ananging yen sliramu ngersakake saiki ya ora dadi ngapa. Dasare aku ya wis tuwa, arep tak nggo ngapa kutut sak mana akehe.” Pangeran Purbaya gemujeng ditutake keng wayah lan pangeran pringgalaya lan Juminah. “ Ming ngene nakmas, apa wis mbok timbang tenan anggonmu arep nglereni prejurit Kenya kuwi? Amarga ngene, anggepen negara kuwi utang karo para wanita. Ya utang nyawa, ya utang kabisan, ya utang urip. Utang nyawa merga nalika sliramu lair, keng ibu rak toh nyawa anggone nglairake sliramu, utang urip merga tanpa wanita kang gelem nyusoni lan nggula wenthah awake dhewe, durung mesthi awake dhewe bisa urip, utang kabisan amarga sing ngajari sepisanan sliramu lan aku catura, mlaku lan tetembangan kuwi ya wanita. Sliramu mesthi tau dilelo-lelo yen arep sare mbiyen jaman isih timur. Sak jane amarga kuwi eyangmu putri swargi Kanjeng Ratu Retna Dumilah kuwi nggladhi prejurit kenya. Supaya wanita-wanita ing Mataram kuwi dadi wanita sing kuwat. Menawa Mataram duwe wanita-wanita sing kuwat, mesthi bakal nglairake putra-putra kang wegig lan lantip. Kuwi dadi pawitane bangsane dhewe, nakmas. Pancen bedha yen karo bangsa Walanda sing ora nganggep wanita-wanitane kuwi menungsa sing unggul. Wanita ming cinipta dadi dolanane priya kaya kutut kuwi mau, dipakani, diombeni, dikawinke, dikon ngoceh. Diwenehi kurungan sing apik lan sak piturute. Nanging ora diregani kaya dene manungsa lumrahe, kang bisa uga wawanrembug, bisa uga kanggo embating pikir, bisa uga dijak bareng-bareng nata negara.”ngendhikane Pangeran Purbaya. “Nanging kula mireng yen priya pun tata wanita menika ateges priya wau sanes priya sejati, eyang?”Kanjeng Sunan asung wangsulan. “Kuwi basa sing kurang ngepenake, wanita kuwi pancen duwe teges wani nata ananging karepe dudu nata priya. Karepe nata samubarang bareng karo priya. Kaya ngesuhi putra, priya lan wanita kudu bebarengan, ora bisa ming salah siji. Padha karo nata negara yen mung lanange thok sing maju, uripe dadi gothang. Amarga ana wawanrembug kaya ngene wanita kuwi luwih luwes, luwih bisa ngiguhke samubarange.”Pangeran Pringgalaya nambahi “Lajeng kersanipun paman?” pitakonane Sunan Amangkurat “Ya ngene, ngger. Prejurit Kenya kuwi aja banjur mbok lereni, nanging ana bab-bab sing penting, sliramu bisa nengenke para priya ning ana bab-ba sing ana sesambungane karo piye ngglembuk wong liya kuwi pasrahna para prejurit kenya kuwi. Dadi banjur luwih luwes ta.”pangeran Juminah mlipir anggone mbujuki Kanjeng Sunan. “Nanging kula mboten remen kaliyan Nyai Swandari.”wangsulane cekak aos. “Sampun, kula badhe ngayahi pakaryan sanes. Mangga menawi eyang lan paman taksih badhe wawanrembag.” Ngendhikane banjur ninggal papan. Pangeran Purbaya ming mesem. Pangeran Pringgalaya lan Juminah ming pating plenggong.
TTTTTTTTTTTTT
Tumenggung Danupaya kang kajibah ngesuhi pangeran alit utawa raden mas Shahwawrat, katon lagi duwe penggalihan sing abot. Sak ploke Sunan Amangkurat kajumenengake nata, akeh para sentana dalem kang ora disenengi utawa ora padha kekarepane mesthi disingkirake. Wis makaping-kaping kedadeyan kaya mengkono lan sing keri Tumenggung Danupaya krungu yen Swandari lan bregada prajurit Kenyane dilereni merga Kanjeng Sunan ora seneng karo wong wadon sing pethakilan. Danupaya maune ora patiya tepung karo Swandari, ananging nalika Danupaya kautus nyingkirake Kanjeng Ratu Kulon, Danupaya dadi tepung, sak banjure dadi saya raket nalika Swandari kang rumangsa dititipi pangeran Alit banjur kerep sowan ana Katumenggungan. Pangeran Alit dhewe uga cedhak karo Swandari kang wis dianggep kaya ibune dhewe. “Dados bibi menika kasingkiraken saking kedaton ta, paman Ngung?” pangeran Alit nyuwun pirsa lirih. “Inggih. Ingkang kula pireng kados ngaten, nakmas.” Tumenggung Danupaya wangsulan. “Lajeng kawontenanipun kados pundi?” Pangeran Alit bali nyuwun pirsa. “Kula dereng pinanggih, nakmas. Nanging mireng-mireng kondur dateng Kerta. Lan sak ngertos kula Nyai Swandari lajeng pun peksa katrimakaken kaliyan lurah prejurit. Menawi mboten klentu namanipun Sunggono.”Tumenggung Danupaya. “Kok kangmas Amangkurat menika tegel kaliyan bibi ngantos semanten. Ing atasipun ruminyin bibi menika sengkeranipun kanjeng rama, kedahipun menawi badhe maringaken njih sak mboten-mbotenipun ingkang gadah kalenggahan” Pangeran Alit ngelus dhadhane. Danupaya ming bisa mesem kecut.
Pangeran Alit nduweni praupane ibune luruh lan alus, ora kaya Kanjeng Sunan kang persis keng ramane amung kulite rada luwih padhang. Pangeran Alit merga digedhekake ora karo kanjeng ibune luwih akeh urip kanthi prihatin. Olehe ngagem busana uga prasaja ora katon kaya pangeran liyane sing mompyor sak apa-apane. Iku sebabe Pangeran Alit luwih disenengi dening para sentana lan alim ulama. Dasare olehe ngagama iya tenanan lan ora tau telat anggone sembahyang. Emane bab ngelmu kanuragan Pangeran Alit ora patiya duwe bakat. Akeh kang nyandra yen Pangeran Alit kuwi menawa ana pewayangan sok dipadhakake karo Puntadewa. Anggone lembah manah, tata trapsilane becik, ngurmati ing sapadha-padha.
Danupaya wis nganggep Pangeran Alit kuwi kaya putrane dhewe. Apa-apa kang diwenehake marang putrane, pangeran Alit mesthi uga entuk kang padha. Bab ngelmu semono uga. Danupaya dhewe uga dadi gurune Kanjeng Sunan dhek isih timur ananging watak wantu lan carane tumindak karo wong liya, Danupaya luwih seneng karo Pangeran Alit, mula nalika gegeran Kanjeng Sunan kang nalika semana isih pangeran adipati anom ngglibeng garwane ampe Tumenggung Wiraguna, Danupaya kang nglapurake marang Kanjeng Sinuwun Sultan Agung Hanyakrakusuma. Danupaya duwe pengangkah supaya Kanjeng sinuwun njabel kalenggahan pangeran Adipati Anom lan banjur ngangkat pangeran Alit dadi gantine. Ananging angkahe ora kaya sing dikarepake. Kanjeng Sunan nampa ukuman saka keng ramane limang tahun suwene dibuwang, ananging kalenggahane ora dicopot lan nalika keng ramane seda banjur Kanjeng Sunan jumeneng Nata, atine Danupaya uga sumelang. Yen kanyata Kanjeng Sunan isih nyimpen lara ati, mati uripe ming perkara wektu.
Sorene Danupaya entuk layang kang isine dhawuh dalem supaya ngrebut Blambangan saka wong-wong Bali. Danupaya bakal direwangi lan dikanthi karo tumenggung Wiraguna. Bregadane uga wis dicawisake ana sak cedhak Mediun. Jane Danupaya wis duwe firasat ora becik, nanging arep bangga kaya ngapa Danupaya ora bakal bisa selak ing pesthi.
Isuk-isuk Wiroguna wis ngampiri ana omahe lan banjur bebarengan mangkat sak wise pamit karo batihe. Danupaya lan Wiroguna kang ditutake para prejurit kang ora luwih saka wong limalas tumuju Balambangan liwat Mediun.
TTTTTTTTTTTTT
Swandari kang ditundhung saka kraton banjur bali ana omahe neng Kerta lan merga wis diputusake menawa dheweke ditrimakake lurah prejurit aran Sunggono, Swandari ora bisa selak. Ya mung atine isih ngucap sukur dene kang dipilih dadi bojone kuwi Sunggono, wong kang wis dingerteni wiwit cilik lan ya sok nulungi Swandari sak suwene iki menawa ana bot repote pakaryan utawa malah sok ngorbanake awake kanggo nylametake Swandari. Kabeh kuwi uga merga ana campur tangane Sripada lan Pangeran Purbaya kang rumangsa kudu tanggung jawab marang uripe Swandari sak bacute sak wise Kanjeng Ratu Retno Dumilah lan Kanjeng Ratu Retno Wulan seda.
Sembego dhewe seneng entuk mantu Sunggono kang uga tau dadi andahane dadi wis apal karo lageyan lan watak wantune. Sak wise dhaup, Swandari lan Sunggono manggon sak wetan Kerta. Kahanane pancen wis ora rame kaya mbiyen nalika isih dadi kuthagara, mboka jane pembangunan Kraton Plered durung rampung, nanging kerameyane wis pindah sak ploke pembangunan Plered diwiwiti. Swandari nyawang njaba kaya nalika mbiyen Kanjeng Sinuwun isih sugeng. Saiki kahanane wis malih, kaya awake uga wis malih. Mbiyen rambute isih ireng njanges nalika asring diarasi dening kanjeng sinuwun, saiki wis wiwit ana semburat putih ana ing sak perangan sirahe. Sunggono ming wani nyawang saka mburi, ora wani ndhemok, mboka Swandari wis dadi bojone. Mboka kawit mbiyen Sunggono wis tresna marang Swandari sak engga rila dai wong kang diukum, dadi wong guwangan, kanggo nutupi ajining dhirine Swandari.
Kanggone Sunggono entuk triman wanita ayu kaya Swandari babar blas ora tau kepikir ana pikirane apameneh ana ngimpine. Kaya wong ketiban ndaru, amarga mbiyen ming bisa nyawang ora bisa nyandhing. Saiki bisa nyawang, bisa nyandhing nanging ora wani ndemok. Swandari kang ngerti yen bojone nyawang ana mburine banjur ngudha rasa “ Kae delengen bledhug sing nggulung katerak angin, sajake ketigane bakal dhawa. Apa rasamu kakang, nalika kowe mlayokake jaran lan ngarahake watangmu ana dhadhane mungsuh? Apa rasane nyeseg amarga bledhug sing ditimbulake saka playune jaran?” pitakonane Swandari mbukak omongan. “Rasane ora bisa diomongake. Ya ming bisa dirasakake.” Kandhane Sunggono karo ngadheg melu nyawang bledhug kang kegawa angin bareng gegodhongan, umure kang wis seketan tahun ora ngendhokake awake kang isih gagah kaya nalika Swandari sepisanan ketemu. Swandari ngerti yen Sunggono ora bakal wani ndhemok yen ora di dhisiki. Sunggono kuwi priya kang ngerti ngajeni drajating wanita, mboka Sunggono kuwi wong sudra ngulandara. Beda karo Kanjeng Sunan kang ngegul-gulake olehe dadi priyayi ananging ora ngerti carane ngregani katresnan jati.
Swandari nyelehake sirahe ana dhadhane Sunggono. “ Ndari, aku ngerti menawa aku ora pantes sisihan karo kowe, dene kowe mbiyen sengkeran dalem. Ananging dosa rasane yen aku ora mblakakake rasaku marang kowe dene aku saiki wis dadi sigaraning nyawaku. Adoh sak durunge kowe disengker karo Kanjeng Sinuwun, aku wis tresna marang kowe. Nalika aku ngerti kowe tresna karo denmas Wirata, jane atiku ajur, Ndari. Nanging aku uga nglenggana yen aku dudu sapa-sapa. Aku ming wong desa. Bisa dadi lurah prejurit wae aku wis sukur karo kang gawe urip.” Kandhane marang Swandari. Swandari mesem “Aku wis ngerti kakang. Aku mbiyen uga seneng yen weruh kowe adu watang. Jantungku melu playon lan lambeku ngucap donga supaya kowe ora tiba. Nanging aku ora ngerti yen kuwi uga bisa sinebut tresna lha wong aku isih cah cilik nalika semana. Aku lagi ngerti piye rasane tresna nalika aku kudu pisah karo denmas Wirata, rasane lara banget. Ming aja mbok kira atiku ora lara nalika ngerti yen kowe diukum pepe lan dipecuti, atiku ajur kakang. Bar kuwi aku janji marang awakku menawa aku ketemu kowe, apa wae sing mbok jaluk, kakang, aku rila menehake ora mung bandha donya ananging uga nyawaku kakang.”kandhane Swandari karo nylempitaki drijine ana dhadhane Sunggono kang ana tilas tatu pecut kang kanyata ora bisa ilang. “Ora Ndari. Aja omong kaya ngono. Aku nresnani kowe supaya kowe tetep urip.Supaya kowe bisa weruh apa wae sing pengin mbok weruhi, supaya kowe bisa ngrasakake apa wae sing pengin mbok rasakake, utamane supaya kowe seneng lan bagya Ndari. Wiwit cilik direwangi ngabdi mbasan tuwa diguwang kaya barang tanpa aji. Aku ora kepengin kowe ngalami iku kabeh yen kuwi rega sing kudu dibayar sesandhingan karo kowe, cah ayu.”kandhane Sunggono. Luhe tumetes saka mripat kang meh ora tau netesake luh mbok sewu gegaman ngrocok awake. Nanging weruh wong sing ditresnani susah kanggone Sunggono kuwi luwih lara tinimbang dikrocok gegaman.
Swandari mesem. Luhe bojone dilapi lan pipine diaras alus. “Tresnamu karo aku ora bisa ilang ta, kakang. Nemplek ana saperangan awakmu.”kandhane Swandari karo bali ngelus tilas tatune Sunggono. “Ora ana wong lanang kang nemplekake tresnane marang wanita kaya kowe, kakang. Dadi ora usah medhar rasamu nganggo omongan, merga rasamu luwih jero tinimbang ukara kang bisa mbok omongake. Lakonana wae kaya wong kang lagi watangan, ora bisa dicritakake ananging dirasakake.” Kandhane Swandari kang banjur ngrangkul sing lanang kenceng.
TTTTTTTTTTTTT
Isuk umun-umun, Sunggono wis katon seger bar adus kramas. Awake kang gedhe, dhuwur lan sekel, ngatonake menawa dheweke prejurit kang rosa. Sunggono wiwit nimba banyu kanggo ngiseni jedhing merga mau wis dienteke kanggo adus, mbok-mboka mengko Swandari kang isih turu nglempus tangi kepingin adus uga. Rampung ngiseni jedhing srengengene wis wiwit nyremomong neng sisih wetan. Dasare sregep Sunggono njikuk sapu lan wiwit nyaponi latar mburi omah nalika ana sing thothok lawang ngarepan. “Kulanuwun…”keprungu ana wong lanang uluk salam. Sunggono banjur klamben lan age-age metu mengarep. Lawang di bukak, ana nom-noman bagus neng ngarep lawang. “Kulanuwun ki sanak….menapa kula saged pinanggih kaliyan bibi Sunggono ?” pitakone nom-noman kuwi alus. Sunggono durung tau weruh rupane pangeran Alit merga arang-arang ketok ana kraton, dasare Kanjeng Sunan ora seneng karo pangeran Alit, sak engga sowan apa-ora, dianggep ora penting. Sunggono kaget lan uga rada iwuh merga Swandari saiki disebut nganggo jenenge. Kudune pancen kaya ngono manut subasitane wong akeh. Ning dasar manten anyar, dadi Sunggono isih krasa iwuh piye. “Oooh, wonten. Mangga nakmas pinarak.” kandhane karo Pangeran Alit. Pangeran Alit dhewe pasuryane kang putih malih dadi abang merga uga rikuh dene teka isuk-isuk nganggu wong kang entas dadi manten. “Nuwun sewu menika. Kula temtu ndamel repot njih?”pitakone pangeran Alit “Ah mboten kok nakmas.” wangsulane Sunggono karo manggakake tamune lenggah. Sunggono nggugah Swandari. Swandari manthuk banjur tumuju jedhing kanggo reresik awak dhisik.
Sunggono banjur nemoni tamune karo nunggu Swandari anggone adus lan dandan. “Nuwun sewu, penjenengan menika paman Sunggono njih?” pitakone Pangeran Alit. “Inggih, nakmas. Lha penjenengan sinten?” Sunggono genti takon “Kula Alit, putra angkatipun tumenggung Danupaya.” wangsulane lirih. “Aduh…nyuwun sagunging pangapunten lho, gusti. Kula mboten mangertos menawi menika penjenengan.” kandhane Sunggono ora kepenak merga kang rawuh putrane Kanjeng sinuwun Hanyakrakusuma. “Paman sampun ngowah-owahi adat. Mboten sisah kados wonten kedhaton, wong kula asring dolan mriki. Kula ugi ageng wonten njawi kedhaton.” kandhane nyenengake.
Ora let suwe Swandari metu “Nakmas, menapa sampun ndangu angenipun nengga? Nyuwun ngapunten menika radi karipan.” Swandari mbagekake tamune. “ Kula ingkang nyuwun ngapunten enjing-enjing sampun dumugi mriki. Dados murukaken bibi mboten saged sare sekeca.” wangsulane Pangeran Alit. Sakwise padha meneng sedhela Pangeran Alit banjur omong alon “Bibi, ingkang sepindah kula ndherek bingah dene bibi sak menika sampun krama. Nuwun sewu kala bibi ijab, kula mboten saged dumugi mriki awit kula mireng kabaripun sampun radi telat. Nanging menika mboten ngirangi raos sukur kula dene sak menika bibi sampun mboten piyambakan. Wonten paman Sunggono ingkang dados kanca ngantos ing samangke. Lan menika kangge ndherek mangayubagya wonten bebingah sekedhik. Sampun pun etang reginipun, menika namung tandha tresna, bibi.” kandhane Pangeran Alit karo nyelehake kothak kang ukurane rada gedhe. Sajake isine mas-masan. Swandari iwuh sak jane ora kepengin nampa nanging Pangeran Alit meksa. Pungkasane Swandari nampa.
Pangeran Alit banjur mendhel sak untara “Bibi, menapa leres menawi bibi pun tundhung kaliyan kangmas Amangkurat?” Pangeran Alit takon. Swandari bingung anggone arep wangsulan. “Nakmas, bab mekaten menika sampun biyasa wonten kedhaton. Nakmas mboten perlu menggalih. Raka dalem menika rak kados keng Rama. Galak, keras, nanging menika sanes bab ingkang kedah dados perkawis.”Swandari mangsuli kanthi ngati-ati supaya ora mbrongot atine bocah enom kang lagi adreng ing babagan golek pengaruh. Swandari wis dadi prejurit kenya kang pengalaman, dadi menawa ketemu nom-noman kang gregete kanggo ngatonake keprigelane metu. Swandari banjur ngendhakake. “Ananging tumindak kados ngaten kedahipun rak mboten pantes ta bibi? Menapa malih ngantos mbibaraken bregada prejurit Kenya?” Pangeran Alit tetep kepengin nuduhake menawa bisa melu urun rembug bab perkarane Swandari. Swandari mesem “Ndilalahipun kula ugi sampun sepuh ta, nakmas. Kula kepingin ngraosaken gesang tentrem. Mbok menawi keng raka ugi menggalih mekaten. Dados bregada Kenya pun bibaraken. Mbok menawi keng raka gadhah penggalihan sanes, badhe ngrembakaken bregada sanesipun. Kula lan kakang Sunggono menika rak namung kawula, dados njih namung manut, nakmas.” kandhane Swandari. Pangeran Alit rada gela karo wangsulane Swandari. Karepe Swandari bisa kabujuk supaya prajurit Kenyane bisa nyokong kekuwatane kanggo ngraman kangmase.
Swandari bisa maca apa kang dadi karepe Pangeran Alit, nanging Swandari kang kulina diwulang njoget karo Nyai Badringah pikirane ening sak engga bisa ngendhaleni kanepsone. Kuwi mung bisa dilakoni menawa wong wis bisa sewiji. Swandari uga bisa mikir dhawa mengkone. Saiki bregada Kenya diundurake kanthi cara kang becik, ora merga nglakoni bab kang kleru lan ora merga ngraman.
Ngalor ngidul anggone padha crita, nganti meh dzuhur Pangeran Alit olehe jagongan. Pangeran Alit banjur pamit. Ana rasa sumelang neng atine Swandari, semlempit ana telenging nala. Swandari kaya maca menawa bocah iki nasibe ora adoh saka ibune. Swandari banjur ngrangkul Pangeran Alit kadya anakke dhewe banjur weling “ Menawi wonten sadengah tiyang ingkang ngejak ngraman, sampun kersa njih, nakmas. Amargi ngraman menika ngrisak tatananing negari. Ngraman menika ugi nimbulaken kasangsaranipun kawula. Sampun kersanipun Kanjeng Sunan badhe tumindak kados menapa, mangke kersanipun nampi sapu dendaning Pengeran Agung. Penjenengan ingkang kathah ndedonga. Kula lan kakang Sunggono sak menika sampun kadya macan ompong dados mboten saged mbiyantu menapa-menapa.” kandhane Swandari. Pangeran Alit manthuk banjur pamit kondur.
Swandari nyawang tindake Pangeran Alit kanthi rasa kang abot. Sunggono banjur ngrangkul pundhake Swandari karo takon “Kenapa sliramu ora omong isine atimu sing sak tenane?” pitakonane Sunggono. “Kakang, awake dhewe ki wis tuwa. Wis ora wancine golek panggung utawa perkara dadakan men bisa kawentar. Pangeran Alit kuwi isih enom, isih kebak pengarep-arep lan pengen nuduhake kabisane. Nanging yen sing dimungsuh wong sing kuwasa kuwi golek mati jenenge. Akeh ta nom-noman sing senengane sok kendhel, pethenthengan ana dalan banjur nyemoni uwong, golek dadakan mengko yen dicidhuk sing kawogan mewek. Lha ana kono wajibe wong tuwa ngandhani piye kudune nggunakake gregete mau kanggo bab-bab kang pener. Dadi prejurit Kenya kuwi ora ming kudu bisa gelut ananging kudu bisa uga ngendhakake bocah-bocah enom kang gemreget.” wangsulane Swandari. Sunggono manthuk “Dadi apa ya awake dhewe kudu merem weruh kahanan?” Sunggono bali takon “Ora merem, kakang ananging carane sing kudu digoleki sak engga ora buthek banyune nanging kena iwake. Ya aku ming isa ndhedonga, moga Pangeran Alit bisa ketemu pawongan kang wegig, lantip nanging uga wicaksana.” kandhane Swandari. “Banjur menawa Kanjeng Sunan mbacutake tumindak kang nyimpang saka bebener, apa ya prejurit Kenya ya mung arep nonton wae?” pitakone Sunggono. Swandari mesem. Perang ana Batavia wis ngajari Swandari bisa nimbang luwih jero apa sing kudu dilakoni. “Kanggoku sing penting para kawula isih bisa mangan, nyandhang lan duwe papan kanggo nyelehake awak. Ora ana kraman lan negarane tentrem. Prajurit Kenya saiki malah bisa luwar saka kuwajiban mbelani pawongan kang mbok anggep nyimpang saka bebener. Nanging prejurit Kenya uga dudu wahana kanggo ngraman kakang. Bab saiki Kanjeng Sunan arep tumindak sing aneh-aneh, mengko rak ya entuk sapu dendhane Pangeran. Ananging yen bebener kuwi dadi pawadhan kanggo ngraman, kuwi uga kleru merga sing dimungsuh wong kang sanyatane sah dadi panguwasa. Wong kang pancen pinilih lenggah ana dhampar keprabon, ngraman marang panguwasa sing sah ditetepake paugeran, apa wae pawadhane tetep kleru. Yen pancen arep ndandani aja liwat Kanjeng Sunan kang wis kleru anggone mulang wiwit cilik, ananging wulangen bocah-bocah cilikmu kuwi kanthi wulangan sing bener lan pener. Gulangen ngelmu kabudayan, supaya bocah-bocah kuwi mau ngerti piye ngecake alam pikire wong Jawa lan piye anggone tetep nglestarekake wulangane para sepuh ngliwati jaman. Yen kuwi kasil, ora bakal nemu panguwasa kang kaya saiki nglirwake bebener, nyingkur bab sing becik. Merga kanthi kabudayan, menungsa dadi luwih wicaksana.”kandhane Swandari. Sunggono ana batin ngalem sisihane. Dheweke banjur ngerti keneng apa priyayi-priyayi kae padha ngayunake tresnane marang Swandari.
Sunggono uga nyengkuyung dene Swandari ora gelem cawe-cawe bab rebut panguwasa antarane Pangeran Alit lan Kanjeng Sunan. Swandari wis rumangsa cukup ngandhani lan ngelikake supaya Pangeran Alit ora kepilut marang pawongan kang njanjeni kuwasa. Penemune Swandari bab wong kang njanjeni kuwasa kuwi amarga duwe pengarep-arep kang disingidake ana pambujuke kuwi. Pawongan sing kaya ngono ora tau mikir tembe mburine, ya nek sing direbut kuwasane ki luwih ringkih nek jebul luwih kuwat tundhone sing dadi korban ya sing bisa dibujuki kuwi mau. Semono uga Pangeran Alit kang isih enom lan durung pengalaman ing bab kaya ngene. Swandari wis ngadhepi kraman nganti ping telu. Nalika jamane Pangeran Puger, Pangeran Jayaraga lan Pangeran Harya Manggala utawa swargi Sultan Agung Hanyakrakusuma. Sing loro ora kasil merga kurang petungan lan pancen ora cukup duwe kekuwatan kanggo ngrebut kalenggahan. Beda karo Kanjeng sinuwun swargi. Sak liyane disengkuyung para pinisepuh lan para kawula, anggone nyepakake lan mulusake dalan ngrebut kalenggahan wis dipetungake wiwit Kanjeng sinuwun swargi isih cilik. Anggone gelem ngesuhi para kawula lan gelem ajur-ajer ana palagan kuwi cara paling gampang kanggo bisa narik para kawula kang gelem nyengkuyung.
Pangeran Alit duwe takdir sing bedha. Wiwit lair wis ora ketunggon biyunge. Uripe entek kanggo sinau agama lan ngelmu liyane, ananging ora tau ajur ajer bareng para kawula sak engga, pangeran Alit mboka priyayine wegig, lantip nanging ora kagungan sesambungan kang rapet karo para kawula sakliyane kang ana sak kupenge. Dadi menawa arep ngrebut kalenggahan dalem, dalane mesthi rumpil lan ora mulus. Swandari lan para prejurit Kenyane wis ngetung kanthi memet bab kuwi. Sak engga nalika pangeran Alit nyuwun pangestu lan penyengkuyung saka Swandari kanthi api-api nyumbang. Swandari kepeksa ora bisa mbiyantu. Kang isa dilakoni Swandari ming ngelingake lan ngelikake supaya aja jangkah ana dalan kang kleru. Swandari isih duwe pengarep-arep yen Pangeran Alit kang lantip lan wicaksana mesthi bakal ndhahar ature, apameneh Swandari wis kaanggep kaya biyunge dhewe.
Swandari emoh keseret ana ing puseran kuwasa kang ora ana enteke kaya adipati Gendhing lan Panjer sing ora wurunga kudu mbayar larang nganggo nyawane. Swandari ora bakal ngorbanake bregada prejurit Kenyane kanggo perang kang ora bisa dimenangake. Swandari saiki wis duwe cara dhewe kanggo menangake perange karo Kanjeng Sunan kanthi tetep nguripake prejurit Kenya ana atine bocah-bocah kang dadi siswane. Nganggo pawiyatan kabudayan kang bisa nanggulangi kabeh panemu kang tekane saka manca nanging ora bisa ditrepake utawa ditepakake ana tanah Jawa. Swandari kepengin mbuktekake menawa wanita kuwi sakaning negara dudu barang kang endah kang didelikake ana pojok ngomah.
TTTTTTTTTTTTT
Kabar menawa Tumenggung Wiraguna lan Tumenggung Danupaya tiwas ana alas sak cedhak Mediun wis ubur dicritakake sapa wae. Pawartane isih durung cetha ananging kabar kang santer keprungu Tumenggung Wiraguna lan Tumenggung Danupaya pancen sengaja dilebokake wuwu karo Kanjeng Sunan lan kekarone dipateni merga dhawuhe Kanjeng Sunan.
Swandari uga wis krungu bab kuwi saka uburing pasar, Swandari banjur nyebar telik sandhi paya para prejurit Kenyane sing isih ngayahi pakaryane kanthi sesidheman. Kang dijaga dudu kanjeng Sunan meneh nanging tegaking kraton Mataram. Saka sumber pawarta kang bisa dipercaya Swandari ngerti yen Tumenggung Danupaya lan Wiraguna pancen dipateni dening Kanjeng Sunan marga kedadeyan sing wis kepungkur. Ananging Swandari uga ngerti yen tiwase para tumenggung kuwi bakal marai bupati-bupati nayaka mesthi ora jenjem pikire lan wiwit golek cara ngraman. Apa meneh Kanjeng Sunan kerep tindhak medhal saka kedhaton kanggo mriksa pembangunane sak indhenging Kraton Plered utawa kuwi mung kanggo pawadhan golek selir anyar kaya biyasane.
Swandari jane nyumelangake Pangeran Alit kang cilik atine lan gampang kepilut, amarga saking aluse bebudhene lan ora tegelan, sak enggo menawa ana kang bisa mbujuki mesthi wae bakal katut. Apa kang disumelangake Swandari dadi kasunyatan. Tumenggung Pasingsingan lan Agrayuda marak sowan pangeran Alit lan nyritakake kabeh tumindake rakane Pangeran Alit kang saya kejem. Pangeran Alit kang isih ngampet rasa sungkawane awit tiwase Tumenggung Danupaya banjur sarujuk ngono wae tanpa dipikir dhawa. Apameneh Pasingsingan njanjekake yen separo kedhaton wis mesthi nyokong Pangeran Alit. Para ulama uga kabeh nyengkuyung Pangeran Alit kang pancen apik atine kuwi.
Welinge Swandari ming kaya kegawa angin. Emane rancangane Pasingsingan konangan dening salah sijining pangeran sepuh kang banget nresnani Kanjeng Sunan, sak enggo rancangan iku diwedharake lan dilapurake Kanjeng Sunan. Pasingsingan lan Agrayuda banjur dikethok gulune.
Ana pasamuwan agung, pangeran Alit kang biyasane ora tau ditimbali banjur ditimbali. Ananging nalika Pangeran Alit nyungkemi sampeyane keng Rakane, Kanjeng Sunan narik sampeyane lan emoh disembah dening adhine kang dianggep mbangkang lan wani karo sedulur tuwa. Pangeran Alit mesthi wae selak, Kanjeng Sunan saya duka sirahe pesingsingan lan Agrayuda diuncalake sak ngarepe Pangeran Alit kang banjur pucet sak nalika. Kanjeng Sunan banjur ngendhika “Kuwi tamatna raine wong kang arep ndadhekake ratu. Yen kowe nyoba ngraman nasibmu bakal padha karo wong loro kuwi.” Pangeran Alit ndhingkluk. Kanthi ati kang sengkel Pangeran Alit banjur nyembah lan nyuwun ngapura marang Kanjeng Sunan. Kanjeng Sunan kang maune nesu lan muring banget banjur rada lerem penggalihe. “Yah, tak apura, ngelingi putrane kanjeng rama ming aku karo kowe. Nanging aku njaluk tandha setyamu. Yen pancen kowe getun tenan lan tresna tenan marang aku kadangmu. Pasrahna wong-wongmu sing arep ngraman lumawan aku.” ngendhikane Kanjeng Sunan. Pangeran alit banjur nyembah lan matur sendhika.
Pangeran Alit ora mandheg anggone muwun merga atine ora mentala. Menawa masrahake kabeh pendhereke wis mesthi nasibe bakal padha karo Pesingsingan lan Agrayuda. Nalika tekan ana daleme, kabeh wong kang nyengkuyung uga padha muwun nalika krungu apa sing dingendhikake Pangeran Alit. Merga tetep ora mentala weruh kahanan sing kaya ngono sidane Pangeran Alit banjur nguwatake tekade ngraman keng rakane. Ananging nalika Pangeran Alit ngluruk kraton, mung kari nem lurahe sing paling setya kang ndherekake Pangeran Alit ngraman. Demang Melaya nyoba ngerih-rih Pangeran Alit supaya ngendhaleni kanepsone lang murungake niyate ngraman. Ananging merga wis ora duwe pengarep-arep, Pangeran Alit tetep adreng ngluruk keng raka. Demang Melaya disudhuk nganggo keris Setan Kober nganti tiwas. Andahane Demang Melaya ora trima banjur genti ngrocok Pangeran Alit sak andahane. Pangeran Alit uga banjur tiwas kesuduk kerise dhewe.
Layone Pangeran Alit banjur digotong ana Sitihinggil Kraton. Kanggo nuduhake rasa sungkawane Kanjeng Sunan banjur natoni badhane dhewe nganggo kerise, lan nyalahake para ulama lan pinisepuh kang nyengkuyung Pangeran Alit. Bar kuwi Mataram sasat udhan getih. Matumpa-tumpa coban kang kudhu diadhepi. Segarayasa kang dadi lambang kekuwataning armada segarane Sultan Agung ming dadi crita kang nrenyuhake. Swandari wis rumangsa tuwa kanggo bisa cawe-cawe bab tataning praja, nanging atine nangis nalika ngerti maewu-ewu uwong dijagal ana ing pinggiring Segarayasa sak engga banyune malih dadi telaga getih.
Swandari nangis nggetuni anggone ora bisa nulungi Pangeran Alit, kuwi ateges dheweke ora bisa njaga amanahe Kanjeng Ratu Retno Wulan, nanging kuwating lan manise kuwasa kang ora bisa ditolak dening Pangeran Alit marai Kanjeng Pangeran kang isih mudha kuwi keblinger, lali marang kawaspadan sak enggo nyemplung ana wuwu kang dipasang dhewe. Swandari lan prejurit Kenyane banjur mundhur saka donyane para panguwasa amarga rebut kuwasa kang ora ana enteke, ora bakal ngasilake apa-apa.
Swandari uga ming bisa gedheg-gedheg nalika Mataram kang maune Agung dadi cecamahane wong akeh, dudu merga wulangane sing kleru ananging merga cak-cakane sing ora pas lan ora ganep. Kaya wong njoget kang ora nganggo wirama lan wirasa. Bisa wae wiragane becik nanging menawa ora nganggo wirama lan wirasa mesthi wae bakal ampang lan sepa. Mataram kang Agung ora nganti telung generasi wis kukut, ora ana kang bisa dialap maneh kejaba tinggalan-tinggalane kang ora bisa ilang kerana wektu. Maneka werna kraman saka maneka wewengkon sasat ngentekake apa kang wis dibangun kanthi ngrekasa. Saka Trunajaya, Untung Surapati lan rebut dampar ing antarane putra dalem dhewe wis marai Mataram kelangan kekuawatane, apa meneh sak ploke wanita disingidake lan ora diparengake kiprah bareng karo para priya. Kamangka wanita kuwi dadi salah sijining saka guru kang uga melu nyengkuyung tegaking kekuwatan Mataram.
Swandari milih ngadoh saka ribeting rebut paguwasa. Swandari milih urip tentrem ana ngomahe kanthi ngopeni kabeh bandha kang ora wujud mas picis rajabrana, ananging wujud kabudayan. Kabudayan kang agung kang bisa ditinggalake marang anak putune mbesuk. Tunjungbiru anakke wedhok kang ora ngerti sapa sudarmane sing sak tenane malah bakal bisa slamet ngliwati jaman kanthi nggawa oleh-oleh kang diwulangake dening ibune, menawa dadi wanita Jawa kuwi kudu wani dadi prejurit Kenya ora mung ana peperangan kang tenanan ana palagan. Ananging peperangan kang arupa perang kabudayan, sak engga wong Jawa tetep ora kelangan Jawane ngadhepi jaman. Nalika Swandari ngadhepi Walanda kang diperangi ming uwonge, ananging akeh para wegig kang lali menawa kang paling ngrusak kuwi dudu wong-wongane nanging alam pikire kang ora trep karo kahanane jagad gedhe kang diambah, sak engga kabeh dadi pincang. Ananging Tunjung biru bakal ngadhepi bab kang luwih angel yaiku tetep percaya menawa apa kang ditinggalake para sepuh awujud kabudayan Jawa kuwi ya wis sing paling trep kanggo wong Jawa. Owah-owahan mesthi ana ananging ora kena njebol oyot kang wis ditandur para winasis lan leluhure wong Jawa.
Sewiji, greget, sengguh, ora mingkuh kuwi pawitan kanggo bisa tetep njaga lan nglestarakake apa kang nate karipta dening para sepuh. Ajining diri kang diwulangake Kanjeng Sultan Agung dumunung ana ukara sengguh. Wani ngiwakake kasenenangane dhewe lan luwih milih ngleksanani kuwajiban apa wae bebana kang kudu dibayar diwulangake karo Kanjeng Ratu Retna Dumilah awujud ukara ora mingkuh. Ngener apa sing bener lan ora keguh dening pepinginan kang aeng-aeng diwulangake Nyai Badringah awujud ukara sewiji, lan nglakoni apa wae kang dadi kuwajibane kanthi ikhlas lan seneng awujud greget kang diwulangake Sunggono bisa kanggo sangu ngadhepi jaman kang owah gingsir.
Kanjeng Sunan Amangkurat conto sing paling gamblang kanggone wong Jawa sing kepengin ngerti bab-bab anyar lan aneh. Ming emane Kanjeng Sunan banjur nglirwake Jawane merga kedereng perangan-perangan anyar kang durung dingerteni apa bisa trep ana bangsane dhewe apa malah dadi dalan ilange kabudayan kang sejati. Wanita kang ana kabudayan Jawa asli dijunjung lan diagungake, ana kabudayan kang liyane durung mesthi trep lan padha cak-cakane semono uga sewalike. Walanda kanthi pamblithuke nyoba ngendih kekuwataning para wanita Jawa ana suwaliking tata krama lan alusing tindak tandhuk. Bab kuwi disengkuyung dening Kanjeng Sunan Amangkurat, amarga kedereng anggone pengin nguwasani wanita tanpa dipancahi, kuwi kabukti ana tumindake Kanjeng Sunan kang seneng ngampil garwa selir kang puluhan cacahe. Menawa ora dikersakake meneh bisa diterimakake marang liyan utawa dibuwang. Kamangka nalika jaman Sultan Agung swargi, wanita duwe kalenggahan kang luwih becik lan diajeni.
Nanging owah gisiring jaman ora bisa ditangisi lan digetuni, mung bisa digoleke cara kanggo tetep nguripake gregeting para senapati wanita Mataram. Swandari sak kancane prejurit Kenya banjur nyoba gawe pawiyatan adedasar kabudayan. Siswane akeh utamane wong saka desa-desa sak cedhake Kerta. Kabeh diwulang njoged, nembang, maca lan nulis. Kuwi carane Swandari perang lumawan kabeh pengaruhe Walanda, nganggo pawiyatan kabudayan.
BAB IX : BEDHAYA BEDAH MEDIUN
Swandari kang katrimakake dadi bojone Lurah Sunggono ora nglokro amarga wis dilereni anggone dadi prejurit Kenya. Walanda kang kasil mbujuki Kanjeng Sunan Amangkurat I uga nggawe angger-angger supaya para wanita wiwit ditata lan ora kena cawe-cawe bab pangrehing praja, ora kena gladhen keprejuritan amarga mengko mundhak wani karo guru laki lan yen perlu wanita ora kena bisa maca utawa nulis mligine wanita desa amarga gaweyane mung kudu ana sawah. Wanita kang maune ngisi ing barisane prejurit lan ngramekake palagan wis ora tau keprungu meneh nganti tekan jamane Mangkunegara I lan Hamengkubowono I. Ananging bali disingidake sak bar jamane Nyi Ageng Serang merga Walanda terus ngrasuki pikirane wong Jawa nganggo alam pikire wong-wong Eropa kang kulina nyigidake wanita ana pojok-pojok peteng omahe.
Semono uga wong Jawa kang wis kepangan tradisi kang sak jane asing. Wanita mung dadi barang kang dipuja lan didandani kanthi mas picis rajabrana ananging disingidake ana panggonan kang paling peteng ana omah-omah priyayi utawa omah-omah desa. Ananging Swandari meneng-meneng ora nuruti kabeh angger-angger kang katetepake, conto lantipe wanita-wanita Jawa kang ora mung pasrah ing takdir lan nasib. Swandari tetep ngajari bocah-bocah desa kuwi maca lan nulis kanthi pawadhan nguri-uri kabudayan liwat tembang lan joged. Nyai Sunggono ngono saiki katelahe, banjur ngripta Bedhaya Bedah Madiun kang nyeritakake peranging Mataram lumawan Mediun. Kang nyeritakake kepiye prawirane wanita bela negara kang diwakili paraga Kanjeng Ratu Dumilah sawijing senapati wanita kang panggah pasrah karo priya kang ora bisa nelukake Kanjeng Ratu. Ana anggitan tembang kang nuwuhake rasa wani ana dirining wanita, ana uga ragam kang nuduhake peperangan kang dirakit kanthi jangkah-jangkah kang nggambarake perange wanita andhobrak kuwasane kaum priya supaya bisa urip sesandhingan kanthi derajat lan kepinteran sing padha.
Bedhaya kuwi uga karipta kanggo nyamunake carane Nyai Sunggono nggladhi bocah-bocah wadon kuwi ngelmune para senapati wanodya ing Mataram. Sak engga wanita utawa Kenyane Mataram tetep urip ana jiwane bocah-bocah kuwi. Wanita kang wani hanata dudu mung ditata. Wanita kang bisa ngugemi alusing budhi, luwesing tumindak ananging uga kerasing ngudhi budhi lan ngukuhi bebener. Makna kang sinerat ana joged Mataram kanggone para putri awatak satriya kang wani bela pati angrungkepi lemah wutah getihe.
Mataram kena wae musna dipangan jaman, ananging tinggalane ora bisa musna awujud alam pikiring wong Jawa, kabudayane lan kapercayane. Apa kang tau diwulangake Kanjeng Ratu Retna Dumilah bakal tetep urip ana pikiran lan gregeting bocah-bocah wadon kang lair ana jaman samangko yen kabudayan arupa bedhaya iki tetep dilestarekake.
DAFTAR ISI
SINOPSIS
Rebut kuwasa ana tanah Jawa kuwi pancen bab sing lumrah. Owah gingsiring jaman mesthi bebarengan karo owah-owahane paugeran lan tataning praja saben negara klebu Mataram. Swandari bocah ndesa pesisir kang dingengerake ana kraton kanggo ngabdi dadi salah sijining prejurit Kenya kang dipandhegani dening Kanjeng Ratu Retna Dumilah, kudu ngalami maneka werna kahanan kang nyurung bocah kuwi dadi prejurit kang prigel lan mumpuni. Kasetyane marang Ratu gustine kudu dibuktekake kanthi tohing nyawa. Labuh labete marang negarane lumawan wong-wong manca marai Swandari dadi wanita kang lantip lan wicaksana ngadepi kahanan. Ananging owah gisiring jaman banjur wiwit nyigidake lan saya mojokake kahanane para wanita kang dianggep kasar menawa dadi prejurit Kenya. Kamangka Mataram kuwi panggone para senapati wanita. Swandari sak kancane nyoba mbuktekake menawa wanita kuwi ora bisa dicencang pikiran lan kabisane. Ora bisa uga diilangake kamardikane kanggo bisa mbelani negarane. Bab kuwi mesthi wae marai gigrig bangsa Walanda apa meneh nalika weruh kiprahe para wanita kuwi ana perang Batavia.
Walanda kanthi pambujuk lan pamilute marang panguwasa Jawa terus nyoba ngendih kekuwataning para wanita Jawa supaya ora kiprah ana tataning praja. Swandari nyoba bangga lan merangi kabeh kupiyane landa nganggo kabudayan agung tinggalane para sepuh, sak engga greget para senapati wanita tetep urip lan ngrembaka ana sanubari saben wanita Jawa.
PRAJURIT KENYA
[1] Raden mas Jatmiko, asma alitipun Sultan Agung Hanyakrakusuma. Wonten novel punika silsilah ingkang pun angge silsilah saking babad Nitik. Dene Raden mas Jatmiko utawi raden mas Rangsang sanes putra saking Panembahan Hanyakrawati utawi mas Jolang, nanging putra Panembahan Senapati kaliyan Kanjeng Ratu Retna Dumilah lan samangke pun pupu dados putranipun Panembahan Hanyakrawati amargi mboten peputra.
[2] Pragola (adipati Pati) menika rayinipun utawi kadangipun Kanjeng ratu Mas lan kepernah Pamanipun Mas Jolang.
[3] Sanes nama Negari, ananging sebatan kangge tiyang-tiyang kulit pethak ingkang dumugi saking Eropa, mboten ngemungaken warga Negara landi (Nederland).
[4] Srati: tukang ngupakara Gajah.
[5] Sendang selirang wonten sak lebeting kompleks makam Kotagedhe, sendang menika wonten kalih ingkang kagem putri ing sak kidul makam Kotagedhe lan toyanipun saking sumber utawi belik sak ngandhap ringin ingkang dumunung sak ngajeng gapura utawi pintu masuk makam. Sendang Kakung sumberipun saking sak ngandhap makam Kotagedhe lan naming kapisahaken tembok. Pangenanipun wonten sak ler sendang Putri.
[6] Wana ing Ngawi Jawa Timur ingkang kawentar angker lan gawat keliwat-liwat
[7] Schoutenia ovate Korth. Menika sak wijining jenis kajeng ingkang wulet lan alus seratipun, umumipun pun damel landeyan tumbak utawi watang lan kapitados dados tulaking sima.
[8] Amben, tali wontening padaran turangga, apus buntut, gulu, tali pranti abah-abah turangga.
[9] Batik ingkang pun kembangaken saking Patola, Gujarat India.
[10] Ragaming gerak nalika beksa
[11] Ragaming gerak lampah kados suku ngengingi mawa, sak engga napak nanging lajeng pun angkat.
[12] GBPH. Suryobrongto lan KPH. Brontodiningrat, Pendidikan lahir batin terkandung dalam tari klasik gaya Yogyakarta, bahan ceramah UCLA tahun 1979.
[13] Putra nomer kalih Panembahan Senapati kaliyan Nyai Adisara, ananging nalika putra pembajengipun Panembahan Senapati kang asma Raden Rangga Samudra seda, Pangeran Puger inggih Raden mas Kentol Kejuron dados putra mbajeng.
[14] Miturut wawancara kaliyan empuning tari klasik gaya Yogyakarta Ibu Siti Sutiyah, Ssn, mula bukaning gagasan nyipta bedhaya menika saking Kanjeng Panembahan Senapati,ananging menika taksih mbetahaken kajian ingkang langkung rinci amargi dereng wonten literature ingkang ngandharaken bab menika. Ing sadengah penelitian bab sejarah bedhaya Ketawang utawi Semang, wonten mitos dene bedhaya menika karipta Kanjeng Ratu Kidul nalika pepanggihan kaliyan Sultan Agung menika kaserat wonten bukunipun Th. Suharti, 2015, Bedhaya Semang Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat; reaktualisasi sebuah tari pusaka, Penerbit Kanisius Yogyakarta (sadengah ngandharaken pinanggih Kanjeng Panembahan Senapati).
[15] Mula bukanipun Beksan Lawung. (joged ingkang nggambaraken tiyang adu watang utawi tumbak)
[16] Th. Suharti, Op cit 131-133
[17] Octafiana Mayangsari, Batik pada Busana Tari Bedhaya Semang di Kraton Yogyakarta, Skripsi, UNY, 2018
[18] Murdjiati Gardjito, Pusat Kajian Makanan Tradisional, Pusat Studi Pangan dan Gizi UGM. Miturut paneliten gudheg menika kathah kandungan seratipun amargi nangka, bung, manggar menika nggadahi fungsi mengikat racun sak engga tiyang Jogja ingkang remen dahar gudheg awis-awis kenging kanker usus besar. Menika ugi ningkataken angka harapan hidup priyayi Jogja ngantos 77 tahun( rata-rata harapan hidup Indonesia 67 tahun) amargi asring ngonsumsi gudheg.
[19] Obat wonten mriki sanes obat kangge tiyang sakit nanging obat mesiu utawi black Powder.
[20] Octafiana Mayangsari Op.cit hal 26.
[21] Sunaryadi, Aksiologi Tari Bedhaya Kraton Yogyakarta,2103, Kawistra, Jurnal ISI
[22] Menika taksih dados perdebatan para ahli sejarah, amargi wonten sak perangan data ingkang geseh sak engga dhaupipun Sultan agung kaliyan putra panembahan Ratu Cirebon menika kaanggep mokal kedadosan amargi yuswanipun putri Cirebon menika langkung sepuh tebih tinimbang Sultan Agung nalika semanten. Ananging sak perangan data nyebataken dene menika putra putri saking garwa ampe lan yuswanipun ugi sak barakan kaliyan Sultan Agung ananging dereng wonten katerangan ingkang cetha bab menika.
[23] Purwadi, Sejarah Raja-raja Jawa, 313
Sekilas Info
Bagi anda yang menginginkan novel-novel ini dalam bentuk buku. silahkan menghubungi email kami di indriyantidewialexandra @gmail.com. Terim...
-
SANG ORATOR ...
-
KIDUNG TRESNA SANG PIKATAN Oleh Alexandra Indriyanti Dewi Pemenang Lomba Novel berbahasa Jawa Dinas Kebudayaan propinsi DIY Pikatan Raja s...
-
Bagi anda yang menginginkan novel-novel ini dalam bentuk buku. silahkan menghubungi email kami di indriyantidewialexandra @gmail.com. Terim...